alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WULANG PUTRA


PUPUH I
K I N A N T H I 

  1. ││Kinanthi pinurweng kidung, sri narendra kang mandhiri, Surakarta kaping sanga, puwara widagdeng kawi, wasising gendhing wus kondhang, mumpuni kidung palupi││
  2. ││Memalat waluyanikung, mangripta kidung sesingir, ngulari lejaring driya, driyarda asemu wingit, mangun wudharing duhkita, tumutur karsaning Widhi││
  3. ││Wedharing nala mangapus, puspitanireng utami, tumaneming driya aywa kabanjur rudah ing kapti, tinaliti nuladheng tyas, tyasing sujanma utami││
  4. ││Utamanireng pamengku, wewengkoning praja luwih, wahyaning wektu kawuryan, waluya sining prajadi, sumingkir kala dursila, lelayaran met kang sepi││
  5. ││Pinapas sagung ru-biru, rerusuh gelahing nagri, nagri yem mangayem-ayem, memayu waluyeng dasih, datansah  pangudining tyas, tata tentreming nagari││
  6. ││Rumaras raras rum-arum, rum-arumira pinurih, rumaketa pawongmitra, memitran samaning janmi, sapraja ywana bencorah, rahayuning kang pinurih││
  7. ││Tumutur utamanipun, mring putra wayahing wuri, ruwiya ingkang utama, linuria aywa lali, lelabet antuk nugraha, padhanging tyas narambahi││
  8. ││Mring bumi tulus tinandur, kadarmanireng wadyalit, lumaksana tan rekasa, satitah narimeng ati, miturut tanpa leleda, widadanireng prajadi ││
  9. ││Andina-dina tumimbun, purbaning kahanan jati, tuhu adining tyas tama, memardi murtining ati, tetumanen dimen tuman, kataman sarejuning sih││
  10. ││Sih sinihaning sawegung, gung kinudang sapraja, dining kanang sru kaonang, onang jananung sajawi, wirotama trahing tapa, turta sinihan dewadi││
  11. ││Darajat winantu-antu, tan kendhat saengga riris, riris sedheng mongsa astha, isthaning jagad ngestheni, musthikanira kaistha, waskitha musthikeng bumi││
  12. ││Bumi gung anggung jumurung, mring Sang Mulkiningrat Jawi, winantu anggung kagungan, marang Hyang Kang Murbeng Dhiri, rarasing kang karasikan, sanityasa sakayuning││
  13. ││Kayumanan ing sakayun, memayu isining bumi, mardawa darunanira, reringane wus rinukti, tan pepeka lumaksana, pinardi dimen lestari││
  14. ││Lestarining osikipun, manungsa kang sinung eling, marang utamaning tindak, ing buwana aywa nisthip, panggusthinireng kasidan, sidaning dadi ngadadi││
  15. ││Dadia jayeng jayanung, wenanga mengku mumpuni, mring nuswa Jawa widada, darsaneng praja utami, mulus lulusa utama, sedyane ingkang marsudi││
  16. ││Dumadi dadi tumuwuh, wuwuhing kawruh mratani, mring wewengkon sang sinewa, wewaton ruwiya Nabi, kita Kangjeng Rasulollah, insaallah mitulungi││
  17. ││Mring umat kang sedya anut, agama ingkang utami, memudhar ruweding driya, ywa sulaya kang patitis, tinimbanga ingkang terang, aywa age den lakoni││
  18. ││Nastitine barang kawruh, wruhna mring janma mumpuni, mintaa tuduh ing sastra, sastra ingkang ngemu wadi, dadakane kinawruhan, nistha madya myang utami││
  19. ││Utamanira wong iku, sabarang karepireki, den ririh pangarahira, sayektine dadi olih, nora luwih nora kurang, sedyanta malah mepeki││
  20. ││ Paeka lamun kesusu, sabarang karepireki, tan katekan temah susah, sumawana tan antuk sih, ing rama ibu kapiran, dhuh mulane wong taruni││
  21. ││Nyingkirana saru siku, menawa dadi prayogi, mituruta karsanira, kadang wredha kang sung peling, eling-elingen ywa ilang, lelangen wulang utami││
  22. ││Memanuha janma luhung, dimene anenulari, mring sira ambek utama, tumurun wahyune jati, jumbuh lan karsaning Suksma, suksmanen aywa nalisir││
  23. ││Sirira lan osikipun, ya rabil rahmanirakim, kang mulya-mulyaning tindak, tindaking tanajul tarki, kakikine ywa kagiwang, den gawang ywana ngalingi││
  24. ││Ling-alinge karya linglung, leng leng nglimputi telenging, Locana lan jrenihira, rapet tan renggang sanyari, jer ijajil datan tebah, manggon neng kalbu tan mijil││
  25. ││Anjajal tan pegat bujuk, marang ati kang tan yukti, talaten tan kemba-kemba, lamun durung den turuti, talikanen den tetela, laraping pangrusak budi││
  26. ││Budiman kang nora keguh, ginubah mring ratu eblis, sayekti iku nugraha, ilahil ngalihil ngalim, ya kalbu mukmin betullah, amanggon tan owah gingsir││
  27. ││ Jer sir ruhu winihipun, sirolah ingkang nampani, dadi sining jagad raya, gumelar wus amepeki, apa kang winalang-driya, kawula mung anglakoni││
  28. ││Lelakone den kaitung, aja mutung aneng kelir, lir ringgit durung raina, ki dhalang nis nora pamit, balenconge ngalad-alad, nyalad mahaput kang kelir││
  29. ││Parabote mawut-mawut, kang darbe wisma sumingkir, kapiran dhalang yaganya, amung kari sepa-sepi, tan ana tinujweng karsa, dhedhayohe samya bali││
  30. ││Mangkono upamanipun, pralambange wong aurip, rapeta ngadu pucukan, pucuking netra jro jawi, winawas saha ywa was-was, denanda andadar dhiri││
  31. ││Wus lami pamardinipun, kang nganggit sayah kepati, panurate saben dina, selane perluning nagri, sanadyan dinugekena, nedha tembangipun salin││
  32. ││Respati Pon ping salikur, Mukharam wukune ringgit, Jimawalal ing mongsa astha, windu Adi kang lumaris, sangkalanira rinipta, tata muluk ngesthi aji││ 

PUPUH II
DHANDHANGGULA 

  1. ││Pan pinardi wuwuhing panganggit, mring nak rabi tutuging ruwiya, supaya tembe wurine, tumrapa dadi tutur, marang ahli kang nedya eling, ngeling-eling wewulang, amung lowung-lowung, kinarya anyandhet driya, driya arda kang tan wrin tata utami, yeku mongka pusara││
  2. ││Saranane wong nedya utami, awal akir kadi datan medal, saking wulang sudarmane, sampat lamun ginilut, lelabuhan utama nisthip, mring patraping suwita, myang dadi wong agung, ing driya ywa gung kagungan, den pratitis dhuh babo olah prajaji, den ayem santoseng tyas││
  3. ││Tyas tan keguh memanising estri, mring ature wadya kang tan lonya, yogya winawas yektine, ywa sorah dipun samun, amet daya ywa ngatarani, den wani atinira, ing netya aywaru, sirung lengus wacanarda, tan jasmika ing poleh nora prayogi, den manis ulatira││
  4. ││Lan den nedya tapa sapakolih, nanging aja neng pucuk aldaka, sepi nora antuk gawe, tanpa rowang mung ngantuk, layap-layap impene becik, nging yektine tan kena, iya antukipun, kacakrabawa ing cipta, kang cinipta sayektine ming katoni, aneng jroning supena││
  5. ││Nora kaya wong tapa neng nagri, wruh ing tatakrama parikama, tan kidhung solahbawane, tur leket mring sang prabu, ratu yekti badaling Widhi, kuwasa ambagea, mring kawulanipun, mung mituruta sakarsa, sang sinewa kang nulis iki nglakoni, mangkya gumantya nata││
  6. ││Tur ta akeh kang ngalang-alangi, suprandene meksa katurutan, saking temene atine, tan keguh pinrih rusuh, mung nuhoni rehing sudarmi, ing mengko tan sulaya, pangudang ramebu, dhuh mulane wekas ingwang, den miturut ing yayah rena ywa wani, wak dhewe wus kalakyan││
  7. ││Yen mungguha surya kang anulis, waktu ngasar leket lan surupnya, wus adoh marang bangune, dhuh pirangbara ingsun, lamun misih lawas nunggoni, mring anak putuningwang, iya awet idhup, araling umat tan kena, tinamtokna yen ana karsaning Widhi, sayekti tan suminggah││
  8. ││Lamun misih awas kuwat eling, bokmanawa awet aneng dunya, angemuli nak putune, yaiku begjanipun, yen kalakon kajatireki, sun muji amemuja, ing siyang myang dalu, sanadyan prapta ing lina, kang sinedya tinggala labet utami, mring praja kawistara││
  9. ││Luwih rungsit-rungsiting pakarti, kang tinitah amengku buwana, wengi tanpa antuk sare, yen nadhah mangu-mangu, jroning bukti akeh pinikir, lapuran nistha madya, utama winengku, pamengkune moncawarna, kyehning bongsa sumawana minta bumi, bumi keh paekanya││
  10. ││Paekaning lyan dipun udani, dedimene ywa suwaleng karsa, sasanane dimen oleh, ywa tuna kawruhipun, marang pae-paening jinis, watake kinawruhan, supadi ywa kidhung, pakumpulan warna-warna, den patitis pangucap winor memanis, nging aywa keneng kemat││
  11. ││Tegese kemat dhuh anak mami, sarupane kang enak pinangan, lan netra anyenengake, anggendeng jumarunuh, amemanuh kang makewuhi, ing madya lan wusana, utamaning kawruh, wruha pakewuhing jaman, dhuh nak ingsun kang gumantya narapati, titinen dimen tata││
  12. ││Tarlen namung ywa keneng memanis, manising kang saniskareng bongsa, lyan manise kang aduwe, duweni buwana, tansah langgeng tan owah gingsir, mung iku kang pinintan, sakayuning manus, manungsa poma den awas, mring sasmita kang samar aywa tan uning, ningena aywa corah││
  13. ││Dhuh nak ingsun kang gumantya aji, aywa karem ing arta busana, nanging aywa nyepenake, mring arta busaneku, perlu dadi saraneng nagri, nistha lamun tan ana, utama yen agung, asugih bala branarta, tur ta bisa meminta ganjaran maring, wadya kang setyeng karya││
  14. ││Yen sinewa den awas ningali, marang wadya apa karyanira, aywa dhompo pamintane, mring karya wajibipun, tuwin wadya ciptane rungsit, tan bares sedya lawan, parentahireku, wong agung aywa kuciwa, agal alus mring karepe wadya mamrih, durcara tan prasaja││
  15. ││Wus winawas ing jaman samangkin, akeh wong mangarti basaning lyan, kapiran basane dhewe, jamake wong met kawruh, den salesih wajibireki, den manggon tekadira, ywa was-was ing kalbu, iku lagi ngupayaa, kawruh liyan dadia busaneng nagri, ywa malbu kalbunira││
  16. ││Kabudayan dayane pinurih, amimbuhi budi kang santosa, tinimbang  mrih utamane, tinata kang tartamtu, marang wadya kang olah bumi, budyarja dadya tondha, utamaning laku, kang ngasta praja tan nendra, anastiti mring wajibira tan gingsir, arum wijiling sabda││ 

PUPUH III
M  I  J  I  L 

  1. ││Wuryaning piwulang ingsun kaki, kang wus winiraos, ingkang tumrap sarkara kanthine, nora saking luwihing pangeksi, mung kareksa wajib, pitutur nak putu││
  2. ││Nora kurang pituturing nabi, lawan para katong, kang wus kocap kitab Jawarabe, nging kumudu manira wuwuhi, minongka wulang mring, atining nak putu││
  3. ││Mung dumunung pra ahli pribadi, boya mardi ingong, mring umating liyan sakarepe, pae lawan pitutur jeng nabi, sayekti linuri, mring janma sawegung││
  4. ││Gunggungne wong urip puniki, aywa karem goroh, sapa wonge dinoran sukane, nadyan silih jasade pribadi, lamun nyulanyani, lawan karepipun││
  5. ││Kaya kolu-kolua gebugi, mring awake mak bok, apadene wong liya yektine, yen dinoran sayektine runtik, unggahira malih, sanadyan Hyang Agung││
  6. ││Nora sarju dinoran ing sami, tandhane mangkono, lamun janma temen pamintane, nging tinimbang lan pangkatireki, sayekti Hyang Widhi, miturut sakayun││
  7. ││Dununging timbangira Hyang Widhi, wujude mangkono, kadi lemut minta ganjarane, kanang gajah sayekti tan nolih, wit angganireki, tan kuwawa nyangkul││
  8. ││Lamun sira trahing nayakadi, aywa karem babo, sabeng wana menek dadi kethek, prayogane suwiteng narpati, den temen nastiti, iku adatipun││
  9. ││Wahyu iku nora anibani, manungsa kang adoh, marang ingkang sinengitan lire, yekti tiba mring kang den senengi, mulane wong ngabdi, minta asihipun││
  10. ││Nora dupeh putrane pribadi, lamun kabesturon, nora anut rehing sudarmane, tan prayoga wekasaning wuri, pae kang antuk sih, lestari sakayun││
  11. ││Pan wus akeh tuladhane kaki, atmajaning katong, kang tan antuk brekahe bapakne, tan prayoga dadining kadadin, dhuh mulane kaki, ngabektiyeng ratu││
  12. ││Nadyan dudu ratune pribadi, urmat mring sang katong, supayantuk brekahing wahyune, ratu iku musthikaning bumi, bumi kadarbeni, ya rabil rahmanu││
  13. ││Nenulara brekahing narpati, kamukten prapteng don, tumuntura mring anak putune, ywa kalimput kasukan tan eling, dhuh dhuh anak mami, den nedya rahayu││
  14. ││Wus lumrahe manusa puniki, ana kang antuk don, weneh tansah kacuwan karsane, iku pasthi lupute pribadi, tan awas mangingling, kalamangsanipun││
  15. ││Mongsa udan meh suruping rawi, teka lelungan don, pasthi bae kelocut awatek, pepadhane wong keset tan nangkil, awake besisik, lambene abiru││
  16. ││Pasthi bae tinarka madati, mangkono dating wong, janma karem botohan yektine, lamun kalah tinarka memalih, yen kitab sinandhing, tinarka makedum││
  17. ││Nanging yekti solahing sujanmi, katondhe katonton, ingkang temen lan goroh atine, pinet saking pirasat jro manik, nanging pilih-pilih, kang uninga iku││
  18. ││Jaba kang wus binuka ing ghaib, waskitha mring raos, sarta eling marang caritane, iya Iman Sapingi ing nguni, nanging luwih repit, pakartining gambuh││ 

PUPUH IV
G A M B U H 

  1. ││Kajaba kang wus weruh, marang ngelmu pirasat wong iku, sapatemon tan samar karep sing janmi, katondha neng badanipun, barang karepe wus jumboh││
  2. ││Jomblah pakartinipun, Iman Sapingi pirasat iku, wus tinata neng kitab kinarya pesthi, tur kaiden Kangjeng Rasul, lawan sakabate manggon││
  3. ││Nanging ta pethek iku, maksih kuwasa Hyang Mahaluhur, upamane wong raine burik cekrik, pasthi ala rupanipun, nanging atine tan goroh││
  4. ││Sababe manungseku, bisa ngliling mring sariranipun, yen rumasa alane bisa ngowahi, pae lawan khewan iku, lamun cirine wus awon││
  5. ││Tan bisa owah iku, sabab tanpa angen-angenipun, yen manungsa pinunjul titahing Widhi, bokmenawa bisa nglebur, alane pating calerong││
  6. ││Dhuh anak putuningsun, den angliling mring wayanganipun, wadakane pinrih sirna saking dhiri, bokmenawa begjanipun, sirna lan brekahing Katong││
  7. ││Tarit-tinarikiku, begjaning wong lan brekahing ratu, nora pae kawula kalawan gusti, sayekti limput-linimput, jasate benging Hyang Manon││
  8. ││Hyang Manon kang amengku, marang uriping manungsa tuhu, ingkang padhang anglimput peteng sayekti, panas ngilangken dhemipun, mangkono martabating wong││
  9. ││Akeh lamun cinatur, parabote wong marsudi kawruh, mula akeh kang kandheg wegah nglakoni, naliti mring kawruh putus, saking kesete wong anom││ 

PUPUH V
S  I  N  O  M 

  1. ││Wus watake wong taruna, keras budi kurang titi, mung karem ubyang-ubyungan, sayah nora antuk misil, barang kang den karemi, mirungga ginawe perlu, anebih mring wong tuwa, wedi lamun den srengeni, wus rumasa lamun durung nuting karsa││
  2. ││Karsane ibu myang rama, winulang utameng dhiri, wus adate wong taruna, pangrasane den srengeni, bungah yen den turuti, polahe kang nora patut, nanging ta ana uga, wong anom kang mituruti, wewulange rama ibu lumaksana││
  3. ││Kang mangkono arang-arang, takdir dadi manungsadi, lir carita zaman kina, iya Jeng Nabi Ibrahim, lawan putranireki, Ismangil kang bangun turut, mring bapa pinrih lina, tan suminggah anglakoni, aja ingkang pinurih dadi utama││
  4. ││Sapa ingkang sugih begja, linuwih mung Nabi Brahim, lan putra Ismangil Iskak, jer miturut ing Hyang Widhi, nurunken para aji, kongsi zaman akir besuk, ing Ngajam lan ing Ngarab, lan sakehing para alim, sami mijil saking Ismail lan Iskak││
  5. ││Lir jamaning Majalengka, Brawijaya kang mungkasi, pantes kinarya ruwiya, patraping bapa lan siwi, Rahaden Patah name, kang ginadhang madeg ratu, tur sedya mrih utama, rumasuk agama sukci, kumawawa amardi marang kang rama││
  6. ││Dadi kaliru ing patrap, wong tuwane pinaredi, sang nata tan sarju ing tyas, temah amekrad tan wigih, nging semune sang aji, serik marang putranipun, kalakon tan widada, dera madeg narapati, nora kaya lelakon Bondhan Kajawan││
  7. ││Timur winor lan wong desa, kinen tapa anglakoni, lega galihe sang nata, antuk sihing awal akir, miturut ing sang aji, begja katibanan wahyu, lumuntur datan kendhat, nugrahane amimbuhi, dadi tompa kamuktene tanah Jawa││
  8. ││Prapteng mengko nora tinggal, trahing Tarub kang antuk sih, amengku rat tanah Jawa, tumengkar ngebeki bumi, sapa kang anuhoni, wong tapa nut tuduhipun, bapa tur naradipa, prayoga lamun linuri, misih akeh tuladan nistha utama││
  9. ││Tuladane puruhita, mring guru zaman kariyin, kadi Arya Bratasena, mantep anglabuhi pati, tur ta nora sayekti, pituduhe gurunipun, mamrih sirnane  Sena, malbeng telenging jaladri, nora mati malah antuk sihing dewa││
  10. ││Yen wong tapa tur dedana, bondha bau lawan bukti, angenaki atining lyan, misusung mring Sri Bupati, katrima donganeki, Singaprana aranipun, demang desa ing Sima, wusanane jaman mangkin, nurunaken narendra ing Surakarta││
  11. ││Iba-iba trahing nata, yen lelabuhane becik, utawa berbudi sabar, pasthi wahyune sumandhing, lir sang mulki astha ji, ngantuk anemu praja, nging abot lakunira, cegah wanita jekining, yen kang nurat mentak ampun boten bisa││
  12. ││Mung mukti lan panjang yuswa, katularana kang nulis, padhanging driya trus netra, wasis ing sabarang kardi, pantes yen busanadi, dinulur sakajatipun, tumutura mring wayah, amung ingkang saprakawis, kang mangripta  nyuwun pamit sugih garwa││
  13. ││Rambah wajibing taruna, leketa sujana wegig, mintasih sang bijaksana, lumunturing kawruh luwih, kang perlu den kawruhi, prayogane tindak-tanduk, myang tatakrameng praja, pae-paening nagari, lan patrape prayogane pawongmitra││
  14. ││Pamitran sakehing bongsa, prayogane den kawruhi, lair batine den kena, tinitiha den patitis, tumraping kawruh sami, ywa dhompo pamintanipun, wijange kinawruhan, tumraping angga pinardi, dadine kanggoning kawruh ywa bencorah││
  15. ││Rahayune kang pininta, pinujia ing sesame, kyehning jana kang kulina, rerukunan tanna nyengkring, kakenaning sakapti, katandukan marbuk arum, rum-arume angambar, angambar sarjuning ati, tinitenan mring jana pramuditaya││
  16. ││Yayah rume puspitabra, angambar ngebeki bumi, karenan nanduki grana-, ning manungsa  kang jurungi, mring pra mudha kang darmi, ing kawruh ingkang linuhung, kinudang-kudang dadya, busananireng prajadi, kanugrahaning praja tulus raharja││ 

PUPUH VI
P O C U N G 

  1. ││Aja ancung yen suwita mring wong agung, lawan kancanira, lamun sira antuk singgih, den abisa ngenaki atining konca││
  2. ││Pan ing nguni ana panakawanipun, narendra kaping pat, arane Bagus Semail, kinasihan marang kangjeng sri pamasa││
  3. ││Pan utama labuhane Mail wau, antuk sihing nata, dadi jayeng astra upsir, sinung aran Rahadyan Jayengmarjaya││
  4. ││Saya nemen prayoganing tindak-tanduk, wimbuh sihing nata, kinulawisudha malih, apan dadya nayaka tengen kaparak││
  5. ││Sinung aran Sasrawijaya Tumenggung, saya wruhing karya, mumpuni rumekseng nagri, nuju ana pepatih keneng rencana││
  6. ││Mangkupraja araning patih dibyanung / sekti mondraguna / prakosa tur teguh wani, ing sawiji dina Dyan Sasrawijaya││
  7. ││Kinen nyekel mring patih kang ambek purun / sandika tumandang / ki patih tan bisa osik, saking bisa nandukken sabdaning nata││
  8. ││Tur ta iku bapakne dhewe tan gigu, marma sri narendra, ascaryeng tyas wimbuh asih, pan ing wuri gumanti rekyana patya││
  9. ││Patang puluh taun dadya patih agung, kaonang ing jana, Sasradiningrat Dipati, amumpuni pangrehing praja wiryawan││
  10. ││Prapteng lina neng Magiri kuburipun, iku wong abegja, saking labuhane becik, marma pantes tinulad para taruna││
  11. ││Paribasan wong labet temen tinemu, aran Kyai Sara, ing Manggaran dhukuh Pinggir, ring narmada lelakoni Kyai Sara││
  12. ││Lagya adus sang nata jengkar mangidul, marang  Pranaraga, Ki Sara amitulungi, anabrangken sang nata kalawan putra││
  13. ││Pan ing mangkya Ki Sara turune ngumpul, lawan sri narendra, antuk nugraha nulungi, dadya Arya Mataram Adikusuma││
  14. ││Aja kadi Mangun Oneng Ki Tumenggung, nyidrani sang nata, kawenangan Mangkubumi, pan dhineplok daginge binadhog sona││
  15. ││Lan padhane mantri lungguhe le tuku, adate tan lawas, rong turunan nuli enting, bali mulih dadi bujang mikul salang││
  16. ││Lamun sira neng wisma dhuh wong abagus, nyambia pakarya-, nira ingkang makolehi, dimen jenak atinira aneng wisma││
  17. ││Anenandur ingkang ana asilipun, tambah Rasullollah, wohing palakirna dadi, ingkang mongka nifkah ing garwa lan putra││
  18. ││Iku dadi nayakengrat Kangjeng Rasul, maksih sumajia, nglakoni  wajibing dhiri, Panji Klanthung bae pijer saseratan││
  19. ││Lah kepriye kalakone karepipun, yen ana lowongan, pyayi sregepe kepati, panedhane pan nuli ginetekena││
  20. ││Yen tan antuk nuli bali maneh mlincur, sarwi nguman-uman, tan antuk dene wak mami, dadi sanak panjaluke tan sinungan││
  21. ││Pasthi gila wahyu iku yen andulu, labuhan mangkana, wahyune lumayu ngenthir, asedyaa taberi saregep seba││
  22. ││Lawan kudu bisa basa sastra telu, Jawa Arab Londa, kinarya sangune ngabdi, dadi nora kidhung lamun ana karsa││
  23. ││Jer ing mengko kang akanggo telu iku, pae jaman kuna, wong tapa kang den ulati, nadyan bodho sayekti yen pinilala││
  24. ││Kaya bagus gimbal  lakune lumaku, tangeh yen kanggonan, ngelmu lair lawan batin, suprandene padha kayungyun tut wuntat││ 

PUPUH VII
P A N G K U R 

  1. ││Padha ngungkurna kanisthan, bokmenawa begjane anekani, adhuh babo wong abagus, prau kandheg samodra (labuh), parang jaja ing wanodya aranipun (susu), kalamun sira suwita, labuhana prapteng pati││
  2. ││Suku jungkung (welah) layar kaga (swiwi), den parigel solahira sumiwi, bayem arda (lateng) kursi agung (resban), den anteng neng paseban, aja mulih lamun durung wayahipun, den nedya suwiteng nata, aja kesed aneng panti││
  3. ││Kalesa kentaring toya (sarah), jobin citra wijil Eropah nagri (marmer), den merak ati ing tembung, sumarah ing sakarsa, marang gusti suling kukila kang muluk (sawangan), arka kang munggeng wadana (tingal), sawangen tingaling gusti││
  4. ││Braja pangapit jajaran (panurung), mlinjo wana (tangkil) dhuh babo wong asigit, yen tan ana perlunipun, ywa wurung nangkil sira, tapas aren (duk) pangundang mring anak kakung (thole), aywa leleda yen dandan, den rikat ingkang jekining││
  5. ││Wanita kang durung krama (prawan), wreksa rekta bumbu soganing kain (tingi), kalamun tangi wong bagus, aywa kawanen sira, kreteg bata (buh) ala nganggur becik subuh, mina pinet jroning bara (ngirup), ywan nendra surup tan yukti││
  6. ││Dhuh kulup angur salata, sukur ing Hyang gonira sinung urip, nanging yen ana tengadur, kang timbang perlunira, tinggal salat aja was atinireku, sabab perlune asalat, sirnaa was-wasing ati││
  7. ││Ingsun baleni carita, lelabuhan tumemen ing narpati, nguni ana demang dhusun, Gyanti Jayakartika, lan ing Taji aran Sutajaya cucuk, labet temen lawan tapa, memuji brekah narpati││
  8. ││Sutajaya  wus widada, darbe turun wanodyayu linuwih, ginarwa marang sang prabu, Pakubwana ping tiga, apeputra kaping pat kang madeg ratu, ing mangkya nurunken marang, kusuma Surakartaji││
  9. ││Gantya Ki Jayakartika, darbe turun wanudyayu linuwih, ginarwa marang sang prabu, mijil Pakubuwana, kaping wolu pan ing mangke buyutipun, saking ibu sang sudibya, narendra Surakartadi││
  10. ││Dhuh nak putu sir manira, sung tuladha utamaning dumadi, sapa kang sedya karungu, lumebu driyanira, tur linakon sakuwasanira bagus, manawa Hyang Mahamulya, sih marma marang sireki││
  11. ││Poma-poma terah ingwang, aja sedya sira umadeg aji, mung nyuwuna barkahipun, leluhur para nata, sabab ratu yen sinedya dadi luput, amung sang atmakul kusna, kang minta adege aji││
  12. ││Balik angaub-auba, endi ingkang pinilih Mangkubumi, lamun sira darbe sunu, ayu ing warnanira, pepujinen dadia timbanganipun, sayekti nora druhaka, kumambanga ing Hyang Widhi││ 

PUPUH VII
MASKUMAMBANG 

  1. ││Lir giyota neng narmada wong aurip, tirta purbaning Hyang, kang mongka eroh kemudhi, isine cipta lan ripta││
  2. ││Mudhik milir baita lakunireki, juragane ngiras, iya kang nyekel kemudhi, bebakule durung teka││
  3. ││Marang palwa lelakone tuna bathi, kalamun cilaka, praune kerem neng kali, barange katut ing toya││
  4. ││Kang kemudhi lungane tan ana uning, jer iku opahan, wedi lamun den srengeni, marang kang darbeni barang││
  5. ││Lah pikiren dhewe anak putu mami, sapa kuwajiban, andarbeni donya iki, den repit nanging cupana││
  6. ││Yen ketemu dununge we tata darmi, sayekti nugraha, nanging ta angel kepati, yen tan awas ing sasmita││
  7. ││Sasmitane sang wiku tanggaping ati-, nira kang waskitha, lelejeme sang asung sih, sayekti minulyeng jagad││
  8. ││Wis samono bae sedheng memucuki, yen tumrapa dhalang, yoga lelakone salin, kang pantes wulang taruna││
  9. ││Semuning nom nompaa wulang utami, kang kanggo neng praja, lumrahing jamanireki, aywa luwih lawan kurang││
  10. ││Pasemone kuda curigestri tulis, jarwane mangkana, kuda den kuwat tarampil, curiga landheping cipta││
  11. ││Wanitadi den bisa ngenaki ati, tur manising sabda, karya kayungyuning laki, sastra parigeling basa││
  12. ││Basa nistha madya utama ngawruhi, myang basa lyanira, bisa anyampuri angling, yeku dununging kang sastra││
  13. ││Sukur lamun sira bisa angawruhi, sastra jroning badan, yoga minta tuduh maring, ngulama pratameng sastra││
  14. ││Amintaa dununging tepakur kaki, lan tarek sakawan, martabat sapta naweki, lawan sampurnaning salat││
  15. ││Aja pijer salat kaya bocah cilik, tartipe rinasa, kusuking takbir ywa lali, ekrame menawa kena││
  16. ││Wajah lawan ihtiwal ayat nusuli, mung dadi kekembang, ala nganjir kaya biting, iku kaki kawruhana││
  17. ││Barjamangah kutbah sarapal mukminin, ayate mangkana, yapatlup raban sawaki, wardining rapal mangkana││
  18. ││ Heh manungsa ngupayaa pangran tahin, kang murba ing sira, kang esa amung sasiki, yen liyeku pan cilaka││
  19. ││Dadi dudu Pangeran Kang Murbeng Jati, jatining manungsa, samar sinamuning eblis, poma kulup den waskitha││
  20. ││Barang tindak ing tandukipun mumpuni, kalawan rasehna, manungsa kang ahli budi, ing kawruh durmaning jaman││ 

PUPUH IX
D U R M A 

  1. ││Aywa age ngubungi karsa tan yogya, saringen dipun wening, pituturing jaman, kuna manungsa tapa, den temen sira memundhi, brekahing bapa, nabi ratu myang wali││
  2. ││Aywa lali lebokna ing driyanira ,supaya amimbuhi, ing driya santosa, mring kawruhing Hyang Suksma, kang gumelar den kaliling, lelabetira, nistha madya utami││
  3. ││Lamun sira dhemen anabuh gamelan, ywa pijer ngelak-ngelik, semuning pradongga, sayekti kawruhana, jer iku yasaning wali, amesthi ana, semune kang piningit││
  4. ││Barang katon karungu sayekti kena, pinet upamaneki, lamun dhemen sira, ngingumi neng panepang, nyamleng lan panemu mami, pasemonira, kawula lawan Gusti││
  5. ││Yen leledhang mring kebon angundhuh kembang, aja pijer sesumping, pikiren kang lata, kembang lan uwohira, nalikane durung mijil, neng ngendi gonnya, prayoga den kawruhi││
  6. ││Lawan woh kang enome kecut kalintang, tuwa legi kepati, legine kang teka, sinimpen aneng apa, ula sawa luwih becik, ing citranira, sapa ingkang anyungging││
  7. ││Lawan pandam pinaten urube sirna, genine menyang endi, lintang yen raina, sesinglon aneng apa, bayi neng garbaning bibi, apa ta gesang, apa yaktine mati││
  8. ││Yen kang swara karungu nampek ing karna, kapriye trapireki, apa ingkang swara, lumebu jroning karna, apa pangrungu marani, lah ecupana, iku cangkriman mami││
  9. ││Pan wus lumrah wong ngucap jalu wanita, mangkono denirangling, ya mongsa watira, kalamun awak ingwang, misih pinaringan maring, Hyang Maha Mulya, priye dunungireki││
  10. ││Pan ing nguni kang nulis wus minta jarwa, mring wakne kang mumpuni, Kusumadilaga, Sang Wiku Tejamaya, tansah sinongga ing krami, prapteng praline, wakne durung muruki││
  11. ││Mongka perlu pangrunguningsun duk kuna, ageme Senapati, Ngalaga Mataram, ngelmu kanggo ngayuda, arep nendra mentas guling, yekti kawangwang, ywa pegat angulati││ 

PUPUH X
MEGATRUH 

  1. ││Aywa limut memundhi pituturipun, Panembahan Senapati, Ngalaga nateng Matarum, kanugrahane dumeling, lelabet utamaning don││
  2. ││Aprayoga lamun ngleluria iku, wewulang Jeng Senapati, Layangsruti aranipun, sangang puluh pada naming, surasa utamaning wong││
  3. ││Lamun bisa nampani wulang sang prabu, sayekti dadi utami, sabab ing nguni sri mulku, sabarang wus den lakoni, wulange tan ana linyok││
  4. ││Dhasar ratu lelanang nuswa Jawanung, yeku pantes linaluri, nambahana begjanipun, mring anak putu ing wuri, brekahe tumrap ing mangko││
  5. ││Yen sri nata ing Mataram Sultan Agung, tan kena tiniru yekti, mapan iku wali ratu, mujijate mratandhani, mintaa brekah kemawon││
  6. ││Sabab wali tur umadeg ratu agung, ya iku Hyang Maha Sukci, wus ngedheng dadi sang prabu, lir Jeng Rasullollah nguni, wus kalilan tunggal enggon ││
  7. ││Upamane wong anelad labetipun, duk anome Sunan Kali-, jaga blunthahe kalangkung, tuwa-tuwa dadi wali, iku nugrahaning Manon ││
  8. ││Yen tirua polahe ala kebanjur, yekti tan bisa mareni, malah cendhak umuripun, marga konangan le maling, jasade kinrocok nguwong ││
  9. ││Lawan akeh murid ing Tejamayeku, tan anedya anuhoni, marang wulange sang wiku, tur wasis waskitheng wangsit, muride tan ana linyok││
  10. ││Karemane sang wiku ingkang katelu, iku padha den leluri, main madon madat minum, jamak wong geguru murih, ngelmune ingkang sumrowong││
  11. ││Wus mangkono adate wong anom iku, mung kang gampang den lakoni, nanging ta wusananipun, awak rusak ati sedhih, kawruhe peteng tur crobo││
  12. ││Heh mulane nguni bener wulangipun, kaping pat sri narapati, lamun sira anggeguru, ngulama kang nora melik, ya marang pawewehing wong││
  13. ││Pan ing nguni ana ngulama pinunjul, Ngabdulkahar abebisik, sareh titis lamun muruk, tur mring kitab amumpuni, bisa nawang kareping wong││
  14. ││Lamun ana wong minta kawruh kang luhung, nora banjur den turuti, binobot sakuwatipun, upamane desa cilik, tan kuwat kanggonan katong││
  15. ││Padha uga wong munggah mring panggung luhur, banjur jinujuging nginggil, nora ngambah dalanipun, pasthi bingunge kapati, tan bisa bali mangisor ││
  16. ││Jamaking wong mituturi mring nak putu, dedalan sinungken dhisik, aja banjur pucuk gunung, sabab pakewuh ing margi, margane alas tur bondhot││
  17. ││Kang lumaku ngawruhi pakewuhipun, sababe wong wis winangsit, panggonane kang jinujug, yaiku guru utami, kasmaran pan nora linyok││ 

PUPUH XI
ASMARADANA 

  1. ││Karaseng tyas lamun eling, wewulange guruningwang, Ngabdulkahar wisma Ngruweng, alim talaten yen mulang, kuwat umure dawa, nora sah ngibadahipun, suprandene sugih garwa││
  2. ││Lan bisa sajarah ngelmi, wiwit Kangjeng Rasullollah, tumerah mring ingsun mangke, dadi wruh wite kang mulang, tan mamak esmu tama, mijil saking Kangjeng Rasul, mring putra prapteng manira││
  3. ││Iku pantes linaluri, wulang kawruhe tetela, dadi tan kowar uruse, karo nalikane arsa, mulih mring Rahmatollah, wus pitutur mring nak putu, iku wong waskitheng tindak││
  4. ││Panuwune kang anulis, muga ta katularana, lelabuhan kang mangkono, marmaning Hyang wus katondha, eling umure dawa, kuwat misih darbe sunu, nyata uripe sumrambah││
  5. ││Tata pawulange titi, sarengat nuli tarekat, kakekat makripat jenggleh, dadi tan kajabariyah, tembunge wong sarengat, tartip tegesira urut, urute martabatira││
  6. ││Tegese martabat yekti, ngawruhana gawanira, saking bapa lan biyunge, lan saking paringing Suksma, yeku kudu pratela, perlu dadi prabotipun, ngupaya ngelmu utama││
  7. ││Akeh ngelmune Hyang Widhi, mangkono ibaratira, banyu jaladri lir mangsen, kayu dennya dadya kalam, godhong karetasira, ngelmuning Hyang misih agung, kurang papan mangsi kalam││
  8. ││Lawan akeh kawruhneki, donga kang kanggo tetulak, ing praja myang desa reke, kabul sepine katrima, nanging prapteng samangkya, muride tan ana tiru, mung brekahe misih ngambar││
  9. ││Aja kaya Bagus Jedhig, keh janma samya kagiwang, miturut saparentahe, lamun pinintanan wulang, ngelmune kang utama, mongsa-bodho sauripun, suprandene pinilala││
  10. ││Iya pantes yen wong cilik, tan bisa nimbang manungsa, dalah pyayi ngetutake, wong wadone keh jinamah, kawenangan nagara, binuwang mring sabrang-sebrung, wus sirna kuwasanira││
  11. ││Lan ana wong wahdat nguni, ing Matesih wijilira, Bagus Satriyan jenenge, ya akeh kayungyun padha, yen pinintanan brekah, saure dhuh anak putu, kula niki boten bisa││
  12. ││Nanging pantes den urmati, jer wahdat umure dawa, manawa kabul dongane, lan ngibadah saben dina, solahira prayoga, mung lakune wahdat iku, carike nora kaduga││
  13. ││Pae minta tuduh maring, mas pangulu tapsir mudha, trahing wirya wruhing raos, ing kitab campure lawan, ihtidiyating praja, tinurutan kawruhipun, jer wahyune wus katingal││
  14. ││Prayoga nak putu mami, padha urmat mring wong tuwa, jer iku akeh taune, sukur yen kawruhe kathah, utama pinintaa, nadyan sudra terahipun, patuten ywa siya-siya││
  15. ││Wong anom becik nyedhaki, manungsa kang sugih kojah, lir Paman Suryabratane, ingsun iki kang kulina, akeh wulang maringwang, bok anake dhewe iku, yekti kulina manira││
  16. ││Elingan sabarang weling, wewulange wong atuwa, padha tinuturken kabeh, dadi padhang tyas manira, pinajar kwehning wulang, eman-eman paman iku, teka age-age tinggal││
  17. ││Wus sampat denira nganggit, pamintane garwa putra, pitutur amirit dongeng, Anggara Kasih ping tiga, Dhukut Sapar kaastha, Jimawal Adi kang windu, yaksa sirna murtining ripta││

 

@@@

1 Comment

  1. Raden Said

    matur sembah nuwun atur reh piwulangipun. rahayu……

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: