alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT ANBIJA PEGON


SERAT ANBIJA PEGON

 KASMARANDHANA

  1. //Kuneng yogyaning anulis / ing diten Jamu”ah Pon énjang / ing pukul pitu wayahé / ping sangalikur tanggalnya / wulan Jumadilawwal / prang bakat ing wukunipun / narengi mangsa kasanga//
  2. //Tahun Hé ingkang lumaris / sengkelanipun ingétang / jalma pandita warnané / tunggal wiku carurira / wondéné ingkang nerah / rare anom kawlasayun / westa Mas Panitisestra//
  3. //Panedané kang anulis / angsala ingkang supa’at / sagung para nabi kabéh / supa’até rasulullah / lan sagung para sahabat / angsala berkating ratu / lan wali mukmin sedaya//
  4. //Luzuhur andika nabi / inking dingi nabi Adam / Adam nabi Thith (Sis) putrané / nabi Thith (Sis) ingkang peputra / nama Janas putranya / Janas Kanad putranipun / Kanad apeputra Malat//
  5. //Malat Pasir putranéki / Pasir nulya apeputra / nabi Idris / ika putrané / Idris sampun apeputra / Sang Waham putranira / Waham nulya asesunu / Sulha namané putranya//
  6. //Sulha Lamik putranéki / Lamik sampun apeputra / kanjeng nabi Nuh putrané / nabi Nuh ika peputra / Husam namané punika / Husam nulya asesunu / Pasad namané putranya//
  7. //Pasad Palih putranéki / Palih nulya apeputra / Rango namané putrané / Rango sampun apeputra / Pahur mangké putranya / Pahur nulya asesunu / anama Kinatih Ajar//
  8. //Kinatih Ajar sisiwi / nabi Ibrahim putrané / nabi Ismail putranya / nabi Ismail ika / Lama Lama asusunu / Thabit namané putranya//
  9. //Thabit Yajid putranéki / Yajid Yarab putranira / Yarab putranya namané / Pahur namané punika / Pahur nulya puputra / Muqawwa warnané bagus / Muqawwa nulya paputra//
  10. //Hadad wastanipun singgih / Hadad anulya aputra / Malat namané putrané / Malat apeputra Malad / Malad Anajar putranya / Najar sampun asusunu / Malar namané punika//
  11. //Malar Ilyas putranéki / Ilyas sampun apeputra / Malikah ika putrané / Malikah ika putrané / Malikah sapun peputra / Azimah namanira / Azimah nulya susunu / Kananah iku putranya//
  12. //Kananah peputra Tapsir / Malik putranira / Tapsir Malik namané putrané / Chalib sampun apuputra / Dhulmanap Abadul manap / bagénda Hasim putranya//
  13. //Anama Abdulmuntalib putranya / Abdulmuntalib Abdullah ika namané / Abdullah sampun peputra / Jeng Gusti rasulullah / wus jangkep sajarahipun / ing kawandasa satunggal//
  14. //Carita adi sinerah / saking Arab pinangkané / mengko binasakaken Jawa / nenggih raja ing Arab / pan lelima putranipun / pambayuné ki Abadullah//
  15. //Panguluné Abas singgih / Muntalib panengahira / bagenda Hamzah warujuné / waragilipun manudya / ni Kurantén namanya / kang kinarya kanda iku / putra pambarep sang nata//
  16. //Katurunan sang apekik / ingaran cahya nubuwah / munggéng jujuluk mangko / cahyané gumilang-gilang / wonten radén Abdullah / tuhu wernané abagus / sajagat Tanana mémba//
  17. //Nanging mangké sang apekik / pan lagya akrama anyar / angsal putri Qurésh mangko / putrané raja pandita / wasta Dewi Aminah / wernanipun luwih ayu / asor widadari Suwarga//
  18. //Ya ta sira sang apekik / déréngatut dennya karma / apan déréng sapaturon / raja putri ingkang mawal / tan kena cinedakan / tebih manahé sangayu / marang kang raka Abdullah//
  19. //Ingkang rama sri bupati / kalintang ribeng galihnya / yén atuta karma mengko kang rama asrah Negara / marang radén Abdullah / suka jumeneng perabu / kang rama dating mardika//
  20. //Kuneng gentiya winarni / raja putri Sayyidina / kalintang ayu wanané / rah jagat Tanana mémba / putri dinama-nama / tuhu retuning wong ayu / putrané raja pandita//
  21. //Awesta Partimah sami / kaloka sejana priya / para raja sabrang kabéh / lamun sang dyah déréng karma / katah utusan prapta / samya ngebun-ebun esuk / samya tinampik sedaya//
  22. //Sang retna tanarsa krami / remen amomong sarira / nanging abrangta wiragé / lali dahar lawan néndra / sanget rudatinira / wiwitané salah subuh / jroning salah analika//
  23. //Jroning salah aningali / neng ngarsa andulu cahya / apadang jroning masjidé / kanga ran cahya nurbuwah / gilang-gilang apadang / sang dyah amandeng andulu / tan adangu nulya musna//
  24. //Sahicalé cahya nuli / wonten swara tan katingal / kaya mangkéné ujaré / éh putri ing Sayyidina / wruhanira sang retna / cahya puniku enggénipun / néng raja putra ing Arab//
  25. //Ki Abdullah kang wewangi / wanudya dadi daupnya / ingari qiyamah tembé / apan luput pitakoné / nora kara-kara tanpa kira-kira iku / munggah swarga adi mulya//
  26. //Sira ni Partimah Sami / kasmaran miharsa swara / lali dahar lawan saré / sampun kawandasa dina / arsa angunggahana / marang Abdullah sangayu / sang dyah nulya perdandanan//

ISINING CARIYOS

PUPUH I
ASMARADANA

Titi mangsa anggenipun nyerat, ingkang nyerat inggih punika mas Panitisastra.

Ingkang nyerat nedha berkating para nabi rasulullah, para sahabat, sang ratu lan wali mukmin sadaya.

Asal usulipun Kangjeng Nabi Muhammad wiwit saking Nabi Adam dumugi Ki Abdullah.

Kacariyos raja Arab Abdulmuntalib kagungan putra gangsal, Abdullah, Abas, Muntalib, Hamzah, dene ragilipun Ni Kuranten.

Raja putra Abdullah kedawahan nurbuwat, cahya ingkang mencorong wonten ing palarapanipun. Saweg krma enggal, angsal putri Aminah ingkang endah ing warni, nanging dereng atut. Sang prabu sanget ribeng ing galih awit sampun badhe seleh keprabon.

Kacariyos, raja putri Sayidina, Partimah Sami, sanget sekel ing galih. Kathah utusan saking para raja ing sabrang sami sowan, sami ngebun-ebun enjing, anaging sang putri dereng kersa karma. Ing salebeting salat subuh, sang putrid priksa cahya nurbuwat. Boten antawis dangu cahya sampun musna. Wonten swanten ingkang nerangaken bilih cahya punika dunungipun wonten ing raja putra Arab Raden Abdullah. Wanodya ingkang dados dauping benjing ing dinten kiyamat tamtu wilujeng lan minggah swarga. Miyarsa punika Dewi Partimah Sami lajeng kasmarang, sampun kawan dasa dinten cegah dahar lawan guling. Kersanipun badhe nginggah-inggahi Raden Abdullah. Sang putrid sampun busana kairing dening ki Patih tuwin bala pepak, mbekta raja brana. Raden Abdullah mangke menggaha nampik badhe karoban ing raja brana punika.

Sampun dumugi negari Arab. Kendel ing sajawining kitha, ki patih kadawuhan sowan sang prabu, ngaturaken punapa ingkang dados karsanipun sang putrid. Sang Nata ngandika bilih ki Abdullah sampun karma. Unjukipun ki pati : “Sampun wiyahing priya, garwa kalih inggih patut, rabiya sekawan wenang, punapa malih putra tuwan sang apekik, dereng carem anggenipun karma”. Tumunten wonten mbok emban kalih dating. Utusan Dewi Partimah Sami, ngaturaken gambaripun sang putrid.

PUPUH II
S I N O M

mBok emban ngaturaken sembahipun sang putrid Sayidina, lan malih ngaturaken serat tuwin gambaripun Sang Dewi. Sang retna juwita suka lila dados cetinipun sang raja putra Abdullah. Sang prabu ngandika bilih ki Abdullah sampun karma kaliyan Dewi Aminah. Nanging yen putrid Partimah Sami mila asih sanget dhateng ki Abdullah, Sang prabu njurungi kersanipun sang putrid.

Sang raja putra sampun dipun ngendikani ingkang rama. Serat enggal kabikak. Sareng sampun periksa gambaripun lajeng kasmaran dhateng Sang Dewi. Ing galih emut ingkang garwa. Putrid kalih punika kados dene kembar ing warni, naming bedanipun Dewi Aminah langkung anteng.

Ki Abdullah badhe methukaken rawuhipun putrid Sayidina wonten ing pagelaran. Sang putrid mugi kersaa rawuh enjingipun, sasampunipun bedhug. Ki patih tuwin mbok emban kalih sampun nyembah nyuwun pamit. Ki Abdullah kondur dhateng kadipaten.

Kocapa Dewi Aminah lenggah dhampar emas. mBok emban kalih wonten ing ngarsanipun. Kagambaraken asrining petamanan tuwin tata rakiting pasareyan. mBok emban atur sembah nunten matur “ “Gusti kawula miring, raka panjenengan dalem dipun inggah-inggahi putrid saking Sayidina, awasta Partimah Sami, mbekta raja brana tuwin patih lan mantra bupati. Aluwung gusti carema. Pun bibi sanget rudatin. Lan kawula welas sanget dhateng raden Abdullah, ingkang tansah sare piyambak. Mangke manawi raka paduka rawuh, mbok inggih dipun petukaken”.

Dewi Aminah tindak dhateng pasareyan, nunten siaga, abusana. Yen sinawang kados widadari. Mangling-manglung wonten kori, ngajeng-ajeng rawuhipun ki Abdullah.

PUPUH III
DHANDHANGGULA

Raden Abdullah rawuh. Dewi Aminah mesem, sampun lega galihipun. Ingkang raka dipun ladosi.

Raden Abdullah lan garwanipun sampun lulut. Lenggah jajar tuwin ngandikan, prekawis putrid Partimah Sami. Dewi Aminah garwa sepuh, mugi kersa nglilanana. Sang Dewi ngandika : “Lahir batin atur kawula, sampun kuwatos. Senajan mundhut garwa sekawan, kawula jurungi”.

Raja Abdul Muntalib sampun ndhawuhi para pandhita supados njenengi dhaupipun Raden Abdullah lan putrid Partimah Sami. Sang Nata pengulunipun, para pandhita sahidipun. Sampun kathah raja pandhita ingkang rawuh, Abu Hurerah saking Madinah, Pandhita Hasyim, Kures, Pandhita Mekah, sedaya sampun pepak.

Emban kalih sampun wonten ing ngarsanipun Dewi Partimah Sami. Ngaturaken sedaya pangandikanipun sang nata. Sampun begjanipun putrid Sayidina. Dewi Aminah dereng lulut. Putrid Sayidina nunten siyaga, lajeng jengkar. Sampun dumugi alun-alun. Kendel ngandapipun waringin kurung, medhak saking jempana. Ki Abdullah tuwin putrid Partimah Sami sampun aben ajeng. Sang putrid boten samar mandeng Raden Abdullah. Nyawang saking ngandhap nunten manginggil, mangandhap malih. Raden Abdullah mila tuhu bagus. Sajagat boten wonten ingkang nandhingi. Nanging cahya nurbuat sampun boten wonten. Dewi Partimah Sami sampun uninga punapa ingkang dados sababipun icaling nurbuat.

Sang Dewi sanget dukanipun, dene Raden Abdullah mleca.

PUPUH IV
PANGKUR

Sang putrid Sayidina kathah ingkang karaos ing galih. Sampun keraya raya tindak dhateng nagari Arab, ingkang tebihipun lelampahan pitung wulan. Ingkang dipun peleng cahya nurbuat. Dumugi endon sampun boten wonten, sampun tumurun dhateng Dewi Aminah. Naming kantun atebah jaja. Boten kiyat nandhang brangta. Nunten minggah dhateng jempana. Sampun mundur sabalanipu. Gegancangan kondur dhateng pandhokanipun ing jawi kitha.

Raden Abdullah sampun boten emut purwaduksina. Pangandikanipun kados tiyang dleming. Kersanipun badhe nututi putrid Sayidina, nanging lajeng dawah kantaka. Kabekta dhateng nglebet pura. Raja wuragil, Dewi Kuranten ngrangkul sarwi nangisi, sambatipun melasasih. Ingkang ibu Dewi Janiyah ugi ngrangkul lan ngandika alon, murih ingkang putra emuta malih lan mupusa jer mila sanes dhaupipun. Dewi Aminah kekirangan punapa? Ayunipun boten wonten ingkang nandingi.

Sang nata Abdul Muntalib teksih pinarak ing setinggil, para pandhita tuwin patih Jumiril lan putra kalih wonten ing ngarsanipun. Raden Abas tuwin Raden Buntalib sami atur sembah nunten munjuk : “Kados pundi kersa Tuwan, prekawis putrid Sayidina. Nginggah-inggahi boten dumugi lajeng mutung. Badhe kawula cepeng, lajeng kaaturan kakang Abdullah. Yen balanipun boten suka, badhe kawula gepuk tumunten, ngantos ajur mumur”. Sang prabu ngandika : “Wis pupusen anakingsun. Lagi during jodhonira. Tandire Hyang Widi”. Para pandhita nunggil karsaning sang aji.

Putrid Sayidina sampun dumugi pondhokan, tedhak saking jempana, nunten nyungkemi pasarean. Tengah dalu ing salebeting kantaka miyarsa swanten : “Heh sang putrid Sayidina! Away rudatin. Lah iya sira antiya. Cahya nurbuat iku, besuk ana dadine. Dadi jalma lanang, warnane bagus. Kalah kang rama Abdullah. Reh jagat Tanana tandhing. Dadi utusane Hyang Agung. Dadi Nabi wekasan. Iku ta sira antiya. Wus pasthi dadi dhaupira besuk. Lah maneh sira Nini, bakal nuwuhake tedhak tumedhak sejarah. Lah taw is sira muliha”.

Sang putrid tansah rudatin ananging sampun boten duka. Yen sinawang warninipun nglayung. Ing mangke anteng pesaja, jatmika, ruruh wingit.

Ki patih tuwin emban sami nyembah. Unjukipun ki patih : “Gusti, Raden Abdullah badhe kawula amuk. Wadya bala Sayidina ngentosi dhawuh. Mugi kalilanana nggeba tumuli.

Sang retna mesem ngandika : “Sun trima ature bala mami. Ing mangke sun wus mupus. Nora niyat sikara. Mangsa borong karsaning Hyang Maha Luhur. Kang angganjar kang anyiksa. Kita derma angla,pahi. Hiya patih undangana! Sarupane agunf alit bala mami. Sun arsa mantuk marang Sayidina”.

Enjingipun putrid Sayidina kondur kadherekaken wadya balanipun tiyang ing Puser Bumi ingkang katilar sami ngungun, welas dhaateng raja putrid.

Ing margi sang putrid anteng aruruh, beda kaliyan kala rawuhipun ing negari Arab. Wanci salat sami kendel. Bakda salat sami nglajengaken lampahipun.

Kocapa, ki Abdullah wonten ing puri kaliyan garwanipun Dewi Aminah. Siyang dalu kajagi kawulanipun.

PUPUH V
M I J I L

Dewi Aminah saweg mbobot sawulan. Ing supena kapanggih tiyang enem, inggih punika Nabi Adam, ingkang ngendika : “Heh Aminah wetenganira benjing dadi panutaning jalma, agama kanga gung”. Kalih wulanipun ing supena kapanggih Nabi Idris. Mngandika malih putranipun benjing nama Muhammad, ingkang agung drajatipun. Tigang wulanipun kapanggih Nabi enem. Pangandikanipun bilih putranipun benjing kakung tuwin pitulunganipun, awit badhe mbedhah negari Mekah. Kawan wulanipun ing supena kapanggih Nabi Ibrahim. Pangandikanipun bilih putranipun kakung bagus ing warni, negaranipun agung. Gangsal wulanipun kapanggih Nabi Ismail ingkang ngandika bilih putranipun benjing dipun ajrihi tiyang kapir. Nem warsanipun kapanggih Nabi Musa. Pangandikanipun bilih putranipun benjing wasta Muhammad. Derajadipun ngungkuli nabi sedaya. Pitung wulanipun kapanggih Nabi Dawud. Pangandikanipun, ing benjing putranipun jumeneng ratu chalipah agung. Wolung wulanipun kapanggih Nabi Sulaeman. Pangandikanipun bilih putranipun benjing dados nabi akir jaman, nabi panutup. Sang dewi sampun mbobot sangang wulan. Ing supena kapanggih Nabi enem, inggih punika Nabi Isa. Putranipun ing benjing dados ahli agami agung, alusing budi, hidayat kabegjan.

Sampun wancinipun sang dewi mbabar putra. Jabrael tuwin sakathahing widadari sami tumurun saking swarga sami tetulung. Ugi boten kantun Dewi Asiyah garwanipun raja Pirngon tuwin Dewi Maryam. Jabang bayi sinambut lajeng dipun sirami mawi toya zamzam, lajeng dipun lisahi mawi lisah saking swargi. Nunten dipun gedhong.

Sasampunipun mbabar putra, Dewi Aminah nunten seda. Seda suci, lahir lawan batin. Gumirah swantening tiyang ing kedhaton. Raden Abdullah boten saged ngendika, naming mriksani layon kemawon. Kathah ingkang kagalih. Sanget welasipun mriksani ingkang putra. Ki Abdullah dhawah boten emut. Dipun rangkul ingkang ibu tuwin ingkang rayi Dewi Kuranten.

Wonten gara-gara. Surya growing, grahana wulan, lindu. Punika rikalanipun ki Ahmad lahir, ing wulan Mulud, tanggal kaping kalih welas enjing, dinten Senen Pon, taun Dal, mangsa ketiga wuku Sinta.

Dewi Aminah sampun kasarekaken. Ki Abdullah tindak dhateng wana, sanget sungkawa. Kathah-kathah ingkang kagalih. Kemutan Dewi Partimah Sami ingkang kondur dhateng negarinipun. Lajeng sampun mupus. Sapunika katilar garwanipun. Jabang bayi boten gadhah ibu. Badan sanget cilaka.

PUPUH VI
D U R M A

Sang nata pinarak wonten ing sitinggil. Sineba punggawa mantra, para satriya, lan para bupati. Ingkang wonten ing ngajeng patih Jumiril tuwin kalih Raden Arya Abas lan Buntalib. Sri Narendra kemengan semu duka. Yen sanesa raja temtu sampun lolos ing wanci dalu. Laruging duka dhateng jabang bayi, ingkang wayah. Punika lare benter. Manawi teksih ing puri naming badhe damel welak kemawon tuwin nyangari negari.

Ki Buntalib dipun utus mbucal jabang bayi ing wana Pirangon.

Ki Ahmad dipun pundhut lajeng dipun selehaken ing kendhaga emas. Gandanipun angambar. Angkatipun ing wanci dalu, boten wonten ingkang sumerep. Kandhaga dipun panggul punggawa. Lampahipun sampun kalih wulan. Sareng sampun dumugi ing tengah wana Pirangon, kendhaga kaselehaken alon-alon. Ki Buntalib senggruk-senggruk, boten tega nilar kepenakanipun. Ujaripun : “Wus kariha bendara ana ing wana. Saka abote printahe eyangira gusti! Sun tetedha bendara oleha rahmat pitulunging Hyang Widi”.

Arya Buntalib sampun kesah dhateng Puser Bumi.

Ki Ahmad kantun wonten ing wana. Yen siang grahana surya, yen dalu graham wulan. Lindhu kaping pitu sadinten. Seganten rob. Kajeng ageng kathah ingkang rebah. Sasampunipun gara-gara punika wana nunten malih dados padhang nerawang siang dalu. Wana Pirangon mantun singit. Lelembat, berkasakan, sedaya sami ajrih asih lan rumeksa sang pekik, ewon, leksan malaekat awerni peksi endah sami rumeksa ki Ahmad.

Tiyang dhusun ingkang gegriya wonen tepining wana sami mlebet wana. Saya dangu, saya kathah tiyang Pirangon ingkang sami dhaateng sami tugur rinten dalu. Saking sawabipun jabang bayi ingkang sakit sami saras. Kendhaga lajeng dipun bekta dhateng dhusun Bandar. Tiyang sadhusun sami bingah, sami atur-atur rajabrna, tuwin ngawula dhateng ki Ahmad.

PUPUH VII
ASMARADANA

Raja Pirangon sampun miyarsa prekawis ki Ahmad. Patih Bidengah lajeng kadhawuhan mendhet jabang bayi. Sampun dumugi dhusun Bandar. Ki Ahmad kapendhet lajeng kaaturaken sang katong. Sang nata nuju sineba. Pepak para bupati, miwah para sentana, punggawa mantra, lan para raja. Sri bupati angandika : “Heh Patih, ki Jaka Ahmad, sun karya anak. Away dupeh temunira. Besuk yen gedhe nggentenana jumenenga ing Pirangon. Ingsun megawan kewala”.

Ki Ahmad wonten ing pura, rineksa kawula estri, rabining para raja bupati tuwin satriya. Cahya nurbuat wonten nggilipun jabang bayi. Madhangi sakitha. Jalu estri suka bingah.

Kocapa Raden Abdullah tindhak sapurug-purugipun. Kendhel ing tepining samudra ing dhepokipun nabi Adam. Wnaci tengah dalu miyarsa swanten : “Heh Abdullah. Lah pupusen, wus takdire, patine Dewi Aminah. Muliha sira den age. Kukupen anakira, awit wus binucal, ingaran panas. Neng alas Pirangon ta mangke. Tempuhana ramanira, ulihe anakira. Lah payo muliha gupuh”.

Raden Abdullah kondur semu duka. Sri Nata pinarak wonten ing nglebet kedhaton. Dewi Kuranten muwun wonten ing ngarsanipun. Sambatipun sang dewi : “Kaniaya rama prabu. Wayahe teka den bucal. Yen kakang Abdullah prapti, takon anak Tanana. Jeng rama prabu kados pundi?”. Sang nata kendel kemawon, boten antawis dangu ki Abdullah rawuh, nyembah nunten nyuwun priksa, wonten pundi ki Ahmad sapunika. Arya Buntalib kadhawuhan mendhet kepenekanipun ingkang wonten wana Pirangon. Raden Abas tut wingking.

Kocapa Raden Hazah ingkang kesah ngaji sampun mantuk. Rama ibu suka bingah. Sampun dipun ngendikani prekawis ki Ahmad. Raden Hamzah matur badhe nututi kakang Abas tuwin Buntalib.

Arya Abas lan Buntalib siyang dalu mlampah. Kendelipun naming manawi badhe salat. Dumugi ing wana, ki Ahmad sampun boten wonten.

Ki Ahmad wonten ing nglebet pura. Kareksa kawula estri kalih atus. Wadya bala ageng alit boten wonten ingkang wonten ing griya. Sedaya tugur siyang dalu. Ingkang dipun pitaya sang prabu kadhawuhan nggula wentah ndadah tuwin ndulang inggih punika ni Sasah. Rumiyin putrid boyongan saking negari Berdange. Ing mangke mlarat sanget tur sampun sepuh. Ki Ahmad rinengkuh putra. Sampun takdiring Hyang Agung, Dewi Sasah pulih prawan malih. Saben enjing wuwung siram, bebengkung lan wewedhak, apupur lan pilis inggun, jejampi lan wewejah, kados tiyang mentas gadhah lare sapisanan. Ki Ahmad pinangku alon lajeng sinesepan, nanging boten kersa. Dipun dulang ugi boten kersa.

Kocapa ki Abas lan Buntalib sampun wonten ing jawi pura. Ki Abas tengga wonten jawi pager banon. Ki Buntalib masang sirep lajeng mlebet. Ki Ahmad kapangke Dewi Sasah. Sang Dyah sare lenggah, sesendhen bantal susun. Ki Buntalib enggal medhet kepenakipun, kabopong lajeng dipun bekta medal, lajeng mangkat sareng kaliyan Abas.

PUPUH VIII
P A N G K U R

DEWI SASAH sareng wungu jabang bayi sampun boten wonten lajeng jerit, nunten kantaka. Dangu boten emut. Sampun kaaturaken sang prabu. Sanget dukanipun. Ki patih Bidengah tuwin wadya bala sami bidhal madosi Ki Ahmad.

Ki Abas tuwin Buntalib sami kendel ing ngandhaping wringin ageng. Ki Ahmad kapangku paman Buntalib. Ki Abas manahipun kuwatos. Ki Abas ing ngajeng mbopong lare, ki Buntalib ingkang badhe mabeni. Bala kapir sampun katingal, swantenipun geger gumuruh. Sami nututi, beluk-beluk aken wangsul. Ki Abas mlajeng, ki Buntalib kendel noleh. Kawula kapir celuk-celuk : “Wonten santri, lah mandega! Wani-wani nyolonmg putrane ratu. Yen sira ayoni urip, ulungna den aglis”. Ki Buntalib sumaur kaliyan mlampah : “Wong Puserbumi, ingsun arane Buntalib. Sira njaluk raja putra. Heh wong kapir ora kena, yen Buntalib isip urip”. Wonten mantra wolu ingkang nunten ngebyuki. Buntalib narik duwung. Wonten ingkang nyurung, nyuduk mawi tumbak saking wingking. Wonten ingkang medhang, nanging Buntalib boten pasha. Mantra wolu sedaya angemasi. Ki patih Bidengah tuwin balanipun dhateng, lajeng ambyuk. Buntalib karoban lajeng mlajeng nututi ki Abas. Sampun serap surya. Raden kalih sami singidan wonten ngandhaping kajeng kepuh. Ki Abas sampun telas manahipun awit temtu bade kacepeng. Ki Buntalib sampun pasrah ing Hyang Widi, lajeng mlampah.

Ki Hamzah kapanggih raka kalih ing margi. Saking katebihan dipun kinten kawula Pirangon ingkang ngadhang. Sareng sampun celak katingal cettha lajeng sami rerangkulan. Dipun criyosi sedaya lelampahanipun. Ki Abas bisik-bisik dhateng Hamzah :”Musuh kapir ambilaheni. Aluwung adhi mulih marang Puserbumi nggawa raja putra”. Ki Hamzah mendel kemawon. Raja putra sinambut, kinuswa-kuswa, pinangku ingaras awanti-wanti, kinudang-kudang : “Man Abas tyase satengu. Mangsa padhaa man Hamzah!” Ki Abas lajeng mantuk mbekta ki Ahmad. Ki Hamzah tuwin Buntalib mengsah bala kapir, kalih-kalihipun boten sami pasha ing dedamel. Ki patih Bidengah tuwin raja sekawan sampun ngemasi. Tiyang Pirangon sepalihipun sami mbalik, lajeng dados Islam. Raja Pirangon miyarsa lajeng badhe methukaken Raden Hamzah. Sang nata ngikal  gada, ki Hamzah ginada kaping tiga, boten ebah. Sang prabu enggal cinandhak, ingkang tengen nagger pedhang ingkang kiwa nyepeng kala menjing ngantos mlirik. Sang nata nunten atur tobat, dipun culaken. Raja Pirangon sabalanipun sami dados Islam.

PUPUH IX
DHANDHANGGULA

Raden Hamzah ngendika dhateng raja Pirangon supados sapunika ngereh negari Pirangon malih. Benjing menawi Ki Ahmad sampun jumeneng nata nunten sebaa. Wonten malih welingipun, Dewi Sasah mugi dipun asihi.

Raden Hamzah tuwin Buntalib sami bidhal, kairing kawula Pirangon. Sampun kepanggih kaliyan Ki Abas. Ki Hamzah dhawuh supados wana Pirangon dipun bubak, kadamel sabin. Prenahipun kandhaga rumiyin dipun damel Bandar. Kawula Pirangon tuwin para raja sami ngrosani pambukakipun. Sareng sampun wonten satengah wulan, Ki Ahmad tuwin paman tiga lajeng bidhal dhateng Puserbumi. Raja Pirangon tuwin para raja ngaturaken inten, mirah kalih pethi pratandha sampun nganut agmi Islam.

Raja Muntalib tuwin Raden Abdullah pinarak wonten ing pagelaran. Ki Ahmad sampun katur sang prabu, lajeng dipun pangku. Ki Abdullah gentos mangku ingkang putra. Arya Buntalib ngaturaken sedaya ingkang kalampahan.

Dewi Janiyah bingah kepanggih ingkang putra Raden Hamzah ingkang perwira, mungkasi kardi. Dipun bujuk ingkang ibu, supados enggal karma, nangging lenggana.

Sareng sampun kalih wulan tunggil kaliyan rama ibu, Ki Hamzah nyuwun pamit badhe kesah angaji. Dipun gendholi meksa kesah.

PUPUH X
M  I  J  I  L

Ki Ahmad wonten puri, cahyanipun mencorong. Ni Kuranten ingkang ngreksa kepenakanipun. Sampun yuswa pitung wulan, wancinipun liningling. Ki Ahmad pinangku, kinuswa-kuswa, Ni Kuranten ingkang waunipun tuli, guwing, gingsul, wungkuk dumadakan saras sedaya cacadipun. Jajanipun Ki Ahmad dipun arasi. Grananipun ingkang waunipun pesek mantun angrungih. Kawula estri ingkang ngreksa wanodya pipilihan, kathahipun satus kawandasa. Sadaya sami ajrih asih.

PUPUH XI
DHANDHANGGULA

Sareng Ki Ahmad sampun saged jumeneng, ugi tumunten lajeng saged salat.

Kala Ki Ahmad lair kasarengan lairipun lare pitung dasa. Sedaya jaler tur bagus-bagus.

Ki Ahmad sampun rumaja putra, kagung eyang tuwin ramanipun. Dipun paring kanca kawandasa. Inggih punika pilihan saking lare pitung dasa wau. Gangsal ingkang dados pramugari, inggih punika Bubakar, Utman, Ali, Kusumaji. Kusumaji punika awon manahipun, mila lajeng dipun tundhung. Sanesipun sampun Islam sedaya.

Karemenanipun Ki Ahmad angen menda, sesarengan kalih kancanipun. Wanci mahrib sami mantuk. Ki Ahmad saya dangu saya tebih anggenipun anegen menda, ngantos dumugi ing wana. Sampun pinten-pinten wulan ical boten kapanggih. Ingkang eyang tuwin rama sampun sami mupus. Boten antawis dangu sang prabu tuwin ingkang garwa sami seda, kasarekaken ing Madinah.

Sineksen ing para pandhita negari Puserbumi binage dening Ki Abas. Negari dipun para sekawan, kalih duman kangge Raden Abdullah ingkang badhe jumeneng natal an ngukup sadherek estri Dewi Kuranten. Ingkang kalih duman kangge Ki Abas tuwin Buntalib. Ki Hamzah boten kaduman, mergi kesah tapa brata lan dinugi boten kersa. Para pandhita emeng galihipun. Ki Abdullah mendel kemawon, pambagening negari magel.

Ki Hamzah sampun miring bab sedanipun rama tuwin ibu. Enggal-enggal kondur, pitung dinten pitung dalu nyungkemi pasareyanipun rama ibu. Sasampunipun lajeng tindak dhateng sitinggil. Ing ngriku sampun pepak para pandhita, mantra bupati. Raka katiga lenggah ing ngajeng. Ki Hamzah semu duka, nunten ngliga pedhang lajeng ngandika bilih Ki Abdullah mardika. Ki Abas tuwin Buntalib manawi badhe nedha negari, badhe kasukanan negari Julrah, lan negari Kupah. Ki Hamzah ingkang badhe jumeneng nata. Ki Abas tuwin Buntalib nedha mardika. Para pandhita sami lega manahipun. Ki hamzah sampun jumeneng nata.

Kocapa Ki Ahmad wonten ing wana kalunta-lunta lampahipun, sampun dumugi lambunging redi. Tansah nyebut asmaning Pangeran. Malaekat Jabrael tumurun awerni peksi johan. Ki Ahmad dipun samber, dipun bekta dating pucuking redi, nunten dipun tilar. Marginipun rumpil sanget, Ki Ahmad ngantos meh dhawah. Enggal nyandhak panjalin ingkang wonten ing ngriku.

Kocapa Kusumaji rikala katundhung lajeng tapa wonten ing redi. Nggentur tapanipun, sampun ngraga suksma. Sumerep Ki ahmad badhe dhawah enggal nulungi. Ki Ahmad noleh, ing batos uninga, bilih Kusumaji benjing badhe jumeneng nata wonten ing tanah Jawa ing Mehangkamulan, manut sarengatipun Kanjeng Nabi Muhammad.

Ki Ahmad nglajengaken lampahipun, kapanggih kaliyan malaekat Jabarael. Jajanipun Ki ahmad dipun bikak dipun iseni serat tigang dasa jus. Inggih punika purwaning kor’an. Jaja dipun usapi, lajeng pulih malih. Kusumaji ingkang sumerep sedaya wau lajeng enggal-enggal mlajeng. Jabrael boten nyumerepi. Ki Ahmad kabekta dhateng bumi suci ingkang kawastanan baitullah. Ingkang yasa rumiyin inggih punika Nabi Ibrahim tuwin ingkang putra Nabi Ismail. Margi boten dipun upakara samangke katingalipun kados wana trataban.

Ahmad lan Jabarael sami lenggah jejer. Jabarael ngendika manawi dipun utus, kadhawuhan marasi, mumpung wulan Hijah. Ki Ahmad inggih kersa, nanging badhe rerembagan rumiyin bab kawruh. Jabarael kapurih ngawon kemawon, awit Ki Ahmad langkung langkung sepuh. Jabarael rumaos langkung sepuh, manawi Ki Ahmad mila langkung sepuh, mugi kersaa mastani sedaya punapa-punapa ingkang wonten ing wiwitan, tengahan tuwin ingkang pungkasan, tuwin mastani nabi sedaya.

Ingkang wiwitan inggihp[unika lintang  johar awal, lan cahya nurbuwat. Panggenanipun wonten ing kandil. Loh kalam boten wonten. Kandhil gumantung tanpa canthelan. Ingkang tengahan swarga lan neraka. Ingkang pungkasan bumi langit surya wulan lintang. Alam donya saisinpun, Loh kalam ingkang nyawabi. Wonten jalu estri pinunjuk dados retuning swarga. Nunten sami nerak angger-angger nedha who kuldi, dinukan katndhung dhateng donya. Ingkang wiwitan Nabi adam, ingkang wekasan Nabi Muhammad. Wonten satus kawan likur ewu nabi. Ingkang katurunan sarengat wonten nenem, inggih punika, Nabi adam, Nabi Enuh, Nabi Ibrahim, Nabi Musa, Nabi Ngisa, Nabi Muhammad. Wonten satus sekawan kitab ingkang katurunaken. Nabi Adam tampi sedasa, Nabi Sis skeet, Nabi Idris tigang dasa, Nabi Ibrahim sedasa, Nabi Musa kadawahan Toret, Nabi Ngisa Injil, Nabi Dawud Jabur, dene Nabi Muhammad kadhawahan Kor’an.

Lintang johal awl sapunika wonten pundi? Jabarael mendel kemawon boten sumerep. Ki Ahmad ngendika punpa ingkang wonten nglebet jajanipun. Jabarael mandeng jajanipun Ki Ahmad, lajeng sumerep lintang johal awal, nunten sujud. Sampun boten rumaos langkung sepuh. Ki Ahmad ngendika menawi kersa dipun parasi, ananging boten kagungan kopyah. Jabarael enggal nyuwun pamit nunten musna.

PUPUH XII
ASMARADANA

Jabarael sampun wonten ing ngarsanipun Hyang Widhi lan sampun matur bilih kekasih Muhammad boten gadhah kopyah. Jabrael kadhawuhan mendhet ron kastuba ingkang sae saking swarga, minangka kopyah. Punapa malih kekasih Muhammad kaparengaken rabi widadari sakethi. Kawenangaken mi’raj dhateng swarga, nitih burak. Lan sinten ingkang mendhet remanipun, ing donya lan ngahirat angsal rahmat. Dosanipun badhe kaapunten, halal dhateng swarga, haram dhateng naraka. Para widadari sedaya supados mendhet rema. Saben wulan Hijah kekasih Muhammad kadhawuhan paras.

Kocapa lare kawandasa, kancanipun Ki Ahmad, tuwin Bubakar, Umar, Utman, Ali, sedaya sami madosi Ki ahmad ing wana tuwin redi. Jabrael enggal aken dhateng peksi garudha ingkang angengipun saredi, supados tetulung. Swiwinipun dipun beber, ngrepak lare kawan dasa. Sareng sampun nglempak lajeng dipun giring dhateng Mekah.

Ki Ahmad lenggah wonten serambi ka’bah saweg pitekur. Dumadakan lare kawandasa sami dhateng lajeng sami ngujung. Bubakar, Umar, Utman, Ali makaten ugi.

Anuju malam Jumengah Jabarael tedhak saking swarga. Punapa ingkang sampun wenang nggadhuh telaga Kalkotar. Yen pinuju wulan Hijah Ki Ahmad kadhawuhan dhateng redi Arpat lan wajib salat pardu Jum’at. Tiyangipun wajib kawandasa. Manawi Ki Ahmad benjing sampun karma, yen wulan Ramedan dipun dhawuhi tapa ing guwa. Malem selikuripun supados ngungak dhateng jawi. Ki Ahmad ndheku mirengaken sabdaning Hyang Widhi.

Jabarael dipun utus malih, nyuwun priksa namaning rema. Pangandikanipun Ki Ahmad wonten kawan werni. Inggih punika cemeng, pethak, abrit, tuwin jene. Cemeng punika raos langgeng ing datullah. Pethak raos sucinipun. Abrit raos ingkang jinatenan. Jene raos ingkang mawi cahya. Jabarael ngakeni bilih Ki Ahmad langkung waskita.

Gancanging carios, Ki Ahmad sampun pinarasan, Widadari sadaya sami mendhet rema jaler. Saking kathahipun widadari ngantos wonten ingkang boten kaduman. Jabarael tuwin widadari sampun sami musna, boten wonten tiyang ingkang sumerep. Ki Ahmad sampun pinarasan kairing sahabatipun. Ingkang sami sumerep sami gumun, dene Ki Ahmad ngagem kuluk bathokan ijem. Tiyang Kures sami dongong. Batosipun : “Tan ginggang dadi sri nata”. @@@

– o O o –

1 Comment

  1. Assalamu’alaiku, ki demang ngapuntene sanget nggeh, bok menawi kawuln copast pikantuk punopo boten?
    Kawulo ngaturaken matur sanget dateng perhatosanipun ……!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: