alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SULUK SAMSU TABARIT


Salah satunggaling Serat Suluk
Asli saking suwargi K.R.T. Sasranagara
Andedagan ing Pajimatan Imagiri (1939)

PUPUH
G A M B U H

  1. Lah iki kojahingsung :  wonten caritaning wali kutub, saking Jawi nama Seh Samsu Tabarit, langkung wanter tekadipun, tur karamat kinaot.
  2. Myang wananira bagus, dedeg pideksa rada arangkung, alelana mring Arab mindha raryalit, sami lan umur tri taun, sarwi wewuda kemawon.
  3. Ing praptanira nuju, ari Jumngah pepak para kaum, myang ulama lebe modin merbot ketib, pepak para saleh jamhur, neng masjidilkaram kono.
  4. Myang Pandhita gung-agung, miwah mulana amir aji Rum, dereng kondur saking dennya minggah haji, ing ari Jumungah kumpul, raryalit prapta dumrojog.
  5. Tanpa larapan uluk, salame : Asalamu alekum, ya tuwanku mulana Rum amir aji, lan para Jumngah sadarum, nulya anjawab gumuroh.
  6. Ya ngalekum salamu, he raryalit lungguha sireku, lajeng lenggah ing ngarsane amir aji, ngandika amir aji Rum : he para Jumngah sapa wroh.
  7. Rare kang darbe sunu?  Para Jumngah sadaya umatur :  dhuh pukulun datan wonten kang udani, sudarmeng rare puniku, ing Arab ngriki tan tumon.
  8. Inggih prayoganipun, tuwan dangu pribadi puniku, asalipun pun rare saking ing pundi, ngandika amir aji Rum :  heh thole ingsun tetakon.
  9. Inggih ngendi pinangkamu, dene tanpa larapan praptamu!, rare matur : ya tuwanku amir aji, dereng purun jarwa ulun, purwane ing praptaningong.
  10. Amba tannya rumuhun, lawan para Jumngah sadarum, angandika mulana Rum amir aji : ya thole apa karepmu, necik takona maringong.
  11. Apa kang adi luhung, apadene masalahing ilmu, ingkang ekak miwah ingkang gaib-gaib, raryalit alon umatur : gampil yen tuwan wus sagoh.
  12. Dene panyan ulun : gaibing Allah lan malihipun, gaibing Muhamad punika kang pundi? Mesem ngandika amir Rum : “Heh bajang yen sira tan wroh.
  13. Gaibing Allah iku, pan  Muhamad de Muhamad iku, ing gaibe pan iya Allah sayekti : iku yen sirarsa weruh. Rare gumujeng turnyalon.
  14. Ya tuwan mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, pan jawabe Muhamad gaibing Widi. Kaaken punapa iku, Muhamad dening Hyang Manon?
  15. Punapa dene lamun, Allah ingaran gaibing rasil, Allah kaaken punapa denin Nabi? Heh thole ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu mangkono.
  16. Mara jarwaa gupuh, teka ngendi pinangkanireku? Rare matur : Ya tuwan mulana aji, dereng purun jarwa ulun, malih amba atetakon.
  17. Ing tuwan sang amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, salat Jumngah kang tuwan sembah punapi, tuwin salat limang wektu? Ulun arsa wruh kang yektos.
  18. Ngandika mulana Rum, saha para saleh para jamhur : Iya thole sun salat Jumngah iki, tuwin salat limang wektu, tan liyan nembah Hyang Manon.
  19. Lamun nora kadyeku, nora apsah sembah pujinipun : wus muktamat kang muni ing dalil kadis. Raryalit iku duk ngrungu, ngguguk wentise den entrog.
  20. Sun sidhep tan kadyeku, ya tuwanku mulana adi Rum, ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
  21. Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun : ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggene Hyang Manon?.
  22. Dheleg amir aji Rum, para Jumngah kabeh ting palinguk, dnnya kaluhuran sabda lan raryalit. Dangu-dangu mojar sang Rum : Ya thole ingsun tan weroh.
  23. Ing enggone Hyang Agung, lan paraning sembah ingsun tan weruh, miwah witing sembah ingsun tan udani. Mangka rare iku muwus : Ya tuwanku Rum sang katong.
  24. Myang para saleh jamhur, pangucape kadya rare timur, anggurayang tan ana ingkang umirib, anembah muji Hyang agung, tuwan jarwakna maringong.
  25. Kaaken apa iku, Allah dening paduka amir Rum? Angandika mulana Rum amir aji. Ya kunthing marma sun sebut, sun mulya-mulya Hyang Manon.
  26. Dene agawe ingsun, lan agawe manungsa sadarum, andadekaken bale ngaras bumi-langit, miwah ing saisinipun, dinadekken ing Hyang Manon.
  27. Myang swarga narakeku, awal-akir lahir-batinipun, nora liyan kabeh titahing Hyang Widi, raryalit asru anguguk : Ah genah apa sang katong!!
  28. Pangucapira iku, tuwin para saleh para jamhur, pamuwuse tan ana ingkang premati, moreg mung pijer katungkul, padha dhikir lenggak-lenggok.
  29. Pijer sujud arukuk. Wus marem ing sembah pujinipun : tangeh lamun prataa ingkang ginaib : pangrasane wus pinunjul, tan ana graiteng batos.
  30. Heh mulana aji Rum, miwah para jumngah sadarum, rare alit kewala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yen kabeh titah Hyang Manon.
  31. Nanging sireku ngawur, angarani tan wruh paranipun, Amir matur : Ya tuwanku rare alit, paduka jarwa rumuhun, asal tuwan kang sayektos.
  32. Angandika Seh Samsu Tabarit :  Heh mulana aji Rum saking embuh saking tambuh prapta mami, kabeh kadadean during, kang dadi dhihin pan ingong.
  33. Ingkang gaibulguyub, during dadi ya Allah ya Rasul, during dadi, ingsun kang dadi rumuyin : kang luwih mulya pan ingsun saking sakehing dumados.
  34. Mangkana mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, samya sujud ing sukune Seh raryalit, pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
  35. Panjawabmu Hyang Agung, sira arani gaibing Rasul, Rasul sira arani gaibing Widi, raryalit pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
  36. Lan sembahyangireku, kang sira sembah-sembah Hyang Agung, yen mangkono sira kabeh padha kapir, during Islam kang satuhu, dene tekadmu mangkono.
  37. Makaming Allah iku, lawan kaya ngapa wujudipun, lawan kaya ngapa rupaning Hyang Widi, sira apa wus kepangguh, apa lanang apa wadon?.
  38.  Mojar amir aji Rum, miwah para Jumngah sadarum : Lah seh timur kawula datan udani, ing sual tuwan puniku. Raryalit malih miraos.
  39. Yen mangkonoa heh Rum, aja nembah ing Allah sureku, tan sampurna mundhak sira kupur-kapir. Andheku amir aji Rum, pan sarwi aris turnyalon.
  40. Ya tuwanku seh timur, inggih sinten paduka puniku? Angandika sarta rupa kaki-kaki, lenggah ing kursi mas murub, neng ngarsane Rum sang katong.
  41. Kursi kramat iku, sami gawok kang miyat sadarum, panganggone sadaya pan sami langking. Pamuwuse mring amir Rum : Heh amir, yen sirarsa wruh :
  42. Sajatine ya ingsun, ingkang awal kang akir ya ingsun, miwah ingkang inum-inuman ya mami, kang tandhak-tandhakan ingsun, edan-edanan ya ingong.
  43. Kang tambuh-tambuh ingsun, ingkang gaib kang guyub ya ingsun, iya ingsun ingkang lahir ingkang batin, kang nembah sinembah ingsun, kang muji pinuji ingong.
  44. Ingkang nikmat ya ingsun, ingkang aweh nikmat nikmat iya ingsun, ingkang rasa kang rumasa iya mami, kang ngrasani iya ingsun, kang sinasan iya ingong.
  45. Ingkang wedi pan ingsun, ingkang wani sayekti ya ingsun, ingkang wadi madi mani iya mami, ingkang manikem ya ingsun, kang dadi awak pan ingong.
  46. Kang nom kang tuwa ingsun, ingkang lanang kang wadon ya ingsun, iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin, ingkang ratu ya ingsun, kang wadya bala  ya ingong.
  47. Ingkang akeh ya ingsun, ingkang sathithik iya ingsun, ingkang loro ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun, ingkang madheg iya ingong.
  48. Ingkang  gumuruh ingsun, ingkang meneng sayekti ya ingsun, tengah wuri ngarsa pinggir iya mami, kanan keri iya mami, kang lor wetan kidul  kulon.
  49. Nora liyan iya ingsun, kang loh kalam nukat gaib ingsun, kang dat sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngelmu nur suhud sejatine iya iya ingong.
  50. Kang bumi geni banyu, miwah angina pan iya ingsun, ingkang sabar ingkang keras iya mami, ingkang alim iya ingsun, ingkang kereng iya ingong.
  51. Ingkang dhihin ya ingsun, ingkang kari tan liyan ya ingsun, kang sarengat kang tarekat iya mami, hakikat makripat ingsun, kang iman tokid ya ingong.
  52. Inking allah ya ingsun, ingkang Muhamad pan iya ingsun, kang gaibing Muhamad pan iya mami, gaibing Allah ya ingsun, kang gedhe cilik ya ingong.
  53. Ingkang anak ya ingsun, kang nganakken apan iya ingsun, kang kekadang ingkang lola iya mami, ya ingsun kang kalek-makluk, kanga lip lam lam he ingong.
  54. Kang mim kang ehe ingsun, kang min-akir kang dal iya ingsun, ingkang donya kang akerat iya mami, kang swarga-naraka ingsun, ya ingsun kang jaba jero.
  55. Heh mulana amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, ingsun pemut ywa pepeka ing aurip, mokal yen sira tan weruh, lamun atemahan layon.
  56. Ingkono nggon pakewuh, ewuhe wong akeh salang surup, ngelmu sarak den arani anguwisi, malah panasaran agung, yen tan darbe ngelmu jatos.
  57. Aja pijer kumlungkung, iku dadi dedalane kumrung, pengung-bingung embuh-embuh kang den rukti, kitabe keh ngundhung-undhung, kodheng brahala den gendhong.
  58. Kandhangan wong kadhadhung, ing drubiksa den ajak kedlarung, mring peperengan, peri den sengguh apsari, sarwi siniweng dhedhubruk, jinaga dening gandarwa.
  59. Pangrasane sarwa gung, tan uninga yen tibeng bekung-kung ; kang mangkono tanggung-tanggung dadi jalmi, pan anggur dadia asu, patine tanpa keraos.
  60. Gampang pratikelipun, sirnane aris datanpa tuitur. Dadi jalma yen tan wruh tanajul tarki, nora wurung katalikung, heh eling-eling Rum katong!!!
  61. Yata ri sang amir Rum, lawan para Jumngah sadarum, dupi muarsa sabdanya ri sang siniwi, samya nembah ngraup suku, sarwi ngrerepa turnyalon.
  62. Ya tuwanku seh sepuh, muglangsala supangat pukulun, lan peparab tuwan kularsa udani. Ngandika ri sang she pikun : Heh mulana Rum kationg.
  63. Lan Jumungah sedarum, ora ta sira wruha maring sun, ariningsun iya Seh Samsu Tabarit !!!, sawusnya ngandika uluk, salam dyan musna saking nggon.
  64. Gaib sakursinipun, nulya sinauran salamipun, pan gumuruh sarya andongong pra sami, getun-getun pungun-pungun, jota-joto ting palenggong.
  65. Anganggo-onggo sagung, gung alit kabeh pating palinguk, ngungak-ungak mangu pangungune dening, praptane lan kesahipun, pan ora ana ingkang roh.
  66. Kang kari samya wuyung, angken wewayang wijangganipun, lir kekeyan angajengi poyang-paying, kayungyun sanget kalayu, yen kagrayang tan kegayoh.
  67. Ing kayuwananipun, kaya-kaya kaleyanging wahyu, weh wiyadi yayah maniyup yang-yanging, kekayangan mrih rahayu, ayun ngupadeng Hyang Manon.
  68. Dadya samya yeg guyub, sadaya nedya puruiteku, ngelmu ingkang nyampurnakaken ngaurip, ana ngetan ngalor ngidul, saweneh ana mangulon.
  69. Titi caritanipun, wali mulya ; poma-poma sagung, anak putu rasakna lepiyan iki, sengga den kongsi sumurup, mring tekad ingkang mangkono.
  70. Nanging aja ngawur, nggugurua mumpung meksih idhup : yen den ancap ing tulis bae tan keni : lamun during anggeguru, nggurayang nora gumecos.
  71. Nadyan ahli tasawup, ahli usul miwah ahli suluk, lamun nora ahli puruita ngungkih, yekti temah sasar-susur, wantere angas kemawon.
  72. Jer iki antepipun, pangrakite perabot pangracut, apan nora kalebu sajroning tulis, among cumanthel ing guru, sabab larangan geng kaot.

 Tamat.

1 Comment

  1. terjemahannya belum ada ya? saya tertarik mengetahui lebih lanjut soal ini. terima kasih.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: