alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK KUTUB


PUPUH
G A M B U H 

  1. Wonten malih kojah ingsun, lah ta iki caritaning Wali Kutub, saking Jawi nama Seh Sangsu Tabaris, langkung wanter tekadipun, tur karamate kinaot.
  2. Myang warnanira bagus, dedeg pideksa rada arangkung, alalana mring ngarab pindha rarya lit, ingkang ngumur tigang taun, pan sarwi wuda kimawon.
  3. Ingpraptanira nuju, ari Jumungah pepak kang pra kaum, myang ulama lebe modin lawan ketib, muwah saleh para jamhur, neng majid dilkharam kono.
  4. Lan pandhita gung-agung, miwah mulana amir khaji rum, dereng kondur dennya saking munggah kaji, ing ari Jumungah kumpul, kang rare prapta dumrojog.
  5. Tanpa larapan uluk, ing salame asalam ngalekum, ya tuwan-ku mulana Rum Amir khaji, ngandika sang mulana Rum Amir khaji, lan para Jumngah sadarum, pan samya jawab gumuroh.
  6. Ya ngalaisalamu, eh lare alit linggiha sireku, lajeng lenggah ing ngarsane amir khaji, ngandika sang mulana Rum, eh para sapa woh.
  7. Rare kang darbe sunu, para jumngah sadaya umatur,dhuh pukulun datan wonten kang udani, sudarme rare puniku,ing Ngarab ngriki tan tumon.
  8. Inggih pryoginipun, tuwan dangu pribadi puiku, asalpun rare sakinging ing pundi gandika amir kaji Rum, eh thole ingsun tatakon.
  9. Ing ngendi pinangkamu,dene tanpa larapan praptamu,lare matur ya tuwanku amir khaji, dereng purun jarwa ulun, purwane ing praptaning ngong.
  10. Amba tanya rumuhun, lawan para saleh para jamhur, angandika mulana Rum Amir khaji, yo thole apa karep-mu, abecik takona mring ngong.
  11. Apa kang dadi luhung, apa dene masalah ing ngelmu, ingkang ngekak miwah ingkang ga’i-ga’ip, kang rarya lit alon matur, gampil tuwan yen wus sagoh.
  12. Dene tetaken ulun, gaibing Allah lan malihipun, gaib ingkang Mukamad inggih kang pundi, ngandika Amir khaji Rum, eh jabang yen sirarsa wroh.
  13. Gaib ing Allah iku, pan mukamade mukhamad iku, ilha’ibing pan iya Allah sayekti, iku yen sirarsa weruh, rare gumujeng turnya lon.
  14. Dhuh tuwanku nateng Rum, tuwin para Jumngah para jamhur, pan jawabe mukamad ghaibing widdhi, kaaken punapa iku, mukamade ing Ywang Manon.
  15. Punapa dene lamun, allah ingaran gaibing Rasul, Allah iku kaakena pan ing nabi,eh thole ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu mengkono.
  16. Mara jarwaa gupuh, seka ngendi pinangkanireku, rare matur ya tuwan mulana khaji, dereng purun jarwa ulun, malih amba atetakon.
  17. Ing tuwan sang amir rum, miwah para saleh para jamhur, salat jumngah kang tuwan sembah punapi, lawan salat limang wektu, ulun arsa wruh kang yektos.
  18. Ngandika sang Amir Rum, tuwin para Jumungah sadarum, iya thole sun salat Jumungah iki, lawan salat limang wektu, tan liyan nenmbah Hyang Manon.
  19. Lamun nora kadyeku, nora esah sembah pujinipun, wus mutamat ingkang iki dalil kais, kang ralya lit duk angrungu, guguk wentise den entrog.
  20. Sun sidhep tan kadyeku, ya tuwanku mulana nateng Rum, ing panembah tuwan anembah ywang Widdhi, luwih saking sewu luput, prasasat nembah ing dheyos.
  21. Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun, ing asale sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi enggoning Hyang Manon.
  22. Dheleg amir kaji Rum, para jamhur kabeh ting palinguk, dennya kaluhuran sabda lan ralya lit, dangu-dangu mojar sang Rum, ya thole ingsun tan wruh.
  23. Ing enggoning Ywang Agung, paraning sembah ingsun tan weruh, miwah witing sembah ingsun tan udani, nulya rare iku muwus, eh tuwanku Rum kang katong.
  24. Miwah pra saleh jamhur, pangucape kaya rare timur, anggurayang tanana ingkang amirib, amuji nembah Ywang Agung, tuwan jarwakna maring ngong.
  25. Kaaken apa iku, Allah dene paduka amir Rum, angandika molana Rum Amir khaji, ya kunthing marma sun sebut. Sun mulya-mulya yang manon.
  26. Ya dene gawe ingsun, lawan gawe manungsa sadarum, andandeken bale aran bumi langit miwah saisinipun, dinadekaken Hyang Manon.
  27. Myang swarga narakeku, awal akhir lahir batin iku, nora liyan kabeh titah ing Ywang Widdhi, rare alit asru guguk, ah genah apa sang katong.
  28. Pangucapira iku, para saleh tuwin para jamhur, pamuwuse tanana ingkangpermati, moreg mung pijer katungkul, padha dhikir lenggak-lenggok.
  29. Pijer sujud arukuk, wus marem sembah ing pujinipun, tangeh lamun praptaa ingkang ginaib, pengrasane wus pinunjul, tanana grahiteng batos.
  30. Eh mulana kaji rum, tuwin para saleh para jamhur, rare alit kewala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yen kabeh titah Ywang Manon.
  31. Nanging sireku ngawur, angarani tan wruh paranipun, amir matur ya tuwanku rare alit, paduka jarwa rumuhun, asal tuwan kang sayektos.
  32. Angandika Seh Samsu, Tabari eh mulana kaji Rum, saking embuh saking tanbuh prapta mami, kabeh kadadeyan durung, kang adadi dhingin pan ingong.
  33. Ingkang ghaibul guyub, durung dadi Allah lawan Rasul, durung dadi ingsun kang dadi rumiyin, kang luwih mulya pan ingsun, saking sakeh ing dumados.
  34. Mangkana mulana Rum, tuwin para Jumungah Sadarum, samya sujud ing sukune seh Rarya lit, rarya lit malih amuwus, eh molana Rum sang katong.
  35. Pan jawabmu Hyang Agung, sira arani ghaib ing Rasul, rasul sira arani ghaibing widhhi, rarywa lit sruning pamuwus, wignya ujarmu mengkono.
  36. Lan sembayangmu iku, kang sira sembah-sembah Hyang Agung, yen mengkono sira misih padha kapir, pan durung Islam satuhu, dene tekatmu mengkono.
  37. Makame Allah iku, lawan kaya ngapa wujudipun, lawan kaya ngapa rupane Hyang Widdhi, apa sira wus kapangguh, apa lanang apa wadon.
  38. Moar amir kaji rum, miwah para Jumungah sedarum, ya seh alit kawula ing sual tuwan puniku, rarya lit malih miraos.
  39. Yen mengkono amir Rum, aja nembah ing Allah sireku, tan sampurna sira mundhak kupur kapir, andheku sira amir rum, pan sarwi aris tetakon.
  40. Ya tuwanku seh timur, sinten tuwan paduka puniku, seh ngandika sarta rupa kaki-kaki, lenggah neng kursi mas murub, neng ngarsane Rum sang katong.
  41. Kursi karamatipun, sami kapok kang miyat sadarum, panganggene sadaya pra sami langking, pamuwuse mring Amir Rum, eh mulana yen arsa wroh.
  42. Sajatine ya ingsun ingkang ngawal akir iya ingsun, miwah ingkang nginum nginuman ya mami, kang tandhak-tandhak ya ingsun, kang ngedan-ngedanaken ingong.
  43. Kang tambuh-tambuh ingsun, ingkang gaib kang guyub ya ingsun, iya ingsun ingkang lahir ingkang batin, kang sembah-sinembah ingsun, kang muji-pinuji ingong.
  44. Ingkang nikmat ya ingsun, ingkang ngaweh nikmat iya ingsun, ingkang rahsa kang rumongsa iya mami, kang angrasani iya ingsun, kang den rasani pan ing ngong.
  45. Ingkang awedi ingsun, ingkang wani-wani iya ingsun, ingkang wadi-wadi puniku ya mami, ingkang manikem ya ingsun, ingkang dadi awaking ngong.
  46. Kang nom tuwa ya ingsun, ingkang lanang wadon iya ingsun, iya ingsun kang asugih ingkang miskin, iya ingsun ingkang ratu, kang dadya bala pan ing ngong.
  47. Ingkang akeh ya ingsun, kang sathithik apan iya ingsun, ingkang roro ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun, ikang amandheg iya ing ngong.
  48. Ingkang gumuruh ingsun, ingkang meneng sayekti ya ingusn, tengah nginggil ngarsa wuri iya mami, kanan kering iya ingsun, kang lor wetan kidul kulon.
  49. Nora liya pan ingsun, kang loh kalam nukad ghaib ingsun, kang dat sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngelmu nur suhut, sayektine iya ing ngong.
  50. Kang geni bumi banyu, ingkang angin apan iya ingsun, ingkang sabar ingkang keras iya mami, ingkang alim iya ingsun, ingkang kerengiya ing ngong.
  51. Ingkang Allah ya ingsun, ingkang Mukamad pan iya ingsun, gaibing kang mukamad puniku mami, gaibing Allah ya ingsun, kang gedhe cilik pan ing ngong.
  52. Ingkang anak ya ingsun, ingkang nganakaken iyaingsun, kang kekadang ingkang lola iya mami,ya ingsun kang kalok makluk, kang alip lam-lam ya ing ngong.
  53. Kang mim ake ya ingsun, kang mim akir kang edal pan ingsun, ingkang dunya kang akerat iya mami, kang swarga naraka ingsun, ya ingsun kang jaba jero.
  54. Eh maolana ing rum, miwah para Juungah sedarum, ingsun pemut ya pepeka ing ngaurip, mokal lamun nora weruh, kalamun temah alayon.
  55. Ing kono gon pakewuh, ewuhe bok tumpang selang sambut, ngelmu sarak denyana pan wus nguwisi, tan wruh panasaran agung, yen tan darbe ngelmu jatos.
  56. Aja pijer kumlungkung, iya dadi dedalaning kumprung, pengung bingung tanbuh tanbuh kan gden rukti, kitab Kur’an ngundhung-ngundhung, kondhang brahala ginendhong.
  57. Kandhangan wong kadhadhung, ing drubiksa den ajak dalurung, mring peperreng peri pinindha apsari, sarwi siniweng dhadhuruk, ginendeng mor ing gandarwo.
  58. Pangrasane swarga gung, datan weruh yen tibeng bekukung, kang mengkono anggung-anggung dadi janmi, angur adadiya asu, patine datanpa kraos.
  59. Gampang pratikelipun, sirnane aris datanpa tutur, dadi janma datan wruh tanajul tarki, tan wurung keneng berkukung, eh eling-eling rum katong.
  60. Yata risang amir rum, miwah para saleh para jamhur, dupi myarsa ing sabdanireng siniwi, sarta nembah ngraup suku, sarwi ngrarepa turnya lon.
  61. Ya tuwanku seh sepuh, mugyangsala sapangat pukulun, lanpaparab tuwan ambarsa udani, ngandika risang seh pikun, eh maulana Rum katong.
  62. Lan Jumungah sadarum, nora ta sira weruh maring sun, aran ingsun iya seh Samsu Tabariz sawusnya ngandika uluk, salam musna saking ing ngong.
  63. Gaib sakursinipu, nulya sinauran ing salamipun, pan gumuruh samya andongong pra sami, pungun-pungun getun-getun, joto-joto ting palenggong.
  64. Angonggo-onggo sagung, gung alit samya pating calinguk, ngungak-ungak mangu pangungune dening praptane lan kesahipun, tanana ingkang ngaweroh.
  65. Kang kari samya wuyung, goyang wiyanging wiyanggganipun lir keleyang angayengi poyang-paying, kayungyun sanget kilayu, yen kagrayang tan anggayoh.
  66. Ing kayuwananipun, kaya-kaya kaleyanging wahyu, weh wiyadi yayah sangsaya ngayengi, saliring ngamrih rahayu, kayun ngumayun hyang Manon.
  67. Dadya samya yeg guyub, sadaya samya puruhiteku, ngelmu ingkang nampurnakaken ngaurip, ana ngetan ngalor ngidul, saweneh samya mangulon.
  68. Titi caritanipun, wali mulya poma-poma sagung, sanak putu rasakna lepiyan iki, sengga den kongsi sumurup, mring tekad ingkang mengkono.
  69. Nanging aja ngawur, guguruwa mumpung misih hidup, yen den ancap ing tulis bae tan keni, lamun durung angguguru, gurayang nora gumacos.
  70. Nadyan ahli tesawub, ahli usul lawan ahli suluk, lamun nora ahli puruhita ngukih, yekti temah sasar susur, wantere angas kimawon.
  71. Jer iki antepipun, pangrakite parabot pangracut, apannora kalebu sagunging tulis, amung cumanthel ing guru, sabab larangan geng kaot.
  72. Malih woten kojah ingsun, tunggal ingkang piningit ing guru, kang martabat sanga kawruhana sami, kang tumrap ing sekar pucung, padha rasakna ing kono.

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: