alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK BESI


Anggitanipun Abdi-dalem Pangeran Wijil ing Kadilangu.

® Pupuh 01 ®
DHANGDHANGGULA

  1. Pasang tabe sekar madu manis, wasitagnya sudarmeng susanta, nahan kirtya wuryaning reh, pasal kang tumrap suluk, aneng janma satwa ran ki Besi, langkung mesu wardaya, karyanya alungguh, aneng tepining samudra, kang pinangan mung nginum sajeng tan malih, lawan meneng karyanya.
  2. Aneng pereng ampingan andhemping, wus salama datan kauningan, saking rempit panggonane, laminya tan cinatur, inumanya amung sakupi, sarta gelas tan tebah, palala ing Hyang Ngagung, tan telas salaminira, ing sawiji dina kang ngadarbe siti, nuju arsa leledhang.
  3. Dhasar pinggir desa gening santri, kae guru tan mawi sakabat, saha kaskul jujungkate, atasbeh jubah cripu, sapraptane ing pinggir gisik, madeg anon samudra, nulya dangu-dangu, nolih wuri ana / janma , pinaranan meneng datan ngancarani, ki pangulu angucap.
  4. Rika iki apa wong atapi, yen tapaa sajeng dera pangan, yen mahas seng pratikele, kaya wong tapa nekung, nging degsura tatrapireki, ulate pundirangan, apa dhasar bisu, eh manusa angucapa, apa sira basa sabrang tawa encik, nadyan cik sun kaduga.
  5. Apa kang sasato sira iki, apa bongsa ejin parayangan, apa kesurupan kiye, sarya maca tengawud, duk miyarsa sira Ki Besi, ing wuwus kang mangkona, nlongsa jroning kalbu, nora talah ya Ki Ummah, mring sepadha wuwuse cumeri-ceri, eh ta ewa mangkona.
  6. Ngong jawabe ririh denirangling, pasang tabe sampun aduduka, kawula tebih wijile, sarah katut ing laut, sakawasa kajat mratapi, ki pangulu duk myarsa, mesem sarwi mungkur, tapaning ibelis laknat, mangan sajeng sira lungaa tumuli, aja nunggal ing tanah.
  7. Basa kene panggonan ing santri, bok nunulari ing mumurid ing wang,  ingsun pamulangan gedhe, Ki Besi malih muwus, punapa ta batalna kyahi, ing tyas kajat prawita, marang ing Hyang Ngagung, paduka wus pinandhita, teka cukeng ing tanah kawula geni, ujare wong pandhita.
  8. Wus pinongka jasad bettolahi, anglairken sipat tri prakara, ki guru rengu netyane, aja sira amuwus, kumawawa teka kumawi, puluh sira ngucapa, mung kandheg ing clathu, guci-mu sira guwanga, bokmanawa ingsun sudi angangsuli, sakeh ing wuwusira.
  9. Maksih ririh wuwuse Ki Besi, kang waragang lamun binucala, punapa kaindhakape, ki guru nyentak muwus, iku setan karam linewih, blis tan wruh ing tata, buwangen den gupuh, mengko sun ajag angucap, lamun ora dera guwang sajeng guci, lalu tan sudi mulat.
  10. Besi angling manawa kiyahi, ingsun guwang guci si waragang, yen weruh karam karepe, ki guru jelih muwus, eh / ko kapir karam kang ngarti, timbalan ing panutan, sing sapa anginum, ing sajeng kalbeng naraka, lawan adoh panggawe marang ngabecik, ko setan apa wruha.
  11. Ing kalale sajeng ta ko belis, Besi ngucap eh kyahi menawa, kawasa jawab su’ale, itung ing tyas pukulun, ingkang santri tan pesthi swargi, yen pegata lan nalar, nalara puniku, kalamun tan tinandangan, nadyan silih tandangana saben ari.
  12. Ingkang mangan karam bakal mati, kang tan mangan tan wurung palastra, balik yen mati kapriye, yen pesthiya swarga gung, enak dening gon ambuwangi, ki guru nolih lenggah, basakna sireku, karuhan lamun minulya, wong kang gama cinadhang ingkang swarga-di, widadari nyanyadhang.
  13. Sira wuwus sipat ing Hyang katri, iku ora ta agung lan murah, kawasa kaping telune, Ki Besi aturipun, inggih leres puniku ugi, ki guru ciya-ciya, latah nyablek pupu, Besi muwus kang punika, punapa asipat agung wus darbeni, dene dahwen paduka.
  14. Punapa ta / kawula kiyahi, jinawekna titah ing Hyang Suksma, teka kapati dinahwen, kawula kamipurun, amangsuli atur kiyahi, supados pakantuka, sapangat pukulun, santri ingkang mesthi mulya, leresipun rineksa ing donya ngakir, dene maksih sangsaya.
  15. Kang pinangan jejaluk saari, ari miwah ki guru punika, deningoni mring muride, yen mungguh awak ingsun, siya-siya ingsun mastani, dene kawula ingkang, tan bukti sawindu, amung kang nginum waragang, mung saguci awak rahmat sajeng misih, dene tan bekrakakan.
  16. Pan kagepok wadine ki santri, sru muleleng asta suraweyan, eh apa su’al-mu kabeh, den akeh den-atumpuk, kalumpukna aywana kari, mengko ingsun kang jawab, yen sira nora wruh, ingsun guruning ngulama, kae Besi inggih kawula kiyahi, gadhah su’al wadhagan.
  17. Pan kasengsem duk kalebeng warih, lulumuten kalebeng pawaka, nusup nga/ra-ara gedhe, kagyat ana wong bisu, nguwuh-uwuh melingi kuping, sirna manggung katingal, bagda durung rukuk, ngambil geni tur didiyan, akekebut tur kang kinebutan angin, ngangsu pikulan toya.
  18. Lan isining jagad sadayeki, pinten prakara kabeh cacahnya, lah ika jawaba kabeh, ki pangulu anjetung, wiruruten netyanira nis, legeg tanpa wicara, asawang cungkulub, arsa muwus bokmenawa, tan katuju malah garowah  twasneki, satengah tanpa apngal.
  19. Asru ing ngetak mawanti-wanti, upamane wong tuli awuta, kongsi jinawil pupune, kagya[t] ki guru muwus, sayektose kawula kyahi, basa karana Allah, adhuh minta ampun, pangaksama insa’allah, adhuh kyahi kawula anunuwun yekti, ing paduka mulanga.
  20. Kamiselek ing tyas merbes mili, saking kaduwung salah ing tingkah, Ki Besi awlas driyane, eh reke dika mantuk, sampun siliha wektu tangis, /wus parentah ing Suksma, jer dika kumingsun, reke nunten umantuka, sampun dangun puniki wus metu mahrib, reke andika salat.
  21. Adhuh Kyahi boten purun mulih, nadyan silih jangkepa sawarsa, mati ing gon wus pesthine, Ki Besi awas dulu, bok kiyahi ingsun tuturi, supaya amuliya, aywa wet mor ingsun, mamedhar pruwitaning wang, eh kiyahi pangulu ywa walang-ati, nging nuli alungaa.
  22. Pan kageseng duk kalebeng warih, lulumuten duk aneng pawaka, banyu ing netra tegese, gesenge eremipun, basa lumut sajroning geni, roh ilapi geninya, apngal lumutipun, pramila lumut angaranan, tegesipun undhak ing kawruh sajati, angrampo nora suda.
  23. Nusup ngara-ara semuneki, iku nunggal sirna kang katanial, makripat iku ngilmune, paningal ing reh iku, kagyat ana wong bisu nenggih, rumunggu jroning karna, apngal ing roh kudus, bakda sadurung ing niyat, iya iku kang salat jro sanubari, ngangsu piku/lan toya.
  24. Kita iki kaserenan nasir, geni banyu angin lawan lemah, ajujuluk jagat reke, miwah saisinipun, jagat traya mung tri prakawis, kang dhingin ran nurrullah, kapindhone iku, wujud kahanan ing Ngallah, ing tegese mendhak lan mandhukul nenggih, basa nur iku cahya.
  25. Apa ingkang tanpa cahya iki, sabarang kang katon ngalam dunya, pesthi mawa cahya kabeh, ingkang ngabang kang biru, ana bawuk kalawan kuning, reged resik mawarna, akeh rupanipun, kabeh iku aran cahya, dene mendhak mendhukul puniki yekti, barang kang katingalan.
  26. Pesthi kacek-kacek sadayeki, marma muni sipat jroning lapal, mukallapa tumaninge, lil kawadisi iku, gih puniku muradireki, muwah lokat maknannya, mung prasejenipun, pangulu kala miyarsa, sru marwata kalangkung panuwun mami, saking barkah paduka.
  27. Sajeg kawula dereng amanggih, cipta kadya pangandika tuwan, wasisan mangsuk nuwun, mugi tedah/ena wak mami, wonten su’al rinasan, santri tanpa bedhug, lan tunjung tanpa telaga, lawan ingkang sagara gung tanpa tepi, papan datanpa serat.
  28. Sagara gung laut tanpa tepi, lah punika mugi barkahana, kae Besi ris wuwuse, modin kang tanpa bedhug, sasemune ana kang ngilmi, agama tegesira, agama puniku, nora nana sampurnanya, dudu kalek ing manusa semuneki, tunggal sirnaning nganyar.
  29. Wus jumeneng sahadat sajati, semuning tunjung tanpa telaga, roh ilapi sajatine, ananing dattolahu, iya iku ingkang nguripi, miwah tekeng pralina, iku sawabipun, tandhane kang duwe tondha, kang tumondha aja angrasani gusti, uwisa dening para.
  30. Sagara gung laut tanpa tepi, kanyatahan urip ing Pangeran, kaya mengkono tatrape, miwah urip ing banyu, banyu dening tan keneng pati, sapa silih weruha, pati ning/kang banyu, su’alaning ngurip tunggal, sirna luput (sic) kang nganeng dattolah singgih, yeku sagara mulya.
  31. Papan reke ingkang tanpa tulis, pawor ing solah wujuding tunggal, rasa jati iku reke, ki pangulu umatur, pasang yogya puniku kyahi, leres sarta karasa, mring sajroning kalbu, kuneng ingkang nganeng wisma, arinira ki pangulu angulati, kongsi dalu tan prapta.
  32. Ingulatan dangu tan pinanggih, wus tinurut paran ingkang raka, cineluk sumaur rereh, adhi kene gon ingsun, aja swara ing lyan sireki, lagi lega tyas ing wang, kang rayi umatur, lumebu gampeng gumampang, tumranggal edir ing tyas amemasang dhiri, watak tingkah taruna.

® Pupuh 02 ®
S I N O M

  1. Punapa ingkang kinarsan, lawan sinten rowang linggih, ing ngarsa paduka kakang, tanpa kurmat ing ngalinggih, punapa setan ejin, tan weruh paduka guru, nulya lenggah tan taha, rika reke wong ing pundi, papantese angrimuk mring sinatmata.
  2. Ki Besi anjawat asta, rehning sudaranireki, / mitranipun sang wasita, pasang bage sang ngaprapti, kados yen den-ulati, rakanta tan mawa tutur, leres angulatana, sang liningan tan nauri, teka meneng Ki Besi mesem wardaya.
  3. Ki Besi aris atanya, mring panguluh eh kiyandhi, sinten wastane arinira, ki pangulu lingira ris, kadang ngong kang taruni, awasta ki Ketib luhung, karyanya amratopa, ngibadah ki’at lapali, kae Besi mesem sarwi iyatalah.
  4. Nora kayaa ki umah, numbras edire kepati, kaya dudu titah ing Hyang, apaa tegesing Hyang Widdhi, sih ing sira pribadi, nora asih ing Iyanipun, Hyang Suksma ta kerana, siya esak nandhang milih, sawusira dangu meneng ingenengan.
  5. Ki Ketib Anom angucap, ingsun jawab maring kami, ingsun duga nora watak, kaya kakang tanpa budi, ingsun dening Hyang Widi, sinungan kwasa donyeku, ala becik ingsun kadugi, /panduming Hyang ing dunya sinung pangwasa.
  6. Yen sira mitra mring kakang, apa karti ning ngaurip, atawa jawab maring wang, Ki Besi sumber ririh, linggih ing karya mami, ambekan lawan rumungu, apa kang dera pangan, nginum sajeng kang sun bukti, kae Ketib anjelih ariyak-riyak.
  7. Nora lidok ujar wang, si setan angajak kapir, lungaa teka ing guwa, dawek kakang padha mulih, wong kena ing jeladri, linaden rowang amuwus, Ki Besi lona angucap, eh Ki Ketib kados pundi, ing wuwusta kapir punapa artinya.
  8. Kang raka ris angandika, eh adhi dipun-aririh, micaraa den-atata, sirik alat mring sasami, kang rayi anauri, linggih yen karsanta purun, lumadi sawatara, nanging nunten dawek mulih, eh sang tapa sira tanya kehing kopar.
  9. Satus pitungpuluh lima, munapek lan kapir jindik, lawan kapir mutajilah, munapeg gedhening kapir, Ki Besi anauri, ka/dos pundi artinipun, Ki Ketib ngling mangkona, munapek wong tan gugoni, yen manusa sabarang tan aguguwa.
  10. Sapa sudi tetunggalan, mara jawaba Ki Besi, inggih leres nanging uga, kalamun wong tan gugoni, pama kinarya gusti, pesthi yen kena tinurut, kinarya nara nata, kawula kadugi ngabdi, Ketib angling liya iku ora nana.
  11. Sagung guru kang ngulama, kitab-kitab sun petani, kalamun bisa anyu’al, tetep ingsun anguroni, Ki Besi anauri, kang lewih mokal ing Rasul, nengguh ingkang wiwitan, kang winastan lapal kidib, basa kidib linyok (basa linyok) cidra.
  12. Basa cidra sinten ingkang, kawasa dipun-tunggali, nadyan jasade priyongga, pesthi tan bisa nyundhuki, nadyan silih Hyang Widdhi, tan pinereng karsanipun, sinten remen dinoran, ki guru amuwus aris, yayi bener wecane sang pinandhita.
  13. Destun wong ngulah agama, ngrujugaken tingal batin, mongka manggung aselaya, / kaya paran gon ing dadi, gela tyase Ki Ketib, dene bisa acelathu, arep ingsun wiwirang, teka dadak bisa angling, iya bener Ki Besi kang saprakara.
  14. Ana maning su’al ing wang, rondhon wilis tanpa warsi, mara uga anjawaba, adan sumaur Ki Besi, sipta nguripireki, iya iku uripipun sirnaning nguripira, jumeneng ngurip ing gusti, ywa kaliru mati urip saya nunggal.
  15. Iku sampurnaning ngedat, Ki Ketib malih nauri, tanggal pisan kapurnaman, kerut ing grahana singgih, sentek pisan nigasi, paran uga semunipun,  Besi ngucap punika, sentek pisan anigasi, sasmitanya liru wujud ing kahanan.
  16. Sapa kwasa mulat myarsa, sinten bisa ngakal mosik, siraningali punika, ananya ananing Gusti, aywa angroro dhiri, iku surasaning kumpul, sirnane padha ana, kang sirna wujud yen mati, ingkang padha ana Pangeran lan Suksma.
  17. /Tanggal pisan kapurnaman, tur kelu grahana singgih, puniku reke semunya, ing mangke kadya duk nguni, kang karasa sajati, anaya mangke puniku, tur kinarya lantaran, kang kariyin kurup alip, dede sastra kang tapsir roh kang sampurna.
  18. Nyatane tapsir puniku, wawadhah ing roh sajati, wadhah ing tapsir puniku, lwih alus luwih suci, wus aja angraosi, den awas aja kaliru, lan aja sumambrana, yen sira nora udani, iya iku kang nyata tingal kawula.
  19. Allah Muhkamad pamornya, lan puji pratikelneki, dongane anjawat tangan, jenengingsalat ta mangkin, kang jenengaken ugi, ya paworing salatipun, tan wruh anjawat tangan, tan wruh ing rasa sajati, iya iku aran pamor jeneng tunggal.
  20. Sapa ngawinaken para, Ki Besi yen nyata luwih, Ki Ketib datan saronta, nging misih mempeng tyasneki, Ki Besi a/nauri, Allah kang mongka pangulu, walinipun Muhkammad, Jabrail mongka sesahit, malah aneng sajroning masigit johar.
  21. Monongka karesminira, apa tingkah-mu Besi, eh Allah apulang karsa, iya aneng jroning kapti, apa mas-kawineki, den aglis sira sumaur, nenggih mas-kawining wang, sayektine ngilmu jati, ajejuluk kiyanat kekasihira.
  22. Nging sampun kaliru tompa, wastaning kiyanat singgih, panjenengan ing Sang Hyang Dat, edat mutelak kang jati, kidan lan bakaneki,  wujude datan kadulu, mung Kyang Suksma kang purba, kang kapti sajroning kapti, pan punika sampurnaning mas kumambang.

® Pupuh 03 ®
MASKUMAMBANG

  1. Ya kerana kumambang ingsun arani, napi wujudira, isbate amartandhani, kaya edat jnengira.
  2. Eh Ki Besi sapa nginum lawan bukti, eh singgih punika, engaming dat para iki, sampun amanut ing liyan.
  3. Yen wus bukti arsa nginum toya suci, urip jeneng para, karana ingkang / rohkani, rohkani angsaling cahya.
  4. Cahya iku patibaning johar wening, dhuh sapa rowangnya, lamun sira bisa ngising, bisa mangan lan sembayang.
  5. Lan utawa wruh ing ngiman lawan tokit, kalawan makripat, sira weruh sadat jati, kalawan sadat sekarat.
  6. Apan tunggalipun kawruh rasa jati, iku tan pantara, salate rahina wengi, pan sakehe iku salat.
  7. Punapa ta kepasang yogyaning galih, Ki Ketib karoban, ing pasang siptaning lungit, rong sangat meneng tan ngucap.
  8. Kae uwa pengulu ririh anjawil, mring Ketib rinira, eh kadhi aywa nyampahi, sang wiku sabar waspada.
  9. Angur silih ngalapa barkah ing ngilmi, malar wuwuh bisa, Ki Ketib sendhu dennya ngling, Kakang wong sami tinitah.
  10. Ewa punika kakang ngong ngubayani, lamun saged babar, wasiyating guru mami, kawula dereng kabuka.
  11. Durung gingsir sayarda tyasnya / Ki Ketib, angangseg mangarsa, tur wus wayah lingsir wengi, Ki Besi rika jawaba.
  12. Kaya paran urip tingkah ing Hyang Widdhi, cilik lan gedhenya, akeh lan apa sawiji, kalamun iku akeha.
  13. Pan wus muni sajroning kang dalil kadis, siji pasthineka, yen siji ya kadi pundi, sagunging makluk kahananan.
  14. Lah jawaben dipun-age den-matitis, aywa meneng para, Ki Ketib sajroning batin, durung wruh manising su’al.

® Pupuh 04 ®
DHANGDHANGGULA

  1. Nedha aglis jawaben Ki Besi, teka mulur Ki Besi tyasira, mara rereh apakoleh, eh ananing Hyang Ngagung, secakakan manira wangsit, mani jro samudra, caplek mungguh tengsun, lawan silih warna pira, saisining samudra kang keneng warih, nadyan wedhi lan lemah.
  2. Yayi yuyu yayah yanging warih, warih warateng jiwa rakatha, mina mimi katuwone, wawejingen puniku, pineresa apa kang mijil, mokal metuwa naga, pesthi metu banyu, banyune sayekti padha, lawan ingkang sinaba warih jaladri, iku mungguh manira.
  3. Upamane mina jro jaladri, ye/n mariya pamanganing toya, apa silih jujuluke, tur nora dadya manuk, kari mati apulang [Wi]dhwi, duduh iwak mor tirta, sisik dadi endhut, lah apa winalang driya, kae Ketib sumungkem awetu tangis, ing padanya sang kaka.
  4. Besi angling punapa kiadhi, durung nrima semu kang mangkona, baya maksih aroronce, ing sipta durung cundhuk, Ketib ngucap sarwi anangis, sang pandhita-pinandhita, Nabi Duta langkung, rahmating tingal jro driya, guru amba satus kawanwelas maksih, dereng kapareng uga.
  5. Tangis amba tobat mring Hyang Widdhi, ko mangkene rasaning ngawirang, enak ginebug wong ngakeh, maksih kawasa dulu, lawan jeneng duraka jisim, iki duraka nyawa, baya tegesipun, ebate ing tyas manira, kae Besi bisa ngasmala ngreh mami, malah tan kwasa mulat.
  6. Karunanya asawang pawestri, Ki Pangulu angluluh wuwusnya, adhi mau ngong kapriye, banget pamenging ngingsun, ingsun yayi jer tas nglakoni, wus a/ywa keh rinasan, minta apureku, Ki Besi langkung sagara, Besi angling ana ta kadis sawiji, pangandikaning Suksma.
  7. Sagung manusa titah ing Widdhi, teka nora nimbangi sih ing Hyang, lamun bengi enak sare, sun reksa mangu-mangu, teka ngebuhaken Hyang Widdhi, wong marentah pengeran, kang mangkono iku, samongsa ingsun tinggala, kari rusak bathange pinangan genjig, Ketib apa mangkona.
  8. Nora nana goroh dadi tamsil, lamun turu lali Hyang Wasesa, kadukan cahya waune, sira tangi puniku, eling para lamun anggusti, alip jenengan para, kang sampun angguru, sayekti salat punika, nora kaprah nanging kaprah anglampahi, wau wonten punapa.
  9. Satangining karuna Ki Ketib, anebut pupungun waspa, satata umatur rereh, eh pukulun sang wiku, dhuh kawula paduka neksi, ing jaman wurining wang, aywana kadyengsun, /malar pinongka upama, kalakuhan pangucap anjunjung dhiri, kaenas bongsa kewan.
  10. Kawula dhuh panjingna mumurid, saparanta tan taha selaya, rumusak tapak padane, umangsah arsa ngujung, jawab pada nulya Ki Besi, api ametu toyan, sangadinya nguyuh tinut wuri datan ana, ingulatan wong loro datan pinanggih, emeng tyas sakaliyan.
  11. Wangsul mring guwa arsa manganti, kajat reresik patilasannya, bok keneya suwe-suwe, kupi arsa jinunjung, supayane pernah gyaneki, ginuyuh kupi musna, kari gelasipun, kang gelas anglis tinepak, swaranya jur kumariyek punang bling, binuka datan ana.
  12. Ketib sadhadep Pangulu anjlih, Dhuh Ki Besi punaka kawula, tuwan ilok-ilokake, destun tyas durung tutug, manggung kyadhi kang mamadoni, ya Allah nora talah, maring ngendi mau, tumutur medal singguwa, Ki Panggulu subrata mamati ragi, nedya/sumusul paran.
  13. Niki Besi eh para ta yayi, wus te/k/dire pinaringan susah, sira muliya den sareh, ywa nikelaken tuduh, ing wong tuwa sira gumanti, Pangulu mumulanga, ingsun arsa nglangut, lah poma sira muliya, kur-ungkuran Ki Ketib teka nuruti, tan ana bisa ngucap.
  14. Byar rahina pangulu wus tebih, anut pasisir saparan-paran, kalulun non samudra rob, ribet tyas dennya dulu, kaya paran ingkang jaladri, banjir teka ing ngapa, mring diasastipun, pitekur anjum wardaya, lilingsene lupa luwe sarta arip, ana rasaning driya.
  15. Nulya mangkat wus samangkat ati, ati tata-tataning satitah, katutuh kang durung teteh, tetela lamun luput, lepiyan kang wus kawuri, nulya ana sungapan, anjog samudra gung, gung tikbra anon sungapan, iya talah banyu iki seka ngendi, mring di paranira.
  16. Kacathet durung teka lumaris, datan kena katon ingampiran, binetahan amrih beteh, wus lami lampahipun, /kuneng gantya winuwus malih, Ketib ing lampahira, anilab tan mantuk, tan suda rasaning driya, kae Besi agawe cuwaning ati, mring ngendi paranira.
  17. Cecawetan anjujur wanadri, tan kena janma katon tinanyan, Ki Besi mring di parane, kang tinaken tan weruh, malah ngucap anarka baring, saparannya mangkona, lepas lampahipun, ana lakon pitung siyang, datan ana gubug padesan kaeksi, wus laju lampahira.
  18. Tan ana janma ingkang kaeksi, tinakenan miwah jinalukan, karana telas sangune, sangu antuk jejaluk, nging puniku tan ana kari, susah ketib tyasira, laku durung tutug, kaselak cupet sangunya, tengah wana ana katon janma kaki, kaki tur kawlas-arsa.
  19. Lara lempahreng pinggir ing kali, tunggak dhoyong ingkang ingenggenan, tur bolong pernah bokonge, pamrihnya lamun nguyuh, ywa kongsi susah lumaris, ngarsane ana ancak, sega iwak ngumbug, panganan sunging wong dagang, pinggir dala/n karyane amung ngamini, istijab pandonganya.
  20. Cahya wenes wutuh busaneki, duk umiyat Ki Ketib umarak, takon Ki Besi parane, sinauran tan weruh, atetanya wong ngapa kaki, panggonan panganira, miwah busaneku, sakalangkung tan sayogya, aneng wana panganane sarwa adi, sapa kang manci sira.
  21. Anauri wong liwat kang manci, Ketib mojar eh aja dinawa, ingsun iki selak luwe, musapir segamu, kaki asung karsanireki, paweweh ing Hyang Suksma, den warek den tutug, Ki Ketib sawusnya mangan, atetanya satemene iki kaki, apa panggotanira.
  22. Sun tingali lempoh sira iki, tur adoh pakarang pawisman, pepak sandhang lan pangane, sun banget salang gumun, lawan pira lawasireki, ki Tuha lon saurnya, meh ana sawindu, kamurahaning pangeran, durung ngepot kang sun sandhang kang sun bukti, ya Al[l]ah lewih murah.
  23. Wong adagang sun darma ngamini, dumadakan kolur sandhang pangan, lan tanpa braya sun kiye, murahaning Hyang / Ngagung, lagi durung ginanjar pati, kon urip ana pangan, ning sapanganipun, Ketib angling bener sira, lamun urip sarba istiyare prapti, murah ing Hyang istiyar.
  24. Iku basa kekerasan kaki, sato kewan lawan gagermeta[n], pesthi ana istiyare, marma na panganipun, mongsa kaya Pangranireki, ithik-ithik amurah, pira kadaripun, jatining Hyang Maha Mulya, nora arah mongka ngaku sira kaki, den regsa saben dina.
  25. Sira mongsa kayaa Ki Besi, bisa nora lunga-lunga lawas, nanging tan mangan jatine, mongsa kaya sireku, abung desa ngaku tan gingsir, tekeng panggonanira, tur ngaku sawindu, ithik-ithik kamurahan, ning Pangeran dening ingsun anglakoni, wong padha duwe Allah.
  26. Tan mangkone pratikele kaki, nora murah yen tan lan istiyar, kaki tuwa muwus rereh, mongsa seje ya iku, Allah sira lan Alah mami, amung sira kang beda, kalawan katengsu/n, ana lapal sipat iman, lawan ana lapal yahomil ‘akiri, ngandel dina ing wuntat.
  27. Kae Ketib latah anauri, teka dalurung etunging desa, nadyan lapal kang mangkene, ya iku dalanipun, marma saking istiyar neki, mengko kaki ngong jarwa, jasat lan roh alus, lamun maksih bongsa badan, kamurahan margane istiyar wajib, lamun wong bongsa nyawa.
  28. Kamurahan tanpa dalan prapti, iku kaki yen mungguh manira, ki tuwa meneng eseme, yatalah ta Hyang Ngagung, bisa karya awarni-warni, kuneng kang rebut swala, ana peksi siyung, aneng panging kayu sana, amelingi Ki Ketib rungokna mami, bener si kaki tuwa.
  29. Ingsun uwus belani si kaki, keneng pulut bodhol swiwining wang, tiba ing kali lor kiye, brondhol tan bisa mabur, katuju tan koningan janmi, kasangsang neng perbatang, iku antep ingsun, tur aneng tengah ing toya, nora bisa ngalor ngetan ngulon sami, mung jajah saperbatang.
  30. Duk ing kono ingsun krasa ngati, paran baya / manuk aneng toya, manuk alas ingsun kiye, dudu manuk neng banyu, dumadakan ing luhur mami, kang tumelung nging toya, ana kayu senu, tanpa uwoh ingkang wreksa, osik ingsun lekasana kayu siji, dudu panganan ing wang.
  31. Yen buluwa atawa waringin, lawan enggal ingsun arsa-arsa, wus takdir kene patine, narima awak ingsun, katujune tan mati wingi, umur wuwuh rong dina, ganjaran Hyang Ngagung, tan antara nuli ana, wre branahan angalih panggonaneki, iku neng luhur ing wang.
  32. Kecerane yen mangan kang kopi, iku akeh runtuh neng perbatang, kang sun pangan salawase, sun kongsi bisa mabur, marma sidik wuwusing kaki, iku sira idhepa, Ki Ketib sumaur, sira iki manuk apa, bisa ngucap pakarti tur kaya janmi, layak yen mangkonoa.
  33. Ujer sira malekat sajati, nadyan silih sira malekata, kwasa manusa jatine, jati manusa tengsun, ingsun iki hyan tan udani, sa/polah tingkah ing wang, prentah ing Hyang Ngagung, sun jumeneng rahsaning Hyang, arep apa sira manuk apraduli, tan arep pangrehira.
  34. Gantya menco ngling tutur sajati, ingsun ingon ing anak sudagar, sun cumbu uculan bae, mati aneng wana gung, gustingsun sadagar sugih, binegal aneng alas, dadya sun nglangut, marma bisa ngucap janma, tan pantara sang menco wus mabur tebih, Ketib sumelang ing tyas.
  35. Arsa ginugu datan kadugi, tan ginugu ing tyas tan anduga, enget tyas meneng asuwe, ngur malekat ta iku, nora tanggung gon angrasani, mudhun mring kaki tuwa, lah kaki lilamu, sega ingkang wus sun pangan, lawan ingsun anjaluk kang sega aking, ngong karya sangu marga.
  36. Eh ya apa sakarsanireki, aran iku kamurahan ing Hyang, Ki Ketib mesem wuwuse, ewa ingsun rumungu, kecap mangap murah ing Widdhi, ingsun arsa nyatakna, murah ing Hyang Ngagung, sawusira asadhiya, sangu karak umangkat ngujur wanadri, ngulati kamurahan.
  37. Ingkang marga tumeka pribadi, wus alawas tan ana karasa, antara sangu wus entek, lapa lupa kalangkung, dadya rereh dennya lumaris, ngendi gon sun istiyar, neng tengah wana gung, ingsun mangana godhongan, iya maksih tumeka istiyar mami, kang tan metu wak-ing wang.
  38. Kang katongton mung ujaring paksi, apa nyata ingsun tan kaduga, yen nyataa kaya priye, polah pratikelipun, kamurahan teka pribadi, lan samarga tan pegat, Ki Besi kinayun, kapapag janma lumajar, bokmanawa wineyan sega sun iki, saksat misih waking wang.
  39. Saksat jaluk upama nakoni, pasthi sumaur yen ingsun lapa, wineyan mengko temahe, durung murah ta iku, lamun durung teka pribadi, temah nyimpang sing marga, neng ngisor wreksa gung, kayu growong sinusupan, kang supaya aywana janma udani, kang liwat wong adagang.
  40. Juragan ageng keh motan sapi, dumadakan sapine gambi/ra, wowotane padha kecer, sapi patinng salusup, bubar mawud maring wanadri, gumeder ingadhangan,  wonge ting salusup, Ki Ketib inginjen tumingal, wowotane kecer datan pinarduli, Ketib ling inng wardaya.
  41. Iki godha donya kocar-kacir, durung murah yen ingsun juputa, ngong jajal sun meneng bae, gumeder ngalor ngidul, ting bilulung ngulati sapi, Ki Ketib mulat nulya, api-api tan wruh, wong dagang prapta genira, tinakonan Ki Ketib sayapi mati, nom tuwa padha prapta.

® Pupuh 05 ®
S I N O M

  1. Wong dagang pating gurayang, wong ngiki satengah mati, kaliren neng tengah alas, mesakaken sun tingali, tawanana abukti, pasthi arep yen karungu, prapta angambil sega, Ki Ketib meneng tan angling, mata merem cangkeme mingkem kewala.
  2. Ki Ketib osiking nala, lamun ngucapa sun iki, dadi dudu kamurahan, marga pangucap puniki, lamun ingsun bukti, tanganingsun maksih muluk, maksih istiyar ing wang, Ki Ke/tib malah mundelik, wong kang dagang alok mati mengko uga.
  3. Eh batur sira ngambina, maduning tawon sathithik, prapta madu winadhanan, tinetesken tan ngecapi, cangkeme saya kancing, ki juragan saya gugup, mengko mati temenan, wengkangen dimen ngecapi, sru winengkang ngesokan madu cangkemnya.
  4. Maksih kinembeng kewala, durung gelem angecapi, cangkem wus kinebekan, gelagepan apaneki, kaselak madu keli, kaulu wus prapteng gulu, Ketib gumuyu latah, murah temen Maha Suci, tinakonan wus jarwa sasolahira.
  5. Ngungun gumuyu kang myarsa, sakehe ingkang ningali, wus amit ungkur-ungkuran, samarga ngungun Ki Ketib, tobate andhericis, biyen uwus tobat ingsun, ngina sapadha-padha, mengko iki kaping kalih, tan antara peksi menco prapteng ngarsa.
  6. Mamelehken wuwusira, sita tan ngandel Hyang Widdhi, ing mengko wus kalampahan, tobata sira deneling, Ketib gu/muyu belik, eh menco bener sireku, payo sira sun gawa, mring wismengsun sun ingoni, gya dinekep kang peksi menco wus sirna.
  7. Sajatine malaekat, Ki Ketib ngungun tan sipi, yen weruha malaekat, sun takon gone Ki Besi, mupus ing tyas wus pasthi, polah titah ing Hyang Ngagung, wus lepas lampahira, kuneng gantya kang winarni, Ki Pangulu kang nganut pinggir samudra.
  8. Kang pinangan mung gogodhongan, kang dinugan kang kinapti, miwah woh katuting sarah, mangkona salamineki, cinipta mung Ki Besi, datan ana lyan kadulu, munggah ing parang sengkan, anulya ana kaeksi, kanang guwa luhur respati tur padhas.
  9. Cala lit tanpa kakaywan, padhase kaya ingukir, wancak suji ana pindha, kang pindha bale mangapit, ana manusa siji, wayahe satengah sepuh, kukap cawet babakan, tan ana karyanya malih, mung ngusungi sarah ingkang warna/-warna.
  10. Godhongan ingkang katingal, jinuput aneng ngarseki, mung cinekel tininggalan, manggung angiling-ilingi, bos[en] amendhet malih, tanpa ngucap tanpa turu, Pangulu duk umulat, ririh teka angunggahi, wusnya tata lungguh Pangulu atanya.
  11. Paduka sang maha brata, ing pundi ingkang kawijil, lan punapa kang kinarsan, Sang Tapa datan nauri, ing ngulate amanis, trepsila ing lungguhipun, dhapure analongsa, Pangulu keguh tyasneki, Kyahi Tapa muga sampun aduduka.
  12. Ing wau kula gumampang, dereng wruh karsaning brangti, Pangulu tumungkul sarta,  mangen-angen rehireki, yata ana kapyasi, sajroning talinganipun, eh ki prapta ywa duka, kawula wong kemul langit, kandhang mega akadang wukir samudra.
  13. Ki prapta sampun duduka, ambisu sun sedya ngati, andika punapa gurnan, jagongan kalawan mami, kawula sapuniki, boten kenging acelathu, dene dika/ ngupaya, enggone Kiyahi Besi, ing puniki duk mulih mring nagri Wandhan.
  14. Kagyat pangulu jenggirat, tiningalan maksih linggih, tan montra netya ngucapa, tinanyan malih tan angling, meksa meneng tan muni, Pangulu garjiteng kalbu, aneh wong iki uga, jajal ingsun meneng maning, jroning meneng Pangulu ana pangucap.
  15. Tur pangucap sarwi suka, malah katon jroning ngati, punapa andika ngucap, wonganeh maring wak mami, Pangulu manas angling, nging tanya sajroning kalbu, malah merem netranya, Pangulu kadya wong ngipi, atatanya Ki Besi benjing punapa.
  16. Prapta panggih lan kawula, lan sinten wasta sang branti, eh Ki Besi pan meh prapta, aran ingsun ing saiki, Kalam-molah wak mami, ingsun tutur ing sireku, arinira meh prapta, anusul maring ku Besi, lawan sira bakal aneng ing laotan.
  17. Pangulu malih atanya, punapa ingkang kinapti, sakeh sareh gogodhongan, paduka iling-ilingi, ingsun nora jarwani, takona Ki Besi besuk, Pangulu malih turnya, kawula tur pati urip, nuhun lebur tapak padasta paduka.
  18. Kang pesthi donya ngakerat, sang maha brata lumaris, wong punapa awak ing wang, tuhu dahad dameng ngilmi,mung kojah para wali, warah ingsun mring sireku,nat kala  musawarat,kumpulan sagung pra wali, angrujuken ing kawruh lah piyarsakna.

® Pupuh 06 ®
MASKUMAMBANG

  1. Maskumambang kang mongka murdaning gupit, aneli kang sabda, ambuka rerasan adi, manitreng duk Sunan Benang.
  2. Pakumpulan kalawan Susunan Giri, Sunan Ampeldenta, kapat Sunan Geseng angling, aris maring Sunan Benang.
  3. Kados pundi panggerane kawru[h] jati, pangawruh paduka, Jeng Sunan Benang lumaris, anadene yen manira.
  4. Yen jenenging rupa puniku sayekti, ananira nyata, kelokaning rupa jati, jatine karsa manira.
  5. Angling malih Jeng Susunan Geseng maring, Sunan Giri-gajah, pekenira kadi pundi, menggah panggeran paningal.
  6. Manabda ris Kangjeng Susunan ing Giri, kang puji punika, sayektine / rupa jati, iku sapamirsa paduka.
  7. Lingnya malih Pangeran Gageseng aris, mring Kangjeng Susunan, Ngampeldenta kadi pundi, ing sapamirsa paduka.
  8. Anauri Jeng Susunan Ngampel-gadhing, ingkang salir nyawa, solah tingkah muna-muni, sakyehning panggawe ngalam.
  9. a. Uliye mring sampurna jatining kapti, iya iku ing wang, ya iku sajatineki, kang ran lah sun yyan manira.
    b.  Sebute Allah sun nabda dat alahi, nulya kang pangucap, Pangran Gageseng yen mami, ingsun wong kandheg ing Allah.
  10. Kang puniku den-ukumaken tan apti, ngukumi tan arsa, angling Sunan Ngampel-gadhing,  punapa boya kantenan.
  11. Ing karsanta sampurna sapraptaneki, miwah saulihnya, anenggih sang suksma jati, tan kajero tan kajaba.
  12. Nora lapal lawan tanpa makna ugi, tanpa padha neka, tanpa kahananireki, puniku lawan malihnya.
  13. Loro datan ana Pangerane kalih, jawab kang punika, suka Pangran Ampel-gadhing, eh eh anak putuning wang.
  14. Padha sira teki-tekiya ing ngilmi, panggeran sampurna, iya kang jumeneng wali, sadaya ngisep punika.
  15. Bo/ya ana Pangerane myang Nabyeki, miwah tan mangeran, ing Ngal[l]ah lan iku Nabi, sayekti dudu panutan.
  16. Mantep suksma kewala poma den gemi, rerasan punika, binunuh ukume yekti, buka gaib tebenging Hyang.
  17. Ki Pangulu sangsaya padhang ing galih, lir mas sinepuwan, lir malam katrapan api, nging maksih kadya supena.
  18. alam-molah atanya osiking ati, lah punapa rena, pituture wong tanpangling, nging kawruh taksih taruna.

® Pupuh 07 ®
S I N O M

  1. Pan dereng montra miriba, lan Ki Besi guru mami, Ki Pangulu aturira, kalangkung nuhun ingkang sih, nokitken tingal batin, Ki Kalam-molah amuwus, lah wus para meleka, Pangulu nulya anglilir, wus kapanggih neng pulo tengah samudra.
  2. Sang Tapa datan karuwan, Ki Besi katemu linggih, gelas kupi wus sumadya, pulone alit tur inggil, sadhepa apasagi, tan ana watu myang kayu, mung padhas amenthilas, Pangulu gugup ngabekti, kae Besi cineke/l tan kena uwal.
  3. Pangulu amatur nembah, pulo pundi dhuh puniki, aripak aneng lautan, kawula kalangkung ngajrih, kae Besi nauri, iya layaran rong taun, saking nging nagri Wandhan, hyan teka ngomahireki, ana uga lalayaran pitung warsa.
  4. Iya yen ngidul rong wulan, rong sasi mangetan malih, ngalor ngulon padha uga, tan ana dharatan keksi, pulo sikareng keksi, sira mau atatemu, lawan Ki Kalam-molah, iku uga mitra mami, pakaryane ngiling-ilingi godhongan.
  5. Mau tuturmu maring wang, akon sajarwa sireki, marma godhong tiningalan, pan iku minongka tasbih, apngalliya asuci, tekeng ngriku tuduhipun, kang manggung tiningalan, kaliyang sirnaning kuning, dadalane kang manggung ngiling-ilingan.
  6. Lan tinitah beda-beda, ana karyane pribadi, iku kang pinaham-paham, Ki Kalam-molah sayekti, Pangulu tanya malih, punapa kang samodra gung, yen rob wewah kalintang, yen angok suda kepati, dhuh puniku punapa ta sababira.
  7. Ki Besi tutur sajarwa, sababe ingkang jaladri, kang dhingin sabab agungnya, kapindho sabab ing angin, angin ing jagat iki, yen sore mirih mindhuwur, banyu satengah nglempak,ing pinggir kathah wong neki, marma angin mindhuwur sabab ing surya.
  8. Yen sore srengenge ilang, punang jagat temah atis, yen esuk aruna prapta, kasumukan jagat iki, susumuk dadi angin, warata mring bawana gung, nempuh maring samudra, banyu ber udaya banjir, dudu banjir banyu angalih panggonan.
  9. Pangulu umatur nembah, menggah ing jasat puniki, punapa inggih sanesa, sami nama jagat singgih, Besi nauri aris, padha uga solahipun, yen santri kitab rancang, nanging durung amatitis, satemene ingsun muwus cara Jawa.
  10. Den dhemen sira miyarsa, lan rasakena pribadi, aja sira musawarat, yen durung nunggal sakapti, bok tan nyandhak kang myar/si, satemah ingaran kupur, ingkang pinalang-palang,setengah ambuka gaib, kaya bisa yen wus wijiling ganjaran.

® Pupuh 08 ®
M I J I L

  1. Ingkang ingaran manusa kulit, dene kang sipat wong, anging kulit mung buntel gawene, kang supaya ing jero ywa garing, kerasaning kulit, yen ginepok iku.
  2. Marma krasa sabab saking getih, marmane mangkono, lamun badan gringgingen rasane, jiniwita nora montra sakit, gringgingen puniki,  meneb daraipun.
  3. Obah ing balung kang gawa daging, iku saking ngotot, obah ing ngotot pikiren reke, yen tan wruha uripe tan tertib, basa nora tertib, tegese tan urut.
  4. Aja sok ngaku urip sawiji, kang mangkono goroh, marma ngong ngarani goroh mangke, tanganing wong anambur upami, wong gambang kumitir, mokal dhewekipun.
  5. Mongsa kobera aduwe kapti, / karepe semono, lawan malih yen obah drijine, ngisor kuku miwah ing jejenthik, yen uripa siji, jenthik otot nurut.
  6. Wiwit jenthik prapta jroning ngati, mongka tan mangkono, Kya Pangulu angangsek ature, dereng serep nanging jeg matitis, ingkang pundi ugi, nenggih dunungipun.
  7. Besi angling pawore sayekti, ingkang ngaranan roh, roh panekar iku upamane, ingkang ngakeh-akeh ingarani, tegese puniki, sabab aranipun.
  8. Sawab dudutane molah mosik, bubuhan ingkang roh, roh pipikul upamane kabeh, kang sawiji upama roh carik, amratikel kardi, marentah sedarum.
  9. Balung daging ngotot miwah kulit, karyane meh awor, padha jumeneng dandanan kabeh, seje lawan banyu angin getih, kang telung prakawis, dadi sabab iku.
  10. Mulane tangan bisa amosik, kaceneng ing ngotot, kang cineneng iku ba/balunge, obah ing oto[t] saking ing getih, getih kang neng daging, nglawani karyeku.
  11. Dening ngobah ingkang punang getih, babayu kang ngoyot, obah ing banyu iku sawabe, ingkang ngirit angin ingkang aris, teges ingkang ngangin, aris iku sumuk.
  12. Sumuk ing ngurip ingkang amawi, kang kukutha kono, mongsa borong gon andunungaken, susuh angin ya canduning ngangin, wus bangsaning gaib, tan kena winuwus.
  13. Yen-nganasir owah salah swiji, jeneng lara encok, lamun getih angowah arane, lara apus emar rasaneki, kurang panas sakit, kemel kekes iku.
  14. Lara telung prakara puniki, iku laraning wong, kang wus tuwa mengkono tindake, marma owah paningalireki, banyune mung kedhik, tan kaya duk agung.
  15. Mila suda pamiyarsaneki, susumuke kalong, mila aber kang lidhah polahe, otot alum getih mung sathihtik, / yen mamangan kaki, suda rasanipun.
  16. Dene sungsum karyane nguripi, balung kang den emong, sabab kang sungsum lenga dhapure, iku banyu ingkang gawa geni, yen ngamungna warih, berek maring balung.
  17. Dhapuring lara mung rong prakawis, tegese kang roro, dhingin owah pasang ing nasire, iku uga aran lara wajib, ingkang kaping kalih, panganan margeku.
  18. Lara wenang kang saking ngabukti, kang kajaba kono, lara duraka iku maknane, keneng bendu ujar sok alali, marang ing Hyang Widdhi, kang lara kabentus.
  19. Ki Pangulu umatur aririh, palaling Hyang Manon, basa istiyar lawan papesthen, kados pundi pasang ingkang yekti, wenang wajibneki, Ki Besi umatur.
  20. Aja kakeyan pamekireki, kang satengah ing wong, kang istiyar marganing papesthen, ana satengah ana wong akiwit, rosa istiyar ing, pakaryanireku.
  21. Ana ma/ning ingkang den karemi, mung pesthi wus dheprok, ubang-ngubeng mung pesthi andhege, kang mengkono yen mungguh ing mami, bener sadayeki, karo padha luput.
  22. Karanane kawruh ingkang dhingin, wong ngengkel mring Manon, kang sawiji ngresula semune, pangulang ling adhuh ingkang pundi, tyas langkung kagimir, su’al kalihipun.
  23. Mungguh manira kang prapteng tokit, kinumpul kang roro, yen wus kumpul ngalih jujuluke, ki istiyar kalawan ki pesthi, arane puniki, pinareng punuju.
  24. Iku kang wus tegdir dalil kadis, kusus para raos, kalawan ana patarangane, lamun arsa masang susuh pesthi, ngesemana ngilmi, sira den tuwajuh.
  25. Basa ngilmi kawruh warni-warni, peten salah sithok, upamane pandhita gawene, sring niteni gagak lamun prapti, palaling Hyang Widdhi, gagak margenipun.
  26. Tur ta gagak tan pisan ngawruhi, itung kareping wong, mila dadya pandhita ngilmune, jer ing batin ing tyas wus ubanggi, ajana kang prapti, dhangdhang yen tan pethuk.
  27. Kadyangganing wong ngaduwe / ngilmi, olan-olan alon, dennya ubaya mring santikane, nora nana ula ingkang mandi, lamun ana mandi, Ngijrail neng ngriku.
  28. Ana maning upama sawiji, wong ahli maido, lawan wong ahli gugon pamane, tur ta karo iku padha sidik, wus karseng Hyang Widdhi, genti patrapipun.
  29. Endi lire ingaranan ganti, yen wong kang maido, bakal ana warta tan kayekten, demadakan karsaning Hyang Widdhi, kang maido prapti, bener wuwusipun.
  30. Lamun bakal warta kang sayekti, dilalah kang gugon, ingkang ana ing kono wartane, ginugu dadi kang warta sidik, wong maido tebih, dumadak tan ayun.
  31. Iku lire patarangan pesthi, antep kang mangkono, Ki Pangulu legeg jro driyane, sakalangkung lumeket ing ati, rumasuk ing budi, karaket jajantung.
  32. Kawula kamipurun mangsuli, katur kang katongton, Ki Kalam-molah pundi wismane, kawula dahad dereng dumugi, gen kula kapanggih, Ki Besi gumuyu.
  33. Teka meneng solahe Kya Besi, Pangulu duk tumo/n, ana karaseng tyas kaduwunge, gennya munjuk arsa apapanggih, kang katon ing galih, Kalam-molah wau.
  34. Kya Pangulu meneng datan angling, tan dangu karaos, jro talingan ana swara rereh, muni Kalam-molah datan molih, nging swara anitir, tan salin kang wuwus.
  35. Jroning netra tan liyan kaeksi, Kalam-molah katon, manggung katongton aneng netrane, mulat samudra milu kaeksi, dulu langit-langit, tumut aneng ngriku.
  36. Kalam-molah kang manggung kaesthi, bosen dennya tumon, manggung katon tan ana karyane, miwah kang karungu tanpa kardi, mung manggung mumuji, maring jenengipun.
  37. Kalam-molah tan liyan kapyarsi, bingung dennya anon, Ki Pangulu amubeng polahe, mulat lor kidul milu kaesthi, miwah kang kapyarsi, merem andhekukul.
  38. Maksih katon sigra angrubungi, ing pada rawat loh, adhuh kula edan temah mangke, yen tan padu/ka sih ing kaswasih, rucaten puniki, kula kesel dulu.
  39. Malah ajrih bosen aningali, yugya tan antuk don, minta apura punapa sak reh, tan uninga ing wau sayekti, ing tindak puniki, kang angreh pukulun.
  40. Duk ing wau paduka sung warti, mimitra kimawon, marang Ki Kalam-molah ing mangke, dene paduka kang ngreh sayekti, pakarti puniki, dhuh bosen pukulun.
  41. Kae Besi wus menenga ugi, pratingkah guguyon, balik payo mring dharatan age, sun arsa nemoni rinireki, wong nguwis ya uwis, payo padha laju.
  42. Duk umadeg sing sasana nuli, sumaput kang panon, Ki Pangulu nora wruh parane, wusnya eling byar aneng wanadri, neng prabatang nginggil, panggih rinireku.

® Pupuh 09 ®
KINANTHI

  1. Kinanthi janma katelu, Ketib Pangulu Ki Besi, wusnya takon-tinakonan, ing sasolah tingkah neki, kupi kapanggih sumadya, Ki Keti/b umatur aris.
  2. Nanging batine kasusu, atur takone Ki Ketib, muwus atur cecandhakan, sarwi kurmat mangku kupi, pukulun ingkang waragang, punapa karyanireki.
  3. Kebangrasen aturipun, Ki Besi aris nauri, pakaryane kang waragang, kitab tasbeh aneng kupi, samongsa ingsun nginuma, kang panon rasane salit.
  4. Miwah wuwus lan pangrungu, sayekti rasane salit, supaya sun kelingana, apesing ngaral puniki, jer ki ati sok gumampang, angaku tawekal ugi.
  5. Yen durung kalebon iku, rumasa eksas sayekti, satengah mendem karasa, taliyuring tingal batin, supaya wet elinging wang, lan wuruke guru mami.
  6. Tan kena mareni ingsun, gon ingsun kulineng kupi, kalawan angudang gelas, yen durung lir guru mami, guru ningsun yen waragang, den inum nora ngendemi.
  7. Tanpa sarat lawan ismu, mung tewajuh den geladhi, yen nginum kebag gya mutah, utahan den inum janmi, nora o/wah endemira, iku sun sedya ing ati.
  8. Ketib matur kula suwun, paduka inumi kedhik, destun arsa ngraosena, endeming anginum awis, Ki Besi nauri aja, ngeman ngibadahireki.
  9. Sira wong bakal pangulu, anempuh karam binukti, Ki Ketib aparikedah, kenging ngugi wong ngayoni, asanget pameksaning wang, paduka paring sakedhik.
  10. Punapa sayektosipun, ngowahken ing tingal batin, Besi muwus eh ta nyata, marma kinaramken niki, nadyan silih mengkatena, destun arsa angraosi.
  11. Ki Ketib sinung wus nginum, tan pantara endem prapti, rada kaduk panginumnya, netra bilut ngemu getih, sura ing pamuwusira, sumaguh maring binatin.
  12. Kadariyahe kumebul, kumruwuk anjunjung dhiri, iki uga bisa gampang, gon ngumpul mring iman tokit, sarwa kaconggah tyas ing wang, umatur maring Ki Besi.
  13. Paduka duk wau dhawuh, ing / timbalan maring mami, supaya ing tyas ajriya, goroh paduka puniki, dene ta amindhak sura, agampang mring barang kardi.
  14. Sakeh mring panggawe saguh, ambubrah sakeh ginaib, pnalangan nora kena, malah ngaku wujud Widhi, lelungguh asila tumpang, tangane manggung nudingi.
  15. Kya Pangulu salang gumun, banjur edan iki ugi, si Ketib polahe anyar, jer sok alat mring ki Besi, puluh-puluh wus dilalah, ki Besi amuwus aris.
  16. Nginuma maning sireku, Ki Ketib sumaur inggih, mandah nginuma ping tiga, ngong kira bisa tubadil, kaping pitu bisa mikrat, temah ngrasa suksma batin.
  17. Gelas tinampan wus nginum, gelas geng tur den kebeki, kasusu suka kaselak, awahing marebe[s] mili, endeme sangsaya ngrebda, dhasar nembe nginum sopi.
  18. Pecak pisan rada kaduk, durung sumene tinuli, gelas geng tur kinebekan, duk kaping kalih / gumuling, nulya salin sambatira, peteng temen netra mami.
  19. Cat-ecatan yen rumungu, gumarebeg kadya angin, panon ingsun belang-belang, mumete kapati-pati, angenting sasambatira, kapoyuh sarwi anangis.
  20. Mutah banyu mancur-mancur, dhasare wong tanpa bukti, sumaput lajeng kantaka, mesem amulat Ki Besi, Kya Pangulu wuwusira, wurung edan sida mati.
  21. Kantakanira kadulu, tan winarna nulya nglilir, sauwusira waluya, tinakon marang Ki Besi, kapriye rasane uga, duk kathah lawan duk kedhik.
  22. Ing mau gon-mu anginum, gedheg-gedheg ngling Ki Ketib, punapa ingkang amawa, kaconggah duk lagya wiwit, lawan kapenak maring tyas, duk sanget teka asalit.
  23. Teka bingung tanpa tembung, amubeng temah alali, adhuh aleres paduka, arale kaesi-esi, adhuh tobat temen ing wang, go/ningsun manggung alali.
  24. Angina wus kaping telu, sapisan durung beneri, angina mring kaki tuwa, mring Ki Besi wus ping kalih, iki apa ati bakal, ngalamat naraka geni.
  25. Wong berbudi kang amuwus, kang mangkono dadi tamsil, tegese tamsil upama, ajana padha nglakoni, angina sapadha-padha, iku kancane Ki Ketib.
  26. Panggawe sabab ing dhapur, seje rupa seje kardi, yen rupa iku padhaa, pesthi panggawe mung siji, mulane awarna-warna, sabab kang rupa mawarni.
  27. Anenggih mangsuli catur, patakone mring Ki Besi, sababe wong ngumbe arak, Ki Besi wuwusira-ris, mulane wong ngumbe arak, yen kedhik tyasnya amingis.
  28. Mulane ana dem iku, babanyu kalawan getih, sumilak ngalih panggonan, sumungsung mawaning ngawis, padha abanyu yen arak, angsaling kukus sayekti.
  29. Kang kukus kudu mindhuwur, angirid banyu lan getih, getih sumungsung mring muka, / peteng mring netra myang kuping, marma iku padha owah, paningal myang pamiyarsi.
  30. Her netra kasaban marus, marma peteng temah abrit, yen sedheng keh kedhikira, sedheng rasa mundhak mingis, yen kaduk temahan kalah, kang jiwa ongga puniki.
  31. Seje endeming kacubung, endeme kadukan angin, tan montra sikareng toya, sawab iku tanpa warih, endeme amung parungsang, mung nempuh jiwaning dhiri.
  32. Netra kuping maksih bakuh, mung lupa rasaning dhiri, sabab tanpa wuwuh toya, iku amung deming angin, yeku araling kawula, ki jasad sring ngowah gingsir.
  33. Aja sring ngaku sireku, kawasa ngreh jiwa dhiri, yen sireku kawasaa, pagene nora udani, cukuling wulu kukunya, iku pratondha sayekti.
  34. Wus karo muliya iku, ya padha ingsun amini, Pangulu matur sandika, Ki Ketib lengganeng kapti, durung tutug karsanira, pinaksa datan nuruti.
  35. Ki Besi lon wuwusipun, apa mantep karo sami, yen nyata anut maring wang, sun nyatakaken sire/ki, mara kupi tututana, endi kang kebat sayekti.
  36. Kupi inguncalken gupuh, mangisor pambuwang neki, saking luhur ing prabatang, sigra kalih tan udani, anjlok kupi tinututan, byar ilang alam wus salin.
  37. Kapanggih neng wismanipun, Ki Besi wus tan winarni, kupi kang kinarya gelar, tan pandon datan kawarni, Pengulu wus prapteng wisma, miwah ari[n]ya Ki Ketib.
  38. Ki Pangulu langkung sukur, upama bedhah nagari, kaboyongkena putrinya, kadyangganing wong angimpi, praptaning wisma kalawan, duk panggih aneng jeladri.
  39. Ki Ketib kang manggung ngungun, upama wurung ing rabi, mongsa borong patrapira, sagung tarekat kekating, ngilmu kang rinasa-rasa, kuneng mas kentir ing warih.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

1 Comment

  1. fahrudin

    Kalo ada versi bahasa indonesianya akan lebih banyak bermanfaat / dipahami

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: