alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK MARTABATING KANUGRAHAN


PUPUH
S  I  N  O  M 

  1. Martabating kanugrahan, tan lyan ingkang sabar ririh, lawan malih, ingkang su’al, pinten ing kanugrahan ing, makripat mongka nuli, saurana den agupuh, iya amung satunggal, ana ing ananireki, nenggih karsa rahsa misesa priyongga.
  2. Pinten martabat kareman, saurana tri prakawis, para mukmin karem apngal, karem sipat para wali, dene ta para nabi, edat pakaremanipun, lire karem dattollah, sring wanter ing asya nenggih, karem sipat sok wontena gumletheka.
  3. Lire karem apngallullah, sok wontena obah osik, yen sabit paningalira, nenggih kabuka sayekti, ing sipatjalal tuwin, jamal kamal kaharipun, dadine imanira, makbul gumlethek ing ati, dadi antuk sampurna yhakiming gesang.
  4. Pinten martabat ing nyawa, saurana dipun alis, kathah ing nyawa satunggal, pan iya mung roh ilapi, marmane mung sawiji, tegeeesing urip puniku, pan iya mung roh ilapi, marmane mung sawiji, tegesing urip puniku, pan iya mung satunggal, tanana urip kakalih, ingpasthine amung kahanan satunggal.
  5. Lamun sira tinakonan, pundi Allah padha mangkin, dipun inggal saurana,sapa kang angucap iki, aja ta sira malih, yen dudu sira Hyang Agung, sayekti kang den ucap, kang ngucap tan lyan Hyang Widdhi, nanging kudu weruha ing panarima.
  6. Anapon kang panarima, den kadi toya lan siti, lawan diun kadi udan, lawan dipun kadi siti, lan den kadi jeladri, kang kadi lemah lan banyu, den rumesep tegesnya, nora pegat kang rohkani, anadene kang tegese kadi udan.
  7. Dene tan pegat tingtalnya, anapon kang kadi wesi, sakarsanira parentah, den gaweya pangot lading, pethel wadung upami, nora owah sipatipun, eksih wesi kewala, dene kang kadi jeladri, ya ing ngriku uga.
  8. Puniku pasthi ang asal, ing ujar sakecap tuwin, laku satindak kalawan, kang meneg ing enggon nenggih, yen wus kadi jeladri,nora owah tingalipun, dulu-dinulu dhawak, tanana tingal kakalih, nora nana pangucap roro punika.
  9. Dadi salat kang sampurna, weruh paraning ngabekti, weruh paraning sembayang, benere nyata tan sisip, weruh paraning mosik, lan paraning ngenengipun, weruh paraning ngucap, lan weruh paraning myarsi, wruh paraning ngadeg wruh paraning lenggah.
  10. Weruh paraning nganindra, lan weruh paraning ngati, weruh paraning amangan, wruh paraning nginum warih, weruh paraning ngising. Weruh paraning anguyuh, weruh paraning asuka, lan wruh paraning prihatin, wruh paraning ngidul ngulon lawan ngetan.
  11. Weruh paraning mangandhap, weruh paraning manginggil, weruh paraning maminggir, weruh paraning ngaurip, weruh paraning kang lampus, kabeh ingkang gumelar, kang gumermet kang kumelip, nora samar weruh, paraning sadaya.
  12. Telas kang su’al masalah, poma kang sedya utami, aywa kakeyan sumbrana, den weruh paranireki, yen wus weruh den wirit, den asasab aywa umung, aja sawiyah-wiyah, nganggowa parah yen angling, lawan aja kawetu wong ahli sarak.
  13. Yen maido temah kopar, karana rarasan iki, nora amicara sarak, amung sajatining ngelmi, kang rerenteng riricik, tanana ingkang kaetung, lan malih ingsun kojah, padha anggiten ing batin, dadi wejang lamun sira bijagsana. Wejang dhateng Sultan Rum sekar Gambuh

 @@@

1 Comment

  1. Reblogged this on Obeeth.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: