alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT NITIMANI pupuh XVIII-XXVII


PUPUH XVIII

Juru Patanya :

“Suwawi kisanak, sami karaosaken, cecangkriman gegujenganing para ahli budi, ing tanah pedusunan tembung wicaranipun makaten ing jagad sakurebing langit, salumahing bantala inggih salebeting alam donya punika isi kathahipun manungsa, kacariyos amung kekalih awarni jalu lan wanita, yen makaten pawestri punika inggih boten aprabeda (190) sami tinitah jumeneng manungsa sajati, ananging sareng kula mirengaken cariyos sampeyan sadaya ingkang sampun kasebut ing inggil wau, ingkang kadunungan dating Pangeran kang amaha suci amung jaler kemawon, punapa sababipun teka aprabeda.”

Sang Murwenggita :

“Leres kisanak, kula sadaya wau saweg tumrap dhateng sujanma priya kemawon, dene sampeyan bilih angraosaken dhateng sujanma wanita punika kacariyos boten aprabeda.”

Juru Patanya :

“Menggah cariyos sampeyan piyambak ing ngajeng wau wewejangan ingkang kaping nem, dipun wastani kayektening kahanan kang maha suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukadas, awit dene pamejanganipun.”

(191) Sang Murwenggita :

“Sampun makaten kemawon kisanak, wicantenan sampeyan punika boten susah kalajengaken awit kula sampun mengretos ubetipun karsa sampeyan badhe amelehaken dhateng kula.”

  1. Kontol punika kahananing Betal Mukadas.
  2. Pringsilan, kahananing purba punika wonten wirayatipun guru manawi amedaraken rahsaning ngelmi pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukadas, ing atasing amejang dhateng pawestri, wenang kiniyas makaten : ing nalika Pangeran kang maha suci karsa anata malige ana ing dalem Betal Mukadas, jumeneng wonten ing baganing Siti Hawa, punika ingkang wonten salebeting baga : (192) puruna, ingkang wonten antaraning puruna retna, inggih punika mani, salebeting mani : madi, salebeting madi : wadi, salebeting wadi : manikem, salebeting manikem : rahsa, selebeting rahsa : punika dating atma, kang anglimputi kahanan jati.

Dene pitedhahipun makaten : baga punika tetimbangan konthol purunan tetimbangan pringsilan, ing salajengipun sami ing atasing wewejangan dhateng kakung, anenipun merdi supados marsudi dhateng waskitaning sangkan paran.

Sanesipun punika wonten malih, wewejangan ingkang kaping pitu ing ngajeng wau panetep santosaning iman, ing atasipun amejang dhateng pawestri wenang kawewahan makaten : Ingsun anekseni, satuhune (193) ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun Mukhammad iku utusan Ingsun, Patimah iku umat Ingsun.

PUPUH XIX

Juru Patanya :

 “Kisanak, menggah asmaranipun pawestri yen pinuju sinangama ing kakung, punika prayoginipun ing tingkah kados punapa?.”

Sang Murwenggita :

“Yen nitik asmaranging priya, kathah rubeda samanten wau, saleresipun tiyang estri ing asmara boten malih, amung kedah anut ing ombak kasagedaning priya, ananging pawestri kathah ingkang anguciwani, lingsemipun ingkang boten pakoleh kadamel wadi, sujana yen kawastanan pawestri lenjeh ing kakung liripun makaten, kathah wanodya ingkang gadhah reka, saben-saben arsa rinabasa ing priya (194). Rewa-rewa datan arsa, kengingipun ngantos pineksa pinarosa, menggah gelar ingkang makaten wau pikajengipun supados sampun ngantos kawastanan pawestri lenjeh ing priya, tuwin sampun ngantos kawastanan pawestri karem dhateng raosing asmara, temah andadosaken kasereng karsaning priya, inggih panduking rubeda, wekasan ing asmara tan saged widada.”

Wonten malih gelaring wanita yen nuju sinangama ing priya, lajeng ambiyantu ing solah obahing raga dadosaken keras maju munduring pasta, pratingkah makaten wau sedyanipun supados mimbuhi sakecaning prasa, wekasan sarem kataman sruning panggosok anuwuhaken dhateng bantering hawa inggih punika gegolonganing rubeda, (195) saged ngenggalaken pamudaring prasa.

Juru Patanya :

“Patrap pratingkah kasebut ing inggil wau kirang proyogi, sebab anyelakaken dhateng rubeda rumraping priya, wangsul tembung saleresipun wanita ing asmara kedah anut ing ombak kesagedaning pria punika empan lan mapanipun kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, bebakunipun ingkang prelu kedah waskita, amawasa nuju karsaning priya, ing solah kedah anut ing pangrehing kakung, wondene sarananipun ingkang rumiyin buka dhateng sereng angkaraning karsa priya kasensema ing asmara, menggah patrap ingkang makaten wau pikantukipun badhe amimbuhi dhateng kiyat pastanira, wekasan tan membat katiban ing gada. Ingkang kaping kalih niyat angencengna (196) daya wedaling seni, patrap ingkang makaten wau pikantukipun badhe ngrapetaken wiwaraning pasti baga, dene melar mingkusing daya wiwaraning baga wau cekap kebiyantanana pamethet uculing napasira. Wondene angsahing yuda brata kedah ngangge gelar mawi mangkara dibya, mengsah kapapana miring mangiwa, kaprenahna lambunging sang krodha kang tengen, prelu pakoleh kang nyata tahan kuwawa sarosa, tambah nyelaken denira sang sinungku mudasmara, makaten kabar sang reh pajaring laksita.”

PUPUH XX

Juru Patanya :

“Kula nate nyumerepi, pinten-pinten sujanma pawestri, anggenipun murih supados dipuntresnani dhateng semahipun wonten ingkang sami mawi (197) sarana merdhukun utawi maguru aji pangasihan, menggah patrap ingkang makaten wau bebatosanipun kenging dipunwastani leres punapa lepat?.”

Sang Murwenggita :

“Sasumerep kula patrap ingkang makaten punika boten anemunaken bebudenipun tiyang estri kemawon, sanadyan para priya ingkang sami anjangkah darajat kadosta kawiryan. Inggih punika anjangkah dados priyantun utawi jangkah kasugihan kathah ingkang ngangge sarana merdukun, utawi anyenyembah bulus, reca, kajeng angker, sela sesaminipun manawi saking panimbang kula, sujanma ingkang gadhah patrap makaten punika lepat sanget, awit saking bodho cublukipun, mangka pepuntonipun saking kinten-kintening menggah widada katarimaning sedya punika amung dumunung (198) wonten ing pandamelan labet tuwin labuh, awit labet utawi labuh wau ing sajatosipun sampun dados panedha utawi panembah. Awit wujudipun ingkang kawastanan labet wau inggih guna, tegesipun kapinteran, ingkang dipun wastani guna punika inggih sarana, tegesipun piranti, ingkang binasakaken sarana punika inggih : mantra, tegesipun muna, ingkang dipunwastani mantra punika inggih donga tegesipun muni, ingkang binasakaken donga punika inggih puja,  tegesipun panggunggung, inggih punika sadaya wau dumunung pangrengganing basa, utawi patrap ingkang dados pepunton atining tata karami.”

PUPUH XXI

Juru Patanya :

“Cariyos sampeyan, (199) sadaya dalil dhawuh pangandikaning Pangeran kang maha suci utawi kadis pangandikaning Kangjeng Nabi Mukhammad rasulullah, kasebut ing ngajeng wau, suraosipun lajeng karaos ing dalem raos, wekasan rumaos sakalangkung andadosaken agening manah kula, yayah amarwata suta, karana sampun terang lan tetela manawi dating Pangeran kang maha mulya punika sampun dumunung wonten ing kita priyanga, utawi kita punika terang sanyata yen wujuding Allah tangala blaka.”

Sang Murwenggita :

“E…., e…., kisanak, kula ngengetaken, sampun enggal-enggal gadhah pangrengkuh tuwin sumengguh nganggep jumeneng dating Pangeran kang maha suci, ing ngriki wonten tetembungan dolananing lare alit makaten : cohung, ora gombak ora (200) kuncung mung anggepe kaya tumenggung, ora jogan ora longan mung anggepe kaya Pangeran. Menggah patrap ingkang makaten wau saestu ageng ing sesikunipun, tur awrat ing kukumipun. Wonten malih cariyos ing Serat Wedatama, inggih tunggilipun ingkang kula cariyosaken ing ngajeng wau, dumunung ing pungkasan kalih dasa sekar gambuh makaten :

Nanging ajwa kesusu, aja pisan wani ngaku-aku, bok kesiku kang mangkono iku kyai, kena uga wenang muluk, yen wus katos pada melok.

Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel ngandeling takdir, akantya awas emut, den memet yen arsa momat.

Pramila wonten lambang ingkang makaten wau (201) jer manungsa punika wewatekanipun beda-beda, wewejanganipun wonten tigang warni, kados ing ngandhap punika :

  1. Manungsa punika wiwit lare sinapih ing bapa biyungipun, lajeng ngupados sandhang utawi teda piyambak salaminipun, ngantos sepuh gruyuh-gruyuh dumugi pejah, boten pisan wonten tukuling pambudi, yen anedya mangretos rumaos, utawi karaos duk wonten ing gesangipun, lan saolah bawaning balanipun, punika kaliyan katitahaken dening Pangeran kang maha suci, inggih punika ingkang binasakaken manungsa uripe kewan blaka kados maesa tuwin lembu sasaminipun.
  2. Manungsa wiwit lare, sareng dumugining akir baleg, mangsa dewasa tukuling panggraitanipun, angaji maos kitab-kitab pekih utawi musakab, (202) dereng ngantos sumerep ing suraosipun, dereng absah murad maksudipun, kaselak kasesa ajrih dhateng Allahuthangala, kakinten badhe ngukum dhateng sadayaning, manungsa, kalebetaken ing naraka brama kang katikel sayuta lan panasing geni alam donya, saking sanget ajrihing wardaya wekasan dalu lan rina boten pedot tansah rukuk tuwin sujud, ngantos bundas batukipun, kacariyos saking pangraosipun seba nyembah Allahuthangala, ngantos supe ngupados boga, yen kraos luwe lajeng nglampra, nglojong ngulandara boga, anemis saba desa, ngasoraken sarira tembunge melas arsa, bok manawi inggih punika ingkiang binasakaken manungsa tuwuk anggenipun maca Alhamdu, (203) dados mendem kulhu, dhateng kraos mumet lajeng gumlimpang gumlundhung wonten ing sarak.
  3. Manungsa wiwit lare dumugining akil baleg, manungsa dewasa agegulang ngelmu rasa, surasa sakyeh pustaka dhateng pangulangipun dumugi ngelmi kang sanyata kasampurnaning manungsa kadi kang wus pinatela ing ngajeng wau sadaya, sarana suruping panampa jatining Allahuthangala, wujude ing badanira karana wus pira-pira, kasebut aneng pustaka, dating Pangeran kang maha kawasa, dumunung wonten manungsa, kang mangka seksi pratandha den cocoken ing badanira, adarbe angkara murka, ngangsa-angsa dremba, karem bukti lawan nendra, yen nuju angganira kataman ing sangsara, sru manangis rawat waspa, sesambate (204) melas arsa, iku kang kinarya tandha badane Allahuthangala, bok manawi inggih punika ingkang binasakaken manungsa mendem kitab tasawuf kabatan ing donga sepi, utawi donga sepi (suwung).

Juru Patanya :

“Amit kisanak, kula nyuwun pangapunten nyelani sakedhap awit kedah kekel gumujeng, boten kenging kula ampet, inggih sareng ngraosaken dhateng nalar lelampahanipun tiyang tetiga wau dene teka warni-warni.”

Ingkang angka 1 : boten darbe rumaos dumadi kaliyan dinadekaken ing Pangeran, saiba anggenipun sakeca salebeting manahipun, kenging binasakaken manungsa mung sakarsa-karsa, momong ing sarira, saupami yen panuju nendha, inggih tulus ambukti tur kaliyan eca, yen sampun tuwuk lajeng nendra tur kaliyan sakeca, (205) karana boten wonten malih ingkang winiraos ing salebeting pangraosipun. Ingkang angka 2 : saking cupeting pambudi awit kataliban dening bodho, dumawah ing sesiku kataman ing bingunging manah, kasluru ing pangraita, temah ajrih yen pinentung dening malaekat den larak dhateng naraka, wekasan anempuh ing tekad anguntala pil Alhamdu, dhateng kasereten anggenipun ngulu lajeng dipununjuki ing lapil kulhu, saestunipun inggih wuru, wewah badanipun ginabagan ing sarak, gulung gelangsaran, wekasan anyepupung wonten ing sarengat.

(206) Ingkang angka 3 : punika sanget gumujengaken, dene wonten manungsa ingkang kadunungan pangraita kados makaten, mangka saking kaengetan kula ugi kasebut ing surat Eklas inggih lapal kulhu ingkang ngendemi wau, pepungkasanipun makaten : lahu kufuan akad, maknanipun : Allah iku ora ana kang nyakutani ing sawiji-wiji, tegesipun ora ana kang memadani, dados saupami Allah punika awujud ageng, ing jagad punika ing saisen-isenipun dalah segantenipun kalebet awang-awangipun, dereng mantra yen sageda tumimbang, dados saupami Allah punika karsa dhahar sapinten kathah ing sekulipun, yen saupami Allah punika karsa amuwun saking bantering swaranipun bok manawi damel rangkading jagad punika sadaya.”

(207) Sang Murwenggita :

“Pramila lajeng wonten temban paribasan amung kalih bab makaten :

  1. Langkung tuna janma tan pangawak ngelmi, pikajengipun langkung tuna sujanma punika yen boten sumerep dhateng suraosing ngelmi.
  2. Genggenging dosa punika boten wonten kados tiyang olah ngelmi ingkang kirang sampurna.”

Juru Patanya :

“Yen makaten menggah kosok wangsulipun, genggengin kamulyan punika punapa inggih boten wonten kados tiyang olah ngelmi ingkang sampurna?.

Sang Murwenggita :

“Kisanak, punika leres nanging inggih boten manawi.”

PUPUH XXII

Juru Patanya :

“Kisanak, wangsul anggen kula angraosaken bab jabang bayi wau, wujuding wewatekan tuwin (208) dawahing lelampahan sami awarni kekalih. Kadosta wujud jaler lan estri, kalakuwan awon utawi sae, sarta ing tembe lelampahanipun dhawah begja utawi sangsara, punika kados pundi mula bukanipun?.”

Sang Murwenggita :

“E…, e…. teka nyeplesi tembung paribasan narithik kadi pakuning trebang, ananging inggih leres, wujuding bebayi punika warni kekalih, jaler, estri, awon utawi sae, lelampahanipun begja utawi cilaka, kacariyos inggih wonten ngriku. Winahyu dumawahipun pramila wonten tembung Pangeran-erang : luput pisan kena pisan, dumunung wonten panjing serapipun, ananging sinten ingkang uninga, karana taksih ginaib, ewa dene manungsa ingkang (209) sampun binuka waskitaning driya bok manawi boten kekilapan dhateng prakawis punika, dene sumerepipun ningali saking punapa, utawi nitik saking pundi?, punika kula dereng terang, bilih sampeyan karsa amirengaken cariyos bebasan amung sawonten-wontenipun tur inggih neniru, anular saking cariyosipun sujanma ingkang bodho, kirang pambudi, ananging inggih amung dados sesimpenan kemawon, batal yen kaucepaken saderengipun lahir, awit ingkang makaten wau binasakaken genggenging dosa, karana kami purun ketrecet ngrumiyini karsa kuwasaning Pangeran kang maha suci sejati, kacariyos menggah ing tumandukipun bebasan liru lambang utawi wolak-walikan, kilap leres utawi lepat (210) kapratelakaken kados ing ngandhap punika.”

Ing salebetipun badhe pulang asmara priya kaliyan wanodya, ing mangka priya ingkang adarbe karsa sanget harda dhateng wanodya, ing sadangunipun apulang asmara hardaning karsa wau, layap liyep luyutipun ngantos dumugi ing cipta maya, lajeng amudhar prasa kapinujon pinarengan wahyaning mangsa kala, sarehning kala wau harda karsaning priya dhateng wanodya dados pikantukipun sami ugi kaliyan pawestri, kinten-kinten bok manawi kadadosanipun bebayi ing tembe inggih pawestri.

Dene kosok wangsulanipun yen wanodya darbe karsa harda dhateng priya, (211) saolah kridaning leksana nunggil kadi ing inggil wau, kinten-kinten bok manawi kadadosaning bebayi, lahiripun ing tembe inggih medal priya.

ING sapunika mangka wonten ingkang sarengan priya lan wanodya, darbe karsa sami hardanipun saolah kridaning leksana sami widada, datan sae kadi ing inggil wau, kinten-kinten bok manawi kadosan bebayi, lahiripun ing tembe inggih medal dampit awujud kekalih jalu kalawan wanita.

Ing sapunika wonten malih, upamu sujanma priya mangka ing saderengipun saged kayuyun sageda pinaringan gadhah atmaja wanita pamuntuning panggalih inggih ngantos dumugi ing cipta maya lajeng pulang asmara, saolah (212) kridaning laksana nunggil kadi ing ngajeng wau sadaya, inggih punika ingkang binasakaken kayu dolong ketlusupan jati, liripun makaten wau cipta kaseselan ing cipta, kinten-kinten bok manawi kadadosan bebayi, lahiripun ing tembe inggih medal wujud kekalih, kembar sami pawestri.

Dene kosok wangsulipun yen wanodya, mangka ing sadereng-derengipun sanget kayuyun darbe atmaja priya, saolah kridaning leksana, nunggil kadi ing inggil wau sadaya kinten-kinten bok manawi kadadosaning bebayi lahiripun ing tembe inggih medal wujud kekalih kembar sami priya.

Dene yen makaten saupami lan wanodya sesarengan sami adarbe karsa saolah keidanira nunggil (213) kadi ing ngajeng wau sadaya, badhe gadhah bebayi pinten punika saestunipun para winasis rak inggih sampun galih piyambak sarta inggih sampun gadhah panimbang, menggah kodrating Pangeran kang maha suci dhateng ing atasing manungsa, sayekti kadamel beda kaliyan babi celeng rawa yen garbini, lahirira genjike langkung sadaya.

Wondene alas hardaning karsa, dumugining cipta maya kados ingkang kasebut ing inggil wau, bok manawi boten amung mahanani dhateng wewatekaning bebayi, pramila para sujana lan sarjana ingkang waskita ing kadadosaning krida utawi pangripta wau sok (214) nuwuhaken, lajeng kangge tetenger nama dhateng para atmajanipun.

Juru Patanya :

“Kisanak, mugi sampun dadosaken panggalih, gegiliran gentos kula cariyos, sampeyan mirengaken, ing serat Paramayoga mratelakaken ing lelampahanipun Kangjeng Nabi Adam kaliyan garwanipun nama Babu Kawa, dhateng kagungan putra rambah kaping gangsal sami medal dampit, ing riku atmaja wau badhe kajodhokaken sulayaning rembak sami bebantahan arebat kuwasa, wekasan sekaliyan sami amudar rahsa kama kalebetaken ing cupu manik astagina, dhateng dumugining mangsa kamaning priya saged dados manungsa, kaparingan nama Sayidina Sis, dene kamaning wanita boten saged dados manungsa, amung dados erah (215) kemawon, sarehning sampun tetela asaling atmaja wau saking priya, Babu Kawa lajeng ngawon miturut ing pranata karsaning priya, kisanak menggah suraos ingkang makaten wau panampi sampeyan leres punapa lepat?.”

Sang Murwenggita :

“Menggah saking panampi kula inggih leres.”

Juru Patanya :

“Sabab dening punapa kala wau nyebutraken, yen pawestri darbe karsa harda dhateng priya teka mahanani peputra medal kakung, punapa inggih kisanak pawestri punika kadunungan wiji, saupami makatena saestunipun badhe sulaya kaliyan suraosipun serat Paramoyoga wau.”

Sang Murwenggita :

“Yen ta saupami ngrembaga bab prakawis wiji, leres sampun dumunung wonten ing priya, pramila sujanma (216) wanodya punika bebasanipun kasebut papan utawi wadah, wangsul ingkang karembag wau bab warnining bebayi jalu lan wanita, bebuden utawi wau wiji sampun nomor ing cangkok, pramila jalu lan wanita pundi ingkang santosa sami darbe kuwasa, wondening saksi ingkang kangge pratandha, bebasan ila-ila ujaring sujanma kina, nadya priya lan wanodya yen nuwuhaken atmaja taksih wonten salebeting guwa garba, mangka anabet utawi darbe sangit utawi aniaya dhateng sesamining tumitah punika asring mahanani dados jedaning putra, primila dumugi ing jaman sapunika katelah taksih sami ngangge tembung pepenget, yen ketaman (217) solah sesirikanira anyebut jabang bayi, dene pandhapur kula cariyos saha suraos ingkang makaten wau, amung medal saking kinten-kinten, boten langkung panimban dumunung wonten ing sampeyan piyambak.”

Juru Patanya :

“Kisanak, kula sawek sapunika sumerep lan ngraosaken, pikantukipun tiyang mamardi marsudi ing kawruh, yen sampun gadug, kandhas, tandhes, anggenipun gatukaken gegancaranipun lajeng boten darbe manah gumunan tuwin eraman, inggih dhateng kula ngraosaken cariyos sampeyan wau, bok manawi ing jagad punika boten dangu lajeng kebak kaisen manungsa, awit saben-saben sajumbana saged dados jabang bayi medal kalih, tiga, sekawan utawi (218) wolu.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, mangke ta rumiyin, punika pundi teka galuyuran, lajeng wonten pangraos ingkang makaten punapa boten mawi ngraosaken ing suraos utawi anglalar dhateng ukaraning tembung, pramila kula mestani makaten, awit cariyos kula ing ngajeng wau ingkang sapisan enget kula boten wonten, suraos ingkang nepak tuwin gampilaken tumraping lelampahan wau, ingkang kaping kalih dumugining kedadosan tembungipun yen pinareng dening Pangeran kang maha suci, pundi ta kisanak, ingkang suraos gampilaken sarta pundi tembung ingkang namtokaken, saking panyuwunan kula kisanak, ing salebetipun gegineman punika mugi kersaa dekeki pangalih sakedik supados (219) sampun gluyur, ing panampi boten kuwur, suwawi tan karaosaken kaliyan sayektosipun katimbang menggah ing nalar, kadosta saupami dedamelan wujud barang sasaminipun ingkang warni sae saestunipun rak inggih kedah jangkep ing suraosipun, makaten malih saupami pangolahing tetedan sapanunggalanipun, menggah sagedipun eca katedha saestunipun rah inggih saking jangkeping bumbu-bumbunipun, ewa dene boten kenging pisah kedah kanti rigening pangretos, liripun makaten kadosta saupami bumbunipun kirang ing raos inggih boten eca, saupami kekathahen bumbu ing raos inggih boten eca, menggah pangemaling taker ingkang makaten wau (220) punapa inggih kenging dipun wastani gampil, bok manawi pangolah upakartining kadadosan wijining manungsa wau kados inggih boten prabeda, ananging menggah anggen kula cariyos upami wujud lan barang sarta pangolahing tetedan wau inggih amung kadamel ande-ande utawi sanepa kemawon, minangka tetimbangan dhateng nal;ar-nalaripun, saestunipun sarupaning aran gaib wis ora kena dikaya apa, tembung ingkang makaten wau pikajengipun sampun boten kenging dipunupami, awit menggah ing kadonyan punika boten wonten sesaminipun.”

Juru Patanya :

“Ing salebetipun geginem kula kapurih (221) dekeki manah sakedhik inggih kula estokaken, kapara sapunika kula dekeki manah kathah tur ageng-ageng, ananging kados pundi meksa dereng saged mangretos, suwawi ta kagalih cariyos sampeyan punika, rak inggih aneh utawi mokal sanget liripun makaten wujuding bekakas ora liya iya iku, dene banyune ora liya iya banyu iku, apa sababe nagnggo ana kang dadi uatawa ana kang ora.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, kula badhe pitaken rumiyin, kula wau sampeyan punapa ngunjuk kulhu, sarta angrencani nyunggi donga sepi, dene kok kalajeng karaos wuru, awit dhateng kula waspaosaken warninipun katingal gujeng, suwawi tan (222) kisanak kagalih trap-trapanipun,  kadosta saupami gelaning lega mangka kadamel kemba, utawi wutah kejening karsa saupami kalimpekaken ing antara dereng utawi sasampunipun pun pasthi amudhar prasaning rahsa sanadyan kasarengana saupami saking punahipun manginggil punapa saged dados rak inggih boten?.”

Utawi malih panduk penden-pendening budi, ati, sir, tuwin karep, punika lajeng mahanani layap liyeping prasa ambuka sadaya langening pramana, inggih punika wenganing krida ingkang nami supe, manggen wonten pun temen idhep, punapa saged dados rak inggih boten. Aprabeda sanget kaliyan patrap makaten : oanduk pendening tingal, (223) pangucap, panggonda tuwin pangrunu mahanani layap liyepingrahsa, buka daya langening atma, inggih punika wenganing krida, ingkang emut manggen wonten pun tetep madhep peparengan kaliyan wahyaning mangsa kala, karsanira Pngeran kang maha mulya karsa nitisaken wijining manungsa, yen makaten bok manawi inggih saged dados menggahing patrap pratingkah ingkang makaten punika sanadyan wujuding toya sajun, rak inggih kengging binasakaken beda-beda.

Juru Patanya :

“Kisnak, inggih leres, kala wau kula ingkang dereng mangretos, sareng sapunika sampun sumerep ingkang dados nala-nalaripun, tetela boten kenging kadamel gampil.”

Sang Murwenggita :

“Mangke ta kisanak, anggen sampeyan lajeng cumeples, saged amestani boten (224) kenging kadamel gampil punika saking pundi, mung tetumpukani, cecaruban, wolak-waliking tembung ing ngajeng wau, suraosipun sampeyan punapa sampun mangretos?.”

Juru Patanya :

“Kauningan kisanak, anggen kula gegulang dhateng tembung maos serat-serat sampun sawetawis lawi, utawi sampun kathah, pramila boten kewran amawas suraosing tembung ingkang makaten wau.”

Ingkang rumiyin wutah kajenging karsa kalimpekaken wenganing dwara, punika pikajengipun sampun ngantos kalebeting wadhah, menggah sasaminipun pratingkah ingkang makaten wau prasasat toya kabucal ing siti kemawon, layak saged amestani boten saged dados, awit saestunipun boten dangu, (225) toya lajeng asat ingkang kaping kalih tembungipun kala wau makaten, panduk pendeng-pendenging budi, ati, sir, tuwin karep mahanani layap-liyeping prasa, ambuka daya langening pramana punika pikajengipun kahananing wiji suwung amung medalaken toya blaka, dados sesaminipun, upami nanem turus kajeng dhadhap ingkang sampun aking, yen nalaripun inggih leres boten saged semi.

Dene ingkang kaping tiga tembungipun makaten : panduk pendening tingal, pangucap, pangganda, tuwin pangrunu mahanani layap-liyeping rahsa buka daya langening atma, tambah pinareng wahyaning mangsa kala, saking pikajengipun, punika kenging binasakaken jangkep, sesaminipun prasasat ana nem turus kajeng dhadhap ingkang taksih seger, tambah (226) nyarengi mangsa nuju gesanging tetrubusan, yen nalaripun inggih leres lajeng saged sami.

Sang Murwenggita :

“Sukur kisanak, yen sampeyan sampun mangretos.”

PUPUH XXIII

Juru Patanya :

“Mangke ta Kisanak, dhateng dangu-dangu anggen kula mirengaken cariyos sampeyan sadaya wau, punika rerembagan bab prakawis ngelmi punapa dedongengan, punapa tembung gegujengan, yen ta kula westani tembung dedongengan utawi gegujengan, dakik-dakiking cariyos ungel wileting tembung menggah patrapipun boten makaten, yen ta saupami kula kawastanan angrembag gaibing ngelmi inggih sanes, awit titikan satunggal-satunggaling golongan lampahipun (227) boten wonten, ing mangka kacariyos ngelmi punika wonten ingkang lampah mutih, saben nedha tanpa lawuh, namung sekul thokthok, laminipun pitung dinten, trekadangan wonten ingkang ngantos pitung dinten, tuwin malih lajeng wonten ingkang lampah pati geni, tilem ing papan ingkang sepi-sepi kadosta kramatan sesaminipun, bilih sampun rampung anggen ipun anglampahi ing riku lajeng nandukaken panyobi, wonten ingkang badanipun kasuduk ing duwung utawi kapentung, warni-warni punapa ngelmi ingkang kalampahan wau, wangsul cariyos sampeyan ingkang sampun gumelar (228) ing inggil wau gegolonganipun bab prakawis punapa?, mugi kersa paring pitedah supados gamp[il anggen kula ngraosaken.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, duka sampeyan, kula piyambak inggih dareng sumerep. Amung mugi-mugi sampun andadosaken panggalih, kula badhe anyariyosaken wonten tembung paribasan dedamelanipun tiyang pinuju pejah, sawek ketaman pegeling manah, makaten prasasat kadi pepethaning patok nanging bisa manthuk-manthuk, sairip kadi rupaning jodhog, nanging bisa delog-delog. Sayektosipun kisanak kula inggih saweg sepisan punika angraosaken patitisipun pangandika sampeyan, leres sejatosipun ingkang nama ngelmi (229) punika menggah kalampahanipun kedah mawi lampah, wondene anggen kula saged mastani makaten wau ing Serat Wedatama, tunggilipun ingkang kula cariyosaken ing ngajeng wau, sekar pucung amung mendhet sekawan pada, dumunung pada wiwitan, ungelipun makaten :

Ngelmu iku, kelakone kanti laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, santa budya pangekes sang dur angkara.

Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar dadi rubrda.

Beda lamun, kang wus sengsem ing ngasemu, semune ngaksana, sesamane bangsa sisip, sarwa sareh saking (230) mardi marta tama.

Taman limut, durga mengtyas kang liniput, kerem ing karamat, karana karobaning sih, sihing suksma ngrebda sakardi gengira.

“Kados pundi kisanak, rak inggih leres menggah ngelmi punika kedah mawi akanthi lampah, dados cocok sanget kaliyan pangandika sampeyan wau?.”

Juru Patanya :

“Inggih leres kisanak, cocok pada ingkang wiwitan, ananging namung sapada lingsa, ngelmu iku kelakone kanthi laku, dhateng sapiturutipun boten wonten ingkang magepokan, liripun makaten pundi ingkang nyebutaken mawi nglowon tingan dinten utawi mutih kawan dasa dinten bok boten wonten?.”

Sang Murwenggita :

“Inggih leres, saupami sampeyan mangretos dhateng suraos ingkang makaten wau, mindak oncat saking (231) anggenipun anetepi ing tembung dhengkul ngangge iket, ing mangke kula nyariyosaken bok manawi saking pangandikanipun para winasis duk ing kina-kina, menggah ing lampah kacariyos makaten.”

Yen wonten manungsa ingkang jibar-jibur, tansah bruwah, inggih punika tiyang ingkang tanpa lampah, wonten ing alam donya salami-laminipun, tansah baksana, andrawina, tegesipun tansah asuka-suka, adhedhahar miwah ngunum, ing tembe, manawi pejah kacarios jasadipun bosok dados siti, dene yitmanipun dados memedi, kemamang utawi edhon sedaminipun.

Makaten malih ingkang karem anyenyegah nendha, ing tembe manawi pejah kacariyos jasadipun garing, lajeng dados atos dados sela, yitmanipun ngalambrang kadi (232) kinjeng tanpa soca, tegesipun kadi mibering kinjeng ingkang tanpa netra.

Utawi malih, manawi wonten sujanma, ingkang karem tapa cegah nendra, inggih punika tiyang ingkang karem anglampahi melek, ing tembe manawi pejah kacariyos yitmanipun dados setan utawi jin perayangan.

Utawi malih, yen wonten sujanma, karem tapa cegah boten sahwat, tegesipun boten sanggama lan wanita, ing tembe manawi pejah kacariyos yitmanipun dados dhayang ingkang semara siti.

Juru Patanya :

“Pramila sandyan dipun wastanana,  dheyos mawi bebedan utawi reca mawi clana, inggih nariman awit manawi kapanduk dhateng nalar ingkang makaten wau, sinten manungsa ingkang saged amilih karana sampun anyeplesi dhateng tembunganing paribasan makaten yen mlayu mangidul dithuthuk, yen mangalor (233) digepluk, yen mangulon disampluk, yen mangetan dikepruk, wekasan thenguk-thenguk, ora lali iya digepuk. Boten langkung ing mangke bebasan amung pasrah jiwa raga, mugi-mugi lumuntura asih welasing sumitra, aparinga berkah sajarwa leksanane kang sanyata, tumitah ing alam donya.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, mugi-mugi sampun andadosaken pangalih, menggah pamurih sampeyan dhateng prakawis punika tumrapipun ing kula piyambak sejatosipun dereng sumerep pisan-pisan, bilih sampeyan karsa amirengaken cariyos saking nenular, aneniru ing serat wirit yasanipun Raden Ngabehi Ronggowarsita pujangga ing negari Surakarta Hadiningrat, inggih panunggilanipun ingkang sampun kula cariyosaken ing ngajeng wau, bab lampah-lampah ing kapratelakaken pepetikanipun kados ing ngandhap punika :

  1. Sampun sok amestani, allah, dene yen kapengkok kaplesetna anyebut utawi amestani, Pangeran.
  2. Sampun sok amestani namining, manik, utek, utawi polo, sarta sampun sok nedha ulamipun.
  3. Sampun sok amestani, angen-angen, sarta sampun sok nedha ulam ati tuwin jantung.
  4. Sampun sok amestani, mani, sarta sampun sok nedha ulam pringsilan.

Menawi saged acecegah ingkang makaten wau, kacariyos lawanipun asring katarimah lajeng dados ing ngelminipun.”

Juru Patanya :

“Saupami wonten kesupenipun kisanak, amestani naminipun utawi nedha ulam wau kados pundi, punapa kenging?.”

Sang Murwenggita :

“Kacariyos bilih kasupen (235) inggih kenging boten dados punpa, sabab sajatosipun ingkang prelu dados awisan amung hawa napsu bilih saged ambirat ing hawa napsu, kacariyos ing adat asring kadunungan awas lan emut, manawi tansah anggenipun awas kaliyan emut, bok manawi estu amanggih kamulyan ing sangkan paran dene patrap lan pikantukipun kados ingkang kasebut wirayating  para ahli ngelmi, kapratelakaken ing ngandhap punika :

  1. Taberi, suci, temen mangka dados pambirating durgandana ing tembe, tegesipun anyirnakaken ganda awon.
  2. Angirangi dhahar miwah ngunjuk, mangka dados pangluluhaning raga ing tembe.
  3. Angawis-awisi sare tuwin sahwat, mangka dados pangluyuting jiwa ing tembe.
  4. Anyenyuda (napsu wuwus, mangka dados panglenyepaning rahsa ing tembe.”

Juru Patanya :

“Kisanak, kula eram sanget, inggih amangsuli bab asmaragama wau sakathah ing manungsa tuwi sato kewan, pitik, iwen ing sadayanipun punika, dene teka lajeng saged anindakaken tur kalayan boten winulang, ananging menggahing tindak saestunipun inggih namung angawur, mokal sanget yen sageda pratitis pramila kula sanget kepengin mirengaken bilih wonten piwulang, anggenipun ingkang mesti solah pratingkahing salira, wektu apulang salulut wau kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, saupami kala wau sampeyan karsa prasaja, yen sejatosipun jumeneng dados ratuning ngacubluk, (237) utawi jumeneng dados lelurahing tiyang bodho, rak inggih boten penjan-panjan anggen kula cariyos, mugi kauningana ing sampeyan menggah suraosing serat Sruti, makaten sinten manungsa mangka boten niyat saged sumerep sarta boten mangretos, utawi boten niyat purun anglampahi dhateng suraosing kasampurnaning ngelmi sejati, pinten-pinten ingkang sampun ginelar dening para Nabi miwah para wali, punapa malih para sujana, kacariyos sampun boten kenging pisan dipunajak rerembagan, bab kahananing nalar-nalar utawi pandamel inghkang elok lan kang edi-edi, awit tetela sampun amratandhani terang yen manungsa kebak kaisen ing duraka, wondene anggenipun memaleri ingkang makaten wau bok manawi jalaran saking kuwatos bilih anglepeti (238) ing durakanipun.

Juru Patanya :

“Mangke ta kisanak, teka lajeng wonten tembung ingkang makaten, mugi kersaa genahaken rumiyin, kados pundi sebabipun.”

Sang Murwenggita :

“Menggah ing atasanipun tiyang rerembagan punika, kedah mawi wiwitan, tengahan tuwin pungkasan, wasana dhateng dangu gegineman meh dumugi nalar wekasan, lajeng wangsul tanglet nalaring wiwitan, rak inggih sampun tetela, yen boten mangretos dhateng suraosipun ingkang karembag wau, wondene menggah bodho budheng lan cubluking manah punika sampun kasebut ing kitab Candra, kacariyos jalaran saking jampen panca driyanipun.”

Juru Patanya :

“Kisanak, sarehning kula dereng nate maos kitab Candra, nyuwun pitanglet, bilih wonten manungsa ingkang bodho tuwin cubluking manah, kacariyos (239) jalaran saking jampen oanca driyanipun punika gegolongan sae punapa awon?.”

PUPUH XXV

Sang Murwenggita :

“Manawi saking pamanggih kula, tiyang ingkang kasebut cubluk utawi bodho punika inggih sae, jalaran manawi dipun pisuhi dgateng sesamining tiyang boten kraos, kilap manawi mireng swaraning lembu bok manawi saged mangretos, suwawi kisanak, kamirengna tembung ing sasaged-saged, kula dapur cariyos, supados lega ing panggalih sampeyan, ananging panyuwun kula, anggen sampeyan lengah sampun celak-celak manawi nyiprat ing durakanipun, dene menggah patrap pratingkahing sanggama, punika prayoginipun bok manawi kados ing ngandhap punika :

Ingkang rumiyin nyariyosaken tenbung upami, wonten sujanma priya kaliyan wanodya, (240) badhe dumugekaken karsa apulang salulut sami lumebet ing jinem rum, tegesipun dununging pasareyan, ing riku  sanadyana amung sakaliyan tur dumunung wonten papaning sepen, liripun boten katingalan dening tiyang kathah, ewa samanten menggah pepantenganing panggalih, sampun ngantos kasupen dhateng suraos lan dununging tembung :

  1. Nitas, tegesipun awon.
  2. Madya, tegesipun sedenan, utawi tenahan.
  3. Utama, tegesipun sae, menggah pikajenipun suraos ingkang makaten wau, solah lan pratingkah salebetipun sanggama kedah angengeti dhatengi tanduk ingkang awon, ingkang sedheng lan ingkang sae, dene menggah empan lan mapan tuwin dunungipun makaten.

(214) Ingkang binasakaken tumanduking pandamel nista punika, kados ta apulang asmara,  pratingkahing salira anulat kadi patraping sangamaning sato kewan, maesa, lembu, buron wana sasaminipun inggih punika ingkang binasakaken manungsa purun ngangge dhateng patrap awon, ing mangke kacariyos wonten tembung pangandikaning para sujana, suraosipun makaten : sing sapa manungsa gelem nglakoni tumindak marang panggawe nintha sayekti bakal anemu papa, wondene pangandikanipun para sujana ingkang makaten wau, bok manawi karsanipun asung pralambang minangka pasemon, saking sanget pangowelipun dhateng para manungsa ingkang sami kadunungan muda miwah paguning budi, awit para sujanma anggenipun purun nglampahi dhateng pandamel nista wau jalaran saking dereng nate (242) pisan-pisan srawungan dhateng atining tata krami, utawi dereng nate pisan-pisan kapranggul raosaken dhateng suraosing ngelmi sejati, kasampurnaning manungsa prmila binasakaken dereng uninga ing tata krami, utawi malih binasakaken dereng srawungan ing ngelmi, punika menggah liripun makaten : dik wau pratelaning wewejangan ingkang sepisan, ingkang sampun kasebut ing ngajeng winastanan wisikan ananing dat, sampun anyebataken menggah dating Pangeran kang maha suci punika, manawi karsa micara muhung ngagem lisan kita, yen karsa anganda muhung ngagem grana kita, yen karsa miyarsa, muhung ngagem ing talingan kita, yen karsa ningali muhung ngagem ing netra kita.

Utawi malih duk wau bab ingkang kaping 17 pratelaning wewejangan ingkang kaping wolu dipun wastani sasahidan, sampun nyebutaken makaten : iya sejatine kang (243) ingaran Allah iku badaningsun kang ingaran rasul iku rahsaningsun, kang ingaran Mukhammad iku cahyaningsun.

Wondene pratelaning cariyos ingkang makaten wau, manawi kirang gumatok ing panggalih, ing ngriki wonten cariyos malih kangge minangka saksi, nukilan mendhet saking surat maksuding suraosipun sorahing kitab, kawastanan kakekating salat, kacariyos ugi gegoloanganing kitab tasawuf, wiwitanipun mratelakaken kadis pangandikanipun kangjeng Nabi Mukhammad rasulullah, kajarwakaken makaten : aningali Ingsun ing Pangeran Ingsun, iya kalawan Pangeran Ingsun.

Menggah pangandika ingkang makaten wau muhung anetepi suraos kajatening salat, sabab salat wau pikajenganipun anggelengaken raos ingkang pisah, dene ingkang (244) binasakaken pisah punika wonten sekawan warni kados ing ngandhap punika :

  1. Tembung Ikram, tegesipun ningali ing Allah, dene ingkang binasakaken aningali ing allah punika, sirna paningaling kawula, kantun mligi paningalaning Allah blaka, dados menggah ing pikajengipun tembung aningali ing allah wau ingkang ningali Allah, dene ingkang dipuntingali inggih Allah.
  2. Tembung munajat, tegesipun maca ing Allah, ingkang binasakaken maca ing Allah punika, sampun sirna pamacaning kawula, salugu kantun pamajaning Allah blaka, dados menggah pikajengipun tembung mava ing allah wau ingkang maca Allah, dene ingkang dipun waca inggih allah.
  3. Tembung tabanul, tegesipun gentekake kalawan wujuding allah, ingkang binasakaken gentekaken kalawan wujude Allah punika sirna kawujudaning kawula, kantun tetela kawujudane allah wau sejatosipun inggih allah ing maujud.
  4. Tembung mikrad, tegesipun angluhuraken paningal saking adam maring asaling Pangeran, ing mangka klajeng wonten manungsa, ingkang tetep angluhuraken samubarang kadosta ngelmuning Allah, pangucape Allah, panandhane Allah, pamiyarsane Allah, paningale Allah, date Allah, sipate Allah, afngale Allah, inggih punika tetep rahsaning Allah.

Semangga kisanak, karaosaken kalayan sayektosipun ingkang ngantos dumugi ing dalem raos, bok manawi inggih lajeng kraos liripun makaten sinten manungsa ingkang purun nglampahi (246) dhateng tindak lan pandamel nista, inggih punika sami ugi kaliyan damel kanistaning Pangeran, sinten manungsa ingkang purun agawon-awoning salira, inggih punika sami ugi kaliyan angawon-awoning Pangeran. Sinten manungsa, ingkang purun damel sawiyah-wiyah dhateng salira, inggih punika sami ugi kaliyan adamel sawiyah-wiyah ing Pangeran. Sinten manungsa, ingkang purun angremehaken salira, inggih sami ugi kaliyan angremehaken dhateng Pangeran. Sinten manungsa, ingkang andamel camah ing Pangeran.

Dene manawi wonten manungsa, ingkang boten mangretos sarta kraos, tumrap ing daalem raos, suraosing pralambang ingkang makaten wau bok manawi inggih punika ingkang binsakaken tetep manungsa kapir sejati, (247) awit tembung kapir wau tegesipun kasupelan, utawi kiling-kalingan.

Dene manwi wonten manungsa, ingkang mangretos sarta kraos, sarta ingkang lampah lajeng anetepi angluhuraken samubarang, ngelmune Allah kados ingkang kasebut ing pralambang tembung mikraj wau kenging dipun wastani tetep anyalira lan kasalira ing allah blaka, bok manawi inggih punika ingkang binasakaken manungsa islam sejati, karana tembung islam punika tegesipun pasrah utawi slamet.

Dados manawi karaosaken utawi kagathukaken tembung kekalih wau makaten : manungsa ingkang islam sejati punika, tetep hanyalira lan kasalira ing Allah blaka, bok manawi inggih punika manungsa ingkang sampun kasebut priksa islaming rasul, tegesipun priksa empaning (248) pangira, benering panuju, tepaning sujana, buka wenaning mangsa kala, ingkang makaten bebasan sampun tinamu-tamu kunci rahsaning Allah.

Juru Patanya :

“Kisanak, kula sanget kepengin sumerep tembung sakedik punika, pipiridan saking punapa dene wonten tembung islam ingrasul, punika gadhah teges priksa empaning pangira, tinamu tamu kunci gedong rahsaning allah. Gumuning manah kula dene wonten tembung sakedik gadhah teges kathahipun samanten, saking panginten kula pepatokanipun pancen sanes kaliyan tembung ing ngajeng wau sadaya liripun makaten kala wau sampun nyebutaken tembung islam, tegesipun pasrah utawi slamet, tembung rasul tegesipun inggih rahsa dados bilih wonten tembung islaming rasul punika tegesipun (248) rak inggih slameting rahsa, prmila kula kaget dene boten makaten tegesipun punika kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Menggah panginten sampeyan ingkang makaten wau bok manawi inggih leres, pancen sanes pepathokan dene menggah prabedanipun makaten, dene tembunging cariyos sadaya ingkang kasebut ing ngajeng wau pepathokanipun amung wetah anegesi lan amerdeni tembung salugu kemawon, dene tembung sakedik ingkang gadhah teges anuncer punika wau bok manawi anggenipun anegesi tembung kabawur cinarub kaliyan raos maksuding suraos, pramila kula lajeng saged amesteni terang bilih  geseh pepathokanipun, namung pikajenganipun tembung ing ingil wau bok manawi makaten : pangirane empan, tujune bener, kasujanane nganggo tepa, kados kok inggih leres supami tigang patrap wau kapandukaken badhe ambuka wenaning mangsa kala ingkang slamet, wekasan binasakaken tinamu-tamu kunci gedong rahsaning Allah, sabab lengahipun dumunung atining tata krami.”

Juru Patanya :

“Kisanak, punika prayogi, dhateng kapratelakaken makaten badhe langkung terang sanget, pamurihipun supados boten damel bingung dhateng para maos utawi ingkang mirengaken, yen tembunging cariyos sadaya wau pepatokanipun medal saking kalih prakawis : 1. Teges saking wredining tembung, ingkang kaping 2. Teges saking cacaruban maksuding suraos, wangsul menggah dumugining cariyos sampeyan wau kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Kala wau saweg satunggal manungsa, ingkang binasakaken islam sejati (251) punika tetep kasalira lan anyalira ing Allah blaka. Ing mangke bosok wangsulanipun, manungsa ingkang binasakaken kapir punika bok manawi inggih tetep nyalira lan kasalira ananging dening setan blaka, dados manungsa ingkang binasakaken kapir wau saupami karsa apulang asmara, mangka lajeng saged dados wijining manungsa wiwit duk maksih jabang bayi tan pedot pinidih ing pamulangan tur dhateng tindaking kautaman, ing tembe bilih sampun dewasa bok manawi lajeng wigar katragal dados dugal awit enget manawi pandameling setan blaka. Pramila para sujana sanget pangowelanipun, ing sasaged-saged manungsa punika sampun ngantos nglampahi dhateng pandamel nistha sukur ing sagadug-gadug sedya angayuh dhanteng tindak ingkang utami, dene cupetipun ing panyangkah (252) yen boten saged dumugi inggih angayuha dhateng madyanipun kemawon.”

Juru Patanya :

“Makaten manawi sampeyan kuwatos kalepetan dhateng duraka ingkang kula sandhang punika inggih kula lenggah nebih kemawon, amung ta panyuwun kula mugi-,ugi kisanak kersaa nglajengaken cariyos malih, tindak ingkang madya punika badhe uninga kados punapa?.”

PUPUH XXVI

Sang Murwenggita :

“Manawi ing sejatosipun kisanak, kula piyambak dereng sumerep, sarta dereng terang dhateng nalar-nalaripun, namung nyariosaken lelabuhanipun para sujanma ing jaman kina, ingkang kasebut sami amarsudi dhateng kautamaning tuwuh, kacariyos sarehning bab saresmi wau binasakaken nami aji asmaragama dados patrap panganggenipun inggih kedah kaaji-aji, utawi dipun pundi-pundi, liripun makaten menggah ing saresmi wau boten kangge (253) pakareman utawi boten kangge memainan, tegesipun boten kaangge dedolanan utawi geguyonan, wondene bilih sawg ajar-ajar badhe nglampahi dhateng pakarti, saolah kridhaning aji asmara wau wiwitipun ingkang rumiyin anyunyuda tuwin angengirangi kados ta pepulang asmara kaliyan wanodya, menggah patrap ingkang makaten wau saking pikajengipun inggih punika binasakaken anenetah, anglajengaken utawi ngatulaken anggenipun badhe nitik neniteni dhateng saolah bawaning salira, ingkang atas malige tulen saking karsa kawasaning Pangeran kang maha suci sejati, dene manawi ingkang kasebut sampun dados punika binasakaken manungsa sampun kawicaksana utawi waskita ing pambudi, lajeng boten purun anglampahi pulang asmara lan wanita, (254) yen boten angsal wewangsiting pangeran kang maha kawasa, kinarya lelantaran anggenipun nuwuhaken wijining manungsa, wondene bilih pinuju badhe karsa salulut anggenipun anaji-aji lan angedi-edi ing patrap kapratelakaken kados ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin, duk wiwit kagungan karsa badhe apulang asamara lan wanita sakaliyan sami sesucia, inggih punika siram tuwin jamas lajeng ngasta siwur anyiduka toya kaangkat celak ing wadana mawi dipun donganana, ananging donganipun ing jaman samangke inggih katimbang kendel kemawon lowung kaangge minangka gegondhelaning niyat, prayoginipun mawi angucap makaten :

Niyatingsun adus, padusan banyuning tlaga kalkaosar, anuceni sakaliring eroh, kang dumunung ana ing jasad kita, mlebu manik metu inten, cahyaku amancurat mancorong kadi cahyaning Pangeran kang maha kuwasa. Ing riku toya siwur wau lajeng kasiramaken ing wadana, lajeng siram ngantos dumugi sucining saliranipun sadaya. Menggah pratingkah siram ingkang makaten wau jalu lan wanita ing patrap sami kemawon boten aprabeda. Ing sasampunipun rampung sesuciya siram jamas lajeng sami angadi-adi warna, kinarya sarana pangundhaning asmara, liripun menggahing pratingkah sami busana ingkang sarwa pantes, sarta angeganda wida, sasampunipun samekta ing sakaliyan lajeng reruntunan sami malebet ing papreman, tegesipun malebet dhanten ing panglereman utawi dununging pakendelan, inggih punika pasareyan, ing riku priya lajeng angrakit pamasaning aji kamajaya dumunung amung winaos wonten salebeting batos kajarwakaken kados ing ngandhap punika (256) :

Ingkang rumiyin, amuntu pangesthi, sedya jumeneng ing betal mukadas, tegesipun niyat anjenengaken kahanan salebetipun puraya pasuciyan dumunung ing konthol.

Ingkang kaping kalih, lajeng amusthi ngesthi pambukaning aji asmara nala, tegesipun senseming manah, inggih punika kahananing birahi, tegesipun sengsem utawi branta, tumus dados jumemening purba, tegesipun wiji dumunung ing pringsilan.

Ingkang kaping tiga, lajeng amusthi ngesthi pambukaning aji asmara tura, tegesipun sengseming pandulon, inggih punika wahananing hawa, tumus dados jumenenging kanta, tegesipun jengereng, dumunung ing mani.

Ingkang kaping sekawan, lajeng amusthi ngesthi pambukaning aji asmara turida, tegesipun sengseming pamirengan, inggih punika wahananing karsa, (257) tumus dados jumeneng ing warna, dumunung ing madi.

Ingkang kaping gangsal, lajeng amusthi ngesthi pambukaning aji asmara nada, tegesipun sengseming sapocapan, inggih punika wahananing cipta, tumus dados jumeneng ing rupa, dumunung ing wadi.

Ingkang kaping nenem, lajeng amusthi ngesthi pambukaning aji asmara tantra, tegesipun sengseming pangrasan, inggih punika wahananing pangrasa, tumus dados jumeneng ing suksma, dumunung ing manikem.

Ingkang kaping pitu, lajeng amusthi ngesthi aji asamaragama, tegesipun sengseming salulut, inggih punika wahananing wisesa, tumus dados jumeneng ing atma, dumunung ing rahsa.

Wondening sang wanita ingkang rumiyin ugi muntu pangesthi sedya dumunung ing Betalmukadas, tegesipun niyat anjumenengaken kahanan salebeting puraya pasucian, dumunung ing baga. Ingkang kaping kalih lajeng amusthi ngesthi pambukaning (258) aji asamara nala, tegesipun sesngseming manah, inggih punika wahananing birahi, tegesipun sengsem utawi brangta, tumus dados jumeneng ing purba, tegesipun wiji, dumunung ing purana. Ingkang kaping tiga, kaping sekawan, kaping gangsal, kaping nenem, dumugi kaping pitu, boten aprabeda kados pamusthining kakung wau.

Ing sasampunipun samekta pangruktining sakaliyan, lajeng sami kakaronsih, andumugekaken karsa, dene patrap lan pratingkah tumanduking pulang asmara, saestunipun bab makaten punika kadamel pipingitan, sinten ingkang saged uninga amung kinten-kinten yen anithik lelabuhanipun, wiwit duk murwani wau dumugining ngendhon kados inggih sae, liripun bok manawi inggih kados caraning manungsa, sarta boten angicalaken ing tata krami, kados-kados bok manawi inggih punika (259) ingkang kasebut anggendam langening pramana, ambuka kahananing atma, ingkang badhe pinurwaning wicaksana.

Ing sasampunipun salulut, sakaliyan medal saking papreman, lajeng samya asiram jamas malih, menggah solah lan pratingkah boten prabeda kadi patraping siram duk ing ngajeng wau, amung donga sarananipun santun angucapa makaten “suku asta winengku ing solah bawa, solah bawa winengku ing driya, driya winengku ing Hyang Pramana, andadekna adus ing suci santosaning roh kang ana ing badan kita”.

Menggah ing sawawratipun lelampahan ingkang makaten wau tur saweg kasebut madya, suprandosipun lelabetaning kasaenan sampun amratandhani pinten-pinten kathahipun, ingkang sampun kasebut ing cariyos wonten ing serat-serat (260) atmajanipun para pandhita, utawi para wiratama nalika ing jaman kina-kina, wiwit duk maksih jabang bayi, binucal ing wana arga, sareng dumugi wanci diwasa, thethukulaning pangrahita boten pedhot pangayuhing kautamen, trekadhang asring wonten ingkang katarimah lajeng saged langkung saking bapakipun.

Juru Patanya :

“Kisanak, bilih kula amestani lelampahan ingkang makaten punika sampun kenging dipun wastani elok lan langka, yen manungsa sageda kuwawi anglampahi saestu ageng ganjaranipun, bok manawi boten angemungaken dhateng saening putra kemawon, sandhunganipun ngantos tumrap ing gesangipun saged linangkung sesamining manungsa, wangsul patrap utawi pratingkah ingkang makaten saweg dipun wastani madya, punika kula lajeng gumun sarta eram sanget, saiba ingkang dipun wastani tindak ingkang utami punika kados punapa?.”

PUPUH XXVII

(261) Sang Murwenggita :

“Kisanak, prasajanipun prekawis punika kula dereng sumerep syektos, amung cariyos tembung gethok tular, tegesipun carita saka biru, utawi anenular, yen sampeyan kersa amirengaken, kula dhapur kados ing ngandhap punika :

Kala rumiyin kula sampun nate amirengaken para sujanma ingkang sami ajar-ajar, oleh ngelmi, sami kekempalan, rerembagan kaliyan bebarakanipun piyambak, kacariyos pepangkatipun ngelmi kasampurnan punika mawi kaperang dados sakawan pangkat, makaten pratelanipun :

  1. Binasakaken ngelmi sarengat, kacariyos dunungipun pangawruh lampahing raga.
  2. Binasakaken ngelmi tarekat, kacariyos dunungipun pangawruh lampahing manah.
  3. Bisanasakaken ngelmi kakekat, kacariyos dunungipun (262) pangawruh lampahing nyawa.
  4. Binasakaken ngelmi makripat, kacariyos dunungipun pangawruh lampahing rahsa.

Ing sasampunipun kapratelakaken peperanganing ngelmi sakawan golongan wau, lajeng kadamel ande-ande, upami makaten :

  1. Ngelmi sarengat lampahing raga punika dipun pindha upami kadi wujuding baita.
  2. Ngelmi tarekat lampahing manah, punika dipun pindha kadi wujuding toya samara.
  3. Ngelmi kakekat lampahipun nyawa, punika dipun pindha upami kadi wujuding musthikia dumunung salebeting toya thelenging samodra.
  4. Ngelmi makripat lampahipun rahsa, punika dipun pindha upami kadi wujuding pangawruh, kadosta nyumerepi lampah saening baita, lebet cetheking toya, utawi nyumerepi dunung wujuding musthika.

Menggah kajengipun pralampita ingkang makaten (263) wau saupami sumedya badhe mendhet musthika, ingkang wonten salebeting thelenging samodra yen gothan salah satunggil saking sakawan prakawis wau saestunipun badhe boten saged kalampahan, liripun makaten kadosta, upami tanpa baita punapa saged lumampah angambah toya sanadyan angawiya baita, yen boten uninga dununging musthika sarta boten uninga ewet pakeweding leksana, punapa saged kadugen paraning sedya rak inggih boten, pramila sekawan prakawis kedah jangkep boten kenging gothang ing salah satunggilipun, suwawi kisanak, kagalih jangkeping lampah sekawan prekawis wau punapa inggih kenging binasakaken gampil?, bok manawi gegolong pepilihan manungsa ingkang saged kuwawi anglampahi, ewa dene lampah ingkang mekaten wau kacariyos inggih saweg madyanipun kemawon, awit wonten malih pangolahing ngelmi (264) menggah warninipun kados langkung saking punika, kados cariyos lelampahaning para waliyulah utawi cariyos jamanipun nalika Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma ing nagari Mataram, kilap dora utawi leresipun, kacariyos bilih nuju karsa amendhet barang ingkang wonten salebetipun samodra utawi manawi nuju karsa tindakan dhateng ing pundi, sapinten tebihipun sanajan dhateng senes pulo, lampahipun inggih boten mawi baita, kacariyos kepara boten ebah saking palenggahanipun.

Wonten malih cariyos lelampahan Seh Siti jenar inggih Seh Lemah Abang, pepuntoning tekadipun murtat ing agama ambucal dhateng sarengat saking karsanipun negari, patrap ingkang makaten wau kagalih ambebaluhi andamel risaking pangadilan, ing riku Seh Siti Jenar nakpeni hukum kisas, (265) tegesipun hukum pejah, sareng jaja sampun tinuweg ing lelungiding warastra, nratas anandhang brana muncar wiyosipun ludira nlutuh awarni seta, amesat kawandha muksa, datan ana kawistara nulya ana swara lamat-lamat kapiyarsa, surasa paring wasita, dene ta carita kula lugu mung methik Pustaka, pamacakipun rinenga ing kidung Kinanthi sekarira, pratelanya kasebut ing ngandhap punika :

Wau kang murwen don luhung, atilar wasita jati, e manungsa sesa-sesa, mungguhing jamaning pati, ing reh pepuntoning tekad, santa-santosaning kapti.

Nora saking anan ngrunu, reringa rengat siningit, labet asaling salaga, salugune den ugemi, yeka pangagemu raga, sumingah ing sangga runggi.

Marmane sarak sininkur, karana angresubedi, manggung karya was sumelang, embuh-embuh (266) den andhemi, iku panganggone donya, tekeng pati nguciwani.

Sajti-jatining ngelmu, lunguhe cipta pribadi, mustinen pangesthinira, ginileng dadi sawiji, wijanging ngelmu jatmika, neng kahanan eneng-ening.

Ing sasampunipun wonten cariyos ingkang makaten kisanak, manawi sampeyan anglampahi salat gangsal wektu, sampun seling serep ing panggalih sarta sampun klentu ing panampi, menggah suraosipun cariyos ingkang kasebut ing inggil wau boten pisan-pisan yen badhe ampika tuwin anyingkura dhateng sarak sarengat kados ingkang sampun ginelar ing Gusti kita Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah, dumunung rukuning Islam gangsal prakawis, sahadat, jakat, salat, puwasa, mungah kaji dhateng Mekah.

Ingkang sami karembag wau sanes bab punika, saking karsanipun para winasis ing budi asung pralambang anyenyemoni, sinten manungsa yen agadhahi sedya mangka pamendhetipun asarana mawi linampahan dening obah solah inggih punika ingkang binasakaken taksih angagem lampahipun sarengat blaka, ing mangka lajeng anitik pangandikanipun para alim ingkang sami ahli kitab, cariyosipun makaten sinten manungsa ingkang tekad ngantepi ngegungaken dhateng pandamel sarengat dumunung delahan ing tembe, kawastanan makam parek, tegesipun dumunung pepisahan, dene ingkang binasakaken pepisahan punika nyawa kaliyan raganipun.

Menggah suraos ingkang makaten wau lajeng dipun kiyas dening para winasis, kacariyos makaten sinten manungsa ingkang ngegunaken dhateng (268) pandamel sarengat sayekti tinebihan dening drajatipun, pramila saking pamuji kula kisanak, bilih sampeyan kersa galih marsudi suraosipun ngelmi sejati sampun sanget-sanget gondeli lan anetepi dhateng sarengat, mindhak kalebet ing bebasan kerem ing sarak amendem ing kulhu.

Juru Patanya :

“Kisanak, anggen sampeyan cariyos kula sturi kendel rumiyin, kula badhe pitanglet, sampeyan punika punapa pinuju gerah, warninipun kula tingali kados kenging sesakit benter minggah, lajeng lungkrah, dhateng kaengetan lajeng bibrah, gegineman inggih lajeng boten saged genah, temtunipun ingkang mirengaken inggih sisah. Suwawi ta kisanak, kagaliha anggen sampeyan carita, kenging yen binasakna sasat mung angere muna, (269) wiwitw anggunem prakara, patrap tingkahing asamara wekasan angambra-ambara nyritakake auliya, lelakone jaman kuna kang elok lawan kang langka. Amit lo mas, sampun andadosaken ing panggalih, sewu-sewu ing kalepatan kula, mugi-mugi kisanak aparinga pangaksama, karana anggen kami purun wicanten akathah-kathah ingkang makaten wau, sampun kagalih yen punika medal saking Santya Budya, miwah martaning manah kula boten pisan-pisan darbeya kedal ingkang samanten kasaripun, rak inggih sampun terang lan tetela yen punika medal saking sawantah pegel sarta sempelah ing manah kula blaka, dene menggah wontenipun thethukulan ingkang makaten wau inggih jalaran saking gluyur-glayaring cariyos samp[eyan, liripun makaten : menggah cariyos duk ing jaman (270) kina-kina kadosta lelampahanipun para waliyulah tuwin para auliya, utawi mangingilipun malih kacariyos lelampahanipun para nabi punika kula sampun ngandel, boten ngagem sarengat kadi caraning manungsa wantah punika, kados boten dhahar, boten nendra, boten busana, awis nandika temahan saged kawasa, uninga saderengipun sinalya, utawi yen karsa tedakan slira tan lumaksna saged dumugi dhateng paraning sedya.

Yenm ta menggah patrap ingkang makaten wau rak sanes babagan utawi sanes gegolongan, boten kenging kacaruban katunggilaken dene manawi sampeyan dereng uninga ing suraos, terangipun bilih geseh wewijanganipun makaten, kados ta manawi karsa kekesahan tebih saged dumugi ing panggenan tur boten ebah saking palenggahan. Wangsun sesaminipun (271) bab apulang asamara, punapa kenging sarta punapa saged tumindak, upami boten mawi sarana ebahing pasta purusa rak inggih boten, ewa dene bilih sampeyan sampun mireng cariyos duk ing kuna-kuna, kala jaman punapa ingkang wonten lelampahan kados makaten wau?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, teka leres temen anggen sampeyan mestani, yen wektu sapunika kula panuju sakit benter mingah dateng sirah, ananging lakar kula angkah supados sageda genah amawas sakweh pratingkah, beda kaliyan sampeyan punika, yen sirah adhem tumraping manah lajeng ayem, sakehing roh sami tentrem, pangrahita lajeng amem, dhateng tandhang lajeng glendam-glendem, tur tan wruh rasaning gunem, yen kiraku datan mamak, iku wong budine rupak, kadunungan ati cekak, watak tan kena diidak, ngawur tandhane (272) nracak.”

Beda bilih sira benter, dhateng manah lajeng ajer, sumarambah budi luber, dhateng ulat inggih ater, warninipun inggih blancer, sabab kongas kang panca driya, dadosipun apana pranawa kang pancen boten hina dene yen kurang pracaya kisanak dipun cobiya suwawi tanglet punapa, menggah liripun mekaten, kadosta anggen kula anyariyosaken lelampahanipun parai waliyulah, tuwin lelampahanipun para auliya ingkang sami bucal sarengat wau, inggih punika ingkang dipun wastani pangolahing ngelmi sampun sampurna, dene ingkang binasakaken aji asmara punika rak inggih ngelmi kasampurnananing manungsa, saestunipun boten aprabeda, yen ing tanduk taksih mawi sarana leksanane pasta purusa, inggih punika ingkang binasakaken taksih (273) angagem sarengat nlaka, wondening bilih kirang cetha kangge seksi sesaminipun, kadosta tiyang olah ngelmi kapraworan, gegoloangane ngelmi jaya, esmu, tuwin ngelmu kak, sesaminipun yen saben-saben dumugining prelu kasuduk ing duwung tuwin ketaman ing dedamel sanes-sanesipun, manawi anggenipun anggadhahi taksih amawi sarana temen utawi kere, sebab taksih angugemi ngangge dhateng nalar-nalaripun kadosta empuk tuwin tipising kulit, punika menggah nalaripun kadi boten saged anulada dhateng landhep utawi lanciping dhuwung, mila angagem sarana tameng utawi kere inggih punika ingkang binasakaken sarengat, dados tanpa damel anggenipun anggegulang ngelmi jaya wau, beda kaliyan manungsa ingkang kasebut prawira, sanajan sinosok ing warastra tinadhanan (274) dening hanga, suprandosipun ing kulit boten tumama inggih punika ngelmi ingkang sampurna bok manawi bab asmara wau, inggih boten aprabeda, dene yen sampeyan karsa amirengaken cariyos duk ing jaman kina, ingkang sami ngagem kawasaning aji asamara wau.

  1. Ingkang kasebut ing Serat Paramayoga, lelampahanipun Kangjeng Nabi adam garwanipun anama Babu Kawa apeputra medal dhampit ngantos kawan dasa, tiga jodho, amung sarana asamara ulat kedhaping netra, kepara ingkang angka nenem anama Nabi Sisi ingkang kados sampun kula cariyosaken ing ngajeng anggenipun asmara boten lelawanan garwa, kasebut medal saking asmara cipta.
  2. Ugi kasebut ing Serat Paramayoga, lelampahanipun Sang Hyang Girinata, inggih Batara Guru, garwanipun anama Dewi Uma (175), sareng Sang Hyang Guru ing galih rudatos pamuntuning cipta adarbeya atmaja ingkang linangkung kuwasa ing kasektenira, lajeng karsa apulang asmara kaliyan garwa boten mawi sanggama mung sarana saking ulat kedhapng netra, katarima sesedyanira samya amudhar prasa, ing riku garwa lajeng angarbini dumugining mangsa ambabar miyos priya, sinung peparab Bathara Suman, inggih Sang Hyang Wisnu.
  3. Kasebut ing Serat Lokapala, lelampahanipun Maha Prabu Arjuna Sasrabahu ing Nagari Maespati, amengku garwa dhomas, tegesipun amemngku garwa saemas kaping kalih gunggung kawan atus, bilih karsa asmara sesarengan kawan atus sami sanalika ugi sareng pamudharing prasa.
  4. Ingkang kasebut wonten ing Serat Centhini, kacariyos wonten satunggaling wanodya anama Retna Dewi Tambangraras (276) sampun awanci dewasa, salebeting batos sedya boten purun apalakrama manawi boten kagarwa dening priya ingkang saged angresmeni wonten salebeting supena, ing wasana lajeng wonten satungiling priya taksih jejaka ingkang karem bangun leksana brata, ajejuluk Seh Amongraga darbe sedya mlebet dhateng patembayaning Sang Dewi wau, duk saweg dumuginipun anjujug lenggah ing pandhapi pinangihan dening yayah renaning Sang Dewi. Sasampunipun bage binage Seh Amongraga ajarwa nglairaken sejating sedyanira, ing riku Sang Dewi Tambangraras tinimbalan dening ingkang rama, kinen manggihi dhateng tetamunira, sang Dewi datan lengana praptanira singra lenggah sacelaking rena, wus campuh liringing netya, sang Retna datan legawa kataman asmara cipta, lir kawudhar suh kang angga racut salira marlupa, luyut apindha supena jroning rasanira pangrasane (277) sinanggama kalayan Seh Amongraga, ngantos dumugi karsa pamudharing prasanira, pramila Sang Retna Tambangraras lestantun lajeng dados garwanipun Seh Amongraga.

Wondening bab ing asmara ingkang makaten wau bilih saking pangandikanipun para winasis ing budi, kacariyos boten mrojol inggih mendet saking murat maksuding suraosipun aji asmara ingkang kapratelakaken ing inggil wau, dene menggah panggelar lan pangukudipun, panggledhahing maksud dumunung wonten katarima waskitaning para winasis piyambak-piyambak.

Juru Patanya :

“Kisanak, sampeyan rak dereng uninga anggen kula umpetan utawi sesingidan, ingkang makaten wau jalaran saking alus utawi memedipun ing pratingkah anggen kula netrapaken, dados kados-kados dene kula punika rak inggih (278) sampun kalebet ing bebasan amiguna ing ngaguna, tegesipun bisa minteri murang wong pinter dados menggahing sajatosipun langkung saged kula katimbang kaliyan sampeyan pratandhanipun dene sampeyan kekilapan boten uninga ing pratingkahing gelar kula.”

Sang Murwenggita :

“Menggah pangandika sampeyan wau kisanak, anggenipun leres lan cumeples tetela ing kanyatanipun boten siwah inggih makaten sinten kula yen darbeya rumaos angungkul-ungungkuli dhateng sampeyan, kepara ing saben dintenipun pangraosing manah kula boten pedhot anyenyuwun ing Pangeran kaindhakan kasampurnaning pangawruh, awit saking agening rumaos bodhoning manah kula, wangsul wewijanganipun kalepataning lampah, tuwin patraping pratingkah kula (179) kisanak, mugi karsa amratelakaken.”

Juru Patanya :

“Menggah ing adangu-dangunipun anggen sampeyan cariyos wau, ing sajatosipun kula wawas tur kalayan titi wekasan pikantuk terang ing pangreti, sapunika kula saged amestani tetelanipun kang sayekti tekad sampeyan punika wus katon jroning carita tan nganggo waton kanyata, liripun makaten kadosta traping ngagesang punika bebakunipun ingkang prelu rumiyin kedah amarsudi dhateng patitis tetesing kawruh, manawi sampun sampurna ing pangawruh ing riku lajeng bontosaken dhateng ihtikad, sampun daya-daya linakpahan manawi dereng sampurna ing pangawruhipun, dene anggen kula saged amestani yen sampeyan punika dereng jajag ing pangawruh awit taksih kadunungan manah elu-elu, (280) titikanipun duk nalika sampeyan nyariyosaken makaten.

Rumiyin ing lampah bucal sarengat dipun tegesi sami ugi kaliyan bucal raga, sampeyan alam sae. Kaping kalih, anetepi ing lampah sarengat, ing tembe pepiahan raga kaliyan nyawanipun dipun cacad awon, menggah cariyos kalib bab wau punapa prabedanipun suraosipun : 1. Bucal raga, 2. Raganing pisah, suwawi kisanak kagalih rak inggih sami kemawon kok sampeyan alem utawi kacacad punika kados pundi? Ingkang kaping tiga anyariyosaken lelampahanipun Seh Siti Jenar, muksa raganipun kabekta, dipun alam sae inggih punika pratandhanipun manawi sampeyan dereng gadhah pathokan ingkang leres.

(181) Sang Murwenggita :

“E…., e….< kisanak, gumuning manah kula anggenipun ceples tembung ing paribasan : wong bodho brengkelo, wong cubluk tang mangan wuru, prayoginipun kisanak, sampeyan punika bok inggih blaka kemawon yen sejatosipun cubluk utawi bodho, dados gampil anggen kula ngraosaken, ewa dene menggah ing sasampunipun kawedal wicanten kula ingkang makaten wau inggih sedyaning manah kula amung anetepi dene wonten tembung pralambang, suraosipun makaten : sanajan manungsa ginanjara ing birahi utawa kasusahan dening Gusti Allah iku murih becike, wondene menggah kekiyasanipun tembung ingkang makaten wau, kadosta sesaminipun anak dipun srengeni ing bapa punika rak inggih mung kapurih saenipun, (282) samanten ugi panyendhuning sumitra, kados dene kula kaliyan sampeyan punika saestunipun inggih boten aprabeda, suwawi kisanak kagaliha ing saleresipun, sadanguning nalar kadosta sagedipun mulur galuring cariyos kula sadaya wau rak inggih jalaran saking wilet lan patitising panjawab sampeyan sadaya wau saestunipun rak inggih mendhet saking suraosing cariyos kula dados ing sejatosipun ingkang cariyos kaliyan jawab punika sami kemawon.”

Juru Patanya :

“Mangke ta kisanak, kula badhe pitanglet rumiyin, kula sawang-sawang warninipun sampeyang kados sampun sumerep, krentheg salebeting (283) batos ingkang dereng kula lairaken sajatosipun kala wau nalika sampeyan ungeli kathah-kathah manah kula kasereng nepsu, meh kemawon kasupen kridha angadeg suraning driya, wasana sampeyan lajeng angucap ngangge tetembungan manis, bebasan amung sakecap teka saged damel trenyuhing manah swuh sirna serening driya, kula kadi keleban ing tirta marta, sumrambah dadosaken girang tuwin segering angga, menggah anggen kula pitanglet wau sagedipun uninga nepsu kula ingkang dereng kalair punika sabab saking punapa, ingkang kaping kalih dipun wastani tembung punapa?, ingkang saged nyirnakaken ing kanepson kula wau?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, kula basakakeb aneh sarta mokal wicanten sampeyan wau, liripun makaten sinten tiyangipun ingkang saged uninga dhateng kanepson (284) salebeting batos ingkang dereng kalair, ewa dene yen manungsa ingkang wicaksana ing budi inggih boten kekilapan, kacariyos nitik saking tri taya wijanipun kasebut ing ngandhap punika :

  1. Ulat, inggih punika kedhap liringing netya.
  2. Ilat, inggih punika kedaling pamicara.
  3. Ulah, inggih punika ebah solahing raga.

Wondening bilih sampeyan pitanglet tembung ingkang asring saged amberat kanepsoning liyan, punika dipun wastani tembung pangalem, panembah pangluluh, punika pangasih-asih sarta akauti panujuning prana lan empan mapaning tata krami, yen ta menggah patrap ingkang makaten wau tumrap dhateng sujana priya utawi janma wanita sami wanita dipun wastani tembung panembrana, yen ta menggah kaange sujanma priya katrapaken (285) dhateng wanodya utawi katrapaken dhateng priya tembung wau kawastanan pangungrum utawi tembung manuhara, pramila ingkang kasebut ing Pustakaraja Weda jamanipun Maha Prabu Aji Pamasa ing Nagari Witaradya, pamacaking tembung mawi sinawung ing kidung sekar Kinanthi suraosipun makaten :

Jagra angkara winangun, sarjana marjayeng westhi, puwara kasup kawasa, marina ing jro weda muni, sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti.

Wondene tembung ingkang makaten wau teges utawi suraosipun bok manawi makaten, atasing manungsa punika menggah panjaginipun dhateng hawa napsu punika kados tiyang sedya ambengkas dhateng ing pakewed, wekasan ingkang sampun misiwur kawasa Serat Weda sampun anyebutaken makaten, kasuran kawanterang, kasekten utawi kadigdayan ingkang sampun linangkung ing jagad punika (286) adat risakipun kaliyan panembah.

Wangsul wicanten sampeyan ingkang kathah-kathah wau, sedyaning panggalih badhe amelehaken dhateng kula, ananging sejatosipun sampeyan dereng tampi sarta dereng mangretos dhateng suraosing cariyos kula sedaya wau, dados kalebet ing tembung salah surup utawi lepat panampi, duk waunipun, kula anyariyosaken lelampahanipun para wali utawi lelampahanipun para auliya sami ambucal sarengat boten angagem sacara lampahing raga.

Lajeng anyariyosaken malih lelampahanipun Seh Siti Jenar ugi ambucal sarengat, wasana sareng dumugining delahan muksa dalah saraganipun, dados menggahing suraosing cariyos ingkang makaten wau genahipun sinten manungsa duk gesangipun wonten ing alam donya (287) ambucal sarengat boten ngangge dhateng sacaraning raga, wekasan sareng dumugi ing delahan kumpul raga kaliyan nyawanipun, mila kula ngalam, kacariyos lelampahanipun ingkang makaten wau sae.

Wondene menggah kosok wangsulipun, sinten manungsa nalika gesangipun ing alam donya ing tekad mantep anetepi ing lampah sarengat samu ugi angumpul ing raga, bok manawi ingt tembe dumugining delahan apepisahan raga kaliyan nyawanipun, prmaila kula anacad, kacariyos lampahan ingkang sampun kasebut ing inggil.

Wondene wontenipun cariyos ingkang makaten wau bok manawi mendhet kekiyasan saking pangandikanipun para alim ingkang ahli ing (288) kitab, suraosing tembungipun kados ing ngandhap punika :

Sinten manungsa duk gesangipun wonten ing alam donya mangka salebeting tekad, anetepi ngegungaken dhateng pandamel sarengat inggih punika bab lampahing badan kacariyos pejahipun ing tembe nami makam parek, tegesipun dunung pepisahan, ingkang binasakaken pepisahan wau raga kaliyan nyawanipun.

Kaping kalih, sinten manungsa duk gesangipun wonten alam donya ing tekad anetepi aneguhaken dhateng pandamel tarekat, inggih punika lampahing manah, kacariyos ing tembe nami makam jamek, tegesipun dunung kakumpulan, ingkang binsakaken kumpul punika inggih raga kaliyan nyawanipun.

Kaping tiga, sinten manungsa duk gesangipun wonten ing alam donya ing tekad anetepi angengungaken (289) dhateng pandamel kakekat inggih punika lampahing nyawa, kacariyos ing tembe nami makam jamek mukamek, tegesipun kumpuling kumpul ingkang binasakaken kumpul punika inggih raga kaliyan nyawanipun.

Kaping sakawan, sinten manungsa duk gesangipun ing alam donya ing tekad anetepi angengungaken ing pandamel makrifat, inggih punika lampahing rahsa, kacariyos ing tembe nami makam baka, tegesipun dumunung ing langgeng, ingkang binasakaken langgeng punika inggih nyawa kaliyan raganipun.

Ing mangke kula angulur malih cariyos supados kaanggea minangka saksi tuwin tetimbangan kaliyan cariyos ing ngajeng wau, duk nalika ing jaman purwa lelampahaning Bambang nama Raden Narasoma putera narendra (290) ing Nagari Mandraka, kacariyos adarbe aji candhabirawa wasiyat saking marasepuh anama Begawan Bagaspati, kacariyos sareng katempuh ing karya nuju prang adu prabawa lelawanan kaliyan Bambang anama Raden Pandu Dewanata putra narendra ing Nagari astina. Raden Narasoma prangira kalindih lajeng amatek mantra wikrama aji Candhabirawa sami sakala medal saking guwa garba, awarni lare bajang tur kera ing riku Bambang Narasoma lajeng ngandika makaten ”eh Candhabirawa ingsun jaluk pitulunganira sirnakna mungsuh ingsun si Pandu Dewabrata”, Candhabirawa amangsuli makaten : “dhuh Bapa Narasoma wawasen raganing sarira yayah wus tan darbe daya wruhan ta salawase kita dumunung ing guwa garbanira datan antuk bukti lawan nendra, apa margane bisa nyirnakaken mungsuhira”, Raden Narasoma ngandika (291) malih makaten : “yen saka pamikirku Cabdhabirawa wus ora kekurangan dene sadina-dina gonku jibar-jibur, amemangan lawan nendra dadya segering angga supaya sumambrah tetumusane marang sira, ananging sarehning wektu sira sun tampani saking Bapa Bagawan Bagaspati tekan ing saiki isih ana ing tanah pegunungan mesthine ya aka kekurangane sawatara, ing dalem sadina-dinane lagi bisa nganakaken rerampadan kehe telung puluh piring, dene ing emben yen ingsun wus tumeka ing praja sanadya jaluka kareman rerampadan satus piring sadina klawan pepanganan kang enak-enak ingsun bisa anutugi, balik ing samengko ora luwih ingsun mung jaluk pangapura ing sira”. Candhabirawa mangsuli makaten : “Bapa Narasoma (292) wruhanta mungguh patrap lan pratingkahira kang mangkana wau sejatine kuwalik, lire mangkene : kalamun sira sadina-dina tansah bruwah bukti lawan nendra lan juruni nepsi angkara murka iku kuwalik mungguh tumrape marang ingsun, yen sira tuwuk pambuktinira dadi ingsun tan entuk mangan sarta luwe, yen sira tansah karem nendra ingsun melek salawase, yen sira anjurungi nepsu angkara murka tumrape raganingsun kadi binasmi ing salawase, mulane aprabeda duk ingsun isih melu marang Bagawan Bagaspati raganingsun saben-saben lemu-lemu thipluk=thipluk awit si Bapa Bagawan Bagaspati muhung karem marang panggawe tapa brata arang bukti lawan nendra lan ambeg santa para marta narima legawa ing driya ing sasampunipun kapratelakaken pabenipun Raden (293) Narasoma kaliyan Ji Candhabirawa wau, menggah gagathukanipun lampah sekawan golongan : 1. Sarengat, 2. Tarekat, 3. Kakekat, 4. Makrifat kasebut ing ngajeng wau kula sumonga ing sampeyan.”

Juru Patanya :

“Kisanak, sapunika kula sampun terang sanget, tetela kala wau kula ingkang lepat sarta salah ing panampi, wangsul suraosipun cariyos sampeyan wau punapa boten badhe dadosaken gumujeng ing para ingkang sami mirengaken, suwawi ta kagaliha upami wonten sujanma ingkang ngegungaken lampah tarekat utawi kakekat cariyos bilih pejah raga kumpul kaliyan nyawanipun, ingkang makaten wau punapa inggih, saupami wonten tiyang pejah jisim lajeng katenga ing tiytang kathah mangka lajeng saged ebah, mlajeng sedya (294) ngupadosi nyawanipun ingkang sampun saiba gegeripun para tiyang ingkang sami nengga wau, sandhunganipun wonten ingkang gila sanget, lajeng kekelen boten saged ebah kaliyan malih ing salami-laminipun kula dereng nate nyipato, sarta mireng wonten bathang oyak-oyakan sarta miber kekalangan ngipadosi nyawanipun, inggih saweg mireng cariyos sampeyan punika.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, sampun dangu anggen kula gagas amung saking kinten-kinten kawawas saking warni, yuswa sampeyan punika bok manawi langkunga inggih sakedhik, punapa sampun wonten sawidak taun? Gumuning manah kula dene anggenipun saged angemperi tembung paribasan : ana bocah akeh umure, tegesipun liripun makaten ingkang binasakaken bocah punika (295) manahipun, dene boten gadhah pangreti kados manahing lare, yen ningali ing warni tuwin kapetang umuripun makaten kisanak, kula ngaturi priksa ing sampeyan wonten cariyos kasebut ing Serat She Tekawredi sinawung ing kidung sekar Dhandhanggendhis, namung kula pendet ingkang prelu dhateng ing atasing cariyos punika kemawon makaten suraosipun :

Amurwani wit anom kariyin, lire anom iku isih tuna, durung akeh luwangane, beda lawan kang sepuh, lire sepuh iku nyepuhi, nyepuhi tegesira, nyawabi sadarum, marmane sinebut tuwa, lire awenang tuwi-tuwi, mring siwi wekanira.

Lamun ora mangkono kaki, tan jumeneng arane wong tuwa, tuwa mung tuwane bae, (296) basa tuwa puniku, angandelaken tuwane sami, yeku wong tuwa ampas, kapapas ing kawruh, lire ampas iku raga, raganira wus cape luwasing kardi, mangka ing jro suwunga.

Aja iku wong cupet ing budi, duk anome tan purun tatannya, ngandelaken kuwat rosane, tan mikir olah ngelmu, kabangkitan datan praduli, mung eca amemangan, esuk nyamuk-nyamuk, tan etang wekasing gesang, kan den etang mung nikmat pucuking preji, lan nikmat pucuk ilat.

“Kados pundi kisanak, menggah suraosipun serat She Tekawardi wau, punapa inggih kraos, cocogipun kaliyan salira, tumrapipun ing dalem raos ?”

Juru Patanya :

“Leres kisanak, lakar cocog sanget kaliyan lelempahanipun badan kula, nalika taksih anem wiwit duk (297) mila gegolongan royal (blunthah) karem nyemataken dhateng sahwat tuwin tetedhan malah dumugi sapunika sanajan suda inggih namung sawetawis, wangsul kalajenganipun cubluking, kethuling pambudi kula pangasahipun kamurih landep utawi lantiping pangrahita, boten langkung kula amung nyumanggakaken ing sampeyan, ing mangke kula andumugekaken kuwur, kuwur, kodhung tuwin bingunging manah kula, sabab angraosaken suraosing cariyos sampeyan wau, dene wonten tiyang pejah nyawa kumpul kaliyan jasadipun, punika menggah patrap lan pratingkahipun kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Kala wau kula sampun matur, cariyos tetempilan saking nulat aneniru, yen kula piyambak prakawis ingkang makaten wau dereng pisan-pisan (298) mangertos, suwawi kisanak sami karaosaken ing ngriki wonten cariyos dhapur dedonengan, menggah pikajengipun kula inggih dereng mangertos, namung katimbang kendel athenguk-thenguk minangka cagaking lelengahan, dene gathukanipun kaliyan cariyos ing ngajeng wau kula sumangga ing sampeyan piyambak menggah purwanipun ing cariyos kadhos ing ngandhap punika.@@@

Wonten pralambang dinapur kadi rerembananging peksi tetiga ingkang 1. Awarni peksi gemak, ingkang kaping; 2. Awarni peksi platuk bawang, ingkang kaping; 3. Awarni peksi prekutut, kacariyos menggah lelampahanipun nuju satunggaling wektu peksi gemak wau, saba wonten pepangul hardi satepining samodra sarta kekipu wedhining gisik, boten antawis dangu ing riku kedhatengan peksi (299) platuk bawang, ing sasampunipun pranata mudar tata krami bage binage, peksi platuk bawang wicantenan makaten :

bersambung Pupuh XXVIII-XXXII

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: