alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK ACIH


 PUPUH
P U C U N G 

  1. Murweng pucung karsa dalem jeng sinuhun ingkang kaping Sanga karya pralampiteng ngelmi wuryaning reh suluk Acih wewejangan.
  2. Mongka pemut limuting nala kalimput kewraning wewerantan wrin sasmiteng rahsadi dimen sampat samaptaning sipta maya.
  3. Lamunkabul kalaban lebdanngkalbu bubuka cinitra somaning purnama-siddhi Ramlan Alip, tata trustheng sabda nata.
  4. Purwanipun medhar wasiyating guru marang muridira. Bismillah rahman air rakhim alkhamdulillahi rabil ngalamina.
  5. Assalatu wasalamu lajengipun amuji ing Allah lan amuji kangjeng nabi Rasulullah mongka sami kawruhana.
  6. Rahseng ngekmu khakekat ingkang wus khusus sajatining kanang nampurnaken ing ngaurip iki lire ngelmu ingkang linarangan.
  7. Kang sinerung ing nabi wali mukminun nguni-uni datan wonten kang purun nembangi saking dahat wadining ngelmu punika.
  8. Awitipun rinumpakeng sekar pucung Dyan Ronggasasmita nempuh byat amedhar wadi sarupane pamejanging gurunira.
  9. Kang den ebuk ing parimbon sadayeku samya tinembangan kinarya suluking ngelmi pan minongka pambengkasing tyas hardaya.
  10. Nalika duk kinuncang dening Hyang Agung pisah dunya rowang aneng sabrang nagri Ngacih wongkakalih lan mas Yakir pernah paman.
  11. Nanging nuju lara rumah pamanipun minggu sungkaweng tyas tan kena tinari-tari duk markirtya Jumungah Rabingul, awal.
  12. Lek ping pitu taun Je mongsa kapitu candrasangkalanya naya suci pandhita ji purwakaning ngelmu nukil saking kitab.
  13.  Ahkhyang ngulumudin lan saking anurun tapsir Ibnu Ngabas gelmu khak kang den-rasani tahsis ing ros mas,alah kiyas paesan.
  14. Kang den ilo lawan kang ngilo puniku jatining wayangan anane kangngilopasthi iya iku tanana prabedanira.
  15. Tegesipun kang ngilo iku Hyang Agung anapon wayangan jatine kang ngilo pasthi iya iku kang ing aranan datullah.
  16. Malihipun aran sipatullah iku ya sipatira pasthine kang den-arani apagalullah pan iya panggawenira.
  17. Den tuwajuh poma aja saksireku aja kumalamar lawan aja pindho kardi krana wong kang makripate wus sampurna.
  18. Lwire kang wus prapta ing wahdatul wujud sakathahing asya paniku kukhume nafi dene khakekating nafi iku asya.
  19. Isbatipun nenggih datullah puniku pasthi awakira nanging ta dudu sireki ngendi ana maneh lamun dudu sira.
  20. Iya ngendi ing enggoning nyatanipun marma akeh wong kang kasmaran tan wruh jati sabab keron akeh-akeh ing pawarta.
  21. Wowor sambu, karana sah ing pangrawuh iku tan umiyat iya ing wujud kakalih yen maksiya kakalih durung sampurna.
  22. Kawruhipun anak muriding wang poma aja wani-wani angarani Allah sakathahing asya.
  23. Dene lamun den arani Allah iku yenmaksih umiyat iya ing wujud kakalih yekti kupur wong iku patang madahab.
  24. Apa tan wruh ing dalile awakipun yen ngahenallaha karana andika nabi Rasulullah lapale faman ngarafa.
  25. Lan napsahu fakad ngarafa rabbahulan fakad ngarafa napsahu tegesireki sapa wruh ing pangeran wruh awakira.
  26. Yektinipun pangandikaning Hyang Agung lapal jroning Kur,an muni ing dalile mafi anfusikum, lan afalatub siruna.
  27. Tegesipun ing dalem awakireku sadaya apa ta tanana sira tingali sajatine awak iku kanyatahan.
  28. Ing Hyang Agung, kang wayah sawiji iku nyata lamun tunggal lawan wonten lapal malih saking ahya ngulumuddin nukilira.
  29. Inallaha tangala iya gha,ibun lan malih lidira wal,in san  ya ghaibi lwire Allah tangala iku pan suksma.
  30. Nadyan mungguh kawulane ya suksmeku ana malih lapal wal,lahu batinunnasi lawan malih wal,insanu lahirullah.
  31. Wal,batinul khakku wallahirul khakku tegese Hyang Suksma batin ing manusa yekti tuwinmanuseku lahire Hyang Suksma.
  32. Batinipun nyata nadyan lahiripun sami nyatanira tanana bedane ugi nora pisah ing antaraning panunggal.
  33. Ujar iku poma aywana kawetu maring wong akathah den asasab ang awingit ing pasthine iku nasaraken uga.
  34. Jer wong iku, kadohan upayanipun panyanane uga ing kana ana Hyang Widdhi atawa den nyana ing kene tan ana.
  35. Miwah lamun parek-kaparekan iku den arani ana ing kene pangeran neki atawa ing kana dinalih Tanana.
  36. Dadi bistu kang mengkono kawruhipun lwire wurung sabab suwung ngelmune tan dadi ing dadine nembah mangrah marang setan.
  37. Ngestu makdum sarpin den ucapna iku tur mongsa gelema jer ana tandhane yekti wong kang durung darbe guru kang sampurna.
  38. Tuduhipun dadi sasar ingkang ngelmu kapir katemahan pangandikaning ulami sarupane wong kang durung tumekeng khak.
  39. Durung guru kang pasthi pituduhipun satuhune setan kang minongka guruneki dadya manut amangeran ring ngadyana.
  40. Selang sambut, akeh-akeh kang cinatur pan pijer kalingan ing wicarane pribadi ngalap dalil saking akale priyongga.
  41. Ngelmu iku poma ana murid ingsun den agemi padha simpenen sajroning ngati aja metu yen dudu prayoganira.
  42. Den aserung nganggowa parah yen muwus karanaing mongsa mengko akeh manungseki kang katungkul ing nge,mu rasa myang swara.
  43. Lan katungkul ing ujaring sastranipun ngelmu kalepasan lan katungkul aningali sarirane kandheg ing ucap-ucapan.
  44. Pijer ngelmu sarak den-pendeng ginilut anglakoni salat sujud rukuk anyinggahi kharam makhruh den-sengguh wus nguwisana.
  45. Nora weruh kang mengkono sarik agung bidngah panasaran paneluhan jail jidik dening angukuhi ujaring aksara.
  46. Tan kadyeku kang wus anggrahiteng kawruh ing werdine iman tokit makripat sayekti nora kandheg ing ngelmu ucap-ucapan.
  47. Lwire ngelmu sarak karana katungkul kandheg ing sarengat angel tumekaning ghaib ingkang luwih bener yen kinatujonan.
  48. Kang rahayu mungguh ing Hyang kang mahagung anadene ingkang makripate sampun wasis tan ngawruhi ing sawarga lan naraka.
  49. Nenggih amung, ngawruhi pribadinipun, sajatine ingkang, maha luhur maha suci, nora liyan anadene wong kang samya.
  50.  Kumalungkung iku dadi bodhonipun jer tan pawong sanak kalawan wong pekir miskin, kang mengkono mongsa ta dadak oleya.
  51. Marga ayu kang nalametaken kawruh mungguh ing makripat, marma keh kang bodho sami, sabab ngegungaken ing ngelmu sarengat.
  52. Kitab Nahwu sarab mantek midkalipun, den gunggung den kudang, kalimputing sehat tarkib, kama zaydun lan karaba zaydun ngamran.
  53. Lara betu zaydan jahedun kha,imun, lan irib jahedan, pan iku dadi upeksi, ingsun ngalim apa ana kaya ing wang.
  54. Den nyana wus, ing mengkono bae iku, anggung maca kitab, tur siji durung kaasti, kang mengkono iku taklid jail pitnah.
  55. Ngelmunipun, sirik dadi marganipun sasar kabelasar, dene ngelmu kang wus taksis, ingkang nyata nora nana tingal liyan.
  56. Dhewekipun, iya iku dudu iku, nanging iku uga, utawi sakehing ricik, lan sakehe ngibarate wus kapanggya.
  57. Aneng suluk, lawan aneng kitab usul kadya kang angucap, sira uripana dhingin, ana kari ana kadim ana anyar.
  58. Ana metu kalawan ana malebu ana dhewek lawan ana kang bareng sayekti, lawan ana wiwitan ana wekasan.
  59. Kabeh iku iya dadi pujinipun, denira angawasakening maha sucining ngedattullah sifat asma apngallullah.
  60. Tegesipun, pan iya kang aweh iku ing kurup paesan mapan ing ananireki angegungken,ing wujudining kadim baka.
  61. Pasthi hidhup, langgeng datan kena lampus weruh tan winarah nyata sadurunging lahir amiyarsa ing sadurunge angucap.
  62. Iya iku kang aran ngulu-mudinu ngawruhi tegesnya ing ananira pribadi poma den abecik panarimanira.
  63. Lawan dipun becik ing rahsanireku lawan ciptanira myang tekadira den tunggil tunggil wujud ing wujude iku esa.
  64. Milanipun ing aranan esa iku sabab tan narima, ing wiwilanganing duk urip mongka kena sakehing asya ingaran.
  65. Kabeh iku jumeneng lawan Allahu de Allah punika jumeneng lawan pribadi iya iku ing sajatining sahadat.
  66. Lawan sajatining iman tokit makhruf, lan khaking sakharat lawan sajatining takbir lan khaking roh ilapi abadan rakhman.
  67. Dening mongka uwiting urip sadarum mila jinulukan nenggih abadan rakhamani pan kerana iku nyataning datullah.
  68. Edat iku anapon sajatinipun iya rasullulah mapan ing wajah sawiji poma-poma aja esak malih sira.
  69. Ujar iku kang ngesak sayekti kupur lan kapir ing Allah lawan ingkang para nabi para walilanpara mukmin sadaya.
  70. Nenggih lamun, anglakoniujar iku sengga kongsi prapta, ing surakhsa kang sajati iya iku nora nana bedanira.
  71. Lawan rasul, lan mengkono uga iku iya dadi nyata tyas tetep ingkang wus prapti, ing wujuding kawula wuuding Allah.
  72. Iya iku mangungswa kang wus anglebur ing papan sadaya lawan sakathahing tulis, lawan ingkang anglebur urip sadaya.
  73. Eh ta sagung gung alit nak-murid ingsun padha kawruhana kang aran Allah sayekti iya iku kang ngucap Allahu-akbar.
  74. Poma dipun pracaa ing ujar iku aja kumalamar lawan aja pindho kardi krana angel temen mungguh wong agesang.
  75. Rakhsa iku kudu den-pendeng den gilut mapan nora nona ingknag angluwihi malih nenggih saking ing ngelmu tuduh punika.
  76. Nanging kudu, den wirid aja kawetu ywa dadi raasan kerana tan angrasani jisim lahir tan angrasani kang rusak.
  77. Ujar iku tanana malih lyanipunpoma kukuhana aja owah aja gingsir aja obah aja mamang aja esak.
  78.  Aja kuwur, den genah pangrakitipun wruha ing pinongka rakhseku enggoning pati iku gon mulih mring Darusalam.

 @@@

2 Comments

  1. Derek ngangsu kaweruh Mas Kumitir

  2. Artikel yang menarik, tapi sayangnya saya kurang mengerti bahasanya (padahal org jawa)

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: