alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SILACALA (Serat Kaki Walaka Bag III)


Perangan III

SERAT SILACALA 

Kaanggit dèning :

EMPU HARTATI ing MAMENANG

 Panganggitipun nalika

Taun Suryasangkala 852
Taun Cabdrasangkala 878.
Ing salebetipun taun Wandaniya,
Ètanging taun Suryasangkala 386,

Tinengeran : 

WEWAYANGANING BRAHMANA KATON MUKSA.

 Kaètang ing taun Candrasangkala 397

Tingeran :

PANDHITA TRUSING GUNA.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos ing nalika punika Brahmana Raddhi katuran lintang surya, wanci dalu angsung wangsit sipta sasmita makaten :

MAWISATA KADALUWARSA WALUYA LAYA

Tegesipun : tiyang kèsah kalungsè ing taun, mantu bilai.

Brahmana Raddhi anyandhak ing sipta sasmita punika wau. Rumaos sampun lami anggènipun wonten ing madya pada. Sareng ènjingipun lajeng memulya kancana. Kang dèn memulya srengèngè, sarta dinten punika kawastanan dinten RADITE.

Tegesipun : dinten Srengèngè.

Dumadi ing mangkè kawastanan dinten Ngahat.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi, katurunan lintang candra, angsung sipta sasmita makaten :

WAKTRA KANISAN RI NÈTRA ADINÈ BUDAYA.

Tegesipun ; muka kaicalan nètra, ametengi budi.

Brahmana Raddhi nyandhak damel peteng wonten ing ngracapada, anasabi padhanging kaswargan. Sareng ènjing memulya salaka. Kang dèn memulya rembulan. Dumugi ing mangkè kawastanan dinten Senèn, ing ngajeng dinten Soma. Tegesipun : Dinten Rembulan.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan Lawu nyelani dedongènnganipun para jim, lajeng nimbang budi kaliyan ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga, bab pusaka. Sangking dhawuh pangandikaning ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu dhumateng Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Hè Jebèng, sasuwenè sira simiwi ana ngarsaningsun, apa wadinè sira ora nganggo keris pusaka? Baya sira tinggalakè sutanira Pangèran ing Kadilangu, apa sira ulungakè kang amengku praja? Yèn, mangkono sira ora mituhu saka dhawuh wewekasingsun duk nguni.”

Ingkang putra matur :

“Boten kasukakaken sinten-sinten. Taksih kawula simpen piyambak, wonten patileman kawula ing masjid Kadilangu, katengga jurukunci Kaji Ismangil.”

Kangjeng Susuhunan ing Lawu angandika malih :

“Kulup, mungguh keris kang dadi pusakanira iku, manawa ora kaonggo, becik ulihena maringsun, yèn katinggal saenggon-enggon, durung wancinè. Besuk manawa sira wus malandhang dhèwè, kena tinunggu ing wong jurukunci masjid.

Tegesè : yèn sira tinggal, ing wektu iki ijèh akeh wong kang arep ngayoni kagunanira. Nadyan wus padha mungkul, ananging durung kena kabatin, awit atining wong iku luwih lembutè. Yèn gedhè , sasat ngebaki jagad.

Niyating wong iku lir samudra, tanpa tepi, tanpa watesan jajaganè.

Ing kono sira kurang prayitna, karana salugunè baè sira memaron rong prakara. Tan kena lèna. Yèn katinggal prayitna, tiwasè mung sadhèla.

1. Maru Ratu.

Tegesè : kawengku ing Ratu iku bakal kapurba kawisèsa. Samangsa-mangsa ana karsanè, kerisira dicidra rukun lawan kang rumeksa. Yakti Kaji Ismangil ora wani ngukuhi.

2. Maru kanca.

Tegesè : para wali iku saikinè durung kena dibatin karepè. Durung kena diulungi wewadi, awit wewedi iku mangkènè, Jebèng :

Panggedhènè wali kabeh iku, yèn tata lahirè wus padha sumungkem marang sira, ana katarik saka ratunè, utawa nyatanè dhasar kasoran kawruhè. Balik batinè, saèngga dadi mungsuh baè.

Ing kono, rèhning sira tansah lelana baè mangka ana kang ngrungu pusakanira, Kaji Ismangil iku gandra pira? Upama rinuda rinupaksa, apa bisa lawan?

Marmanè yèn padha sembada, becik ulihena marang ingsun baè. Yèn wus salin alamè para wali kena angarepakè ing sira, pusaka jaluken manèh. Apa maningè, bokmanawa sutanira dhèwè wanuh wani arep sumurup, rèhning pusakaning bapa. Amesti gawè sangsara.”

Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga nalika di dhawuhi ingkang uwa lajeng ènget manawi kalènan. Kula nyumanggakakè ingkang uwa, punapa wangsul mendhet piyambak, punapa utusan duta ing ngriki. Ingkang uwa pangandikanipun makaten :

“Hè Jebèng, manawa sira kang bali mulih dhisik nadyan sakedhèp netra bisa tumeka, nanging ora prayoga, jalaran katara yèn sira kang ora lali Galibetè temah dadi kira-kiraning wong akeh karana wruhanamu, ing wektu iki Sultan Demak utusan para punggawa amundhut pusaka darbèkira keris kang tinunggu jurukunci, jalaran Sultan Demak dibebangusi para wali, yèn sira wus asengguh mati, awit wus lawas ora katon ana praja sarta tanpa warta ing kanyatanè yèn sira ana. Marmanè ingsun dhèwè kang utusan mundhut pusakanira, supaya bisa ngangkat dalah gen-engenè. Dènè kang dadi dutaningsun iya jim papat iku. Pasthi laku sandi caraning jim, manawa weruha.”

Ingkang putra nyumanggakaken.

Kangjeng Susuhuna ing Lawu sigra matah duta pamungkas. Jim sakawan dhinawuhan dheteng Kadilangu lampah sandi, amendhet gendhaga wadhah pusaka ing Kalijaga. Wineling saliring wewadi sami sampèka sawusing sampat wewelinging Nata, tanpantara dangu jim sakawan mangkat. Saking wukir lawu ngambah ing gegana.

Ènggaling cariyos, jim sakawan sampun dumugi ing Kadilangu, pinuju aningali padudon. Para wadya bala ing Demak kautus mundhut pusakanipun Sunan Lèpèn. Pangèrang Kadilangu ngekahi. Wasana ngantos ramè arerejegan. Ramè rebat-rinebatan gandhaga, gentos tampi-tinampènan. Pangèran ing Kadilangi, Kaji Ismangil sakancanipun sadaya karèpotan. Gandhaga kabekta ing wadya bala Demak.

Ing sawatawis onjotan saking Kadilangu para punggawa sadaya sami rèrèh amasanggrahan sarta amangun suka-suka ngenting. Wantuning tiyang boten mawi dedugi, sukanipun ngantos mendem bebungah. Para wadya punggawaning Nata sakawan lumancang ambukak gendhaga. Sedyanipun amung badhè uninga dhapur tangguhing dhuwung pusaka ing Kalijaga. Duk tinarik katungkulan, wadya catur mau lajeng sami nyeplos maripatipun. Sanget aminta tulung rowangipun.

Ing ngriku sareng dhuwung sampun manjing warangka sarta sampun kalebetaken gendhaga, jim sakawan pisan dhateng. Tanpa pariwara lajeng nyandhak gendhaga pinanggul. Ganti-ganti mahawan ing jumantara. Rikating jim sami sanalika dumugi ing wukir Mahèndra, lajeng marek ing ngabyantara Nata.

Sawusing dinangu basukining marga, jim sakawan angaturaken gendhaga sarwi umatur cacariyosipun ing nalika wonten Kadilangu. Aturipun para jim sakawan amiwiti ngantos amungkasi.

Narèndra ing wukir Mahèndra miwah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dahat pangunguning galih. Wekasan suka anarima, lajeng dhawuh para wadya bala jim palamporan, kinèn angudanaken usadaning kasangsayan dhateng Kadilangu. Ing antawis dinten malih kekasih dalem jim sakawan wau lajeng kajunjung pangkat raja sakawan pisan :

  1. Jim wungu kaparingan nama Prabu Bra Markata.
  2. Jim Biru kaparingan nama Prabu Wulangun.
  3. Jim Kuning kaparingan nama Prabu Kanaka.
  4. Jim pethak kaparingan nama Prabu Setana.

Dadaos ratu sakawan wau tetep ratu tampingan, angrèhaken para lelembat brakasakan ing sawewengkon ardi Lawu sadaya, punapa dènè kaanggè sesulih tedhakan saparluning karsa-dalem. Mila manawi wonten swara kemrusuk dipun elokaken lampor, punika boten mesthi Kanjeng Susuhunan Lawu piyambak ingkang tedhakan. Tamtunipun para ratu sakawan wau.

Dènè titikanipun manawi Kangjeng Susuhunan Lawu mawi obor, cahya saèngga lintang alihan. Dènè manawi lampor mawi tulung tiyang bumi nedha obor, inggih punika tandha para ratu sakawan wau ingkang tedhakan salah satunggal. Èwadènè wonten paèdahipun sesarat, supados boten kandhegan kampiran lampahing brakasakan.

Saking sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan Lawu, sami kinèn sesarat Rajah Kalacakra, pinasang saginggiling kori, utami wonten griya. Punapa dènè manawi kathah sesakit, ing saben surup surya kinèn sami memujia makaten :

“NIR HYANG KALAMERTYU KUTUP”.

Utawi griya dipun ubeti benang lawè wenang salembar. Ingkang sampun kalampahan kalis ing sesakit salah.

Wonten wasiyating pangandika-dalem Kangjeng Susuhunan ing Lawu, utawi sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, punapa dènè wewangsitipun para ratuning jim sakawan wau, kacathet nalika janggan Utara, pandhita ing wukir Semèru. Pratèlanipun makaten :

  1. Yèn wonten neneka, mawi murus utawi ising-isingen, kajampènana sampun malahi, lajeng dipun usadanana : gendhis kalapa sarta santen kanil. Dipun parudaken kunir saempu, cinampuran tinjanipun piyambak, amung kadumukaken jenthih kiwa, dipun unjukaken ingkang sakit. Adat lajeng mantun.
  2. Mawi wonten tiyang nandhang sakit warni-warni, kados ta : sakit wawratan erah umbel, sasaminipun sakit, kaèngetana dhatenging sesakit wiwit dinten punapa.
    • Yèn wiwit sakitipun wau dinten Akat, dipun usadani roning sangkèt, adas polowaras.
    • Yèn wiwit Senèn, kajampènana sarta kinonyohan roning saruni, ugi mawi adas pulowaras.
    • Yèn wiwit Selasa, kajampènana roning kara legi kaliyan adas pulowaras.
    • Yèn wiwit Rebo, kajampènana roning tundhung kaliyan adas pulowaras.
    • Yèn wiwit dinten Kemis, kajampènana roning waung satekem, ugi mawi adas pulasari.
    • Yèn wiwit Jumungah, ron kremah, adas pulasari, sami kalawan borèhipun.
    • Sabtu, godhong jambu satekem, mawi roning alang-alang satekem, adas pulasari.

Sadaya wau wajib sami dipun èngeti, awit punika kalebet sabda.

Wonten wimbuhipun Janggan Utara wau, manawi mangsanipun kathah sesakit punika, saben surup surya sami wineling angobong roning tanjung, walirang, sarem, sarta kadèdèkaken sangajenging konten. Pepujinipun wantah kèmawon :

“NYUWUN SEGER KUWARASAN ING SALÈNIPUN ANAK PUTU KAWULA, ATAS SAKING SABDA PANGANDIKA DALEM KANJENG SUSUHUNAN LAWU KALIH PANGESTUNIPUN KANGJENG SUSUHUNAN ING KALIJAGA. YAHUDANYENG 3X (kaping tiga) AKADUN KUPU-AN LAHUYAKUN, WA YA LITLAM, WA YU LATLAM, AKADULAH, SAMADULAH, KULHU KUL-LEKUL WANGSUL.”

Atasing kawula, boten wonten awonipun angagungaken sesarat punika.

Anuju satunggaling dinten malih Kangjeng Susuhunan Lawu paring pangandika dhateng ingkang putra makaten :

“Jebèng, Susuhunan Kalijaga, wruhanamu sasuwènè sira anèng kènè, praja ing Demak dalah para wali wus umum pawartining wong, sira dèn arani mati. Marmanè nganti kalakon anyidra patrap marang sutanira ing Kadilangu. Kang iku kulup, becikè sira mulih marang Demak, supaya Kaki Prabu pulih susahè, lan para wali padha kawelèh karepè baè. Bèsuk sedheng salin alaming praja, jaluken manèh.”

Ingkang putra amangsuli atur dhumateng ingkang Uwa, “Ingsun sapunika dèrèng purun mantuk. Taksih kasengsem dongèngipun jim sakawan, parlu kaanggè lelimbangan rahsaning ngilmi wijining kanabèyan kaliyan wijining kadèwatan.”

Kala samanten ingkang Uwa lajeng dhawuh dhateng para ratu sakawan pisan, kinèn andugèkaken cariyos, sasambetipun ingkang sampun kawedharaken ing ngajeng. Sarta dhinawuhan amèngeti Kangjeng Susuhunan Kalijaga, supados kacathet raosipun. Dènè Kangjeng Susuhunan Lawu sampun amitadosaken ingkang putra kèmawon.

Mila para jim sakawan dahat leganing galih, jalaran sampun boten gadhah pakèwed sarta pancèn tresna ningali Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para Ratu sakawan anggènipun imbal wacana kados ing ngandhap punika :

“Hè anggèr Kangjeng Susuhunan Lèpèn, lega temen raosing manah kula, saged wawan wicara kalih Jengandika, awit manawi Uwa Paduka anjenengi, kathah pakèwed kula, jalaran saking kawon luhur. Dados wedaling wicara mawi wangwang. Trekadhang dhompo, awit kawon prabawa. Bèda kaliyan Paduka.

Anggèr, temenipun kula punika nadyan bangsaning jim utawi darahing Jawata, nanging boten bèda kalih Jengandika, ugi sampun manjing agami Islam. Turun-rumurun darah kula, ratuning jim duk janam Ngajrak ing Èyang Dèwi Kurasin, alamipun Sayidina Kamjah, Mènak Jayèngrana ing Mekah, punika raja jim sami anut sarèngat Nabi Ibrahim. Tamtu boten bèda ing agami karasulan. Mila sampun mawi èwet-pakèwed Paduka gelaraken rahsaning ngilmi makripat. Dados saèngga musawaratan, supados kumpuling pamanggih.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijga mangsuli :

“Inggih leres sampun sami kalebet Islam, amung inggih bènten ugi menggahing agami. Kènging dipun basakaken ANYAR-LAWAS. Nadyan sahadatipun inggih wonten kaotipun tumraping raos.”

Para ratuning jim lajeng sami gadhah atur makaten :

“Manawi kapareng pun bapa mugi dipun barkahana satataning agami Karasulan, supados saged apasahing Islam kula. Èwadènè manawi Panjenenganipun Anggèr asmu sandèyaning galih, maiben agami kula sarèngat Nabi Ibrahim, suwawi kapiyarsakaken kula mungel. Manawi kirang, kaleresena. Manawi dèdè agami Islam, kula dipun kapirena..”

Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mrayogèkaken.

Ing ngriku raja jim sakawan panebutipun sareng rikat, boten tumpang suh, sanyata tan adhompo, kados ing ngandhap punika :

“Ashadu an la ilaha illa’llahu, wa ashadu anna Ibrahimakilullah.

Tegesipun : aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran anging Allah, lan aneksèni ingsun, sajatinè Kangjeng Nabi Ibrahim iku sumitraning Allah.

Anggèr, amung punika ingkang kula èngeti. Mila manawi taksih kirang utawi lepat, anggèr kaparenga maringi tambah jangkepipun. Manawi sampun jangkep, punapa sampun kènging dipun anggep Islam punapa dèrèng? Pun bapa nyuwun pitedah ingkang kènging kula angge pusaka salami kula gesang.”

Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga :

“Inggih, temen punika sahadad agami Islamipun duk Kangjeng Nabi Ibrahim. Dumugining sapunika Islam Mubham, awit sampun katumpangan agaminipun Kanjeng Nabi Muhkamad rasulullah, inggih punika Nabi sinelir. Mila sanadyan sampun sami Islam, nanging boten maning. Èwadènè rèhning Jengandika kedah kepèngin tunggil ing agami, kula ugi boten badhè selak. Suwawi para ratu, kula aturi sesuci rumiyin.”

Para nata sakawan pisan miturut, lajeng sesuci. Sasampuning amèt banyu kadas, sigra sareng dènya dedupa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga awewarah makaten :

“Hè para ratu sakawan, sajatosipun agami Islam punika inggih witing agami karasulan. Tebiyating sarèngatipun inggih nunggil misak kèmawon. Wewedharaning sahadad makaten :

ASHADU AN LA ILAHA ILLALLAH, WA ASHADU ANNA MUHKAMADAN RASULULLAH.

Tegesipun : sami naksi ing Datullah. Aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran anging Allah, lan aneksèni ingsun, sejatine Kangjeng Nabi Muhkamad  iku rahsaning Allah.

Sarèngatipun kedah anglampahi ngibadah sembahyang gangsal wektu ing dalem sadinten sadalu. Bakal-karamipun sami kèmawon. Amung kaot atasing sesebutan. Kangjeng Nabi Ibrahim punika kaaken rahsaning Allah utawi dutaning Allah, punapa dènè rinilan amengku panetepan nata agami Islam sajagad pramudita. Winenangaken jumeneng Kalipatullahi.

Tegesipun : wewakiling Allah, rinilan amengku cahya tigang prakawis :

    1. Cahyaning wahyu Nubuwah. Tegesipun : wahyu cahyaning karaton.
    2. Rinilan amengku wahyu Kukumah. Tegesipun : wahyuning pangadilan leres.
    3. Wahyuning Wiliyah. Tegesipun : rinilan amengku wahyaning wahyu Kuwalèyan, tur sampun nama pinunjul ing para wali sadaya. Yekti boten wonten ingkang saged anyamèni.”

Raka sakawan matur malih dhateng Kangjeng Sunan Kalijaga, “Anggèr, menggah bèdaning wewejangan kaliyan sahadad jati punapa?”

Kangjeng Susuhunan mangsuli.

“Bèdanipun angengkoki asmaning Pangèran. Sahadad jati punika amung taksih sumèndhè.”

Para raja sakawan lajeng nembah sumungkem ing pada, sarwi rawat waspa makaten aturipun :

“Anggèr pepundhèn kula ing dunya ngakir, bok kaparenga pun patik angraub suku, saking kedah-kumedah kawula angsala barkah Paduka. Karana satuhunipun kawula punika mituhu wasitanipun Dèwi Rukamawati, inggih punika widadari ngèjawantah, manjalma wonten ing wana Kardhayana. Kawula saksadhèrèk sakawan punika sami nyuwun pitedah ingkang kènging kula suwitani lair-batin. Wasana tinedhahaken uwa Paduka, pasuwitan lair. Atasè tunggil wangsa, pasuwitan batin dumunung wonten Paduka.

Mila pareng boten kapareng pun bapa nyuwun suwita, pasrah ing pejah gesang kawula, sumangga Panjenengan Paduka, anggèr. Dènè pun bapa ugi badhè ngaturaken ing sasaged-saged kawula, anggeripun bangsa seserepanipun para Jawata sapiturutipun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :

“Inggih prayogi, manawi paman dhasar sami mantep ing tèkat. Yakti boten wonten prabèdanipun kula kalih Jengandika. Senadyan kutu-kutu wong alang ataga, inggih boten kula sèlaki. Mila paman samengkè kula ajak mahas ing asepi.

Tegesipun : daweg angiwa panggènan ingkang kiwa, ingkang sepi samun.”

Raja sakawan lajeng umiring dhateng sukuning wukir Mahèndra, iring kidul wètan. Wonten ing ngriku Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng angagem cara kaji. Mawi sarban wulung, jubah wulung, nyamping wulung. Agemipun teken cis katancepaken, dipun angge lelendhèyan. Ngantos dangu boten angandika, karana Kangjeng Susuhunan aneges parengipun Pangèran.

Mila sareng sampun amratandhani kapareng, Sang Manekung lajeng angandika, nimbali raja sakawan :

“Paman, para ratuning jim, tampanana anggoningsun amijèni marang sira. Mangkènè :

Sajatinè ora ana apa apa-apa, awit duk maksih awang-uwung, durung ana apa-apa. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangèran anging Ingsun.

Dat kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing asmaningsun, mratandhani ing apngalingsun.

Iya Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing umatingsun kabèh, kang abangsa rohilapi, kang abangsa roh kèwani, sapanunggalanè kang gumelar ing alam kabèh iku pakartiningsun.

Padha sanalika byar, gumelar padhang terawangan. Ora ana apa-apa. Dadi saciptaningsun. Teka sasedyaningsun. Ana sakajatingsun, kalawan ing kudratingsun.

Ing kono wus kanyataan pakartining wewenangingsun.

Kang dhingin Ingsun anitahakè Kayun Belaraukin, iya iku kang sumarambah sagung dumadi ing alam dunya, kang aurip tanpa roh, gumelarè kabèh kang abangsa kekayon sapanunggalanè.

Kaping pindho, Ingsun anitahakè Kayun Pitarèni, iya iku sakathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono wus kanyathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono kanyatahan padha katitipan ing rohingsun.

Ing kono rahsaningsun padha nyakramanggilingan, tetep-tinetepan, panjing-pinanjingan, awit nèlakakè yèn Kawula iku isbat. Dadi kalawan kumpuling telung prakara, saka : adhèm, panas, angin. Iya iku sajatining surya, rembulan, lintang.

Telung prakara iku kawasa mahanani marang bumi-langit sap pitu. Dènè kang tumitah dadi manungsa iku uga saka telung prakara. Bareng wus cumithak ing bumi, temah ana sesebutanè manèh. Diarani anasir patang prakara : saka sarining bumi, sarining geni, sarining angin, sarining banyu. Dadi sawiji, kasamadan saka Datè dhèwè. Dènè kang dadi jim, sètan brakasakan sapanunggalanè iku abangsa lelembut :

    1. Kang asipat jim abang iku asale saka nepsu.
    2. Kang asipat jim biru iku bangsa ireng. Iku asalè saka sungkawa.
    3. Kang asipat jim kuning iku asalè saka ngumbar budi pepènginan.
    4. Jim putih iku asalè saka lali.

Mula patang prakara iku pagolongan alam panasaran. Yèn manungsa kang wus pasah ciptanè, wus dadi ngilmunè, ora karep kaya sira iku kabèh.

Pamorè patang prakara iku muhung saka kudrating Datingsun.

Ing kono sarupaning panasaran amung narukrama bisanè. Ananè iya uga mung nunggal saka wisuna baè ing dalem sakaratil maot mangkènè :

    1. Kang dhingin, manawa ana manungsa kang wus tinekakakè janjinè, lamun durung dadi ngilmunè, ing dalem sakaratil maot ilang bungahè, kari susahè. Temah nuwuhakè cahya ireng, iya iku bangsanè jim ireng.
    2. Kaping pindho, andulu cahya abang, awit metu nepsunè. Iya iku kang dadi jim abang. Wekasaning sasar, nunggal sato kewan.
    3. Kaping telu, cahya kuning. Iya iku kang dadi jim kuning, awit kari ngarpakè pepingananè, karana larating bebayu sapanunggalanè. Tumanjaning panasaran dadi pitik iwèn miwah bangsanè iber-iberan iku kabèh.
    4. Kaping pat, cahya putih, iya iku kadadèanè jim putih, awit ing alam panasaran ambarengi larating sungsum, bakal ambawur lakuning roh. Mulanè tancebing tèkat pasthi korut marang alaming ataga. Tegesè : dadi beburon banyu sapanunggalanè.

Patang prakara iku ana aranè dhèwè-dhèwè, tumuwuh saka manungsa kabèh.

    1. Kang ireng iku diarani cahyaning nepsu LUAMAH. Marmanè bagèanè jim ireng kang wenang agawè goragodha.
    2. Kang abang, iya iku cahyaning cahya abang, saka nepsu AMARAH. Mulanè jim abang kang darbè bubuhan anggodha.
    3. Kang cahya kuning iku cahyaning nepsu SUPIYAH, wahananing sedya kangdadi jim kuning.
    4. Kang cahya putih diarani cahyaning nepsu MUTMAINAH, wahananè dadi jim putih. Iya iku kahananing alam panasaran kabèh.

Marmanè yèn manungsa kang wus ambaotos ngilmunè, ora temu-tinemu prakara patang prakara, karana wus bangkit amibirat pakarti kang dudu, wus weruh marang panggawè kang sasar. Awit wus ora darbè uwas sumelang.

Jalaran witing ana alam panasaran kabèh mau iya saka kareping tèkadè dhèwè, awit nganggo kadunungan uwas sumelang. Iya iku anggon-anggonè wong kang durung antuk pitutur.

Mangka sadajatinè wus kasebut ing kitab-kitab. Salugunè kang aran TUWA iku : atinè, titi patitis panggayuhè. Ora jedhok barang kang sinedya.”

Telas pangandikaning wewedharan. Para ratu duk umiyat cahyane Kangjeng Susuhunan Kalijaga, dahat sukaning galih. Aturipun makaten :

“Dhuh anggèr, pepundhèn kula, pun bapa kumedah atur tetanya. Salami kula gesang punika, kula rumos kalindhih soroting cahya ngulama. Mangka pakartining jim punika boten wonten ingkang nyamèni. Mila pun bapa nyuwun pitedah, cahya punapa ingkang nglimputi Paduka?

Pangandikanipun makaten :

“He paman, wruhanamu iya iki kang dèn arani cahya NUBUWAH, iya kang dadi panengeraning karaton Jawa. Watekè, sing sapa katitipan cahyaning wahyu NUBUWAH iku bisa jumeneng ratu Tanah Jawa.”

Sasampuning makaten, sasirnaning cahya maya-maya, gumilang-gilang tanpa wewayangan, lajeng santun paningaling para jim sakawan. Sami andulu cahya mancur, mancorong sasada lanang, ngadeg ing papasunipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para jim angandhika malih, sarwi matur tetanya :

“Dhuh sang pinundhi, punika katingal cahya mancur, mancorong sasada lanang. Prabaning cahya anelahi, nglimputi sapramudita. Kawula rumaos kalindhih malih. Mila pun bapa nyuwun pitedah, kasiyatipun punapa?”

Kangjeng Susuhunan Kalijaga amangsuli :

“Iya iki kang ingaranan cahya KUKUMAH. Watekè kawasa agawè tama, temen, adil paramarta marang sagung dumadi. Sing sapa kanggonan, winenang angadili nagara.”

Sasirnaning cahya sasada lanang, lajeng santun pandulu. Para jim aningali cahya maya-maya ijem amuyek. Mila tetaken malih :

“Kados pundi kasiyating cahya wilis punika?”

Kangjeng Susuhunan mangsuli pangandika :

“Wruhanmu, iya iku kang ingaran cahya WALIYAH. Watekè jumeneng waliyullah gaib.

Tegesè gaib iku : èlok. Kang èlok iku sipatè. Dènè ora lanang, ora wadon, dudu wandu. Mesthi ananè, mokal oranè.”

Ing nalika punika para jim sakawan wau duk miyarsa pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng sami rawat waspa. Sarwi matur karuna amelas arsa.

“Dhuh anggèr, pangidhepan kula, mugi pun paman dipun cangkinga ing kahanan jati. Sanadyan dados endheg-endheging amun-amun, manawi Paduka ingkang bekta, sampun narimah, sarta sampun rumaos lebur ing sadosa-dosa kawula. Èwadènè kadi pundi karsanipun putra kula, pun bapa amung andhèrèk kèmawon.”

Kangejng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“Hè paman, mungguh pamintanira supaya ingsun anglebura saka asalira dhèwè-dhèwè, ingsun iya bisa akarya dedalan kang bisa nunggal lawan manungsa. Angger sira manut sarta trima, pasthi sarira milu nikmat, tunggal lawan kahananingsun.

    1. Raja Bramarkata, tumacepa cipta sawiji lawan arinira si paman jim biru.
    2. Jim biru sumarambaha cipta sawiji lawan kahananing arinira, paman jim kuning.
    3. Si paman jim kuning nunggala cipta lawan jim putih.
    4. Paman jim putih, yèn wus ngumpul dadi sawiji, nuli ingsun kukut dadi sawiji, tunggal lawan cahyaningsun kang metu saka ing pramana, dadi wahananing cahya pancadriyaningsun, saka ing kudratingsun.

Kala samanten jim catur sampun saèngga rasa, gumilang-gilang dados satunggal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sigra angracut pangawasaning jati wisèsa makaten :

“Ingsun amusthi jati wisèsaningsun dhèwè. Wahyaning cahya patang prakara ingsun racut dadi sawiji, katarik saka wewenanging Kajat jatiwisèsaningsun, saka ing kudratingsun.”

Kala samanten para ratu jim sampun manjing dhateng Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ananging amung dumunung dados wimbuhing cahya pramana kèmawon, sarta amimbuhi pangawas, tuwin kènging dipun anggè rowang. Saupami kabentus ing awang-awang, kasandhung ing warata, jim sakawan pisan taksih mahanani kasubdibyan.

Tegesipun : manawi dipun pesu taksih saged medal dados rowang. Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya wimbuh kaluwihanipun. Saupami karsa matek pangawasa, saged warni sadasa.

Ingkang satunggal pramanajati, ingkang sakawan jim. Warni sampun saengga Kangjeng Susuhunan Kalijaga.

Dènè ingkang gangsal, kadangipun piyambak. Ugi saged warni nunggil Ingkang Sinuhun. Makaten malih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wiwit kawimbuhan wewenangipun para jim. Sampun boten sedya katingal kaliyan sipating janma balaka.

Sareng sampun kacakup ing guna kasaktènipun, Kangjeng Susuhunan lajeng sowan ingkang uwa. Kangjeng Susuhunan Lawu kagyat ing galih, lajeng tetanya :

“È jebèng, ana pangunguning tyasingsun marang sira, dènè wimbuh mancur mancoronging cahyanira, ora kaya adatè.”

Ingkang putra matur sababipun. Para jim ratu sakawan aturipun amiwiti amekasi. Ingkang uwa duk miyarsa dahat sukaning galih. Malah lajeng aparing wimbuhan manik kumala retna, pinasang sanginggiling pepasu. Pangandikanipun ingkang uwa makaten :

“Kulup, iki kumala retna, ingsun paringakè marang sira, dadia kekembanging warna sucahya. Iya iku susuk ingsun pasang sandhuwuring pepasunira. Watekè, sira bisa nampani caturing lelembut brakasakan, sarta sira kinadarakè kacèk sasamining urip. Ing kono aja nganti ngaton dhingin, karana sira wus dibayawarakakè ngakèh, padha angarani mati, ananging aja nganti cidra wancinè, aja bèda tekaning lara tutuging pati. Dènè ing dalem sapanggonan, aja nganti katarecet pasang semunira.

Lawan ingsun amemarah marang sira, kulup, manawa ana pakèwuhing budinira, banjur ngusapa bebathukmu kaping telu. Èpèk-èpèk karo kausapena ing bathukmu mandhuwur, wiwit ing nètranira.  Ing kono wus dadi ila-ila, yèn kapetengan ati, asring pinarengakè padhang atinè. Yèn ana karepira kang anawa lali, asring pinaringan èling. Mula sarana iku waratakna marang sarupaning anak-putunira miwah para kawulanira kabèh, padha anggoa kupiya sesarat angusapi bathuk kaping telu.

Sing sapa peteng atinè, padhang. Sing sapa kalalèn, èling.

Lawan maningè kulup, supaya awèting lelakon, tulusing panganggonira iku, sira aja nganti dhahar roning kèlor utawa ketèla gantung. Karo aja wani-wani mangan bangsa eri. Watakè angudhari kekeran kung sinengker.

Apadènè sira ambabarena ukara kang èlok-èlok. Kaya upamanè sira ajejagongan lawan para luhur utawa para ahli ngilmu, nganggo atatarèna lawan kang ajaga rumeksa ing jasatira. Kang sira. Kang sira ajak tetarèn sakajatira iku aja liya pamanira jim papat ingkang ingkang nunggal lawan cahya pramana. Utamanè kadangira papat lima pancèr.

Èwadènè manawa sira arep andadar kadibyaning kumala retna, bisa anekakakè sarupaning lelembut, brakasakan apadènè jim liya-loyanè, pèjèten susukira kumala retna, sarya angundang apa karepira ing satuhunè ana swara kang andadèkakè kaèlokan.”

Ingkang putra lajeng nyatakaken pangandika makaten :

“Hèh paman raja catur, padha nutugena dedongènganira ing nguni.”

Sakala lajeng carita :

“Taksih salebeting tau Suryasangkala, taun Jawata dipun wastani WAKDANIYA, angka 386, kaètang ing taun Candrasangkala 397, taksih amarengi mangsa Kartika.

Andumugèkaken cariyos dedongèngan ing ngajeng, anuju dalu, Brahmana Raddhi antuk sipta sasmita wewangsitaning Jawata, anyarengi tumuruning lintang anggara. Kados makaten ujaring wangsit : HÈ SEWARITAYÈSOGATA, TAMBANGGANA URA.

Tegesipun : sakabat kècalan guru, nemahi pancabangkah, dados ura.

Brahmana Raddhi rumaos gènipun wonten madyapada, ing Suralaya, swarga, sami sulaya. Ènjingipun amemulya gangsa. Kang dèn memulya latu. Sarta dinten punika dipun wastani dinten ANGGARA. Tegesipun : dinten latu. Dumugi ing mangkè dipun wastani dinten Selasa.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Buddha, angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAKATHANIRA DARUKI PANGIRA DALAYUN.

Tegesipun : pedhati tanpa kusir, pangiridè salèwèngan.

Brahamana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada, lampahing surya èwah-èwah. Èjingipun amemulya tosan. Kang dèn memulya bumi, sarta dinten punika dipun wastani dinten BUDDHA, tegesipun : dinten bumi. Saminipun ing jaman mangke dinten Arbo (Rebo).

Daluning malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Wrahaspati, asung wangsit sipta sasmita makaten : MAMINGKARÈ NGADIKARA DADYA TUNA.

Tegesipun : Tiyang nilar pandamelan perlu, punika dados margining katunan.

Brahmana Raddhi rumaos, anggènipun nilar kuwajiban tan pakantuk. Ènjingipun memulya parungka dipun wastani dinten Wrahaspati. Tegesipun : dinten gelas, inggih dinten Kamis.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Sukra, angsung wangsit sipta sasmita makaten : INTEN TINUTI JUGA YA MURKKAMA DURHYAKA.

Tegesipun : Anuruti karsa punika ugi murka, ugi nemahi duraka.

Brahmana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada, kasebut murka. Ènjingipun memulya dembaga. Kang dèn memulya toya. Sarto dinten punika kawastanan dinten SUKRA. Tegesipun : dinten jawah. Saminipun ing mangkè : dinten Jumungah (Jumat).

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Saniscara, angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAMADI MASA LAYA NOPA LAKSANA.

Tegesipun : Asemados mangsanipun dumugi jangji, tetep kalampahan.

Brahmana Raddhi rumaos, kala rumuhun aprajangji, anggènipun tumurun ing madyapada amung satus taun. Brahmana Raddhi semu mèrang.

Ènjingipun memulya timah. Kang dèn memulya angin. Sarta dinten punika dipun wastani dinten SANISCARA. Tegesipun : dinten angin. Saminipun ing mangke dinten Saptu (Sabtu).

Sasampuning jangkep pitung, Brahmana Raddhi matur ing Prabu Sèlacala, katuran ngagem saha nglimrahaken dinten pitu wau, nanging karangkepan pekenan gangsal, kangge dumugi sapunika, kalebet pulo Bali, Madura.

Nunten Brahmana Raddhi muksa, dados Sang Hyang Surya malih. Prabu Sèlacala langkung sungkawa, dènè katilar gurunipun.

Babaripun cariyos SERAT MAHARAJA kapèrang dados gangsal lampahan.

Pèrangan I nama SERAT DYITAYANA, kaangit dèning EMPU RAGARANA, ing Mamenang.

Panganggitipun nalika taun Suryasangkala 853, taun Candrasangkala 879.

Wiyosipun, menggah ingkang dados bebuka rumiyin, dèrèng ngucapaken babaripun SERAT DYITAYANA, margi taksih angayuh panunggilanipun cariyos SERAT SUMANTAKA, lampahanipun Rsei Satmaka, Sang Hyang Wisnu anggènipun dados dhukun, tuwin lampahanipun Prabu Silacala, kados ing ngandhap punika :

Salebeting taun Wijaya, ètanging taun Suryasangkala 401, tinengeran : JANMA ANGRUSAK PAKARTI. Kaètang ing taun Candrasangkala 413, tinengeran : GUNANING WONG DADI BARAKAN.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Prabu Silacala anuju lenggah akaliyan garwanipun, kinèn amètani.

Dèwi Sinta waspada, mustakanipun Prabu Silacala buthak. Dèwi Sinta matur mula bukanipun, Prabu Silacala prasaja. Timuripun kathuthuk ènthong ibunipun, Dèwi Basundari, lajeng kèsah dumugi jumeneng Nata ing Gilingwesi. Ing ngriku Dèwi Sinta amidhanget cariyosipun Prabu Silacala, angungun sarta ènget wewèntèhan, nalika kèsahipun ingkang putra Radèn Wudhug, inggih Radèn Raditè, amargi kathuthuk ing ngèthong.

Dèwi Sinta nggarjita boten samar bilih Prabu Silacala punika putranipun pambajeng piyambak. Dèwi Sinta kaduhung lajeng matur dhatenf Prabu Silacala.

“Pukulun, Panjenengan Paduka punika saèstu tresna dhateng kawula.?”

Prabu Silacala anon, lajeng wungu, garwa pinondhong. Prabu Silacala angandika :

“Dununging sihingsun tan liya amung sira. Pagènè sira maksih sandèya?”

Aturipun Sang Dèwi Sinta makaten :

“Pukulun, manawi Paduka saèstu tresna, kalilanana kawula boten nembah ing Paduka, sarta manawi wonten ngoko kawula, kaaksama. Utawi dinten punika mugi sampun kakarsakaken among rarasing asmara turida, karanten kawula badhè lelampah tapabrata, laminipun sakatarima kawula dhateng Sang Hyang Jagatkarana.”

Duk ing wau Dèwi Sinta kaudhunaken saking pondhongan, angarasi putranipun, Radèn Radèya, sarwi arawat waspa. Aturipun:

“Pukulun, putra Paduka Radèn Radèya kaparingana peparab Radèn Sindhula. Tegesipun : kama salah.”

Dèwi Sinta dhateng pamelengan, anuwun sudanipun ing sih Prabu Silacala.

Salebeting taun Jaywana, ètanging tau Suryasangkala 402, tinengeran : NEMBAH MESAT WAHANA SIRNA. Kaètang ing taun Cadrasangkala 414, tinengeran : pakartining janma warna muksa.

Dèwi Sinta kinèn wudhar ing tapabrata. Dèwi Sinta amangsuli, “Pukulun, dununging tresna punika rila.”

 Pangandikanipun Prabu Silacala, “Apa karepira, yayi? Jarwaa.”

“Pukulun, sayektinipun kawula kapèncut darbè maru widadari kasapta ing Suralaya, supados kasusra mewah kaluhuran Paduka.”

Prabu Silacala anyagahi.

Prabu Silacala miyos, animbali kang rayi, Patih Arya Suwèlacala kaliyan Brahmana Suktikna. Prabu Silacala andhawuhaken, krama widadari kasapta ing Suralaya. Aturipun Brahmana Suktikna :

“Pukulun, karsa ingkang makaten wau kedah linampahan tapabrata, binujung ing darmastuti, jinemparing ing cipta pranawa, winawas ing panalangsa. Lepasipun boten pegat aminta aksama. Manawi patitis kang cinipta, saèstu dados. Kang sinedya wonten, kang kinarsan dhateng.”

Pangandikanipun Prabu Silacala :

“Hè Brahmana Suktikna, dalan mangkono iku luwih runggut.”

Arya Suwèlacala matur, “Pukulun, runggut punika pambabatipun kalayan sengkut. Jangji taberi, lami-lami saged sakapti.”

PrabuSilacala linggar, tedhak ing patamanan.

Salebeting taun Tambi, ètanging taun Suryasangkala 406, tinengeran :  ANGGANA MUKSANING YOGA, kaètang ing taun Candrasangkala 418, tinengeran : ANGESTHI TUNGGAL PAKARTI.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Bathara Laksmana, Bathara Satyawaka, Bathara Srita, Panyarikan, tumurun dhateng Kayuwan, sowan ing Rsi Satmata, Sang Hyang Wisnu, umatur :

“Pukulun, kang satuhu Sang Hyang Wisnu ingkang mulya, ratu-ratuning swarga, ingkang boten pegat angayomi titahing Hyang Wisèsa ingkang tumuwuh ing jagad. Kawula kumedah umanggahi karsa, anggèn Paduka anglampahi dados dhukun. Saking pamanah kawula, badh anenungkul panalangsa, awit pangrapuning deduka punika sarana mawi anenuwun pangaksama.”

Resi Satmata, nadyan sampun amumpuni guna kasantikan sarta ingkang sampun boten kasamaran, sareng amidhanget aturipun ingkang rayi tetiga, anuwuhaken raosing galih. Pangandikanipun makaten :

“Dhuh yayi kabèh, tuturira iku teka bener, nanging rèhning ingsun wus kasura, paran baya goningsun anyinggahi?”

Patakoning wong, “Dhuh Pukulun, manawi makaten, wontena karsa Paduka angalih padhepokan, ingkang ragi tebih saking ngriki.”

Pangandikanipun Resi satmata, Yèn mangkono, payo yayi padha maring pucaking wukir Candrageni, Marapi, ngiras amemuja nuwun pangaksama, karana wukir iku enggon katarimaning memuja.”

Bathara tiga mangayubagya, andhèrèk mangkat.

Salebeting taun Wikari, ètanging taun Suryasengkala 407, tinengeran : RESI MUKSA WARNA SUNYA, kaètang ing taun Candrasengkala 419, tinengeran : GAPURA TUNGGAL WAHANA SIRNA.

Amarengi mangsa Pusa, kacariyos Sang Hyang Kala anitis dhateng Prabu Silacala. Sanalika Prabu Silacala kagungan galih angkara murka. Paribasan GAJAH ELAR MIYOS SAKING PAHOMAN. Andhawuhaken badhè nyalirani piyambak nglurug dhateng Suralaya. Patih Arya Suwèlacala sandika, nanging ing batos angemu sungkawa. Mambeng sampun boten kapadhan.

Ing ngriku Bengawan Buddha, Bagawan Sukra, midhanget pawartos, Prabu Silacala arsa mbedhah Suralaya.

Bagawan kalih makidhupuh ngarsanè Prabu Silacala, umatur :

“Pukulun kang binathara ing jagad, karsa Paduka ambedhah Suralaya, kados kirang mengsah. Ila-ila punapa ingkang pinanggih? Punapa ingkang kaajap, dènè memengsahan pepundhèn? Bebaya punapa ingkang pinanggih? Boten wandè badhè tampi sapu dhendhaning Dèwa.

Dhuh Pukulun, samukawis pratingkah kedah dipun angkah-angkah. Manawi boten makaten badhè kasebut TIYANG INA, dènè kaduk purun kirang dedugi.”

Prabu Silacala sampun korup ing pangirupanipun hawa murka. Murang ing pangèrang-èrang, boten pasah ing pangampah. Dados pasrah sumèndhè ing titah. Bagawan kalih wau sami mundur dhateng ing Ngandong Dhadhapan, ing Gadhing Mawukir. Patih Suwèlacala kaliyan Brahmana Sutikna tinanggenah tengga praja. Boten kacariyos wonten ing margi.

Salebeting taun Sarwari, ètanging taun Suryasangkala 408, tenengeran : MANGGALA BARAKAN DADI, kaètang ing taun Candrasangkala 420, tinengeran : BARAKAN KEMBAR WARNA.

Amarengengi mangsa Padrawana, Bathara Guru kacariyos tumedhak dhateng  Suralaya, paring wangsit dhateng Sang Hyang Endra. Pangandikanipun makaten :

“Kaki Prabu Surapati, ing mengko wus mangsanè si Silacala teka ing apes. Wus kapanjingan budi angkara murka, nanging kang kawasa nglawani mung Resi kang mangun tapa ana ing Wukir Candrageni. Iku kinonen mapag perangè si Silacala. Manawa sanggem, sun apura sadosanè.”

Sang Hyang Naraddha anambungi :

“È Kaki Prabu Surapati, sajatinè kang tapa ana pucaking Wukir Candrageni, arinira si Wisnu. Ingsun dhèwè baè kang nimbali. Manawa kurang piandelè, temah lenggana.”

Sang Hyang Èndra nembah, rumojong ing karsa. Sang Hyang Naraddha mesat. Sarawuhipun lajeng rinangkul, sarwi winangsit ingkang dados timbalanipun Sang Hyang Jagadnata. Resi Satmata matur sandika, nanging badhè wewartos dhateng garwanipun ing Ringinsapta.

Sang Hyang Naraddha anglilani, lajeng wangsul ing Kahyangan.

Resi Satmata anyipta titihan sembrani, katitihan kadangipun tetiga : Barhara Laksmana, Bathara Satyawaka, Batara Srita, sakawan Resi Satmata.

Kuda sembrani mesat angambara. Dumugi padhèpokan ing Ringinsapta sami anyèluman, awit badhè angawasaken sasolahing garwa, Dèwi Sri Yuwati kaadhep ingkang putra, Radèn Srigati.

Pangandikanipun Resi Satmata :

“O jiwa ulun rari menak tambek nala nityasira.”

Tegesipun : “Dhuh nyawaningsun, yayi, teka ing tansah ing kapainak ing tyasira.”

Dèwi Sriyuwati boten samar pangandikanipun ingkang raka, umatur makaten :

“Dhunan kyindung nirta, nglening manih anggenupaka karti tala.”

Tegesipun : “Dhuh Pangèran kula, angicalna sengkelipun ing cèthi Paduka kados siti lebu.”

Nunten Radèn Srigati umatur, “Sinten lawanan Paduka angandika punika?”

Radèn Srigati nuwun sumerep. Resi Satmata andangu, “Iku yayi sapa?”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pukulun, punika putra Paduka pun Srigati rumuhun. Kala Paduka tilar ing Lokadhaya taksih jabang.”

Nunten Resi Satmata ngatingal, dalah ingkang rayi tetiga. Dèwi Sriyuwati tuwi Radèn Srigati lajeng ngestu pada. Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pukulun, sinten ingkang sami andhèrèk paduka punika?”

Resi Satmata angandika :

“Iku kadangingsun kaprenah ipè telu pisan. Kang sawiji aran Bathara Laksmana, arinè garwaningsun Dèwi Srilaksmita. Sawiji aran Bathara Satyawaka, arinè garwaningsun Dèwi Setyawama. Sawiji aran Bathara Srita, panyarikan, arinè garwaningsun Dèwi Sriyati.”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pinten kathahipun garwa Paduka, Pukulun?”

Resi Satmata angandika :

“Garwaningsun lelima, nenem sira iki.”

“Pukulun, saweg sekawan kawula.”

Resi Satmata mangsuli :

“Bakyunè garwaningsun Dèwi Srilaksmita, aran Dèwi Srilaksmi, padha putranè Sang Hyang Rasi Wiksmaka, patutan sawiji muksa, anuksma sajroning bumi. Ujarè, ing tembè bakal dadi garwaningsun manèh, putranè Sang Hyang Resi Satyaka, aran Dèwi Sri Satyawana. Nuli krama maneh putranè Sang Hyang Resi Surèngrana, aranè Dèwi Sriyati. Arinè Dèwi Sriyati kang antuk Bathara Laksmana iki. Dadi garwaningsun lelima pisan mau padha wayahè Sang Hyang Pancaresi.”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pukulun, menggah kang bok gangsal wau, sinten ingkang sampun patutan?”

Resi Satmata ngandika,

“Yayi, lelima pisan wus padha patutan, nanging padha dadi Dèwi. Kang wadon dadi widadari.”

Wijangsamanipun. Dèwi Sriyuwati nolèh kang putra, “Kulup, Radèn Srigati andheku. Dèwi Sriyuwati umatur malih, “Pukulun, sadangunipun linggar saking waringinsapta wonten pundi”?

Resi Satmata ngandika :

“Dadi dhukun, yayu.”

“Kados pundi, Pukulun?”

“Ana wong aran Buyut Gopa ing dèsa Sèwu, anakè lanang aran Pastima, lara kalenglengan, kena kemayan gonè anglangkahi rajabrana kang kapendhem, tinengeran watu tampir. Ingsun kon jukuk, bakal dadi kamulyanè. Si Pastima disabetana sapu kawat, sapu gerang, diborèhana trasi winor kukusing cangkring, godhong legundhi putih lan tungtungè atinè diusapana lenggoning winong, godhong karamèan, godhong giyanti, angemuta babakan turi, rinemus winor lan marica sulahsih.

Nètrane dipupuhi kumkuman larah larah kawak, winoran godhong pèpè, lan matanè lempuyang sayodè sarta legoning walesah.

Irungè diusapana godhong gandarasa keling, lagundhi oyoding silungu.

Kuping dipupuhana telèking pitik abang, sininjong lan daringo benglè, winora mataning jaè walang watu lumut watu, laler wilis.

Yèn wis sun kon mindhang antelung pitik ireng sakelarè, anjupuka banyunè aja kongsi obah, winorana enjet lan pucuking alang-alang, godhong daringo, bawang putih, uyah windhahan bathok bolu, karaupna ing raine.

Iki mantranè :

SANG KALA DURGA, KITANGGURUANGKU, SANG GOLANG-GALING, WEHEN PALARANGKU, KITA AMAKNA, TEKENG OSADANGKU, PANIRANAPA, MANTANA SAWUNGKU.

Sawusè mangkenè, yayi, Buyut Gopa mulih, anamakakè. Balinè manè wus sugih rajabrana, malah puruita pisan. Ingsun uga mituruti. Pastima uga wus waras.

Salebetipun taun Manmata, ètanging taun Suryasangkala 403, tinengeran : GUNA TANPA DADI, kaètang ing taun Candrasangkala 415, tinengeran : WISAYA NUNGGAL WARNA.

Amarengi ing mangsa Sitra, kacariyos tiyang dhusun Mandira, wasta Paniwaka, dhateng ing Kayuwan, matur gadhah pangangkah dhateng èstri nama Kèn Wresti, sutaning Umbul Warsaya, inggih umbulipun dhusun Mandira. Rèhning tiyang alit, gadhah pangangkah dhateng bendaranipun, anenuwun sagedipun kènging. Pangandikanipun Resi Satmata, “È Paniwaka, sira mancinga. Yèn antuk mina, aturna Umbulira.”

Sandika, mangkat. Boten dangu Umbul Warsaya dhateng, matur gadhah kajeng pawèstri, wastra Rantam. Punika lenggana, boten kongkih saking pamrih, botena saking warna.

Dèrèng ngantos dangu pun Puniwaka dhateng ambopong mina. Resi Satmata angandika :

“Hè Paniwaka, iku iwak dhuyung, akèh kang katut iku, saka katètèsan ilunè, karana mina iku saben kaentas ing samudra, kaya karuna. Kayu watu kang katètèsan banjur manut. È, Paniwaka, minamu lilakna marang Umbul Warsaya. Hè Warsaya, iluning mina iku tadhahana, woren lan lenganè, nuli endelen lan lenganè, kalèthang turi, cangkaruking ketan pengantèn, malaning tawon sih, gendheking kenanga, wohing pepulutan, talutuhing kayu rubung jebug tolih, lenganè uler lulud. Iku padha endelen dadi sawiji, nuli tamakna kang kagepok awakè.” 

Umbul Warsaya sandika. Pun Paniwaka umatur :

“Pukulun, pun Warsaya sampun tanpi kagunan, sarta badhè kathah tiyang kènging dhuyung.”

“Hè Paniwaka, aja sumelang atimu. Sira dadia jurugina. Tegesè : angruwat guna.

Ngupaya wijèn ireng, balarak pucang, laos, pala, cengkèh pitung galintir lan karok tuwut, dukut kamarunggi pitung lembar.

Godhong pala lar nem punggel, kayu jaè, kayu areng, kayu kamadhuh, padha keriken. Lan gadhung sarta suruh aking.”

Pun Paniwaka sandika. Pendhak dinten dhateng malih ngaturaken kawontenan. Pangandikanipun Resi Satmaka, “Gadhungè benemen.”

……………………………………………………
…………. halaman 137 hilang…………….
……………………………………………………

Sanalika Resi Satmata medal perang. Prabu Silacala kacandhak. Pangandikanipun Resi Satmata :

“Sayekti sira bakal mati saka naraka.”

Prabu Silacala amangsuli :

“Swarga naraka iku wus pacanganingsun dhèwè. Yèn ingsun duraka, sayekti tibèng naraka. Yèn ingsun katarima, yekti manjing swarga. Nanging swarga naraka iku marganè saka antaka. Dènè antakaningsun, ujaring wacana gampang baè.”

Resi Satmata mangsuli :

“Kaya paran ujaring weca?”

Prabu Silacala mangsuli :

“Ingsun duwè cangkriman telung kecep. Bisa ambatang weruh werdinè sarta anyanggemi, iya ingsun jatèni ujaring weca.”

Resi Satmata mangsuli :

“Kaya paran cangkrimanira?”

“SUPI LAPI LAPA, SUPI LAKU PALA, KUPI LASU PALA.

TEGESIPUN : Wit dhakah woh dhakah, wit dhakah woh dhikih, wit dhakah woh dhikih.”

Pambatangipun Resi Satmata :

“Wit dhakah woh dhakah : kalapa.

Kajengipun : putra-wayahipun Prabu Silacala kapurih mulyakaken.

Wit dhakah woh dhikih : waringin.

Kajengipun : pawestrinipun sampun kaalap.

Wit dhikih woh dhakah : semangka.

Kajengipun ; anak-putuning wadya ingkang pejah prang kapurih anggentosna.”

Sareng Resi Satmata sampun ambatang sarta sangem, Prabu Silacala awewarti, sèdanipun saking numpak padhatinipun Sang Hyang Bathara Surya sakedhap dhateng, lajeng katrap ing padhati, kabekta mangilèn leres. Kadhawahaken satelenging samudra tanah Sumedhang.

Kacariyos lajeng dados tosan wesi brani. Dènè para kadangipun ingkang pejah ing rana sami dados redi alit-alit wonten ing marpat Kapanasan. Dènè wasèsaning ngayuda sadaya sami anungkul.”

Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, duk miyarsa gremeng-gremenging caritanipun para ratuning jim sakawan pisan wau, dahat suka leganing galih. Rumaos sampun wonten aling-alingipun dènya lampah sesiluman. Pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Hè paman raja catur, dahat suka bingah kula dènè si paman sami saged andongèng caritaning para Jawata. Yakti badhè dados lantaraning katarima dhateng para ratu ing tanah Jawi, awit ing nagari Demak punika kaècalan sajarah uruting caritanipun para ratu ing tanah Jawi. Mila ngantos sapariki anggènipun ngupaya PUSTAKA RAJA, pusaka karaton ingkang saged gancar dalah taun, wulan, masa, dinten Buddha, supados wontena ingkang dados teturutan.

Jalaran awit Demak sapisan utusan pujangga, wali,  nama Kalinyamat, boten saged dumugi pangupayanipun. Sunan Kalinyamat kaselak pejah, mila boten saged kalampahan angimpuni PUSTAKA RAJA. Mila saupamikula dumugi ing nagari Demak, mangka taksih angupadi carita bituwahing praja, si paman punapa boten balèjani?”

Aturipun jim sakawan kados ing ngandhap punika :

“Dhuh Sang Pinuji ing bawana, sadèrèngipun kula manjing ing pramana, èsthining manah kula sami ngidhep ing Paduka. Asrah pati-urip. Sakarsa sumangga. Mangka ing mangkè kula sampun nunggil sajiwa-raga, yakti badhè boten saged èwah gingsir saking sarira Paduka. Èwadènè purbawasèsa sampun dumunung wonten ing kajat jatiwasèsa Paduka. Tegesipun makaten :

Pramana punika asal saking wahyaning pranawa, kawimbuhan prabaning atma, kalunturan wahyaning Suksmajati. Dènè ingkang lumampah ing dalem tinten utawi dalu, sami katarik saking wewenanging Nur Muhkamad.

Tegesipun : cahya kang pinuji.

Dènè ingkang muji inggih saking Paduka piyambak. Ingkang pinuji inggih boten liya saking Paduka.

Mila prabaning Nur Muhkamad kawasa anglimputi dhateng manon, tumancep wonten wewadining manubawa. Temah asisilih aran SANG HYANG MANU MANONTON, inggih punika kahananing Manik Sajati.

Ingkang makaten wau tetep wonten ing Paduka. Sorotipun sumarambah dhateng kawula.

Mila cahyaning pramana punika sampun kènging dipun basakaken Manikmaya.

Menggah wisèsaning prangawasa kados makaten pamanggih kula :

MANIK punika teteping dadya, dumadining sipat, wujudullahi. Inggih punika dènè sampun kaaken rahsaning Dat sajati.

Menggah ingkang nama MANIKMAYA : MANIK punika Paduka, MAYA punika kawula. Mila katetepaken dados satunggal kaliyan pramana, amimbuhi purwbawisèsaning pancadriya. Yakti boten kènging yèn kapisaha, awit MANIK tanpa sorot, kados pundi pamawasipun?

Sorot tanpa MANIK, punapa ingikang kadamel gèyongan? Mila kaupamèkaken SOROT lawan SOROTIPUN.

Mila sampun tetèla, kawula punika dados piranti Paduka ing salaminipun. Saupami Paduka  badhè nyorog ing pangawasa kawula, yakti anut sacipta Paduka. Manawi kirang meleng pamanthenging cipta, yakti sorotipun boten saged mahanani sedya. Èwadènè pamanthenging cipta Paduka meleng, boten sumorot dhateng pundi-pundi. Yakti saged dados saciptanipun, teka sedyanipun, ana sakajatipun.

Menggah ingkang kawula andharaken makaten wau tegesipun, sadaya ingkang kawula lampahi inggih amung anut miturut sakrejeting kajat Paduka kèmawon. Dados ing sasolah bawa, sacipta rasa Paduka, kawula amung darmi anandukaken. Nadyan awon-saè, inggih kantun ngleluri ing sakarsa Paduka kèmawon, awit sampun nunggil sarasa ing awal-akiripun. Mila tangèh yèn mlèsèta. Boten langkung kawula sadaya punika amung anut sakrejeting caipta Paduka.

Menggah sadaya atur kawula ingkang makaten wau, sanadyan Paduka sampun andhawuhaken asal kawula sadaya wau : saking cahya cemeng, saking cahya abrit, saking cahya jenè, saking cahya pethak, sareng sampun katunggilaken kaliyan pramana, sumarambah dhateng pancadriya, punpa inggih medala saking Muhkamad Maja…… katancepaken dhateng Muhkamad Sajati?

Sababipun  ing kawula sampun manjing Isbat. …….ratipun sampun dados warangkaning rahsa.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga suka penggalihipun. Mila lajeng sowan ingkang uwa………………….

…………………………………………….
……….halaman 141 hilang…………
…………………………………………….

Kaki Walakas amangsuli, “Paèdahipun tiyang lelana punapa ? Dadak wareg anak-bojonipun? Bèdha kalih kula, sampun guguh taksih kluyuran angupaya bukti. Nemahi beberah garu maluku macul, saking ajrih kaluwèn.”

Kaki Walaka mangsuli, “Iya iku wong ora ngandel marang kamurahaning Pangèran. Nandhakakè tipising ati.”

Wangsulanipun Kyai Walakas makaten, “Inggih leres tiyang kumendel punika badhè kandel, awit nyata yèn Pangèrang punika mirah, angudanèni sakajating tiyang sarta sampun kanyatahan dhateng saliring dumadi. Nadyan salebeting kayu, watu, tamtu tinaning tedhanipun, pinanci sasedyanipun dumadi sadaya dèning Pangèrang Kang Maha Kuwasa. Nanging, kurubing kawula punika sampun rinilan punapa kajatipun awon-saè. Balik anak-bojo ing wingking ugi kedah kula saranani bausuku, awit wajibing kawula kedah istiyar. Dados kènging tinembungaken : KUMLAWET PUNIKA KEDAH KUMLAWE. Sandyan sampun angsal kamirahaning Allah, yèn boten angluluh jasatipun, tamtu inggih amung sapancèn kèmawon. Tegesipun, inggih amung mangan-manganan, awit dipun bektanibausuku boten kalampahaken. Dipun paringi mata-kuping-cangkem-irung, boten kaanggè ningali sarta boten kaanggè ngrungu, ngambu, angucap.

Yèn makaten badhè ngicalaken wewenanging Pangèran. Mangka cariyosipun bapa kula, Gusti Allah punika boten saged ningali. Ingkang dipun agem aningali inggih mripat kula punika. Boten saged miyarsa. Ingkang dipun agem mirengaken angagem talingan kula. Boten saged ngandika. Manawi angucap angagem lèsan kula punika. Boten sage angganda, muhung angagem grana kawula. Mila saupami boten kula, yakti malah angicalaken pangawasanipun.

Badhè sapinten dosa kula ing Pangèran? Jer bèda kaliyan lampahipun para wali. Nandyan nganggur pitekur wonten griya kèmawon, yakti nedha, awit sampun angsal pepancèn tedha saking ratu Jawi. Tur kathah. Punapa dènè inggih kados kèmawon meleng tèkadipun, dados ngilmunipun, awit lenggah siti sèwu karya punika kathah.

Botenè kula puniki, kuli ngolak-alik galengan, amung salupit, nanging jalimet pamardi kula, inggih nyekapi. Amung tetimbangan : apsah pundi nganggur kaliyan angupakara?

Ingkang nyamèni tiyang èbah bausukuning kados boten wonten, awit apngal punika pirantining ngagesang, tuwuhipun saking pundi.

…………………………………………….
……….halaman 143 hilang…………
…………………………………………….

Kayai Walakas boten suka, ingkang sedya uninga meksa. Dados kalampahan udreg-undregan. Dangu-dangu Kyai Walakasngulungaken jenthikipun, katingal cumlorot saèngga cahya purnama. Kakai Walaka kagyat sigra anungkemi pada, sarwi sesambat lara-lara, dènè ingkang uwa karsa nyobi kasudiraning sedya.

Ingkang uwa ngandika, “Aja dadi tyasira. Sajatinè mung arsa nyatakakè katemanira marang wewekasingsun. Wasana wus kanyatahan sira ngèstokakè pituturing wong ngatuwa. Yèn mangkono, sira wus tetèla dadi pandam pangaubaning para umat kabèh. Anjaba iku kulup, sira dèn ènggal marang prajèng Demak, awit samengko wus ana anataranè sireping lelakonè nagara. Ingsun darbè sumitra, wong wadon, aran Nyai Purnamasiddhi. Iku rada matjenun tèkadè, awit kapanjingan wadyaningsun. Ing kono sira anjujuga, supaya bisa angalingi raganira.

Tur biyèn wus kulina lawan duk timurira. Awit iku arinè si Mandhapa, sutanè Rekyana Patih Lagung, gedhana-gedhini mung loro, lanang wadon. Marmanè sira angakua yèn sutanè Tumenggung Wilatikta ing Tuban. Dadi sira kaprenah bibi. Èwa samano sira wus anggawa rowang, jim papat baè dadi obor, supaya akèh piyandelè marang sira.

Hèh jim papat pisan, ing samengko sira wus kapisah lawan ingsun. Poma kang bener, becik enggonira njaga rumeksa saparanè sutaningsun Jebèng Kalijaga. Jujug panggonanè Nyai Purnamasiddhi,  ananging supaya akèh piyandelè, ing samangsa wus teka panggonan, sira banjur miwitana swara dedongèngan.

Ènggaling carita, mangkat, wus tekèng gon, lajeng carita.

Mangkana lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Sapengkeripun saking wukir Mahèndra, lajeng terus kapanggih Nyai Purnamasiddhi.

Wantuning jim widadari, dados boten kasamaran rawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Sigra ingacaran lenggah, sarwi matur tetakèn.

Wangsulipun, ngaken saking Wukir Mahèndra, mituhu dhawuhipun wewelinganipun ingkang uwa. Nyai Purnamasiddhi lajeng grahita, yèn pangojokipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Mila aturipun amung sandika.

Boten dangu Nyai Purnamasiddhi temah ngukut ing cipta rasa, sinungku ing pudya. Tan pantara Nyai Purnamasiddhi lajeng ngracut ing tèkat. Dadya sakala muksa, manjing wonten wentisipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ingkang kiwa, sarwi atilar pangandika makaten :

…………………………………………….
……….halaman 145 hilang…………
…………………………………………….

Nyai Purnamasiddhi aturipun makaten, “Ing nalika kula taksih kenya, kapundhut dados garwa pangrembènipun uwa Paduka, Kangjeng Susuhunan Lawu. Wasana sareng kula dipun timbali, pamit, margi boten natè sumerep sarèkaning sanggama. Uwa Paduka kadereng ing karsa, temah tumedhak angruda peksa. Dupi uninga ing wewadon kawula wuntu, lajeng boten saèstu ngrurah asmara. Kapara dinangu mula bukanipun. Kawula atur sajarwa, yèn tanpa bapa tanpa biyung. Ing nalika jaman nagari Makukuhan kawula punika bangsa widadari, kadadosan saking soroting wulan anuju purmanasiddhi. Amarengi grahana, dumadakan soroting wulan tanggal gangsalwelas, wonten cahya malebet saking rembulan, dhawah dhateng woh kelapa wulan. Sareng ing wanci kering, kalapa rentah mangandhap, dipun pendhet ing tetiyang.

Pinacakan, kalapa wau mripatipun boten wonten. Sareng dipun ocak-ocak, sampun garing. Dupi badhè dipun kepruk lajeng dados janma, inggih eujud kawula punika, asal saking kalapa wungkul, jalaran tanpa mripat. Wah nalika taksih wujud kalapa, sakalangkung atosipun, ngantos dipun kepruk ing alu meksa boten pecah. Sareng dumugi dalu pecah piyambak, dados widadari, nama Dèwi Wungkulan. Sareng kagarwa ing uwa Paduka, dipun namèkaken Retan Purnamasiddhi. Sareng sapunika amung Nyai Purnamasiddhi dipun dhawuhi angadhang walitama, kinèn anuksma wentis kiwa, supados anambahi kasektèn Paduka.”

Kangjeng Susuhunan angandika, anedha narima, “Ing mengko apa sira ènget prenahè galugu duk dadi uwiting krambil wuntu mau?”

Aturipun Nyai Purnamasiddhi, “Taksih ènget. Kapara galugu wau ing saben awoh taksih anèh, jalaran ingkang limrah kalapa punika mripatipun tiga. Manawi uwit tunggil kawula wau kalapa mripat satunggal. Menggah kagunanipun inggih kathah. Manawi ngantos saged ngenthos, ingkang nedha asring katumbusan pangawasaning kalapa mripat satunggal. Trekadhang saged gadhah wijing kraton. Dènè ingkang sami bibit cikalipun, inggih kathah kèmawon, ananging manawi boten dados panengeran tamtu boten cukul. Saking pawartining kathah, satunggal kalih ugi wonten ingkang tuwuh,  sapariki saged dados witing kalapa. Kawula dèrèng uninga pangawasaning woh mai. Bokmanawi badhè wonten babaripun :

  1. Kyai Babul.
  2. Kyai Gedhè ing Giring.
  3. Kaki Jaladara, ing dhusun Ngawèn.

…………………………………………….
……….halaman 147 hilang…………
…………………………………………….

……….. dhawuhing sasmita. Bèda temen kaliyan duk Paduka ingkangvrawuh. Kula pètangi dhawah saè, tur kanyatahan kaliyan wangsitipun ingkang uwa. Punapa dènè kadugèn sakajat kawula. Yakti bonten langkung kawula anung sarèh Paduka.”

Kangjeng Susuhunan ing kalijaga saya sukaning galih sareng miyarsa aturipun Nyai Purnamasiddhi wau. Mila pangandikanipun dahat arum manis dhateng Nyai Purnamasiddhi, “È Nyai, mungguh kang dadi pojaranira iku kabèh wus ora ana kang nalisir, sarta banget tanceping ngati, lawan saparlunè karepira wus dadia sawiji lawan cahya Murcahyaning Kajat jati wasèsa. Lan sira wus ingsun lilani nunggal ana wahyaning pancadriya, anumusana baè marang kadibyaningsun. Soroganè iya saka ing pupu kiwa.”

Nyai Purnamasiddhi sampun kapareng anunggil rahsaning Dat Kang Agung, gumadhuh wonten salebeting westisipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Ing nalika samanten lajeng amratandhani wimbuhing kasudibyan utawi kawicaksananipun, angungkuli sasamining para wali sadaya. Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angèstokaken dhawuhipun ingkang uwa. Dados samangkè sampun boten sedya ngatingalaken sariranipun.

Kacariyos malih Sang Mangun Lelana anuju kondur dhateng ing Kalijaga. Saweg sadinten sadalu aleleson salebeting masjid. Ing wanci gagat bangun ènjing Kangjeng Susuhunan karaos ing dalem rahsa kumenyut, angandika sinarengan swara arum makaten :

“Wus netepakè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga pinaringan kayun pidarènè, rinilan amurba amisèsa sèsining jagat raya.

Tegesè  KAYUN PIDARANI : urip ing awal akir, langgeng boten kènging èwah gingsir, sajati-jatining tunggal ing dalem ANI’AN MARI’AN.

Tegesipun : kantun ènak kapènak, nikmat lawan manpangat, awit sampun boten kagungan cipta punapa-punapa, boten pilih kasih. Boten kagungan arip, luwè, lupa, èwan, panastèn, sapanunggilanipun sampun boten tinolih. Suka sungkawa, nistha madya utama, minep, tan nedya cidra-cinidran, tan paran-pinaran, tan ngidhep, tan kaidhep, tan minep, nora menga.

Tegesipun : ngeblak, tanpa aling-aling, nanging pilih kang uninga manawi boten kanugrahan.

…………………………………………….
……….halaman 149 hilang…………
…………………………………………….

Ing ngandhap punika amratèlakaken cariyos reringkesan, ing nalika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak dhateng Kadilangu gerah, dumuginipun sèda, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam.

Kangjeng Susuhunan Kalijaga sèda, sumarè ing Kadilangu, lajeng ngaturi wuninga dhateng Demak.

  1. Susuhunan Panggung katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal kaping sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun Sunan Panggung, wonten ing Toyajenè. Dadya atur uninga dhateng Demak.
  2. Sunan Ngudung katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Sunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Kasènapatèn, dhusun Ngudung.
  3. Sunan Pandhanarang ingkang wonten ing wukir Tembayat katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Tembayat.
  4. Sunan ing Gunungjati katamuan putra mantu, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Gunungjati.
  5. Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, katamuan guru, wiwit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Wukir Pantaran.
  6. Sèh Molana Mahribi katamuan ipè, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun ipè wonten Ardi Merapi.
  7. Kyai Ageng Getas Pandhawa ing Sèla.
  8. Adipati Dayaningrat, Pengging.
  9. Kyai Mrisen ing delanggu.
  10. Kyai wanabaya ing Semuyan.
  11. Radèn Arya Widanangga, Dalepih.
  12. Nyai Gèmbèl ing Pakisdadu.
  13. Ratu Mas kalinyamat.
  14. Nyai Sèh Lemahbang.
  15. Kyai Mretawangsa, Galinggangan.
  16. Radèn Puspita, Galinggangan.
  17. Kyai Tangguru, ing Pringtulis.
  18. Jaka Mandhapa ing Godhèyan.
  19. Kaji Muryani ing Caruban.
  20. Kyai Soda ing Randhukuning.

…………………………………………….
……….halaman 151 hilang…………
…………………………………………….

………….sanagari, tuwin para wali sadaya gègèr pepuyengan. Dadya ing siyang dalu malebet ing pura, ngengimur sungkawaning Nata, ananging boten saged malebet sapocapan. Aturing para wali amung saking sajawining kori gupit pasarèyan kèmawon.

Dènè para wadya bupati, patih tansah tuguran wonten ing Srimanganti. Watawis antuk tigang dinten tigang dalu Kangjeng Sultan sebawa pangandika dhateng pramèswari Natadèwi, dhinawuhan matedhakaken pepulih arta waragadipun para tetiyang ingkang sami kabrokan. Patedhan-dalem naracak tan na kinacèk. Ing dalem tiyang satunggal satus rupiyah. Amung Pangèran ing Kadilangu piyambak gangsal atus rèyal, sarta lenggahipun siti ingkang sèda dipun lestantunaken dhateng ahliwaris ing wingking.

Kala samanten para wadya punggawa sampun mangkat amaradinaken peparing-dalem liruning waragad sadaya, sampun waradin.

Kalanipun dhawuh amung sabawa kèmawon, wasana lajeng dhedhep sirep malih. Ngantos salebetipun kawandasa dinten Kangjeng Sultan sampun boten sabawa, boten kapiyarsa kalesetipun saking jawi. Mila sadaya ingkang rumeksa saha nginten manawi nglalu lampus ambèlani guru. Kala smanten malah sangsaya geng sungkawanipun para garwa putra tuwin para wali. Lubèr dateng patih, bupati, wadana, ingkang sami tuguran ing Srimanganti. Kapara sampun sami ndandosi kardha ingkang badhè kagem tabela. Utawi sampun amatah-matah wadyabala gung saput gegaman, sarta sakathahing bau nagari sampun ingaweran sadaya, boten kènging kesah, awit badhè nyadhang damel parlu.

Kacariyos Adipati Panangsang ingkang sampun dangu pacak baris pendhem, sareng miyarsa warta ing Demak kapaluh kapalupuh, sami retu kataman dhukita dahat, Arya Panangsang lajeng ngerapaken baris. Kebut angrampit prang, nanging boten kacarita,  margi laladaning Serat Babad. Mila kaanggè bèda, boten nunggil kaliyan bangsaning ngilmi raos.

Amangsuli lelnglenging para wali ingkang sami nglelipur sungkawa, malah tan amiguna. Mila para wali milalu nglèrèg anggènipun tugur. Nunggil para bupati ingkang jagi rumeksa wonten ing Srimanganti.

Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, saking genging sungkawa dahat, temah sapatemon lawan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Ing ngandhap punika amratèlakaken sapatemonipun Kanjeng Sultan ing Demak akaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, wonten salebeting pasarèyan. Dènè pramèswari Nata tuwin para wali, patih, bupati, para wadya punggawa ingkang sami tugur ing lebet kadhaton, punapa dènè ingkang sami wonten ing Srimanganti, boten anginten manawi katamuan. Ciptanipun amung saking sangeting sungkawa kèmawon. Mila ing rinten dalu taksih ajeg tinengga.

Sareng sampun lami, Kangjeng Susuhunan dhawuh mengakaken sarta para tugur kinèn ambibaraken. Sultan Demak winarah ajeg padataning karaton, amung salebeting pasarèyantansah kaagem pasarèyan tumunipun. Mila boten rinilan anata tinebahan, amung sinaji-saji ing dedupa miwah sarwa suganda mrik arum. Nadyan pramèswari, boten kalilan parek ing pasarèyanipun Sang Nata. Mila kapatuh dumugi sapunika, ing saben para ratu, pasarèyanipun kedah pisah, boten kapareng tunggil pasarèyan. Anjawi manawi kagungan karsa, wajib kakungipun ingkang nedhaki, awit dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Sing sapa arep katekan sedyanè, aja nunggal paturon lawan wadonè. Becik pisah enggon dhèwè-dhèwè. Iku wajibing ratu. Nadyan wong cilik, manawa kinadarakè bisa, uga becik angirib-iriba. Watekè awèt kabejanè.”

Kacariyos sareng sampun angsal dhawuh, sadaya wau dipun laksanani, sarta angger-anggering nagari, wewatoning karaton boten dipun èwahi. Punapadènè tatakramaning para putra santana taksih ajeg kadi sabenipun. Nadyan pasowananing para wali tuwin para kriya tulus sami nambut kardi. Wimbuhipun amung ngudanaken dana ing saben malem Jumungah, Anggarakasih, sarta tanggal sapisan. Ingkang majibi maradinaken hardana, bupati kekalih, jawi lebet, kanthi punggawa anggandhèk kiwa tengen. Lami-lami amung kajibahaken wadya pethilan saking bupati wolu, wimbuh pethilan wadya prajurit jawi lebet anyatunggal. Inggih punika wiwitipun wonten punggawa Jaganagari, tulus sapariki.

Mila kramanipun Adipati Panangsang saweg sawulan kèmawon sampun kauningan, inggih saking palapuranipun wadya Jaganagari ingkang maradinaken hardana. Ananging jaman sapunika boten maradinaken hardana. Malah Jaganagari madosi durjana.

Sampun boten kapratèlakaken sapakartining karaton Jawi taksih ajeg. Gantya ingkang winursita, salebetipun Kangjeng Sultan ing Demak pepanggihan, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga anggelaraken wasitajati tiniti kados ing ngandhap punika :

“Jebèng, sajatinè kang diarani URIP iku rong prakara, padha dadi paugeran kabèh.

    1. Kang dhingin : URIPING BUDI.
    2. Kapindho : URIPING NGATI.

Mungguh URIPING BUDI iku, kabeèh kang obah, kabèh kang swara, kabèh kang piyarsa, kabèh kang kadulu, kabèh kang kawacana, kabèh kang ginanda; sapanunggalanè iku tanda saking purbawisèsaning Apngal. Iya iku tetep uriping panggawè. Dadi wus kena dèn arani WAHYANING KAJAT JATIWASÈSA, kasorotan saka angen-angen kita dhèwè.

Mungguh kang sinebut URIP KAPINDHO iku kabèh tetèla metu saking garuneging ngati. Marmanè anuwuhakè gagasan, ambabar cipta kang uwas sumelang, panastèn, panasbaran, sungkanan, èwanan, gumunan, èraman. Marmanè bisa angarani tembung durung karuwat, kurang piyandelan, jailan, pathakilan. Kabèh iku iya padha kena diarani URIP PRIBADI, nanging kasorotan saking wasèsaning napsu patang prakara : CAHYA LUAMAH, AMARAH, SUPIYAH, MUTMAINAH. Marmanè urip kawasa agawè rahsa patang prakara : LEGI, GURIH, PEDHES, ASIN; sapanunggalanè wau iya padha saka wahyaning patang prakara kabèh ing kauripanira.

Dènè yèn wis padha ngumpul dadi sawiji, yakti banjur darbe harkat ingkang anuwuhakè prihatin utawa kanggonan bungah. Tetep suka sungkawa iku sajatinè uriping Apngal kabèh. Dadi amung mirid saka uriping Apngal, iya saka obahing budi, gagasaning ngati kabèh.

Mangka satuhunè urip iku saka heneng. Tegesè : malah kang wus ora obah. Iya iku sanyata uripdhèwè, ora ana kang nguripi, awit nyata uriping Pangèran kang èlok. Tetep, ora owah gingsir. Iku iya kang wus ora obah. Ing kono kang anglimputi tan lyan saka rahsa kita pribadi.

Marmanè bisa agawè tumangkaring cipta kang tanpa sinedya. Kabèh kang kadulu, kang karungu, kang angucap, pada kalimputan pakartining heneng.

Marmanè èlok yèn anaa, mokal tan ana. Nyatanè ana ing sira; oranè iya saka ing sira; osikè muhung sira. Ora kacamburan urip kang saka patang prakara iku. Nyatanè wus mratandhani, dèn arani SENENG. Tegesè : nyata sawiji kang wus heneng, iya iku kang ora obah. Yakti ora kena winor lawan uriping budi lawan ati. Sarta wus mratandhani kahananing seneng iku tanpa suka sungkawa, tanpa lara, tan amati. Mung waluya nirmala jati.

Ananging salugunè HENENG iku URIPING PANGÈRAN PRIBADI.

Èwadènè babaring urip kang sanyata mau kawasa anyoroti ing cipta rasa, nyipta kang heneng pasthi tumeka, anggagas dadining angen-angen.

Tandha heneng iku winenang, andadèkaken kang ora. Ora iku bisa ngakakè kang nyata. Mula ngibarate tinembungakè ATINING WULUH WUNGWANG.

Dadi kang diarani WULUH WUNGWANG iku saka gaibè. Ananè nganti sinengguh ora ana, karana wus padha anandhani Allah iku dhasar suwung, Pangèran iku ora sanyata.”

Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, duk ingandika makaten wau, manawi dèrèng sumerep, inggih sinengguh raosan bangsaning ngilmi Makripat, dalah babaranipun pisan, awit inggih sanyata anggelaraken pingiling raos. Ananging saluguning pangandika asmu deduka, winor ing pituduhaning ngilmi. Mila ing nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kados pinecat nyawanipun. Temah apariwara ing batos, ngamungena sariranipun kèmawon katambetan tyas gugon tuhon. Nalika kagega aturipun para wali, yèn Kangjeng Susuhunan duk winartakaken sèda, wasana kawelèh, taksih sugeng. Dados salebeting galih sakalangkung mèrang dhateng guru. Wasana lajeng matur, “Nyuwun sagedipun sadinten punika ndèrèk ing Paduka.”

Wangsulanipun makaten :

“È Jebèng, teka dadak gampang temen antaraning pati. Yèn kena pinathèkaken pati jinaluk, saiba kènè wong padha njaluk mati. Awit saka cupet sedyanè, tuna uripè, pepet sandhang panganè, anjaluk mati baè. Wus ora sumurup obah asiking jagad.

Balik sira durung wancinè, amesthi malah tandha bèma, salah tunjangan, awit andadak kapatènira dhèwè. Èwadènè mungguhing wirang iku mung wus ing sawatara baè. Tegesè : iya kang bisa ngantep sapakartining obah. Tegesè : manungsa kang ora obah iku iya kena diarani MAJENUN,  karana wus weruh ing kènè-kana.

Dadi birahining budi kang bakal andadèkakè cipta maya.

Lamun sira wus bisa minangkani kanthining pamenthang ing dalem pepanthengan, pasthi ora nista ing tibanè, sarta amimbuhi manubawa ing dalem enggon kita, ambawani bawana.

Manawa sira ora mituhu kang dadi wewekasingsun yakti walam uk’alam sira nunggal lawan ingsun. Ora luwih mung padha andum raharja. Ujer sira bangkit anjajah jroning budi, iya bokmanawa bisa dadi saciptanira.

Mungguh wasitaningsun kang wus sira anggo, titikanè kaya wong kalebu ing warih. LAMUN BISA ANEBADANI OMBAKING BANYU, PASTHI WERUH SAJRONING RANU KABÈH.”

T A M A T

 

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Disadur ulang oleh :

Mas Kumitir

Selesai pada jam 21.30 WIB, hari Selasa, 15 Nopember 2011

Di Sidoarjo Jatim

 

Cathetan :
Titi rampunging panedhak mawi
Aksara Latin kala dinten
Selasa, 12 Januari 1988,
Wanci jam 9 dalu, ing Jakarta.
Katindakaken dening :

ASTUTI HENDRATO – DARMOSUGITO.

Catatan :

Bagi para pembaca blog yang budiman, saduran Serat Kaki Walaka ini ada beberapa halaman yang tidak ada/rusak dan apabila diantara para pembaca yang mempunyai koleksi Serat Kaki Walaka yang masih utuh mohon dengan segala hormat untuk mau berbagi dengan kami agar naskah ini utuh kembali dan para pembaca yang lain bisa mengetahui urutan ceritanya secara lengkap dan tidak terputus-putus. Trimakasih atas kepeduliannya.

Bisa dikirim di email : alitahak@yahoo.com

3 Comments

  1. assalamualaikum ..artinya apa y

  2. Nderek ngaos nggih Mas Kumitir…..

  3. Samyo Asih mring sedaya Makhluk. . .

    matur nuwun kimas Kumitir menggah babaran Serat Kaki Walaka. . . . mugi mahanani tumrap kita sedaya . . . .

    ditenggo babaran Serat2 kina salajengipun.

    mtr sembah nuwun.

    Salam saking alam kebak karep lan pengarep-arep.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: