alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SULUK GAIB


Kiriman saking :
Mas Tomy Arjunanto

Suluk Ga’ib punika piwucal peparingipun Eyang Kangjeng Susuhunan Kalijaga, punika mboten dipun tembangaken, namung dipun waos lan dipun raos.

S I N O M

Iki kang dadi lelarangan, kalimah tan kambah singgih, den ira kang sampun awas, panggolah ngelmu sejati, nugrahaning Hyang Widdi, kang wus wikan rahea iku, pan tunggal tinunggalan, tunggal wujud tunggal kapti, iya Muhammad kalawan Allah.

Tunggal karoning tunggal, tunggale maksih kekalih, Muhammad yaiku Allah, Muhammad ingkang sejati, ing jaba jero pesthi, Muhammad sirna kadulu, kaliyan sipat kidam, mulane kaya dhuk nguni, yaiku sampurnaning puji sembah.

Poma kaki den krosowa, ujar linarangan yekti, tan kena den ucapna, tanpa krasa jasadneki, pan iku sabda jati, sampurnaning pangrungu, sampurnaning paningal, paningal ingkang sejati, yaiku sampurnaning rahsa Dzat.

Anuhung satriya iku, idhepe tan polah singgih, ngarah dadining sahadat, tan wikan dununging puji, tan wruh Pangeran neki, panembahe estu suwung, kaliwat denya nembah, idhepe urip kekalih, tekad ira tuna liwat dahat sasar.

Den ora aksara punika, den estokna tan gingsir, tatanira tuna kaliwat, den umyung wartane tulis, sedaya nembah muji, panembahe estu suwung, kang utama luwih nglela, wau den ira ngabekti, satingale dadi puji lawan sembah.

Lahir batin pan katingal, Muhammad lan Allah yekti, dinulu perek gumampang, jro kandhaga isi warih, jaba jero keeling-keling, sirna kandhaga dinulu, kalingan madu mangsa, dadi madu iku singgih, sirna ilang Muhammad kalingan sukma.

Sajroning batin Muhammad, ya Muhammad lahir batin, ya Allah ing badanira, iya lahir iya batin, lir ombaking jaladri, tungagae ana ing banyu, pan tunggal tinunggalan, poma sirna den nastiti, iya iku aran ngelmu rasa.

Wonten malih cinadriya, kang dadi jagad puniki, ing salira kang sanyata, pan saking patang prakawis, bumi pan dadi Alip, angin dadi Lam puniku, banyu dadi Lam akhir ika, geni He dadi nireki, Alip iku wujuding saliranira.

Ingkang Lam awal  punika, jenenge napsu nireki, Lam kang akhir tegesira, nyawa sejatinireki, aksara He kang dadi, paningal sejatinipun, sampun jangkep sekawan, ing mangke pinusthi malih, ingkang badan Jabrail sejatinira.

Jeneng nepsu punika, Mikail sejati nireki, utawi kang saking nyawa, Isropil tegese kaki, kang saking tingal sejati, Ijroil sejatinipun, den samya ngawruhana, aja lali sira kaki, samya tunggal punika  dipun waspada.

Kang Jabrail punika, ijo warnanireki kaki, asta kanan mapanira, utawi Mikail yekti, ing roh panggonan neki, kuning warnane punika, miwah Isropil ika, putih warnanira kaki, wedaliriku kaki saking wuntat.

Ijroil ing tegesira, saking gigir wedalireki, pan ireng ing warnanira, miwah ing panebut kaki, marang kang Mha Suci, beda-beda pujinipun, lamun muji Ilallah, Ijrail pujinireki, Minallahi Isropil ing puji nira.

Yen muji Lillahi ika, Mikail iku kang muji, Jabrail muji Hu Allah, lamun ana cahya putih, wetune saking rai, ireng urub ira iku, warnaning ingkang cahya, punika nugrah Hyang Widdi, yaiku aran kang luwih utama.

Punika den kawruhana, Alip kang sahadat jati, kathahe limang prakara, sadat mutakalim wakhid, utawi guluneki, ing kana sejatinipun, kaping kalih tegesnya, Alip He namanireki, iya iku otote gulu kang kiwa.

Yen medal mandhuwur lirnya, Alip kallam nama neki, pan iku wimbuhing jagad, manungsa jati nireki, kallam panjingireki, ing puad sejatinipun, miwah ing kalbunira, yen medal anganan malih, sejatine iku kang ran mulya.

DHANDHANGGULA

Sapa wonge kang angawruhi, sejatine kang kitab punika, dadi gedhe ing begjane, wikan ing badanipun, kang waspada ing kitab iki, ingaranan pustaka, Nugrayen Hyang Agung, kang kasebut sajroning kitab, Ngalam Kabir miwah Ngalam Sapir, tan ana bedanira.

Ngalam Kabir Ngalam Sapir kaki, bedanira ana ing sira, yen wus wikan ing tuduhe, sarta wulaning pan, lungguhe Ngalam Sejati, pinanggih ngelmu rasa, ing gegebenganipun, miwah kathahing aksara, lamun malih lungguhe sawiji-wiji, kang ana ing salira.

Pira kehe bebalung puniki, kalih atus pan punjul sawidak, otot nem ewu kathahe, lawan punjul nem atus, lan sawidak punjulireki, sakethi wulunira, iku punjulipun, tigang leksa punjulira, lan tri ewu atus tri dasa nenggih, punjulu tigang lembar.

Apan rambut saleksa puniki, tigang ewu miwah punjulira, iku tri atus punjule, tri dasa lawan telu, sampun jangkep wilangan neki, padha sira estokna, rekmane Njeng Rasul, lan aja katungkul sira, angupaya ngelmu kang lewih-lewih, slamet ndonya akherat.

Wulu badan pan kathahe sami, lawan rambut iku kathahira, alis pitung atus kehe, sawidak punjulipun, lawan enem langkungireki, idep pan karo belah, ing wilanganipun, napas kang metu punika, pan karone sedina lawan sawengi, nem ewu langkungira.

Pan nem atus swidak gunggung neki, iku kaki muga estokna, aja mung katungkul, anenggih kang sumambung, parincene raga sejati, angrawruhana sira, aja salah surup, iku kaki den waspada, ngelmu kang katemu ing ngalam akhir, poma ing wekas ing wang.

Kang pinurwa carita utami, ingkang pinencer parinci nira, raga ing jaba jerone, den mantep ing pandulu, aja sasar sabarang kardi, den ambeg amartapa, martapeng pandulu, aja tuna aja kaliwat, iya iku dadine kawula Gusti, aja tinggal kaliwatan.

Mulanira ngaurip puniki, tlatenana mumpung aneng donya, wong urip akeh arale, wong lelaku ing mbesuk, dununge awit saiki, mumpung sira sih gesang, lawan susur ngulati jabane bumi, temahan ora ana.

Bumi langit banyu lawan geni, angin lintang surya lawan candra, kabeh ana ing dheweke, jurang tanapi gunung, padhang peteng wonten ing ngireki, adoh lawan perak, pan ana ing sireku, miwah salumahing jagad, atanapi miwah sakubering langit, kabeh ana ing sira.

Ujar iku apan luwih adi, sasat simpen jumanten kumala, yen wus wikan rahsane, aja sira katungkul, amintaha samaning urip, manungsa sawidak warsa, dawane kang umur, mumpung sira makih gesang, takokna jalma ingkang lewih ngerti, kaluwihaning donya.

Iku ujar kaki kang sayekti, Nabi Wali kalawan Mukminnya, kabeh ana ing dheweke, kalawan Kangjeng Rasul, dununge sawiji-wiji, Allah lawan Muhammad, kabeh neng sireku, patrapna kang prayoga, aja nganti salah surup iku kaki, Allah lawan Muhammad.

Iku tuduhe apan iku singgih, lawan pituduh ingkang sanyata, yen bangke ala dadine, tegese bangke iku, kawruhana mumpung isih urip, yen sira durung wikan, satemene iku, jatining aneng pusaka, iya iku pusakaning ingkang ening, anane kang pusaka.

Sajeroning ning iya ana urip, jroning urip pan ana ningnya, jroning ning iku rahsane, jroning rahsa puniku, pan ana sir jatinireki, sajroning sir punika, aran Dzat satuhu, sajroning Dzat ana sipat, iya iku swara kang lewih ening, jro swara ana apa.

Jrone swara ana urip, iya iku urip kang sanyata, sanyatane urip mangkene, urip ingkang satuhu, anuhoni niyat ingkang ning, ning sejati nira, rupane wa Khayu, khayune sundhul ngakasa, bumi langit asmara sejati neki, jroning asmara rupa.

Kang wikan makripatireki, sejatine muni-muna, iku panengerane, tuture asor amamadu, iya iku samane gendhis, rahsane kudu wikan, ing sajroning madu, apa ana ing jaba, miwah apa aneng jro badanireki, poma kaki den wikan.

Peksi iku pan gangsal perkawis, ingkang dhingin iya kresna, peksi ijo kapindhone, nenggih ping tiganipun, peksi kuning punika singgih, kaping catur warnanya, putih ulesipun, kang tengah peksi dewata, peksi iku yektine limang perkawis, kang neng badan manungsa.

Peksi lima padha adi-adi, iya padha angon lakunira, padha mencok dhewe-dhewe, sawiji aneng pusuh, panggonane punika nenggih, Hu Wallahu dhikirnya, kaping kalihipun, peksi ijo aneng limpa, iya panggonane ingkang peksi, Muhammad dhikir ira.

Kaping tiga peksi kuning, panggonane ana sekar gedhang, Rasulullah dhikire, anenggih kaping catur, peksi putih puniku kaki, tengah peksi dewata, dhindhing jalal iku, poma kaki den waspada, panjagane ingkang aran peksi, iku padha takokna.

Alip iku kurungane yekti, sejatine Alip iku sira, munthilane deg-adege, angadeg dhewekipun, iya saking Hyang Maha Suci, kang kaya munthila, iku mulanipun, iya kabeh apan ana, sejatine iya iku rupaning ning, endi ingkang nyata.

Pan wus nate kang tigang prakawis, ingkang dhingin Allah lan Muhammad, Rasulullah ping tigane, lawan Gusti Kang Agung, nyatakna kang tri prakawis, iku dipun waspada, yen wus wruh satuhu, yen wikan ingkang sanyata, waspadakna nora samar barang kardi, rupane kaya sira.

Lamun sira sampun anggrawuhi, wus tetela rupane kang sanyata, den awasa sak enggon-enggone, ja nganti salah surup, ing wong ngurip den angati-ati, kang sanyata wus cetha, Allah iya iku, Hu Wallah Hu iya iku, Ya Alllah Hu iya iku wus angenggoni, iya aran  pramana.

Iya iku jeneng nyata kaki, Maha Suci ing sarira nira, carita iku rupane, Gusti Kang Maha Agung, kang murba misesa jati, iya iku Kang Tunggal, kalawan Hyang Agung, kabeh iku pan kagungan, iya iku kang aran Muhammad suci, enggone aneng raga.

Yen wus wus emut anggonira kaki, iya iku poma den waspada, aja sasar pandelenge, ja nganti sasar susur, wong urip padha ngrawuhi, ngluwihi marga padhang, yen sira wus weruh, ing marga Maha Mulya, iya iku kaki den nastiti, titenana jroning tyas.

Sejatine kanyatan kaki, iya nyatane patang prakara, dununge sakabehe, warna dhikiripun, ya dhikire patang prakawis, poma den estokna, ing satunggalipun, wong urip den waspada, ing dhikirnya lawan laku kang sejati, poma yekti den wikan.

Yen wau manggon kang patang perkawis, ingkang aran wau kang amurba, endi arane samangke, lamun ora dumunung, lakunira pan ora dadi, tan sampurna kang tinggal, apa ta wong iku wong ngaji, patang perkara, iya iku wong ngaku kang during dadi, ngajine nawuyungan.

Reyang-reyong pangaji neki, anane tan adoh keblatullah, keblatullah satemen, mulane kang rumuhun, pan wus weruh, anggonira ngaji, ja sira kasmaran, ing wong ngaji iku, poma kaki kawruhana, aja sira api-api ngaji, kaki aja mangkana.

MASKUMAMBANG

Kuneng gantya ingkang cinarita nenggih, lungguhe kang sukma, aneng badane pribadi, padha sira kawruhana.

Ping sepuluh punika ingkang winarni, kaki wastanira; mannik kastuba ran neki, lungguhe aneng lak-lakan.

Ping sawelas mannik tala aneng mannik, lungguhe punika, kaping rolas mannik wijil, lungguhe aneng salira.

Ping telulas jejuluke luyut jati, lungguhe aneng badan, ping patbelas sang nurjati, aneng utek lungguh ira.

Ping limalas arane sang purwajati, neng napsu lungguhnya, ping nembelas kang winarni, buwana balung lungguhnya.

Sang Taljati lungguhnya aneng daging, walulas sangalas, sang lirmaya aran neki, ana ing otot punika.

Kaping kalihdasa punika winarni, ingkang aran burak, ngikut ping selikur nenggih, arane sang sukma mulya.

Anenggih getih kaping selikur winarni, aran sukma wisesa, lungguhe suku kekalih, ping telulikur gumantya.

Ingkang aran Sukma Purba iku kaki, asta dwi lungguhnya, kaping pitlikur winarni, aran sukma adimulya.

Pelanangan lungguhe punika kaki, kaping slawe wastanya, sukma kembar aran neki, lungguhe aneng gantungan.

Ping nemlikur sukma liyep wasta neki, lungguhe neng nala, ping pitulikur anenggih aran sukma rasa mulya.

Iya iku lungguhe ampere kaki, ping wolulikurnya, sukma ragajati nenggih, lungguhe aneng jaja.

Sangalikur ingkang aran kurasjati, neng wulu punika, tigang dasanipun winarni, sukma kuru nama nira.

Lungguhe aneng rambut iku kaki, aneng adep ira, tri dasa neng puser kaki, kang aran pas buwana.

Mulane ana nahwu usul pekih, saking ananira, saking tri dasa puniki, iya sukma tigang dasa.

Mula ana aksara Alip sawiji, Alip namanira, iku urip kang sejati, lawan malih kang Alip Lam.

Tegese Alip Lam puniku kaki, ana ing manungsa, ujare kitab nganasir, iku kaki kawruhana.

Pan mulane Allip puniku miwiti, kabehing aksara, kang dadi wiwitane Alip, marga asal saking grana.

Iya eleng grana kekalih, sangane puniku, Ba Ta Sa dadi nireki, asta kanan lawan kiwa.

Jim Kha iku epek-epek asta kalih, kalawan Kho besar, kaping kalih Dal cilik, rambut sirah Dal besar.

Ra Yha pundhak kanan lawan kering, Sin Sha bokong kiwa, Shot Dzot geger tengen neki, iya ingkang dadi manah.

To Dzo iku pupu dadi neki, Ngain wentis kiwa; aksara Kap dadi kulit, Kop gedhe ing daging ira.

Aksara Lam Alip anggitan neki, apan dadi jagad, ing manungsa dadi neki, kalimputan dening sukma.

Ula-ula Lam Mim Nun dunugireki, Wawu Ha badan manungsa.

ASMARADANA

Yogya kawruhana iki, pusering jagad dumadya, patang perkawis kathahe, ya wadi kang satunggal, madi kaping pindhonya, mani ingkang kaping tiga.

Kaping pat manikem nenggih, iku padha kawruhana, ja nganti salah ing batos, poma-poma den weruha, padha angestokna, yen tan wikan dunungipun, tuna jenenging gesang.

Iku ujare wong kang luwih, kaya ing wong kathah, pan sampun angsal gurune, yen lamun ora weruha, takokna ngelmu ika, aja sira katungkul, dipun padha anggraita.

Tegese kang aran wadi, nggone rasa ingkang mulya, tegese madi ta mangke, rasa kang luwih sampurna, mani iku tegesira, sejatine rasa iku, kaping pat tegesira.

Maningkem punika nenggih, ajima’ rasa kang mulya, wanudya lawan kakunge, tegese kang madi ika, dadinira sasotya, wadi iku napsunipun, mani uger-uger netra.

Tegesi maningkem nenggih, wewedhah jatining sukma, kaya getih daging mangke, dadi getih dagingira, kadadeyan kang rasa, sawijining rasa iku, warna rupa Johar Awal.

Ula-ula tegese neki, dhingin dhatan kadhinginan, tegese Johar samangke, iya Roh ilapi lirnya, kang dhingin kadhinginan, tegese ing uripipun, ilapi iku pratandha.

Tegese roh ilapi suci, iya kang kadim mulya, iku ing lesan jatine, kinarya la ulanira, Betal Mukhadas lirnya tegese betal puniku, kepala ingkang sampurna.

Tegese mukhadas nenggih, wadana kang mulya mangkya, liningena ing Hyang Manon, pan sotya ingkang mulya, lah iku dadinira, sajroning netra kadulu, ingaranan Jalalullah.

DHANDHANGGULA

Purwaningreh kang patang perkawis, iku kaki padha estokna, den bisa andunungake, sawiji-wijinipun, ingkang aran sarengat kaki, kalawan tarekat, hakekat ping telu, kaping pat ira makripat, den tetela prayoganira ngrawuhi, dunung kang sanyata.

Nyatakna dununge sawiji, yen tan weruh dununging sarengat, nora syah sembahyange, pan dadi sasar susur, lungguhe sarengat nenggih, iku lungguhe badan,  tarekat puniku, ana ing roh dunungira, aneng ati dununging hakekat nenggih, aneng rasa makripat.

Sampun jangkep kang patang perkawis, lungguhira satunggal-satunggalnya, kari pilahe wae, sarengate Njeng Rasul, kalawan Nabi Muhammad, yaiku dununge sawiji-wiji, sarengat Rasulullah.

Sareng Njeng Nabi puniki, lungguhira ana ing pangucap, kang mengku rasa kabeh, tarekatipun, ing pangambu dunungireki, amengku rasa mulya, hakekatireku, yaiku lungguhira, aneng kuping makripat dunungireki, kang amengku rasa nala.

10 Comments

  1. yus

    sepuntene,,nyuwon nomer hp nipon nggehh,,,, kitting_mbull@yahoo.co.id

  2. yus

    nyuwon nomer hp nipon nggeh,,,, kitting_mbull@yahoo.com

  3. nyai tembem

    kulo nuwun kang mas kumitir nan guanteeng buat, saya mau tanya penggemar pecel lele nama aslinya siapa yah??? klo bisa tolong email saya di dianaseptiawati@yahoo.co.id matur nuwun….

  4. sc

    ditunggu versi bahasa indonesia,
    supaya bisa lebih kami mengerti,

    terima kasih,

  5. asa

    mbalelo…………….

  6. Saya tertarik mempelajari kejawen. Untuk belajar kejawen bagi orang yang sama sekali baru kenal dimulai dari mana?

  7. harianto

    sae sanget puniko wedaranipun…mugi saget nglampahi lan ketepangan….maturnuwun sanget kagem ingkan sampun kerso ngaturaken puniko..lan mas kumitir…mugi saget dados ageman….nyuwun pandonganipun….ngapunten menawi paring nyuwun wedaran puniko mas ten email kulo kangge ngaos….sejalan kaleh lampah laku..nuwun….harianto-trilintas@yahoo.com

  8. hari

    ngaturaken sugeng kinurmatan…
    matur nuwun sanget..sampun kepareng wedaraken perkawis ingkan penting sanget puniko,mugi saget piwulang…mugi sejalan laku lampahing laku, Gusti Alloh pareng Nugroho kulo lan sedulur ,konco umumipun saget katepang Alif pribadi ..kulo pribadi nyuwun dongo pangestunipun….senajan enten boso/bahasa ingkang dereng ngertos makna/maksudtipun…amargi meniko kulo tiang deso alasan..srandek koder..ngapunten…,sepindah melih matur nuwun..lan ngaturke lepat menawi wonten lepating ucap tulis …..salam……ngapunten lancang menawi kepareng nyuwun emailipun keterangan puniko..suwun……(harianto_trilintas@yahoo.com)…

  9. wahid

    ditunggu versi bahasa indonesia,
    supaya bisa lebih kami mengerti,

    terima kasih,

  10. bagus samiaji

    Pertamakah,,,,tapi kodeng, remeng-remeng, mugi sesepuh kerso paring pepadang, punopo tegesipun sak wiji-iji, kang piwulang puniki,,,,

    Nyuwun katerangan, supados dados ajaran ingkang saget ngagesangaken alip diri pribadi kawulo,,,,

    bagussamiaji@gmail.com………

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: