alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK DEWARUCI


SULUK DEWARUCI

Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabhi Yasadipura.

Suluk Dewaruci, sekar Dhangdhanggula : 15 pada ; nyandhak sekar Pangkur : 42 pada; nyandhak sekar Sinom : 17 pada; nyandhak sekar Durma : 31 pada; nyandhak sekar Dhangdhang-gendhis : 62 pada.

Awignam astu namas siddhi

Pupuh I
DHANDHANGGULA

  1. Nihan doning ulun manulat sri, ring sarkara mamrih mamardawa, tyas wigena panjutane, juwet silarjeng tuwuh, wahananing kahanan jati, sujana paramarta witaning tumuwuh, winangun ingkang sasmita, ginupita ing kawi reh Bima Suci, winangun lawan jarwa.
  2. Werkodara duk puruhita ring, Dhangnyang Druna kinen ngupayaa, toya ingkang nucekake, marang sariranipun, Werkodara mantuk wawarti, maring nagri Ngamarta, pamit kadang sepuh, sira Prabu Yudhisthira, / kang para ri sadaya nuju marengi, aneng ngarsaning raka.
  3. Harya Sena matur ring rakaji, lamun arsa kesah mamrih toya, dening guru pituduhe, sri Darmaputra ngungun, amiharsa aturing ari, cinipta prapteng baya, narendra mangun kung, dyang satriya Dananjaya, matur nembah ing raka Sri Narapati, punika tan sakeca.
  4. Inggih sampun paduka lilani, rayi-dalem kesahe punika, boten sakeca raose, Harya kalih wot santun, inggih sampun tuwan lilani, watak raka paduka, Ngastina pukulun, karya pangendra sangsara, pasthi Druna ginubel pinrih ngapusi, kasirnaning Pandhawa.
  5. Werkodara miarsa nauri, ingsun mongsa kenaa den-ampah, matiya umurku dhewe, wong nedya mrih pinutus, panunggale Hyang Maha Suci, Harya Sena saksana, kalepat sumemprung, Sri Narendra Yudhisthira, miwah ari katiga ngungun tan sipi, lir tinebak mong tuna.
  6. Tan winarna kang kari priha/tin, kawuwusa lampahireng Sena, tanpa wadya amung dhewe, mung bajra sindhung riwud, ambebener murang ing margi, prahara munggeng ngarsa, gora reh gumuruh, kagyat miris padedesan, kang kaambah kapranggul dharodhog ajrih, andhepes nembah-nembah.
  7. Kathah pasegah datan tinolih, langkung adreng prapteng Kuru-setra, marga geng kambah lampahe, glising lampahira sru, gapura geng munggul kaeksi, pucak mutyara muncar, saking doh ngunguwung,  lwir kumembaring baskara, kuneng wau kang maksih wonten ing margi, wuwusen ing Ngastina.
  8. Prabu Suyudana animbali, Dhangnyang Druna praptaning jro pura, nateng Mandraka sarenge, Prabu Ngawongga tumut, pra santana andeling westhi, pra sami ingandikan, marang jro kadhatun, wong agung ing Sindusena, Jayadrata miwah Ki Harya Sangkuni, Bisma myang Drusasana.
  9. Raden Kuwirya Kurawa-sekti, miwah Rahaden jayasusena, Raden Rekadurjayane, prapteng ngarsa Sang Prabu, /kang ginusthi mrih jayeng jurit, sor si[r]naning Pandhawa, ingkang dadya wuwus, aywa kongsi Bratayuda, yen kenaa ingapus sangkaning aris, sirnaning kang Pandhawa.
  10. Golong mangkona turira sami, Raden Sudarma Surongakara, anut rempeg samya ture, sira ta sang ngaprabu, Suyudana menggah ing galih, datan pati ngarsakna, ing cidranireku, ragi kagagasing kadang, lagya eca gunem Warkodara prapti, dumrojog manjing pura.
  11. Obah kagyat kang samya alinggih, Sri Narendra Ngastina ngandika, yayi den kapareng kene, Werkodara anjujug, Dhangnyang Druna sigra ngabekti, rinangkul jangganira, babo suteng ngulun, sira sida ngulatana, ingkang tirta pacitra sucining ngurip, yen iku kapanggiya.
  12. Nirmala panggah wiseseng ngurip, wus kawengku aji kang sampurna, pinunjuling jagat kabeh, kauban bapa biyung, mulya saking sira nak mami, linuwuh ing tri loka, langgeng ananipun, Harya Sena matur nembah, nenggih pundi / prenahe kang tirta suci, nunten paduka tedah.
  13. Prenahipun kang her kadi geni, sang resi Druna mojar mring Sena, adhuh sutaningsun angger, enggone kang toya nu[ng], pan ing Tibrasareki, turuten tuduh ing wang, sanget parikudu, nucekaken badanira, ulatana loring Gadamedaneki, ing wukir Condramuka.
  14. Dhungkarana ingkang wukir-wukir, jroning guwa jro panggonanira, tuhu her ning pacitrane, ing nguni-uni durung, ana kang wruh goning toya-di, trustha sang Werkodara, pamit awotsantun, mring Druna mring Suyudana, angandika sira Prabu Kurupati, yayi mas den-prayidna.
  15. Bok kasasar denira ngulati, iya panggonane tan tetela, Werkodara lon saure, nora pepeka ingsun, anglakoni tuduh sang yogi, umesat saking pura, sigra reh sumengkut, kang maksih aneng jro pura, samya mesem nateng Mandraka lingnya-ris, paran polahe ika.
  16. Gunung Condramuka / guwaneki, dene kanggonan reksasa krura, kagiri-giri gedhene, sayekti lebur tumpur, ditya kalih pangawak wukir, tan ana wani ngambah, sadaya gumuyu, ngrasantuk upayanira, sukan-sukan bogandrawida menuhi, kuneng ingkang kawuntat.

Pupuh II
PANGKUR

  1. Lampahe Sang Werkodara, lajeng ngambah praptanireng wanadri, ririh ing reh gandrung-gandrung, sukanireng wardaya, tirta hening pamungkas wekasing guru, tan nyipta bayaning marga, kacaryan kang den-ulati.
  2. Ngambah wukir sengkan-sengkan, anut tembing kapering lemah miring, geger menggeng agra gugur, jurang rejeng kaparang, angragancang keri sarta lata lumung, myang enggar katiban warsa, sela ngapit marga supit.
  3. 3. Keksi kang pala kasimpar, pan kawarsan ing mongsa catur asri, panjrah nikang ngarum-arum, abra kang patra wijah, ambelasah bogem banas cepakandul, angsana myang kanigara, wilasa lan gondasuli.
  4. Aglar ingkang ang/grek wulan, jongga mure araras wora-wari, argulo mekar lan menur, anjrah gambir gambira, naga puspa angsoka melathi tanjung, prabu setmata sridenta, kanang kenonga kemuning.
  5. Tumiling-tiling nut awan, kadya manembrama ingkang lumaris, bramara reh nguswa lumung, anglir karunanira, ing kaswasih sangsaya margeng malat kung, risang Gonda-wastratmaja, leng-leng ngulati toya ning.
  6. Surya mangrangsang lampahnya, kumyus ingkang riwe saengga warih, gumergut sangsaya sengkut, enggar ing kabaskaran, nerang nunjang kasandhung sukuning gunung, wreksa ruk rebah belasah, sora dhedhet herawati.
  7. Geger saisining wana, tekang poncawora prahara tarik, sato kabarasat mawur, gumyur sumyur wurahan, saking geng ning ngampuhan sato kabentus, kidang kidang matyeng jurang, tibeng parang angemasi.
  8. Andaka keh tibeng jurang, bujongga geng amrih wuleding kulit, rungkating wreksa / karangkut, lumajeng marang jurang, wau ingkang tapa-tapa aneng gunung, ajar-ajar kapalajar, prabawa prahara gumrit.
  9. Kethu kathok kapalesat, kuthetheran pathake pothar-pathir, rarangkangan keh markungkung, sanget katisen samya, tutup tangan cantrik manguyu kaplayu, delancang wawasi singsal, ngungsi pradesan gumriwis.
  10. Munya genthane kang puja, gugup dennya nawurken wangi-wangi, sari sugonda sumawur, wau ta lampahira, prapteng wukir Condramuka guwanipun, binubak wukir dhunungkar, sela siningsal atebih.
  11. Wreksa geng-ageng kageman, kaideran belasah bosah-basih, prenahing toya tinuruh, dengu datan kapanggya, kawuwusa ditya kang wonten ing ngriku, Sang Rukmuka Rukmakala, kagyat denira miarsi.
  12. Gebruging wukir kang dhungkar, lan prahara gora reh girisi, lawan kongasira mambu, gandaning kang sujanma, gadgada sang Rukmuka arsa ametu, ngerik angrik lir / bathara, Berawa anggempur bumi.
  13. Gora sabda lir bubula, mahikala lir Kala Rodramurti, girindra kontrag gumuntur, katon Sang Werkodara, binandhem ing wukir panggah asru muwus, eh kodhik ditya babaya, dursila grama mrih pati.
  14. Rukmuka lan Rukmakala, asru muwus manusa mengko mati, dursila budi mumuput, dhustha ngursak goning wang, sigra nempuh sang Werkodara tinubruk, kinerek tan obah panggah, sinebrak-sebrak tan osik.
  15. Sela tan tumameng ngangga, curna siyung punggel ing-ukel aglis, kadya anaut sumebut, ing-aben lawan wreksa, sang Rukmuka angganira anggalepung, utek wutah sumamburat, Rukmuka sampun ngemasi.
  16. Rukmakala ngrik manrajang, wus cinandhak winayangken binanting, ing sela ditya maleduk, sumyur rahnya sumebar, sareng pejah Rukmuka Rukmakaleku, sirna bangkene tan ana, jer samya jawata lewih.
  17. Kena ing papa cintraka, Endra Bayu dinukan Hyang Pramesthi, dadya ditya kalihipun, neng / guwa Condramuka, yata wau Sang Bayu-tenaya wuru, kabeh wukir binalengkrah, toya tan ana pinanggih.
  18. Sadangunira ngupaya, gunung-gunung kawur den obrak-abrik, sayah kasaputing dalu, ngadek soring madira, giyuhing tyas denira ngupaya banyu, pacitra dangu tan ana, miyarsa swara dumeling.
  19. Tan katon kang duwe swara, adhuh putuningsun liwat kaswasih, ngupaya nora kapangguh, tan antuk tuduh nyata, ring prenahe kang sira ulati iku, sangsayeku polahira, Werkodara duk miarsi.
  20. Nauri sinten kang swara, dening boten kaeksi dening kami, punapa yun ngambil tuwuh, kawula sih sumongga, leheng pejah angulati tan katemu, kang swara gumuyu suka, yen sira tanbuh ing mami.
  21. Sira duk mateni ditya, iya tengsun karo jawata sami, kena ing papa sireku, kang nampurnaken ing wang, Endra Bayu aran ingsun kang satuhu, duk ditya si Rukmakala, lawan Rukmuka ra/n mami.
  22. Sira angulati toya, pituduhe Dhanyang Druna ing nguni, nyatakna banyurip iku, tuture resi Druna, nanging ngora ing kene panggonanipun, sira baliya atasna, enggone ingkang sayekti.
  23. Duk miyarsa Werkodara, kendel sarwi wagugen tyasireki, saksana wau sumebrung, mantuk marang Ngastina, tan winarna ing marga Ngastina rawuh, pendhak ing dina semana, kang wonten ngarsa jro puri.
  24. Kadya duk angkate Sena, Resi Druna Bisma miwah para ji, lan pra santana gung-agung, nateng Wongga Mandraka, Sengkuni lan Sindu kalang nganeng ngayun, Sudarma Surongakara, Suwirya Kurwana-sekti.
  25. Rahaden Reka-durjaya, Raden Jayasusena munggwing ngarsi, kagyat wau praptanipun, ki Harya Werkodara, samya kaget bageken kabeh wong agung, babo ariningsun prapta, antuk karya sun watawis.
  26. Yayi Mas ngempek kewala, praptanira sayekti antuk kar/di, Sang Resi Druna sumambung, paran mas lakunira, Werkudara pukulun datan kapangguh, gene wukir Condramuka, mung ditya kalih kapanggih.
  27. Rukmuka lan Rukmakala, sampun sirna kalih kawula banting, dene ditya amrih lampus, sikara ing kawula, wukir kabeh kabalengkrah tan katemu, paduka tuduh kang nyata, sampun amindho karyani.
  28. Sang Druna angrangkul sigra, babo babo lagi ingsun ayoni, katemenane ing guru, mengko wus kalampahan, nora mengeng mantep pituduh ing guru, mengko iki sun wawarah, enggone ingkang sayekti.
  29. Iya telenging samudra, yen sirestu guguru pun bapa kaki, ngesuk tereng samudra gung, werkodara turira, sampun menggah telenging kang samudra gung, wonten nginggiling swarga, dasaring kangsapta bumi.
  30. Mongsa ajriha palastra, anglakoni tuduh sang maha yekti, iya babo suteng ngulun, yen i/ku pinanggiya, bapa kakinira kang wus padha lampus, besuk urine neng sira, lan sira punjuling bumi.
  31. Tan ana aji utoma, sirna kasor kawengku ing sireki, Prabu Ngastina sumambung, dhuh adhuh arining wang, kaya paran pratikelireng delanggung, dene kaliwat agawat, prenah ingkang tirta hening.
  32. Aja sira kaya bocah, den-prayitna Werkodara, eh Kurupati wakingsun, srahena ing jawata, aywa malang tumolih lilakna tuhu, aja garatesing manah, pira bara yen basuki.
  33. Ya yayi muga antuka,  lakunira pitulung ing dewadi, pamit Harya Sena sampun, mring Druna mring sang nata, ing Ngastina sigra mesat lampahipun, saking pura pan wus medal, nedya umantuk rumiyin.
  34. Matur ring raka Ngamarta, kuneng Werkudara lampanireki, wau ta ingkang winus/wus, ing nagari Ngamarta, saangkate Werkodara kesahipun, dene tan kena ing-ampah, kalangkung samya prihatin.
  35. Sang ngaprabu Darmaputra, miah Dananjaya lan ari kalih, saputra sagarwanipun, prihatin watiring tyas, dadya rembag utusan ngaturi weruh, saking sru ningkang sungkawa, marang Prabu Dwarawati.
  36. Mesat caraka Ngamarta, mawi surat ing marga tan winarni, ing Dwarawati wus rawuh, katuring Sri Narendra, serat saking Ngamarta sinuksmeng kalbu, kagyat garjiteng wardaya, sang ngaprabu Harimurti.
  37. Datan sakeca tyasira, angundhangi wadya bala sang aji, sawadya kuswa kasusu, ing marga tan winarna, ing Ngamarta lampahnya sang nata rawuh, geger amethuk busekan, Yudhisthira lan parari.
  38. Samya ngabekti sadaya, wusnya tata lenggah aneng jro puri, Prabu Darmaputra matur, myang [H]arya Dananjaya, saha waspa / ing madya wasananipun, katur ring raka sadaya, risang Prabu Harimurti.
  39. Ngandika Narendra Kresna, yayi prabu aywa sungkaweng galih, polahe arinireku, ki Harya Werkodara, nadyan silih wruha yektining pangapus, ing tingkah Kurawa cidra, den-pasrah ing batharadi.
  40. Wong nganedya puruhita, ujar becik upama den-alani, santosa ing bathara gung, ingkang nedya bencana, mongsa wurung nemu wawalesing pungkur, punagi ing aturira, marang Prabu Harimurti.
  41. Yen prapta ari paduka, mila angling datan wande ngulati, kawula bujana nayup, kaistokna jeng nata, yen sampuna kakang prabu nunten rawuh, yekti barubah barusah, rayi-dalem sadayeki.
  42. Lagyeca imbal wacana, praptanira wong agung Jodhipati, gumuruh samya angrubung, atur trusthaning driya, Dananjaya lawan Nangkula rinipun, myang Po/ncawala Sumbadra, Drupadi miwah Srikandhi.
  43. Sami rerep sungkawanya, angandika sang prabu Harimurti, mara payo yayi prabu, nutugna abujana, sigra Werkodara sru pamuwusipun, aywa susah abujana, pan ingsun nora nganteni.
  44. Marang ing pambojanira, karyaningsun amung atur upeksi, pan iya nuli awangsul, miwah mring sira Kresna, pan kapareng ingsun iki aweh weruh, arsa mring teleng samudra, ngupaya sinom ing warih.

Pupuh III
S I N O M

  1. Ing tuduhe Dhangnyang Druna, ngulati toya urip, gone telenging samudra, iku arsa sun lakoni, matur kan para ari, adhuh kakang sampun-sampun,  punika datan lomba, tan pantes dipun-lampahi, duk miarsa jetung Prabu Yudhisthira.
  2. Umatur dhateng kang raka, ing narendra Harimurti, paran ing karsa paduka, rayi sampe/yan puniki, tan kenging den-palangi, Kresna kendel tanpa muwus, langkung pangungunira, bingung tan nauri nenggih, ing ature sang Sri Batanakawarsa.
  3. Sigra Prabu Yudhisthira, amengku datheng kang rayi, Harja Nangkula Sadewa, ing suku samya nangisi, Poncawala Drupadi, Sumbadra Srikandhi ngayun, gubel samya karuna, miwah nata Harimurti, anderwili mituturi Bayuputra.
  4. Samya nangis ngampah-ampah, tan keguh ginubel tangis, Dananjaya nyekel asta, Raden kalih suku kalih, sarwi lara anangis, kresna munggeng ngarsanipun, Srikandhi lan Sumbadra, samya mangrubung nangisi, kinipatken sadaya sami kaplesat.
  5. Amberot sang Werkodara, tan kena den-gugujengi, nginthar lampahe wus tebah, kadya tinilar ngemasi, sagunge ingkang kari, apan ta arsa sinusul, ajrih pangampahira, sira prabu Harimurti, dadya kendel sadaya wayang-wuyungan.
  6. 6. Sa/enggen-enggen karuna, sagung ingkang sentanestri, kakunge ngadhep sadaya, ing narendra Harimurti, tan pegat amituturi, kang rayi samya andheku, dadya wau kang raka, makuwon sajroning puri, kawuwusa wau kang adreng ing lampah.
  7. Sahira saking jro kitha, tulya sru manjing wanadri, tan kesthi durgameng ngawan, tan ana baya kaeksi, sagung wong tepis iring, gawok ing pandulunipun, lampahe Harya Sena, lir naga krura ngajrihi, anrang baya amrih tuhuning ngagesang.
  8. Kayon katub ing maruta, sumyak ing swaranira tri, kadya ngatag sekar mekar, samirana mawor riris, panjrah ning sarwa sari, karirisan marbuk arum, jongga kumuning sumyar, angsana pudhak kasilir, tinon kadya kang wentis kesisan sinjang.
  9. Soreti bakaning driya (?), sahira saking nagari, cung gereret mawuraha/n, kadya napa ring sang brangti, mrak munya aneng wuri, barungan lan peksi cucur, lir aken awangsula, kidang wangsul saking ngarsi, kadya napa sruning sangsayeng wardaya.
  10. Res-res munya asauran, yayah kadya mituturi, bebeluk deres lan dukan, anamber nambir wiyati, anglir ngudhang nging margi, wangsula sang amalat kung, kongkang neng rong lir rentang, mawarah upaya sandi, endrajala tanduking karti-sampeka.
  11. Diwasaning diwangkara, titi sonya tengah wengi, kadhasih munya timbangan, musthikeng ganeya muni, mangun oneng salwir ning, kadya mawarah mrih lampus, upaya Dhangnyang Druna, tan tuhu amrih basuki, mawa kamandaka durgamaning ngawan.
  12. Suweda sarkareng ngasta, ring ana Sang Hyang Bayeki, anut ujunging ngaldaka, denira lumaris aris, purwa ngimarateki,  sirat-sirat wus kadulu, wismane Hyang / Baruna, manitihi jalaniddhi, keksi praba sang maharsi dipaningrat.
  13. Anari kang paksi mijah, anyengak cangak munya sri, sasmita ken awangsula, ri sang kasangsayeng ragi, sata wana munya njrit, marah risang moneng ngun kung, mangambah wana pringga, kongas tepining ngudadi, alun dres agumulung manempuh parang.
  14. Sumyak lir suraking ngaprang, mrepek sangsaya kaeksi, karang munggul kawistara, danu wun-awun nawengi, ana kang kadya esthi, karang mengo liman anjrum, prapta sang Werkodara, umadeg tepining tasik.
  15. Ombak angemba gelagah, panduking karang mangsuli, kadya nambrama kang prapta, wangsula sang ngamong ragi, gora reh anekani, gora rug guntur gumuntur, manulak mawalikan, sang moneng munadikaning, sangsayeng tyas emut warah ingkang raka.
  16. Tuhu darma kamandaka, tuduhira sang maharsi, yen waangsula arda merang, kangen ujarireng nguni, suka matiyeng tasik, mangkana wau kadulu, palwa wawarna-warna, kumerab ing jalaniddhi, ting karethap kadya wancak sumamburat.
  17. Leng-leng mulat ing ngudaya, rencakaning tyas kalingling, nglangut datanpa watesan, sang moneng lir tugu manik, lun ageng gigilani, lun geng agolong gumulung, toya muncar analang, kikising gisik kaeksi, wedhi lir isining kang sekar mekar.
  18. Sangsanging kalembak-lembak, lir semara uwal saking, ukeling dyah sinjang lukar, tan wun ucapen ing gendhing, isining kang jeladri, pira-pira langenipun, raras ruming jro pura, panjang winarna ing tulis, Werkodara tan kondur eraming driya.

Pupuh IV
D U R M A

  1. Musthi ing tyasira Harya Werkodara, ing baya tan kaeksi, yen tan amanggiya, toya reh tata marta, /tan wrin parastra ing tasik, mangsah bek pejah, cangcut gumergut manjing.
  2. Ing samudra wiraganira legawa, banyu sumaput wentis, melek angganira, alun pan sumamburat, sumembur muka nampeki, megeg ring ngongga, wates jongga kang warih.
  3. Emuting tyas ana ji jayasengara, lun ageng anangkebi, gadgada manengah, sira sang Werkodara, sayan genjot ingkang wentis, datan kaetang, kuneng wonten kawarni.
  4. Kang naga geng kyating rat anmbur nawa, wisanira duk prapti, krura mangikikan, katon kambang kumambang, gengnya saprabata siwi, galak kumelab, sumembur angajrihi.
  5. Lir kinebur samodra kolah prakempa, kagyad duk aningali, Harya Werkodara, iki babaya prapta, eram umuyat geng neki, datan antara, prot buta anekani.
  6. Kadya guntur kumebur ingkang samudra, prabawanira atri, mangab kadya guha, siyung mingis kumilap, / sumawur wisa lir riris, manaut krura, mulet kadya ambanting.
  7. Nengah pan kasangsang kapulet ing naga, angres sang Bayusiwi, wisane sang naga, tumampek mukanira, kewraning tyas cipta mati, saya pinolah, ing naga mobat-mabit.
  8. Sariranya kemput ginubed sadaya, pujongga ingkang maksih, sangsaya manengah, sagung kang palwa giwar, nyana ponca-ruba prapti, prahara salah, gusis palwa wus tebih.
  9. Lir sinapon palwa tan ana katingal, wau kang ngamrih jurit, sayah Harya Bima, emut sang amikara, cinubles kenaka aglis, kang munggeng ngongga, pasah rahnya dres mijil.
  10. Poncanaka manjing ngawake sang naga, tatas pating saluwir, rah mijil lir udan, abang toyeng samudra, sapandeleng kanan kering, toya dadya rah, naga geng wus ngemasi.
  11. Sirna dening Sena sadaya pan suka, saisining jeladri, wau kawuwusa, risang murweng parasdya, wruh lakuning sang kaswasih, sang amurweng rat, praptane sang ngamamrih.
  12. Dinuta tan uniga jatining lampah, tirta marta mahening, mapan tanpa a/rah, tirta kang wruh ing tirta, suksma sinuksma mawingit, tangeh manggiya, yen tan nugraha yekti.
  13. Kuneng sanalika wuwusen Pandhawa, dahad dennya mrihatin, sangsaya kagagas, marang ing kadangira, arsa nusula pra sami, aja salaya, yen nemahana pati.
  14. Samya gubel nunuhun kang pangandika, sang prabu Harimurti, samya tinangisan, sira narendra Kresna, wus aywana kang prihantin, pan kadangira, nora tumekeng pati.
  15. Malah antuk kanugrahaning jawata, besuk praptane suci, iya pan siniyan, de sang Suksma-kawekas, winenang aliru dhiri, raga bathara, putus ing tingal hening.
  16. Uwis padha mariya aja sungkawa, enggar tyasira sami, sirna susahira, dene wau miarsa, pangandika kang sayekti, saking kang raka, nata ing Darawati.
  17. Yata malih wuwusen sang Werkodara, neng telenging ing jeladri, sampun pinaggiyan, awarni dewa jabang, paparabe Dewaruci, lir lare dolan, ngandika tatanya-ris.
  18. Eh ta Werkodara apa karyanira, teka ing kene iki, apa sedyanira, iya sepi kewala, tan ana kang sarwa bukti, myang sarwa boga, miwah busana sepi.
  19. Amung godhong ngaking yen ana kumleyang, tiba ing ngarsa mami, iku kang sun pangan, yen nora nora nana, garjita tyasnya miarsi, sang Werkodara, ngungun dennya ningali.
  20. Dene bajang neng samodra tanpa rowang, cilik amenik-menik, iki ta wong ngapa, gedhe jajenthik ing wang, pangucape pan kumaki, ladag kumethak, dene ta apribadi.
  21. Lan maninge Werkodara ingkang prapta, iya ing kene iki, akeh poncabaya, yen nora etoh pejah, sayekti tan prapta ugi, ing kene mapan,  sakalir sarwa mamring.
  22. Nora urup lan cipta-mu paripeksa, nora angeman pati, sabda kaluhuran, kene mongsa anaa, kewran sang Werkodareki, sasaurira, dene tan wruh ing gati.
  23. Dadya alon Werkodara saurira, / mongsa borong sang yogi, sang wiku lingira, iya pan sira uga, bebete Sang Hyang Pramesthi, Hyang Girinata, turasa pan sayekti.
  24. Saking Brama uwite kang para nata, iya bapanireki, turun saking Brama, mencarken para raja, dening ibunira Kunti, kang duwe tedhak, iya sang Wisnumurti.
  25. Mung patutan telu lawan bapakira, Yudhisthira pangarsi, panenggake sira, panengah Dananjaya, kang roro patutan Madrin, jangkep Pandhawa, praptane kene iki.
  26. Iya Dhangnyang Druna akon ngulatana, banyurip tirta hening, iku gurunira, pituduh marang sira, yeku kang sira lakoni, mulane tapa, angel pratingkah ngurip.
  27. Aja lunga yen tan wruh ingkang pinaran, lan aja mangan ugi, lamun tan weruha, rasane kang pinangan, aywa nganggo-anggo ugi, yen durung wruha, arane busaneki.
  28. Weruhe lan tatakon bisane iya, lawan titiron nenggih, dadi lan tumandang, /mengkono ing agesang, ana jugul saking wukir, arsa tuku mas, mring kemasan den-wehi.
  29. Lancung kuning den-anggep kencana mulya, mengkon[o] ing ngabekti, yen dereng waskitha, prenahe kang sinedya, Werkodara duk miyarsi, dheku nor raga, dene sang wiku sidik.
  30. Sarwi sila sentika andikanira, sang Werkodara met sih, anuwun jinatyan, sinten ta aran tuwan, dene neng ngriki pribadi, sang mabudeng rat, ya ingsun Dewaruci.
  31. Matur alon pukulun yen makatena, pun patik anuwun sih, ulun inggih datan, wruh puruhiteng badan, saksat sato wana inggih, tan montra-montra, waspadeng badan suci.
  32. Langkung mudha punggung cinacat ing jagat, kesi-esi ing bumi, angganing curiga, ulun tanpa warangkan, wacana kang tanpa siring, yata ngandika, manis sang Dewaruci.

Pupuh V
DHANDHANGGULA

  1. Lah ta mara Werkodara aglis, lumebuwa gu/wa garbaning wang, kagyat miyarsa wuwuse, Werkodara gumuyu, sarwi guguk turira aris, dene paduka bajang, kawula geng luhur, inggih pangawak parbata, saking pundi margine kawula manjing, jenthik mongsa sedhenga.
  2. Angandika malih Dewaruci, gedhe endi sira lawan jagad, kabeh iki saisine, kalawan gunungipun, samodrane alase sami, tan sesak lumebuwa, guwa garbaning sun, Werkodara duk miyarsa, esmu ajrih kumel sandika tur neki, mengleng sang Rucidewa.
  3. Iki dalan talingan ngong keri, Werkodara manjing sigra-sigra, wus prapta sajro garbane, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, Dewaruci nguwuh, eh apa katon ing sira, dyan sumaur sang Sena inggih atebih, tan wonten katingalan.
  4. Awang-awang kang kula lampahi, uwung-u[wung] tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat ing lor kidul, wetan kilen datan udani, ngandhap ing nginggil ngarsa, kalawan ing punkur, kawula boten uninga, langkung bingung ngandika sang Dewaruci, aja maras tyasira.
  5. Byar katingal ngadhep Dewaruci, Werkodara sang wiku kawangwang, umancur katon cahyane, nolih wruh ing lor kidul, wetan kulon sampun kaeksi, nginggil miwah ing ngandhap, pan sampun kadulu, lawan andulu baskara, eca tyase miwah sang wiku kaeksi, aneng jagat walikan.
  6. Dewaruci suksma angling malih, aywa lumaku anduduluwa, apa katon ing dhweke, Werkodara umatur, wonten warni kawan prakawis, katingal ing kawula, sadaya kang wau, sampun datan katingalan, amung kawan prakawis ingkang kaeksi, ireng bang kuning pethak.
  7. Dewaruci suksma ngandika-ris, ingkang dhi/ngin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, poncamaya puniku, sajatine ing tyas sayekti, para reping sarira, tegese tyas iku, ing-aranan muka sipat, kang anuntun marang sipat kang linewih, kang sajatining sipat.
  8. Mongka tinula aywa lumaris, awasena rupa aja samar, kawasaning tyas empane, tingaling tyas puniku, anengeri maring sajati, enak sang Werkodara, amiyarsa wuwus, lagya mesem tyas sumringah, dene ingkang ngabang ngireng kuning putih, iku durgamaning tyas.
  9. Pan isining jagad amepeki, iya ati kang telung prakara, pamurung ing laku dene, kang bisa pisah iku, pesthi bisa amor ing gaib, iku mungsuh ing tapa, ati kang tetelu, ireng abang kuning samya, ingkang nyegah cipta karsa kang lestari, pamoring suksma mulya.
  10. Lamun nora kawilet ingkang tri, yekti sida pamoring kawula, lestari ing panunggale, poma den awas emut, durgama / kang munggeng nging ngati, pangwasane weruha, wiji-wijinipun, kang ireng luwih prakoswa, panggawene asrengen sabarang runtik, andadra ngombra-ombra.
  11. Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng ngiku gawene, dene kang abang ngiku, iya tuduh nepsu tan becik, sakeh ing pepenginan, metu saking ngiku, panastenan panasbaran, ambuntoni marang ati ingkang ngeling, marang ing kawaspadan.
  12. Dene iya ingkang rupa kuning, kuwasane nanggulang sabarang, cipta kang becik dadine, panggawe amrih tulus, ati kuning ingkang ngandhegi, mung panggawe pangrusak, binanjur jinurung, mung kang putih iku nyata, ati anteng mung suci tan ika iki, prawira ing kaharjan.
  13. Amung ngiku kang bisa nampani, ing sasmita sajatining rupa, nampani nugraha tumanduk, kalestaren pamoring kapti, iku mung/suh titiga, tur samya gung-agung, balane ingkang titiga, kang aputih tanpa rowang amung siji, mila anggung kasoran.
  14. Lamun bisa iya nembadani, marang susuker telung prakara, sida ing kono pamore, tanpa tuduhan iku, ing pamoring kawula gusti, Werkodara miyarsa, sengkut pamrihipun, sangsaya birahinira, saya marang kauwusaning ngaurip, sampurnaning panunggal.
  15. Sirna patang prakara na malih, urub siji wowolu warnanya, sang Werkodara ature, punapa wastanipun, urib siji wolu kang warni, pundi ingkang sanyata, rupa kang satuhu, wonten kadi retna muncar, wonten kadi maya-maya angebati, wonten abra markata.
  16. Mabudeng rad Dewaruci angling, iya iku sajatining tunggal, saliring warta tegese, ya ana ing sireku, tuwin ana isining bumi, gi/nambar angganira, lawan jagad agung, jagat cilik nora beda, purwa ana lor kulon kidul puniki, wetan luhur myang ngandhap.
  17. Miwah abang putih ireng kuning, iya pangurip ingkang buwana, jagat cilik jagat gedhe, pan padha isinipun, tinimbangken ing sira iki, yen ilang warna ningkang, jagad sadayeku, saliring reka tan ana, kinumpulken ana rupa kang sajati, tan kakung tan wanudya.
  18. Kadya tawon gumana puniki, kang ngasawang putran-putran denta, lah payo dulunen kuwe, Werkodara andulu, ingkang dadya puputra gadhing, cahya mancur kumilat, tumeja ngunguwung, punapa inggih punika, wernining dat kang pinrih dipun-ulati, kang sayektining rupa.
  19. Anauri aris Dewaruci, iku dudu ingkang sira sedya, kang mumpuni ambeg kabeh, tan kena sira dulu, tanpa rupa datanpa warni, tan gatra tan satmata, iya tanpa du/nung, mung dumunung ingkang ngawas, mung sasmita aneng jagat angebeki, dinumuk datan ana.
  20. Dene iku kang sira tingali, kang ngasawang puputran mutyara, ingkang kumilap cahyane, kang kara-kara murub, pan premana arane nenggih, uripe kang sarira, pramana puniku, tunggal aneng ing sarira, nanging datan milu sungkawa prihatin, enggone aneng raga.
  21. Datan milu mangan turu nenggih, iya nora milu lara lapa, yen iku pisah enggone, raga kari ngalumpruk, yekti lungkrah badan puniki, ya iku kang kuwasa, nyandhang rahsanipun, ing-uripan dening Suksma, iya iku sinung sih sinandhang ngurip, ing-aken rahsaning dat.
  22. Iku sinandhangken ing sireki, nanging kadya simbar neng kakaywan, ananira raga gone, uriping pramaneku, ing-uripan ing Suksma nenggih, misesa ing sarira, pramana puniku, yen mati milu kaleswan, lamun ilang suksmaning sarira nuli, uriping Suksma ana.
  23. Sirna iku iya kang pinanggih, urip ing Suksma ingkang sanyata, kaliwat tan upamane, lir rasaning kemumu, kang pramana amra tandhani, tuhu tunggal pinongka, jinis tyas puniku, umatur sang Werkodara, inggih pundi warneninpun kang sayekti, Dewaruci ngandika.
  24. Nora kena iku kang sira prih, lawan kaanan samata-mata, gampang angel pirantine, Werkodara umatur, kula nuhun pamejang malih, inggih kedah uninga, babar pisanipun, pun patik ngaturken pejah, ambencana anggen-anggen ingkang pasthi, sampun tuwas kangilan.
  25. Yen mangkaten kula boten mijil, sampun eca neng ngriki kewala, boten wonten sangsayane, tan niyat mangan turu, boten arip boten angelih, boten ngraos kangilan, boten ngeres linu, amung nikmat lan manpangat, Dewaruci lingira iku tan keni, yen nora lan antara.
  26. Sangsaya sihira/Dewaruci, marang sang kaswasih ing panedha, lah iya den-awas bae, mring pamurung ing laku, aywa ana karemireki, den-bener den waspada, ing anggepireku, yen wus kasikeping sira, aywa umung den ngonggo parah yen angling, yeku reh pipingitan.
  27. Nora kena yen sira rasani, lan sasama samaning manusa, yen nora lan nugrahane, yen ana sedya padu, angrasani rarasan iki, ya teka kalahana, aywa kongsi banjur, aywa ngadeken sarira, aywa kraket mring wisayaning ngaurip, balik sikepen uga.
  28. Kawisayan kang maring ing pati, den ka-asta pamantheng ing cipta, rupa ingkang sabenere, sinengker buwaneku, urip nora nana nguripi, datan antara mongsa, iya ananipun, pan wus ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireki, tan kena pisahena.
  29. Datan wande praptanira uni, tunggal sang ngaker/tining bawana, pandulu pamiyarsane, wus aneng ing sireku, pamirsaning Suksma kang yekti, iya tan lawan karna, ing pandulunipun, iya tan kalawan netra, netranira karnanira kang kinardi, anane aneng sira.
  30. Lahir ing Suksma aneng sireki, batining Suksma kang ana sira, iya mengkono tatrape, kadya wraksa tinunu, ananing kang kukus ing geni, sarta kalawan wraksa, lir toya lan alun, kadya menyak aneng puwan, raganira ing reh obah lawan mosik, iya sarta nugraha.
  31. Yen wruh pamoring kawula gusti, sarta suksma kang sinedya ana, de warnaneng sira gone, lir wayang sarireku, saking dhalang solah ing ringgit, kang mongka panggung jagat, kelir badan iku, apolah lamun pinolah, sasolahe kumedhep myarsa ningali, tumindak lawan ngucap.
  32. Kawi/sesa amisesa sami, datan antara pamoring karsa, jer tanpa rupa warnane, wus aneng ing sireku, upamane paesan jati, ingkang ngilo Hyang Suksma, wayangan puniku,kang ana sajroning kaca, iya sira jenenging kawula iki, rupa sajroning kaca.
  33. Lewih gengnya kalepasan iki, lawan jagad gedhe kalepasan, kalawan luwih lembute, salembutan ing banyu, apan lembut kamuksan ugi, lewih alit kamuksan, saha liting tengu, pan maksih alit kamuksan, lire luwih amisesa ing sakalir, lire ageng alitnya.
  34. Bisa nuksma ing lembut lan alit, kalimputan kabeh kang rumangkang, gumermet iya tan pae, kaluwiyan satuhu, luwih dennya ingkang nampani, tan kena ngandelena, ing warah lan wuruk, den sanget panguswanira, badanira wasuhen pragnyana ngukih, wruha rungsiting tingkah.
  35. Wuruk iku pan minongka wiji, kang winuruk pan minongka papan, pama kacang lan kadhele, sinebarna / ing watu, yen watune datanpa siti, kodanan kapanasan, pesthine tan cukul, lamun sira wicaksana, tingalira sirnakna ananireki, dadi tingaling Suksma.
  36. Rupanira swaranira nuli, ulihena mring kang duwe swara, jer iku ing aken bae, sisilih kang satuhu, nanging aja duwe sireki, pakareman kang liya, maring Sang Hyang Luhur, dadi sarira Pangeran, obah mosikira iku dadi siji, ja roro anggepira.
  37. Yen dadiya anggepira yekti, yen ana ngrasa roro misih was-was, kena ing rengu yektine,yen wus siji sawujud, sakarenteg ing tyas sayekti, apa cinipta ana, kang sinedya rawuh, wus kawengku aneng sira, jagad kabeh jer sira ing-aken yekti, gagenti den-asagah.
  38. Yen wus mudheng pratingkah kang iki, den-awingit sarta den-asasat, sasat pamor panganggone, nanging ing batinipun, ing sakedhep tan kena lali, lahire sasabana, kawruh patang dhapur, padha anggepen sadaya, / kalimane kang siji iki pramati, kanggo ing kene kana.
  39. Liring mati sajroning ngaurip, iya urip ing sajroning pejah, urip bae salawase, kang mati iku nepsu, badah lahir ingkang nglakoni, kataman badan nyata, pamoring sawujud, pagene ngrasa matiya, Werkodara tyasira padhang nampani, wahyu prapta nugraha.
  40. Lir sasongka tawengi mariris, praptaning wahyu ngima nirmala, sumilak ilang regede, angling malih tulya rum, Dewaruci manis aririh, tan ana aji paran, kabeh wus kawengku, tan ana ing-ulatana, kadigdayan kaprawiran wus kawingking, kabeh reh ing ayuda.
  41. Telas wulangira Dewaruci, Werkodara ing tyas wus tan kewran, wruh namane ing dheweke, ardaning swara muluk, tanpa elar anjajah bangkit, sawengkon jagattraya, uga wus kawengku, pantes pamatining basa, saenggane sekar maksih kudhup lami, mangkya mekar ambabar.
  42. Wuwuh warnane lan gondaneki, wus kena kang / ponca retna medal, saking ing guwa garbane, wus salin alamipun, angulihi alame lami, Dewaruci wus sirna, mangkana winuwus, tyasira sang Werkodara, lulus saking gandaning kasturi jati, papaning tyas wus sirna.
  43. Wus leksana salekering bumi, ujar bae wruh patakanira, niring wardaya mungguh, kadyanggane ngangge sutra di, maya-maya kang srira, rehnya kang sarwa lus, sinukma mas ing-emasan, arja sotya-sinotya manik-minanik, wruh paekaning tingkah.
  44. Mila sumping bra puspa kirnadi, winarnendah kintaki sumekar, kasturi jati namane, pratondha datan korop, ing pangwikan kenaka lungit, angungkabi kabisan, kawruh tan kaliru, poleng bang bintulu lima, pan winarna guraga wilet tulya sri, lancingan kampuhira.
  45. Mongka pangemut katoning nguni, tiga katon sajroning kang garba, Dewaruci pamengete, bang kuning ireng iku, pamurung ing laku ngadhangi, kang aputih ing tengah, sidaning pangangkuh, kalimeku kang ginambar, wus kaasta / sanalika aywa lali, ulun tuhu ambegnya.
  46. Saking sanget ing karya ling-aling, pambungkasing sumungah jubriya, kaesthi siyang dalune, pan kathah dennya ngrungu, pratingkahe kang para resi, kang sami kaluputan, ing panganggepipun, pangancaping kawruhira, wus abener wekasan mati tan adi, kawileting tatrapan.
  47. Ana ingkang mati dadya peksi, amung milih pencokan kewala, kayu kang becik warnane, angsana naga-santun, tanjung ana ingkang waringin, kang nganeng pinggir pasar, ekuk mangkruk-mangkruk, angungkuli ing sapasar, pindha-pindha kamukten angsale pinrih, kasasar kabelasar.
  48. Ana ingkang anitis pra ji, sugih raja brana miwah garwa, ana kang milih putrane, putra kang ngarsa mengku, karemane kaluwiyan, ing panitisipun, yen mungguh sang Werkodara, dereng ngarsa amung ngamrihi pribadi, sadayeku ing-aran.
  49. Tibaning kang pana kang tan pasthi, durung jumeneng janma utama, ingkang mengkono anggepe, pangrasane a/nemu, suka sugih tan wruh ing yekti, yen nuli nemu duka, kabanjur kalantur, sanggone nitis kewala, tanpa wekas kangilan tan nemu kasil, tan bisa babar pisan.
  50. Yen luputa anyakra-bawani, iya pakareman duk ing kuna, ing pati maring tibane, ing kono tibanipun, nora kuwat sarenging pati, keron pan kasamaran, mangsah wowor sambu, abote olah kamuksan, nora kena tolih bapa anak rabi, sajroning mrih wekasan.
  51. Yen luputa patakaning bumi, leneng  biyen aywa dadi janma, sato gampang pratingkahe, sirnane tanpa tutur, yen wus aris bener ing kapti, langgeng tanpa karana, nongga buwaneku, umeneng tan kadya sela, anengira yen ta nora kadya warih, wrata tanpa tuduhan.
  52. Len ing pandhita ana nganggepi, ing kamuksan nenggih peksanira, anjungkung kasutapane, nyana kena den-angkuh, tanpa tuduh mung tapa neki, tanpa wit puruhita, suwung angaruwung, mung temen kaciptanira, durung ngantuk pratikel wuruk kang yekti, pratingkah lalawara.
  53. Tapa/nira kongsi raga runting, wus mangkana dennya mrih kamuksan, datanya tutur sirnane, kamatengen tanpa wuk, de pratikel ingkang lestari, tapa iku minongka, raragi pan amung, ngilmu kang minongka ulam, tapa tanpa iya ngilmu nora dadi, yen ngilmu tanpa tapa.
  54. Cemplang-cemplang nora wurung dadi, angsal nora kawilet tatrapan, kacagak sagung bekane, sayekti dadosipun, apan akeh pandhita sandi, wuruke sinatengah, marang sabatipun, sabate landhep priyongga, kang linempit winedhar raose nuli, ngaturken gurunira.
  55. Pamedhare mung grahitaneki, nguni-uni durung mambu warah, saking tan eca manahe, aturing gurunipun, langkung ngungun manut ngugemi, sinemantaken marang, pandhita gung-agung, wus pasthi anggep kang nyata, iku wahyu nugraha tiba pribadi, sabat ing-aku anak.
  56. Sinungga-sungga anggung tinari, marang guru yen arsa mamejang, tan tebih sinandhing gone, sabat kang temah guru, guru dadya sabat ing ba/tin, lepasing pangrahita, tanduk sarta wahyu, yeku utama kalihnya, kang satengah pandhita durung sayekti, kaselak pangakunya.
  57. Kudu tinut saujare sami, dene akeh lumaku sinembah, neng pucaking gunung gone, swaranira anguwuh, angebeki patapaneki, yen ana wong kang marak, wekase abikut, lir gubar beri tinatap, kumerampyang binuka datanpa isi, tuna kang puruhita.
  58. Aja kaya mengkono ngaurip, badan iki dipun-dadya wayang, kinudang neng panggung gone, harja tatali bayu, padhang ingkang panggungireki,  damar raditya wulan, kelir ngalam suwung, kang anongga-nongga cipta, debog bumi tetepe adeging ringgit, sinongga mring kang nanggap.
  59. Kang ananggap aneng dalem puri, datan mosik pangulah sakarsa, myang pramana dhadhalange, wayang pangadegipun, ana ngidul angalor tuwin, mangkana kang sarira, ing sasolahipun, sinolahaken ing dhalang, lumaku yan linakoken lembeh neki, linembehken ing dhalang.
  60. Pangucape / ing-ucapken nenggih, yen kumilat kinilatken iya, tinutur anuturake, sakarsa-karsanipun, kang anon lon pinolah sami, tinonaken ing dhalang, kang anganggap iku, sajagad mongsa na wruha, tanpa rupa kang ananggap neng jro puri, tanpa warna Hyang Suksma.
  61. Sang Bramana denira angringgit, ngucapaken ing sariranira, tanpa wekas ing sanane, wibuh pan nora tumut, ing sarira upama neki, kang menyak munggweng puwan, geni munggeng kayu, anderpati tan katedah, kang pramana lir geseng ing kayu panggrit, landhesansama wreksa.
  62. Panggritane molah dening angin, gesenge kayu kukuse medal, datan antara agnine, geni kalawan kukus, saking kayu wijile sami, wruha eling duk kala, mula-mulanipun, kabeh iki kang gumelar, pan saking eb manusa tinitah lewih, apan ing-aken rahsa.
  63. Mulya dhewe sagung kang dumadi, aja mengeng ciptanira tunggal, tunggal sa/paribawane, isining buwaneku, anggep siji manuswa jati, mengku sagung kahanan, ing manusa iku, den wruh wisesaning tunggal, anuksmani salwiring jagad dumadi, tekat kang wus sampurna.
  64. Wus mangkana Werkodara mulih, wus tan mengeng ing batin gumawang, nora pangling sarirane, panukmaning sawujud, nanging lahir sasat piningit, reh sareh kasatriyan, linakon winengku, pamurwaning jagat traya, kalahiran batine nora kasilih, satu munggeng rimbagan.

 === ### ===

3 Comments

  1. onkidus

    maturnuwun den mas kumitir
    mugi saged manfaat …amin ya Rab

  2. kuncoro

    segeng dalu, nderek nepangakaen, kulo kuncoro saking ngayoja
    saking suluk ing inggil kolo wau, ingkang kulo pendhet njih puniko ketulusannipun wrekodara anggenipun mituhu kaliyan guru, mboten gadhah raos cubriyo, mboten was-was.
    inggih puniko ingkang ndadoseken pangertosan luhur dateng wrekodara.
    maturnuwun, wilujeng.

  3. sugeng siang kangmas alngalangkumiter
    nuwun sewu kulo angsal mundut serat wonten blog panjenengan, damel nguri-uri budoyo jawi ingkang sampun kejajah dening wong monco
    mugio gusti maringi petedah engkang leres damel sedulur sedoyo wonten tlatah wacan blog kangmas alangalangkumiter

    nuwun
    sedulur saking tlatah bayu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: