alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WALISANA II


Anggitanipun Kanjeng Sunan Giri II
Penerbit : TAN KHOEN SWIE – Kediri 1938

PUPUH XVIII
K I N A N T H I 

  1. Makaten wiraosipun │ eh sira duta kekalih │ ingsun mengko tinimbalan │ ing ngarsa Jeng Sunan Giri │ matura yen nora nana │ kang ana Pangeran Jati│
  2. │Sakala kawula rengu │ paran kang dados pamanggih │ dene angaken Pangeran │ ulun nunten den wangsuli │ sira iku mung sadarma │ ngaturake ala becik│
  3. │Wau sapamyarsanipun │ legeg Jeng Suhunan Giri │ jajabang mawinga-winga │ dadya age den tedaki │ rinapu pra auliya │ duh Sang ambeg wali mukmin│
  4. │Den sabar panggalihipun │ inggih katonda rumiyin │ kakencengane ing tekad │ gampil pinanggih ing wingking │ yen sampun kantenan dosa │ kados boten bangkalahi│
  5. │Leleh ing panggalihipun │ myarsa sabdaning pra wali  │ Jeng Sunan ing Giri Gayjh │ duta kinen wangsul malih │ animbali seh Lemahbang │ ujare kinen nuruti│
  6. │Jangji seba ngarsaningsun │ ujanen ywa mindo kardi │ duta lajeng nembah mesat │ sampun prapta ing Sitibrit │ panggih lawan seh Lemahbang │ nandukken dennya tinuding│
  7. │Mring Sunan Giri kedaton │ Pangeran dipun timbali │ sarenga salampah kula │ Pangran Sitijenar angling │ mengko Pangeran tan ana │ ingkang ana seh Sitibrit│
  8. │Duta tan saleweng wuwus │ sarehning sampun wineling │ inggih mangkya seh Lemahbang │ kang wonten dipun timbali │ ngandika seh Sitijenar │ Pangeran tan amarengi│
  9. │Awit seh Lemahbang iku │ Wajihing Pangeran Yati │ nadyan sira ngaturana │ ing Pangeran kang Sajati │ lan seh Lemahbang ora │ mangsa kalakon yekti│
  10. │Duta ngungun lajeng matur │ inggih kang dipun aturi │ Pangeran lan seh Lemahbang │ rawuha dateng ing Giri │ sageda musawaratan │ lan sagung para Wali│
  11. │Pangran Sitijenar nurut │ lajeng kering duta kalih │ praptane ing Girigajah │ pepekan kang para wali │ Pangeran ing Sitijenar │ anjujug Jeng Sunan Giri│
  12. │Lajeng ingandikan arum │ bageya Pangran kang prapti │ rawuhe ing ngarsaningwang │ Pangran Sitijenar angling │ duh pukulun sama-sama │ tumeka suka basuki│
  13. │Jeng Sunan ngandika arum │ marma sanak sun aturi │ kasok karoban ing warta │ yen andika teki-teki │ makiki nengkar ngelmu kak │ dadi paguron sabumi│
  14. │Ngasoraken wali wolu │ mandar bawa iman suci │ datan asuci Jumungah │ saestu ngong anjurungi │ pira-pira sira bisa │ ngalim ngelem para wali│
  15. │Pangran Sitijenar matur │ nggen amba purun mbawani │ medar gaibing Pangeran │ awit Allah sipat asih │ asih samaning tumitah │ saben titah angragoni│
  16. │Nganggowa ugering ngelmu │ kang abuntas den patitis │ sampun ngantos selang sebat │ mindak ambibingung pikir │ amet Ansar dadi sasar │ sarana kirang baresih│
  17. │Pedah punapa mbibingung │ ngangelaken ulah ngelmi │ Jeng Sunan Giri ngandika │ bener kang kaya sireki │ nanging luwih kaluputan │ wong wadeh ambuka wadi│
  18. │Telenge bae pinulung │ pulunge tanpa ling-ling │ kurang waskita ing cipta │ lunturing ngelmu sajati │ sayekti kanti nugraha │ tan saben wong anampani│
  19. │Pangran Sitijenar matur │ paduka amindo kardi │ ndadak amerangi tatal │ tetelane ing dumadi │ dadine saking nugraha │ punapa mboten ngulami│
  20. │Sunan Giri ngandika rum │ yen kaya wuwusireki │ tan kena den nggo rarasan │ yen gebreh amedar wadi │ Pangeran nora kuwasa │ anane tanpa ling-aling│
  21. │Endi kang ingaran luhur │ endi kang ingaran gaib │ endi kang ingaran purba │ endi kang ingaran batin │ endi kang ingaran baka │ endi kang ingaran latip│
  22. │Endi kang ingaran besus │ endi kang ingaran birahi │ yen baka babar balaka │ bakal bubur tanpa bibit │ mangka Pangeran kang nyata │ nora kena den rasani│
  23. │Lan nora kena dinumuk │ anane wahana gaib │ matur Pangran Sitijenar │ sedya purun amabeni │ bantahan masalah rasa │ sinapih kang para wali│
  24. │Duh sanak sakalihipun │ ywa tansah aben prang sabil │ prayogi kanyatakena │ wonten ing nggen kang asepi │ sampun sepen sepi hawa │ sarahsa saged anunggil│
  25. │Wonten kawekasanipun │ yen mukid yekti karadin │ Jeng Sunan ing Girigajah │ wrin kedaping sambang liring │ sabdaning para uliya │ lajeng angandika aris│
  26. │Eh seh Lemahbang sireku │ aja pijer amadoni │ mbesuk ing ari Jumungah │ pada musawarat batin │ yekti katonda kang nyata │ lelere asmareng Ngelmi│

PUPUH XIX
ASMARANDANA

  1. Seh Lemahbang nayogyani │ prapta ing ari Jumungah │ nuju Ramelan wulane │ marengi tanggal ping lima │ kumpul para Oliya │ anedeng kalaning dalu │ ngrakit papan kang prayoga│
  2. │Sakathahing para wali │ samya paguneman rahsa │ ing Girigajah enggone │ kang karsa musawaratan │ ing bab masalah tekad │ den waspada ing Hyang Agung │ wajib sami nyatakena│
  3. │Kang samya angulah ngelmi │ lamun bijaksaneng driya │ dadi wejang sayektine │ tan beda lan puruita │ mungguh rahsaning rasa │ pralambanging pasang semu │ tan liya saking punika│
  4. │Nadyan akeh kang wiwisik │ wosing wasana wus ana │ mung kari met pratikele │ ing sawusira pepekan │ Kangjeng Sinuwun Benang │ ingkang miwiti karuhun │ lan Sinuwun Kalijaga│
  5. │Sunan Carbon myang kang rayi │ Pandanarang seh Lemahbang │ lan Suhunan Majagunge │ Suhunan ing Banten lawan │ Suhunan Girigajah │ samya agunem ing ngelmu │ Jenging masalah tekad│
  6. │Jeng Sinuhun Ratugiri │ amiwiti angandika │ he sanak manira kabeh │ pratingkahe wong makripat │ aja dadi parbutan │ dipun sami ngelmunipun │ padha peling-pelingan│
  7. │Wong wowolu dadi siji │ aja na wong kumalamar │ dipun rujuk ing karepe │ den waspada ing Pangeran │ nenggih Sinuhun Benang │ ingkang miwiti karuhun │ amedar ing pangawikan│
  8. │Ing karsa manira iki │ Iman Tokid lan makripat │ weruh ing kasampurnane │ lamun maksiya makripat │ mapan durung sampurna │ dadi batal kawruhipun │ pan maksih rasa-rinasa│
  9. │Sinuwun Benang  ngukuhi │ sampurnane wong makripat │ suwung ilang paningale │ tan ana kang katingalan │ iya jenenge tingal │ mantep Pangeran kang Agung │ kang anembah kang sinembah│
  10. │Pan karsa manira iki │ sampurnane ing Pangeran │ kalimputan salawase │ tan ana ing solahira │ pan nora darbe seja │ wuta tuli bisu suwung │ solah tingkah saking Allah│
  11. │Sinuwun Benang anuli │ ngandikani wali samya │ eh sanak manira kabeh │ punika kekasih ngalam │ yen mungguhing manira │ jenenging roh semunipun │ ingkang roh Nabi Mochamad│
  12. │Nora beda ig roh iki │ yen nedya mutabangatan │ tan beda ing panunggale │ dadya paran karsa ndika │ matur wali sadaya │ boten sanes kang winuwus │ sampun atut sabda tuwan│
  13. │Pundi ingkang aran Nabi │ jenenging roh ing semunya │ mapan iku kekasihe │ sadurunge dadi jagad │ mapan jinaten tunggal │ den dadekaken karuhun │ kang minangka kanyatahan│
  14. │Sinuwun Majagung nenggih │ amedar ing pangawikan │ ing karsa manira dene │ Iman Tokid lan Makripat │ tan kocap ing ngakerat │ mung pada samengko wujud │ ing ngakerat nora nana│
  15. │Nyataning kawula Gusti │ iya kang muji kang nembah │ apan mangkono lakune │ ing ngakerat nora nana │ yen tan ana Imannya │ tan weruh jatining ngelmu │ nora cukup dadi jalma│
  16. │Jeng Sunan ing Gunungjati │ amedar ing pangawikan │ jenenging makripat mengko │ awase maring Pangeran │ tan ana ingkang liyan │ tan ana loro tetelu │ Allah pan amung kang tunggal│
  17. │Jeng Sunan Kalijaga ngling │ amedar  ing pangawikan │ den waspada ing mangkene │ sampun nganggo kumalamar │ den awas ing Pangeran │ kadya paran awasipun │ Pangeran pan nora rupa│
  18. │Nora arah nora warni │ tan ana ing wujudira │ tanpa mangsa tanpa enggon │ sajatine nora nana │ lamun nora nana-a │ dadi jagadipun suwung │ nora nana wujudira│
  19. │Seh Bentong samya melingi │ amedar ing tekadira │ kang aran Allah jatine │ tan ana liyan kawula │ kang dadi kanyatahan │ nyata ing kawulanipun │ kang minangka katunggalan│
  20. │Kangjeng Molana Machribi │ amedar ing pangawikan │ kang aran Allah jatine │ Wajib’ulwujud kang ana │ seh Lemahbang ngandika │ aja na kakehan semu │ iya ingsun iki Allah│
  21. │Nyata ingsun kang sejati │ jujuluk Prabu Satmata │ tan ana liyan jatine │ ingkang aran bangsa Allah │ Molana machrib mojar │ iku jisim aranipun │ seh Lemahbang angandika│
  22. │Kawula amedar ngelmi │ angraosi katunggalan │ dene jisim sadangune │ mapan jisim nora nana │ dene kang kawicara │ mapan sajatining ngelmu │sami amiyak warana│
  23. │Lan malih sadaya sami │ sampun wonten kumalamar │ yekti tan ana bedane │ salingsingan punapa │ dening sedya kawula │ ngukuhi jenenging ngelmu │ sakabehe iku padha│
  24. │Kangjeng seh Molana Machrib │ sarwi mesem angandika │ inggih leres ing semune │ punika dede wicara │ lamun ta kapirsa-a │ dening wong ngakatah saru │ punika dede rarasan│
  25. │Tuwan ucapna pribadi │ aja na wong amiyarsa │ anuksma ing ati dewe │ punika ujar kekeran │ yen ta kena-a tuwan │ amalangi jenengingsun │ mbok sampun kadi mangkana│
  26. │Neggih Jeng Sinuwun Giri │ amedar ing pangandika │ pastining Allah jatine │ jujuluk Prabu Satmata│ sampun pancas wicara │ tan ana papadanipun │ anging Allah ingkang tunggal│
  27. │Ya ta sakathahing wali │ angestokaken sadaya │ mapan sami ing kawruhe │ namung sira seh Lemahbang │ tan kena pinalangan │ cinegah wali sadarum │ tan owah ing tekadira│
  28. │Angandika seh Sitibrit │ pan sampun ujar manira │ dennya nututi kapriye │ dasare ingkang amedar │ pamejange maring wang │ punika wuruking guru │ datan kenging ingowahan│
  29. │Ameksa tan kena gingsir │ sinuwulan ing ngakathah │ tan kena owah tekade │ sampun ujar linakonan │ pan wus jangjining Suksma │ Sunan Carbon ngandika rum │ sampun ta tuwan│
  30. │Punika ujaring jangji │ yekti tinuduh ing kathah │ nenggih sampun ing kukume │ wong ingkang angaku Allah │ ngadika seh Lemahbang │ Lah mara tuwan den gupuh │ sampun ngannge kaloreyan│
  31. │Dasar kawula labuhi │ ngulati pati punapa │ pan pati iku parenge │ parenging sih kawimbuhan │ pan tansah kawisesa │ kang teka jatine suwung │ ana kadim ana anyar│
  32. │Ngulati punapa malih │ nora nana liyan-liyan │ apan apes salawase │ anging Allah ingkang tunggal │ ya jisim iya Allah │ Tokid tegese puniku  │ apan tunggal kajatennya│
  33. │Sakathahing para wali │ pra samya mesem sadaya │ miyarsa ing pamuwuse │ kukuh tan kena ingampah │ saya banjur micara │ amiyak waranipun │ nora nganggo sita-sita│
  34. │Angaku jeneng pribadi │ andadra dadi rubeda │ngriribedi wekasane │ nerang anenerak sarak │ rembuge angaliga │ mawali pra wali wolu │ winulun kurang walaka│
  35. │Lajeng abubaran sami │ kang para wali sadaya │ kondur marang ing daleme │ mung Jeng Sunan Girigajah │ kang kawogan anglunas │ kang murang saraking ngelmu │ mumpung dereng ngantos lama│
  36. │Jeng Sunan Giri nyagahi │ ing sirnane seh Lemahbang │ yen sampun prapteng mangsane │ adeging nata ing Demak │bedhahing Majalengka │ sadaya samya jumurung │ lajeng samya pakumpulan│
  37. │Sagunging kang para wali │ mrih bedahing Majalengka │ dene kang jinago-jago │ sira wau raden Patah │ Lembupeteng Madura │ lan sakulawarganipun │ kang wus samya tumut Islam│
  38. │Jeng Sunan Ngampel mambengi │ mring para wali sadaya │ lawan putra sadayane │ rehning Prabu Brawiyaya │ among sasedyanira │ mring para wali sadarum │ pinardikaken kewala│
  39. │Raden Patah matur aris │ inggih nadyan makatena │ jer tan nunggil agamine │ pangangkah kula ing mangkya │ inggih sanuswa Jawa │ sampun ngantos owor sambu │ sageda nunggil agama│

————————————————————————————————————-

P  R  O  S  A

Kacariyos Kangjeng Sunan Ngampel seda, kasarekaken ing sa eler masjid Ngampel; Dene ingkang nggantosi dados Imam Mulya. Inggih punika Sunan Ratugiri, kaliyan Sunan Benang. Sunan Ratugiri karsa jumeneng nata, inggih jujuluk Sunan Ratu, saha sampun sinuyudan ing ngakathah. Dene ingkang dados papatihipun inggih punika anakipun dipati Terung, ingkang wonten ing Tandes gantos nama Pangeran Palembang.

Sunan Benang sareng mireng pawartos manawi Sunan Giripura jumeneng Nata wau, panggalihipun boten sakeca. Wusana lanjeng tindak dateng ing Tandes, pinanggih kaliyan ingkang rama paman (Pangeran Patih ing Tandes ingkang mundut putra dateng Sunan Girigajah (-pura). Sunan Benang anetah dateng ingkang paman, dene Sunan Giripura jumeneng ratu ingkang sanes mestinipun, makaten : Boten dipun elikaken. Aturipun Sunan Benang wau kanthi pangundat-undat, makaten :

  1. │Lamun saestu mangkono │ kula pan sewu ngamini │ jangji mantep rehning sedya │ nanging kang ulun calangi wonten daredah wingking │ kocapane langkung saru │ wus aran Waliyollah │ ngulama bangsaning ngalim │ temah lali kalingan ing solah salah│
  2. │Melik mbalela ing Nata │ destun temen den arani │ wiku-wikuning ngatigan │ putih nyaba ing jro abrit │ yen sisip-sisip sembir │ damel pamurunging laku │ lelakon kacugetan │ maring ingkang adarbe bumi │ dados ndadra ngembeti daging awaras│

———————————————————————————————————-

Dawuh wangsulipun  Pangran Patih, inggih boten kirang-kirang anggenipun ambebolehi. Ananging sarehning Sunan Girigajah sapunika saweg jinurung ing Pengeran saha ageng mangunahipun, dados tanpa damel. Mila Sunan Benang kadhawuhan kapanggih kaliyan Sunan Girigajah piyambak, saha inggih sampun kalampahan kapanggih. Sunan Benang matur kaliyan ingkang raka, kadospundi nalar-nalaripun dene karsa jumeneng Nata punika. Di nalar-nalaripun dene karsa jumeneng Nata punika. Sunan Giri ngadika bilih anggenipun jumeneng Nata wau saking karsaning Allah. Sunan benang boten ngandel sarta nyuwun seksi ingkang nyata. Sunan Giri anyagahi. Sunan Benang lajeng dipun ayak dateng Mekah, anerangaken saksi wau lajeng dateng Ingkang Maha Suci, ngenengaken eneng, wonten ing Bet ‘Ullah. Sunan Benang nderek kemawon. Tindakipun lajeng mampir ing Malaka., sowan dateng ingkang eyang seh Molana Iskak. Ing ngriku Sunan Giri dipun dangu saha matur balaka. Wasana seh Molana dawuh supados kalih-kalihipun sami wangsul dateng tanah Jawi kemawon, boten susah mendet saksi dateng Mekah (Bet’Ullah), cekap piyambakipun kemawon ingkang ndadagi dados seksinipun Pangran (Molana Iskak). Wasana Molana Iskak lajeng angandika manawi anggenipun Sunan Giri jumeneng ratu wau, amung minangka sarat amrih rahayunipun ingkang bade anggentosi Nata ing wingking-wingking; tegesipun ingkang bade nggentosi jumeneng nata wau sampun ngantos katawis manawi anggentosi ratu kapir. Sunan Giri kaliyan Sunan Benang sami mituhu. Malah sunan Benang inggih lajeng nyuwun Idi jumeneng nata angembari ingkang raka (Sunan Giri). Seh Molana inggih amarengaken Sunan Giri kadhawuhan angratoni para ngulama. Sunan Benang kadhawuhan angratoni agami tuwin ngelmi. Sunan kakalih lajeng kondur Ngajawi dateng dalemipun piyambak-piyambak. Sunan benang lajeng jumeneng Nata ing Ngampel, sisilih asma Prabu Nyakrakusuma, paparab Ratu Wahdat.

Kacariyos ing tanah Majapahit pailan (musibah) ageng,  kathah ingkang pejah. Sang Prabu lajeng utusan Kyai Bubak kalih Jenal Ngabidin, nyuwun sarat dateng Sunan Ratu Girigajah, nanging Jeng Sunan Giri mboten rena panggalihipun. Dhawuh pangandikanipun : manawi Prabu Majapahit sowan piyambak saha amasrahaken kaprabonipun, inggih karsa nyarati, awit sampun karsaning Pangeran, manawi kaprabon wau kedah sinerenaken (dateng Giri). Kyai Bubak lajeng enggal-enggal matur daten Sang Prabu Brawiyaya, punapa ingkang dipun pangandikakaken Sunan Giri wau. Dene Jenal Ngabidin taksih kantun wonten ing Giri, titindihipun nama Arya Leka. Arya Leka sakawit menang perangipun. Sunan Giri lajeng nyipta kalam dados keris, saha ngamuk punggung piyambak. Keris wau dipun wastani Kalamunyeng. Arya Leka kaplajeng matur sang Prabu Brawijaya. Keris Kalamunyeng cinipta dados kalam malih dening Jeng Sunan.

Kacariyos Prabu anom ing Palembang inggih punika putranipun Adipati Pecatonda, ingkang kala rumiyin kaangkat dados papatihipun Kanjeng Sunan Giri, sapunika dateng Tandes malih akanti wadya sawatawis. Kangjeng Sunan Giri midanget wartos saha lajeng tinimbalan. Ananging sang Prabu Anom semu mbalela. Atur wangsulanipun : Inggih purun ugi sowan ing ngarsanipun Jeng Sunan, ananging nyuwun lenggah satata. Kangjeng Sunan Giri duka nanging sinamun, mila prabu Anom inggih dipun lilani satata lenggah saha tinimbalan tumunten. Cekakipun sampun kalampahan sowan, saha inggih satata lenggah kaliyan Kangjeng Sunan. Kangjeng Sunan Giri ing ngriku duka sanget. Prabu Anom dipun uwus-uwus. Prabu Anom androdog mboten mangsuli punapa-punapa, malah lajeng mlorod saking palenggahanipun, saha sumujud. Wasana Prabu Anom lajeng kapundut putra kaliyan Kangjeng Sunan, saha malah dipun tresnani sanget, kaanggep putra sepuh piyambak, saha kaparingan paparab Sang Prabu Anom Suradireya.  Prabu Anom matur kaliyan ingkang rama, nyagahi angrurah mumukul dateng para kapir, nanging Kanjeng Sunan Giri mboten nyondongi, amargi rumaos dede kuwajiban, saha dede warisipun. Dados ajrih sisikuning Pangeran. Prabu Anom nyuwun pamit mantuk dateng Palembang. Kangjeng Sunan  inggih anjurungi, malah dipun paringi kanti Pecatonda (sesepuhipun ing Surawesti). Pecatonda wonten Palembang lajeng ginanyar tanah maospura tuwin Balitung. Ingkang makaten wau dipati Terung (Ramanipun Prabu Anom) inggih sampun midanget wartos; mila inggih sakalangkung karenan ing panggalih.

Kacariyos ing tanah Pati mbalela ing sarak agami malih. Kangjeng Sunan Giri lajeng utusan ki Pangsang; anyirep ananging ki Panangsan karoban tanding, lajeng keplajeng dateng Giri. Kangjeng Sunan lajeng dhawuh supados ing Pati kakendelaken rumiyin, awit ing wektu punika dereng mestinipun dumawah ing apesipun; mila mundak tanpa damel.

Kacariyos malih dipati Tuban kaliyan Daha, mbalela ing sarak ugi. Ki Panangsang lajeng dipun utus Sunan Giri anglurugi. Tiyang Tuban sarehning rumaos karoban tanding, boten purun nglawan malih dipati Tuban lajeng utusan dateng Giri ngatureaken panungkul. Sunan Giri kalangkung suka. Ki Panangsang lajeng kadawuhan wangsul, pinapag ing bujakrama, saha jinunjung Ariya. Mila lajeng nama Ariya Panangsang.

Kacariyos Sunan Giri Seda, ugi kasarekaken ing Giri. Saking karsanipun Jeng Sunan Benang, sasurudipun Kangjeng Sunan Giri, ingkang kakarsakaken anggentosi putra ingkang sepuh piyambak, asma Pangeran Dalem lajeng gantos asma nunggak semi : Sunan Giri kaping kalih.

Sang Prabu Brawijaya midanget wartos, manawi Sunan Giri sampun seda saha ingkang gumantos putranipun. Sang Prabu lajeng duka, dene rumaos dipun singkur kaliyan Sunan Giri kaping kalih; tandanipun ing runtek runtengipun Giri boten atas saking kauninganipun Sang Prabu, dados kaanggep tansaya kiyat pangramanipun. Mila lajeng dhawuh nglurugi. Ingkang dipun utus arya Gajah Pramada. Cekakipun Sunan Giri kaplajeng dateng gisiking saganten, kaliyan sakaluwarganipun, saha wonten sakabat nama Wanalapa keplajeng dateng wana Krendhawahana, lajeng dedekah wonteng ing ngriku. Sareng Giri sampun suwung, griya-griya lajeng dipun obongi dening Gajah Pramada, malah pasareyanipun Kangjeng Sunan Giri I kadhawuhan ndunduk, nanging mboten wonten ingkang saged, awit lajeng sami semaput.

Ing pasareyan ngriku wonten tiyang Giri kakalih satunggalipun ina, satunggalipun pincang. Tiyang kalih wau dipun peksa kaliyan Gajah Pramada, supados nduduk pasareyanipun Kanjeng Sunan. Sarehning tiyang wau ajrih manawi pinejahan, mila inggih nurut. Pandudukipun mboten wonten sangsayanipun. Sareng blabagipun sampun katingal, lajeng medal tawonipun awendran yutan saking pasareyan ngriku; tawon ngentupi saha mbujeng dateng tiyang Majapahit. Sadaya sami lumajeng dateng Majapahit, nanging tawon wau inggih nututi, malah Sang Prabu dalah putra santana sa-abdi pisan inggih dipun bujeng-bujeng dening tawon. Cekakipun Sang Prabu lajeng lolos dateng Wirasaba. Kadaton kasuwungaken.

Kacariyos Kangjeng Sunan Giri II, sareng Giri sampun tentrem lajeng kondur Naging sarehning griya-griya telas sami kobong, mila dhawuh ngusungi griya-griya saking Majapahit ingkang suwung. Cekakipun inggih kalampahan, Giri sampun reja malih. Sang Prabu Brawijaya sareng tawon sampun ical, inggih lajeng kondur angadaton. Paseban tuwin griya-griya sanesipun ingkang dipun usungi dateng dateng Giri dipun santuni. Ing ngriku inggih lajeng tata tentrem malih.

Para wali tuwin putra Majapahit, Prabu Jaranpanolih ing Sumenep, Sri Lembupeteng ing Madura, Dewakethut ing Bali, Batara Katong ing Panaraga sami pepakan wonten ing Bintara, rembagan badhe mbedah Majapahit. Ingkang dados pangaJjng (Senapati) Kangjeng Sunan Benang. Dipati Bintara namung kangge narendra. Sang Prabu Bintara lajeng utusan mbekta serat dateng Dipati Terung. Caraka sampun mangkat. Sapengkeripun ingkang mbekta serat, para wali lajeng karsa yasa masjid, saha bubuh-bubuhan, Sunan Kalijaga kabubuhan saka satunggal, nanging dereng sadiya, mila Kangjeng sunan lajeng nglempakaken tatal sinabda lajeng dados saka. Cekakipun masjid sampun dados, nanging para wali sami kewran  kuwatos manawi mboten cocok keblatipun kaliyan Kakbat’Ullah ing Mekah. Kangjeng Sunan Kali mbenggah astanipun ingkang satunggal ngasta Kakbat’Ullah Mekah, satunggalipun ngasta masjid enggal, lajeng kaleresaken keblatipun sampun leres. Para wali lajeng sami sembahyang. Sareng enjing, ing masjid ngriku wonten barang gumantung tanpa cantelan, lajeng dipun pendet kaliyan para wali. Sareng dipun buka, jebul wujud rasukan takwa, saha wonteng cirinipun, manawi rasukan wau kangge Kangjeng Sunan Kalijaga. Mila Kangjeng Sunan inggih sakalangkung sukur ing Pangeran. Sunan Benang dhawuh manawi rasukan wau tilas pasalatanipun Kangjeng Nabi Muhammad, nama Antakusuma, saha ingkang pantes gadhah inggih punika sinten ingkang dados ratunipun tanah Jawi.

Sunan Ngudung tinedah mucuki nglurug dateng Majapahit saha sampun sinadiyan bala, kempal ing Surabaya. Dipati Terung dipun rencang-rencangana sawetawis. Cekakipun Sunan Ngudung pangkat, mbeto kyai Antakusuma (Kyai Gondil). Prabu Braiwijaya sampun mireng manawi dipun lurugi, lajeng dawuh metukkaken dateng Patih Gajahmada.

Kacariyos dipati Terung sampun anampani serat saking Kangjeng raka : bab badhe panggebagipun dateng Majapahit. Dipati Terung inggih anjurungi saha badhe amengani kori, namung tindakipun makaten badhe sinamun, supados boten ngatawisi. Aturipun dipati Terung ingkang makaten wau ndadosaken kiyat saha bingahipun Jeng Sunan Benang, mila inggih lajeng ambidhalaken bala saking Demak.

Dipati terung tampi dhawuh saking Prabu Brawijaya, kadhawuhan mapagaken mengsah, dipun kanthi ingkang putra pambajeng nama Prabu Anom Atmawiyaya; sampun sowan lajeng pangkat. Cekakipun : Kangjeng Sunan Ngudung lajeng perang ayun-ayunan kaliyan Dipati Terung. Kangjeng Sunan kalindih, lajeng seda, layon sinarekaken ing kilen masjid Demak. Dene ingkang mbanjarel dados tutungguling perang : Kangjeng Sunan Kudus, dipati Bintara sakadangipun inggih tumut dateng Surabaya. Ing ngriku lajeng sami tata-tata ngrampit Majapahit. Dipati Bintara sakanca pinrenah jagi pasisir ler. Kangjeng Sunan Benang tuwin para Uliya sisih kilen. Narendra Panaraga (Sri Bathara Katong) tuwin Prabu Dewaketut wonten sisih kidul. Sri Lembupeteng Madura tuwin Prabu Jaranpanolih wonten ing sisih wetan. Sang Prabu Brawijaya dhawuh amepak bala para pinunjuling prang, sami dados pangajeng. Cekakipun lajeng kalampahan perang campuh. Dipati Bintara lajeng mbeber serban wasiyat saking Sinuwun Gunungjati, lajeng medal tikusipun awendran. Tiyang Majapahit lajeng sar-saran. Let sadinten lajeng ngedalaken keris Kalamunyeng, wasiat saking Giri. Saking ngriku lajeng medal tawon, ogi wendran, ngentupi dateng mengsah. Lajeng ngedalaken pethi ingkang saking Palembang, lajeng mungel jumegur kados baledeg, ngedalaken bayubraja, bumi dados gonjing. Kanjeng Sunan Benang lajeng ngedalaken ecis, saking ngriku lajeng medal gagaman, ugi wendran, saha ngamuk piyambak. Pethi saking Palembang wau lajeng medal lelembatipun anggigili, neluh tiyang Mayjpahit. Tiyang Majapahit sami kaplajeng. Sang Nata lajeng lolos dateng Panaraga. Wonten ing ngriku angirupi para tiyang ingkang celak ing ngriku, saha ngempalaken bala ingkang sami sar-saran.

Dipati Bintara sarembag kaliyan Prabu Panaraga, ngaturi serat saking rama, suraos dipun aturi kondur ngadaton, dipun aturi mukti dados pupunden. Samantara wau manawi karsa malik Agami. Manawi mboten, amung nyumanggakaken. Sang Prabu nampi seratipun dipati Bintara makaten wau, dukanipun saya sanget. Cekakipun lajeng kalampahan perang malih. Tiyang Majapahit karoban tanding. Sang Prabu kaplajeng, pisah kaliyan garwa putra, sami sar-saran, angungsi gesang piyambak-piyambak. Dipati Bintara terus angulad ingkang rama; wasana wonten ing margi kapethuk ingkang Ibu Putri Dwarawati, nedha gesang. Sang Putri lajeng binoyongan dateng Benang. Sang Prabu Brawiyaya kantun piyambakan; puteking galih tansah ngranuhi wasana lajeng ndelik dateng Redi Sawar. Ing ngriku akarsa ngukud jagad, lajeng seda saha mawa prabawa tidem angemu truh tuwin mawa cahya manter. Cahya wau dipun purugi dening dipati Bintara. Sareng uninga manawi ingkang rama seda, lajeng ngrungkebi asambat. Wasana lajeng kauningan Sunan Benang. Sang dipati dipun rerapu. Lajeng kadhawuhan nyarekaken dateng Demak, saha inggih kalampahan. Ingkang mikul layu wau : Kangjeng Sunan Benang kaliyan dipati Bintara piyambak. Pasareyanipun wonten ing Demak lajeng kangge pupunden. Sasampunipun layon kasarekaken, para wali lajeng kempalan. Dipati Bintara kajumenengaken Nata Krayan Demak dipun elih nama Ngawitanipura. Nanging kangge sarat : Kangjeng Sunan Giri II kajumenengaken Nata rumiyin 40 dinten, perlunipun kangge nyelani ratu kapir kaliyan Islam. Sareng sampun tetep 40 dinten, Kangjeng Sunan Giri lengser kaprabon, lajeng dipun gantosi dipati Bintara, jujuluk Sultan Sah Ngalam Akbar Brawijaya Sir’Ullah Kalipatu Rasulullah Waha Amiril Mukminin, Tajuddin Ngabdul Kamitchan. Dene ingkang dipun dadosaken patih, putranipun : Ki Ageng Wanapala, nama Patimangkurat. Ingkang dados pangulu Kangjeng Sunan Benang. Dene para Wali sanesipun jumeneng pujangga. Kangjeng Wanapala dados yaksa pradata.

Kacariyos garwanipun Sang Prabu Brawijaya Dewi Erawati seda ngenes, saha lajeng kasarekaken ing dusun Karangkajenar dening para Wali.

Kacariyos malih Prabu Anom Atmawiyaya (Putra Brawiyaya) ambalela malih, kait kaliyan dipati Terung, lajeng dipun lurugi Sunan Kudus. Prabu Anom Atmadiwirya kaplajeng lajeng mandita wonten ing redi Lawu, santun jujuk Ki Ageng Gugur. Dene Dipati Pecatanda ing Terung lajeng nungkul, terus sowan dateng Bintara, dipun irid Kangjeng Sunan Kudus. Salajengipun katetepaken dados dipati wonten ing Terung, ugi amencaraken Agama Islam.

Anakipun Dipati Terung Ayu Linuwih kapundut ing Sang Prabu, lajeng kaganjaraken dateng Sunan Kudus, saha ugi sampun atut.

Kacariyis ki Ageng ing Sela. Ki Ageng Sela wau putranipun Seh Ngabdullah ing Getaspandawa. Ki Ageng Getaspandawa punika putranipun Lembupeteng ing Tarub. Dene Lembupeteng putranipun Sang Prabu Brawijaya, patutan saking Pandankuning. Dados Ki Ageng Sela saweg turunan ingkang kaping 4 kaliyan Sang Prabu Brawijaya. Kyai Ageng Sela saderekipun wonten kalih welas, kados ta :

  1. Ki Ageng Ngadullah ing Tarub.
  2. Ki Ageng Sela (Paneggak).
  3. Nyai Ageng Amadanom ing Purna.
  4. Medal priya lajeng seda, (saderek sanes ibu turun saking Sukawati).
  5. Nyai Ageng Jayapanatas ing Kare (Idem).
  6. Nyi Geng Wiradi (idem)
  7. Nyai Ageng Sampudin ing Bongkang (Id)
  8. Nyai Ageng Wangsaprana ing Bali (id)
  9. Nyai Wirawangsa ing Bongkang (id).
  10. Dereng nama (Seda timur ) (id).
  11. Nyai Ageng Mukmin ing Ngadibaya (idem)
  12. Naskah asli hanya menulis 11.

Saderek samanten wau sami ngayum dateng Ki Ageng Sela sadaya. Dene sambenipun Ki Ageng namung tani.

Anuju satunggaling dinten Ki Ageng Sela nyepeng tiyang nini-nini wonten sabin, lajeng katur Kangjeng Sultan Demak, sarta lajeng kinunjara. Boten dangu lajeng wonten tiyang nini-nini malih dateng pakunjaranipun nini-nini ingkang rumiyin, mbekta toya, wusana lajeng wonten suwanten jumegus, saha nini-nini kakalih wau sami musna. Wiwit punika Kyai Ageng Sela lajeng kawentar saged nyepeng gelap.

Kacariyos, wonten dalang saking Demak nama Kyai Bicak, bojonipun langkung ayu, dateng ambarang dateng Tarub. Bojonipun dalang wau dipun karsakaken kaliyan ki Ageng Sela. Kyai dalang dipun pejahi, dados prabotipun ngringgit, inggih lajeng dados kagunganipun ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela kasengsem sanget dateng kempulipun, malah lajeng kasupen dateng tiyang estri wau. Kempul wau lajeng dipun nameni Kyai Bicak, malah lami-lami lajeng dipun astreni kaliyan Kangjeng Sunan Kalijaga, manawi bendhe wau dados pratandaning perang. Manawi dipun tabuh taksih ngangkang, punika pratanda badhe unggul perangipun. Dene sinten ingkang gadhah punika, benjing saturunipun badhe anurunaken ratu, ngereh tanah Jawi.

Kacariyos, putranipun Ki Ageng Sela wonten 14, inggih punika :

  1. Nyai Ageng Lurungtengah ing Wanasaba,
  2. Nyai Ageng Sungeb ing Wanasaba, lajeng pindah dateng Pakeringan, karan Nyi Ageng Pakeringan.
  3. Nyi Ageng Mondalika ing Bangsri.
  4. Nyai Nur Muhammad ing Jati (karan Nyai Ageng Jati).
  5. Nyi Ageng Suleman ing Patanen (karan Nyi Ageng Patanen). Angka 1 -5 punika turun saking garwa sepuh, asli Wanasaba).
  6. Priya seda timur.
  7. Nyai Ageng Jakariya ing Pakis dadu.
  8. Nyi Amatkahar ing Pakisdadu.
  9. Nyi Ageng Mukibat ing Pakisaji.
  10. Bagus : Anis, krama angsal ing Sela ugi
  11. Estri seda timur.
  12. Seda Timur
  13. Seda Timur
  14. Wuragil medal kakung nama Bagus Bayi, medal saking garwa enem kang saking Warung, sareng diwasa sisilih asma Kyai Ageng Pasuson.

PUPUH XX
S  I  N  O  M

  1. Nian gantya kan winarna │ wonten panjenengan wali │ alul ing ngelmu makripat │ sarana sarak den sirik │ kasukbireng wawangi │ anenggih Pangeran Panggung │ kadangira panenggak lan Sunan Ngudung ing nguni │ atmajaning kalifah Kusen ing kina│
  2. │Dadya paguroning kathah │ winuruk ngelmu sajati │ tebih ing sembahyangira │ mung winulang salat Daim │ sembahyang jroning batin │ keh samya mangsud ngguguru │ darbe ameng-amengan │ para kirik cilik-cilik │ pan kinarya sasmita anteping tekad│
  3. │Satunggal nama pun Iman │ satunggal nama pun Tokid │ kakalih saged anjilma │ tan keneng sah sari-ari │ sareng ing lami-lami │ saya kasusra misuwur │ kapiyarsa saking Demak │ tinimbalan mring nagari │ Pangran Panggung wus amarek Sri Narendra│
  4. │Njujug kamar pamidikan │ kapareng ngarsa Sang Aji │ Jeng Sultan alon ngandika │ he kisanak paran kapti │ dene kula miyarsa │ yen andika dados guru │ ngririsak rukun Islam │ ngorakaken saraking Nabi │ lah jawaben paran ta anteping tekad│

Tekadipun Pangeran Panggung :

  1. │Kula dipun sulangena │ Pangeran Panggung duk miyarsi │ sabdaning Nata mangkana │ sumungkem umatur aris │ ulun tadah ruruntuk │ makaten saestunipun │ inggih kauningana │ mila mbucal sarak Nabi │ wit ki murid met jatining susurupan│
  2. │Patrape ing sangkan paran │ tajehing tanajultarki │ kang kocap dalem hidayat │ amung sajatining ngelmi │ mrih santosaning ati │ nggayuh geyonganing kayun │ yen mbicara sarak │ saengga paksi sulindit │ tiwas polah salah pakolih ing nalar│
  3. │Karananing solah salah │ pan sarak punika inggih │ dumunung sorah papalang │jyatining ngelmi kang pundi │ marma yen pinarsudi │ cinundukaken ing ngelmu │ amanggung salawana │ prapteng jangji mbalenjani │ tan tuwajuh tyasira uwas sumelang│
  4. │Wateking tyas sumelangan │ ancasing ka-anan jati │ dadi ratuning rancana │ rubeda angriribedi │ embuh-embuh den rukti │ wedi lamun nemu dudu │ dedalaning delahan │ terlen anetepi jangji │ sadayanya pinuja mrih don asmara│

PUPUH XXI
ASMARANDANA

  1. │Jagad sakurebing langit │ salumah ing bantala │ saisen-isene kabeh │ pan amung cinipta tunggal │ tan nganggo karoneyan │ lair batine kawengku │ mantep anetepi tekad│
  2. │Gumilang tanpa ling-aling │ pineleng telenging nala │ teleng tan kena kalalen │ Ngadika Sultan Bintara │ kalamun makaten │ anteping tekad saestu │ kula nuwun cuculikan│
  3. │Nenggih sarahsaning ngelmi │ caritane Kitab Kuran │ kang ewed rapal murade │ punika den pajarena │ tekeng rasane pisan │ punapa jumbuh ing kawruh │ pangrasa krasa ing karsa│
  4. │Pangran Panggung matur aris │ duh Sultan ing bab punika │ pan gampil minangka angel │ gampil yen sampun nugraha │ angel yen tan kabuka │ ing pralambine ing ngelmu │ kang kangge ing kene kana│
  5. │Mung rasa maknaning ngelmi │ miwiti wruhing sarira │ sapisan wruh ing ajale │ wekasan marang kamulyan │ kapindo wruh sangkannya │ ananira kang satuhu │ anane pan saking ora│
  6. │Orane kang pasti dadi │ dadine kinarya tlada │ wujud mokal pratandane │ minangka paesan wrana │ warananing dunya │ kang pasti Datira suwung │ sapisan pan nora nana│
  7. │Lan aja angaku yekti │ narimaha dene nora │ iku pakone kang gawe │ wong tinitah aneng dunya │ mung siji pakewuhnya │ tan wenang darbe  karseku │ mung ngarah rilahing Allah│
  8. │Den eling-eling sayekti │ sakatahe kang tumitah │ mokal yen ana-a dewe │ wujude kalawan Suksma │ badan kalawan nyawa │ puniku warana agung │ sipat cahya roh lan jasad│
  9. │Kang tan wruh tata kakalih │ puniku sanget cidranya │ amung sawiji kawruhe │ kaliwating sang utusan │ kawruhe isih bakal │ mokal den arani setu │ uripe den aku Allah│
  10. │Sampun ta urip puniki │ tan kena ingaku Allah │ Suksmaning urip ta mangke │ kupur yen ingaran Allah │ kupur yen ngorakena │ Suksma lawan uripipun │ tan antara lawan Allah│
  11. │Sultan Demak duk miyarsi │ paturan ingkang mangkana │ pakewed angrusake │ wasana alon ngandika │ yen makaten kisanak │ kula ngudi babaripun │ salat kang mungguhing badan│
  12. │Dununge sawiji-wiji │ cunduke lawan ngelmu khak │ teka kathah ricikane │ Pangran Panggung aris mojar │ menggah wektuning salat │ cunduke ngelmu linuhung │ mangke tuwan piyarsakena│
  13. │Salat luhur kang rumiyin │ marmane patang rekangat │ duk sira dinadekake │ tangan suku papat pisan dene ta salat ngasar │ sakawan rekangatipun │ inggih kadadehanira│
  14. │Tangkep padha kalih │ pan talaga kalkaosar │ lawan gigirira karo │ gigir kering lawan kanan │ Salat Mahrib punika │ ulun jarwa dunungipun │ marmane tigang rekangat│
  15. │Elenging grana kakalih │ miwah ta elenging lesan │ jangkep titiga dununge │ ana dene Salat Ngisa │ mila rekangat papat │ ulun jarwa dunungipun │ inggih dumunung ing karna│
  16. │Kalih pisan bolongneki │ kalawan paningalira │ jangkep papat rekangate │ dene Salat Subuh ika │ mila kalih rekangat │ dadine badanireku │ kalawan nyawa rochayat│
  17. │Ananing Sunat talwitri │ punika sunat mupangat  │ tan kena atinggal reka │ kakalih rekangatira │ dadi kang winicara │ tukule alis punika │ alis kanan alis kiwa│
  18. │Sunat rakaatawitri │ jayedun kadibunira │ mangkyamba amayarake │ dene kang neptu lilima │ punika den waspadha │ kang ndarbeni Salat wetu │ tan ndarbeni beda-beda│
  19. │Pan Shalat Subuh kang wajib  │ kang ndarbeni Nabi Adam │ duk kala tinurunake │ saking suwarga dimulya │ apisah lawan garwa │ langkung susah galihipun │ dene tan ana rowangnya│
  20. │Wonten parmaning Hyang Widi │ Jabrail ngemban parentah │ dhawuh mring Jeng Nabi reke │ padhuka tampi sihing Hyang │ ing mangke asalata │ rong rekangat salat Shubuh │ Jeng Nabi matur sandika│
  21. │Pukul lima pajar sidik │ Nabi Adam nulya salat │ kalih rekangat salate │ uluk salam kering kanan │ kang garwa aneng wuntat │ nauri salam ngalaikum │ kalih pareng rarangkulan│
  22. │Karantam karuna sami │ Jeng Nabi alon ngandika │ nora kaya Ingsun kiye │ kapanggih kalawan sira │ Dewi Kawa tur sembah │ inggih karsaning Hyang Agung │ ulun panggih lan paduka│
  23. │Salat Luhur kang ginupit │ Jeng Nabi Ibrahim kina │ duk kataman coba gedhe │ linebokken aneng tulang │ pan pininda kunarpa │ tampi dhawuhing Hyang Agung │ Jeng Nabi kinen asalat│
  24. │Luhur Arbangarakatin │ Jeng Nabi Nulya asalat │ dahana sirep kemawon │ anadene Salat Ngasar │ Nabi Yunus kang karya │ kala Jeng Nabi merahu │ baita inguntal mina│
  25. │Jeng Nabi susah tan sipi │ aneng jroning weteng mina │ wonten parmaning Hyang Manon │ Jeng Nabi kinen asalat │ Ngasar patang rekangat │ Jeng Nabi asalat gupuh │ kang mina tan kelar nyangga│
  26. │Bubrah awake ngemasi │ Jeng Nabi anulya luwar │ saking jro weteng minane │ salat Mahrib winicara │ kang ngadani ing kina │ panjenengan Nabi Enuh │ pan topan keleming Jagad│
  27. │Jeng Nabi tobat tan sipi │ rumasa yen kaluputan │ gya tinari martubate │ anulya kinen asalat │ Mahrib tigang rekangat │ wus Salat Jeng Nabi wau │ hernawa suh sirna gempang│
  28. │Salat Ngisa kang sayekti │ Nabi Musa ingkang karya │ duk kala asor yudane │ amungsuh raya Arkiya │ para kaum sadaya │ bingung tan wruh ing lor kidul │ kulon wetan miwah ngarsa│
  29. │Jeng Nabi susah tan sipi │ anulya asalat kajat │ datan antara praptane │ Jibril ngemban parentah │ uluk salam angucap │ Jeng Nabi paduka iku │ dinawuhan salat Ngisa│
  30. │Matur sandika Jeng Nabi │ tumulya asalat ngisa │ pra kaum waluya kabeh │ Jibril aturira │ ingsun kang malesena │ marang sang pandita Balhum │ telas prakawising salat│
  31. │Sultan Demak matur malih │ inggih sampun katanggelan │ kawula nuwun artose │ menggah nganasir punika │ pinten kang pitedhahan │ umatur Pangeran Panggung │ wijiling pajar sajarwa│

PUPUH XXII
M  I  J  I  L

Nganasiring Gusti, Roh tuwin Kawula :

  1. Pangran Panggung aturira aris │ pukulun Sang Katong │ bangsa nganasir catur kathahe │ ingkang dingin nganasiring Gusti │ wekasan winilis │ kasampurnanipun│
  2. │Edat Sipat Asma Apngal yekti │ dununge rinaos │ basa Edat wujudira angger │ apadene wujuding kumelip │ tan ana ndarbeni │ mung Pangran kan Luhur│
  3. │Ingkang gedhe miwah ingkang cilik │ pasanging pasemon │ iku kagunganing Allah kabeh │ ananira nora darbe urip │ mung Allah kang urip │ kang tunggal pandulu│
  4. │Dene basa sipat kang sayekti │ rupane kang katon │ barang rupa gede myang cilike │ saisining bumi lawan langit  │ tan ana ndarbeni │ mung Pangran kang Agung│
  5. │Basa asma punika sayekti │ ananing dumados │ saisining bumi pan beda jenenge │ inggih sadaya tan andarbeni │ mung Pangran kang luwih │ kang darbe jujuluk│
  6. │Tegesipun apngal puniki │ panggawe kang katon │ sining bumi seje pakaryane │ seje jeneng seje kang pakarti │ kabeh tanpa osik │ mung Allah kang luhur│
  7. │Sampun telas anasiring Gusti │ gantya nganasir Roh │ inggih sakawan ricikane │ wujud ngelmu Nur Suhud raneki │ yen dereng mangarti │ wiji-wijinipun│
  8. │Lwiring wujud sajatining ngurip │ urip kang sayektos │ ingkang aran manungsa jatine │ yen wadona sejatining estri │ pan ingkang ngalinggih │ Bandar ‘Ullah tuhu│
  9. │Kaping kalih pan ingaran ngelmi │ pangrawuhing batos │ basa Enur punika tegese │ ingkang ingaran roh Ilapi │ cahya kang nelahi │ kadya lintang wuluh│
  10. │Dene basa asuhud puniki │ panedyaning batos │ den kaesti │ cengeng paningale │ dipun awas ing sajroning takbir │ nganasir roh enting │ den pracajeng kayun│
  11. │Nganasiring kawula winarni │ dipun amangertos │ bumi geni angin lan banyune │ bumi punika dadining jisim │ dahana pan dadi cahya │ kang umuncar│
  12. │Angin dados napas mijil manjing │ banyu getihnya wong │ kapat samya molah ngosikake │ tarik tinarik kalawan Gaib │ telas bab nganasir │ dipun awas emut│
  13. │Sultan Demak dahat sukeng galih │ winarneng wawados │ awasana alon andikane  │ yen makaten kularsa ngyakteni │ tekad kang premati │ maring sang ngaulun│
  14. Pangran Panggung aturira aris │ duh-duh Sang nga-katong │ inggih lamun makaten karsane │ adhawuha arerakit geni │ amba arsa besmi │ munggwing geni murub│
  15. │Sultan Demak kalegan ing galih │ parentah punang wong │ tan andangu wus miranti kabeh │ gunung kayu eduk lenga agni │ wus rinakit mungwing │ aneng alun-alun│
  16. │Lawan anyuruhi para wali │ kang waspadeng wados │ pra ngulama mukmin sabangsane │ wus apepak ander samya prapti │ Sang Prabu ngawanti │ miyos ngalun-alun│
  17. │Pangran Panggung kinanti ing kering │ wuri kirik karo │ Iman Tokid datan pisah nggene │ Sultan ing Bintara abibisik │ kinen anglekasi │ umanjing ing latu│
  18. │Pangran Panggung lajeng nyadikani │ ngatag kirik karo │ cinetetan ana ing ngarsane │ nenggih pun Iman lawan pun Tokid │ pan kinen umanjing │ sajeroning latu│
  19. │Dyan umesat kang canela kalih │ manjing agni karo │ sareng lawan kirik kakalihe │ manjing dahana arda mawerdi │ aneng jroning api │ kirik lan caripu│
  20. │Awentala malah kirik kalih │ samya abuburon │ ngalor ngidul asuka solahe │ wulunira salamba tan gigrig │ kalis  aneng api │ wus antaraning dangu│
  21. │Siningsotan kang kirik kakalih │ pan kadi inguwuh │ gurawalan medal sakarone │ sarwi agem tarumpah ginigit │ lir dabe pangerti │ tunduk munggeng ngayun│
  22. │Ngaturaken kan trumpah kalih │ ingandikan alon │ patrapena ing ngendi enggone │ sona kalih amatrapaken aglis │ ing palangkan adi │ kang punang caripu│
  23. │Kang umiyat legeg tan kenangling │ leng-leng ngungun ndongong │ pratingkahe pan ngengeramake │ mangunahe teka mratandani │ Sang Prabu Ngawanti │ angandika arum│
  24. │Duh ta paman sampun nyumerepi │ ing reh lampah elok │ nanging maksih kirang utamine │ lamun boten andika pribadi │ kang umanjing agni │ kirang antepipun│
  25. │Dene amung asusulih kirik │ lan tarompah karo │ Pangran Panggung alon ing ature │ duh Jeng Sultan pan sampun kuwatir │ manira pribadi │ kang umanjing latu│
  26. │Pangran Panggung saksana anyangking │ kamot asta karo │ ingkang tengen mangsi lawan epen│ ingkang kiwa dalancang sajilid │ dyan umanjing api │ Jeng Pangran Panggung│
  27. │Manteping tekad tan was kuwatir │ saprapatanireng jro │ lajeng lenggah lawan angasta pen │ punang  papan dalancang tinulis │ sasmita inganggit │ pan dinapur suluk│
  28. │Purwakannya sekar dhandhanggendis │ tanduking pasemon │ sariranya kang mangka talere │ sayektine mring Prabu Ngawanti │ palimping pepeling │ lamating tyas limut│
  29. │Suluk Malangsumirang wus dadi │ mung sasekar pangkon │ pitulikur pada saricike │ aprelambang sarasaning ngelmu │ pupuntoning budi │ tekad kang tuwajuh│
  30. │Teteladan carita ing nguni │ uwosing cariyos │ Prabu Panji kang dadya totonden │ duk maksihe Pangeran Dipati │ murca kesah anis │ namar momor sambu│
  31. │Neng gegelang lumampah angringgit │ pan asandi wados │ dalang Yaruman ing paprabe │ kang umiyat kasamaran sami │ ing mangkya rinicik │ sarkaraning kidung│

PUPUH XXIII
DHANDHANGGULA

  1. │Malangsumirang amurang niti │ anrang denira monggita │ rariyan nom tan wruh dudone │ anggelar ujar luput │ manrang baya tan wrin ing westi │ angucap tan wruh ing trap │ kaduk andalurung │ kaduk andalurung pangucape laya luya │ ambalasar dahat amalang sengiti │ tan kena winikalpa│
  2. │Andaluya kang dadawan angling │ datan patut lan uyaring sastra │ amurang dadalan gede │ ambawur tatar tutur │ anut marga kang den simpangi │ anasar ambalasar │ amegati kukuncung │ tan ana lampah den rewa │ darma aji kewingking tan den rasani │ liwuhan kaya wong edan│
  3. │Idep adepe kadi rariya lit │ tan angrasa dosa yen dinosan │ tan angricik tan angrowe │ wus datan etang etung │ batal karam den eti-iti │ wus manjing abirawa │ liwung tanpa tutur │ anganggge kawenang-wenang │ wus kalabu alame wong kupur kapir │ tan kena sinantaha│
  4. │Amurang sarak ujar sarehning │ asawengah lan sabda  pandita │ asuwala lan wong ngakeh │ winangsit adalurung │ kedah anut marga tan yukti │ mulane ambalasar │ sawab sampun antuk │ jatining igapuruita │ karantene tan ana winalang ati │ tan keneng pringgabaya│
  5. │Pangucap wus tanpa kekering │ tan ana bahyaning wong wikana │ ing kajatene awake │ tan ana bahyaning wruh │ yekti aja tinari-tari │ pan jatining sarira │ tan loro tetelu │ kadyangganing riringgitan │ duk lungane Sang Panji ngumbara singgih │ kesah saking negara│
  6. │Aneng gegelang lumampah ngringgit │ silih aran ki dalang Jaruman │ amendem kulabasane │ tan ana ingkang wruh │ lamun Panji ingkang angringgit │ baloloken ing rupa │ pan jatine tan wruh │ padha ngarani dadalang │ dahat tan wruh yen iku putra ing Keling │ kang aminda dadalang│
  7. │Adoh kadohan tingale pangling │ aparek pan mangke kaparekan │ tan wikan panji rupane │ den sidep iku dudu │ lamun reke panji angringgit │ baloloken ing warna │ sakeh kang andulu │ lir wisnu kalawan Kresna │ nora Wisnu nanging Kresna Dwarawati │ kang mumpuni negara│
  8. │Wisesa Kresna jati siniwi │ kang pinudjeng jagad pramudita │ tan ana wruh ing polahe │ mung Kresna jati Wisnu │ kang amangih datan kapanggih │ pan iya iku tunggal │ ing kajatenipun │ prakarane ana jagad │ ametokken kawignyan Sang Wisnu Murti │ nyata kang aran Kresna│
  9. │Kathah wong karem dening kajatin │ ciptaning wong durung puruita │ den pisah-pisah jatine │ den sengguh sanes wujud │ lan jatine kang angulati │ tan wruh kang ingulatan (Kirang empat padalingsa, bokmenawi ical│
  10. │Brahalane den gendong den indit │ malah kabotan maring dangdanan │ tur durung wruh sajatine │ ciptane tanpa guru │ ngemunganken ujaring tulis │ awimbuh jatining Hyang │ den tutur anggalur │ den turut kadya dadalan │ sajatine dheweke nora kalingling │ katungkul amimilang│
  11. │Dosa geng alit kang den kawruhi │ ujar kupur kapir kang den tulad │ iku wong mentah kawruhe │ sembahyange tan surut │ puwasane den aji-aji │ tan kena kaselanan │ kalimput ing kukum │ kang wus teka ing wisesa │ sembah puji puwasa kang den inggati │ muthung sangkan lan paran│
  12. │Dosa gung alit tan den rasani │ ujar kupur kapir tan den ulah │ wus liwung pasikepane │ tan andulu dinulu │ tan angrasa tan angrasani │ tan paran-pinaranan │ wutane wong iku │ pastine den sidep nora │ nora idep den sengguh ana kakalih │ kang amurba wisesa│
  13. │Yen ingsun Nyipta kang kadyeki │ angur matiya duk maksih jabang │ tan angetang tan angame │ kathah kawongan prelu │ tata lapal kang den rasani │ sembahyang den gugulang │ puwasa tan surud │ den sidep anelamena │ sumbalinga awuwuhan murbayani │ akeh dadi brahala│
  14. │Pangrengeningsun duk rare alit │ nora Islam dening wong sembahyang │ tan Islam dening pangangge │ tan Islam dening wektu │ datan selam dening kulambi │ tan selam dening tapa │ ing pangrunguningsun │ewuh tegese wong Islam │ datan selam dening anampik amilih │ ing kalal klawan karam│
  15. │Kang wruh tegese wong Islam iki │ mulya wisesa jati kamulyan │ sampurna tekan omahe │ wulune anggelepung │ brasta geseng tan ana kari │ anggane aneng dunya │ kadya adudunung │ lir sang Panji Angumbara │ sajatine wus manthuk Koripan malih │ mulya Putreng Jenggala│
  16. │Tembene manira manggih warti │ warta anyar ambubar wicara │ kawiled ujare mangke │ tutur datan kawengku │ baya kuna iku kinunci │ dadya ingsun tan wikan │ kagyat Sun Angrungu │ mrih ilang angaji basa │ salawase durung wruh tegesing Alip │ dadya abukakrakan│
  17. │Apadang kadi tampaning esih │ esihe mangke panunggalira │ awor pawor pan ing sihe │ anggelarena tuwuh │ sastra kabeh sampun kalingling │ Nukat gaib pinangka │ sastra kabeh iku │ kang alip iku panutan │ sastra kabeh kang Alip sastra kariyin │ nukat pinangkanira│
  18. │Alip iku pan badaning lapi │ Nugrahane mangke jenengira │ dudu Allah sakarone │ Alip tibaning naptu │ dene datan na momori │ jeneng Alip ilapat │ sadurunge iku │ jagad dumadi wus ana │ ingkang Alip dene kinarya gegenti │ ananing wujud tunggal│
  19. │Tunggal rasa tunggal wujudneki │ tunggale mangke dinama-dama │ tan ana ngaken polahe │ Alip wujud kang agung │ wujud mutlak kang Alip iki │ iku jatining rasa │ kadedere iku │ kadeder iku lilima │ ingkang Alip mata wayah niyat jati │ Iman lawan sarengat│
  20. │Jabare Allah mangke puniki │ ejere pan maha mulya │ pese ing kasucihane │ nora na Allah iku │ pan wusira Allah puniki │ nora-a dudu Allah │ Allah kabeh iku │ lair batin iku sira │ sastra kabeh gentining aksa Alip │ Allah iku lah sira│
  21. │Kariyin kadedering kang Alip │ wiwitane mangke ing paningal │ tingal kang nyata tinggale │ paningaling Dat iku │ paesane tunggaling jati │ tumurun jatinira │ cahya kang tumurun │ mungguhing utek punika │ ananira gumelaring jagad iki │ cahya gumillang-gilang│
  22. │Satus pitulikur dadineki │ dadi tingal lawan pamiyarsa │ napas pan tunggal dununge │ napas kajatenipun │ ingaranan panji puniki │ panji wayanganing Dat │ ing wuwus puniku │ dateng sakathahing Iman │ pan sakehe nebuta kaanan jati │ Laila lailolah│
  23. │Ana paksi mangku bumi langit │ manuk iku endah ingaranan │ saderah uripe mangke │ uripe manuk iku │ amimbuhi ing jagad iki │ netranipun sakawan │ warnane wowolu │ akulit sarengat ika │ getihipun tarekat puniku singgih │ ototipun kakekat│
  24. │Dagingipun makripat puniki │ cucukipun sajatining sadat │ eletan Tokid wastane │ atinipun luk enun │ pupusuhing  Tembolo) Supiyah nenggih │ emeperune katijah │ jantung budinipun │ acucuk emas punika │ sungsumipun sakawan warnanireki │anyawa papat ika│
  25. │Uninipun Jabrail puniki │ socanipun ya isi sakawan │ anetra wulan srengenge │ napas nurani iku │ grananipun tursina nenggih │ angaus soring ngaras │ kuping karo iku │ wasta ing gunung Jabalkat │ socanipun rahara tarwiyah singgih │ ing gunung manik maya│
  26. │Dada gigir lambung tengen iki │ ingaranan macapat punika │ angombe rabani mangke │ awak Nabi Puniku │ asuwiwi malekat iki │ mencok ing Nabi Adam │ kepala puniku │ bagenda Ibrahim ika │ utekipun betal makmur iku singgih │ pujine nem prakara│
  27. │Iya iku den kawikan kaki │ manuk iku tutungganira │ munggah ing Swargantareke │ pilih kang wruh puniku │ pan kinunci ing para Wali │ manuk iku pan Suksma │ tanpa warna iku │ tutunggangane kang awas │ manuk iku ya urip tan keneng pati │ tekeng dunya ngakerat│
  28. │Titi tamat panganggiting nguni │ nenggih kang suluk malangsumirang │ kawruh ananing kajaten │ ya ta Pangeran Panggung │ nulya medal saking ing geni │ sarya mundi pustaka │ pan sampun pinetuk │ mring Sultan Sah Ngalam Akbar │ lawan sagung para wali myang ngulami │ gumuruh uluk salam│
  29. │Sinauran salame pra sami │ lan pra wali ajawab asta │ atur pudJeng kaharjane │ dennya manjing ing latu │ teka tabek Nabi Ibrahim │ suka sukuring Allah │ Jeng Pangeran Panggung │ ya ta Jeng Sultan Bintara │ gurawalan nedya marek mangenjali │ supe lamun Sri Nata│

PUPUH XXIV
S  I  N  O  M

  1. │Pangeran panggung semana │ dahat denira mambengi │ marang Jeng Sultan Bintara │ dennya kedah mangenjali │ jawaban asta kalih │ samya arsa Jeng tyasipun │ sadaya kang umulat │ leng-leng ngungun tan kenangling │ dene katon tingkah ing reh kaelokan│
  2. │Risampunira mangkana │ pustaka kaatur sang aji │ kang Suluk Malangsumiran │ tinanggapan asta kalih │ lawan dahat pinuji │ wau ta Pangeran Panggung │ datan antara kesah │ saking ing Demak nagari │ alalana mesisir sakarsa karsa│
  3. │Kirik kakalih tut wuntat │ saparanira lalari │ pun Tokid lan pun Iman │ warnanen wau kang kari │ Jeng Sultan ing Ngawanti │ kesahe Pangeran Panggung │ dahat pangunguning tyas │ lan sanggyaning para Wali │ tan uninga kesahe saking panggenan│
  4. │Samya gegetun kalintang │ dene mentar tanpa warti │ tan anganti tata lenggah │ lawan Jeng Sultan Ngawanti │ amung atur kinteki │ anggitan sajroning latu │ ingkang kinarteng basa │ rinakit sekar hartati │ asasmita titining reh kasunyatan│
  5. │Lan lare kang kalunyatan │ rinentes tutur angenting │ yena tan antuk utama │ kininditan anartani │ katartamtoning jati │ laksiteng sawarti putus │ puntuning tyas abuntas │ bontosing lair myang batin │ jangji mantep netepi sarta prayitna│
  6. │Mangkana punang pustaka │ binuka sarahsaneki │ mring Jeng Sultan ing Bintara │ sangsaya ngungun tan sipi │ tingkahira ing nguni │ kados rumaos kaduwung │ ing mangke kataliwang │ sinawung rahsaning kawi │ kawada-kawada wadining wacana│
  7. │Kang ngaweca temah murca │ paran dennya murcitani │ ecane datan cancala │ acela sawengah kapti │ cacalanging abecik │ oncate kang wus kabacut │ cacatuning catokan │ cakep kacakuping budi │ pencarane gancare kang binicara│
  8. │Sanalika katarbuka pangawikaning kinteki │ tinakeneken kang mardi kak │ kukama ingkang makiki │ pustaka gya winingkis │ winikanken para marchum │ kinen mupakatana │ pustaka kang sinung kawin │ amrih karya langkas laksikaning kata│
  9. │Ya ta kang para Oliya │ nanggapi punang kinteki │ kang suluk Malangsumirang │ ganti-ganti nupiksani │ sarahsane ginigit │ pralampitane ing ngelmu │ raja putra Jenggala │ amurca saking nagari │ neng gegelang laju anamur andalang│
  10. │Aran ki dalam Jaruman │ tan ana wruh lamun Panji │ ingkang lagya angumbara │ sinegguh dalang sajati │ tekaning don ing nguni │ mantuk maring purwanipun │ nenggih pureng Koripan │ purna waluya sajati │ pan wus nyata yen raja putra Jenggala│
  11. │Duk samana tinarbuka │ keplasing rasa ginaib │ maring Jeng Suhunan Benang │ eh kanca pralambang iki │ menggah gagapen mami │ tansube kalawan ngelmu │ pupuntoning makrifat │ neggih putra raden Panji │ ing Jenggala pralambang jaman kaanan│
  12. │Awit adarbe paparab │ Panji Inu Kertapati │ Jenggala darbe umpakan │ ing praja Jenggala manik │ manik rahsaning mani │ lire Pramana puniku │ ngembara minda dalang │ nggennya nggelaraken osik │ ajujuluk sira ki dalang Jaruman│
  13. │Punika pralambanging Dat │ ija anane kang pasti │ nanging tansah mawa wrana │ manggen ing gegelang nguni │ prelambange ing ngurip │ sayekti Wajib ‘’Ulwujud  │ langgeng tan kena owah │ tan ana kang ngudaneni │ lire janma arang kang ngrasa kanggonan│
  14. │Antuke marang Jenggala │ mring dalem Koripan malih │ pralambange ing manusa │ urip tan kena ing pati │ urip netepi urip │ nanging aya seling surup │ tegese tetepira │ maring wijang kang sejati │ lair batin satuhune iku tunggal│
  15. │Iya Wisnu iya Kresna │ jatining kawula Gusti │ kawulane pamayang │ gustine dalang sajati │ ngibarate puniki │ lir nyawa lan raganipun │ pasti tan kena pisah │ gumelaring lair batin │ nadyan panggulange golong nora gilang│
  16. │Kendel wau Sunan Benang │ denira amardikani │ Jeng Suhunan Giripura │ sumambung dyan anglogati │ Islam ingkang sayekti │ tegese ingkang dumunung │ tan saking samubarang │ lungguhe jatining eling │ kalal iku kalebu ing tegesira│
  17. │Kang tan kalebdeng ku karam │ sanadyan ahli ngabekti │ lan nganggo cara ngulama │ mangsa wektu rina wengi │ mawa jubah kalambi │ tapane dahat anggentur │ yen sepen kaelingan │ keneng pambangusing eblis │ timah wida tan widada dadinira│
  18. │Sanadyan ahli sarak │ nganggowa walering Nabi │ acegah panggawe karam │ mung kandeg ing aling-aling │ nora terus ing batin │ tan dumunung Islamipun │ marma arang andungkap │ ing tegese Islam iki │ wose uwus kawawas wong kang waspada│
  19. │Ya ta anambungi sabda │ Jeng Sunan ing Gunungjati │ kang kocap malangsumirang │ paksi endah ingkang warni │ amangku bumi langit │ saderahing uripipun │ uripe kang kukila │ amimbuhi jagad iki │ netra catur wowolu ing warnanira│
  20. │Akulit sarengat ika │ getihe tarekat singgih │ dene otote kakekat │ makripat dagingireki │ cucuk sadat sajati │ tokid eled-ledipun │ luk enun atinira │ pupusuh supiyah nenggih │ amperune katijah jantung budinya│
  21. │Acucuk emas punika │ sekawan sungsumireki │ anyawa papat kathahnya │ uninipun Jabrail │ soca sakawan isi │ netra srengenge sitangsu │ napas nurani ika │ kang grana tursina nenggih │ pan angaub aneng sasore ing ngaras│
  22. │Kuping karo ing Jabalkat │ socanya tarwiyah nenggih │ ing gunung ran Manikmaya │ dada gigir kanan iki │ macapat araneki │ rabbani pangombenipun │ awak Nabi Punika │ suwiwi malekat iki │ pancikane aneng badan Nabi Adam│
  23. │Kepala Ibrahim ika │ utek Betalmakmur singgih │ pujine enem prakara │ mungguh pralambanging peksi │ iya pramana jati │ sajati-jatining ngelmu │ dene panggonanira │ aneng jagad sunya ruri │ ngadam makdum alanggeng tanpa karana│
  24. │Nanging ngurip punika │ sayektine nukat gaib │ wardine basa mangkana │ kaole para musanip │ nenggih karaton batin │ sawenehing para makmum │ ana negesi sotya │ sotyaning wiji sejati │ kang saweneh jarwani wiji kang samar│
  25. │Mungguh basa tri prakara │ pan wus pada anggepoki │ poking papan kang pratela │ mangsa borong ing pamikir │ kekeran iku ugi │ den arapet den aserung │ rarasan kang karasa │ rasakna rasikaning sih │ aywa tansah wor suh mung seng ngado ngesah│
  26. │Kendel wau sabdanira │ Jeng Sunan ing Gunungjati │ sadaya mangayubagya │ ya ta Sang Prabu Ngawanti │ wusnya den pardikani │ eros sarahsaning suluk │ sulek ing tyas nirmala │ ngumala dumilah wening │ manggung onang uninga kaananing kak│
  27. │Ri sampunira mangkana │ Sultan ing Bintara mangkin │ anebar kang wadya bala │ nenggih kinen amondongi │ saenggene kapangih │ Sang Guru Pangeran Panggung │ katurana mring praya │ enggaling carita nguni │ wus kapanggih prapta ing prajeng Bintara│
  28. │Tinunggilken pra Oliya │ angimamana agami │ mangka tutuwaning praja │ pinardika ulah ngelmi │ sinungan pancer sabin │ nenggih siti uyun-uyun │ pan sampun kalaksanan │ sih nugrahaning Narpati │ Pangran Panggung tetep kawaleyanira│
  29. │Samana angalih aran │ Jeng Sunan Geseng wawangi │ mangka pepengetanira │ ing kamulyan saking agni │ ya ta kang para wali │ tan lami marsudi kawruh │ pan saking karsa Nata │ ambawa kidung kakawin │ angingimpu caturing cariteng kuna│
  30. │Amrih dumadi darsana │ rumesep dennya ngungudi │ dadalaning kawidadan │ apan sampun den ayati │ ingkang ambuka anggit │ lalaguning tembang kidung │ Jeng Sunan Giripura │ minangka rengganing kawin │ sinung nama kang tembang Asmarandana│

PUPUH XXV
ASMARANDANA

  1. │Sadaya sami naidi │ laju kabyawareng katah │ kinarya tembang lalagon │ nulya amurwa ruwiya │ para wali sadaya │ den urut pinatut tembung │ tinegran srat Walisana│
  2. │Lan pawukon wurijeng nguni │ lepiyaning jaman buda │ maksih linestarekake │ yen pawukon pananggalan │ dina lawan pasaran │ wuku sarta dewanipun │ pendangon lan paringkelan│
  3. │Apadene Widadari │ sengkan turunan lilima │ pancasuda panungale │ lawan petung pa-arasan │ akarsa winewahan │ sangkala Nabi pipitu │ sinung aran pana-asan│
  4. │Nenggih kinarya ngembari │ lawan etang pasangaran │ lawan wonten panganggite │ pesangatan kang lilima │ anut jam-jaman dina │ minangka kembaranipun │ nenggih dewa ari panca│
  5. │Cinundukaken ing nguni │ lawan kitab Nujum ramal │ nadyan beda saraose │ nanging sami darbe tanda │ awon saening dina │ samya kinarya babaku │ ngelmu wirasat dan piyafat│
  6. │Dene pawukoning bayi │ wuku lawan dewanira │ apa dene kakayone │ lawan manukane pisan │ candra pralambangira │ miwah pangapesanipun │ tuwin tulak paliyasan│
  7. │Mumulya asaput prapti │ mawi winewahan donga │ mrih munpangat karahayon │ lan sarana mangka tulak │ condong ing pujidina │ sawusira Jeng Sinuwun │ anganggit namaning warsa│
  8. │Saking sastra bukaning wit │ amiturut basa Arab │ Alip Ehe Jimawal Je │ Dal Be Wawu Jimakirnya │ nganggit windu sakawan │ angrisak windu sapuluh │ ing kina windu sangkala│
  9. │Umurnya sadasa warsi │ riningkes catur kewala │ pan wolung warsa ngumure │ kinasaya watakira │ wahyaning masa kala │ geni bumi angin banyu │ ingkang samya winahanan│
  10. │Kang rumiyin windu Adi │ watake akeh dahana │ akarya bilai gede │ anulya windu Kuntara │ watak akeh maruta │ pancawara angin riwut │ ingkang akarya sangsara│
  11. │Windu Sangara kaping tri │ wateke amirah toya │ ping pat windu Sancayane │ watake karya sangsara │ oreg ruging bantala │ temah anuwuhaken lindu │ pan windu catur punika│
  12. │Kinarya patokan mangkin │ pamuryaning pananggalan │ kinanten rolas sasine │ kinarya kembaran masa │ kang rumiyin Mukaram │ saparin ping kalihipun │ ping tiga Rabingulawal│
  13. │Kaping pat Rabingulakir │ kalima Jumadilawal │ Jumadilakir ping neme │ kaping pitunya Rajab │ kaping wolu Sakban │ Ramelan ping sanganipun │ kaping sadasa Sawal│
  14. │Kaping sewelas kang sasi │ winastanan Dulkangidah │ Dulkijah kaping rolase │ cunduke lawan dina │ wuku miwah pasaran │ pan samya sinungan kurup │ parenganing windu warsa│
  15. │Ing satusrongpuluh warsi │ umuring kurub satunggal │ nguni saking Sunan Ngampel │ asal saking tanah Arab │ awit kurup Kadiyah│ nenggih akat tegesipun │ petang patokaning dina│
  16. │Gantine kang kurup malih │ amulya kurup Sabtiyah │ dina Sabtu patokane │ gantinya malih Jumngiyah │ lire kurup Jumungah │ papatokaning pangetung │ anulya kurup Kamsiyah│
  17. │Ing tegese kurup Kamis │ papatokane ing dina │ gaganti Arbangiyah │ awit Rebo ing pangetang │ malihnya Salasiyah │ Salasa ing tegesipun │ awit angetang dina│
  18. │Saline ing kurup malih │ nulya kurup Inesniyah │ saking Senen pangetange │ jangkep kang kurup kasapta │ risampuning mangkana │ malihing panganggitipun │ Jeng Suhunan Giripura│
  19. │PamiJen sandang rijeki │ lan panJang celaking yuswa │ srat Pal Nabi pamirite │ lawan petang Sri Sadana │ gineleng patang warsa │ aju undure ing petung │ keh kediking sandang pangan│
  20. │Kalawan anganggit malih │ etang tiberaning teJa │ lindu banjir panunggale │ lan tiberaning grahana │ candra kalawan surya │ sampuning panganggitipun │ lajeng kalimrahing kathah│
  21. │Sumebar dumadya anggit │ purwakan Asmarandana │ tinerusaken logade │ kasmarandana punika │ lire karem dadana │ labet tarbukaning kalbu │ saking Hyang kang sipat murah│
  22. │Keplasing asmara kingkin │ lambanging Asmarandana │ asma aran ing tegese │ aran namaning Pangeran │ andana weweh lirnya │ dadya tan pegat tur atur │ sembah puji mring Pangeran│
  23. │Jeng Sunan enJange malih │ manganam-anam ing driya │ nulya nganggit tembang Sinom │ tegesing Sinom punika │ pradapa roning kamal │ teruse ing tegesipun │ sinom pan enur punika│
  24. │Sayekti cahyaning urip │ anom tan kena ing tuwa │ kang pinudJeng salawase │ alanggeng tanpa karana │ amimbuhi ing Jagad │ nulya Suhunan Majagung │ nganggit tembang Maskumambang│
  25. │Lire pralambang ngelmi │ ka-antepaning manusa │ tekad kang maring pupunton │ lir gabus sileming toya │ yekti tansah kumambang │ kang utama abegipun │ mas kinum tansah kumambang│
  26. │Peteng dadya padang bangkit │ cekak bisa amamanyang │ kang awrat kinarya entheng │ entheng sangsaya tan kawran │ angendem myang andudah │ sadaya sampun kawengku │ wewengkone kang ginelar│
  27. │Sunan Kalijaga nuli │ nganggit tembang Dandanggula │ angajap manis tegese │ pralambanging Dandanggula │ sayekti pancadriya │ ati lilima punika │ saJati-Jatining sipat│
  28. │Pramana ingkang rumiyin │ nganakaken kabiJaksanan │ pakarti ingkang kinaot │ kaping kalih munggwing karna │ nganakken kalepasan │ kaping tigane ing irung │ nganakaken kasantosan│
  29. │Kaping cature ing lathi │ nganakaken kalaksanan │ kalaksananing lalakon │ kaping limane ing boya │ paliwaraning karsa │ anganakaken puniku │ ing wisesaning panunggal│
  30. │Suwanya nuli anganggit │ suluk kidungan pujian │ pralambanging ngelmu jatos │ lawan anganggit carita │ jamaning MaJalengka │ ki Sutakarsa kasebut │ Suta misik dusun Jombang│
  31. │Lan Jaka Sumantri Pengging │ timure Andayaningrat │ ginancarken lalakone │ kalawan anganggit petang │ kikiyasaning dina │ dadya pralambang yen nuju │ janma ana kang kelangan│
  32. │Lamun nuju Dite ari │ kalawan ing ari tumpak │ yen kelangan tulus angles │ bali ta ing lamun Soma │ Anggara pada rowang │ Buda senetan puniku │ yen Respati datan ilang│
  33. │Sukra ngadang dalan yekti │ jangkep kang kasapta wara │ warah awon lawan sae │ anulya Jeng Sunan Benang │ anganggit sekar Durma │ nenggih macan tegesipun │ pralambanging sekar Durma│
  34. │Pan Naptu kawan prakawis │ kang dingin naptu Amarah │ anenggih abang cahyane │ ping kalih naptu Luamah │ ireng ing cahyanira │ naptu supiyah tetelu │ andarbeni cahya Jenar│
  35. │Mutmainah cahya putih │ sasampunira mangkana │ nulya anganggit cariyos │ jaman prajeng Majalengka │ lampahan Damarwulan │ praptaning antuk Ratuayu │ dumugi antuk kamuksan│

PUPUH XXVI
G  A  M  B  U  H

  1. │Paparenganing catur │ Sunan Muryapadha nganggit Pankur │ lire buntut keplase pralambang ngelmi │ nenggih punika pangukut │ pambirating manah awon│
  2. │Kanepson dunungipun │ munggwinganeng wisesaning kayun │ Sunan Giri parapen tumut anganggit │ pan punika kadangipun │ Jeng Sunan Giri Kedaton│
  3. │Nganggit sekar Megatruh │ tegesipun pan anerang jawuh │ keplasipun ing jarwa terus ing ngelmi │ amegat eroh puniku │ pangracuting alam katon│
  4. │Mrih ening dunungipun │ aneng ka-ananing enengipun │ parenganya yen Suhunan Gunungjati │ pan anganggit sekar Pucung │ wit kluwak artining raos│
  5. │Lawan pangraos iku │ yekti mangka pupucuking kayun │ panunggale kawula kalawan Gusti │ asipat kalawan wujud │ winawas saking waspaos│
  6. │Ing kaprasidanipun │ sidining driya kang amrih sadu │ awidada panduk padoning dumadi │ kawaspadan tan kadaut │ dyatmika tekaning maot│
  7. │Sawusnya Jeng Sinuwun │ ing Gunungjati gupiteng kidung │ jamanira prajeng Pajajaran nguni │ ing ngurut lulurinipun │ salahsilah ing karaton│
  8. │Awit jumenengipun │ Sri Maesa Tandreman ing dangu │ praptanira adege ing Majaphit │ Jeng Sunan Geseng winuwus │ anganggit tembang pamiyos│
  9. │Medal ing tegesipun │ den murade terusing ngelmu │ basa mijil sayektinira tajali │ apan manusa puniku │ sawahanane sawiyos│
  10. │Wiyos sayekti wektu │ wektu ka-ananing urip iku │ urip iku jatining wiji sajati │ den awas wasananipun │ tartamtuning kang pupunton│
  11. │Sawusnya Jeng Sinuwun │ nulya nganggit cariyos winangun │ paparengan jaman prajeng Majapait │ Jaka Sujanma ing dangu │ suteng Brawiyaya Katong│
  12. │Dadapan dukuhipun │ wusing mangkana tembang sadarum │ pan kinarya rerenggan kidung kakawin │ sinungan aran puniku │ tembang macapat lalagon│
  13. │Parenca tegesipun │ warna-warna seje etungipun │ temah lajeng sumebar dumadya anggit │ sawenehing para markum │ nenggih tan darbeni kaol│
  14. │Macapat tegesipun │ ugi petikan pan etung catur │ ingkang dihin ngraras saking sekar kawi │ sekar ageng tegesipun │ kasing slisir kang kapindho│
  15. │Tengahan kaping telu │ kaping pate macapat puniku │ yekti kena ingaranan tembang cilik │ nenggih wonten kaulipun │ saking pandita kinaot│
  16. │Tembung macapat mau │ apan kaliru ing sastranipun │ ing benere mancarpat artinireki │ manca lilima puniku │ arpat tegese sumaos│
  17. │Lawan sekawan iku │ dadi siwakaning limang tembung │ keng den adu ngedongken pinda gending │ dingin lagnyana puniku │ ulu ingkang kaping pindho│
  18. │Suku kang kaping telu │ dene kaping pate iku terung │ kaping lima talingan samya ndarbeni │ dirga antaraning tembung │ panengeraning lalagon│
  19. │Nulya wali sadarum │ pan angangit pangkataning ngelmu │ beda-beda dadining delahan nunggil │ kanumpulken ing kawruh  │ susurupan kang kinaot│
  20. │Sunan Giri rumuhun │ ananing Dat gegelaranipun │ Susunan ing Tandes anggelarken ngelmi │ nenggih ing pambukanipun │ Tata Malige rinaos│
  21. │Susuhunan ing Majagung │ ka-aning Dat wejanganipun │ Sunan Benang anggelaraken ing ngelmi │ nenggih ing pambukanipun │ tata malige rinaos│
  22. │Ing dalem Betalmakmur │ Sunan Muryapada wejangipun │ pambukane tata malige ing nguni │ dalem Betal Mukaramu │ kuneng malih winiraos│
  23. │Anenggih Jeng Sinuwun │ Kalinyamat weweyanganipun │ pembukaning tata malige sejati │ Betal Mukadas jronipun │ Jeng Suhunan ing Cirebon│
  24. │Weyanganipun ngelmu │ ing panetep kasantosanipun │ Iman Kangjeng Suhunan Kajenar nguni │ nenggih gegelaranipun │ sasahidaning dumados│
  25. │Kalih pangkat winuwus │ wonten wejangan gelaran ngelmu │ pan wowolu panjenengan para Wali │ ingkang ginita rumuhun │ nenggih tarbukaning sinom│

PUPUH XXVII
S  I  N  O  M

  1. Babaran pangiketira │ nenggih Jeng Suhunan Giri │ Parapen wejanganira │ jatining raos wiwisik │ ananing Dat tajali │ kang alanggeng wujudipun │ sinasmiteng pralambang │ Jeng Suhunan Ngatasangin │ pan amejang gelaran ka-ananing Dat│
  2. │Jeng Sunan ing Kalijaga │ wewejanganira ngelmi │ tata malige Punika │ ing dalem Betalmakmuri │ lan ambabar riricik │ parabotira sadarum │ patrap jenenging Edat │ nanging dereng den rarakit │ patrap pratikele ing satunggal-tunggal│
  3. │Dene Jeng Sunan Tembayat │ kalayan Jeng Sunan Kali │ miridaken kang wejangan │ anata malige jati │ ing Betal mukarami │ Sunan Padusan nggelar kawruh │ tata maligenira │ ndalem betalmukadasi │ Jeng Suhunan Kudus wewejanganira│
  4. │Tetep santosaning Iman │ Jeng Sunan Geseng inguni │ nggelaraken sasahidan │ panganggiting para wali │ eros rahsaning ngelmi │ anunggil suraosipun │ karana ngelminira │ wiwiridannya anunggil │ sami saking Jeng Suhunan Ngampel denta│
  5. │Kumpule kang susurupan │ gineleng dadya sawirid │ wiji wijanging weyangan │ jinejer sajroning tulis │ dene kang den calangi │ cancalane anak putu │ yen tan dadya mukmin kas │ mbok tibeng kawula langip │ pan minangka pikukuh karkating tekad│
  6. │Ri sampuning kalampahan │ panganggiting para wali │ karsaning Sultan Bintara │ kang samya ulah agami │ sinung wawasan sami │ saking Kuran nukilipun │ amrih angestikena │ kamulyaning para Nabi │ dadi sidik sidaning ngudi ngibadah│
  7. │Kang kocap layang Ambiya │ pan ayating Kangjeng Nabi │ kang sinungan Hidayat │ ilham rinilan akardi │ kitab watoning tulis │ panjenengan Nabi wolu │ rumuhun Nabi Adam │ katarbuka saking gaib │ pan akarya kitab kathahe sadhasa│
  8. │Nabi Esis kan akarya │ waton kitab seket iji │ Nabi Edris pan akarya │ kitab kehe tigang desi │ dene Nabi Ibrahim │ akarya kitab sapuluh │ pan Kangjeng Nabi Musa │ mung karya kitab sawiji │ Kitab Toret paneteging kasantosan│
  9. │Nabi Dawud pan akarya │ kitab Jabur mung sawiji │ dene Kangjeng Nabi Ngisa │ pan akarya kitab Injil │ gegelengan sawiji │ dene Kangjeng Nabi Rasul │ Muchammad karya Kuran │ myang kitab gunggungireki │ pan ingetang cacah satus kawandasa│
  10. │Denen Nabi kang sinungan │ wahyu Nurbuwating Widi │ kang samya mengku sarengat │ katrahan Malekad Nabi │ pan amung den winarni │ Nabi Adam kang rumuhun │ nenggih kaping sawelas │ Nabi Musa kaping kalih │ katurunan Malekad ping kawandasa│
  11. │Nabi Nuh kang kaping tiga │ katurunan limang desi │ dene ping pat Nabi Ngisa │ kaping rowelas nuruni │ Kangjeng Nabi Ibrahim │ kaping sawidak anunurun │ ping nem Nabi Muchammad │ ping rong leksa den turuni │ pan kinarya beda budhi kang utami│
  12. │Dene ta sarengatira │ ing Nabi sawiji-wiji │ sarengat Nabi Adam │ ngalalken salaki rabi │ lan sadulur pribadi │ sarengate Jeng Nabi Nuh │ angalalken amangan │ ing kirik gemelo kaki │ Nabi Brahim ngalalken inuman keras│
  13. │Sarengati Nabi Musa │ dosa pati den pateni │ sareate Nabi Ngisa │ kukum pati nora mati │ Jeng Nabi Mochammadin │ mustapa ingkang rinasul │ winenang rabi papat │ dene panjenengan Nabi │ ingkang sinung mengku ing Nur Buat│
  14. │Lan mengku wahyu kukummah │ katiga kocap ing tafsir │ ingkang dingin Nabi Adam │ Nabi Musa kaping kalih │ Nabi Rasul kaping tri │ Nabi kang umadeg ratu │ nenem kathahira │ kang tampi hidayat jati │ lan amengku wahyu kukumah titiga│
  15. │Nabi Yusup purwanira │ Jeng Nabi Dawud ping kalih │ ping tiga Nabi Suleman │ Nabi kang madeg narpati │ Nabi Adam rumiyin │ Malebari prajanipun │ kalebet tanah arab │ Nabi Yusup nagri Mesir │ pan Jeng Nabi Muchammad nagri Madinah│
  16. │Nabi kang mengku agama │ pan nenem kathahireki │ ingkang dingin Nabi Adam │ Nabi Nuh kang kaping Kalih │ ping tiga Nabi Brahim │ Nabi Musa kaping catur │ ping lima Nabi Ngisa │ kaping nem pang Kangjeng Nabi │ kita ingkang Rinasul nayakaningrat│
  17. │Kang binuka karya Kur’an │ mangka pemuting dumadi │ pan pinara tigang dasa │ ejus surate rininci  │ Kur’an kathahireki │ satus patbelas babipun │ dene sirahing surat │ ing Kur’an tanjul ngarasi │ apan kehe pan iya satus nembelas│
  18. │Atining surating Kur’an │ satus rowelas kehneki │ dene ta ayating Kur’an │ nem ewu rong atus nenggih │ punjul pitulas iji │ kalimahe Kur;anipun  │ kathahe telung lekso │ nem ewu rong atus luwih │ pan sadasa lan pitu sirahing Kur’an│
  19. │Arane surat  Patekah │ sirahing patekah nenggih │ dumunung aneng Bismillah │ sirahing Bismillah Alip │ Alip nokat kang dadi │ sakehing leksara iku │ kang aneng jroning Kur’an │ kasebut Nur Muchammadin │ wiwijange sawiji-wiji den uyat│
  20. │Alip tamsur jenengira │ aneng kitab Toret dadi │ Erabe  ing kur’an Jabar │ tuduh Muchammadiyati │ loro aksara Alip │ Istibah jujulukipun │ jenenge aneng kitab │ Injil irabe pan dadi │ Kur’an dadi jer tuduh Johar Muchammad│
  21. │Ping tri Alip aranira │ pan mutakalimunwakid │ kitab Jabur jenengira │ Erabing Kur’an pan dadi │ epes tuduhireki │ aneggih jumenengipun │ Kangjeng Nabi Muchammmad │ kapat arane kang Alip │ pan kurupul luwakit ing jenengira│
  22. │Aneng Kitab Ambiya │ erabe ing Kur’an dadi │ tanwin sayekti atedah │ Muchammad Adan Sarpin │ sirahing sastra Alip │ adege ing Iman iku │ naptu Gaib Sirullah │ ya Allah Rasulullahi │ kawuwusan pan tatakraning Tatakrama Kur’an│
  23. │Kang rumuhun iku Kir’at │ kaping pindo aran Jais │ Matlajim kang kaping tiga │ Emat kaping patireki │ jaka ping limaneki │ Hartartil ping enemipun │ Matpupasil ping sapta │ kaping wolu Matmutamsil │ ingkang kaping sanga aran Billagonah│
  24. │Mangagonah ping sadasa │ Ilham sawelasireki │ kaping rowelase ilhar │ ping triwelas ikhhar nenggih │ patbelas Eklap malih │ kaping gangsalwelasipun │ Ilpa kaping nembelas │ ikpa pitulase mangkin │ pan itikla dene kang kaping wolulas│
  25. │Pan ingaranan Kalkalah │ kabeh iku den arani │ bangsane ing tata swara │ gantya leksara winilis │ ingkang aneng ing diri │ pinardika wardinipun │ dunungnya sowang-sowang │ kang rumuhun aksara lip │ pan punika murwani jeneng ing Iman│
  26. │Lungguhing sasoring grana │ munggwing saluhuring lathi │ kabeh kang anandang Iman │ sayekti mangkono sami │ kewan sabangsaneki │ miwah buburu sawegung │ tan ana kang sinungan │ marma micara tan bangkit │ sayektine muhung aneng ing manungsa│
  27. │Mungguh tegesing manusa │ kaoling para utami │ murade awarna-warna │ yen Sunan Ngampel ing nguni │ denira anjarwani │ basa manusa puniku │ pinilah kalih pangkat │ Man tegese linuwih │ dene tambung Nusa jinarwanan jagad│
  28. │Keplase ing kumpulira│ kaluwihaning ing bumi │ apadene tapel Adam │ manusa asale bumi │ yen Sunan Ngatasangin │ basa manusa puniku │ sanadyan kalih kalpa │ sanes tarkaning nguni │ manu iku mani pan satunggal│
  29. │Keplase rasane pisan │ pan cahya ingkang pinuji │ pinuji miyeni yagad │ tan pae lan Muchammad │ murade iku sami │ manusa panutanipun │ yekti Nabi Muchammad │  terus lan duk maksih gaib │ purwaning roh pan saking enur Muchammad│
  30. Isbating Alip punika │ wenang  lair lawan batin │ aksara ebe ()winarna │ lambe wiwitan kang wardi │ lambe ngisor lirneki │ marmane ingaran iku │ iya lambe wiwitan │ dene  mosikaken uni │ mila wani wedare ing pangandika│
  31. │Aksara ete ()punika │ mungguh talesihing wardi │ pan iya ilat wekasan │ kulure marang ing sentil │ marma acecek kalih │ marga rong prakara iku │ sawiji mring tetedan │ samubarang kang binukti │ kaping pindo inuman basaning toya│
  32. │Aksara ese ()punika │ mufakating para mukmin │ tegese rahsa ganjaran │ dumunung tigang prakawis │ asalira ing diri │ yekti saking betalmakmur │ lawan betalmukaram │ telu betal mukadasi │ iya iku pasamoning triloka│
  33. │Aksara ejim ()punika │ jantung tegesireki │ enggon enggon gebenganing karsa │ anggelaraken ing budi │ dene akeh winarni │ kang urip ing tegesipun │ jatine iku cahya │ pangarep urubing budi │ iku uga ingaran kantining Atma│

PUPUH XXVIII
K I N A N T H I

  1. Ake ()gedhe kang winuwus │ ujaring para musanip │ tegese urip mulya │ ya iku raga sayekti │ kang kanggonan pancandriya │ antuk karenteging osik│
  2. │Edal ()cilik malihipun │ lire pandhadha ing kering │ edal ()gedhe dhadha kanan │ Re () gigir kiwa ningali │ Je () gigir tengen punika │ artine malih ngawruhi│
  3. │Sin ()cilik ing tegesipun │ ambekan maha sucining │ ya iku yatine napas │ Esin ()gedhe rasa jati │ Esad ()pan lamating netra │ ya iku pramana ening│
  4. │Lad ()paningal ati subur │ Ete ()ati angulati │ Le ()angen-angen tegesnya │ sajati-jatining eling │ engin ()lire lambung kiwa │ ing lambung tengene Ogin ()
  5. │Epe ()ati putih iku │ () Mutmainah kang sajati │ Ekap ()dhadha kang apadhang │ Lam () sawelah rehing kapti │ Mim () iku sikiling suksma │ Nun () tegese ora serik│
  6. │Dene ta aksara Wawu () │ logate aweh rijeki │ aksara Ehe ()punika │ murade mungkul ing ngaurip │ Lamalip ()pan tunggak badan │ Ambyah () roh, Ya () jasad jati│
  7. │Tamat papatokanipun │ mungguh wong laku agami │ pan samya angugemana  │ dadya agemaning ngelmi │ aweh makmum amanpangat │ temen kataman utami│
  8. │Dadi prabot satuhu │ kena minangka sasaring │ sarana saking sarengat │ pepengetaning wong langip │ nadyan ngelangut kaliwat │ lawas-lawas angawruhi│
  9. │Nihan mangkya kan winuwus │ Seh Sitijenar ing nguni │ sangsaya kariya sandeya │ maring sagung para wali │ Jeng Sunan ing Giripura │ matur Sang prabu Ngawanti│
  10. │Sapratingkahnya sadarum │ denira angorak-arik │ saruning sarak sarengat │ jumeneng guru-gugurit │ rosing saraseng rarasan │ akarya suwunging masjid│
  11. │Lamun aweta tumuwuh │ ical bituwah ing nguni │ tan wonten purun sembahyang │ ical caraning nagari │ anggering guru den arah │ sumarah anut kang murid│
  12. │Lawan cariyos ing dangu │ nalimpet anglempit ngelmi │ tan saking wiji winejang │ arda marsadu anilib │ nilem silumaning lampah │ milalah amalih warni│
  13. │Mangka adat kukumipun │ punika dipun pejahi │ ngandika Sultan Bintara │ inggih rinembaga sami │ manira sampun pracaya │ ing pratingkah gampang rumpil│
  14. │Jeng Sunan Giri agupuh │ anyuruhi para wali │ pan sampun prapta sadaya │ Sunan Giri anulya glis │ medarken karsaning Nata │ wali sadaya ngamini│
  15. │Pangran Sitijenar sampun │ tinimbalan marang Giri │ sapraptanira samana │ lan sabat kapitu ngiring │ ginedeg geduging tekad │ tan owah kadya ing nguni│
  16. │Sunan Kalijaga gupuh │ sinasmitan Sunan Giri │ saksana anarik pedang │ pan sariya ngandidka aris │ e kisanak iki paran │ Pangran Sitijenar angling│
  17. │Gaib arane puniku │ yekti dumunung ing pasti │ apreng ing sih Rahmatollah │ yen tumama karya lalis │ pan dadya sawarga mulya │ wasananing alam akir│
  18. │Asru kineker sinerung │ rosing sarahsa sajati │ mangkya arsa babarpisan │ sampurna ing eneng ening │ kaonang-onang kanangrat │ paran kang dipun upadi│
  19. │Pedang tinibakken sampun │ mring Pangeran Siti Kuning │ pedot jangga kapisahan │ kang rah sumamburat mijil │ dinulu abang-baranang │ Sunan Kali mesem angling│
  20. │Lah ta iki warnanipun │ kang wanter amuntu pati │ pan maksih lumrah kewala │ getihe nora putih │ jisime pan maksih wantah │ wujude maksih kaeksi│
  21. │Punang ludira tan dangu │ pan amalih warna putih │ kang jisim kinukut nulya │ kinebat saking sakedhik │ tan kumedap idepira │ panoning rat kang umaksi│
  22. │Dupi wus meh pasang surud │ kantuk katon sakemreki │ kacaryan mancala cahya │ gumilang-gilang nelahi │ awarna catur prakara │ abang ireng kuning putih│
  23. │Tan antara gya rinacut │ byar cahya panca kawarni │ cahya wungu kang kapisan │ cahya biru kaping kalih │ cahya ijem kaping tiga │ dadu kaping patireki│
  24. │Cahya jingga limanipun │ tan dangu kinukud  malih │ adaya cahya gumilang │ prabanira anelahi │ pan kadya puputran denta │ tan antara nulya gaib│
  25. │Sampurna ka-ananipun │ punang rah kang warna putih │ sakala ista seratan │ winaca ing pra Wali │ ungele punang aksara │ Laila haillolahi│
  26. │Sawusnya kang rah sumebut │ rinacut datan kaeksi │ Jeng Sungn ing Kalijaga │ pangandikanira wengis │ pan kaya patining setan │ jisim ilang tanpa lari│
  27. │Wau kang murweng don luhung │ atilar wasita jati │ he manusa sesa-sesa │ mungguh ing jamaning pati │ ing reh pepuntoning tekad │ santa santosaning kapti│
  28. │Nora saking anon rungu │ riringa rengat siningit │ labet asalin salaga │ salugune den ugemi │ ing pangageming raga │ suminggah ing sangga runggi│
  29. │Marmane sarak siningkur │ karana angriribedi │ manggung karya was umelang │ embuh-embuh den andemi │ iku panganggoning dunya │ yen ing pati nguciwani│
  30. │Sajati-jatining ngelmu │ lungguhe cipta pribadi │ pustining pangestinira │ gineleng dadya sawiji │ wijanging ngelmu dyatmika │ neng ka-anan eneng ening│
  31. │Kenedel swara kang karungu │ wau ta Suhunan Giri │ alon denira umuyar │ e kanca wasiteng wangsit │ yen rinasa sarahsanya │ puntoning pati patitis│
  32. │Tan kewran waraneng kawruh │ nanging tanduke awadi │ pan donning murweng delahan │ sidi sidaning don adi │ dumadi ywa kawadaka │ linintu wanda samangkin│
  33. │Wali sadaya jumurung │ saksana Suhunan Giri │ anyipta kadebog lupah │ wus antuk sinabdan aglis │ mangka lintuning kuwanda │ pangeran ing Sitibrit│
  34. │Wus awarna jisimipun │ para murid den timbali │ kapitu wus prapteng ngarsa │ tinodi reh paran kapti │ murid kapitu aturnya │ kedah melu bela lalis│
  35. │Labuh labeting guru │ angugeri lahir batin │ abantu babanten atma │ para wali tan nedyapti │ rehning tan kadresan dosa │ sangsara yen misesani│
  36. │Adreng andarung tyasipun │ sabat kapitu rumanti │ tumutur sang puruita │ mantep nedya bela pati │ dyan musti kanang curiga │ sadaya wus angemasi│
  37. │Para Wali langkung ngungun │ wonten malih ingkang prapti │ sabat satunggal kumedah │ ngudi ambelani mati │ ing guru kang wus sawarga │ Sunan Giri lingnya manis│

PUPUH XXIX
DHANDHANGGULA

  1. Aywa sira adreng reh ing kapti │ gurunira kaliwat druhaka │ amunggung sinangga-a dhewe │ ya apa pedahipun │ nglabuhi wong doseng Widi │ marmane kawisesa │ trang karsane Ratu │ lupute ambubrah sarak │ kang wus padha ingimanake Narpati │ laku ing kuna-kuna│
  2. │Angugemi ageme ing ngelmi │ ngorak aken ing sarak sarengat │ wus ana angger-anggere │ ingkang muni ing Kukum │ anemahi ukuman pati │ ing Arab Seh Mubarab │ tepane ing dangu │ iya kokum ing nagara │ dene wani lan ngimanaken agami │ uger ageming Nata│
  3. │Sabat kang liningan matur aris │ Suhunan dawuh kang mangkana │ sanadyan nista patine │ yen sampun jangjinipun │ boten kenging den sengguh nenggih │ puniku pati siya │ marma mba umatur │ cumantaka tan wrin angga │ awit seserepan yen sampun den esti │ ngelmune boten ical│
  4. │Pupuntoning tekad wus karakit │ tekaning tokid sampun pinasang │ sumarah sarahsaning reh │ lair batin kawengku │ pangawikan kang den wikani │ sumambung Jeng Suhunan │ ing Carebon gupuh │ bener wuwus mau mangkana │ nanging ka-ananing alam kudu ngudi │ dadining kanyatahan│
  5. │Katrimane wong ngimanaken ngelmi │ mara payo jisime den enggal │ paripurnanen becike │ pinetak kang pakantuk │ antarane ing telung bengi │ enyange den duduka │ yen gandanira rum │ mratandani katarima │ antuk swarga yen gandane arus bacin │ yekti tan katarima│
  6. │Sabat siji anut rehing kapti │ layon debog pan sampun pinetak │ sampuning ngantawisake │ jangkeping tigang dalu │ layon pindan dinudhuk malih │ mring sabat kang anonda │ gandanira arus badeg penguk balerongan │ atur tobat wekasan tumut anyantri │ pra wali langkung suka│
  7. │Wus pinendem wau punang jisime │ ya ta praptaning antara dina │ kapiyarsa ing garwane │ yen lakinira lampus │ aneng Giri Pangran Sibrit │ patine tanpa dosa │ langkung masgulipun │ sanalika lajeng dangdan │ lawan bekta kulawarga sawatawis │ prapta neng Giripura│
  8. │Njujug ngarasaning Sunan Giri │ tembung anggugat tan anarima │ sapatine lakine │ tan wonten dosanipun │ anemahi pati tan yukti │ kalamun makatena │ punapa Sinuwun │ ical denira kinariya │ wali mulya lampah asiya ing dasih │ ngarenah nganiaya│
  9. │Dados kasebut yen kirang sidik │ mangka pantese ambeg sagara │ Sunan Giri andikane │ ni mbok mung darma ingsun │ anglakoni karsaning Aji │ marmane kawisesa │ somahira iku │ labete anandang dosa │ ngrusak sarak nggorohi rehing nagari │ ni Lemahbang aturnya │
  10. │Kadospundi karsane sang Aji │ teka damel  karenahing wadya │ amisesa sakarsane │ pan ratu Sipat Luhur │ sipat maklum lan sipat asih │ apan laki kawula │ mung memeyang ngelmu │ kasampurnaning ngagesang │ yen cidra dados lepating nagari │ lah inggih punapa│
  11. │Para wali sami den lilani │ mijangaken mejang ing ngelmu kak │ mawi beda pandume │ yen lakya mba kang lampus │ nerak sarak lan anggorohi │ ngelmunipun abatal │ jindik wekasipun │ sayekti para Oliya │ boten sanes inggih makaten pinanggih │ kados laki kawula│
  12. │Sunan Giri kewran ing pangalih │ kendel manganam-anam ing driya │ katarbuka wangsulane │ manu ara ngingimur │ yayi aywa sandeyeng galih │ patining lakinira manggih Swarga luhur │ wit wus dadya patembaya │ nora nista mandar utama ing pati │ putusing kasunyatan│
  13. │Yekti ingsun mung minangka margi │ anjalari ngater ing delahan │ cangcut pacanding kapaten │ lair batin jumurung │ ni Lemahbang duk amiyarsi │ tanduking pamindaka │ ragi darbe lipur │ wasana alon turira │ yen makaten nyuwun pratanda ing mangkin │ swarganing katarima│
  14. │Sunan Giri kendel mesu budi │ budi daya dadining mangunah │ mangeningaken enenge │ gya mudar ing sabda rum │ lah ta nini mara den aglis │ tumengoa ing wiyat │ apa kang kadulu │ angetokken ni Lemahbang │ sanalika lajeng tumenga manginggil │ katon kang langit bedah│
  15. │Saha katon sawarga sawardi │ tanpa timbang yen ing alam donya │ lakine lungguh ing bale │ kang rinengga raras rum │ nunggil lawan kang para Nabi │ sawusnya ni Lemahbang │ pan lajeng tumungkul │ langkung suka anarima │ mung ing benjang yen amba nusul ing laki │ mantuk ing rahmat ‘Ullah│
  16. │Kadongakna sageda anunggil │ wonten ka-anan ingkang minulya │ Sunan Giri ngestokake │ pangestining tyasipun │ ni Lemahbang anulya mulih │ lawan sakulawangsa │ wuwusen kang kantun │ Jeng Suhunan Giripura │ duk samana sampun ngaturi udani│ lunase seh Lemahbang│

——————————————————————————————————————–

P R O S A

Kangjeng Sunan Giri lajeng munjuk dateng Kangjeng Sultan manawi ingkang nglunasi Seh Lemahbang wau, Kangjeng Sunan Kalijaga. Amila Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng kaganjar siti ingkang dipun remeni, inggih punika ing tanah Kadilangu. Kangjeng Sunan Kali lajeng boyong dateng Kadilangu.

Gantos kacariyos, Buyut Paningrat  kaleres mantu kaliyan Prabu Brawijaya, sabedahipun Majapahit lajeng lolos kaliyan putranipun estri nama Dyah Nawarwulan njujug ing redi Enduk, saha mretapa wonten ing ngriku (Buyut Paningrat punika putranipun Ayar Parida terah saking Pariya)│ Buyut Paningrat wau kala taksih nama Buyut Tandreman, katarima ing Sang Nata anggenipun mitulungi Sang Nata nalika badhe tinempuh ing duratmaka wonten ing wana. Buyut Tandreman wau lajeng kaganjar dados panongsong, saha kaparingan nama Buyut Paningrat (tegesipun paningrat = anebar sorat). Dangu-dangu putra nata Dewi Retna Marsandi gerah sanget, inggih lajeng saras dipun usadani dening Buyut Paningrat. Sang Putri wau lajeng katarimakaken dateng Buyut Paningrat. Saweg patutan satunggal Dyah Nawarwulan kasebut ing nginggil sang putri lajeng seda. (Redi Enduk panggenanipun mretapa Buyut Paningrat kasebut inginggil, sareng sampun reja lajeng kaelih nama dukuh Kadilangu). Dukuh Kadilangu punika dumunung sapinggiripun lepen Bagawanta. Anuju satunggaling dinten, Retna Nawarwulan adus wonten ing lepen, kapregokan kalian baya putih, ratuning baya, nama Jalasengara (Jalasengara punika, kala rumiyin anama Butaijo, putranipun Prabu Tunjungseta ing Pengging. Raden Butaijo wau angremeni ingkang bibi, saha dipun delikaken ing lepen. Sareng konangan ingkang rama, ingkang rama duka. Raden Butaijo kaesotaken lajeng dados baya putih, ngratoni sakathahing baya wonten ing saganten. Dene ingkang bibi dipun sedani dening ingkang rama, saha kalarung).

Jalasengara gadhah melik dateng sang dewi, sang dewi lajeng kasaut. Sang Dewi boten rumaos kasaut baya, nanging rumaosipun dipun pondong jaka bagus. Cekakipun kalih-kalihipun sampun kapadan karsa, mangun asmara. Sareng sampuna rampung, sami badhe dateng pinggir sagaran; wasana lajeng byar katingal, sang putri wonten ing pinggir lepen malih. Sang Putri rumaos, saha namung nalangsa ing Pangeran; lajeng kondur. Dangu-dangu ingkang rama uninga, nanging sang putri dipun dangu boten blaka. Sareng jabang bayi lair, medal jaler. Ingkang rama saking lingsemipun, lajeng seda nglampus. Sang Putri kantun anggana melas asih kaliyan ingkang putra. Tangga tepalihipun sami dateng mbekta pisungsung sakadaripun.

Kacariyos malih, Prabu Jalasengara mbekta rencang sekawan sami aminda manungsa, lajeng martuwi dateng sang dewi, sempunipun kados petinggi desa, nanging lampahipun radi anyalawadi, awit sanajan kanca-kancanipun dusun ingkang sami martuwi, sampun sami mantuk, tiyang gangsal wau boten purun kesah. Sang dewi boten pangling manawi salah satunggal saking tiyang gangsal wau, ingkang kala rumiyin anyidra asmara dateng piyambakipun. Mila tiyang wau lajeng dipun gumateni, saha sang putri sampun lajeng kaaken bojo dening tiyang wau. Kacariyos tiyang gangsal wau kungkulan kisi, lajeng badar dados baya malih, dipun busuh-busuhaken kalian tetiyang ingriku, lajeng musnah, namung tilar weling kaliyan sang Dewi, manawi anakipun wau kapurih namakaken Jakasengara. Sang putri inggih mituhu, saha wontenipun namung sumende ing takdir. Sareng Jakasengara kinten-kinten wanci salare angen agengipun, lajeng taken bapa dateng ibunipun. Ibunpun mituturi manawi bapakipun ical musnah wonten ing lepen sacelakipun ngriku. Wasana Jaka Sengara lajeng mretapa wonten ing lepen ngriku, niyatipun sumeja manggihi ingkang rama. Manawi ki Jaka  badhe nggagyuh kamulyan, kadhawuhan nyuwita dateng Demak. Jaka Sengara lajeng mantuk, matur dateng ingkang ibu saha pamit badhe nyuwita dateng Demak. Ingkang ibu mambengi, nanging ki Jaka meksa  kemawon, lajeng mangkat nilapaken ingkang ibu. Ingkang ibu lajeng nututi, nanging katilingsingan ing margi. Sang Putri gerah kesrakat wonten ing margi, lajeng seda.

Kacariyos Jakasengara wonten ing Demak tansah kadungsang-dungsang, margi mboten wonten tiyang ingkang purun kanggenan, awit sinten ingkang kanggenan, sami lajeng nandang pagering. Jaka Sengara lajeng pepe wonten ing alun-alun, saha kauningan ing Jeng Sultan, sarta katimbalan katampen pasuwitanipun. Dangu-dangu katarimah, lajeng kaparingan pangkat mantri, kaparingan nama Ermaya.

Kacariyos Tumenggung Mataun mbalela ing Jeng Sultan. Ermaya lajeng kautus nimbali tumenggung Mataun, saha manawi mopo kadhawuhan angrampung. Cekakipun Ermaya kalampahan perang rame kaliyan Tumenggung Mataun. Ki Tumenggung kasor, lajeng katigas jangganipun, katur Kangjeng Sultan. Kangjeng Sultan karenan ing panggalih. Ermaya lajeng kagentosaken dados Tumenggung wonten Mataun, saha gantos nami Tumenggung Jayasengara, saha tinariman putri saking Kudus.

Kacariyos kyai Ageng Kebokenanga, sasedanipun ingkang rama Prabu Dayaningrat, mboten saged anggentosi. Kyageng Kebokenanga kagungan saderek jaler satunggal nama Kebo Kanigara. Kebokanigara wau tetep angugemi Kabudanipun, atutruka wonten Redi Merapi. Dene Kyai Kebokenanga anglampahi agami suci, maguru dateng Pangeran Sitijenar. Kacariyos kiyai Ageng Pengging (Kebokenanga) gentur tanipun, mila inggih ageng kramatipun, saha niyat badhe wahdat. Anuju satunggaling dinten wonten tiyang saking tanah Kedu, nama karan anak Pak Kadim, sowan perlu nyuwun jampi kangge anakipun ingkang nama Pun Kadim wau, awit sakit bisu wiwit alit mila. Cekakipun Pun Kadim saged saras, mila pak Kadim inggih sakalangkung sukuripun. Lajeng nyuwita dateng Kiyai ageng dalasan anakipun pisan.

Kyageng Pengging sowan ingkang raka tunggil guru. Kyai Ageng Ngerang ingkang depok ing ardi Purwa. Ing ngriku, wektu dalu kyageng Pengging tampi sasmitaning dewa supados daupe kaliyan rara Alit ing Gugur, ingkang sumedya wadat ugi, sabab badhe anurunaken wiji calon ratu. Sareng tampi sasmita makaten. Kyai ageng Pengging kaliyan kiyai ageng Tingkir, lajeng tindak dateng Gugur, angluru Rara Alit, ingkang kasebut ing wangsit. Tindakipun sami mampir ing Butuh, saha kaleresan kiyai ageng Butuh saweg katamiyan kiyai Ageng Ngerang. Kiyai ageng Pengging sampun pajar punapa ingkang sinedya. Wusana sakawan pisan sami sumedya dateg Gugur. Sareng lampahipun dumugi ing wana Jatisari, kapethuk tiyang lalampah sakawan, inggih punika kiyai ageng Gugur, putri wadat ingkang kalebet ing weca sarencangipun Kyageng Butuh mboten samar, lajeng nyuwun pitaken dateng kyai ageng Gugur, pundi ingkang sineddya, dene semunipun mawa perlu. Kyai ageng Gugur apajar, manawi badhe mituhu wangsiting Pangeran ingkang dipun tampeni, inggih punika manawi ingkang rayi rara Alit pinasti ajatukrama kaliyan kyai ageng Pengging, saha badhe anurunaken ratu linangkung. Kyageng Butuh rena ing panggalih, dene wastanipun ndaradsihi. Wasana lajeng sami dateng Gugur sadaya. Cekakipun kyageng Pengging sampun kalampahan daup kaliyan rara Alit. Kyai Butuh tuwin Ngerang lajeng kondur. Kyageng Pengging tuwin Tingkir ugi kondur, mampir ing Pengging sawatawis.

Kacariyos kyai Ageng Kebo kenanga saya mangsut. Anuju satunggaling dinten kaleres anggara kasih, sabat pak Kadim angingsep sarkara dateng Kyai Ageng, kados ing ngandap punika :

PUPUH XXX
DHANDHANGGULA

  1. Duh bendara kang asih ing dasih│ kamipurun matur sarasehan│nuwun uninga dununge │ pralampitaning kawruh │ isbat-napi, amba tan ngerti │ paran ing wijangira │ ulun nyuwun makmum │ Ki Ageng Pengging ngandika │ eh rengenta nalikanira Jeng Nabi │ Rosul Nayakaningrat│
  2. │Wektu Subuh niyat satengahing │ Takbir Ekram mung tekabulira │pinareng lan nugrahane │ rinilan medar ngelmu │ bangsa tekad tekabulngelmi │ ing napi lawan isbat  │binabar sing kalbu │ ywa kongsi tan mor ring karsa │ rehning tunggal karya tunggal warna tuwin │ amung beda artinya│
  3. │Kabeh kalabu obahing budi │ beda-beda panunggalira │ rerasan rasa rungune │ pamawasaning kawruh │ wruh ing dudu dudunga dadi │ widagdaning kasidan │ sidik ing pandulu │ pandulu delenge ilang │ langlangana meleng denira angliling │ weninge ing panunggal│
  4. │Ing nalika Jumungah Jeng Nabi │ lawan para sakabat sakawan │ neng bet’ullah sabakdane │ salat Kumungah laju │ arsa medar kawruhing gaib │ wiwit bangsa tekad │ catur antepipun │ Jeng Nabi aris ngandika │eh ta Ngumar, Abubakar Ngusman Ngali  │ payo pada rerasan│
  5. │Kang Sun rasa surasaning ngelmi │ Ingkang Maha Suci kang anitah │Napi Isbat prabedane │ myang pisah-kumpulipun │ jroning rasa kawan prakawis │ sawiji adepira │ eklas kalihipun │ tri antep teteping tekad │kaping pate sampurnanira kang pasti │ wruha bedaning tunggal│
  6. │Ngawruhana bedane kang napi │ ngawruhana bedane kang isbat │ paran ta mungguh dununge │ e sakabat ngong catur │ sapakoleh pikiren sami │ salah-siji kang tampa │ Ilhaming Hyang Agung │ sukur bage kabeh tampa │ begyanira ywa kongsi angendong pikir │ pra sekabat tur sembah│
  7. │Raosing tyas pan dereng amanggih │ pan sumangga ing Gusti panutan │ abdinta nyuwun jarwane │ Jeng Nabi ngandika rum │bangsa tekad samya pinikir │ yen bener pirang bara │ ing panemunipun │ing mengko pan ingsun jarwa │ prabedane napi-isbat ing Hyang Widi │antepe jroning rasa│
  8. │Waspadakna ananireng Widi │ panunggale ing rasa punika  │sa-obahe lan osike │ kalawan weningipun │ yen wus wening anane yekti│ yektine datan liyan │ mungguh ing Hyang Agung │  pamomore karsanira │ambawani solah bawanira iki │ anglimputi casira│
  9. │Dumununge ana kang nganani │ turu lungguh atangi lumakya │iku ta nugraha lire│ upama damar murub│ urubira pada madangi │ kang padang iku nyawa│  iya kang anglimput │ ing sajroning rupa panas │ yeku mangka ibarat ingkang wus yekti │ isbate ananira│
  10. │Padanging cas tetep isbat jekti │ napekena napi kang kisenan │ ingawa pamoring gawe │ kuwat tumibeng ewuh │ jroning amrih antareng pati │pati patitisena │ kang wening dumunung │ isbatna kaananing Dat │rasanira napi tingaling Hyang Widi│  pangening cipta maya│
  11. │Pancadriya driyane kang wening │ nirna mala mamalani driya │ ideken ing budi sareh │ ririh satiti ruruh │ peteng renteng ruten neng kapti │ tratap kesaring nala │ yeku mangka siku │ pamurungireng kasidan │ yen tan awas eling lawan sipat napi  │ sipate awasena│
  12. │Prabedane lan sawiji-wiji │ Dat wajibul wujud mbok Manawa ,│ ing kene pinaringake │ cipta ingkang tuwajuh │ jinatenan yatining-yati │yatining antepira│ dera kang Maha Gung │ yeku margane kasidan │widagdaning ngandel kumandel ing Widi │ pinandeng kang waspada│
  13. │Kaanane seyanen ing budi  │ ilapate ing Dat kang sanyata │ Pinta-pinta panggonane │ bangsaning isbat iku │ napi-nira pan napi jinis │ yeku mangka panunggal  │ing ananireku │ napi nira isbatena  │ing tegese murca tutunggale dadi │ pratanda neng sihira│
  14. │Netyanta kang warna kaananing │ Dat sampurna Nur moring kang warna │ awenes wening bedane │ Dat salikin rumuhun │ cahya saking ing driya kaki,│ lintang panjer rahina  │eram arum-arum │ Dat mutlak kadi purnama │ Dat ngalimun ing sapanunggale kadi │ sawarna lawan sipat│
  15. │Ilanging Dat asma pan wahyaning │ Dat subekti lir surya warnanya │muksaning Dat subektine │ ing cahyaning Dat Suhut │ angebeki buwana kadi │ cahya tan ana mada  │ ing salaminipun │ beda lan padanging surya │ myang padanging rembulan datan amirib │ iku padanging padang│
  16. │Kang Munggeng jroning padang kang pasti │ ananing Dat yekti ananira │ananira sayatine │ ya anane Hyang Agung │ solah tingkah wus datan kalih │ iku Isbat kang nyata │ napi wus kapungkur │ iku anteping tyasira │ mantep iku papadang amor ing Gaib │ wong anom den waspada│

PUPUH XXXI
S  I  N  O  M

  1. Paran ta ing sabatingwang │ Abubakar Ngusman Ngali │ Ngumar mara kabeh samya │ rasakena rasa iki │ tukul wekeling kapti │ pinareng lawan panuju │ nugrahaning Hyang Suksma │ yen mungguh panemu mami │ sun sumende ing aran rehning kawula│
  2. │Ing kono Manawa ana │ panemu salah sawiji │ rujuk lan paneyaning wang │ sukur bisa amuwuhi  │waspadakena malih │ lalakon wentehanipun │ sira pada uruna │ kawruh wajib lawan napi  │dadi bisa sampurna kaananira│
  3. │Wuwuh Kandel kumandelnya │ sakabat sujud ing siti │ satangining sujut nulya │ donga sukur ing Hyang Widi │ samya umatur aris │duh gusti duteng Hyang Agung │ kang mangka nayakengrat │ kang saestu panutan mami │ donya kerat aparing swarga minulya│
  4. │Langkung genging kang nugraha │ mumpangat tuwin nrambahi │marma umate sedaya │ tangeh sageda mangsuli │ malah milu ta saking │dutaning Hyang sabdanipun │ Jeng Nabi angandika │ sukur yen pada nyandangi │ yen wus nyata sineksi pada kadriya│
  5. │Ing kuna pan durung ana │ seksi masallah ing tepsir │ sirik sikuning jubriya  │rehning boborongan budi  │wit datan pinarsudi  │ kawaspadan tuna luput │ cacad marang weweka │ sambekala anasabi  │kabegyane agawe salah panarka│
  6. │Dandananing cipta maya  │sadaya adi jun angling │ nglimputi lebeting arya │jumeneng manah kang wening │ menek Manawa dadi │ dalan aryaning tumuwuh │ ewuhe wong angulah │ kawaspadan maring gaib  │bedanira asring kakenan nugraha│
  7. │Rarasen ing pamadyanya  │ kewala lair lan batin │ antepira kang santosa │barang parentah Hyang Widi │ kang dadi lawan tepsir │ aja gumingsir ing kalbu  │saobah osikira, │ pasrahna karsaning Widi  │dadi sidik kasidanira widada│
  8. │Racuten ing panarima │ yeku tatalining eling │ lire kabekaning driya  │wus tan ana anglabeti │ ing mengko sun jarwani │ lekune eklas ing kalbu │napi patang prakara  │lawan Isbat ingkang tapsir  │wujud ngelmu nur suhul napi isbatnya│
  9. │Dene wujud tegesira  │ya ana ananing Widi│ Nur Cahya kang sayati │iya cahyaning Hyang Agung  │suhut moklis tegesnya │ ya moklisira Hyang Widi  │yeku isbat babate kaanan tunggal│
  10. │Tunggale kaananing Hyang │ iya ananira iki │ kawruhing Hyang kawruhira │ cahyaning Hyang maha suci  │iya cahya nireki │ muklising Hyang kang ngaluhur │ tan ana prabedanya │ wruha bedaning ngatunggil  │dadi tetep ananing Gusti kawula│
  11. │Mangkono prabedanira  │iya ananira iki  │winengku kodratireng Hyang │sinandi kaduman takdir  │sayekti neng Hyang Widi │ aneng kodrating Hyang Agung │ pan kodrating kawula │ kumandel marang ing takdir│ eklasena yen wus takdire tumeka│
  12. │Aworing Gusti kawula  │jiwanta lawan Hyang Widi  │yen munkir ing takdirira │ munkir titahing Hyang Widi │ puniku kapir musrik │ lire karem anyakutu │ titinen kang sanyata │ dadi anteng tur pratitis │ titisena suhut wruhing kodrat ‘Ullah│
  13. │Jaba jro roroning tunggal│ yeku isbat lawan napi │ ana dene kawruhe lirnya │ kawruhing Hyang kang linuwih,│ yeku datan kalempit,│ waskita ing nguwis during  │tan kilap tan asamar │ maring wujud kang sajekti │dadi tunggal pamoring Gusti kawula│
  14. │Pan ing kono patrapira │ sejene kang ngawruireki │ sinandang Iradating Hyang  │sinerung aralireki │ tegese angadangi │ ing driyanira kang wanuh │lan pancadriyanira  │weh pantog petenging ati │ anunulak marang kawaspadanira│
  15. │Sarehna tyas kang santosa  │rehning ngaral kang ngawruhi │ aya ngemeng panarima,│ trimanen ganyaran Widi │daupna myang kedaping │ iradatira kang agung │ ing kono yen wus nyata │ tetepe atunggal kapti │ yeku mangka loro-loroning atunggal│
  16. │Lorone ngaral kawula │ wiji ing uyar sawiji  │obag-osik ing kawula │meneng muni kang awening  │yen nembah lan amuji │ tan ana jujug jinujug │ pujine mung raharya │ raharyane wong sabumi │ barang polah tingkah iku krana Allah│
  17. │Solah bawa wekas arsa │ yen ta eklas lair batin │ dene tegese kang cahya │cahyaning Hyang Maha Suci │ kawawa amadangi │ yagad cilik yagad agung │ Hyang kang Murbawisesa │ warna lintang lawan sasi │ kabeh ingkang sumorot cahya kang murba│
  18. │Mada cahya nora kena  │ pinada pan anglimputi │ ing alam sahir kabirnya │kang sestu cahyaning Widi │ Sumanding amadangi │ yagad gung akeh kamlimput │ mamoring cahya nira │ prabadane sajroning kapti,│ anrambahi prabawa andiwangkara│
  19. │Pira-pira prabawanta │ tangi turu malku linggih │ ya cipta kuwasanira,│Pribadi ingkang mastuti │ tamtu Nuring Hyang Luwih │ den waspada ing pangangkuh │ kukuhen utamanya │ tuman tumemen ing Widi │satuhune sireku sarasaning Dat│
  20. │Polah tingkah saking Allah  │ ngawruhi bedane tunggil │ rehning apes duwekira │ ngrogoh alamun antuk sih│ sengsemana kang yekti │ Wiradat ingkang sestu │ teka neng aklasira │ iku mbokmenawa keni │ padang iku pratanda antuk sihira│
  21. │Ing lohkilmakput Manawa │ agung pamoring tateki │ iya tegese anuksma │ sinuksma mungguh Hyang Widi │ dene kang ngati-ati │mring badan temen nyateng mu │ laire kawruhana │ kawisayaning ngaurip  │uripira ananira sangkan paran│
  22. │Mangkana bangsaning cahya │ dene cahya bangsa napi │ sayektine isbat ugi │napine pan napi jinis │ pamoring bangsa gaib │ warnane cahya wowolu │dene kang catur warna │ pratandanira Hyang Widi │ angobahaken amosikkaken ing kawula│
  23. │Kumalebat ingkang cahya │ pratanda sira antuk sih │ ing Hyang kang amurbeng Alam │ tanapi antuk prihatin │ tuna kalawan bati │ ing kono pan wus tinemu │ tan kena tinampika │ miwah tan kena pinilih │tampanana ing nikmat lawan manpangat│
  24. │Warna kang catur namanya │ abang ireng kuning putih │ iku kodrating kanyatan │ maweh senengning ngaurip  obahing bumi langi │ Sir’ullah ing wastanipun │ iku sira den awas │ marwasa ilapat yati │ ana maneh cahya kang dadi pratanda│
  25. │Gogolongan dening cahya │ tri warna wenes awening │ sajuga yenar pratanda,│ lara kapenaking diri │ miwah raharjeng diri │ dene putihing warneku │ meh singgal ing kadunyan │ dene ingkang warna abrit │pratandane elingan sabarang karya│
  26. │Mrabani cahya kang nyata │ yeku isbat napi jinis│ puniku rencananing tyas │ sring napi yamaning pati  │sapisan anempeli │ ingkang awas eklas emote │ wawasen den waspada │ angudi sampurneng pati │ sedyanira dadi kantining Hyang Suksma│

PUPUH XXXII
K I N A N T H I

  1. │Dene lakune ing suhut │ suhut tegese wus muklis │ muklis wustan karem dunya│tan ana rarasan malih │ nora lara lan nora sak │ tan suka datan prihatin│
  2. │Kaananing Kang Maha Gung │ purbawasesaning muklis  │Hyang Suksma dadekken Alam │ myang akarya bumi langit│ isen-isenning bawana │ manusa tinitah luwih│
  3. │Tan na uni tanpa wujud │ kang awujud tanpa uni │ tan arupa tanpa ganda  │ana ganda tanpa name │ kang wujud datanpa nyawa,│kang nyawa datanpa osik│
  4. │Ana wening tanpa ndulu │ Allah iku tanpa warni │ kang mujud datanpa nyawa │ ana wuwus tanpa warni │ kang wujud datanpa nyawa │ kang nyawa datanpa muni│
  5. │Kang lungan tan nedya mantuk │ kang mulih tan lunga nguni  │warna-warna titahing Hyang │ sinandang titahing Widi │ sami sinung kanikmatan │munpangat murahing Widi│
  6. │Kabeh rusak yektinipun │ tan ana langgeng sawiji │ mung manusa kang kinarya │ tinitah luhur pribadi │ ana rusak ana ora │ urip langgeng pribadi│
  7. │Yati-yatine pan iku │ kang murba wiseseng dasih │ tunggal lawan muklisira │ tan ana sipat kakalih │ wruha bedaning atunggal │tunggalena nala ening│
  8. │Yangjine prabedanipun │ muklis tinariman ing sih  │Sih ing Hyang marang ing sira │ tegese panrimaneki │ adepira ing Hyang Suksma │ iku sayatine muklis│
  9. │Ing kono prabedanipun │ barang rehira wus tunggil  jwa sira darbe panyipta │ kuwasa wasis pribadi │ den sukur lawan narima │ yen pinareng Sihing Widi│
  10. │Dadine datan kalawun │kayunira kang lestari │ lestari pamoring Suksma │ sinuksmanan kang patitis │ murwakala purbaning karsa │karyanta tansah den sihi│
  11. │Idepna adepireku │ dununging Hyang Maha Luwih │ den pusti ana ing sira  │ jiwanta sayati wening │ anglimputi kalimputan │ dadi eneng kang sajekti│

 

TITI – TAMAT

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: