alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SAPALA


Punika Serat Sapala Kawujudanipun Saperangan Ringgit Madya ing Surakarta

Bageyan 1 : Simpingan Tengen

  1. Gandarwa RAJA KARAWU. Narendra ing Parswasta, sumitranipun Prabu Kusumawicitra. Kawujudanipun: Dedeg ageng inggil kados Bima, praupan gusen kados Dasamuka, mawi topong kethu Karna, ngore rikma gimbal dumugi wadidang, mawi acecawet kampuh poleng, tanpa pancanaka. Punika ringgit Madya Yasan MN IV.
  2. Prabu RAJA SINDULA. Narendra ing Mendangkamulan, ramanipun Prabu Dewatacengkar. Kawujudanipun : Dedeg ageng inggil kados Suyudana wanda Jaka, mawi mekutha, jenggot wok, ngore tiga tumumpang pundak. Mawi sampir, rampekan clana cekak, ngagem gamparan/cripu. Punika ringgit Madya ingkang Yasan MN IV.
  3. Harya BANDUNG. Putra ing Pengging, atmaja Raden Darmamaya satriya ing Salembi. Kawujudanipun: Dedeg ageng inggil kados Bratasena, jamang sinom, mawi gruda dhara, ngore dumugi wadidang, rampekan clana cekak tanpa keris, punika ingkang gembleng, punika ringgit Madya ingkang Yasan MN IV. Ingkang badan cemeng jamang bathukan, mawi sampir, ngore tiga tumumpang pundhak, rampek kerisan. Punika Ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  4. Harya ANTAWIRYA. Senapati Ngastina jaman Prabu Gendrayana, wayahdalem Patih Danurwenda. Kawujudanipun: meh sami Bandhung ingkang cemeng, kaot boten grudhan, boten sampir, saha jamang sinom, awak gembleng. Punika ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  5. Raden BRAJASENA, Senapati Ngastina putra Raden Gathutkaca. Kawujudanipun kados Bratasena, mawi jamang sinom, sumping panjang, boten mawi kuku, rampekan. Punika ringgit Madya Klatenan, yasan Ki Harjasutikna.
  6. Prabu BIMASENDRA. Ratu Trajutrisna anak turunipun Prabu Bomanarakasura. Wontenipun nalika lampahan Jayabaya Rabi, badhe ngayunaken Dewi Sara. Kawujudanipun : Dedeg sami kaliyan Danaraja, mawi topong, sumping panjang gajah ngoling tumumpang pundhak. Praupan gagah kados Gathutkaca, rampek clana panjang. Punika ringgit Madya ingkang Trunadipan.
  7. Prabu BAJRAPATI. Sentana Ngastina, turunipun Gathutkaca. Kawujudanipun : kados Gathutkaca wanda Guntur, tanpa praba, ngore tiga tumumpang pundhak, rampekan clana panjang. Punika ringgit Trunadipan.
  8. Prabu WIRASENA. Narendra Tunggulmalaya, wayahipun Raden Gathutkaca. Kawujudanipun : Kados Gathutkaca tanpa praba, grudhan ageng, sumping gajahngoling. Mawi kalung ulur, rampek clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
  9. Harya SANJATA. Senapati ing Yawastina. Kawujudanipun : kados Antasena Sala, rampek clana panjang. Kalung penanggalan. Ringgit Yasan MN IV.
  10. Harya KALANTAKA. Senapati Yawastina, kadangipun Harya Sanjata. Kawujudanipun : kados Antasena Sala, ngore bundhel kados Patih Udawa. Rampek clana panjang, kalung penanggalan.Ringgit Yasan MN IV.
  11. Adipati HARYA TENGGER. Pepatihipun Prabu Dewatacengkar. Kawujudanipun : Kados Duryudana, mawi ngore Udawa, jenggot wok, boten praban. Klamben teni lengen panjang, rampek clana panjang. Ringgit Yasan MN IV.
  12. Patih SUTIKNA. Putranipun Harya Dwara ing Ngastina, sumulih kalenggahan Patih. Kawujudanipun : kados Gandamana mawi ngore setunggal tumumpang pundhak, rampekan clana panjang. Ringgit yasan MN IV.
  13. Harya MAODARA, rayinipun Prabu Gajahsinga, benjang teluk dados sentananipun Prabu Jayabaya. Wujudipun kados Jayadrata tanpa praba, mawi ngore bodhol tiga, rampekan.
  14. Prabu BUMIPALA. Putranipun Prabu Sariwahana ing Yawastina, lenggah wonten ing negari Trajutrisna. Kawujudanipun: kados Raden Krepa, nanging mawi ngore bodhol tiga. Kalung ulur, rampekan jangkep clana panjang. Praupanipun pinulas prada. Ringgit Yasan MN IV.
  15. Prabu JAYAPURUSA. Inggih Prabu Jayabaya duk rikala dereng angelun praja Yawastina. Kawujudanipun: kados Harjuna nanging mawi gelung keling. Sandhangan prabot komplit mawi sampir, rampekan clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
  16. Prabu JAYABAYA. Kawujudanipun: kados Rama ngore tanpa praban, sampir, rampekan clana panjang. Ringgit Madya Trunadipan.
  17. Prabu SARIWAHANA. Kawujudanipun: kados Prabu Jayabaya ing nginggil, ananging kaot sumpingipun gajah ngoling, tinutupan rambut ngore abimanyu, tur sepaton. Dene praupanipun radi nglangak kados Kresna wanda Rondhon. Ringgit Madya Kasunanan.
  18. Prabu PANCADRIYA, narpati ing Pengging. Kawujudanipun: Kados Kresna mawi ngore tiga, tanpa praban, rampek clana panjang. Ringgit Madya Trunadipan.
  19. Prabu GENDRAYANA, narpati ing Ngastina. Kawujudanipun: Kados Bambang Sekutrem, mawi rampek, gelungipun buntet. Ringgit Madya yasan MN IV.
  20. Prabu JAYALENGKARA, narpati Medangkamulan pungkasan. Kawujudanipun: Kados Prabu Yudhistira. Mawi sampir, grudhan alit, rampekan cara satriya. Ringgit Madya yasan MN IV.
  21. Prabu YUDAYANA. Narpati ing Ngastina. Kawujudanipun: Kados Prabu Pandhu Praban, nanging rampekan. Punika ringgit wekasan ingkang Praban, wonten ing kothak Madya Kasunanan.
  22. Prabu JAYA HAMIJAYA. Wujud kados Rama makuthan, sumping panjang boten ngore, boten praban.
  23. Prabu ARIDHARMA. Inggih Anglingdharma. Wujudipun kados Parikesit Makuthan, ngore tumumpang pundhak, sumping gajaholing, mawi sampir, rampekan clana panjang. Jamang sinom, praupan pinulas prada. Punika ringgit Madya Yasan MN IV.
  24. Prabu ASTRADHARMA. Pambarep Yawastina, seda dening Prabu Jayabaya. Kawujudanipun meh sami kaliyan Aridharma, kaotipun tanpa ngore. Punika Yasan MN IV.
  25. Prabu KUSUMAWICITRA, inggih Prabu AJI PAMASA. Kawujudanipun: kados Rama, luruhipun sanget, mawi ngore Udawa, rampek clana panjang, praupan prada. Yasan MN IV.
  26. Prabu YUDAYAKA, inggih SUDARSANA. Kawujudanipun: kados Rama, ngore abimanyu, jamang bathukan pulas rai prada, sampir. Punika Yasan MN IV.
  27. Prabu GANDAKUSUMA. Putranipun Prabu Anglingkusuma. Kawujudanipun: Kados Parikesit Ratu, nanging sandhanganipun irah-irahan topong karna. Dodot rampek, praupan prada. Yasan MN IV.
  28. Raden JAYA AMIJAYA, inggih Harya JAYAJAYA, putra Prabu Jayabaya. Wujud kados Harya Prabu rampek. Punika Ringgit Madya Sala, koleksi Museum Wayang Ngayoja.
  29. Raden ANGLINGDHARMA, wujudipun kados Puntadewa Nom, sumping gajaholing, jamang sinom mawi kalung ulur. Ringgit Yasan MN IV.
  30. Raden SUDARSANA. Wujud kados bambang Wijanarka, rampek. Ringgit Yasan MN IV.
  31. Raden GENDRAYANA. Wujud kados Bambang Irawan, rampek. Ringgit Yasan MN IV.
  32. Raden GANDAKUSUMA, wayah Prabu Anglingdharma. Wujud Kados Parikesit Nom, rambutipun ginulung minggah tumumpang pundhak kados tiyang beksan Golek mawi gelung gondhel, kalung ulur, rampekan. Yasan MN IV.
  33. Raden DARMAMAYA, putra Salembi. Wujudipun katongan luruh, mawi sinom. Sumpingipun mawi oncen tumumpang pundhak. Tropong Karna, ngore parikesit, praupan cemeng, kalung ulur. Mawi jenggot kretepan setunggal kados Yamawidura, rampek clana panjang. Punika ringgit Madya Surakarta, tedhakan Kasunanan, koleksi Museum Wayang Ngayogya.
  34. Raden JAKA KANDHUYU, ing benjang dados Prabu Jayalengkara. Kawujudanipun amung Bambangan Alit, luruh praupanipun, ngore kados Parikesit, sumping waderan, sandhangan kados tiyang dhusun (jarik suwelan) tanpa prabot. Ringgit Yasan MN IV.
  35. Raden JAKA JUGULMUDHA, ing benjang dados patihipun Prabu Jayalengkara. Kawujudanipun kados Leksmana Mandrakumara, kaotipun menawi Leksmana punika ketingal pasemon bodho, menawi Jugulmudha pasemonipun gagah, esmu ladak. Tanpa brengos, praupan jambon. Prabot sami kaliyan pun Kandhuyu. Ringgit Yasan MN IV.
  36. Empu PUYWA, saking tanah Jamurdwipa utawi India, suwita Prabu Jayabaya. Kawujudanipun kados Narayana, nanging rambut ingudhal kados Bargawa. Sampir, tanpa clana panjang. Ringgit Yasan MN IV.
  37. Dewi JONGGRANG. Putri ing Prambanan. Kawujudanipun langkung ageng tinimbang Banowati, ngore gendhong, mawi oncen-oncen dugi dhadha. Praupanipun luruh. Punika yasan MN IV.

Bageyan 2: Simpingan Kiwa.

  1. Kawujudan Denawa RATON SRAMBAHAN, ngore udhal, praupanipun kados Yamadipati. Pinulas sawo mateng, punika Ratu Buta Srambahan, kagem Raja Gandarwa. Yasan MN IV.
  2. Denawa RATON SRAMBAHAN ingkang Trunadipan, mripat klekepan, ngore tiga, tanpa kalung, rampek tanpa keris, gusen kados Dasamuka, awak-rai sawo mateng.
  3. Prabu KARUNGKALA ing Prambanan, wujud Kumbakarna wanda Jaka tanpa praba, ngore tiga, rampek kacawetaken mawi keris. Punika ringgit Trunadipan.
  4. Prabu BAKA inggih DARMAMOHA, wujudipun kados Prabu Karungkala, kaotipun mawi sinom. Punika ugi ringgit Trunadipan.
  5. Kawujudan Denawa Raton tropong kethu, klamben, mripat tiga. Mripat klekepan, irung Janma, gusen ngetingalaken untu sisih nginggil kados Kangsa. Awak rai pinulas sawo mateng, dhodhot Jangkahan. Punika Gandarwa Raja WRAHASPATI, yasan MN IV.
  6. Gandarwa SRAMBAHAN, kangge pepatihipun, ugi klamben. Praupan sami kaliyan ingkang nginggil, amung mripat kalih. Rambutipun ginimbal kados Brahala, nanging dipun tatah gubahan, pinulas cemeng. Punika ringgit Madya yasan MN IV.
  7. Prabu PALGUNA, rayinipun Resi Buddha ing Widarba. Wujud Ratu Denawa tropong Karna, ngore tiga, rai gajah. Punika Yasan MN IV.
  8. Prabu MANGGAKALA, rayinipun Resi Buddha ugi. Wujud ratu denawa tropong Karna, ngore tiga, rai macan. Punika Yasan MN IV.
  9. Prabu SUWELACALA, inggih SELACALA, narpati Mendangkamulan, wujud Dasamuka Topong Karna, mawi ngore ngudhal rikma tanpa praban. Tangan setunggal, rampekan tanpa keris. Punika Yasan MN IV.
  10. Prabu DEWATACENGKAR, narpati Mendangkamulan. Wujud kados Kangsa mawi Tropong Karna, mbodhol rikma, klamben werni ijem, mripat Suluhan (Dhondhongan mawi tlapuk), punika ringgit Madya yasan swargi R. Harjasutikna, Jombor, Klaten.
  11. Prabu SANCAYA, ratu Nusarukmi. Pejah nalika tandhing prabu KUSUMAWICITRA. Wujud Prabu Baladewa, ngore parikesit tanpa praba, rampek. Punika Yasan MN IV.
  12. Patih JUGULMUDHA ing Medangkamulan. Kawujudan kados Jayadrata, ngore tiga, mawi sinom. Praupan jambon, tanpa praba, sumpingipun mawi oncen. Rampek clana panjang. Punika Yasan MN IV.
  13. Ki BANDAWASA, Prajurit Prambanan ingkang mbedhat, dados begal. Wujudipun Kados Rajamala, kaot boten breset. Kalung slendhang kados Patih, namung jamang sinom. Sandhangan prasaja, jangkahan cothang kunca setunggal. Punika Yasan MN IV.
  14. Prabu DORADRESANA. Narpati Banjarjunut, putra Prabu Sariwahana. Wujud kados Burisrawa dipun sandhangi mawi Topong, ngore tiga, jenggot wok. Kalung ulur, rampek clana panjang. Punika Yasan MN IV.
  15. Prabu DIPANATA ing Salembi. Kados Basudewa mawi sumping gajahngoling, rampek mawi kalung ulur. Punika ringgit Trunadipan.
  16. Prabu DANURWENDA ing Kertanegara. Kados Kresna nanging sinom, rambut gendhong, rampek clana panjang, praupan jambon. Punika ringgit Trunadipan.
  17. Prabu ANGLINGKUSUMA, kados Parikesit nanging topong Karna, ngore abimanyu. Punika ringgit Trunadipan.
  18. Raden PUTRAKA, putra Prabu Sariwahana. Wujud kados Bambang Sumantri mawi sumping gajahngoling, praupan jambon. Punika ringgit yasan MN IV.
  19. Harya BATHIK MADRIM, pepatih ing Malawapati. Wujud kados Drestajumena ngore tiga, rampek mawi kalung ulur. Punika ringgit yasan MN IV.
  20. Harya SASANA, wayah Dursasana. Wujudipun kados Dursasana nanging dedegipun namung alit, boten jenggot. Rampek kalung ulur. Punika ringgit Madya Mangkunegaran. Menawi ing Kasunanan lajeng kaewahan rupinipun dados bagus, awit kerep kangge perang kembang.
  21. wonten SASRA WOK, nanging rampek, ngore tiga tanpa praba. Punika kangge srambahan Ratu Sabrang. Yasan MN IV.
  22. wonten malih kados KARTAMARMA, nanging topong Karna, grodhan alit, ngore tiga klamben, jenggot wok. Praupan pinulas prada, punika kangge srambahan ugi. Yasan MN IV.
  23. Prabu NGUSMANAJI inggih Prabu KUSUMAJI, narendra Bani Israel, gurunipun Prabu Ajisaka. Menawi boten kalentu punika inggih kawujudan, rupi kados Prabu Kresnadipayana, mawi ngore kados abimanyu. Sinungging praupan prada, mawi klambi lengen panjang tur sepaton. Punika mapan ing kothak Madya Yasan MN IV.
  24. Prabu Jayabaya anggadhahi PANAKAWAN, wujud cebol. Praupan nglangak, rainipun kados tiyang, mripat kedhelen mawi brengos lemet. Sinandhangan topong kados sentana, mawi kalung ulur, rampekan. Punika dipun yasakaken kothak piyambak sami kaliyan Prabu Jayabaya.
  25. Prabu RAJA TUNGU, kawujudan kados Boma Encik nanging ngore tiga, tanpa praba. Rampek clana panjang. Punika ringgit Trunadipan.
  26. Kawujudan kados BOMA ENCIK jenggot wok, pogog ngore udhal, rampekan, praupan coklat. Dereng kadenangan.
  27. Kawujudan kados BASUDEWA mawi serban, tanpa praba, rampek, mawi sampir. Dereng kadenangan.
  28. Kawujudan kados Kakrasana rampek, punika Harya JATHAWIDHA.
  29. Kawujudan kados Narayana rampek, rai gembleng, dereng kadenangan.
  30. Kawujudan kados Pragota mawi tekes centhung, dipun sukani ngore. Punika Harya SUBALA, trah Dursasana.

Wuwuhan gambar :

  1. Buta rai Macan, lanang-wadon, rambutgeni. Punika kangge perang kembang malihan Dewa.
  2. Kados Narayana mawi gelung keling, jamangan. Tanpa ngore, mawi kalung ulur. Punika Bathik Madrim (?)
  3. Kados Patih Dwara nanging kalung ulur, rampekan. Bokmanawi Patih Rajakandhi (Malawapati Nom).
  4. Kados Drestajumena mawi ngore tiga, kalung penanggalan, rampek. Bokmanawi Patih Bathikmadrim ugi.
  5. Wonten kados Parikesit Nom rampek, nanging rambutipun ngore setunggal ing pundhak. Praupan gembleng, jamang bathukan. Bokmanawi punika Raden Sariwahana.
  6. Wonten ingkang kados Parikesit Nom wantah, grudha alit, rampekan. Putran?
  7. Wonten ingkang kados Pancawala wantah, gelung bundhel, mawi rampekan clana cekak. Jaka Kaneraras utawi Kandhuyu?
  8. Putren kados Sembadra Rimong
  9. Putren kados Jembawati Makutan
  10. Putren kados Setyaboma Makutan
  11. Putren kados Banowati Rimong
  12. Kados Kusumawicitra nanging mawi sampir, praupan gembleng
  13. Kados Prabu Kiritin, ngore Rama, rampekan.
  14. Anglingdarma nom mawi kalung ulur.
  15. Anglingdarma nom mawi kalung penanggalan.

Saking buku sanes:

  1. Kados Sucitra nanging kalung slendhang, rampek, punika patih SUNJAYA ing Yawastina.
  2. Kados Prabakusuma rampek, kalung ulur. Dereng kadenangan.

Sejatosipun taksih kathah ingkang dereng sinerat ing ngriki, awit cacahipun ringgit madya setunggal kothak punika dumugi 353 iji. Ewadene gandheng taksih winatesing seserepan, amung sakedhik ingkang nembe saged sinerat ing layang punika. Dene aliya saking punika, wonten katrangan-katrangan ingkang magayutan kaliyan Ringgit Madya punika, kados makaten:

  1. Ing salebeting Ringgit Madya yasan MN IV punika wonten cak-cakan ingkang nyalawadi: dene salebeting ringgit Madya nanging ing simpingan tengen kok mawi kawewahan wujud Petruk Ratu, jamang sinom jenggot wok mawi rampek. Tangan wingking mbithi mawi kuku pancanaka, ketingal gagah birawa. Kamangka ringgit Madya Mangkunegaran panakawanipun sanes Semar, Gareng Petruk, ananging Badhos, Badhagos kaliyan Badhali, ki Capa kaliyan Capi.
  2. Ing ringgit Madya yasan Kasunanan, sedaya jawatanipun mawi tropong Karna. Dene manawi ing ringgit Madya Yasan MN IV taksih sami kaliyan ringgit Purwa. Kajawi Bathara Bayu ingkang malih ngagem topong Karna.
  3. Ringgit Madya MN IV, wujudipun ringgit kadewatan babon cengkokipun sami kaliyan kagungandalem ringgit Kyai Sebet.
  4. Ing ringgit Madya punika, golongan danawa kabage kalih: ingkang danawa wantah sami kaliyan ringgit purwa, saking Santana dumugi Punggawanipun, dene ingkang danawa alus utawi Gandarwa punika racak sami praupan tiyang kados Yamadipati.
  5. Ing ringgit Madya MN IV, miturut swargi R. Sutrisno wonten dhudhahan arupi naga raja gelung keling. Bok manawi punika kangge mujudaken Raden JAKA LINGLUNG putra Prabu Widayaka inggih Ajisaka.
  6. Ringgit Madya Kasunanan punika wiwit cariyos saking Prabu Yudayana, wujud Rama mawi Praban. Dene ingkang Mangkunegaran miwiti kandha saking Gendrayana, dados Prabu Yudayana lan punggawa Ngastina kados Patih Janurwenda, Patih Dwara, lan sanesipun, sami boten wonten.
  7. Wujud MAYANGKARA, manawi ing Kasunanan rupi Anoman tuwa, dedeg ageng inggil, tutukipun mingkem, mawi jenggot wok, untu papak, serbanan. Dene menawi wonten ing Ringgit Trunadipan, wujudipun taksih Anoman wantah, rambutipun sinungging klawu, dene kaotipun mawi sampir tur dedegipun ageng inggil.
  8. Sanesipun ringgit Madya Kasunanan lan Mangkunegaran, wonten ringgit Madya ingkang sumebar ing bebrayan ageng, yasanipun sawargi Ki Harjasutikna, ing Gondangwinangun, Klaten. Cirinipun ugi rampekan, ananging benten wujudipun kaliyan yasan karaton, mila lajeng kathah ringgit ingkang nyele, mrogan enggal boten ndherek babonan kraton. Manawi anut kaliyan cara punika, lajeng wonten paraga kados Raden Brajasena anak Gathutkaca lan sanesipun, ingkang boten kawujudan ing ringgit Kyai Madya punapa dene Madya Kasunanan. Sedaya ringgit punika mawi tandha Garudha Mungkuripun rai methok kados Mangkara. Sak surudipun Ki Harjasutikna, lajeng sami boten kalacak icalipun, sumebar dhateng pundi-pundi, kinukub dening para dhalang ing sakiwa tengening Klathen.

@@@

1 Comment

  1. wayu topeng wojo

    echm..kulo nuwun kulo ingkang marak sowan

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: