alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

KAWICAKSANAN LUHUR KANG SUCI


KAWICAKSANAN LUHUR KANG SUCI
PIWULANGE SANG RESI WARA BISMA


Kiriman dari
Sdr. Jebalkober
Email : jebalkober@gmail.com

———————————————————————-

SB
TOKO BUKU “SADU-BUDI” SOLO
Penyalur :
Penerbit “KANGAROO”

 

DARMANING NARENDRA

Pamulange Sang Resiwara Bisma marang Sri Yudhistira : “Dhuh Sang Prabu! Aja angimpun kasugihan, kang saka amadalake wong kang ringkih-ringkih, diprayitna, murih sira aja kongsi kobar dening netraning wong ringkih, kang murub mangalad-alad kaya andadine alas kobong, eluh kang wutah amarga wong pinaten anak lan rajakayane saka panggawe kang ora adil, kaya dene wong ringkih ora ana kang mitulungi, paukumaning Dewa banjur anibani Ratu.”

DARMANING PRAJURIT

Sang Resiwara Bisma banjur andhawuhake bab darmaning prajurit, manawa nglakoni perang aja nganti kanthi kanepson, utawa aja nganti ngorong marang getih. Anggone ngarah menang aja nganti laku kanisthan, sarta aja amrawasa mungsuh manawa pinuju leren anggone perang. Wong tatu kudu diulihake, utawa kudu diupakara, nadyan mungsuh kang ala lakume kudu katelukake dening kautaman. Luwih prayoga sirna uripe, tinimbang oleh kamenangan kang sarana tindak nistha. Mangkono laku darmaning satriya, sanadyan ing paprangan iku uga piwulang kang migunani.

KASANTOSANING ATI IKU ANGUNGKULI SADHENGAH

Sanadyan piwulang luhur uwis nyaritakake darmaning Narendra lan darmaning prajurit, uga akeh piwulange Sang Resiwara Bisma kang migunani tumrap sadhengah, kaya ta, nalika panjenengane amulang kawajibaning Narendra kudu adil sarta santosa, panjenengane uga pratela, manawa kasantosan iku angungkuli sadhengah, awit takdiring wong iku, kadadiyaning panggawene wong ing urip kang wis kapungkur.

Ing jaman samengko sok kaprungu wong muni : “Kasantosan iku tanpa gawe, amarga kabeh iku wis katata dening karma.” Sang Resiwara Bisma ora tau kaplesed anglakoni kaluputan kaya mangkono mau, karana panjenengane priksa marang pakartining karma utawa ora kasamaran marang dayaning kasantosan. Karma kang kita-eneni samengko, iku uwohing pangarah kang wis kapungkur, mula pangarahe wong ing urip samengko iku bisa angowahi karma mau. Wong aja nganti kaya dene golek merang, ing dalem lakuning karma, ananing wong iku dumadi saka Pangeran, panguwasaning cipta, pangrasa, pepenginan, tuwin deranging atinr uwong, iku uga karmaning manusa. Ananing ugo wong-wong dhewe kang andumadekake iku mau, mula wis sayekti yen kasantosaning ati iku gedhe dayane, kawawa angowahi kang awangun ing urip kang kapungkur. Mulane Ratu kudu amangun kasantosaning panggalih.

KASANTOSAN LAN KAWAJIBAN

Sang Resiwara Bisma uga anggelarake piwulang kang pakoleh tumrap sadhengah, wong iku kudu santosa, saha kawawa anandhang sadhengah, kawruh saha kagunan ing jaman samengko ngarah arep digampangake, sapanjaluke badan dipituruti bae, sarta giris banget manawa nganti kekurangan.

Sinauwa marang kasantosan, sanadyan ta ora gampang dilakoni, aja nganti ta’luk marang badan, badan-kita direha, kuwata nandhang kekurangan, badan iku batur-tukone manusa, dadi dudu gusti. Urip ing jaman samengko akeh badan kang kurang santosa, kurange santosa mau agawe sya lesune. Prayoga anulada Ratu kang kacekel dening sawijining raksasa, Ratu mau ora wedi, amarga panjenengane uwis anetepi kawajibane. Kang anetepi kawajibane, iku ora prelu wedi marang apa bae. Kalakone wong katekan pakewuh, iku manawa lali marang kawajibane, utawa nglirwakake wajib. Wong ora bisa kataton dening

samubarang, ora ana pangwasa kang bisa agawe kalahe uwong, sasuwene wong isih anetepi darmane. Wong rumasa kawarangka tuwin kawengku, amarga wong weruh marang kaliruning cipta tuwin tindake, sarta angengakake kori kanggo lebuning mungsuhe, mangka uwong wedi tinempuh, kainepna korine, supaya aja kalebon satru.

MANGREH PRIBADINE IKU ANGUNGKULI SESAJI

Sang Resiwara Bisma ngakeni luhure anggone dadi guru, karana saka titining pamawase, marang wujud karo urip, pangandikane : “Ing layang Wedha awewarah, yen mangreh pribadine iku angungkuli sesaji. Ing mengko ingsun nedya nyaritakake bab sesaji, kang ora katarik dening sadhengah. “Dhuh Narendra kang wicaksana! Katilingna wedharing pituduh-ingsun, amambenga saliring panggawe ala, lire dilegawa, lan welas asiha, iku kaanggep sesaji gedhe dening para wicaksana, dudu kang anglelesu badan.”

Piwulang iki katon condhong karo lelakone Prabu Janaka, karo Sulamba, pandhita wadon. Sang Prabu ngandika : “Manawi tiyang mangangge abrit, gundhul, nganggeteken palunton tiga, tuwin mandhula, punika panitikan lair ingkang nedahaken kados pundi gesangipun tiyang wau, punika boten wonten ajinipun tumrap panggayuh dhateng kamursidan ingkang luhur. Kula gesang wonten ing nagari ingkang mardika, sanadyan kalairan-kula kawengku ing agami, kasugihan, tuwin kasenengan, ingkang awujud kaprabon miwah pawestri, ingkang limrah dados bebandaning tiyang. Tangsul ingkang saking kaprabon miwah kasugihan-kula, sarta talining karem-kula wau sampun kula-pagas dening papadhaning pamambeng.”

Wong bisa sinau anyegah, sarana lair tuwin batin, nanging panyegah ing dalem batin iku luwih rekasa. Wong ora bisa dadi yogi mung sarana panganggo kang katon, ananing mung saka jejeging suksma tuwin pedhoting tali pepenginan. Wong bisa dadi yogi kalayan panganggo kapriye bae, sarta ora kudu nganggo panganggoning pandhita. Nadyan ana satengahing sadhengah uwong uga bisa ora kasengsem. Nadyan uripe mulya, wong ora bisa kabanda dening kamulyan. Nadyan linimputan ing kasugihan, wong bisa ora karasa, iku darbeke. Mung janma mangkono mau kang kaluhurake dening Dewa tuwin para wicaksana, kang batine yogi, iku sajatining sanyasi.

Bocah-bocah tuwin para nonoman, kang wis katetangi atine marang kasuksman, adhakane derenge iku semu murka. Aninggal praja marang ing alas, dadi bisa nyelehake aboting kawajiban dunya, ana ing papan kang sepi, laire urip cara ambangun tapa, kang akeh ora kasembadan panggayuhe, amarga dudu darmane. Ambangun tapa kena linakon ana ing praja, nanging ora maelu marang pamilutane, laire wong lumrah, nanging batine pandhita, mangkono mau pangajap kita ing jaman iki. Anane kene ora ana guru kang luhure luwih saka Sang Resiwara Bisma, amarga wujude mau nayaka tuwin prajurit, nanging batine yogi, ora kalindhih dening kamurkan, wiwit miyos tumeka muksane, tindake ora tau nalisir saka kautaman.

URIP ING KASWARGAN IKU NUGRAHA PEPARINGING GURU

Ing nalika Sang Resiwara Bisma amedharake darmaning wong, banjur anyaritakake darmaning wong akeh. Maune Panjenengane medharake sawijining darma kang tumrape jaman gagrag anyar wong akeh wis ora sumurup, kaya ta : angurmati marang bapa, biyung tuwin guru. Iku ana ing pamikirku luwih prelu. Yen iku wis ora dipikir, dadi wis ora ana kang prayoga dilakoni. Panembanh, angaji-aji, andhap asor, nalangsa, iku kabeh dianggowa dhasaring pambekan, sawijining bapa iku luwih aji tinimbang sapuluh ngupajayas, dene biyung siji angungkuli bapa sapuluh, utawa bokmanawa luwih aji, tinimbang jagad saisine, ora ana wong kang pantes nampani bekti kaya biyung, nanging saka panemuku, guru iku kudu kinurmatan sadhuwuring bapa, malah kinurmatan sadhuwuring biyung. Bapa biyung dadi lantaraning anggonku maujud, nanging urip ing kaswargan iku nugraha peparinging guru, awit urip ing kaswargan iku tanpa sangsara, saha tan kenaning pati. Ing Hindhu

gagrag saiki anggone angajeni marang para sepuh luwih saka nagara liyane, sanadyan ing antarane kita uga wis katularan panemu kulonan, kang ora bener : mardika, ananging sih marang wong tuwa tali suci kang anggandheng guru karo siswa wis meh ora ana, kaluputan mau dadi wis lumrah wong padha mangkono. Pitunaning guru marang kawajiban rong warna tumrap siswane, kaya ta : sih tuwin anenuntun, iku kang agawe siswa banjur ora anetepi kewajibane angaji-aji tuwin setya. “Guru salawas-lawase kudu sih banget marang siswane.” Mangkono pangandhikane Sang Resiwara Bisma, bab kahananing lelakon kang dilakoni, mula siswa kudu ngatonake panglingga murda kang samesthine marang ing guru. Ananging ing jaman samengko wis ora ana guru kang temen anetepi darmane, iku kaya aweh tetuladhan ing siswane bisa anetepi darmane, tetanggungane kang gedhe iku ana kang tuwa, mangka semune wis arang banget guru kang nenuntun temenan, arange padha karo siswa katemenan.

DARMA DADI PIKUKUHING SAKEH DUMADI

Sarampunging pamulange, Sang Guru dibya mau banjur amangsuli pira-pira pitakone Sang Yudhistira, nanging kang tak-pethik ana ing kene mung rong warna. Sang Prabu Anom nyuwun katerangan, bab lakulakuning darma, wangsulane Sang Resiwara Bisma, mungguh ing darma iku ora gampang diterangake kabeh, mula banjur kacaritakake sawatara, supaya wong mangreti marang peperangane piwulang mau, mula wedharing piwulang darma iku kanggo angajokake saha agawe tuwuhe sakeh dumadi, dadi kang anuntun ajure saha tuwuhe kabeh iku darma. Darma kawarahake kanggo matesi kahananing dumadi, anganakake watese sawiji karo liyane, mula uga darma kang anganakake watesan, kanggo amatesi dumadi. Anggone darma ingaran mangkono, karana darma dadi pikukuhe sakeh dumadi, tetelane kabeh dumadi iku tinuwak dening darma, iya darma kang kawawa agawe santosane kabeh dumadi.

BISANE UNGGUL KARO SAKEHING PAKEWUH

Kapriye wong bisane unggul karo sakehing pakewuh, sapaa wong kang ora tau anglakoni cidra, wong kang watake sinimpen ana ing dalem wewengkoning karahayon, tuwin sapa bae kang anyegah pepenginane marang kadunyan, tamtu kalakon bisa menang karo sawarnaning pakewuh. Wong kang ora animbangi manawa kapandukan ing tembung pangerang-erang tuwin panyamah, wong kang ora gelem anyerikake atining wong manawa dheweke kaserikake atine, tuwin wong kang weweh ora gelem njejaluk, iya iku sujanma mau kang menang karo saguh pakewuh. Wong kang cipta, panggawe tuwin wicarane ora dosa, wong kang ora gawe piala marang salah-sawijining dumadi, iya iku wong kang ora kaendhihdening sakehing pakewuh. Sapa wonge kang temen wicarane ing dunya kene, nadyan ana ing dalem kasukan, sarta nedya anuladhani sakeh dumadi, tamtu bisa menang karo sakeh pakewuh. Sapa wong kang ora tau anglakoni cidra, sarta wicarane anyenengake, saha bener anggone matrapake kasugihan, tamtu unggul karo sakeh pakewuh. Sapa bae kang angluhurake para dewa, sarta gelem angrungokake piwulange sawiji-wijining agama, kang setya tuhu tuwin anglakoni kalayan jenjeming ati, sayekti kalakon angendhih saliring pakewuh.

KASUGIHAN IKU UWITE SAKA KABECIKAN

“Kados pundi panampinipun para wicaksana manawi kacecamah tuwin kapandukan pangerang-erang?” Iku pitakone Prabu Yudhistira. Para wicaksana kudu ora maelu marang wicaraning wong kang anyenyamah. Iku kaanggepa kabecikan, kaya kahananing tetiba (wangsiting Dewa) kang nyumurupake tetembungan kang prayoga. Para wicaksana kudu kawawa ngrungokake unine wong kang isih rupak budine, kapriye panggawene wong kang isih asor manawa kaalembana tuwin cinacad, wong mau kaya gagak kang anyuwara ing alas, babar pisan ora migunani. Akeh wong kang uripe disesedhih dhewe, dening wicara saha pamikire wong liya. Ngaraha tumindak kang jejeg, aja golek

pangalembana tuwin panacad, ananging saka anggone nyumurupi marang lorone mau, kang nyumurupake kapriye prayoganing lakune, uripe wong kudu tata, aja nganti kabangeten montang-mantinge. Wong padha golek becik, kasugihan tuwin kabungahan, kasugihan iku uwite saka kabecikan, mangka kabungahan iku wohe kasugihan. Nalikane wong angarah kasugihan kudu nora lali marang kabecikan, uga aja nganti golek kasenengan kang waragade kabecikan tuwin kasugihan. Dosane wong kang laku becik iku manawa nganggo ngarah opahan, dosaning kasugihan manawa mung disimpeni. Manawa dosa rong warna mau wis sinuciyan, iku kang prayoga.

KATEMENAN IKU TETALESING BENER

Prayoga banget Sang Resiwara Bisma anggone anerangake prakara katemenan : “Katemenan iku kawajiban langgeng, wong kudu angajeni marang katemenan, amarga katemenan iku pangayomaning wong, katemenan iku kawajiban, katemenan iku sesaji, katemenan iku lenggahing yogi, katemenan iku kahananing brahmana. Ana ing piwulang, katemenan iku laku kahananing sesaji kang luhur dhewe, kabeh iku atetales katemenan, sarupaning kawujudan kang winangun dening katemenan, iku adil, mangreh pribadine, ngegungake paramarta, jejeg, anenuntun becik, seleh, meleng, aji, kakuwatan, welasan, sarta ora agawe piala.” Panjenengane Guru mau andhawuhake, iya kabeh mau wujudingkatemenan, sarta anantokake : “ Ora ana kawajiban kang gedhene angungkuli katemenan. Kosok-baline, ora ana piala kang ngungkuli goroh. Wus tetela katemenan iku tetelasing bener. Yen katemenan katimbang lan sesaji jaran sewu, iku isih gedhe nugrahane katemenan.”

Saben bocah Hindhu wajib sumurup marang iku, sarta uripe kaarah bisane kalakon kaya mangkono mau, watak goroh iku agawe asore sakeh watak, ora temen iku agawe asore bocah, anjalari bocah mau entek ajine, tuwin karemehake. Bocah Hindhu gelem dora iku dudu Hindhu sajati, utawa dudu bangsa Arya sejati.

MALARAT LUWIH AJI TINIMBANG MANGWASANI

Manusa ing dunya iki gedhe kasangsarane, dene witing kasangsaran mau saka ing kabodhowane, wong mau kapengin marang barang kalairan, mangka witing kabegjan iku urip amikir marang kabatinan. Sumurupe marang pribadi kang mulya, kang dadi kekandhanging katentreman, iya ana ing pribadi kang luhur dhewe mau, sarta kandheging sakeh pepenginan marang kadunyan.

Kamlaratan iya kang banget diwedeni dening manusa, iku mung kahanan manawa tinonton saka ing marga-kita, sarta kita wis mardika temenan saka witing sangga-runggi tuwin pakewuh, manawa wong wis tentrem ing dalem kang pribadi, wis ora kapengin marang samubarang kajaba malarat temenan ana ing dunya kene, sujanma mau tamtu nemu kamulyan. Urip kang mangkono mau bener banget, iya iku wite nugraha, iya kang mardika saka saliring bebaya. Marga kang sepi mungsuh iku ora kena kaunggahan dening sapaa kang isih darbe pepenginan, nanging gampang diunggahi dening sapaa kang wis sepen sepi pepenginan. Manawa aku andulu kahananing tri bawana, kaya ora ana wong kang padha karo wong malarat nanging suci uripe, sarta ora sengsem marang kadunyan. Saka pamikirku, malarat karo mangwasani iku pilih bobote, malarat luwih aji tinimbang mangwasani, sarta anganakake kaluhuran.

SING SAPA NGARAH KABEGJAN KUDU AMBIRAT PEPENGINAN

Nanging kapriye bisane wong karasa, manawa wis bisa pisah pepenginane? Prakara iku uga wis kacarita ing layang kekidungan, kang kinidungake dening Manki, nalika dheweke wis luwar saka anggone dadi beboyonganing pepenginan. Maune Manki kaebekan rasa kapengin, suwe anggone ngarah bisane oleh kasugihan, ananing tansah kacidran, kekerening raja darbeke banjur katukokake pedhet loro, arep diajari kanggo maluku, ananing saka lakuning takdire, pedhet wedi marang kuldi kang liwat sacedhake kono, mulo mlayu dadi kasingsetan dening dhadhung kang kanggo anggandheng pedhet loro mau, wekasan mati. Kasangsaran kang wekasan iku ambuka atine Manki, pepenginane sirna, atine padhang, banjur angidung : “Sing sapa ngarah kabegjan, kudu ambirat pepenginan. Bener kaya wewarahe Suka, antarane wong loro, kang siji katurutan kabeh pangarep-arepe, sijine nedya nglilahake sakeh pangarep-arepe, iya kang nedya anglilohake iku kang luwih luhur, katimbang lan kang katurutan, amarga pepenginane wong iku ora ana wekasane. Dhuh jiwaku ! wus suwe kaboyong dening pepenginan, samengko ngaraha kamulyaning kamardikan lan katentreman. Wus suwe nggoningsun turu. Aku bakal tangi, heh pepenginan ! sira ora bakal lestari bisa anyidrani ing aku. Endi kang sira karepake, sira meksa supaya aku mituruti, anggung anggagas apa-apa, tanpa leren, sanadyan sarwa angel, karepe mung kudu oleh, sira tanpa budi, sira iku sasar, tanpa uwis, sira panas kaya geni, tansah miluta bisane tinurut, sira ora kena kinebakan, kaya dene awang-awang. Karepira kang tanpa uwis iku gawe kasangsaranku, wiwit dina iki sira dak-uwalake, heh pepenginan !

samengko aku ora gelem tetunggalan lan sira, ingsun wus ora maelu maneh marang sira, sarta marang pangipukira, sira sun-tundhung bebarengan lan kamurkaningsun, ingsun kang ing nguni manggung karusakan lan tansah kacuwan, samengko wus oleh pamarem sajati, batin-ingsun wus marem, indriyaningsun lerem, wus marem, samengko ingsun narima sapepestheningsun, sarta ora gelem anambut karya kang nedya amituruti pangajapira, lah sira mugnsuh-ingsun kang sajati, sira lan sakadadiyanira ingsun-pisahake. Ingsun wus bisa unggul, sarana pedhanging katentreman lan mangreh pribadiningsun, angegungake apura, welas asih kamardikan, Manki wus kapisah lan iku, sarta menang lan kabeh.”

PEPENGINAN BISA SIRNA DENING KAWICAKSANAN

Pepenginan iku bisa sirna dening kawicaksanan, kalakone kawicaksanan saka pameleng, utawa nggegulang piwulang kayogan, sanadyan kaya apa rekasane kudu dilakoni, sarta Sang Resiwara Bisma paring pira-pira katamtuwan, kang tumekane samengko isih gedhe pigunane, ora siwah karo limang ewu taun kang wis kapungkur. Ing sawijining panggonan kang pakoleh nganggo angleremake ati, ing kono yogi anggone mangreh marang indriyane, sarta nyawijekake pangesthine marang pribadi kang agung ing dalem pameleng, pangrungune ora angrungokake saliring suwara, ora angrasakake kabeh kang anggepok ing sarirane, mripat ora andulu, ora angrasakake sarta ora angenyami saliring rasa, sarta ora ngambu sakeh ganda. Silem ing dalem pameleng, kabeh tininggal, kalayan kenceng saha bening ciptane anggone seleh pepenginan. Kang anggung agawe dahuruning pancadriyane, indriya saha ciptane kang ora lana iku ginolongna, dadi kabeh indriyane kalebokake marang ciptane, yogi kudu sabar anggone angarah lananing ciptane kang tansah angambyang-ambyang mau, murih wiwara lima bisa kalakon lerep, ora kengguh dening samubarang kang tansah agawe obahe, wong kudu anuntun ciptane marang telenging batin urut marganing pameleng, sarta kapisahna saka badan, utawa pangayoman liya-liyane, (sarta katuntun ana ing marma mau), cipta iya indriya kang angka nem, sasuwene kaereh, padha sanalika cumlorot marang jaba pindha keplasing thathit, ing antarane mendhung. Kaya upamane tetesing banyu ing godhong tunjung, manggung mondar-mandir tanpa leren. Mangkono

pepindhane ciptaning yogi nalika lagi amurwani tinuntun ana ing marga pameleng. Sadhela ciptane bisa urut marga mau, ananging saben cipta nyimpang ngalih saka ing kono, marga katempuh ing angin, banjur sumilir kaya angin. Sapa kang wis manggon kabeh kagarap sarana pameleng, tamtu ora suda kasudirane, nadyan panggawe abot tamtu kaduga anggarap, sarampunge. Kabirata kabeh tamas (watak kesed) tuwin piala, ciptane balekna maneh marang pameleng. Manawa wong wis nedya anetepi prasetya-prasetya anggone bakal leren, winiwitan saka sinau ameleng, sujanma mau banjur tuwuh wewekane, tuwuh kawruhe, saha kalis dening daya piala, sanadyan isih kabangetan ora lanane, kudu dilanakake sarana saben-saben anglelatih pameleng. Yogi ora kena pedhot pangarep-arepe.

Bisane becik kadadiyane iku mung sarana kasantosane iku, sarta kena tinamtokake bakal nemu unggul, apa dene bakal oleh kabungahan, kang ora kena ginayoh dening laku liyane. Kang ngungkuli kadunyan, iku nunggal karo pribadi kang jinem, iya katentreman kang sampurna. Awit saka sirnaning pakareman, tanpa kakencengan, dhemene, melikan tuwin kanepsone, kang sarana pitulunganing yoga (pameleng), wong bisa angrunggahi pucaking kamulyan.

Wis ora semang-semang maneh, manawa marganing panunggal iku ora gampang, wis tetela yen marga kang diliwati dening para brahmana, iku ora gampang linakon. Ora ana wong kang rumasa gampang anggone lumaku ing marga mau, marga iku kaya alas kang nggegirisi, tela-telane isi ula, tuwin kewan kang mandi-mandi, ing ngendi-endi ora ana banyu kang kena kaombe, sarta kebak eri, kaya ora kena diliwati. Marganing panunggal ora ana siwahe karo marga kang ora ana pangan, ana tengahing alas kang kayune gedhe wis murub amarga katuntu, sarta rusuh amarga akehing begal, sathithik banget wong nom kang rahayu lakune ing kono. Ora beda karo marga ing dunya kene, mung sawatara wong kang liwat marga ana ing marga panunggal iku, rumasa kapenak tuwin seneng. @@@

Tamat
———-

(*) Yoga = Panunggal

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: