alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

KAWRUH KASAMPURNANING NGAHURIP


Buku Kawruh Kasampurnaning Ngahurip
Kagunganipun R. M. Mangundipura
ing Mangkunegaran
Kawruh Kasampurnaning Ngahurip, anggitane Je. Se. Sateryi.

BAGIAN I

BAB DUMADINING WUJUD MANUNGSA : LIRE.

Anggitan kang kawedaraken ing ngisor iki dadiya piwulang kang cekak kanggo ing wong kang sumedya hambanjurake prasudi murih oleh susurupan ing sawatara bab kawruh ing bongsa hindu marang kasampurnaning ngahurip.

Ing anggitan iki sabisa-bisa aku bakal anggunem kalawan tembung ringkes bab tabingat kodrating manungsa, drajat kang linungguhan ing donya, apa kang diarani donya lan kapriye mungguhing kadadeyane, pendheke arep anggunem kapriye lan pasababe urip tuwin apa karepe.

Bok manawa aku banjur wenang ngawruhi sakabehe uwiting wujud.

Murih bisane nyandhak kang kasebut iku, prelu banget aku nyumurupi tabingate kodratku dhewe dhisik, mengko aku bakal weruh, dening donya iki ora liya mung geter, kang dudu saking pikarepe dhewe, tuwan kang ngarani: barang iku padha miji anane, iku ora kena kayak tenan kalawan ponca driyaku, saupama wong niti pariksa sarupaning barang ing sakukubane, bakal weruh yen barang iku ora nyata ing anane, manawa andhewe, (tanpa tandhing) ajine sarupaning barang kudu kanthi titimbangan lan owah-owah mawa-mawa patrep paniti priksane,  mulane longka yen aku dhuwe pangarep-arep bakal weruh ing uwiting barang sarana ponca driyaku.

Murih bisane sumurup ing uwiting barang, manungsa kudu ngawruhi awake dhewe, mangkono panemune sakehing panutan ing saben nagara, pangandikane Sokrates weruha ing dhirimu pribadi, karsane ora liya mung supaya padha nyumurupana ing tabingat kodrat kang awakku dhewe lan kaya mangkono uga karsane panutan Kristus kalane ngandika marang para sakabate upayanen karajaning Gusti ing batinmu dhewe.

Mung sarana mrasudi nyumurupi awake dhewe, manungsa bakal weruh ing kanyatahanane lan weruh yen awake iku ora ngemungake condhong ing kahanane bae karo barang liyane kang ing donya, ananging uga kadunungan kodrat donya (kodrate tolah) ing wujude.

Kodrate iku ora kena binagi, tegese: lairing uwite mangreti wutuh, mulane: sanajan ing wedhi sahelas kodrat donya iku tinemu wutuh uga, najan gaib ing anane lan ora kang kanyatakake, ananging sarehning wedhi sahelas iku ananging sajabane badanku – iya iku kawirit ing tegese kang sanyatane bae – dadi aku ora bakal bisa anggadhuh kodrat (tabingat) asarana mrasudi kahananing wedhi.

Mung ana siji kang kena ditemeni ing pamrasudine, iya iku: awakku dhewe, yen siji iku wus terang, manungsa lagi bisa weruh ing kodrat donya.

Lah iku mulane aku bakal miwiti sakpaparincene wujud manungsa, lan saselot-selote aku bakal anuntun kowe tutug ing panggonan suci, kang dumunung ing telenging atine saben uwong.

Yen uwis terang mungguh kodrating manungsa, lan kapriye mungguhing kahanane ana ing sawiji-wijining panggonan ing donya, aku bakal anyoba nyatakake uwiting donya, sarana niti pariksa barang-barang kang ana ing sakukubanku, nuli aku bakal ambudi bisane weruh mungguhing dumadining sawiji-wijining barang – cara santrine: – kapriye Gusti Allah enggone anitahake barang – ananging lakuku mratelakake ora kaya lumrahe santri yen mumulang, iya iku tanpa katrangan (mung sarana gunem) saoleh-oleh arep cara lakuning pujangga yen nenerangake, nganggo katrangan kang yekti, wekasane aku arep angudi murih weruh ing sakabehe, kang kira-kira bisa kadadeyan ing ngatase nyawane manungsa, aku bakal nyoba ambudi, kapriye bisane manungsa ing donya weruh kahananing alusing badan lan kapriye bisane wong dadi Gusti, malah uwis dadi sadurunge mati.

Prakara iku bakal dak nyatakake saka biji, wiwit sarana niti priksa ing tabingat kodrating manungsa.

Saben uwong mesthi sumurup yen badan wadhag iku beda ing kahanane karo nalar (budi) ewa dene aku ora arep angarani yen budi iku kawujudane kena kaanggep beda lan badane wadhag.

Wong kang maido ing kahananing nyawa, ngarani yen budi iku ora anbedane bar pisan karo badane, ananging dheweke kudu mikir (nimbang) yen daya pamikir iku sawijining pangawasa nyambut gawe kang beda karo daya pangawasa nyambut gawene badan wadhag, dadi ing jero manungsa ana bedane kang tetela antaraning wadhag lan aluse, utawa, cara lumrahe, antaraning wadhag lan nyawane.

Aku wus padha sumurup yen badan iku mesthi kena owah lan tansah malih ing rupa, saben watara pitung taun sapisan salin rupa, dalasan perangane kang lembut ewa samono isih ngemut ing wujuding wonge, kamanungsane, dadi sajroning kuliting badan kang ora ajeg kahanane iku ana barang kang kena diarani ajeg tinimbang lan wadhage, iya iku kang minongka saksining pamalihe mau (iya iku kang dadi titimbanging pamalihe), yen ora mangkonowa aku ora padha bisa weruh ing pamalihe badan wadhag ing saupama nalar (budi)ku, pamalihe padha arikate kaya pamalihing awakku, amesthi pamalihe tan kena winirsa, bisane wong weruh (gatake) obahing barang, dheweke kudu meneng apese iya mobah kang tindake beda karo tindake barang mau.

Uger titimbangan mangkono iku tumrap ing mubarang kang katon, manawa ora ana titimbangan mangkono, nglengkara banget aku padha bakal bisa ngyekteni (ngraskake) apa-apa.

Kadadeyan kang nyata, iya iku, aku padha weruh ing owah-owah ing badan ngemurasa, yen sajroning badan wadhag ana barang sawiji kang nyanyatheti pamalihe.

Kajaba saking owah-owah (wadhage) isih ana owah-owah ing batin (aluse) kang tansah lumintu ing kadadeyane, ananging kang lumrahe ora diopeni ing wong kayata: pandelenge wong marang barang-barang, iku kasababake saking pamalih wong rikatan tumaruntun tumanduke marang barang mau, cekake saking dhredeg (geter).

Pamalih kang mangkono iku urut tundha-tundha lan gegendhengan, iya iku kang diarani pangrasa, yen uwong ora kasinungana pangrasa mangkono ora bakal bisa andeleng utawa ngrasakake. Sakabeh kadadeyan nyata kang rinasa iku sasambungan siji lan sijine, nuli karegem ing sajroning angen-angen, ngendi dununge angen-angen ewuh enggone arep ngarani, yen iku dumununga ing utek awit utek iku barang wadhag ya gene barang kang wus kalalen lawas teka saka elingan wela-wela maneh ing angen-angen lan ya gene wong kang tinandukan ing hijpnoses (bongsa sihir) banjur bisa eling ing mubarang kang kalakon nalikane isih bocah, lan wus kalalen babar pisan wus akeh katatalane wong kang tinandukan ing hijpnose, banjur kelingan ing basa kang lagi rinungu sapisan dhek isih cilike, kang mangkono iku saemper kaya ana barang sajabaning badan kang anyatheti kabeh kang rinasa, barang iku ken diarani mentale (tegese batin).

Dudu maksudku netepake kanyatahaning kadadeyan iku klawan amet wawaton saking katrangan kang kurang patitis mangkono, awit ing ngatase aku iku dudu nyina kang yekti, lumrahe sawijining kanyataan ora wenang katetepake mung dening gunem bae, murih bisane oleh nyina kang yekti kudu kokawruhi dhewe, murih weruhmu, yen anamu iku ora gumantung saking badanmu wadhag, kowe kudu bisa misahake alus saking wadhagmu, tegese: kowe kudu bisa mrasudi nyatakake yektining alusmu kaya upamane wong Alitaliya (natuurkunde) ngudi weruhing kadadeyane barang-barang, kang arep dipasthekake ing papathokane, sarehning wekasane kanggitan iki aku bakal amratelakake sawatara bab kang kasebut ing dhuwur mau, dadi aku ngandharake gunem mau, karepku mung sumejanlekake, yen apa kang bakal dak caritakake iki dudu pikir kang ngayawara, ananging ana sababe tetela, kang dadi saksine wawatonku.

Kang sapisan, dadi aku padha kena ngarani yen badan wadhag iku beda karo mental, iya bener beda iku ora terus ing batin (beda temenan) iya bener sagugune ora bisa ananging wus mesthi katarane kaya dene bedane barang atos karo barang cuwer.

Saupama aku padha tumandanga amijang-mijang mental ing saantara suwene, amesthi bakal tetela yen uga bisa owah-owah gingsir, lan ora pisan-pisan ajeg, hawa nepsu iku tansah lunga teka, kahananing yitma (nyawa), solan-salinku maruntun lan akeh warnane, ing saben taun budi iku mundhak utawa suda, (kabuntel) dayane eling genti-genti tindake, wekasane angen-angen iku saya sampurna, awit dene mundhaking tabingat kodrating manugsa, lah, mangkono owah ing wijang-wijanganing mental iku, sarehning malih-malihe iku katara, dadi mesthi iya ana kang luwih ajeg tinimbang karo mental.

Barang iku mesthi anane, iya iku kamulaning roh kang sipate: ora mung awake dhewe, tresna lan kabecikan liyane, kang andadekake geseh ing titikane wong lan khewan. Pangrasa wawatedhan mau kang lumrah anjalari kabegjan.

Uwiting yitma beda lan batin, kaya dene hawa (asep) karo barang atos utawa karo kang cuwer.

Manawa tabingating yitma iku dititipariksaa, amesthi tetela yen owah-owah uga kahanane.

Napsu marang kabecikan iku saya lawas saya mundhak, undhake saking nur raraga, anggugulang ing sih katresnan lan anggawe kabecikan.

Kabegjan kang rinasa ing wong sawijining waktu, iku bisa oncat maneh ing mongsa liyane, sarehning owahe iku katara, dadi tabingating yitma iku dudu pribadi kang sanyata, sajabaning tabingating yitma isih ana barang kang ngawuningani sakehing pamalih-malihe tabingat yitma mau, ing panggonan kang dhuwur sajeroning wujud manungsa, iku pribadine manungsa, iya iku sakti kang nyatheti sakehing owah-owahing yitma, batin lan wadhag, dadi jejering dat iku papat, badan wadhag, batin (badan alus), roh (napsu marang kabecikan), lan pribadi kang luhur (sakti kang tan kena owah), patang warna iku pakolehe pamijange wujud manungsa, pribadi iku kang dadi lumuning dat, dene liyane mung minongka kanthine bae.

Yen kowe niti pariksa ing jeroning jasadmu dhewe, kowe bakal ngrasa, embuh keh sathithike, dayane tumandange wijang-wijangan mau anamging murih kang sinungan watek kang prelu ing ngatase iku, lan meleng tanpa kendhat kanthi sabar tawekal, amesthi bakal weruh ing kanyataane lan bisa ambedakake jejering dat mau, apa dene – kanthi eling ing kahanane dirine – saselot-selote bisa anggadhuh marang uwite kadadeyane awake kang dhuwur-dhuwur lan aku bisa ngarani, yen laku mangkono, iya iku sapiturute amijang-mijang paparincening wujud saking pribadine, iku anganakake kang diarani sengsem marang kabungahan, bisa uga ninggal wadhag ing saantara (suwene ing sakarepe) supaya oleh kawruh saking awake dhewe ing padunungane aluse dat kodrat.

Mangkono iku wus kalampahan dening kanjeng nabi kalane siyam 40  dina lawase, mung wong kang bisa mangkono kawasa nyatakake ing kayektene kang dak pratelakake iki, ing ngatase wong kang mangkono ora ana kira-kira lan panyana kang durung tamtu ing kira-kira mau dadine yekti, ananging emane dene mung sawatara bae kang kawasa mangkono, sabab satemene mung sathithik wong kang kasinungan watek kang prelu, luwih arang maneh wong kang genten tulaten mrasudiku.

Aneh banget dene akeh wong wani ngarani yen nyawa iku ora ana, ananging weruh apa wong mangkono iku, apata dheweke ahli ing bab iku, mung wong kang ahli prakara iku wenang ngarani mangkono, upamane jagsa, tamtu rumongsa katir ing ngelmu padhukunan, awit dheweke ora ngudi ing kawruh iku, apa dene ambudi daya murih weruhe, dadi rumongsa kasore ing panimbange marang prakara iku, ewa dene ora ana wong gumun ngrungu pamaido marang ananing nyawa, metu saking wong kang mrasudine ing kawruh iku ora ana saprasweuning waktune kang kanggo mikir prakara liyane, dadi satemene pamaidone iku ngecemong.

Heh, mitraku. Sadurunge kowe maido ing anane nyawa, prasudinen dhisik lawase mung ana asaprasapuluh ing mongsa, kang kokeceh-eceh ginawe mikir prakara liya-liyane.

Mara saiki padha ambanjurake pamijaning badan manungsa.

Mungguh dating manungsa iku ora padha karo dating barang kang tanpa nyawa, ing tembung monca lumrah diarani, wdarganis, tegese: apanggaota, dene dating barang kang tanpa nyawa, kabasakake:  anwdarganis, tegese: tanpa panggaota, ewa samono aku wani masthekake, yen para ahli kimya (juru mijang) ing tembe bakal angarani, satemene ora ana dat kang ora kapanggaota, najan beda ingkang gone.

Ing sajroning badan manungsa uga kasinungan dat kang tanpa panggaota, ananging iku kawasesalan kaereh marang wijangan badan kang kaaranan daya urip, dadi kasinungan sarana anggaota, kang iku ing badan manungsa ana purba “(bakal winih) loro, iya iku wadhag lan daya urip, daya urip iku kena kaaranan winih kang saking eter (hawa) terange mangkene, yen badan manungsa iku katitipriksa, tinemu kadunungan sawijining barang kang luwih entheng lan alus tinimbang karo “gas” diarani eter, iku kang nanangi ing daya urip.

Eter sajroning dat kang tanpa nyawa ora pati ngarani yen kanggo nangekake daya urip ewa dene masthi anane, awit eter mau rumangsukan andumunugi saben barang, kang atos, cuwer lan awujud angin, mung dayane aweh urip ing kono semune aber, ananging sama sawinihing urip iku winetokake saking kekeraning dat kang asor (wadhag), iku banjur kawasa nglumpukake sakehing dat mau, sarta kasinungan sarana anggaota wekasan thukul dadi tanem tuwuh.

Winih kang urip iku kang aweh panggaota marang wadhaging manungsa, dene dating eter kang dadi dhasar utawa panuntuning urip kena kaaranan badan eter, iya iku rangkepaning wadhag.

Sarehning dating eter lang winihing urip iku nunggal sagarba, prasasat  loro ing ngatunggal, kenane kanyatan sakehing wong sarana ambudi ngelmu mahnetisme, yen uwong wus terang susurupane marang kawruh mau iya bakal weruh, manawa mahnetisme iku ora liya mung wetuning daya urip kang tumular sawiji marang liyan.

Dat loro, kang dadi bakaling badan manugnsa mau ing tembung Sansekrita diarani: setula buta, tegese: wadhaging badan lan prana, tegese daya urip ana ing andadekna kawruh anamu sanajan dat loro iku wenang kapisah, karo pisan tetep wadhag dudu alusing tabingat kodrating manungsa, (karo pisan panunggaling jasad iya iku wadhag = lebu).

Batine manungsa kena kawijang-wijang dadi telung wijangan lan sawijange kena kapisah.

Kowe wus padha sumurup yen saben uwong kadunungan hawa nepsu pangrasa ngeres lan pangrasaning badan sakojur.

Pangrasa iku mau sawijining kahanane uriping nyata lan akeh warnane, wiwit hawa nepsuning kewan nganti pangrasaning wong kang sampurna. Parincen tabingating nyata kang mangkono kaprahe diarani, pangrasa, bae. Ing tembung Sansekrita, kama, tegese nepsu (= kakarepan) dat ing luwih alus tinimbang lan dating eter, sarta dadi purbaning sakabehing pangrasa, ing basa eropah kaaranan astrale stof (astrale setof)tegese dat kang padhang, (sorot=cahya) iya iku kang dadi bedane batin karo badan wadhag ing ngatase wong kang kawasa nyumurupi.

Kajaba saka iku kowe iya wus padha sumurup yen ing sajroning  manungsa ana wijangan kang kawasa mikir, ngira-ira, nglimbung-nglimbung, iku diarani nalar, utawa pamikir, kahanane condhong karo kahanan asor kang dadi uwiting” manas” (tembung ngalatin=mens, tegese nyawa kang mikir) mulane kahanan manas kang asor.

Ana maneh paparincen kang luwih luhur drajate iku ora ngira-ira, ora nimbang-nimbang ala becik, ora nganggo mikir, ananging nuli bisa ngarani, iki ala, iku becik, embuh sababe nanging iku masthekake yen temen mangkono, dhasar (purba) mangkono iku budi kang luhur utawa angen-angen kang eni, iya iku wujude jatining manungsa, lan wenang diarani nyawane (= angen-angene = budi kang sajati) iya iku kang ing tembung Sansekrita kaaranan pikir kang luhur (=mens=manas kang luhur).

Dadi ing garbane manungsa, padununganing nyawa, ana wiwijang tetelu:

  1. Tabingating kodrating hawa nepsu, rasa ngeres lan pangrasa (kama).
  2. Angen-angen kang nimbang, mikir, ngira-ira (manas kang asor).
  3. Angen-angen kang tatas utawa putus (nyawa=manas kang luhur).

Dene mungguh alaming nyawa, ing samengko aku durung bisa mijang-mijang, awit luwih akeh paparincene, gedhe cilik lan mung wenang ginayuhing wong kang sampurna tegese kang wus binuka dening kang maha kwasa.

Kang iku alaming nyawa anggepen yen mung “siji” bae.

Mangkono uga kudu panganggepmu, yen kowe padha anitipariksa, “pribadine manungsa”.

Pribadine manungsa iku satemene uga awujud telu, nanging sawiji-wijine ora kena nyatakake ing wong lumrah, mung wong sampurna kawasa anyumurupi lan ambedak-bedakake, mulane telu ning ngatunggalan iku dak arani “siji” bae, iya iku, mahatma, caritaku dak pathet, sarta telu ing ngatunggal (trimurti) mung siji bae ing wujude, mungguh cara uwong agama Nasarani (Kristen) diarani: rama, putra, lan roh suci (rokhul kudhus) utawa wujud kanyatahan telu kang luhur.

Dadi manungsa ana purbane pipitu kayata:

  1. Wujud luhur telu kang kaanggep nunggal iya iku pribadi, iku jejer kang sajati lan mung sawiji anane, iya mung iku saksining sakabeh owah-owahing badan (tembung, mahatma, tegese nyawa kang agung, pribadi kang agung) bongsa teosofi angarani, atma, ananging bongsa Hindu Buddha angarani: mahatma, atma tegese, kang molahake kabeh, kang mengku kabeh, satemene mung pribadining manungsa kang bisa ngemot sawarnaning barang.
  2. Uwiting nyawa utawa pangudi, budi, tegese pinter, kaputusan.
  3. Nyawa, utawa manas kang luhur.
  4. Pikir, utawa manas kang asor, manas tegese bakal kang padhang, kang nyarambahi ngalam kabeh, iku lumrahe kaaranan angen-angen.
  5. Pangrasa, utawa kama, kama tegese hawa nepsu = kakarepan.
  6. Prana, tegese daya urip = polah.
  7. Wadhage, kang atos, cuwer, lan awujud hawa diarani setula buta, tegese, adon-adon kang wadhag (dumadi kang wadhag).

Satemene ora ana prelune mungguhing wong angapalake arane, sakabeh purba kang kasebut mau, balik angawruhi anane purba iku ing badane dhewe iku luwih maedahi.

Ing bubukaning anggitan iki aku wus amratelakake, yen ing jagad akeh bakal kagandhengan siji lan sijine, (tegese genten anganakake wujud anaking anganakake) lan kang condhong ing kahanane karo sakehing purba kang tinemu ing tabingat kodrating manungsa, kayata:

  1. Dat angsale wadhaging manungsa condhong karo barang kang atos, cuwer lan kang awujud hawa, kang ana ing sakukubane, bakale kang awujud eter ora beda karo etering barang-barang liyane (iya iku uwite uriping barang), karone (dat lan eter) dadi bakaling wadhage jagad kabeh, (srengenge, lintang, rembulan).
  2. Purbane pangrasane manungsa cocog karo uwite barang kabeh, iya iku sorot (ngalaming geni).
  3. Winihing budi manungsa lan nyawane nyamleng lan budi tuwin nyawane jagad, sakarone dadi anggeni (ngalaming) budi. 
  4. Dene uwite nyawa lan pribadine manungsa condhong lan enggoning nyawa, (ngalaming roh).

Prakara iku bakal terang sarana amek pipiritan kang pinethik saking anggitane nyonyah Ani besan iki.

Ilining elektrisiteit – iya iku barang wadi, kang mung kadadeyane bae wenang kinawruh ana ing wong – bisa amujudake kahanan warna-warna mawa-mawa barange kang kataman, yen iki ning nrajang kawat (embuh gedhe cilike), amesthi katara anane, arupa geni utawa panas, yen tumanduk ing banyu uyah, kanyatahaning tumamane, uyah mau dadi pinisah-pisah date, lan manawa mili ngubengi kawat kang empuk, besi mau dadi kasinungan daya panggendeng kaya wesi purasani.

Lah, mangkono uga kawasane daya kang tunggal, samongsa tumanduk ing dat, bisa nganakake kahananing dat, kayata: bobot elektrisiteit, padhang, urip, lan liya-liyane. Yen tumama ing ngalami sorot, nuwuhake kahananing nyawa (batin) kayata: pangrasa, rasa ngeres sabanjure. Yan tumanduk ing ngalaming budi-budi kang luhur, anganakake napsu marang kabecikan (kayata: asih, tresna, rumangsa bagya nrima) yen ing ngalaming nirwana, nungkulake nirwana, (kayata: ananing suci) bisa nunggal kahanan karo sadhengah kahana, dene ing saiki uwong durung bisa anggayuh kang luwih dhuwur, tegese: nirwana iku judeging panggayuhe ing ngalame dewa, ananging yen ing jagad bisa luwih kadi iku, mungguh ing bab paningti pariksaku mau, iya iku ing ngatase wong lumrah- nirwana mungguh ing aku kabeh, uga kena kaupamake srengenge ing ngatase wong picak. Mulane para ngulama Hindu kaya-kaya ana benere ngarani, yen nirwana iku padha bae karo sirna.

Dene enggon mau kabeh ana ing jagad, kaya dene anane purbaning manungsa, ora sunsun utawa tumpangsuh, ananging manjing pinanjingan, utawane kaya dene banyu manjing ing barang kang atos, hawa ing barang kang cuwer, mangkono uga eter rumesep ing sakehing barang, nuli babar nyarambahi jagad kabeh, banjur genti uwit kang awujud sorot, iku mrasuk ing eter lan sawarnane barang kang wadhag, mangkono sabanjure. Dadi sarupaning purba padha manjing pinanjingan, manungsa dadi urip bareng ing sakehing ing enggoning jagad, kang condhong karo sawiji-wijining uwiting badane.

Ing dhuwur wus kapratelakake, yen purbaning manungsa pipitu bias ana mung limang panggonan ing jagad.(i)

 ————————————————————————————————————————-

 Katerangan: tembung enggon utawa ngalam kang kanggone ing anggitan iki ora kaya kawruh ing akeh, mung gumantung saka prajanjiyane para ahli teosofi bae, mulane prayoga tansah dieling-elinga, supaya aja nganti kliru tampa, enggon utawa ngalam iku sawiji-wijining kahanane “dating jagat”, kang minangka wawaton sakehing wawarah bab “daya kang tunggal”.

Saiki aku wus padha sumurup, yen purbaning manungsa iku pitu, nanging dumunung ing limang martabating donya, kang iku purba pipitu mau dadi wenang karingkes kadadekake lima, mungguh anane pitu iku marga winuwuh ananing purba loro, kang condhong karo martabating donya loro kang luhur, lan kang uga ora wenang kanyatakake ing manungsa, dene iku dak andharake, mung supaya wong padha sumurupa, yen agama Hindu temen anganggep ing ananing purba lan martabat loro iku mungguh arane. Awiyakta, lan Purusha.

Dene katarane yen ana dening atma, dadi loro iku temene loroning ngatunggal, iku ora wenang kapisah-pisah, awit atma iku katone ing manungsa mung siji, trimurti iku ing ngatasing womg kaya dene katon ing impen bae, (cipta).

Saiki aku arep tutur mungguh ing gawe lan owah-owah ing purba-purba mau, pira lawas lan lan jembaring gone, wiwit saking purba kang luhur urut mangisor, kang sapisan atma, iya iku dat kang sampurna, kang awujud telu nanging kumpul dadi siji, iku purba kang langgeng anane ing manungsa, kapindho dating roh, iku ora langgeng, ananging anane luwih lawas tinimbang lan purba kang ing sangisore, lan mangkono sabanjure nganti tutug badan jasmani, anane suda-suda lawase.

Prakara iki bakal terang samongsa aku padha mikir bab dharedheging barang, saya alus utawa lembut barange, saya suwe dharedhege, iku dadi wawaton dawa cendhake mongsa anane purba manungsa, awit anane iku ora liya mung saking dharedheg, purba kang luhur-luhur dadi padha menangi sirnane badan jasmani, (badan wadhag) kaya upamane senthenge rebab, kang lembut isih geter, manawi kang anggal uwis suwe menenge. Dene iku aja dianggep nyina kang yekti, sabab satemene mung upama bae, mungguh yektine mung sarana kabudi lan dilakoni dhewe dening wong kang bisa anglakoni, sawenehing wong nrima oleh susurupan saking pituturing liyan, kang wus padha nglakoni nyatakake ing yektine. Manut kang pratelakake iku dadi badan wadhage manungsa (atos cuwer lan kang awujud hawa) iku kang cendhak dhewe umure, samongsa uwis tutug ing jangji katinggal, pisah karo badan, eter loro kang dadi saranane badan jasmani duwe daya upaya urip, saupama badan jasmani iku tininggal sawatara bae dening badan, eter loro iku, bisa dadi tanpa ngrasa, kayata: uwong diamboni kloroforem, mungguhing wong kang wus sidik bisa weruh, wetuning badan eter, katon wujude kaya kukus semu biru, yen kukus iku sah babar pisan saking badan, temtu wonge mati, uwite uripe wus tanpa daya marang anggaotane, wekasan bangkene sirna dadi lebu, awit saking patine (adat letelung dina) badan, eter mau genti katinggal ing badane kang luwih alus, dadi bathang, iku ora urip lan kembang ora adoh saking jisime mau, jisim kang kapindho iku sirna, akeh katatalane wong weruh memedi. Kang kadadeyan saking eter iku, lumrahe wong kang jirih utawa kaget, ananging yen jisim iku diobong kaya carane bongsa Hindu Buddha, badan eter mau nuli sanalika bisa sirna bareng lan wadhage.

Dene aluse badan loro iku isih, awit sirnane ora andadekake sabab ing anane manungsane, malah luwih urip tinimbang lan uripmu lan uripku, nanging ora kena sinat mata, amarga tanpa wadhag, kahananing wujude luwih dening lembut, ora wenang kanyatakake dening wong lumrah, ananging mesthi anane kaya dene getering abang utawa wunguning kaluwung, kang ora katon ing wong, dadi kang dak arani mati iku ora liya mung wujud geter (dharedheg) kang luwih alus, sarehning aku ora padha bisa nimbangi geter iku, dadi ora weruh ing kahanane. Kaya dene eter ora wenang kadaleng panjinge marang badan wadhag, mangkono uga rumangsuke wujud alus-alus mau marang wujud liyane kang agal-agal.

 —————————————————————————

(i) Katrangan : ing antaraning ngalaming jagad mau ana kang diarani: langit (swarga), naraka jahanam dening para agama, naraka iku saperanganing alam sorot, swarga, ngalaming budi ing jagad.

Lungane badan roh saking badan wadhag loro mau, anganakake owah-owahan ing badane Nur, kang dadi uwite pangrasa ngeres sapanunggalane lan kadadi garane uripe ing ngalam anyar, mungguh dawa cendhake uripe ing ngalam anyar iku gumantung saking keh sathithike dayaning hawa napsune.

Yen uripe ing donya iki tansah nuruti hawa napsune, uripe ing ngalam kang kena diarani naraka ing ngatase bongsa NaSarani utawa Islam, iya bakal lawas banget, awit badan Nur iku dumadine saking dating pangrasa lan hawa napsu, dene yen nalikane ing donya wong iku tansah budi daya murih undhaking hawa napsune, tumekaning jangji iya bakal dadi badan kang luwih dening awet, kaya upamaning pager badaning pakunjaran kang kandel, ananging sarehning samubarang kang tumitah iku mesthi bakal sirna, enggal lawas manungsa uga bakal ninggal badane Nur mau, yen wus sinucekake mangkono, lan sakehing reregeding aluse wus kabuwang, aluse munggah menya martabating budi, iya iku kang diarani “swarga”, kang kagawa mung tabingating Nur utawa purbane kang gaib-gaib, kang ing tembe samongsa nitis maneh, bakal anamtokake  badan Nur anyar,(i)

Dene lawase manungsa ana ing swarga mau, uga mawa-mawa kalakuwane angdonya, yen nalika uripe ing donya tansah alaku bener, lan angrasakake beciking uwong apa dene tansah ngudi ing kawruh, lan kabisan liya-liyane, (ngalah, andhap asor) tamtu bakal lawas adudunung ing swarga (manas kang asor).

Ing kono wong ing dunya kang wus sidik lan kawasa nyatakake ing kahanane, bisa ngrungu getering ilham, lan bisa ngrungu rujuking swara ing panggonan kang luhur, apa dene bakal patemon lan para widadari, lan maneh bisa nyakup sakehing kawruh, ananging mbok manawa banjur ana kang ora ngandel ing basaku iki najan benera, yen ing ngalam kang ghaib iku kabeh ora ana kang akawitan.

Lah mangkono gambaring jagad loro kang luhur iku, dene uripe manungsa ing kono dadi tutuge uripe ing jagad iki, yaiku kasampurnaning ngauripe ing donya, mulane prayogane wong iku miwiti urip mangkono ing donya kene, tegese: nganggo laku kang bener, aja ngenteni besuk-besuk.

Satemene mesakake banget, dene akeh uwong kang pancene ora ala, padha ngeceh-eceh mangsane urip mongka kahanan ing sawuse lan sadurunge mati iku bakal padha bae, sambung rapeting kadadeyan iku padha manut ugi papathokan kang padha, kang iku sumelangku bok menawa sakehing kang tanpa guna lan kamibocahen, iku bakal lulus nganti ing jamaning Nur utawa naraka, aja disengguh yen uwong urip iku cukup mung andonga sathithik, murih bisane oleh swarga.

Wontene jagad iku kinawasan ing uger papathokan kang luwih adil, iya iku ugering sabab lan wekasaning sabab mau, dadi kabeh ora ana kang tanpa jalaran, anane swarga lan naraka ora liya mung saking paneraking papacake uger papathokan mau, mulane eh wong kang ambudi, den angati-ati lan anyambuta gawe, supaya ing donya iki padha alega, lan ing tembe aja kongsi kabonta dening sembranamu dhewe.

Dadi martabating manungsa iku, wiwite munggah ing ngalam Nur, nuli ing ngalaming budi. Saiki pituduhku: kang dak arani ngalam iku dudu panggonan, ananging kahananing jasad, swarga iku ing ngendi-endi ya ana, lan manjing ing samubarang kang ana, malah luwih akeh tinimbang kang kaunggyanan ing eter, cekake manungsa ing ngalam sawiji-wiji mau bakale tompa wawalese kang linakonan ing nalikane urip ing donya, samongsa wus tutug ing jangjine, ngalam mau banjur katinggal, kaya dene paninggaling donya iki, dadi manungsa aninggal badane papat. Mungguh uripe mangkono iku lawase sawatara 1000 tutug 1500 taune ing donya, nuli tumeka ing mongsa panjanmane, mungguh prakara iki bakal dak gunem besuk, kowe mesthi padha bakal sumurup yen panjanmane iku mung miturut uger wawatoning jagad, saiki wus cukup tak sigeg samene, mung aku arep tutur yen manungsa sadurunge manjanma iku ambuwang badane patang warna kang asor, bareng tutug mangsane manjanma, metu kadi ngalaming roh utawa ngalaming asale.

 ———————————————————————————

(i) Katrangan : kahananing Nur (naraka) ing tembung sanskrita diarani kamaloka, tegese: jagading kakarepan. Kahananing swarga, diarani dewaloka, tegese: jagading dewa.

Yen tutug ing mongsa panjanmane dheweke ngrasuk badan kang asor (manas asor) nuli lumebu ing ngalaming Nur anyar, kang minongka dayaning pangrasa, dene badane eter lan wadhage dumadi ing guwa garbane biyunge.

Dadi wujuding manungsa kang alus iku thukul dhisik, nanging sirnane kari dhewe, saya alus winihe, saya lawas uripe, mengko aku bakal padha sumurup, yen jantraning dayane luwih jembar.

Mungguh wong kang wus sidik, bisa weruh yen saben uwong kinubenga ing cahya abunder endhog, kaya dene gambar-gambaring wong kuna, esthine dewi mariyam lan putrane, mara saiki padha rungokna caritane tuwan Eisenbah kang mrasudi nyatakake ananing cahya iku, cahya iku ora liya mung sunaring purbaning manungsa kang metu saking jeroning badaning wadhag, katon ing wong kang wus sidik ngunguwung ngubenging badan.

Dadi dat kang alus-alus iku kang jembar dhewe enggone, kadadeyan kanyata iki wus kapratelakake dening para ngulama, ananging ing samengko karuncen, yen tak terangna lan maneh dadi luwih angel panggagase angatase para kang maca piwulang iki.

Wekasan aku arep angandhakake pakeling lan mungguh tumanduke manungsa wiji-wijining purbane manungsa, bok manawa para kan maca wus mangreti, yen manas kang asor iku salin saben-saben manjanma lan mung kari martabat telu, iya iku atma, budi lan mansa kang luhur, biyen wus dak kandhakake, yen uwong terkadhang kelingan ing samubarang kang wus lalen lawas, iku tetela ing wong kang tinanduking hipnose (hijpnose) lan minongka pratondha yen keling iku ora mung ing utek bae, ananging uga tansah awet anane: awujud geter, dene yen utek ora bisa nampani geter mau, tegese ora ngrasa, manungsa tamtu ora bisa eling apa-apa.

Aku wus padha sumurup yen purba kang luhur luwih awet lan uga weruh yen barang kang digugulang salawase manjanma, tansah kacatet ing sawiji-wijining purba, mawa-mawa kahanane kang digugulang, tuwin manawa utek wadhag iku ayem, (tentrem) (tegese prayoga kanggo mikir) tumanduke geter mau ana gawene, dadi manungsa eling mubarang kang wus kalakon lawas, pakeling utawa pamikir mangkono iku anane ing martabat manungsa kang luhur, ananging uteking manungsa kalane isih urip kaya saiki ora bisa nampani, dene yen utek iku kailangake dayane sarana kataman ing hipnose (hijpnose) lan daya iku nuli kasambung ing kumandhang, amesthi wong mau bisa nyaritakake mubarang kang wus kalalen babar pisan, sajroning meleke, kang iku tetela yen dat alus iku luwih awet anane tinimbang lan wadhag, dadi manungsa iku genti-genti ambuwang badane jasmani, dayane urip pangrasa lan kapirane, lan peperangane kang condhong karo wiwijangan mau, ananging manas kang luhur uwiting roh iku tansah ngregem pangrasa kang tumanduk lan sarehning badan alus iku isih wutuh sajroning panjanmane, dadi manungsa bakal bisa eling ing panjanmane biyen, angger bisa nepungake uwite karo uteke kang wadhag.

Ngawruhi diri pribadi iku kaya dene kang wus kapratelakake ing ngarep, dadi uwiting sakabeh kawruh, mulane sawuse aku padha weruhi wiwijanganing manungsa, mara padha genti marinci barang kang ana ing sakukubanku, ananging supaya aja karoncen padha dipek ing sakaprahe bae.

Mara waspadakna sarupane barang kang ana ing sakukubanku ing donya iki, kabeh embuh kang wadhag embuh kang alus, yen dinyatakake tetela: ora ana siji, kang kenane sinat mata ora saking tumanduking geter marang badanku murih terang, mara padha ameka barang sawiji kanyata,: kembang endah ing warna, apata kembang mangkono. Iku tan liya mung sawijining pakumpulane utawa jajamborane kahanan sawatara, warna, ambu, manising rupa, rasa, seger, bobote lan liya-liyane, klumpuke rasa mangkono kang metu saking barang mau tumanduk marang badanku, iku diarani kembang.

Ing bab wiwijanganing badan manungsa wus kapratelakake, yen sawiji-wijining rasa mangkono iku kadadeyan ing geter, kapisan, kang diarani warna iku ora liya mung kadadeyan geter uga, kang tumonca ing kulit rancangan, (net + ulies = djala-djala) ing jeroning mata, geter iku nuli tumimbul marang Asabat munggah tutuging utek, banjur terus marang martabating Nur (astrale natuur) nuli bab lasmaneh tutug ing dating batin (mentale) lah, mangkono lagi katon kahananing barange, dadi tumanduking geter marang kulit rancangan sapiturute, (marang Asabat, utek uwiting nur lan wekasan marang dating batin) mau kang marake uwong weruh ing wawarnan, mulane warna kang kodeleng iku satemene dudu warna kang katon marang aku, nanging getere: padha, kan tumanduk ing mataku iya kang tumonca ing mripatku, mung dayane tumanduke marang mataku ora nyamleng karodayane kang tumonca marang mripatku, warna kang katon ing wong sawiji dadi seje karo warna kang adeleng ing liyane, mung saking pirukune wong bae dene padha enggone ngarani, kowe ngarani iki, putih: mengkono uga aku, ananging iku dudu cihna yen pangrasaku padha karo panemumu.

Mara saiki padha nyatakake ambune kembang, iku kadadeyaning geter, kang tumama marang Asabating pangambu (irung), dene patrap tumancane ora beda kang wus kapratelakake mau, mengkono uga ananing rasa kang rinasa ing ngilat iku geter, kang tumama ing ngilat, lah mangkono uga mungguh ing rasa kang korasakake ing badanmu sakojur, malah uga ing ngatase barang kang alus-alus.

Mungguhing wong kang terang pangrungune (dudu kang bisa ngrungu) kembang iku bisa cacaturan, malah bisa ngidung (sindhen) awit rupane iku kadadeyan saking getere kikidungan, (kang mangkono wus kanyatakake dening nyonyah wetces kang kawasa nuwuhake pakis lan kembang-kembang kang adi-adi sarana swaraning gendhing), kabeh iku dadi pratondha, yen sarupane kang tinemu ing donya iki kadadeyan saking geter, kang urut tumaruntun tumanduke, kaya mangkono uga piwulange para Nabi lan panutanku kabeh, saupama kowe padha wenanga ngrungu kikidunganing kembang, dadi iku kadadeyaning geter uga kang tumama marang badanmu.

Daya panulaking barang kang korasa samongsa kokgepok, iku ora liya mung kahananing geter, kang tumawuh saking kakarepan kang lalawanan, awit ing donya iki kabeh awatek mangkono, terange kabeh awatek gendeng-ginendeng lan tulak-tinulak, dne daya mangkono iku ing barang siji lan sijine ora padha, mulane nganakake wujuding barang kang beda-beda kahanane, yen dayane anggendheng luwih rosa tinimbang lan dayaning panulak, mujudake barang kang atos, saya suda dayane panggendhenge saya kurang atos barange (dadi empuk), lah, mangkono sabanjure, dadi ana barang cuwer, lan ana kang awujud gas (angin) dene manawa dayane anggendheng luwih dene kurange tinimbang panulake, anganakake dat kang kaaranan eter, dadi atos, empuk, cuwer lan sabanjure ana liya kadadeyaning daya panggendheng lan daya panulak.

Mungguh boboting kembang kang korasakake iku ora liya mung saking panulakmu dhewe marang kembang kang arep marani menyang pusering bumi, sakabeh uwong dalasan bocah uga weruh yen darah (bagiyan barang kang luwih dening alus) awatek tarik-tinarik lan bumi anggendeng marang sarupane kang ana ing jagad, lintang-lintang nalika ing bumi, bumi nalika ing lintang, kaya dene panarike barang-barang kang ana ing salumahing tosa, rupane kang kumelip ing donya tansah kasinungan daya arep kumpul, kaya dene wong sihsining dayaning alam mangkono kaaranan dayaning bobot (cekake bobot bae), rasa memes (alus) kang korasakake manawa manggepokan barang kang alus, mangkono uga rasa kakasar utawa agala-agala iku ora liya saking badaning kahananing darah ing barange, mawa-mawa atos wmpuke, mau wus kapratelakake yen atos empuke barang dumadi saking daya pangendheng lan panulak, iya iku obah ing barang kang marani lan kang ngalungani.

Saking pamijang-mijanging kembang iku, aku dadi padha weruh yen kembang ora liya mung klumpuking kadadeyan, nanging bok manawa banjur ana kang mancahi, arak dumadi saking dat lan darah, kang padha gendheng-ginendheng lan tulak-tinulak, nuli klumpuk dadi kaya dene wujude, pangrasaku: panemu kang mangkono satemene kliru, awit apa ing antara mupus ana kang andengangi darah (iya iku darah kang kapratelakake denign ahli ngelmu alam) dudu darah kang kapratelakake dening ahli kimya, awit iku isih jamboran, saenggane kowe padha weruha ing darah, iya mung weruh ing warna rasane bae, yen kogepok lan cekake mung wateke ing sawatara, mongka ing dhuwur wus kapratelakake yen wateke iku kadadeyaning geter, ora ana maneh-maneh, dadi ana ing ngandika koarani darah mau, iya iku ing ciptane para ahli ngelmu alam, kabeh dadi awujud geter, wong kang durung tau marsudi nyatakake bab iku, wus mesthi bae akal ora nuli mangreti ujarku, ananging yen dheweke banjur nurupi ing pituduh iku, yen gelema mikir sarta budi daya sarta nyatakake enggal lawas temtu bakal weruh ing wadine ujarku mau, iya iku: yen jagad iki ora liya mung obah lan geter, mengkono piwulange para sarjana, sakabeh barang anane gumantung saking panganggep.

Saiki pangrasaku wus cukup olahku anggawe lepiyan, awit manawa kowe padha miturut ing ujarku iki, kwe bakal padha weruh dhewe, yen sarupane barang iku kawase ing angger wawaton sawiji, yen kowe wus padha nganggep ing ananing obah iku aku bakal nutugake kandhaku, wondene obah iku masthi dumadi saking daya, mungguh daya iku wenang rinasa mung ing dhiri pribadi, liyane iku mung panganggep titimbangan, mung anane pangrasa ing dhirimu pribadi iku pangawasa kang bisa obahake, iku wenang kokawruhi, saupama tanganku obah, ciptaku, yen aku kang ngobahake, dadi dudu karepe tanganku dhewe, nanging karepku, lah mangkono panganggep kang nyata ing ngatase obahan dening daya, saking panganggep mangkono iku, pangrasamu kowe wus terang ing wateking daya, kang nganakake obah liyane, sing dadi lajering kawruhmu, mulane kowe banjur wani anggawe titimbangan, minongka katrangan ten aku calathu (iki minongka tuladha) kang korungu ora iya mung dhapur kumpuling geter, urat-uratku kang dadi sarananing anywara obah, sarta nganakake geter, kang banjur tumanduk ing kupingmu (peperanganing barang, kang ora liya mung obah, iku tansah geter lan angowah ila kuning sorot kang tumonca ing kulit rancangan ing mripatku, dadi kerasa, lan kowe weruh wawarnan, dhapur wasana kowe dadi duwe imbangan, yen weruh wong micara, tetela mung panganggep bae, panyana yen mesthi ana daya, kang marakake obahing ku satemene dadi saking panganggepmu, yen sakabehe obahmu iku kasababake dening kowe dhewe, iya mung iku kang kowe mesthi weruhe (iya mung samono kawruhmu) sarehning mung kuwi kang kokawruhi, apa mulane dane kowe duwe pangira, yen daya kang dadi sababe geter sing kok arani wong micara iku beda-beda karo daya kang amujudake pakumpulaning obah, sing ko arani diyan, ora ana sababe pisan-pisan, satemene daya iku padha bae (mung siji) ananging kaereh marang angger donya kang beda-beda, mulane dadi beda-beda kang kaanakake, (priksanen angger kang katelu ing ngisor iki) mungguh prakara iku uga kena katrangake sarana uger wawatone mosalan dhuwure marang kang tumiba (ngelmu alam) ananging pangiraku bakal saya peteng ing ngatase wong kang akeh-akeh, mulane dak pathet samene bae katrangane, wus cukup dak terangake mangkono bae, obahing donya iki kasababake dening sawijining daya, dadi ing donya iki ana kahanan loro, kang sapisan daya, iya iku uwiting sakabeh kadadeyan ing donya, kapindhone obah, kang kahanakake dening daya mau, dene daya iku akeh kang ngarani Allah, wong Hindu ngarani Brahma, mungguh bongsa liya-liyane seje maneh anggone ngarani, ananging mungguh beda-bedane olahe ngarani iku ora ngapaa. Kang prelu, anteping pangandele, yen daya siji iku kang nganakake kabeh, (daya iku dadi barang rupa-rupa seje-seje nanging ora sah Akad) (tunggal).

Murih terange babar pisan, mara padha anggunem angger wawatone wawejangane barang kabeh.

I.  Angger wawaton kang sapisan iku anggering genti-genti utawa solan-salining barang, wondene ing donya iki ora ana barang siji-sijiya kang ambener (ngenceng) lakune, kabeh ana watese ajune kang mesthi, nuli mundur maneh, banjur maju maneh luwih adoh tinimbang kang uwis mengkono sabanjure (dadi lakune ngulanglangi utawa kaya lilit uwi) lan maneh, ing donya ana rina wengi, iku ora ngemungake ing ngatase uripe manungsa lan khewan bae, ananging uga mungguhi barang liya-liyane, ing ngendi-endi ya meneng lan molah, iku genten tindake, dene donya iki uga kaeruh ing angger wawaton mangkono, donya uga ana kalane meneng lan ana kalane molah, sasuwene molah iku, uwit tunggal kang agung amujudake jagad lan sasuwene meneng jagad iki pulih kaya mula bukane, iya iku asale, dadi luluh (lebu) manawa wus tutug mangsane pamejange maneh, nuli dadi jagad anyar, kaya dene kang uwis, mangkono anane titah iku tansah ambanjur tanpa wiwitan tanpa wekasan (langgeng) ananging mungguh jagad kang temtu kaya donya iki, iku ana mula lan wekasane, awit dumadine saking jagad kabiyen, saka uwite ing tembe uga bakal dadi jagad anyar maneh, sabanjure mangkono tanpa wangen.

Mungguh kang dak arani jagad kang dhisik mau ora mung srengenge sakbumi lintange bae, ananging kabeh kang kalebu wewejangan (openbaring) sakabeh carita bab dumadining jagad kang tinemu ing kitab suci, lumrahe mung kanggo ana ngiciptaning wong, ananging mungguh wethane kang dudu cinipta, terkadhang ora kena ginagas, lan maneh carita iku kang akeh mung anggunem kadadeyaning jagad, siji-siji mungguhing panitahe jagad kabeh (umum), lumrah ora kapratelakake wiwit lan wekasane.

Wondene genti-gentining dumadi mau ing basa Hindu kaaranan rina lan wengine Brahma, wujude Allah kang maha agung, ana uga kang ngarani, apase (lebu wetune napase) wujude Allah, wetune napas iku nganakake wewejangan, dene lebune andadekake lebure, lan dumadine lebure kabeh kaaranan: kalpa, tegese kalangan (buweng), satemene lugune tembung ateges: cipta, lan basa iku uga wenang tumrap ing ngatase dumadine donya kabeh, awit donya iku ora liya mung ciptane Allah, prakara iki bakal luwih terang dening katerangan ing ngisor iki, samengko kang prelu diregeni dhisik, cipta ananing kalpa, iya iku lawase gilir (genti-gentining mobah lan meneng).

II. Lah, saiki nyandhak cipta kang kapindho, kang bakal dak elingake ing kowe, wewejangan kang umum iku kahanakake miturut angger wawaton kang diarani wiwartha, tegese, uwit iku sasuwene anuwuhake sawijining kadadeyan, tansah padha lan dhirine pribadi, terange: kadadeyan sawiji ora ngowahake uwite kang nganakake kadadeyan mau, iku angger papathokaning wawejangan, dadi kosok baline karo uger wawatone pamalih, dumadine keju saking puhan iku lewihan kang nyata, kanggo nerangake bab pamalih ing barang, awit puhane wus ora awujud puhan maneh, dene murih terange mungguh wiwijangan mara padha ameka wiwiridan saking geni mawa, kang tinalenan ing kawat sarta nuli kabubengake rikat, apa kang katon, iya iku kalangan (buweng), dene kalangan iku sayektine cipta kang kahanakake dening mawa mau, ewa dene mawa iku ora owah, lah iku upama kang nyata kanggo nerangake tegese wiwartha, patrap gumelar ing jagad.

Sawarnane barang dumadi saking Allah, lan Allah iku gembleng (antero) anane ing sakabeh kang ana, ewa samono Allah ora owah tansah wutuh, padha lan pribadine sawiji (Akad) ing sawarnaning barang kang kawejangake, kaya dene mawa kang tansah wutuh ing saenggon-enggone kang kalingan.

Samengko umpamakna kalingan mau barang sawiji, lan ciptanen mubeng ing titik liyane, dadi anganakake petha loro, kang asale saking geni mawa siji, uwiting kadadeyan iku isih padha, ewa dene kang gumelar iku wewejangan rong warna kang beda urutane. Yen kobanjurake ciptamu mau mangkono, mawa siji iku bakal ngebaki awang ujung kang tanpa wangen jembare.

Dene kadadeyan ing jagad iku ora beda karo kang kasebut mau, sanajan ora ana upama siji-siji ya kang minongka dadi katrangane.

Ing jagad iki ora ana liyane kang ana mung Allah, lan anane iku mung gembleng (wutuh) ngebaki jagad, dadi mengkono gumelaring jagad tansah kanthi mejang mujudi Allah kang asipat tunggal, uwite tansah asipat padha karo pribadine, ewa dene iya kadadeyane (iya bakale iya kadadeyane).

Tembung Sansekrita wiwartha, kang dadi araning lakuning dumadi mangkono iku lugune ateges: polah mubeng, tembung iku condhong tegese karo tembung latin (vortase) wortekse (kawruh ing jaman saiki, elmu alam) uga mratelakake yen donya kang katon iki dumadine saking obah kikiteran, iya iku ulekan, kang padha gendeng-ginendeng lan tulak-tinulak, lah mangkono uga katrangane ing basa Sansekrita, kabeh kang ana: wiwartha. Dadi panemune bongsa Hindu, karo para sarjana ing jaman saiki cocog kabeh, lan para kang wus sampurna kawasa, (i) marinci unsur-unsur kang andadekake dating jagad, mung sarana paningale nure, dadi iya kawasa nyumurupi angger wawatone obah kikiterane kabeh.

Lah mangkono angger kapindho kang dadi wawaton dumadining donya kabeh iku, jagad iku wiwartha, tegese obah kikiteran, ananging uwite ora owah (tansah padha) lan sasuwene kikiteran iku nganakake kadadeyan.

Nuli nyandhak angger wawatone gumelaring lintang-lintang, sarana amet titimbangan seje maneh, ing mengko kowe bakal padha weruh, obah kikiteraning kabeh iku, ora liya mung cipta bae, iya iku gegendenganing batin, murih terange kang bakal dak terangake, mara padha ambaleni gunem bab wiwijanganing barang.

Ing dhuwur wus kapratelakake, yen ing donya iki ora liya mung obah, lan yen manungsa mung kasinungan daya ing sawatara, dene mungguhing barang liya-liyane bisa kuweruh ing wateke mung sarana amet titimbangan, lah apa samengko kang ginawe titimbangan dhisik. Minongka katranganing uwit kang tunggal, “apa daya iku ambudi apa ora”, wangsulane ora ana marunah mung mangkono, sarehning daya kang dumunung ing jasadku abudi (iya mung iki kang wenang dak surupi) dadi ora wenang aku ngaranana yen daya ing barang liya-liyane tanpa budi. Sanyatane ing ngatase kang wus sidik, tuwin kang tunggal riku abudi, ing ngisor iki pratelane bedne bongsa materiyalisme (materialisme = tegese kanganggep ing ngananing bakal) lan bongsa idheyalisme (idealisme = tegese kang nganggep ananing cipta bae), bongsa materiyalisme ngarani yen sawarnaning barang kadadeyan saking sawijining bakal, lan bakal iku tanpa budi, nanging panemune bongsa idheyalisme, uwit tunggal iku abudi, iya iku Allah, dat Allah.

Mungguh wong Hindu ora bakal padudon karo bongsa materiyalisme, malah padha bakala taklim sasaliman, celathune, sadaya punika sae ing ngatasipun sampeyan ki sanak, amargi papanggih sampeyan remeni, ananging punapa wonten cihna ingkang minongka ugering pamanggih punika, punapa sampeyan sampun abudi murih sumerep ing kayektosanipun yen dereng lah punapa aki sanak dene sampeyan sereng amuring-muring dhateng kula, muka pamanggih sampeyan punika namung pamanggih wantah, tanpa punapa-punapa ingkang kenging kadamel cihnanipun, dene kula sanajan ugi boten gadhah cihna ingkang nyata, anedahaken mardi (gadhah lampah) saged dipun sampeyan anyatakaken piyambak ingkang yektosaning panganggep kula samanten wau yen sampeyan karsa nglampahi milanipun dipunsabar dhateng pamanggih kula.

 ———————————————————————————-

(i) katrangan: ponca driyaning badan, kaya dene ponca driyaning badan wadhag, prelu kalantih.

Lah mitra kang ngandel ananing bakal, sawuse kapituturan (yen miturut ujaring para sidik) becike padha kaajaka andum salamet, satemene akeh nyatane panemune para sidik iku, awit mirit saking daya kang dumunung ing dhiriku pribadi, iku abudi, apa mulane yen daya ing barang-barang liyane ora mangkonowa: pamikir iki dadi pratondha, yen ora luput uwong nganggep, uwit tunggal iku abudi, wuwuh-wuwuh ana saksine para sarjana, kang dadi pikukuh ing panganggep mau. Sarehning uwit tunggal iku abudi, apata obah kang kahanakake iku, yen dudu wawetune kakarepane, (pikire, ciptane) mulane aku mau iya tutur, yen donya iki ora liya mung ciptaning gusthi, panemu iku minongka lalawangan weruh ing gumelaring jagad kabeh, saking lalandhesan iku aku wenang nganggep yen dumadining jagad iku tuwuh ing nyawa, budi lan pakeling saking Allah, ewa semono Allah tansah padha, iya iku kang dadi uger gegendholaning Buddha lan para panutan ing tanah Hindu, ananging dumadining jagad uga wenang kanyatakake saking pathokan liya, kayata: saking pathokaning swara, obah kang kahanakake dening wujud kang nitahake, iku hawa pur geter, kang urut tumaruntun, geter iku mungguhing wong kang sampurna padha muni, kaya dene swaraning gendhing, dadi donya iki ora liya mung larasing swara, kang metu saking Allah, kabeh dumadine saking geter kang tundha-tundha urut tumaruntun, kaya dene kang wus dak pratelakake, bab iku wus katetepake nyata dening para sarjana saiki, dadi jagad iku miturut piwulange wong kuna-kuna, larasing gendhing kang luhur, lan sapa kang bisa misahake ponca driyane badane ngawag, iya kawasa weruh ing gendhing iku.

Sajroning kitab kuna, nabi Yohanes angandikakake, pangandikane Allah kang nganakake sawarnaning barang.

Basa, pangandika kang agung, iya dadi cipta kang agung, iya swara kang dadi uwit, uwit cipta iku ora beda lan swarga, lairing cipta iku nyata kadadeyane, iya iku dumadining jagad kabeh saking swara.

Yen aku padha nganggep padunungan dumunung ing liya panggonan, jagad iku wenang kacipta wawarnan lumpuk atata, luwih dening ngeramake, wondene warna iku yen kawaspadakake kanthi anggaota liyane kang kapratelakake mau, ora liya mung geter.

Wong kang sidik basa weruh warnane iku, kang lumrahe ora kena sinatmata ing wong, yen ana wong nabuh gamelan, ing ngatase wong lumrah kang karungu swarane bae, ananging para sidik uga weruh ing saking gamelan mau, weruh getering abang lan wungu, lang mangkone dumadine gumelaring Allah utawa getering swara kang urut, wenang kanyatakake saking warnane, saking padhang, para guru ing tanah Hindu ana sawatara kang anggendoli wawaton mangkono.

Biyen aku wus anggunem sakabeh uger saka wit, kang dadi tataksane wejangan kabeh, sabab kang esa (tunggal) iku kaya kang wus dak pratelakake, tansah padha ing pribadine (ora owah) sanajan anganakake kadadeyane, ing saiki sabisa-bisa aku bakal amratelakake, kapriye enggone winih kang esa, lan tan kena owah nganakake sarupane wawejangan ing jagad, cekake, aku arep amratelakake dadining dumadi kabeh, aku kabeh wus padha sumurup, yen mung sabab kang sakawit iku kanyatahana kang sajati, dene sarupane kang katon mung wewejangane bae, wawayangane Nur esa, kang ora lawas sarta ajeg anane, dene ing saiki aku arep anggunem prakara, murih sumurupku, kapriye enggone “kang esa”, iku gumelar ing mongsa lan ing don, awit tumaruntuning kadadeyan iku ora liya mung pamejanging winih saka wit mau ing mongsa lan ing don, nanging sadurunge aku wiwit anggunem, aku prelu mratelakake dhisik tegese basa: mongla lan don awiyen ora terang ign basa iku bisa anuwuhake kleru tampa.

Andadekna kawruh anamu, yen basa: mongsa lan don, iku mung lagu cacaturanku, tembunge ing basa Sansekrita, mongsa = kala, ateges, solah olehe anuwuhake, dadi ing basa Sansekrita: mongsa duwe teges tundha tumuruntune enggonku ngyektekake barang lan don, arah utawa tujuning panitiku, mongsa lan don ora ana wujud utawa jenggelege, anane mung gumantung saking patrap paniti kita, mongsa iku, jaman biyen, jaman saiki, lan ing besuk, tegese, dadi mongsa arupa telu kang kanggo anyatakake kadadeyan, mungguh tembung don ngemu teges: kene, kono, kana, mrene, mrono, mrana, dadi tetela yen don iku tansah owah lan gumantung ing wong kang andeleng, apa kang wus kalakonan ing ngatase wong sawiji, kena uga lagi “dadi”, mungguhing wong liyane apa kang ing kene ing ngatase aku, iku trekadhang ing kana mungguhing kowe.

Ing ngatase bumi, bumi iki ing kene, ananging mungguhing wong kang ana ing jagad liyane, apa ora diarani ing kana, apa ing kene ing ngatase wong sawiji, dadi ing kana “mungguhing wong liyane”, mangkono uga tumrape ing mongsa, yen wayah bengi aku padha ngarani srengenge wus surup, srengenge wus ilang, nalika hawane aku weruh, nuli kandheg weruhku mau, ananging ing ngatase wong kang (upama) ign srengenge, pandelenge ora kendhat-kendhat, dadi tansah ngarani, saiki bae ora ana liyane.

Lah mangkono kahananing saiki, biyen, lan besuk ora beda karo kahananing don, dudu barang kang miji (nanging titimbangan) patrap kawruh kita, satemene ing ngalam iki mung uwit siji kang katon, beda-beda mongsa lan done katone, murih terange maneh, mara gaweya kalangan sawatara gedhe cilik kang nunggal pusere tengah, upamakna puser tengah iku uwite kalangan, utawa uwit sakawit (wujuding Gusthi).

Upama ana kang bis anunggal ing Gusthi, iya iku ciptane nunggal ing ciptaning Gusthi, dumunung ing puser sakawit mau, tembung uga weruh ing salumahing jagad kabeh, ing ngatase wong mau ora ana ener, ora ana tundha tumuruning mongsa lan don, kabeh katon gamblang, kabeh, saiki lan ing kene.

Mara upamakna wong kang wus sidik manggon ing sawijining puser ing kalangan mau, upama ing A) saka ing kono dheweke bisa wuninga saperanganing rerengan tatalesan kang saking Gusthi, manawa wong sidik iku mingser panggenane upama ing, B) lan mandhep ing ner liyane, wuninga ing bageyane rerengan kang talesane saje, sarta C) liruning panggonan iku ora ngemukake anuwuhake terange ing don ing dalem pikir, ananging uga bakal angrasa owahing mangsane, tegese wong mau bisa ambedak-bedakake, yen sawuse weruh barang sawatara urut tumaruntun nuli weruh barang seje.

Mangkono wong sidik bisa weruh ign rengrengan ing liya panggonan maneh wong mau wuninga ing bageyan anyar maneh, mangkono sabanjure upama ing tembung wong iku wus temu gelang, apa kirane kang katon.

Ora ana maneh mung bundern ing tengah, gambar ciptaning Gusthi, ananging Gusthi ana ing tengah uga ngudaneni sanalika, tanpa owah gisir ing mongsa lan done, mulane cipta kang weruh ing gemblenging kadadeyan mau, katone marang wujud kang ana ing tengah kaya sawijining cecek, buweng lan puser tengah nunggal, iya iku cipta sawiji mau, dineleng sangking done saje-saje.

Mara saiki kaupamakna, ana wong liyane kang ngubengi kalangan kapindho, kang luwih adoh saking pusere tengah, iku uga weruh ing pusere tengah, urutan saking enere seje-seje, sawuse temu gelang uga tela ing sumurupe, marang wujud bunderan kang dumunung ing tengah-tengahe, saupama lakune ngiteri wong loro iku padha arikate, dadi kang kapindho bakal luwih lawas weruhe ing gemblenging wujud ing tengah, sabab luwih dawa dalane, nanging satemene kawruhe nunggal awit barang kang dineleng mung siji, lan sarehning urut-urutane kang tinon iku waca, dadi panemune wong loro iku bakal condhong, sanajan mongsa pandelenge ana kaceke ing ngatase aku, kang padha andeleng ubenge.

Lah mangkono mulane wong ngimpi , ing sawatara menut bae, terkadhang angalami prakara warna-warna, kang ora kena linakonan ing wadhag kita ing dalem pirang-pirang taun, sarehning kita longka bisa mikir kahananing mongsa, yen tanpa kadadeyan, tangi turu kita mau kalawan pangrasa wus urip pirang-pirang puluh taun.

Dene saupama ana wong ngiteri ing kalangan kang katelune, wus mesthi bae luwih lawas lakune, tinimbang kang cedhak dhewe marang cecek tengah, ewa semono sawuse tepung ubenge, ora beda kang dideleng, iya iku cipta gembleng ign tengah, nanging wujude ing ngatase wong iku kaya kalangan kang luwih jembar, dadi buwengan iku kaya dene liyane mau nunggal karo cecek tenggeng mangsane ubenge kabeh tibane padha,

[NO. 2]
[BUKU KEKARANGANIPUN TUWAN VAN DEN BRUK.]

Kendhateng manusa, dene kathah kedhikipun ignkang kaparingaken gumantung wonten alusing bubudenipun bongsa, gumantung wonten ing kawruh ing kasampun sumebar wonten ing manusa, gumantung wonten wateking bongsa ingkang anggadhahi kawruh mau, tuwin gumantung wonten ing daya pamarsudining budinipun.

Murih cocogipun kaliyan sadaya wau amila patrapipun amaringaken wau ingkang winastan agami, ananging dhadhasaripun sami kemawon, saben-saben amulangaken bilih kawontenaning Allah punika amung satunggal, ingkang gumelar dados kempaling titiga utawi trimurti, tuwin amulangaken bilih manusa punika kawontenanipun rangkep tiga sami kados Gusthi Allah, salajengipun manusa wau kenging kaperang malih, winihipun rangkep tiga, dene kaindhakanipun dados rangkep pitu sarta amulangaken bilih manusa punika tan kenging ing peah, badhe boten sirna, punapa malih amulangaken bilih manusa sampun rambah-rambah anggenipun tumitah badhe saya mindhak sampurna tuwin saya thukul grahitanipun sarta wonten sujanma sawatawis ingkang sampun saged anggayuh kasampurnan salajeng jumeneng guruning bongsa manusa.

Para sujanma ingkang sampun sampurna wau kala rumiyin inggih sami kemawon kados tiyang limrah punika, sami apes sarta anggadhahi dosa tuwin boten sampurna kados manusa samangko, ananging lajeng mindhak-mindhak sampurnanipun kados dene manusa jaman samangke ugi saged mindhak, tuwin lajeng thukul panggrahitanipun, wekasan [ados kiyat tuwin saged anggayuh kasampurnan, kados dene kula punika inggih saged gayuh kasampurnan manawi purun, sareng para sujanma wau sampun sami sampun, lajeng wiwit amulang dhateng para manusa saminipun, tuwin lajeng adamel pakempulaning para kadang ingkang sami jumeneng guru ageng, kala-kala para ageng wau wonten salah satunggal ingkang tumurun andhatengi manusa, supados saged amaringi agami dhateng satunggal-tunggaling bongsa, supados tunggal-tunggaling trah satunggal galing bongsa tatampi agami, ingkang pancen tumrap kangge pitulungan tuwin piwulang dhateng bongsa wau, sarta kathah para sujanma beda-beda papangkatipun ingkang sami manjing pakempulaning para kadang wau mawi-mawi kaindhakaning sampurnanipun, kadosta para Pandhidha para tiyang ingkang linangkung panggrahitanipun bab karohan, tuwin linangkung kawruhipun kasampurnan utawi linangkung kawicaksananipun, dene para ingkang sampun sami linangkung wau dumugi samangke sami anuntuni dhateng sakathahipun dosa, aparing tuladhaning paprentahan, anamtokaken angger-anggeripun saweneh jumeneng samarentah dhateng bongsa, dados tiyang sampurna ingkang amulang dhateng sakhatahing bongsa, tuwin dados para pandhidha ingkang sami anuntuni dhateng bongsa mau.

Sakathahing bongsa ing jaman kina sami anedahi para tiyang sekti, para maharsi tuwin para prawira, ingkang kadados makaten wau, sarta aken marsudi kawruhipun bab serat-serat waosan, bab yayasan griya samanunggalipun, bab angger-angger pranataning nagari tuwin sanes-sanesipun.

Angel amaibentenipun bilih para sujanma ingkang minulya wau taksih sami gesang, awit wirayat kana ingkang sampun ngebyah ing ngakathah serat-serat tuwin patilasan jaman kina ingkang samangke taksih salong dados jugrugan, sadaya punika minongka saksinipun sakathahing serat-serat tuwin yayasan ignkang nedahaken kaindhakan ingkang sakelangkung luhur wau, nglengkara kenging kula kinten damelanipun tiyang ingkang taksih andhap thataraning kaindhakanipun, boten anginten bilih yasanipun para panuntun karohan ingkang luhur, anggen kula ngangge paseksen serat-serat tuwin patilasan wau supados boten angucapaken paseksen sanesipun ingkang dipuntampik tiyang ingkang boten sumerep.

Ing mangke menggah nalaripun mila sakathahing piwulangipun agami punika sami awit pinangkanipun sadaya piwulang wau anunggal asli, sami sangking pakempalanipun para sujanma sampurna ingkang samiasa dhewekan.

Wonten ing tanah Grik sakathahing miwulang wau sakawit kanamakaken teosofi, tegesipun boten liya inggih punika pangawikaning para dewa, dene tiyang Grik boten ngemungaken andhapur pangawikan wau kadamel agami, ananging ugi andhapur ngelmi kasampurnan tuwin kawruh kagunan, sarta sarehning pangawikan wua ingkang dados wiwinihipun dhadhasaring sakathahipun agami, amila teosofi punika boten saged yen tadados samengsahipun sawenehing agami, malah ingkang ngresikaken agami, angelaraken ajinipun piwulang babon ingkang sampun kasantunan warni dados maujud ingkang katingal sangking padamelanipun tiyang bodho ingkang brengkelo tuwin sangking tuwuhipun gugon tuhon, sarta teosofi ingkang ngangkahamba kakawicaksanan ingkang piningit ing salebeting piwulang agami, sarana angemuti kawicaksanan ingkang dumunung ing piwulang wau tuwin ingkang angayomi tumrap dhengah tiyang.

Tiyang ingkang lumebet warga teosofi boten susah anilar agaminipun, manawi ingkang lumebet warga mau bongsa Kristen, inggih lestantun Kristen, manawi bongsa Hindu inggih lestantun agami Hindu, manawi bongsa Islam inggih lestantun agami Islam, awit ingkang lumebet warga mau amung badhe kasinungan panggrahita ingkang lebeting ngatasing agaminipun piyambak, tuwin angsal gondelan ingkang sentosa ing ngatasipun kajatening agaminipun, angsal seserepan ingkang wiyar ing bab piwulangipun ingkang winados.

Kala kina teosofi ingkang ngawontenaken agami, samangke ingkang ngadili tuwin ingkang angayomi agami wonten ing ngarsanipun pangadilan tuwin ingkang amungsulaken malih pangajang-ajangipun sarta prasetyanipun manusa dhateng Gusthi Allah.

Iya kedah angengeti bilih dayaning jiwanipun manusa punika boten ginadhang kanggo nyumerepi ingkang ghaib-ghaib, supados andamel misuwuripun manusa badhe kanggo nyumerepi ingkang ghaib-ghaib wau, punika kedah amung kangge murih wilujengipun tiyang, punapa ingkang katampen ing tiyang punika prelunipun supados  kanggeya mitulungi tuwin angladosi dhateng tiyang sanes.

BAGIAN 3
BAB KAWONTENANIPUN GUSTI ALLAH

Teosofi angginem kawontenanipun Gusti Allah, tuwin bab anggenipun manungsa macung manggepokan kaliyan Gusti Allah, amulangaken bilih kawontenanipun Gusti Allah punika amung satunggal, inggih punika nyawanipun sadaya ingkang sipat gesang, amulangaken bilih gesanging Pangeran ingkang amung satunggal, padameling Pangeran punika satunggal, wonten kakuwatan satunggal ingkang angebeki ing sangalam donya, amulangaken bilih ing pundi-pundi ya panggenan ingkang kening kaambah ing manungsa, ing ngriku ugi wonten gesangipun Gusti Allah, gesangipun Gusti Allah punika dumunung wonten ing sadengah panggenan ing pundi anggenipun sawarnining kewan saged angraosaken utawi anggenipun manungsa amanah, makaten ugi ing ngalaming bongsa pelikan tuwin ing ngalaming bongsa tutuwuhan, ing ngriku gesanging Pangeran amitulungi, angupakara tuwin ambebranahaken dhateng samukawis, cekakipun ing sangalam donya sadaya boten wonten gesang sajawining gesangipun Gusti Allah.

BAB RUMAOS SATUNGGAL

Kawontenan satunggal punika dumunung dados dhadhasaripun samukawis ingkang kasumerepan ing manungsa, mila teosofi amiwiti mulangaken bilih dhadhasaripun sadaya titah punika amung satunggal, amulangaken angger-angger bab panunggiling kawontenan, bab kawontenan satunggal ingkang anglimputi ing pundi-pundi, panunggal punika tuwuhipun sangking Gusti Allah, inggih punika tukipun sadaya rumaos, menggah kaindhakaning rumaos salebeting manungsa tuwin thukuling budinipun, sadaya punika wiwinihipun wonten ing Gusti Allah.

Sadaya rumaos ingkang mindhak-mindhak alusipun ngantos dados garjita utawi grahita, punika tuwuhipun sangking tuk satunggal utawi wiwinih satunggal, sadaya rumaos punika amung satunggal, rumaos satunggal wau boten kenging kapisahaken sangking sanesipun, sarta boten kenging sakathahing manungsa sami kapisah-pisah kados anggadhahi adeg pyambak-pyambak, manungsa punika pinangkanipun nunggil sami sapancer, dene anggenipun manungsa sami anggadhahi rumaos punika pinangkanipun sangking gesang satunggal, inggih manungsa sadaya punika kawedhari kawontenanipun Pangeran, inggih panunggilipun rumaos wau babaripun angger-anggeri panunggal ingkang angreh ing sapramudita.

BAB KAKUWATAN UTAWI DAYA SATUNGGAL

 Boten ngemungaken sadaya rumaos punika satunggal, ananging sadaya kakuwatan ugi amung satunggal, satunggal-tunggaling kakuwatan punika tuwuhipun saking tuk satunggal bab punika kawruh kagunan cocog kaliyan teosofi, ing donya punika amung wonten pakarti ageng satunggal, sadaya wujuding pakarti tuwin kakuwatan ingkang sami kula sumerepi punika dhadhasaripun satunggal, pakarti kenging kalintu dados kakuwatan, kakuwatan kalinthu dados pakarti, sadaya wujuding pakarti ignkang kasinau para marsudi kagunan, tuwin sadaya kakuwatan ingkang katingal wonten ing sakukuban kita, sanadyan ing kawontenan ing ngalaming bongsa papelikan dalah sawaninipun ingkang katingal lan sapanyawa, utawi ingkang wonten ing ngalaming tutuwuhan sanadyan wonten ing khewan utawi ing manusa, sakathahing kakuwatan wau dhasaripun satunggal, amung kawdharipun tuwin patraping gumelaripun ingkang beda-beda, manawi kapariksa kaliyan titi kayektosan sadaya wau amung satunggal.

BAB BONGSA WADHAG INGKANG AMUNG SATUNGGAL

Menggah ingkang kawastanan bongsa wadhag utawi jasmani, punika pikajengipun sawarnaning maujud ingkang kenging kagrayang tuwin tiningal lan sarana panca driya, kadosta, siti, toya, latu, lebu sapanunggilanipun. Sadaya punika yen ing tembung Walandi kawastanan setof (stof). Dene setof utawi bongsa wadhag wau sanadyan wujudipun beda-beda ananging kawontenanipun ugi amung satunggal, inggih punika badho (bakal) ingkang kangge andamel sawarninipun anangsir, samukawis ingkang katingal ing sakukuban kita, kadosta, bongsa atos, bongsa cuwer, bongsa asep tuwin akasa, sadaya punika dhadhasaripun tunggil amung beda-beda wiwijanganing bageyanipun. Ing sangalam donya punika kawontenanipun amung nyatunggal-nyatunggal, rumaos satunggal, gesang satunggal, bongsa wadhag satunggal, inggih tiga-tiganing ngatunggil punika gumelaring kawontenanipun Pangeran. Sadaya punika pinangkanipun sangking gesang satunggal inggih gesangipun Gusti Allah.

BAGIAN 4
BAB SADHEREKAN

Sarehning bongsa wadhag wau amung satunggal, kakuwatan amung satunggal, tuwin rumaos amung satunggal, ila sawarninipun ingkang sipat gesang punika dados pasadherekan satunggal, sadaya wau kadamel sangking badhe satunggal sami kadunungan kakuwatan satunggal, sadaya sami majeng utawi mindhak-mindhak rumaosipun ingkang anunggil.

Ing sangalam donya punika dados sagotra ageng ing ngriku sawarnining titah sami beda-beda kaindhakanipun. Ananing sadaya punika sami gandheng dados satunggal karana jasmaninipun, kakuwatanipun tuwin rumaosipun ingkang anunggal menggah mangertosipun sagotra punika alajeripun ugi wonten satunggiling dhadhasar ingkang anglimputi ing pundi-pundi, dene teosofi amulangaken bilih manungsa punika dados sabageyanipun gesang ingkang nunggil, boten kenging amerekaken dhateng tiyang sanes.

Manungsa punika kesah dados sagolongan angkasa misahe sadaya kesah dados sagolongan ingkang sami majengipun, kedah sami golong kaniyatanipun dhateng sadaya ingkang dipunangkah. Dene wontenipun manahku mere tuwin sasatron. Ingkang leresipun pancen kedah tulung-tinulung tuwin kakadangan. Punika kabeta sangking boten sumerepi pundhaking kawontenaning pangeran tuwin kawontenaning manungsa.

BAB PASADHEREKAN KABETA SANGKING JASMANINIPUN.

Satunggal-tunggaling tiyang anguwalaken sabageyan alit sangking badanipun tuwin anampeni sabageyan alit ing salebeting badanipun ingkang kauwalaken dening tiyang sanes, menggah kalampahanipun ingkang makaten wau samongsa wonten tiyang sawatawis sami jajagongan, ing ngriku boten kendhat sami alintu jasmani (stof deeltjes) ingkang alit sanget. Dados ingkang makaten punika angwontenaken pasadherekan ing ngantaraning kabeta sangking jasmaninipun. Sarehning manungsa sami alilintonan sabageyan alit sangking jasadipun, amila purun boten puruna kula sadaya sami dados sadherek miturut kawontenanipun badan.

Amargi saking punika kula sadaya sami boten kendhat sawab sinawaban tanpa kasedyakaken, sanadyan anyawab awon utawi sae, tiyang saras amenjaraken kasarasanipun ing pundi ingkang dipunpurugi, tiyang sakit anularaken sasakitipun ing pundi-pundiya ingkang dipun dhatengi.

Linta-lintunipun tuwin tumimbalipun jasmani wau ingkang anggandheng dhateng kula sadaya, ingkang andadosaken sabab, bilih kawilujenganing badanipun sasami kula manungsa punika prelu tumrapipun kula sadaya.

BAB PASADHEREKAN ING NGATASING RAOSIPUN MANAH

 Ananging boten ngemungangaken pasadherekan ing ngatasing badan kemawon ingkang anggandheng dhateng kula sadaya, ugi taksih wonten [h. 50] pasadherekan ing batasing raosipun manah tuwin karaosing badan. Sadaya manungsa punika sami sawab-sinawaban ing batasing raosipun manah tuwin karaosing badan. Punapa ingkang karaos ing satunggiling tiyang, ugi tumanduk dhateng ing sanes, ing ngawang-ngawang punika kaebekan getering akasa (ether) dumadi sangking pangretos hawa napsunipun manungsa, amargi saking punika manungsa sami sawab-sinawaban amargi sami boten rumaos.

Manawi ing pajagongan wonten tiyang ingkang awon watekanipun, pambegan awon wau sumebar dhateng ing sanes. Makaten ugi manawi salebeting griya wonten tiyang ingkang brangasan, punika inggih anuwuhaken pamuring-muring sanget utawi sawatawis dhateng sadengah ingkang wonten ing ngriku.

Wonten ingkang atutunggilan kaliyan sawenehing tiyang karaos tentrem tuwin jenjeming manahipun, kados gampil tumindakipun samukawis tuwin wonten ingkang katrenjuh tiyang sanes lajeng karaos giris miris, sarta samukawis saking pamanggihipun ribet tuwin angel menggah ingkang jalari mekaten punika amargi saking raosing manah, mila kalampahan makaten awit manungsa jawi anggadhahi badan kasar utawi jasmani ugi anggadhahi badan rohani, inggih punika badan kadadosan saking jasad, ingkang alus ingkang karaosan sanget kahaman geter ingkang alus.

BAB PASADHEREKAN ING NGATASIPUN PAMIKIR

Wonten malih patreping pasadherekan sanesipun, inggih punika ing batasipun budi, manawi tiyang amikir, pikiranipun wau anyawabi dhateng engetanipun tiyang sanes ing sakiwa tengenipun, badaning manungsa ingkang langkung alus, ingkang anggeteraken badanipun tiyang sanes, ingkang sami alusipun, asring kemawon wonten tiyang ingkang wicanten punapa-punapa, lajeng dipunwangsuli tiyang sanes makaten. Lo aku kok iya beneri gagas iku. Menggah ingkang makaten punika temahanipun tumanduking pikiran wau.

BAGIAN 5
BAB PIWULANG TEOSOFI

Tembung teosofi punika aslinipun saking tembung Grik, teyos, Gusthi Allah, kaliyan sofiyah, kawicaksanan, dados tegesipun teosofi kawicaksananing Pangeran, pikajengipun kawicaksananing para jawata, para nabi sapanunggilipun ingkang sami asarira Batara, ing tembung Sansekrita winastan brama widya.

Titimangsanipun wonten nama teosofi kala ing salebeting taun, tigang ngatus kapetang saking wiyosipun kanjeng Nabi Ngisa, dene ingkang ngawiti ngangge nama wau satunggiling guru Amoniyus, sakas kaliyan para muridipun, ingkang kanamakaken neyoplatonisten.

Teosofi punika agami kawicaksanan ingkang sampun kina-kumina, inggih piwulang amung tumrap dhateng para linangkung, ingkang sampun kasumerepan ing satunggil-tunggiling nagari kala kina ingkang titiyangipun [h.52] sampun saged-saged, inggih ngelmi kasuksman ingkang sampurna, inggih punika tuking sakathahipun agami.

Teosofi punika kenging kaanggep agami, ingkang tumidak saleresipun, inggih agami ngiras kawignyan, inggih agami ingkang boten murih supados manusa angajeng-ajeng kamulyaning gesangipun ing tembe, wonten ing sadhéngah panggenan, ananging kadados sampun kenging kanyatahaken ing salebeting badan punika wonten ing bumi ngriki, sarana ambu kang warananipun sarana angelih kaengetanipun timbal tumimbal saking satunggiling alam dhateng alam sanesipun, ngantos dumugi ing ngalamipun para guru ageng.

Menggah sedyanipun teosofi punika, angrungukaken sadaya agami tuwin sawarnaning bongsa mawi pathokaning piwulang kasusilak ingkang sami, angwawaton kajaten ingkang langgeng, teosofi sumedya anedahaken, inggih sakathahipun agami punika rembesan sangking kawruhipun para sujanma utawi ingkang sami golong apa wong mitra, ingkang samangke taksih sami dados juru panuntuning manungsa.

BAB WONTENIPUN PATHOKANING PIWULANG AGENG

Para teyosup sami amastani, bilih wonten pathokaning piwulang ingkang wiyar, tuwin pathokaning kawruh kasampurnan, kawignyan tuwin akasa ingkang dados watonipun samukawis, tuwin amot samukawis, ingkang kanyatahan wonten ing ngelmi kasampurnan kawignyan tuwin agami ing jaman kina tuwin samangke.

Salugunipun piwulang wau kathah iribipun dhateng ngelmi kasampurnan tuwin dhateng kawignyan tinimbang dhateng agami, awit dene piwulang ingkang amerdi supados tiyang anganggep mawi anggantungi hukuman naraka utawi sanesipun dhateng sinten ingkang boten purun nganggep, kados dene tindakipun sawarnaning agami.

Inggih leres pathokaning piwulang wau kenging kaanggep agami ingkang winastan agami punika tegesipun kawengku ning ngagesang dhateng cipta ingkang mulya. Ananging piwulangipun kedha kenging kanyatakaken, boten amung misesa, manawi tiyang nyujani utawi mungkiri dhateng agami lajeng kawastanan anyenyerongi kasuciyan, sadhengah tiyang ingkang angudi boten badhe maiben bilih kala kina wonten pathokaning piwulang kang luhung ingkang turun tumurun dumugi samangke.

Pangajekanipun kanjeng Nabi ngIsa dhateng sakabatipun makaten: kowe iku wus padha kaparingan sumurup marang wawadining karatoning Allah, dene wong kang ana ing jaba, kabeh padha kudu ginawekake pasemon (anggitanipun markus bab kaping 4 ayat ii).

Karsanipun kanjeng Nabi ngIsa ngandika makaten punika aparing pitedah bilih manungsa punika sami kawenangaken nyumerepi wawadosipun dumadosing jagad (karatoning Allah) anggenipun purun kangge lan angudi dhateng wawados wau, ananging tiyang ingkang kathah-kathah ingkang taksih tidha-tidha ing budi, punika anggenipun kaparingan kawruh kalayan pasemon, supados sami pirsa dhateng Gusthi Allah, tuwin karsanipun.

Teosofi ingkang wenang angebeki dhateng kawicaksanan winados, bilih pathokaning piwulang linuhung wau, dene anggenipun teosofi anggadhahi raja brana ingkang linangkung punika, mawi winewahan kalayan angsal-angsal ning titi pariksanipun para waskitha, tuwin para wicaksan, kayekten saking pinten-pinten pratondha ingkang boten kenging dipunabeni, dene kawicaksanan wau samangke tuwin kala kinanipun dumunung wonten pakempalaning pasadherekan ingkang warganipun samangke taksih misugeng, inggih punika ingkang sinebut para adhep, para adat, para Nabi, tuwin para mahatma, ingkang kaindhakaning rohipun sampun dumunung ing tataring kang luhur angungkuli tiyang ingkang kathah-kathah, menggah temenipun ingkang makaten wau kenging kanyatakaken

BAB WONTENIPUN KAMULAN INGKANG LANGGENG

Teosofi amedharaken kawontenanipun ajal kamulaning dhadhasar ingkang langgeng, ingkang amung kasumerepan saking wedharan tuwin wiwijangipun, boten wonten tembung ingkang kenging kangge nyariyosaken ajar kamulan wau, awit tembung wau amung kadamel ambedak-bedakaken, ing mongka kamulan punika kawontenan sadaya, kula matur bibisik ingkang winastan ajal kamulan wau inggih punika kang maha yekti kang tanpa pungkasan, kang tan kenging kapaiben, ananging tembung punika boten anggadhahi teges ingkang sayektos, para wicaksana amastani sat, tegesipun ana, punika boten pisan wujud utawi dede kahanan, amung manawi sampun wiwit gumelar punika tiyang saged anyebut punapa-punapa kalayan tembung ananging babaripun ingkang gumelar wau mratandhanipun ingkang boten gumelar, dene ingkang gumelar punika boten langgeng, kenging sirna, mila kedah wonten ingkang lastantun langgeng.

Menggah wontenipun ingkang langgeng punika kedah kaanggep, sabab manawi boten makaten sangking pundi tuwuhipun kawontenan ing sangalam donya punika. Saestunipun sadaya wau amot dat, ingkang minongka isenipun wijining sakathahipun dumados, tuwin isenipun sakathahing daya utawi kakuwatan.

Miturut piwulang teosofi sajagad pramudita punika gumelaring sat ingkang wawadana, paribasanipun tiyang tanah Hindu makaten: wonten kala mangsanipun nyambut damel, tuwin mangsanipun kendet, mongsanipun gumelar tuwin mongsanipun kukut, mongsa wedalipun tuwin lebetipun napas ageng, sadaya punika ajeg gilir gumantos.

BAB KAINDHAKAN UTAWI KAMAJENGAN

Amung teosofi piyambak ingkang saged sanjang saking pundi pinangkanipun manusa, punapa preluning gesangipun dhateng ing pundi purugipun, teosofi amulang dhateng kita supados aningalan manahipun piyambak, inggih punika ingkang saged ngicalaken sakathahing pamrih dhateng kacekapipun pyambak, anedahaken sapinten genging tagelanipun manusa ing ngatasing engetanipun, wicantenipun tuwin padamelanipun saha angosikaken panggrahitanipun dhateng kawajiban ingkang leres.

Teosofi boten angawisi tiyang angudi tuwin atataken, dene manawi sepen wangsulan, punika sampun kagalih badhe boten purun nyukani wangsulan, ananging rehning kula dereng saged mangretos badhe wangsulanipun, mila bok manawi badhe lepat sanganggenipun.

Para tiyang ingkang sampun angsal katerangan pyambak angrumiyini para sadherekipun, punika boten kacegah, awit anggenipun angsal katrangan wau saking purunipun angudi, sangking anggenipun purun anempuh dhateng rekaos pinten-pinten, sinten ingkang betah sumengka ngantos saged dumugi pucuk, punika boten wonten tiyang ingkang saged meksakaken mandhap malih, dados kaindhakan utawi kamajengan punika anggeri ngagesang.

Wonten pinten-pinten suksma, manusa sajati utawi jiwa ingkang rikat majengipun, inggih punika para tiyang kang remen damel kasaenan, para guru tuwin para guru ageng.

Sadaya manusa wewenangipun sami, sami wenang angudi kaindhakan, sarta kedah nanggel dhateng engetan tuwin padamelanipun pyambak, dene teosofi ingkang murih sampurnanipun, sarta anedahaken margi supados saged dipun kalampahan pamurihipun wau.

Piwulang teosofi kathah ingkang sulaya kalayan seserepanipun agami ing jaman samangke, ananging teosofi boten sumedya nyirnakaken agami, sayektosipun boten wonten tiyang ingkang kapurih bucal ingkang lami, saderengipun aniti pariksa ingkang enggal sarta winagih langkung prayogi.

Sarehning teosofi punika amot gumelenging gesangipun manusa ngiras minongka pathokaning ngelmi kasampurnan tuwin kawignyan, mila sangking wiyaripun teosofi wau ngantos tiyang ingkang sumedya anggarap, saged dipun amung nyariyosaken gumelaripun ingkang jawi piyambak, menggah ingkang kawulangaken teosofi kados ing ngandhap punika:

  1. Bab gumelaring jagad.
  2. Bab manusa miwah gadhanganipun.
  3. Bab wajib ingkang kedah linampahan manusa.

BAB GUMELARING JAGAD

Panganggepipun teosofi gumelaring jagad punika sangking lebet wedaling napasipun gesang langgeng.

Sadaya kodrat punika kawistara wonten ebah ingkang ajeg, manawi kula nyatitekaken sawarnining kumelip ingkang wujudipun asor, mangandhap ngantos dumugi kewan, alit-alit ingkang kengingipun dipun tingali amung sarana mikroskup, manawi kewan alit wau kula waspaosaken, ing ngriku badhe saged pirsa ebahipun lebet wedaling napas ingkang ajeg, ingkang dados peranganipun wujud ingkang asor wau, ing sangalam donya punika tiyang saged nyatitekaken ebah ingkang ajeg, ing pundi-pundi ya panggenan tiyang pirsa ebah minggah, mandhap, melar tuwin mingkup pasang tuwin surud, ing mangke teosofi amulangaken bilih keketeg ingkang ajeg, ingkang geter wonten ing bageyan ingkang alit-alit, punika ugi kumejot ing jagad rat gumeleng dados satunggal.

Sadaya ingkang sipat gesang wau boten kenging kanamakaken gesang ageng ingkang langgeng awit satunggal-tunggaling gesang punika amung babaripun gesang langgeng, dene gesang langgeng inggih punika kawetahipun sadaya, tuwin malih gesang wau boten kenging kawastanan budi, awit budi punika amung sajejering gesang, dene gesang langgeng inggih punika wujudipun sadaya.

Tiyang amung saged anyidhem dhateng kawontenanipun ingkang boten kenging dipun jajagi wau, sarta amung kedah nungkul salebeting batos, awit sinten ingkang ngangkah medharaken bab punika sae satu tanpa tuwas.

Dados gesang langgeng ingkang kawedharipun salah satunggal ambabaraken dados gesang kita, punika ingkang anuwuhaken jagad.

Wonten jejering kawontenan pipitu, ingkang ing jawi awarni roh suci, ing lebet awarni jasmani kang resik, dene sadaya jinis tuwin maujud ingkang kadunungan gesang punika sami sumarambah ing saantawisipun roh kaliyan jasmani wau, satunggal-tunggaling badan kangge tumrap ing wawengkonipun dianggenipun gesang.

Ing sadaya kodrat ingkang gumelar punika wonten wicalan mitu-mitu, kadosta warnaning cahya wonten pitu, larasing gongsa wonten pitu, tuwin sanes-sanesipun.

BAB ALAMING KODRAT

Manawi tiyang sampun kalampahan anyakep jejering engetan kados makaten wau, saestu badhe saya langkung terang seserepanipun dhateng ing ngatasing panyipta bab sawarnining maujud ingkang sami gesang wonten ing ngalamipun pyambak-pyambak, ingkang jumbuh kaliyan kawontenaning jagadipun, makaten ugi badhe saged sinau nyumerepi kawontenan ingkang beda kaliyan kawontenan ing donya punika, tuwin badhe saged anyipta. Bilih satunggal-tuggaling tataranipun kawontenan punika pancen tumrap dhateng sakukubenging wawengkonipun, sarta satunggal-tunggaling maujud, punika sami anggadhahi rumaos ingkang prayogi tumrap ing kawontenan ingkang dipun dunungi. Punapa malih kula sadaya badhe mangretos bilih wonten maujud sanes-sanesipun, ingkang sami gesang wonten ing ngalam sanesipun ngalam donya punika, kados dene manusa ingkang sami gesang wonten ing donya punika tuwin malih tiyang badhe terang sumerepipun, sabab punapa bongsa alus ingkang langkung saking manungsa wau teka inggih boten longka kawontenanipun, uwit ing ngatasipun bongsa alus wau sadaya-sadaya punika. Sami nyata kados dene gesang kita tumrapipun ingkang kita, ananging wonten ing ngalam sanes, sarta sampun minggah, dumugi ing tataran sanes.

Dados jagad punika kenging kawastanan satunggaling gesang ageng, ingkang sumarambah ing tataring kaindhakan pipitu.

BAB CALON UTAWI KAMULANING MANUSA

Manusa punika gambaring jagad ingkang kaalitaken, dados sanyataning wujud ingkang mindhak-mindhak sampurnanipun, punika kacetha wonten salebeting guwa garbanipun piyambak, manusa wau ugi kados dene jagad sami sap pitu, satunggal-tunggaling cacalon utawi kamulaning jagad.

Kamulaning manungsa ingkang ongka pitu inggih ingkang luhur pyambak, punika kenging keupamakaken paletiking cahyanipun roh kang amung, inggih punika sanyataning gesangipun jagad, ingkang dumunung ing manusa, upami gesangipun roh kang agung wau latu, paletiking latu wau ingkang mrangangah salebeting manungsa, inggih punika kaketegipun gesang langgeng.

Rohing manungsa punika tumpakaning roh kang agung wau, saha gandheng kaliyan paletikinh latu kang langgeng tuwin kaliyan budi luhur ingkang dumunung ing manungsa, ngempalipun dados trimurti, inggih manusa sajati ingkang langgeng boten pejah-pejah.

Dene dumunungipun manusa sajati wonten ing badan jasmani, utawi kewani, punika babaripun kamulaning rangkep sakawan, kempalipun badan kewani kaliyan manusa sajati, inggih punika kadadosanipun manusa.

Menggah gesangipun manusa wonten ing bumi punika, prelunipun boten liya supados ngangkah angindhakaken sampunipun tuwin nyumerepi kamulanipun titiga ingkang winastan manas luhur, utawi trimurti, dene kamulanipun ingkang sakawan, inggih punika manas asor, ingkang kagolong dhateng bumi, kedah kinawonaken sarta kawisesa, dados indhaking kasampurnanipun manusa sajati punika kagumantung wonten tiyangpun pyambak.

Manawi manungsa saged ngalih sangking alam ingkang dipundunungidhateng ala ongka gangsal, inggih punika panggenan anggenipun roh anyambut damel wonten salebeting wawengkonipun pyambak tuwin gesang angangge gesangipun pyambak, saestu badhe karao, bilih punapa ingkang ing bumi ngriki kawastanan alus, ing ngriku kawastanan wadhag, sabab wadhag utawi kasaripun ing ngriku boten sami kaliyan kasaripun ing ngriki, sarta punapa ingkang saged katingal tuwin kamirengaken tuwin karnanipun badan wadhag.

Manawi manusa sampun nyatakaken kawontenan salebeting wawengkonipun engetan sarta roh sapisan kemawon, sanadyan beda sanget kaliyan punapa ingkang sampun dipun sumerepi ing salebeting wawengkon gesangipun padatan ing bumi ngriki, saestu gagadhanganing manusa badhe kabuka sanyatanipun, gagadhangan wau katingal langkung mulya tinimbang kaliyan ingkang sampun kasebut ing tembang kidungipun para juru ngarang, tuwin langkung luhur tinimbang kaliyan ingkang sampun kapirsanan para Nabi.@@

Manawi manusa sampun saged ngawonaken dhirinipun pribadi sayekti dados ratuning kodrat, sami kaliyan Pangeranipun ingkang wonten ing suwarga.

BAB MANJALMA

Tiyang boten saged gayuh kasampurnan amung salebeting gesangipun sapisan wonten ing ngalam donya, nglengkara kasampurnan kenging ginayuh saumuring tiyang, amurih saged dipun sampurna kedah pinten-pinten rambahan anggening tumitah, dene gesangipun wonten ing bumi boten saweg sapisan punika, ananging sampun boten kantetan laminipun anggening marsudi kawignyan kala gesangipun rumiyin, menggah kasagedan ingkang sampun kadarbe, tuwin kalangkungan ingkang sampun karenggem, punapa malih daya ingkang sampun dadosaken kasenenganipun, punika kenging kaupamekaken boyongan anggenipun angsal-angsal sangking ungguling yudanipun, sadaya punika kenging kangge nitik kados pundi lalampahanipun kala rumiyin, dados boten amung sapisan, punika anggening gesang wonten ing donya, ananging sampun rambah-rambah, saben-saben tumitah angudi kawruh malih, upami kapemutan wonten ing serat, lalampahan ing gesangipun wau kados anyerat wewahing cariyos wonten ing buku wau, ingkang wasananipun badhe saged amaos piyambak.

BAB KARMA

 Ingkang punika mila manusa kalairaken malih, sarujuk kaliyan ingkang sampun kalampahan, inggih punika temahaning padamelanipun pyambak, dados kita pyambak ingkang andhapur kawontenan kita samangke punika.

Menggah angger-angger makaten wau winastan angger-angger ingkang sumarambah ing ngakathah ingkang anjumbuhaken pagesanganipun satunggal-tunggaling manungsa kalayan angsal-angsalipun kala gesangipun rumiyin, satunggal-tunggaling manungsa kalairaken malih, kados kawontenanipun ingkang sampun kasadhiyakaken pyambak.

BAB LABUH

Sadaya manusa sami kadunungan wajib kedah tulung tinulung amurih dumugi ing kasampurnan, boten wonten tiyang ingkang saged dedel piyambak, makaten ugi munduripun tiyang satunggal, punika andamel munduripun ingkang taksih kantun boten wonten tiyang saged begja sayektos, manawi taksih wonten tiyang satunggal ingkang nandha sasara. Boten wonten tiyang saged angsal kawilujengan saking pangangkahipun pyambak, manawi sadherekipun sasamining manusa boten tumut angsal kanugrahan wau, pramila bebahan padamelan kita inggih punika angrampungaken kuwajibanipun sadaya tiyang bab ing ngatasing kabetahanipun sadaya sarta jalaran saking anindakaken tuwin anglampahi dhateng kuwajiban wau saestu kula sadaya badhe pinareng anunggil kaliyan gesang kang luhur.

BAB PASADHEREKAN

Kita kedah tansah angengeti, bilih kula sadaya punika dados sagolonganing pasadherekan, kula kedah sampun amung manah dhateng badan piyambak, punapa ingkang dipuntampeni kaanggeya kawilujenganipun ing sanes, supados sadherek kula sasamining manusa tumut angraosaken panggesangan sami kaliyan kula, kita kedah ngangge kawruh kita kadamel mulang ingkang sami dereng mangretos.

Kedaha suka pangajaran ingkang prayogi, kangge mitulungi tiyang ingkang taksih kacingkrangan pangajaran, supados para sadherek kita saged mindhak kasampurnanipun, supados saged sami kaliyan kita, bilih sadaya punika sampun kalampahan, punika saweg badhe dumugi ing mongsa anggen kita anggepok dhadhasaring gesang enggal, tuwin anggeni kita malebet ing alam enggal, ananing sadaya punika kalampahanipun sasarengan.

BAB PARA GURU

 Para sujanma ingkang wonten ing ngajeng kedah angentosi ingkang taksih kantun, sarta punapa boten sampun tetela, bilih para sujanma ingkang wonten ing ngajeng kedah anglampahi sakathahing rekaos amulang dhateng ingkang taksih kantun, supados saged enggal mindhak sampurnanipun tuwin para sadherek wau tumunten malebet dhateng panggesangne enggal, ingkang ginadhangaken dhateng manungsa sasampuning gesangipun samarke punika.

Ing wasana kula sadaya badhe sami sasarengan menek ing andhaning manungsa, ingkang sukunipun umum pangwonten ing endhutaning gesang kewani, dene untuning ondha ingkang nginggil piyambak silem ing salebeting cahyanipun gesang langgeng, samangke kula sadaya sampun sami manjik ing ondha wau, ananging sami boten saged anglajengaken menek, manawi kula boten saged ambeta sadherek kula sarta angangge kakuwatan daya kula kadamel mitulungi kahapesanipun, tuwin kadamel nyanton sakhaken kawintenipun sadherek kula wau.

BAB TEOSOFI

Miturut intgkang kasebut ing nginggil wau, dados kados punapa kemawon rikatipun anggening nindakaken pathokan ingkang ageng punika, ewa samanten ijeng ngandika kedah angyektosan bilih teosofi punika amot piwulang ingkang sakelangkung kathah, mila ingkang sami sinau urup sanget kangelan kaliyan pituwasipun.

Teosofi punika boten ngamungaken agami thok, kawruh kasampurnan thok, utawi kawignyan thok, ananging katiga pisan punika kempalipun dados teosofi.

Boten wonten agami ingkang sanyata, manawi boten mantala dipunleler sarana pamariksanipun kawignyan tuwin kasampurnan tuwin boten saged anedahaken margi ingkang leres, ingkang nguntapaken manusa dhateng kamulyan ingkang linuhung.@@

Ngantos dumugi samangke anggenipun tiyang angsal agami punika sampun tumimbal saking tiyang sanes, liripun anggening tampi wau saben-saben amung sangking mireng sanjangipun tiyang saged ngupados paseksening kajaten ingkang kawedharaken dening agami.

Tiyang saged angsal teosofi utawi agami kawicaksanan sangking tukipun, amargi ingkang sami marentah para linangkung, liripun makaten, kajatenipun teosofi punika kenging kaleler saking titipariksanipun ingkang sami nyepeng marentah piyambak.

Menggah saged dipun tiyang angsal kajaten ingkang kawulangaken dening agami punika manawi sampun pejah, dene kajaten ingkang kacariyosaken dening teosofi tiyang saged angsal salebeting gesangipun punika, sok angger ajeng sarta purun anyatakaken.

Sakathah-kathahipun teosofi punika langkung luhur tinimbang agami, sabab agami anggantungaken ingkang dereng tinamtu, dereng nate wonten tiyang ingkang sampun nyumerepi tuwin anggelaraken ingkang ginantungaken agami, dene teosofi kados limrahipun kawruh ingkang nyata, upami kawedala wicantenipun makaten: manawi sampeyan kapengin badhe sumerep punapa-punapa, sangkign kula suwawi, sok angger sampeyan purun prekaos.

Piwulang teosofi punika celak kaliyan kawignyan, sinten ingkang remen kawignyan saged ngindhakaken seserepanipun sangking marsudi kawruh teosofi dene kawontenanipun agami samangke amung anggelaraken piwulang ingkang sulaya kaliyan titi pariksanipun tiyang alikasagedan, sampun leres kemawon tiyang ingkang saged anedha tondha yektinipun agami, awit pakenipun agami amung kawurih ngandel thok, mila tumrapipun tiyang ingkang sampun alus budinipun tetela bilih agami punika dereng nyekapi, sarta boten saged amarnekaken tondha kayektosanipun.

Sakathahing agami punika sajatosipun sami piwulang, ingkang kawarahaken dhateng manusa kala kina, nalikanipun manusa dereng kathah kasagedanipun, dados kala samanten para tiyang prasasat taksih lare, ananging sareng samangke sampun diwasa, ingkang sampun mindhak budinipun lajeng nedha tondha yektinipun kajaten ingkang katampen kala taksih lare, punika nalaripun anggening agami boten saged adamel leganipun tiyang, ing mongka tiyang tansah ngudi dhateng kajaten sabab wonten osiking manahipun ingkang asanjang bilih piyambakipun saged asal ingkang langkung prayogi, osiking manah makaten punika ingkang tansah ngajak angudi dhateng kekeran.

Pramila ing mangke inggih teosofi punika ingkang minongka tondha yekti kajatenipun sakathahing agami, dados inggih agami ingkang tumrap dhateng tiyang sepuh, ingkang ali kasagedan.

Sarehning kala rumiyin anggening mulangaken agami dhateng tiyang ingkang taksih lare kadhapur cariyos pasemon, parentah tuwin awisan, mila samangke anggenipun nyariyosaken dhateng tiyang ingkang sampun mateng kadhapur kasagedan utawi kagunan.@@

Kala rumiyin nalika budinipun manusa taksih dereng sampurna kangge nyumerepi kajaten ingkang sanyata, sumerepipun kajaten ingkang dumunung ing agami saweg ules utawi blebedipun kemawon, samangke teosofi ingkang mudhari blebedipun kajaten, supados katingala dening manusa, manusa pinten kemawonipun ana-anaken kengising kajaten.

Manawi panyinaonipun agami katindakaken dening teosofi, punika badhe adamel karaos tuwin pirsanipun manusa dhateng kajatenipun agami, sabab teosofi punika awaton pathokning kawignyan tuwin waton kajaten.

Pasemon, upami tuwin sanepa ingkang minongka pangekeripun kajaten punika teosofi ingkang badhe anelakaken tuwin anggenahaken.

Sanadyan agami ngelmi kasampurnan tuwin kagunan punika upami lare sami anunggil embok, aluran sangking pancen satunggal, ewa samanten aktingalipun sami boten cocog, dene anggenipun katingal sami boten cocog, punika amargi tiyang sami boten pirsa sambetanipun.

Amung teosofi pyambak ingkang saged ngempalaken mailh perang-perangan wau, sabab teosofi punika embok ingkang nglairaken anak titiga wau, mila amung panggulang tuwin titi pariksanipun teosofi ingkang sah, ingkang badhe anetepaken sanyatanipun ingkang kasebut ing nginggil wau.

Sinten ingkang kapengin sumedya angleler kajatenipun teosofi, kedah wekel sanget, anggenipun sinau awit amung sinau ingkang asuka dadamel anggen kita mariksa kaliyan titi.

PRAKAWIS INGKANG KAPING KALIH

MANUNGSA MIWAH SAKALIRINGE BADANIPUN

II. BADAN KASAR UTAWI WADHAG

1. BAB BADANING MANUNGSA KALIYAN BADANIPUN

Kita kedah mangretos sayektos bab bedaning manungsa kliyn badanipun, tiyang punika kulinanipun anyawuhaken pribadinipun kaliyan badanipun, karenanipun anyeguh bilih ingkang dipunwasta aku, punika inggih badanipun pramila prelu ambirat pangagepipun inggih kados makaten wau, sarta amantunan anggenipun anyawuhaken pribadinipun kaliyan urungipun, utawi bedanipun ingkang dipunangge sawatawis dangunipun lajeng kangucal, supados angangge ingkang enggal, manawi pancen taksih prelu angangge badan malih. Kita punika wujudipun ingkang gesang, dene badan punika dhapur utawi wangunipun ingkang dipundunungi.

Sayektosipun manawi kita anyawuhaken roh kaliyan badan kita ingkang amung sakedhap wontenipun, punika kablingeripun sami kaliyan tiyang ingkang anyawuhaken bedanipun kaliyan sandhanganipun, punika boten kawengku dhateng badan, paedah ing badan tumrap ing roh, punika kados dene paedah ing sandhangan tumrap ing badan.

2. SABABIPUN ANYAWUH

Menggah sababipun anyawuh wau, amargi tiyang limrah boten saged [h.70] amisahaken aku, ingkang sajati kaliyan badanipun, ananging amargi saking sinau anggen kita saged amisahaken pribadi kita kaliyan badan, kados dene manawi kula mandhap saking kereta ingkang kula tumpaki inggih punika, manawi wonten ing jawi rumaos kula saya buntas tinimbang kula gumantung ing badan wau, manawi sampun kalmpahan makaten sampun mesthi kula badhe boten kasasar malih, kita punika inggih badan ingkang kita angge, sarta anyamtuni sadaya tindak kita dhateng ing donya, anyengkakaken kita dhateng alam ingkang langkung jenjem ingkang wonten ing sanginggilipun alaming ngagesang, ingkang kenging pejah punika, amernahaken kita wonten sanginggilipun panggenan kangelan remeh-remeh saben dinten, ingkang tingalipun sakelangkung prelu tumrapipun rumaos ingkang winaragan, sarta anedahaken kita bab imbang-imbanganipun badanipun ingkang tansah suntan-santun sarta ingkang lestantun tetep.

3. BAB SAJATINING MANUNGSA

Ingkang pinastan manungsa punika pribadinipun ingkang gesang, ingkang gadhah rumaos sarta saged amikir, inggih wujudipun aku, dene badanipun punika brungkusipun pribadi wau, sarta satunggal-tunggaling brungkus kenging kangge nyambut damel, wonten ing ngalam mriki utawi wonten ingkang kangge ing ngalam sanesipun, liripun supados saged enget utawi rumaos wonten ing satunggal-tunggaling alam, pramila ugi saged amisahaken satunggaling badan kaliyan badan sanesipun.

4. BAB BEDANIPUN SARTA COCOGIPUN SADAYA BADAN

Sakatahing badan punika, beda-beda badhenipun, sarta aben-abenipun mawi-mawi dhasaripun ingkang dipunangge nyolahaken satunggal-tunggaling badan, tuwin mawi-mawi wawengkon panggenanipun anyambut damel, wonten ingkang kasar wonten ingkang alus, wonten ingkang umuripun cekak wonten ingkang panjang, wonten ingkakng dayanipun kirang wonten ingkang langkung, ananging kados wosipun pancen boten langgeng amung dados pirantos, dados rencangipun manungsa, ingkang saged garang sarta kaenggalaken malih mawi-mawi dhadhasaripun, sarta kanyamlengaken kaliyan dayanipun.

5. BADAN PUNIKA PIRANTOSING MANUNGSA

Badan ingkang dipun dunungi gesangipun manungsa tuwin anggenipun nyambut damel punika pirantosing manungsa, sarta manungsa kedah ngrahita bilih wontenipun badan punika kangge tumrap ing manungsa, boten manungsa ingkang kangge ing badan, manungsa punika sanes gadhahipun badan-badan supados kenging dipun angge.

A.  Badan wadhag ing basa sansekrita winastan Anamayakosha (Annamajakasha) ing basa Hindu: setulsarira (stula sharira), ing basa Arab roh jasmani.

6. BAB DHASARING BADAN

Menggah ingkang winastan badan wadhag punika mangertosipun badan kasar sarta lingga sarira, awit kalih pisan punika sami rumagang ing damel wonten ing ngalam kasar aben-abenan saking jasad kasar, kawujudaken kangge salebetipun gesang wonten ing donya punika, manawi pejah badan wau katilar wonten ing ngalam donya, sarta luluh awor kaliyan jasad kasar, dene manungsanipun sajati lajeng dhateng alam astral (astraal geheid) inggih punika alam ingkang langkung alus, manawi manungsa dereng ngambah sajawining alam kasar punika, taksih prelu angangge badan kalih pisan wau, utawi salih satunggal, badan kakalih punika badhenipun saking alam kasar dados boten kenging kangge ngambah sawijining alam wau.

Sanajan badan wau saged pisah sawatawis, ewa dene salebetipun gesang wonten ing bumi angisah-pisah, sarta manawi pisah boten prayogi, punika nandhakaken bilih sakit, manawi sakit rekaos badan kakalih wau sami pisah sawatawis, utawi kacengcengan kados dene prewangan, punapa dene manawi tiyang dipuntilemaken satanginipun lajeng kenging dipuntangled dipunapa-punapa.

7. ABEN-ABENING BADAN

Badan wadhag punika aben-abenan saking jasad kasar pitung warni, kawujud dipunbadan kasar inggih punika saking jasad kasar titiga, kadosta: jasad atos, punika panggenanipun manungsa ingkang kasar pyambak, inggih gumelaripun ing kang asor pyambak, sarta kawedharipun ingkang winangenan sarta boten sampurna, dados manungsa punika kinunjara wonten ing jasad ingkang kasar pyambak.

Menggah dumadosing badan kasar punika sampun kacariyos wonten ing serat-serat, mila sinten ingkang badhe ngawuningani , cekap amaos serat-serat wau kemawon, ing ngriki amung badhe pratelakaken punapa ingkang kacariyosaken dening ngelmi kasampurnan.@@@

Badan wadhag punika dumados saking jasad alit-alit ingkang ing basa Walandi winastan molekule (molecule) kalayan pirantosipun kangge ngraosaken inggih punika ponca driya, pirantosipun kangge ebah, utek sarta bayunipun alit-alit, pirantosipun kangge nindakaken sawarnining padamelan, ingkang prelu kangge widadaning gesangipun.

Tiyang ingkang marsudi kawruh kagunan sampun badhe ngajengi dhateng panampenipun teosofi, bilih dumadosipun manungsa punika sakathahing gesang alit-alit ingkang tanpa wicalan, ananging tiyang ali kawruh kagunan boten purun anglajengaken ngangge kawruh winados, supados saged mesthekaken bilih basaning manungsa badaning khewan sarta tutuwuhan punika dumadosipun saking sakathahing maujud gesang wau, kadosta ingkang winastan bakteri, mikroben eroben, aneroben sarta sanes-sanesipun, ingkang boten saged katingal manawi kapirsanan kaliyan semprong pirantos ngagengaken, kajawi ingkang ageng-ageng, satunggal-tunggaling parincenipun jasad, sanajan winastan mawi utawi boten mawi prabot riricikaning badan, sadaya punika gesang, sadaya gesang wau sami kagolong alaming prana utawi gesang, ananging misah sarta boten kawengku, punika sami ngalempak dados molekul, inggih punika kawarni bunder alit-alit sanget ingkang dados wujudipun rah, tuwin dados selah wadhahing rahipun badan wadhag, salebetipun badan punika gesang, maujud gesang alit-alit wau malebet medal sarta tansah dados lantaraning sambetipun manungsa kaliyan kanan keringipun.

Satunggal-tunggaling atum tuwin molekule ing ngalam punika damelipun inggih amejahi dhateng badan wadhag, dados sadaya maujud alit-alit wau ingkang damel badan wadhag dalasan wadhahing rahipun, kawengku daya panggrahiting prana, salebetipun kaereh maujud alit-alit wau ajeg anggenipun damel badanipun manungsa, manawi gesang wau sampun badhe boten kaerah malih, sarta kakendelaken kemawon anggenipun buyang ing sakajeng-kajengipun pyambak, punika dados daya ingkang nyirnakaken, lajeng ambingrah sel damelanipun pyambak, kados dene ngrandhal ingkang pating blesar, dene badan wadhag lajeng ambar. Badan wau badhe boten gesang malih manawi boten pejah, ananging gesangipun anggening dados satunggal, pejahipun anggening sasarengan, gesang anggening dados undhung-undhungan, pejah anggenipun dipunpraboti, bedanipun badaning manungsa ingkang gesang sarta ingkang pejah punika manawi gesang dayanipun tumanduk sayektos, manawi pejah amung monda-monda, samongsa pejah utawi layap-layap molekulipun nurut pangendeng ingkang luhur, ingkang angukut dhateng molekul wau sarta kasebar wonten ing ngawang-ngawang [h.75] panyebaripun punika andadosaken pejahipun badan wadhag, makaten punika manawi kenging dipunanggep pejah, awit molekulipun badan ingkang pejah ugi anggelaraken dayaning gesang ingkang santer, manawi tiyang pejah, mawitipun badhe boten losoh, sadaya molekule ingkang angwujudaken mayit wau gesang, sami uleng-ulengan anggenipun badhe buyar, ngupados adeging gesang sanesipun.

8. KUWAJIBANING PADAMELANIPUN

Padamelanipun badan wadhag punika supados gepokan kaliyan alam donya, sarta punapa ingkang sampun karaosaken wonten ing donya, punika kalumuntaken dhateng pribadi ingkang manggen wonten ing guwa garbanipun, inggih punika manungsanipun sajati, dados badan punika minongka pirantosipun kawontenan ingkang gadhah rumaos, ingkang manggen wonten ing badan supados geda angsal kawruh wonten ing donya punika, manawi badan saya saged ngraosaken punapa ingkang tumama, punika saya maedahi tumrap manungsa sajati ingkang manggen ing ngriku, amargi manungsa sajati punika saged dipunrumaos amung saking samukawis ingkang saged geteraken badan.

Pakartinipun atma wonten ing badan punika dados kakuwatan wonten ing sel, ingkang prelu tumrap panggesangipun sel wau, tuwan Ekhel bongsa ditse ingkang mangretos dhateng kawruh kodrat anyariosaken mekaten: sel punika sami anggadhahi jiwa, mila mratelakaken makaten, sabab tuwan wau anyumerepi merepi bilih sakathah ing sel punika sami anindakaken padamelan pyambak, boten nyunggil kaliyan pakaryanipun badan sadaya, ananging pakaryaning sel ingkang makaten wau kawngenan amung ingkang maedahi dhateng sel pyambak, padamelanipun sel wau kawengku dhateng kasarasaning badan sakojur, amargi sel wau dados peranganing badan, terkadhang sel punika ngambeng-ambengi paedahipun badan, manut paugeraning padamelanipun pyambak, boten angraosaken dhateng maedahipun badan, mugi angengetan daging awon ingkang dumunung ing tatu.

Badan sakojur punika ugi anggadhahi padamelan pyambak ingkang lampahipun boten mawi kamanah dados kados bekakas, kadosta asta ingkang sampun kasinau nyerat, punika manawi manungsanipun sajati sumedya nyerat, asta wau lajeng tumandang, ananging patrapipun tansah ajeg menggah ewahing patrap dados ajeg punika kedah karep dipunsinau, awit nyerat mawi patrap ingkang temtu punika adamel kulinaning badan lajeng tumandang kados bekakas kalampahaken.

Badan punika gadhah gesang pyambak, ingkang mitulungi utawi panggregang-anggregi pakaryanipun manungsa sajati, ananging manungsa saged anyinau badan supados tansah purun tutulung dhateng manungsa.@@@

Dayaning gesang utawi prana punika anyambut damel wonten ing telenging sungsum ula-ula, sarta minngka kakuwatan ingkang gandhengaken, kados dene ingkang mranata tuwin amisesa dhateng sadaya sel, supados sageda sami sayuk nyambut damel sadaya, sarta andamel manut miturutipun badan, kangge tumpakanipun manungsa sajati, ingkang kedah dipunenut punika ing sapanedhanipun, sarta boten ngemungaken dados paklempakaning perangan ingkang mirungga, ananging gumeleng wetah ingkang sampurna.

9. BAB KARAOS

 Badan wadhag punika tanpa raos, amung tampi kemawon sarta lajeng kalumuntakaken dhateng manungsa sajati sarana lingga sarira, inggih leres badan punika gadhah kraos pyambak, inggih punika raos ingkang rosa, ananging kula sadaya sami boten sumerep, dene manawi badhe nyumerepi badan wau asuka sasmita dhateng manungsa sajati, dados karaos cape badan sakojur sapanunggilanipun, tetelanipun manawi badan punika tanpa raos, manawi manungsa sajati kawedalaken saking badan, sarana dipunsenggruk kloroforem punika bilih tiyangipun kabedhal boten karaos, sel ingkang angwujudaken badan punik gadhah raos pyambak, punapa ingkang sami kula raosaken, punika dede ingkang dipuraosaken sel.

10. BAB JASAD ANTARA INGKANG WINASTA CAKRAM

Ing badan wadhag punika wonten jasad antara pipitu ingkang winastan cakram utawi teleng, liripun wonten badhe pipitu ignkang kangge wedharaken badan sanes-sanesipun sarana badan wadhag, amargi cakram wau saged karaos tampi getering badan sanes-sanesipun, dados lajeng saged malebet, kadosta: badan engetan saged dipun kawedar amung sarana utek, awit utek punika cakramipun badan engetan rah cakramipun badan astral, sarta manawi badan wau geter lampahipun rah laejng rikat, anjalari ngrikataken keketeging manah, mila manawi kawedal hawa napsunipun utawi pakaremanipun tab-tabaning manah sanget.

11. BAB KAENGETAN UTAWI RAOS (bewustzijn)

Ing ngriki pikajengipun ingkang winastan kaengetan wau inggih punika kawontenan ingkang kangge enget, utawi rumaos ingkang nyumerepi salebeting alam wadhag tuwin alam ingkang langkung alus, kadosta: alam supena sapanunggilipun tembungipun Walandi winastan bewusein (bewustzijn), menggah tembung bewusein wau salajengipun amurih ringkes amung kawastanan kaengetan.

Utek punika pirantosing kaengetan salebeting badan wadhag, dayanipun kirang saking dayaning badan sanes-sanesipun, ananging padamelanipun wonten ing ngalam wadhag, punik langkung ageng, sarta pirsanipun tiyang bilih pribadinipun punika manungsa sajati, amung wonten salebeting badan wadhag, awit badan sanes-sanesipun dereng sampurna, kangge enget saged anyolahaken wonten ing badan wadhag.@@@

Bayu inggih punika urat alit-alit ingkang ansalap ing saranduning badan, tembungipun Walandi winastan seniyusetelsel (zenuwstelsel) wujudipun ombyokan kados dening lawe satungkel, ing mangke tungkelaning bayu wau kaperang dados kalih bageyan, A) tungkelaning bayu ingkang boten kenging kaereh, ing sakajengipun tiyang limrah, kenging ugi kaereh sawatawis, ananging sarana tansah dipunsinau, kados patrapipun pakir bongsa Hindu. B) tungkelaning bayu ingkang kenging kaereh dhateng manungsa, sadaya lampahing badan ingkang sampun kodrat, punika jalaran saking pakartining bayu ingkang kasebut rumiyin wau, kadosta: lampahing pangejuranipun tatedhan, keketeg lampahing napas sapanunggilipun, dene saged dipun manungsa amikir, angraosaken anyolahaken badan, punika jalaran saking pakartining bayu ingkang kasebut ing aksara B) wau, inggih punika jalaranipun manungsa saged anglairaken pikajengipun tuwin kaengetanipun, sarta kenging dipunwastani manawi tungkelanipun bayu wau dumunung wonten ing utek, tiyang boten saged andamel punapa-punapa wonten ing ngalam wadhag, manawi boten saking utekipun.

Kaengetan ingkang nyambut damel wonten ing badan wadhag, punika boten saged oncat saking watesipun, ingkang kenging kasumerepan sarana ponca driyanipun ingkang kasar, sarta kawengku wawaton paugeraning papan tuwin wanci, liripun kawengku ing papan wau upaminipun makaten, kula boten pirsa dhateng samukawis, ingkang boten katingal saking papan panggenan kula samangke, dene kawengku wanci wau makaten, wanci punika gerbanipun amung tiga, rumiyin, sapunika, benjing, kula boten enget dahteng lalampahan saderengipun kula tumitah wonten donya samangke punika tuwin bwnten pirsa dhateng lalampahan ing tembe, amargi kula taksih karaos wonten rumiyin, sapunika tuwin benjing punapa malih manawi tungkelanipun wau boten tata, punika kaengetan boten saged kalair mawi lekas ingkang tata.

Dados anggenipun manungsa anglairaken kaengetanipun wonten ing ngalam kasar punika kawangenan dening dayaning pirantosipun ingkang kasar.

Salebetipun tilem, manawi kamulaning manungsa malelep utawi silep, punika badan wadhag ugi anggadhahi rumaos utawi kaengetan pyambak ingkang boten patos cetha, ananging kaengetanipun wau pisah kaliyan kaengetanipun manungsa sajati, sarta pisah kaliyan kaengetan selipun ingkang angundhung-undhung, padamelanipun katingal amung kados pirantos utawi bekakas kemawon, sakathah ing geter adat boten gendheng, kothong jatining suraos, sarta wosuh, katingalipun kados boten saged grahita kajawi amung akondha titingalan ingkang katindakaken dening manungsa sajati, pramila manawi kapanduking raos saking nglebet utawi saking jawi sanalika lajeng acakra bawa.

Punapa malih energing engetan dhateng satunggaling panggenan, punika kados dene angelih engetanipun dhateng panggenan wau, upaminipun anggagas dhateng nagari cina, sakeclapan puniika kados ngalih sayektos dhateng nagari wau, sarta tiyangipun lajeng supena wonten ing nagari cina.

Menggah kaengetan utek kasar punika amung sumerep, boten amanah utawi angraosaken sarta sadayaning engetanipun cawuh, kajawi punika remenipun angindakaken utawi anyanget.

 

[NO. 2]
[BUKU KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP]
[KAGUNGANIPUN R.M.NG MANGUNDIREJA ING]
[MANGKUNEGARAN]

 Mungguh kalanggenan laungyaning kang tanpa wangen (awang-uwung), mau ana mongsa lan done siji kang nunggal.

Saiki aku aweh weruh, ngelmu nyawa (zielkunde) dadine padha lan ngelmu etung ukur kang dhuwur (wiskunde) kang iku cipta kita ing ngatasi jagad iki, kudu amek waton saking cecek tengah siji, saking cecek iku thukuling kabeh sumorot marang saubenge, nuli katon nyata marng kita.

Mungguh cipta mangkono iku katetepake nyatane dening cihna saking pamejanging barang-barang. Sabab kang nyata mungguhing darah (atoom) temtu iya nyata ing ngatase jagad kabeh, awit sakabeh angger wewatoning donya iku padha wiwitane, kayata: ing jagad iki ana srengenge kang dadi puser ubenge sakabeh bumi (planeet) dene kang diarani taun iku ora liya mung mongsa ubenge bumi nganti kempute, mongsa iku padha ajine ing ngatasing bumi siji lan liyane, sabab dumadine saking ubeng tumaruntun angliwati don titik kang padha, ananging yen taune bumi kita iki, katimbang lan taune bumi liya-liyane adoh sungsate, amarga don bumi (sijarah planeet) bumi iku beda-beda doh cedhake saking cecek kang kiniteran.@@@

Dene kang prelu dieling-elingi wong mangkene, saya adoh wong (barang) iku saking wiwinih kang ana ing tengah, saya bawur lan kurang susurupane marang wiwinih mau kaya dening bumi, (sijarah planeet) kang adoh-adoh done iku mung monda-monda bae olehe sorot saking srengenge, mangkono uga manungsa kang isih sajroning wadhage sumurupe marang kanyatahan, kaya weruh wawayangan lan bawur, awit adoh ungyane saking wiwinih ing kanyatan sajati.

Yen wus terang susurupanmu mungguh ing mongsa lan don kang kasebut mau bok manawa luwih gampang kowe pada ngerti ing dumadining titah kabeh kang bakal dak pratelakake sarana amek aluran saking titikaning jasad sawiji, iki kang gampang sarta becik dhewe, awit prakara kang dak gunem bab kanyataan kang tunggal, iya iku pangrasa kang thukul dhewe.

Ananging poma – kowe kudu padha duweya cipta – yen dumadining titah temen tanpa purwa wasana, lumintu genti-genti, jagad kita iki uga ora kajabakake ing angger wawatone, sadurunge jagad iki ana, biyen wus ana, kang nganakake, lan jagad anyar iku maneh dadi winih ing jagad maneh, mangkono sabanjure ngambah jagad langgeng loro, iya iku biyen lan besuk, prakara iku kanyatahane ora kena ginayuh ing wong kaya aku, ananging kang wus dhuwur kawruhe, nagnti ora kena kinira bisa anggunem bab iku, awit wus terang ing kanyatahane, dene paseksene iku katetepake dening uger papathokane solan-salining barang, kang dak nyatakake mau, kabeh kang katon, kaereng ing uger solan-salin mau, apata jagad dhewe nyele metu kadi uger pathokan iku (arak mokal).

Dumadining jagad kang tanpa mendha mangkono iku ing tembung Sansekrita kaaranan “kalpa” tegese pa cipta, pamilih ing tembung mathuk banget, awit satemene jagad iku ciptaning Gusthi.

Mara saiki padha aniti pariksa dumadining titah, lan upamakna jagad wus gumelar, yen wus tuutg ing mangsane “meneng”, uwite leren enggone mikir wujude angen-angen, dayaning pamikir genti, pipisahan, wekasan jagade buyar, ing tembung Sansekrita kobasakake Brahmasare, sasuwene sare, sare kapati iku kabeh sidhem, tentrem, ora ana sawiji-wijiya kang ana kabeh peteng nganti mongsa wungune Brahma.@@@

Mungguh “uwit” arupa loro, kapisan, Brahman (iku nyelo = ora lanang ora wadon) iku kahanan sampurna, tanpa tandhing, tanpa watek, tanpa kanthi, tanpa ana tandhane kang katon, yen sasanggitan lan jagad gumelar.

Kapindho, Brahma (lanang) iya iku uwit kang salugu, kang nganakake jagad kabeh, dadi sasanggitan lan jagad, Brahman iku kang tan kena ginunem, tan kena winirasa, Brahma iku Gusthi, iya iku wit tunggal lan winih pratama, dadi panjenengane dudu kahanan kang nyelo, awit kang mratama, mratelakake pangkat urutan mau.

Kasampurnan iku dadi tanpa sasebutan, manawa bongsa guru Hindu kajalukan katrangane bab iku, mesthi wangsulane kasampurna ora kena tinerangake, awit loka ginayuh ing wong kang wus sidik.

Wawaton mangkono ing ngatasing Brahman nuwuhake ciptaning sawenehing bongsa kulit putih, yen Brahman iku ora bisa jumeneng awit tanpa watek pisisijiya, ananging bongsa tasawuf, Hindu, malah ora bakal ngarani yen kang sampurna iku duweya watek ora ana, mung sidhem iku ku tetep aran kang sampurna, mulane kalawan anjabakake kang sampurna, mara saiki padha amiwiti anggunem wit kang pratama, iya iku Brahma, kang wungune saking sare, anggelar sarupane kang ana.

Iki urut-urutane wejangan mau:

BRAHMAN

1.   Brahma, Gusthi, uger utawa kang ana, “sat” kang sunyata.
2.   Awidya, kang ora ana, kang ora nyata.
3.   Mahatma, pangandika, uwiting cipta (pangandika kang katelu).

Dene Brahman kapetung ing urutan ngarep dhewe, mulane mangkono awit tan kena kagunem, nuli Brahma, kang sunyata, utawa “sat” uwit kang pratama kang nganakake sarupaning kang kumelip kabeh, prayoga wong tansah eling, yen brahman lan brahma iku rupa loro, nanging wujud siji, ing antarane iku tanpa ana bedane babar pisan, kaya upamane. @@@

About these ads

1 Comment

  1. ,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: