alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

KUMPULAN SULUK


 

Kumpulan Suluk

Suluk Bayanmani, Suluk Caritaning Pandhita Lewih Ingkang Sampun Saged Sami Pejah, Suluk Lonthang, Suluk Sotrang, Suluk Sangkan Paraning Sakaratul Maot, Suluk Martabating Ati, Suluk Martabat Pati, Suluk Musawaratan Para Wali dan Suluk Jebeng.  

SULUK BAYANMANI

PUPUH
ASMARADANA

  1. Saking kitab Bayanmani, purwaing panukilira, sosotya kang winiraos, kathahe kawan prakara, liring sotya punika, apan sajatining banyu, nenggih samya estokena.
  2. Banyu badan kang rumiyin, kaping kalih banyu akmad, banyu rokani katrine, kaping catur banyu gesang, kumpul dadya satunggal, neng jisiming manungserku, lan malih ingkang winarna.
  3. Gegawan kawan prakawis, kang rumiyin saking Allah, saking Rasul ping kaliye, kaping tiga saking bapa, saking biyang kaping pat, samya matang prakareku, akumpul dadya satunggal.
  4. Saking Allah mata kuping, miwah cangkem lan gerana, saking rasul winiraos, pusuh jantung ati limpa, dene kang saking bapa, otot uteg balung sungsum, kang saking ibu winarna.
  5. Wulu kulit getih daging, wuwusen lampahing rahsa, duk saking wong tuwa karo, tinurut saking kawitan, nalika tedhakira, duk maksih neng ngatas marut, Nukab Gaib kang paparab.
  6. Aneng pucuk rambut nenggih, akerat jujulukira, neng pok rambut aran toret, duk ambles pinggir kapala, roh Hyang Tulis paparab, sing kempel alam ing ngriku, duk aneng ngembun winarna.
  7. Ingaran cahya di luwih, tindak saking bun-embunan aneng betal makmur joge, ing aran cahya murcaya, prapteng gegithok nama, tubadil ing lajengipun, tumurun ing ula-ula.
  8. Ingaranan Bakrul-sasil, segara rante ranira, edhune neng silit kodhok, nengggih sulbikang paparab, prapta aneng pot kalam, ing ngaran niyat puniku, prapta tengah kalam nukat.
  9. Aneng pucuk kalam nenggih, ingaran mani punika, maretul aran dat kaot, ngangkat tetes jinulukan, neptu gaib punika, tumetes ing aran neptu, tumetes ing aran nukta.
  10. Tumiba segara siwi, apan jujuluk nur rukyat, duk kenthel unggah namane, duk nalikanira ngangkat, bunder pan jinulukan, Allah arae puniku, sumorot kadya mutyaara.
  11. Duk kawungkus den arani, nenggih samut duk nalika, dadi netra lawan polo, ajejuluk Rasullullah, ngadeg nama hyang Suksma, wus samya gatra puniku, wawengkonipun sadaya.

 SULUK CARITANING PANDHITA LEWIH
INGKANG SAMPUN SAGED SAMI PEJAH 

PUPUH
DHANDHANGGULA 

  1. Wonten carita pandhita lewih, ingkang sampun sami saged pejah, pejah sajroning nguripe, sanget kapencutipun, ing pawarta kang sampun urip, marma nglampahi pejah, tan uningeng luput, andar pati tan kadedah, ing pawarta kanggeg dening nabi wali, mila wangsul kiwala.
  2. Linglang-linglung sinambi angandika, saking datan kuwawi sabila, kabeka dening nepsune, marmane datan tutug, dennya amrih aklasing ngurip, nadyan nepsu ing umbar, kabanjur kalantur, eca dhahar lawan nendra, saking tiwas kawon prang lan nepsuneki, sumendhe karsaning Hyang.
  3. Linglang-linglung nanedha Hyang widdhi, muga binukaa dening suksma, den tekakna ing atine, sakayun-kayunipun, muga dadya sembah lan puji, saking telasing manah, pramila nunuhuhun, nanging ta apuraning Ywang, saking dahat saget nembah lawan muji, mila kendel kewala.
  4. Linglang-linglung pan kendel pribadi, tanpa rowang, pan ujeg-ujegan, tutukaran padha dhewe, tanana swaranipun, pan gumrejeg padu anenting, tanana kalah menang, tanana rinebut, lir ngrebut praja ngastina, lawan kadang miwah dunya anak rabi, jiwa raga tan ketang.
  5. Linglang-linglung, tan uningeng isin, saking dene uningeng ing warta, tanpa bukti salawase, yen ana konca rawuh, manggung mangan pan datan eling, yen mungkur kancanira, tan mangan saumur, nanging tanana pinangan, linglang-linglung, angon maesa pribadi, tansah nagih buruwan.
  6. Linglang-linglung anagih tan nolih, agrejegan, nagih tanpa potang, kang tinagih meneng bae, pan nyata nora nyambut, kang anagih pan wira-wiri, tanana kendelira, saben dina jaluk, tan lenggana jroning manah, lamun nora antuk nugraha Hyang Widhi, uningeng cipta raga.
  7. Linglang-linglung pan maksih kang luwih, dening boboting kang sarira ngupamakaken ing sanes, wonten sujanma luhung, putra Tuban Rahaden Sahit, duk sepuh nama Sunan Kalijaga luhung, langkung sinihan Hyang Suksma, wus andadi kramatira ing Ywang Widhhi, kasmaraning ngakathah.

SULUK LONTHANG 

KANG SINEKAR LONTHANG 

  1. Sun ngrupaka tinembangan, lonthang lonthang, kang den anggit, ing lakune lebe lonthang lakune saking bang wetan.
  2. Pengajine nora den gurayang pisan, sembayange pan nora den ambah pisan, itabipun, den gaweya wawayangan.
  3. Klebutipun gen gawe umpaking diyan, ateteger pinggir pasar, cecongklangan sambi wuda, atetegar tanpa jaran.
  4. Mung konthole gegamberna, gegamberan mung duweke beranga, geng apanjang, lagi tangi yen dinulu thetholangan.
  5. Wong sapasar padha geger, apuyengan, lebe lonthang den arani ing wong buyan, lebe lonthang angucap aderengesan.
  6. Ingsun iki kepengina, ulah paesan, sokur sewu, oleya rabi perawan, jer bojku wis kempong kaya ingwang.
  7. Nadyan tuwa jibusku misih brengkayang, kula estri sapasar padha puyengan, lebe lonthang nyander ngajak sosodoran.
  8. Kang den sander padha kaget, kamigilan, lebe lonthang angucap aderengesan, sajatine tanana estri lan lanang.
  9. Iya iku, pangrenahe lebe lonthang, bok iyaa bak ayu dadi timbangan, gok gelema, ingsun ajak sesodoran.
  10. Barakane ingsun wuruk, pepethesan, lebe lonthang padha goleng bang den guyung, ing adon-adoni bikang.
  11. Kang dol bikang, anggitiki sru dikayang, lebe lonthang guguthule saya ambapang, nora mari malah nesu, anerajang.
  12. Kados bikang lumayu kajengkang-jengkang, suka-suka lebe lonthang, jejogeda nsarwi tanjak, pacak gulu tatayungan.
  13. Suwe-suwe jibus metu jeneng lahang, lebe lonthang dudu pasar lelembeyan, lebe lonthang munggah masjid cecawetan.
  14. Nabuh bedhug durung mongsa, dipun tembang, kyai modin kang sembayang, angarani ing wong edan, tuwa ano kagegeran.
  15. Lebe lonthang angucap sambi ambatang, labeh iku padha luput ambayang, mongsa kaya sembayange Lebe Lonthang.
  16. Lebe lonthang sembayange pepthingan, lebe lonthang bocah branyak kadurusan, tanpa gawe salat tan wruh pernah ing Hyang.
  17. Kyai Modin ngucap sawi kadhungsangan, Lebe Lonthang den arani ika edan, Lebe Lonthang medhun masjid tetayungan.
  18. Lebe Lonthang cucul mari cecawetan, kadi wau briga-brigi tholang-tholang, Nyai Lebe Lonthang mara, mapag dalan.
  19. Sampun porot, susune leber lir diyan, Nyai Lonthang kebene lungsuran salang, sinjangipn lungsuran jala tambalan.
  20. Pan kapapag neng marga banjur rangkulan, sakarone padha kangen bung-ambungan, Lebe Lonthang dhogole meksih beranang.
  21. Nyahi Lebe murina nasabi sinjang, kang nunurat pan gumuyu, tanpa rowang, guynipun tegese den etang-etang.
  22. Sun watara tan beda kang, darbe layang, buh benera buh sisip denya ambatang, pembatange kang nerat kang darbe layang.
  23. Laku samar, tarapane lebe Lonthang, bener luput kang nerat darma tumandang, sampun titi ingkang ngaran Suluk Lonthang.

SULUK SONTRANG 

PUPUH
P U C U N G 

  1. Sun amucung ing tembang akarya suluk, liring suluk ika, sisindhen ing paa wali aja kemba lestarining sangkan paran.
  2. Mokal lamun para wali tan wruh ign dunung, kumpule apisan, pisahe kumpule malih, yen wus bontos ing makripat nora samar.
  3. Lamun guru wekase mring muridipun, aja keh pocapan, iku mundhak bebinguni, gawe kuwur ing jaman srakattillaya.
  4. Kang mengkono iku saking durung putus, patitis ing pejah, jinujug praptanng nguwis, bedah kucing marem dhas gereh kewala.
  5. Padha nyontrang anak banyak lengur-lengur, anak babon ika, sun titik saya katonton, anak babonwira-wiri wis katara.
  6. Reca kayu tolekana marang gunug, tumuruna jurang, wader bunder ing jeladri, kunir pita sun pethek mongsa temuwa.
  7. Sasmiteku ngendi gone pangeranmu, lamu tan weruha, kang petis cinandu raos, brekutut gung iku ngucap lawan sira.
  8. Kang amuwus ya iku ingkang winuwus, aywa kongsi uwas, winewes praptaning nguwis, lagi langgneg bali langgeng, saking lenggang.
  9. Aja lenguk, nora legi yen alagu, yen lugug-luguga, lir gupala nora muni, gupala pan tegese reca denawa.
  10. Nadyan siyung, pasemon gereng lir naut, nanging tanpa ngucap, sabab watu kang kinardi, mengkono ta wong kang kurang pamicara.
  11. Kaya watu, anjenggereng asisiyung, sapa kang wediya, kajaba mung bocah cilik, girap-girap de arani buta nyata.
  12. Yen wong sepuh, mongsa gilaa andulu, jer wus wruh yen sela, mengkono ngaurip iki, mongsa kaya wogn kang sugih pamicara.
  13. Nora bigung, wurh dhadhapuraning ngelmu, karana ngelmu ta, kedhik robing jalaniddhi, yen kuranga pangreh pan tinuntun setan.
  14. Setan iku, wus winenang ambebngung, yen nora weruha, dadalanng setan pasthi, tuna dungkuap pamamthenge ing sakarat.
  15. Yen ginulung, kewala durung den ulur, dadalaning setan, yekti eblis bis amanjing marang badann dadi ga ing pamapat.
  16. Yen wus weruh marganing setan kacakup, kacakep ing cipta, nuli paringas-paringis, setane pan anginthar kasandhung tampar.
  17. Katalikung, tanpa budi mung merkungkung, awit saking ngapa, bisane nalikung ablis, iya awit saking lepas pamicara.
  18. Yen wus ngulur, enggal anuli ginulung, yen durung ginelar, dang ginulung iku nisthip, kethip-kethip saengga mataning kongkang.
  19. Kang wus putus, bisa anggelar anggulung, golongan utama, utama panduking gaip, gaib iku sapa wruh yen nora lepas.

SULUK SANGKAN PARANING SAKARATUL MAOT
(DERAH SANGKAN PARANING SAKRATUL MAOT) 

PUPUH
KINANTHI 

  1. Kinanthin paduking dunung, kang kinudang para wali, mukmin kas para ngulama, kang wicaksana ber budi, kabudayaning paningal, kang pinelengleng ing galih.
  2. Katontona ing pangestu, ing sakaratul maoti, ing pangreh aja sulaya, jamaning ngaurip iki, den prapta jaman kamuksan, kang aputus den patitis.
  3. Den awas pamawasipun, yen ingkang maha linuwih, tegese linuwih ingkang, tanana kang mamadhani, iku nora gagepokan, nora cedhak nora tebih.
  4. Apan iya nora empuk, nora atos anglemesi, kesed lumer alus wadhag, iku wu…… samar wujuding pangeran, lawan nora neningali.
  5. Nanging waspada kelangkung, saobahing rat kaligling, pesthi nora kasamaran, mangkene lire sayekti, Allah iku tanpa rupa, nora abang nora putih.
  6. Nora ireng nora wungu, nora dadu nora kuning, tan mancur nora mancurat, tan mencrong kadya sasi, tan cumlorot anglir lintang, tan gumebyar lir Hyang Rawi.
  7. Lan nora mambu Hyang Luhur, nora sedhep nora wangi, mis bacin maning iyaa, ingkang penguk ingkang tengik, wus nora gepoki pisan, angambar menuhi bumi.
  8. Lan Allah nora angrungu, sewu mokal lamun tuli, kang kumrincing kang kumrompyang, kang jumebret kang gumerit, kang gumludhug kang gumlodhag, yeku wus nora ngamboni.
  9. Nanging kabeh wus kawengku, jro langit jabaning langit,unen-unen ing sajagad, tan kakilapan sayekti, lan Allah puniku ora ngrasa lawan angrasani.
  10. Tegese tan rasa karcut, nora legi nora gurih, nora pedhes nora panas, nora sehdep nora asin, sepet getir pahit nora, nanging mampangati yekti.
  11. Tan lara nora angelu, nora enak nora sedhih,nora bungah nora susah, sirna saliring dumadi, yeku wujuding Hyang Suksma, sipattolah amumpuni.
  12. Kang nora keni dinumuk, kang tan kena den rasani, tan kena den ambu miwah, lan tan kena den tingali, mung dumuk-dinumuk iya, sarta kodrate pribadi.
  13. Lan ambu ing ambu iku, rasa-rinasa pribadi, rungu-rinungu priyongga, tingal-tiningal ningali, ya iku ingkang ing aran, dattullah ingkang kakiki.
  14. Ing kono enggon pakewuh, ewuhe wong ulah ngelmi, bok tumpang so salah tompa, bote ingkang niniwasi, tan wurung rineweng setan, den dhadha byang den gebugi.
  15. Jenenge ngelmu p;uniku, lungguhe kawan prakawis, kang dhingin iku sarengat, tarekat kang kaping kalih, kaping tigane kakekat, ping pat makripate nenggih.
  16. Lire siji sijinipun, iya roh kang den leketi, sarengat ingkang ginulang, tegese sarengat nenggih, tata kramaning ngagesang, kang den lingling den kawruhi.
  17. Kang den eman badanipun, den reksa den gumateni, winawas sariranira, wales winales ngaurip, saur-sinaur tan gethang, lalar-lilalar sayekti.
  18. Mengkono saurutipun, wong sarengat pamrih neki, ya dene kang wong tarekat, amawas wekasing pati, tegese kang pinageran, mituhu kareping ngati.
  19. Mandeng pamendenging kalbu, osiking tyas kang lilniling, dene wong ahli kakekat, roh ingkang dipun adhepi, den ling-ling-lingling winawas, wekas-wekase dumadi
  20. Aja pijer andudunung, dudunung jamaning ngurip, urip aneng nglal dunya, tan wande yen bakal mulih, mulih marnag kalanggengan, ginunggung pangrehireki.
  21. Kaping pare kang winuwus wekasing roh kang pinurih, kang para ahli makripat, sinarama den sirepi, sineireb saung rerepan, sinesep sagung sinepi.
  22. Rasa rumongsa ginululung, ginulang-gulang ywa pangling, kapileng lenglenging tingal, katingal ing siyang ratri, eling lukitaning ngalam, dadi satruning dumadi.
  23. Yen dinadaka bok dudu, marma sagunge kang sami, ulih ngelmu kalepasan, wajib sami ngati-ati, kapat pisan den waspada, lakuning reh siji-siji.
  24. Akeh angel temah luput akeh gampang bilaheni, saking kurang kaprayitnan, wiweka tan den kawruhi, beda kang wus kanugrahan, kang sinebut para wali.
  25. Kapat pisan wus kacakup, siji tanana kang sisip, pasah angangsah makripat, memper wahyuning pra nabi, kang kinonang kuna-kuna, kang wus tan kena sinilib.

SULUK MARTABATING ATI
(Ran Ngasnasir, lan martabating roh, martabat ngati) 

PUPUH
KINANTHI 

  1. Kanthi kawruh purwanipun, nganasir kawan prakawis, asale satunggal-tunggal, kumpule dadya sawiji, lemah bumi asalira, nenggih dinadeken kulit.
  2. Ingkang banyu asalipun, saking suwarga dumadi, bebalung geni asalnya, sing naraka dadi daging, angin asal ngawang-awang, nenggih dinadeken getih.
  3. Utawi martabatipun, ing roh pan pitung prakawis, ing eroh jasmani rannya, marma ngaran roh jasmani, dene dadi pakumpulan, ning roh sadaya puniki.
  4. Ping roroh rokani iku, marma ngaran roh rukani, dene dadi kamurahan, ning pangeran ingkang lewih, roh ilapi kaping tiga, marma ngaran roh ilapi.
  5. Dadi kanyatahanipun, ing pangeran mahasuci,ping pat roh rabani rannya, marma ngaran roh rabani, dene dadi panguwasa, dening pangeran kang lewih.
  6. Ping lima ron auranika, marma ing aran nurani, dadi uripng pangeran, ping nem ngaran roh kudusi, ya iku roh ing pangeran, kang agung kang mahasuci.
  7. Lah iki martabatipun, ing tyas pan oitung prakawis, dhingin kang sanubarinya, kapindho ati maknawi, ati budi kaping tiga, ing puat kaping pat nenggih.
  8. Ati jinem ping limeku, ping nem ati suksma nenggih, ati sir kang kaping sapta, dene derahe puniki, kadya kudhuping puspita, taate warnanya adi.

SULUK MARTABAT PATI
(MARTABAT PATI) 

PUPUH
KINANTHI

  1. Kanthinen ngelmu kang puguh, masalah wiyosing pati, kathahe wolung prakara, kang dhingin padhanging pati, kapindho petenging pejah, ping tri kang ginawa mati.
  2. Dene ingkang kaping catur, pan iya rowaning pati, ping lima paraning pejah, ping nem kang pinanggih pati, dene ta kang kaping sapta, endi ta enggoning pati.
  3. Ping wolu paraning lampus, mongka jawabe puniki, kang ngaran padhanging pejah, iya kang sinung udani, kang ngawas ing wujutolah, kawisesa ing pribadi.
  4. Dene pepetenging lampus, kang tan wruh ing dattolahi, lire kang ginawa pejah, iku panarimaning sih, ingkang datanpa wangenan, tegese rowanging pati.
  5. Sih nugrahaning Hyang Agung, tegese rasaning pati, jinaten sih dadi nikmat, pandulune dattolahi, lan kang pinanggih ing pejah, dene tan mulat liyaning.
  6. Mung Allah bae kadulu, tegese paraning pati, waluyawa mring jatinira, tegese enggon ing pati, iku tansah ing dattolah, kewala ywa pindho kardi.

SULUK MUSAWARATAN PARA WALI
(MUSAWARAT ING PRA WALI) 

PUPUH
ASMARADANA 

  1. Kasmaran kang para wali, samya aguneman rasa, aneng giri-gajah dene, akarya mungsawaratan, bab masalah ing tekat, den waspada ing Ywang Agung, wajib sami nyatakena.
  2. Ing malem Jumungah pesthi, tanggal ping lima ing wulan, Ramelan nuju sasine, aksara widik taunnya, kanjeng susuhunan Benang ingkang miwiti rumuhun.
  3. Seh Benthong Mulana Mahrib, nenggih kalih Seh Lemah Bang, lan Pangeran Majagunge, Pangeran Carebon lawan, Pangeran Giri Gajah, samya agunem ing ngelmu, jenenge masalah tekad.
  4. Jeng pangeran ratu giri, amiwiti pangandika, eh ta sanak ingsun kabeh, pratingkahe wong makripat, aja dadi parbutan, dipun sami ngelmunipn, dipun peling pinelingan.
  5. Wong wewolu dadi siji, aja ana kumalamar, dipun rujuk ing karepe, den waspada ing Pangeran Kanjeng Pangeran Benang ingkang miwiti karuwun, amedhar ing pangawikan.
  6. Ing karsa manira iki, iman tokit lan makripat, suwung ilang paningale, yen weruha ing makripat, mapan durung sampurna, dadi batal kawruhipun, pan maksih rasa-rumongsa.
  7. Pangeran Benang ngukuhi, ing sampurnane makripat, weruha ing sampurnane, datan nana katingalan, ilang jenenging tingal, mantep Pangeran kang Agung, kang sinembah kang anembah.
  8. Pan karsa manira iki, sampurnane ing Pangeran eh anak manira kabeh, punika kasih ing alam, yen mungguh ing manira, jenenging roh semunipun, ingkang roh Nabi Mukamad.
  9. Nora beda roh puniki, yen nedya muta bangatan, tan beda ing panunggale, kadi pundi karsa dika, matur wali sadaya, boten sanes kang winuwus, sampun antuk sabda tuwan.
  10. Pundi ing aranan nabi, jenenging roh ing semunya, apan iku kekasiye, saderenging dadi jagad, apan jinaten tunggal, pan dinadeken rumuhun, kang minongka kenyatahan.
  11. Pangeran Majagung nuli, medharaken pangawikan, ing karsa manira dene, iman tokit lan makripat, tan kocap ing ngakerat, mung padha mengko kawujud, ing akerat nora nana.
  12. Nyatane kawula gusti, ya kang muji kang anembah, iya mengkono lakune, ng akerat nora nana yen tanana imannya, tan weruh jatining ngelmu, nora thukul dadi jalma.
  13. Pangeran Carebon nuli, amedharken pangawikan, jenenging makripat mangko, awase marang pangeran tanana ingkang liyan, tanana roro tetelu, allah pan amung satunggal.
  14. Pangeran Kalijaga ngling, amedharken pangawikan, den waspada sun mangkene, sampun samya kumalamar, denawas ing pangeran, kadya paran awasipun, pangeran pan nora rupa.
  15. Nora arah nora warni, tanana ing wujudira, tanpa mongsa tanpa enggon, sajatine nora nana, yen tan nora nanaa, dadi jagad iki suwung, nora nana wujudira.
  16. Seh Genthong samya milingi, amedharken kawruhira, kang aran Allah jatine, tanana liyan kawula, kang dadi kanyatahan, nyata ing kawulanipun, kang minongka katunggalan.
  17. Kangjeng Mulana Mahribi, medharaken pangawikan, kang aran Allah jatine, wajibul wujud kang ana, Seh Lemah Bang ngandika, ajana kakeyan semu, iya ingsun iki Allah.
  18. Nyata ingsun kang sajati, jujuluk PrabuSatmata, tanana liyan jatine, ingkang ngaran bongsa Allah, mulana mahrib mojar, iku jisim aranipun, seh lemah bang angandika.
  19. Kawula amedhar ngelmi, angraosi katunggalan, dene jisim sadangune, apan jisim nora nana, dene kang kawicara, apan sajatining ngelmu, pan sami miyak warongka.
  20. Lan malih sadaya sami, sampun sami kumalamar, yekti tanana bedane, saliringan punapaa, dene samya kawula, ngukuhi jenenging ngelmu, sakabehe iku padha.
  21. Kanjeng Seh Mulana Mahrib, sarwi mesem angandika, inggih leres ing semune, puniku dene wicara, lamun kapiarsaa, kalawan wong kathah saru, punika dede rarasan.
  22. Tuwan ucapna pribadi, aja ana kang miarsa, anukma ing ati dhewe, punika ujar kekeran, yen tan kenaa tuwan, amalangi jenengingsun, bok sampun kadi mangkana.
  23. Pangeran ing ratu Giri, amedharken pangawikan, pesthine Allah yektine, jujuluk Prabu Satmata, sampun pancas wiara, tanana pepadhanipun, namung allah ingkang tunggal.
  24. Yata sakathah ing wali, angestokaken sadaya, mapan padha ing kawruhe, amug sira Seh Lemah Bang, tan kena pinalangan, cinegah wali sadarum, tan owah ing tekadira.
  25. Ngandika Seh Siti Abrit, pan sampun ujar manira, dennya nututi kapriye, dhasare ingkang amedhar, pamejange maring wang, puniku wuruk ing guru, boten kenging ing ewahan.
  26. Ameksa tan kenging gingsir, sinuwalan ing ngakathah, tan kena owah tekade, sampun ujar linakonan, pan wus jangjining suksma, ngandika Pangeran Carbun, sampun ta tuwan mangkana.
  27. Punika ujaring jangji, pan inggih bununuh kathah nenggih ta sampun hukume, wong ingkang angaku Allah, ngandika Seh Lemah Bang, lah mara dipun agupuh, sampun age kalireyan.
  28. Dhasar kawula labuhi, ngalati pati punapa, pan pati iku parenge, parenging sih kawimbuhan, pan tansah kawisesa, kang teka jatining suwung, ana kadim ana anyar.
  29. Ngulati punapa malih, ora nana liyan-liyan, nanging ngapes salawase, nanging Allah ingakng tunggal, ya jisim iya Allah, tokit tegese puniku, apan tunggal kajatenan.
  30. Sakathah ing para wali, pan sarwi mesem sadaya, miyarsa ing pamuwuse, kukuh tan kena ing amph, saya banjur wicara, amiyak warananipun, nora nganggo sita-sita.

SULUK JEBENG 

PUPUH
DHANDHANGGULA 

  1. Wejang jebeng mamanise sami, aja pangling sira susurupan, den awas sira tataken, ewuhe taken dunung, lamun nora kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma jebeng angungseda, tata kona ingkang wus angaji pati, patitis kang tan samar.
  2. Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan kapenak, dene tanana dadinipun, lara pati sira nglakoni, nora wande mantuk, apan tan jenak neng dunya, jroning donya den padha sira prihatin, aja sah paguneman.
  3. Agunema lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya, ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira mrih kasil, upayanen den angsal, ywa kongsi katungkul, aja wedi beya wragad, yen tan darbe saosa ngandhap pakardi, asraha jiwa raga.
  4. Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa den wejanga, den sareh amet galiye, ewuh wong takon dunung, marga rungsut remit arungsit, pirantine wus teka, jebeng aja tungkul, poma-poma den waspada, raganira lir lungansipeng ing margi, pasthi tan wande pulang.
  5. Dene jebeng elingen ing ngruip, aja sira laku dora-cara, dadi paneengeran ngakeh, ywa kandheg amrih ngelmu, nora kaya wong temen kaki, nastiti keh kang welas, lan kandel ing guru, pan kolur pamulangira, satibane wong temen kawelas-asih, lan kinasiyan ing Hyang.
  6. Iya iku wong temen nastiti, angguguru ingkang wus apana, dadya wruh panjing surupe, keh lire wong guguru, ing saweneh ateki-teki, mring sakeh ingkang pandhita, tanana potipun, ataken ngelmu kang nyata, ewuh temen ya jebeng raga puniki, pataken ing dunungan.
  7. Aja lali ing namanireki, aja dumeh sira wruh ing sastra, aja tungkul sastra bae, yen durung uleh tuduh, guguruwa mumpung sih urip, kang anom lan kang tuwa, tan wande alampus, tan wande tekeng ngakerat, raga iku nora wande pulang jisim, jebeng paekanana.
  8. Kadang jebeng sira sengga ngimpi, ing rupane dhewe den kawangwang, pralambange turu dene, sajroning turu iku, angrasaken nikmating ngurip, saneskareng katingal, sajroning ngaturu, nora beda pejah gesang, kang ngaawas dene wruh raga pribadi, iku wekasing suksma.
  9. Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe teka, iblis laknat teka kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu lan nini, ana rupa wong sanak, na rupa sadulur, ana ngajak kekesahan, lah den tetep imanira aja gingsir, iku iman sakarat.
  10. Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku poma aja lena, weneh andulu ngelmune, akeh lire kadulu, yen kapencut aneniwasi, dadi ing panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus nyata, jroning pati tanana panggih-pinanggih, wus katingal sampurna.
  11. Poma jebeng yen prapta sayekti, aja pegat ing pangrakitira, tegese iku elinge, dipun prayitneng kewuh, ngurebana ujar kang yekti, kawruhana den awas, ing sakarat iku, nora kena ginagampang, den amadhep gagamanira den becik, aja kongsi kasoran.
  12. Yen kasoran mapan tibeng sisip, pan kasasar jro sakaratira, kono campuha prang gedhe, mungsuhira pra ratu, balane keh tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsun sakethi, mawendra wurda kirna.
  13. Tanah Arab jeng Bagendha Ngali, yen mangsah prang pan ijen kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gegaman, ingkang luwih ampuh, lire gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna memalaning pati, mulya jati wisesa.

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: