alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SUJINAH


Dhandhanggula

  1. ||Wonten carita winarni | pawestri bekti mring priya | rabine andhita kaot | kelangkung dennya utama | ara Dewi Sujinah | iku prayoga tiniru | pawestri bekti mring priya||
  2. ||mulane estri alaki | amrih kecangking ing priya | aja nuhung dunya bae | nek teka dunya akerat | tan arsa melecaa | mulane geguru kakung | amrih sampurnaning krama||
  3. ||Sang dewi umatur aris | atakon jroning papreman | andika rabi maringong | kula kinarya punapa | kawula nyuwun wejang | yen wus panggih lawan ingsun | ing pundi nggone kapanggya||
  4. ||Kelawan andika gusti | punapa andika aras | punapa cinulu mangko | andika cekel punapa | kawula nyuwun wejang | yen ora mejang maringsun | kawula tan arsa krama||
  5. ||Mojar pandhita Mustakim | kang sun tuhu aranira | sihira sun cekel mangke | sun tinggal edatira | lawan sipat kang mulya | sukmane sun aras iku | kepanggih ing rahmatolah||
  6. ||Ingsun gawe sira yayi | kanyatahan rasa mulya | lawan ingsun gawe mangke | wedale sihing Pangeran | punapa arsa andika | puniku pamanggih ingsun | iku sajatining krama||
  7. ||Sang retna umatur aris | wonten malih tur kawula | sampun salah tampi mangko | kawula matur ing tuwan | leres karsa paduka | andika sare lan ingsun | milane tek asiram||
  8. ||Punapa kawula najis | pak tuwan siram punika | najis punapa westane | mapan sami wujud tunggal | kawula ndika wejang | yen nora muruk maring ingsun | kawula tan arsa krama||
  9. ||Milane jinabat gusti | pinten kehe mukaranah | pencar catunggal-tunggale | ingkang aran mukaranah | kawula nyuwun wejang | kados pundi tegesipun | raja pandhita ngandika||
  10. ||Milaneingsun adus yayi | ngistoni turning johar | ingkang aran johar mangko | banyu urip pinangkanya | tumiba bumi rahmat | wajibe adus puniku | ana kang melu dinusan||
  11. ||Kang milu dinusan yayi | sipatolah ingkang mulya | kelawan date ta mangko | lan sipat patang prakara | lawan kang awujud tunggal | nora loro wujud iku | nanging hyang jatining sukma||
  12. ||Dewi Sujinah turnya ris | inggih leres karsa tuwan | among tuwan guruningong | kawula malih tetanya | pernatane asalat | inggih kang kawula suwun | sampurnaa kadi tuwan||
  13. ||Mojar Pandhita Mustakim | yayo pernataning salat | limang perkara kathahe | iku sejatining tingkah | angadeg lawan lenggah | arukuk kelawan sujud | aniyat ingkang sampurna||
  14. ||Kang estri umatur aris | punapa jatining niyat | edat kang pesthi langgenge | matur ni Dewi Sujinah | yen ngadeg asal punapa | raja pandhita amuwus | angadeg asal dahana||
  15. ||Dudu geni kena pati | pan dudu gene kemasan | dudu geni kang ginawe | dudu geni gingsir owah | lan dudu genine kawah | dudu geni sangking watu | apa dudu geni gelap||
  16. ||Dudu geni gegosongi | dudu geni sangking arga | dudu geni sabangsane | lan dudu geni agaran | dudu geni mujijat | sejatine geni iku | aksara alip kang mulya||
  17. ||Ya alip tegese urip | uripe tan kena pejah | iku cahya sejatine | kang padhang aran sirullah | yaiku wejang ingwang | kang garwa nungkemi suku | inggih leres karsa tuwan||
  18. ||Woten atur kula malih | tegese rukuk punika | raja pandhita wuwuse | yayi manira miyarsa | tegese rukuk ika | among sira garwaningsun | prayoga ingsun wuruka||
  19. ||Arukuk asale angin | dudu angin kena pejah | dudu angin meghot-megot | lan dudu angin prahara | lawan dudu angin barat | pan dudu angine lesus | dudu angin awing-awang||
  20. ||Dudu angin angatisi | dudu anging saking arga | angrubujhaken kekayon | dudu angin ke tingalan | sejatine angin mulya | nora kandheg siyang dalu | yen owah rusak jagate||
  21. ||Kang amuji rina wengi | iya kang sampurna | lir banyu mili sembahe  nora pegat sanalika | iku jatining napas | yaiku sukma kang luhur | ingkang amisesa jagat||
  22. ||Napas iku kang rumiyin | kathahe patang prekara | kaping kalih napas mangko | anenggih kang kaping tiga | tanapas kang rumeksa | kaping sekawane nupus | kang medal keketegira||
  23. ||Tanapas kang medal kuping | nupus medal irung ika | napas kang medal cangkem | napas putih cahyanira | anpas kuning cahyanya | tanapas ijo puniku | nupus ireng cahyanira||
  24. ||Pujina napas puniki | rabbana rabana ika | ilolah anpas pujine | pujine tanapas ika | lailahailolah | anenggih pujine nupus | yahuallah kang sampurna||
  25. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | Dewi Sujinah ature | inggih leres garwa amba | kawula malih Tanya | tua mejang angsal sujud | raja pandhita ngandika||
  26. ||Asujud angsale warih | bukan toya agung asat | pan dudu toyaning oyod | dudu kali lan telaga | lan dudu toya segara | dudu toya sumber sumur | dudu toyaning bengawan||
  27. ||Dudu toya legi pait | dudu toyane deresan | dudu toya bithek mangko | dudu toya wedang udan | lawan dudu toya pohan | lawan dudu toya embun | lan dudu toya mujijat||
  28. ||Dudu toya owah gingsir | dudu toya kena rusak | sejatine toya mangko | anenggih eberubiyah | tegese iku nyawa | nora buthek siyang dalu | datan samar ing paningal||
  29. ||Sejatine toya yayi | patang prakara kehera | mani kang rumiyin mangko | wadi kang kaping kalihnya | madi kang kaping tiga | maningkem sakawanipun | punika angsale toya||
  30. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | Dewi Sujinah ature | inggih leres karsa tuwan | pundi angsale lenggah | tuwan wejang angsalipun | raja pandhita ngandika||
  31. ||Alungguh angsale bumi | dudu bumi kena rusak | dudu lemah ginawe | dudu bumi gena gempal | dudu bumi padhas gragal | dudu sangking gunung | dudu bumi rug-urugan||
  32. ||Kaya paran sira yayi | iku pamanggih manira | kang garwa atur sembahe | pan sarwi nungkemi pada | aleres guru kawula | among tuwan lakeningsun | Pangeran dunya akerat||
  33. ||Kawula estu alaki | ngaturaken pejah gesang | among tuwan guruningong | sinambut Dewi Sujinah | marang pandhita rahmat | sirahe nulya pinangku | liniling sarwi winejang||
  34. ||Kelawan murade yayi | sejatine langit ika | iya roh ilapi mangko | retune nyawa sedaya | wenang aran datolah | langgeng pamisesanipun | iya tan sandhane rasullolah||
  35. ||Lah yayi murade api | rukhani cahya ing kana | ingkang mimbihi anane | ananing kang sinung rasa | wenang aran sirullah | kahananing asung wimbuh | tersandhane rasullah||
  36. ||Sejatine toya yayi | iya sira rabiningwang | wong ayu nggon ingsun ngenger | rasa kang luwih utama | ingkang padhang kaelokan | kapurba nugraha agung | pan wenang aran sirullah||
  37. ||Sejatine toya yayi | iya roh jasmani ika | kawimbuhan iku mangko | kalbu mukmin baetullah | kang tan pegat sahadat | kawasesa marang yah hu | wnang aran wujuddullah||
  38. ||Murade kang angsal api | uripe sadrah punika | ingkang angsal angin mangko | uripe napas kewala | ingkang angsal toya ika | iya uriping pandulu | pan langgeng paningalira||
  39. ||Uripe kang angsal api | pesthi uripe kang rasa | kelawan malih murade | kang angsal api punika | makbul reke imannya | lir kumala cahyanipun | medal ati putih ika||
  40. ||Kang tetep tingale reki | kang angsal angin punika | ya inan sadrah arane | lir marcu cahyane ika | kadi wulan purnama | medal saking ati dadu | punika dipun waspada||
  41. ||Ingkang angsal saking wari | uripe sadrah punika | lan imane iku mangko | ing ati puat punika | ingkang angsal bumi ika | iya imane puniku | hidayatolah wastanya||
  42. ||Endah warnanira yayi | murade api punika | tan kena owah cahyane | langgeng ing salawasira | kelawan uripira | tan kena pisah sireku | dadine aran lautan||
  43. ||Murade kang angsal angin | iya idhep ing sirullah | kang kadya lintang cahyane | gumilang gilang apadhang | kadi wulan purnama | kang angsal banyu puniku | madhep maring rasa mulya||
  44. ||Nora kena owah gingsir | kang cahya kadi purnama | ingkang angsal bumi mangko | kang cahya asri punika | ingkang angsal bumi ika | burhanu ingkang kaetung | medal maring biblatullah||
  45. ||Murade kang angsal bumi | rahmani kang katur ika | wus katur sang nata reke | Pangerane wong sajagat | yaiku pemanggih ingwang | kang garwa nungkemi suku | pan asru denya karuna||
  46. ||Aduh lakeningsun gusti | Pangeran dunya akerat | kang asih marang rabine | among tuwan guru kula | apa ingsun walesena | dumateng tuwan punika | rabine tekeng sampurna||
  47. ||Wonten muradipun malih | anenggih patang prakara | wujude kanga pi reke | ingkang dihin dadi rupa | lawan jezakha ika, khata kaping tiganipun  ping sekawan led-eledan||
  48. ||Anenggih murade angin | punika limang prekara | wujud asma lan apngale | jinem kelawan limpa | anenggih kaping lima | iya ingaranan peru | dununge rasa sekawan||
  49. ||Anenggih murade kalih | punika limang prekara | ingkang angsal bumi mangko | wujud kahanane ika | ingkang klawan sipat | daging balung tegesipun | kahanan kareping kiblat||
  50. ||Dhadha tegak lawan gigir | tangan lawan sikut ira | lambung kiwa lan tengene | irung lawan kupingira | cangkem kelawan sirah | sekathahe kena lebur | iku kanga ran salat awal||
  51. ||Yayi kawruhana malih | wernane wong kang sujana | ingaranan salat mangko | iya ingkang nglampahena | satus tan ana satunggal | sewu tan ana tetelu | ingkang aran salat awal||
  52. ||Awor tingkah lawan budi | iya tunggal lakunira | kumpulena sabenere | ingkang aran salat awal | lamun arsa wuninga | yen wus mangsud tingalipun | gampang salat awal ika||
  53. ||Teekbir usalli nameki | kawruhira | weruha tatakramane | lamun nora den rungokna | salah kersane nala | nyatane iku wong luhung | datan kena tinirua||
  54. ||Aja ningali kang wajib | lampahena den rumeksa | wetu lelima kathahe | uya pakoning Pangeran | nyatane rasululloh | iya salat limang wetu | dene iku sih sinihan||
  55. ||Kasaraha ingkang sinelir | mulane nggonira salat | anglairaken karsane | pepak panggaotanira | sangking wetu lelima | pamyarsa lan pandulu | wetu luhur nggone nyata||
  56. ||Patang rekangat puniki | pamyarsa kalihira | kelawan paningal mengko | anenggih kang wetu ngasar | patang rekangat ika | gigir dhadha lawan lambung | tengen lawan kiwa ika||
  57. ||Kaping tiga wetu magrib | tigang rekangat assalam | nabiyullah tersandhane | grana kalih lawan lambung | tengen lawan kiwa ika||
  58. ||Kang sarira nabi singgih | wetu subuh rong rakangat | punika kanyatahane | eroh lawan jasatira | mangkana wetu ngasar | kang sukma sarengatipun | iku lampah ingkang mulya||
  59. ||Aja pegat sira yayi | anglampahi pakoning hyang | pan agung maha mulyane | limang wetu lampahana | aja ginawe ora | lah yayi sesampunipun | iku lampah ingkang mulya||
  60. ||Kang garwa asru anangis | adhuh tuwan guru amba | sarta nungkemi padane | among tuwan lakiku pangeran | ingkang agung suwarga | andika rabi rong puluh | kawula ingkang momong||
  61. ||Sinambut wau kang yayi | kang asta Dewi Sujinah | raja pandhita delinge | among sira rabiningsun | dene tunggal lawan tingal||
  62. ||Lamun sira anglampahi | yayi pamejang manira | munggah suwarga patine | yen sira aneng neraka | ingsun kang yogya ngentas | sakathahe ujaringsun | iku rasaning mertabat||

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: