alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SAKING KITAB MARKUN


Anggitanipun abdi-dalem Kyai Tumenggung Arungbinang. Susuluk saking Kitab Markun, ingkang methik abdi-dalem Mas Pangulu Martalaya.

SEKAR ASMARADANA, 33 pada :

  1. Kitab Markun kang kinawi, mas’allah wiyosing salat, papager ika pamriye, aran takbiratul’ikram, pan saking kaelokan, marmane ngadeg puniku, saking ora maring ana.

  2. Ananipun saking uwit, wiwitane saking ekram, ekram angadeg wiyose, kamattekram kamattolah, nenggih tegese ngekram, cengeng tegese puniku, lali jroning ngelingira.

  3. Ekram tegesipun jati, lali pana ing pangeran, sami dipun-wruh tegese, jroning pangeran tan ana, manteping dhirenira, mring nama Al[l]ah kang agung, tegese ekram angucap.

  4. Kang angucap ing ngusali, kaelokaning dattolah, nenggih punika tegese, puniku kang rahman salat, ekrame duk aksara, alahu akbar punika, nenggih ingkang ngaran salat.

  5. Ngadek rukuk sujud nenggih, puniku tekane ngekram, selam wekasan ekrame, puji dunya lan kaldunya, kawula  datan ketang, mantep jenenging Suksma-gung, amuji-pinuji dhawak.

  6. Nyatane tan uningani, wiyose kang muji Allah, kang pinuji apadene, kang arukuk iku Allah, kang sujud iya Allah, nyatane ekram puniku, wus karem maring kang nyata.

  7. Wiyose salat kang pundi, kang tinakokaken ika, ing guru kang luwih kaot, pan dudu mahkluk punika, nenggih wiyosing salat, jatine kalek puniku, kang ngucap alahu akbar.

  8. Lir kadi kongkonan pasthi, kang ngakon nora katingal, mantep jumeneng anane, maring kang duwe kongkonan, utawi ingkang salat, jatine pan dudu makluk, nyatane iku nugraha.

  9. Tegese nugraha singgih, pan dudu gusti kawula, kumpule rasa dikaot, kenyatahan ing dattolah, iku kang ngaran salat, dudu kalek dudu makluk, puniku rasaning edat.

  10. Kang salat manusa jati, ing pundi nepsune salat, pundi rohe lan sipate, pundi balunge ing salat, miwah jasade salat, astane lan sukonipun, iku sira kawruhana.

  11. Dipun-wruh jatine kaki, nepsune salat aniyat, dudu niyat nawetune, kang sedya niyat punika, kupur kapir dadinya, dene balik karsa iku, niyad dudu basa swara.

  12. Dudu cipta reka singgih, dudu angen-angen cipta, nur johar awal jatine, kang aneng dunya ngakerat, iya uriping johar, kang langgeng sajatenipun, kang niyat jatining Sukma.

  13. Nora wenang sira kaki, kawula ngakuwa Allah, yen ngagungna pangerane, dadi kupur kapir sira, yen tn wruh pagurokna, nyatane ananireku, padha lan ananing Suksma.

  14. Roh ing salat kang sayekti, patekah dudu patekah, kang winaca alkamdune, dudu roh ilapi ika, nyatane bae tunggal, kang muni alkamdu iku, iya nyatane dattolah.

  15. Lwir kadi kongkonan yekti, pantes kang duwe kongkonan, kewala iki senene, roh ilapi lan dattolah, sapa ngarani Allah, tanapi patekah kupur, dene tan wruh ing-aranan.

  16. Balunge salat kang yekti, rukuk dudu rukuk ika, kang ngadheluk sarirane, angasoraken sarira, iku nyatane sadrah, sadrah rohani puniku, yekti rasaning Pangeran.

  17. Jasade salat kang yekti, iktidal dudu iktidal atangi saking  rukuke, den-eling yen saking ora, jatine maring ana, den-wikan ing tegesipun, jatine iktidal ika.

  18. Tangane salat kang yekti, iku ayad dudu ayat, kang winaca ing papane, kang tinulis mangsi ika, puniku juru basa, jatine Kur’an puniku, dudu basa dudu swara.

  19. Jatine jenengireki, kang ngaran Kur’an punika, kang aran Kur’an tandhane, pan sira nyataning edat, punika kawruhana, sakehe wawacanipun, iye metu saking sira.

  20. Iku tegese kang yekti, apa tangane asalat, sami ngawruhana kabeh, tangane salat pan tahyat, puniku nyatanira, sakathahing sanak ingsun, iku sari kawruhana.

  21. Sukune salat kang yekti, iku salam dudu salam, roh lan jasad sasmitane, jatine anoleh ika, jatine roh lan jasad, anane dattolah iku, punika jating salam.

  22. Ngiwa nengen ta puniki, jisim latip jatenira, kang jinaten sajatine, kaelokaning dattolah, iku tegese salam, selamet salamenipun, kang ngiwa nengen punika.

  23. Wonten kawarnaa malih, tegese salat punika, tiyang ngagama jatine, agama iku dattolah, sampurnane makripat, tunggal sih lawan sang ngulun, iku tan antara mongsa.

  24. Yen antara mongsa iki, kawula gusti punika, dadi batal nugrahane, kang muni Alahu akbar, iku dudu nugraha, jatine nugraha luhung, iya roh iku dattolah.

  25. Sembah pujinira iki, ati rohani jatinya, Kur’an telung puluh juse, wus telas marang patekah, patekah iku uga, telas mring bismillah iku, bismillah kang alip ika.

  26. Alip wus sinungan gaib, utawi kang aran salat, anganggeya patekahe, pan iku tan ana  liyan, duk durung ana jagad, bumi langit durung takyun, amung dheweke kang niyat.

  27. Tegese kang tahyat yekti, apan ora amangeran, tan ana liyan-liyane, puniku jatining tahyat, kang agung kang kuwasa, duk ingsan kamil puniku, anane minongka ora.

  28. Tan adarbe kersa singgih, tan angrungu ananing Hyang, adarbe netra jatine, tumingal nora lan mata, darbe kontha tan ngucap, sampurnane salat iku,nenggih kang teka ing tahyat.

  29. Tegese tahyat kang yekti, salam iku ananira, saking dattolah angsale, sawuse muji andonga, sami den-kawruhana, anane Ngallah duk kumpul, puniku kang aran salat.

  30. Puji donga kang sayekti, puniku nyataning Allah, amuji-pinuji dhewek, tegese iku tan ana, tandhane malih ika,kang muji kajatenipun, kang pinuji iya sira.

  31. Iku tegese pangabekti, apa karane salaman, anjawat tangan tegese, iku sira kawruhana, tegese jawat tangan, tandhane Allah puniku, yen sami asih-siniyan.

  32. Sira kawula sun abdi, tegese anjawat tangan, punika manusa kaot, kang mekradi panjenengan, nom tumeka gesang, gesang tumeka ing wujud, puniku purbaning salat.

  33. Mulane ngadek puniki, kang salat saking ing nukat, arukuk sadra angsale, asujut tan darbe polah, mliginya wong kuwasa, iya iku jatenipun, salad daim jatenira.

  34. Ingkang aran salat da’im, sami sira ngawruhana, sami dipun-wruh jatine, iku sampurnaning salat, ing-aran ngilmu ora, ngilmu iladuni iku, iya roh iku kang salat.

SEKAR SINOM, 27 pada :

  1. Kaya ngapa tumekana, tingale marang Hyang Widdhi, tinggal pakon sarta angas, angguguyu wong ngabekti, satengahe madoni, sasat maido ing  Rasul, kapire wis tetela, kadya tingkah wong yahudi, pasthi langgeng dadi dhasaring naraka.

  2. Kathah kaliru ing tompa, miarsa ujar kang dhingin, tekadira kaluputan, miarsa ujar kang jati, sisip dennya nampani, dadine saya delurung, ujare selambrangan, tinggal salat iku wajib, pan ninggaale puniku luwih sampurna.

  3. Ujar iku kasamaran, satengah ginawe batin, nyanane atilar pisan, tan wikan yen iku wajib, pangandikaning Widdhi, kadi nabi satus ewu, patlikur sewu samya, kinon sami anglampahi, pan sadaya tan ana kang tilar salat.

  4. Nabi Musa cinarita, parentahira Hyang Widdhi, seket wektu perlunira, sadina lawan sawengi, umad samya nglampahi, parentahira Hyang Agung, norana kang ngresula, iku mukmin kang kakiki, iya iku mukmin kang sampun tumeka.

  5. Atilar salat sampurna, kadi pundi angawruhi, apa wajib tilar salat, wajibipun kadi pundi, osike lahir batin, miwah sembah pujinipun, aja ngrasa anembah, anging Allah kang duweni, polahira iku polahe Hyang Suksma.

  6. Aja ngrasa duwe sembah, aja ngrasa duwe puji, miwah barang polahira, aja ngrasa anduweni, miwah tinggaling ngati, wajib darbene Hyang Agung, miwah wujud manira, punapa hukume napi, tanpa polah polahe lawan kewala.

  7. Ingkang jenenge kawula, suh sirna tan ana kari, apa ilang ujud kita, kaganten dening Hyang Widdhi, ilange wujud iki, anenggih pralambenipun, lir lintang karahinan, kasorotan sang hyang Rawi, lintang ilang kasenenan ing raditya.

  8. Kang tumeka maring salat, tangak kasdu takrul takyin, ya iku wis kawayang, ing tingal sajroning ati, kalawan ati hening, ati hening tegesipun, arep amarengena, kasdu takrul lawan takyin, lapal lalah barenge niyati tiga.

  9. Kurup sakawan punika, nenggih kang kariyin alip, kakekat niyat lan awal, kelawan lam akir nenggih, tibane sareng sami, penggawene niyat iku, Allah asmaning dat, kang sinembah kang pinuji, lapal akbar sampurna niyat sedaya.

  10. Jatine niyat utama, arep ngilangaken kalih, tan ana gusti kawula, yen maksih kawula gusti, iku durung ngutami, dereng tinggal salatipun, tegese wus anunggal, tunggale maksih kakalih, nora ilang anane roroning tunggal.

  11. Sejatine tingalira, baresihira Hyang Widdhi, kawula pan ora bisa, yen ora lawan Hyang Widdhi, bisane angabekti, ati kelawan Hyang Agung, tumiba ing kawula, kang dadi lantaran puji, dadi bareng sembah puji lan nugraha.

  12. Ing kawula gene nyata, kahanane Maha Suci, dipun-angken wujud tunggal, kang dadi sihe Ywang Widdhi, kang nembah ingkang muji, tan liyan kawulanipun, pan tajalining sipat, miwah datipun Hyang Widdhi, gih kawula punika dadi tersondha.

  13. Endi kang aran kawula, kang aran kawula yekti, iya iku kang nerima, ing sihe marang Hyang Widdhi, apan orana kalih, kang asung marga kang luhur, poma den-anarima, ing asihira Hyang Widdhi, malah mandar dadi kawula pilihan.

  14. Lamun mantep kang terima, ing siyang kalawan latri, iku ingkang tinarima, kumawula marang gusti, gusti yen sampun asih, barang kang tinedha sinung, kapriye puji sembah, tingale dereng patitis, kang rarasan waliyulah kang tumeka.

  15. Dadine wong sumentana, angrasa dadi kakasih, panembahe tuna dungkap, adhepira salah dalih, lupura dadi kapir, ingkang saya sasar agung, puniku den-pratela, iku akeh anglakoni, salah tompa patine dadi weraha.

  16. Tegese jindik punika, angrasa murka Hyang Widdhi, atawa amimisahna, ujar iku luwih rusit, rungsite iku ugi, tan kajaba tan kalebu, perak tanpa gepokan, adoh tan ana mangeni, poma-poma ing tompa dipun-waspada.

  17. Lapalipun madukara, mejja mungan mekka neki, tegesipun nora pisah, nora adoh lawan gusti, nanging pan nora kari, barang polahira melu, iku ewuh ing tompa, sisip denira nampani, upamane kumendhang kalawan swara.

  18. Kadi uruh lawan toya, kadi areng lawan geni, kadi dhalang lawan wayang, kadi papan lawan tulis, den sami lawan tulis, den sami angawruhi, tegese upama iku, malah mandar pareka, tingale maring ing gusti, den-prayidna aja sira ngloro tingal.

  19. Den tumeka tingalira, kumawula marang gusti, anging kalawan panembah, sarta kalawan pamuji, siyang kalawan ratri, supaya lamun kadulu, lamun tan muji nembah, elinga maring Hyang Widdhi, adoh pisan anggung gawe ulah dunya.

  20. Namane sembah sedaya, lilima ingkang rumiyin, ing-aran sembah jumungah, kang lahir kawektu ngati, kathah ingkang nekseni, sembah jumungah puniku, barang den-ucapena, kan kalahir saking lathi, iya iku lakune sembah jumungah.

  21. Kaping kalih sembah asta, iku tingal jroning ngati, iya iku nora pegat, tingale sajroning ati, patemon lawan Widi, kadi pundi patrapipun, upama tatemuwa, jare nora werna rupi, kaya sapa wernane kiyahi sukma.

  22. Aja sira loro tingal, jenenge kawula gusti, kawula pan ora nana, kagenten dening Hyang Widdhi, iya nora duweni, iya barang polahipun, pan solahe kang purba, ing siyang kalawan latri, aja ngrasa kawula ginawe wayang.

  23. Sembah kali kaping tiga, tan ana tingal kakalih, roh jasat lah kadi pundi, iku dadi gagenti, tajali marang Hyang Agung, iku jatine tunggal, tunggalipun kadi pundi, iya jasat iya eroh iya Allah.

  24. Kawruhana kang tetela, dadalan maring kajatin, apan ora kena pisah, ya nyawa ingkang nampani, ing sihipun Hyang Widdhi, ing siyang kalawan dalu, kinarya katunggalan, iya eroh kang nampani, iya iku ingkang dadi juru basa.

  25. Karone tan kena misah, ing siyang kalawan ratri, dadining roroning tunggal, kalawan kang Maha Suci, jisime anuruti, maring roh sajroning kalbu, iku ingkang ngatompa, parentahira Hyang Widdhi, iya iku kang den-aku wujud tunggal.

  26. Sembah ingkang kaping lima, den sami sira ngawruhi, aran sembah ismu ngalam, kadadeyan bumi langit, miwah roh lawan jisim, sedaya sami atuduh, atase iku tunggal, kenyatahane Hyang Widdhi, kang gumelar anyare lan sipat baka.

  27. Aja pegat tingalira, dadine bumi lan langit, iya iku kenyatahan, kang dadi ayat sayekti, nanging ngujaring ngilmi, tan ana roro tetelu, utamane kang keblat, keblat jati kang amuji, iya eroh puniku keblat kang mulya.

  28. Iku sira kawruhana, nenggih wirasaning wangsit, aja katungkul ing tembang, den sami murciteng budi, lamun nora kadugi, takona kang sampung weruh, maring kang sampun wikan, kang ngawruhi lahir batin, anedyaa sami tulung-tinulungan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

=====###=====

7 Comments

  1. rochmansyah sunda

    nangis…g bisa bhs jawa pdhl tertarik ya allah….tolong dong

  2. Ngaturaken sugeng riyadi, mugi kalepatan kulan pinaringan pangapura saking panjenengan sami, mugi gusti kang murbeng dumadi tansah ngijabahi. Amin

  3. roni s.w

    selamat hari raya idul fitri 1432 H, mohon maaf lahir batin kpd para sesepuh,pinisepuh,atau pun yg belum sepuh.. Smg dihari yg fitri ini menjadikan silahturahim kt smkin erat.. Salam persaudaraan dan perdamaian…

  4. @mas aryo utomo… itu kitabnya bahasa Pegon… tulisannya arab tapi membacanya cara Jawa. Di tempat saya ada yang bisa mengartikannya.wilujeng Rahayu

  5. ariyo utomo

    Terimakasih Mas Kumitir, bisa menambah wawasan kebatinan saya. Oh ya, saya punya tinggalan Buku-Buku dengan bahan kulit (Ada 1 Peti)dari Canggah Buyut dengan aksara campuran antara aksara jawa kuno dengan arab gundul. Saya ingin tahu isinya apa, tetapi tidak bisa membacanya, tolong kalau sampeyan bisa atau siapapun yang bisa membacanya, menghubungi email saya. Tolong saya dibantu. Terimakasih Mas Kumitir

  6. Sepertinya keramat. Tapi saya perlu penerjemah.. Yang pasti WOW!

  7. Alhamdulillah ……….. nderek nglajengaken ngaos nggih mas.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: