alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT KANDA TJETA


 

Isi piwulang para sepuh ing jaman kina,
ingkang taksih mempan lan migunani
tumrap bebrayan Indonesia ing
jaman samangke.

Kawewahan cakepan sindenan mawi wangsalan jinarwa tuwin purwakanti
ingkang salaras kaliyan jamanipun.

Kahimpun dening :
Ki DARSOSAWEGO
(Pensiunan Juruwicara RRI Surakarta)

Cap-capan kaping 2
Lis No. 299/DN/63

***

C.V. Penerbit & Toko Buku “SELAMAT”
Jl. Ov. Slamet Riyadi – 137a
S O L O

Kasadur malih
Dening : Mas Kumitir
Jumat, 7 Juli 2015
SIDOARJO JAWA TIMUR

@@@

BEBUKA

Nuwun awiyosipun, minangkani pamundutipun para-para sutrisna, kadang mitra saha saderek ngakatah, ingkang taksih kepingin sanget anggadahi buku ali “KANDA CETA” punika, mila kula anggep perlu dipun capaken malih, kanti pangajab sageda angluluri pangandikanipun para sepuh ing ngatasing bab kawruh bebrayan, kenging winastan “Pitutur Becik”, sinaosa kangge jaman sapunika nama sampun radi kapengker, ewadene meksa kula hemeni, lowung kangge waosanipun para ingkang remen nyekar, ngiras kangge anglelipur manah.

Kados para maos sampun sami nate kagiyaraken lumantar corong RRI Surakarta.

Ing wasana nyumanggakaken para maos sadaya. Nuwun.

Surakarta, 10 Nopember 1963
Ki DARSOSAWEGO

—–@@@—–

PUPUH I
S I N O M

  1. Darpengtyas murweng gitaya, satata mangore weni, syekti hamung kinarya, wewentehan angawruhi, gagayuhaning ngurip, supaya nora kasluru, rasakna dikarasa, karsa ingkang hanartani, tata tentrem ing purwa madya wusana.
  2. Mumpung sira maksih muda, yen bisa ngelon-eloni, perlune aja kainan, mbesuk tenemuning mburi, iki pitutur becik, sing lumrah kanggoning umum, ana patang prakara, sarengat kang angka siji, ping pindone sing diarani tarekat.
  3. Kaping telune kakekat, kang kaping pat di arani, makripat kanggo pungkasan, tak tegesi siji-siji, ning aku janji disik, aja maido kandaku, aku mung kanda blaka, kiraku kak gugu becik, dene ora anggugu tan dadi ngapa.
  4. Puluh kowe tak peksoa, tiwas aku kanda crigis, yen atimu durung doyan, mangsa kok lebokna ngati, mangka kandaku iki, anane nganti nglakoni, kaya aku kaduwungku ora jamak.
  5. Iki lehku ura-ura, ora nganggo tembung kawi, bares kures blaka suta, sirku mono aja nganti, kangelan lehmu mikir, mengko mundak sasar susur, marga yen salah tampa, sanadyan pitutur becik, jroning batin panampamu malah ewa.
  6. Tarkadang sok ngumpah-umpah, iyah peh bisa nuturi, bok coba alahne kanda, dekke dewe anglakoni, adat mangkono kuwi, aku wus kerep karungu, malah dek aku bocah, beres wis tau nglakoni, yen diwulang karo sibapa sibiyang.
  7. Diweruhake tata-krama, dedalaning bener becik, lahirku ya : iya-iya, nanging temene ing batin. Iyah bok ojo criwis, tak rewangi nylamur-nylamur, saya anyelku jamak, yen mulang dimori muring-nuring, mula iki mung tak sambi ura-ura.
  8. Luwung kanggo ular-ular, yen bisa nggonen rak becik, aja peh aku sing kanda, dudu wong sing mingklik-mingklik, wulang dalem rak muni, yen pitutur becik iku nadyan metu wong sudra, sira anggowa kang pasti, karo maneh aja watak kabrabeyan.
  9. Kayata ana wong kojah, nanging kowe roda geting, menyang uwong sing kojah, kojaha sakranjang gambir, kupingmu kok tutupi, saka ora sudi krungu, oo, ngono kuwi salah, lha kok peh kowe wis geting, sakandane kudu ora kok pracaya.
  10. Kuwi durung ati tuwa, wong geting angetarani, kang mangkono iku aja, nirua wong ahli budi, nadyan batinmu geting, lahir kono yen ketemu, aja nganti katara, sebab ana tembung manis, sing prayitna aja lali tata-krama.
  11. Yen kojah ya tanggapana, aja kesusu kak tampik, kowe rak bisa nyurasa, megkono rak ya bisa milih, sing ala disingkiri, sing becik, becik digugu, yen bisa linakonan, orane ya dipengeti, ditularna kaya sing arep tan kanda.
  12. Mung ingkang jeneng sarengat, kalumrahaning wong ngurip, kudu nganggo tata-cara, ayingkiri lara pati, srana hangati-ati, murih slamete awakmu, aja hesah setiyar, nyambut gawe golek duwit, kajaba ta : yen wis jempo arep apa.
  13. Ning nadyan nyambut gawe-ya, duga-duga aja lali, banjur ora ngreksa awak, jalaran kalingan melik, selak kanggo nuruti, nyang kepingin kareping hawa napsu, siya-siya nyang awak, yen kesandung suker sakit, babatenmu entek kok nggo tuku tambo.
  14. Mula kudu duga kira, sagodag-gadug-ing pikir, wonton tetep ora dleya, ora nglirwakake wajib, pametu okeh sitik, gumantung ana awakmu, anggere bisa nata, sak unda sabilik-bilik, gede cilik pada bae ora beda.
  15. Blonjawa sarus rupiah, yen tadahmu kok gedeni, nganti luwih saka blonja, ora wurung mesti mringis, banjur dikosok balik, nadyan setali blanjamu, anggere kowe bisa, butuhmu cukup raong ketip, mesti menang karo sing satus rupiah.
  16. Mung kalahmu kalah uwah, nanging kepenaking ati, kowe mesti menang penak, jabata yen ngati-ati, blanjane satus repis, dasar tatanane bagus, lha ya kuwi tulada, wose bae akeh sitik, cukupe saka duga lan prayoga.
  17. Yen wus cukup butuh ngomah, banjur salin genti mikir, butuh menyang kalumrahan, karo tangga kanan kering, titinen jroning batin, tata caraning pirukun, kang becik timbangana, aja nganti kalah ati,awit tangga sadulur katemu rina.
  18. Tresna-wa sapada-pada, aja sok demen marahi, ameminihi prakara, mengko mundak dicireni, para ngalah satitik, yen tinimbang poda-padu, pedahe ora ana, mung gawe rengkane ati, ati gela anyudakake sih tresna.
  19. Kowe dewe bisa kanda, kahananing wong ngurip, rukun agawe santosa, mula becik ngati-ati, awit yen padu mesti, hanggempil karukunanmu, dadi nyuda santosa, wekasane banjur ringkih, sasrawungan perlu nganggo tepa-tepa.
  20. Kowe rak yo wis ngreti ta, menyang kembang tepus kaki, nyiliha rasaning liyan, mungguh aku kaya kuwi, priye rasani ngati, kowe bakal bisa ngukur, marga pada manungsa, kacekka ora sanyari, wong daksiya marga ora weruh tepa.
  21. Unggah-ungguh tata-krama, iya kudu diweruh, wong meruhi tata-krama, ora beda weruh tarip, bisa ngreta aji, barang kang arep tinuku, tumraping sasrawungan, tata-krama iku dadi, pangruwating saru siku lan deksura.
  22. Sarak sarating agama, aja sok kok sulayani, awit wis dipikir dawa, karo para Nabi wali, dene kowe saiki, durung kober melu-melu, kaya sing ahli sarak, nanging aja mamancahi, ndak kawiyak diarani murang sarak.
  23. Lakuning wong prasanakan, supaya bisa lestari, prayoga reksa rineksa, aja nganti gawe serik, pirang bara meruhi, butuhing sanak tinuju, orane waton aja, ganggu gawe angrusuhi, nyang darbeke sanak kadang pawong mitra.
  24. Yen kabeh-kabeh tak gelar, sarengate wong ngurip, luwih sarengat kurang papan, aku wegah anulisi, semene bae disik, ya mung trima-trima luwung, wose kawruh sarengat, anglakoni bener becik, tatacara rukune sapada-pada.
  25. Saikine salin kanda, angrembug tarekat genti, tinimbang nyatur wong liya, enake tembange salin, dadi ora mboseni, priyayi sing pada krungu, pangkur bae kepenak, nanging barese bab iki, aja swara surasane rasakna.

PUPUH II
P A N G K U R

  1. Kang diarane tarekat, iya iku niti lakuning ati, bisane lega atimu, sukur sukur yen bisa, ayem tentrem murakabi nyang awakmu, awit tentrem iku beda, tinimbang leganing ati.
  2. Lega iku mung sedela, anlikane kalakon kang kok sir-i, yen kang jeneng ayem iku, ora beda tanduran, waton ajeg panyirame ledung-ledung, ananging yen katendagan, godonge alum ngalentrih.
  3. Saya yen katiga ngerak, hangerenteg uwite kawlasasih, ya kuwi yen arep weruh, ayeming wong kasiram, sagebrayan nanging yen koncadan banyu, uwite kalakon ngaran, godonge alum nggegregi.
  4. Balik yen tentrem temenan, ambegegeg prasasat gunung wesi, upama wit-witan glugu, disiram karo ora, panggeng bae marga wis oleh pitulung, kasiram sarining rasa, malah wohe mukarabi.
  5. Badan iku mung sadrema, anglakoni apa pakoning ati, ngetan ngulon ngalor ngidul, susah utawa bungah, ora liya kabeh saka panggawemu, mulane kudu prayitna, menyang karenteging ati.
  6. Marga lumrahing manungsa, klebu aku, aku ora nyelakki, sing akeh sok keblasuk, kagawa panca driya, nepsu lima rebut duyung bareng maju, luput metu saka mata, iya metu saka kuping.
  7. Luput kuping metu nglesan, luput nglesan iya metu ing parji, luput parji metu ngirung, aku nganti kewuhan, wong ya uwong suwe-suwe sok kalimput, weruh-weruh wis kasasar, tujune wis rada ngreti.
  8. Ngerti yen kuwi rencana, panggawe sipanca driya iki, gawe rusaking atiku, kang marang katentreman, apes blebes mbeborosi mbubrah petung, mulane ora saranta, yen eling jur tak unduri.
  9. Ning yen enda babar pisan, pancadriya angel nggonmu ngendani, awit bisamu anggregut, lehmu mangupa jiwa, iya saka rosaning kanepson mau, ana maneh panca maya, kowe ya uga duweni.
  10. Cahya kang patang prakara, cahya abang ireng kuning lan putih, iku uga mancing nepsu, nepsuning aluamah, ngangah-angah lunguhe ana ing waduk, plawangane ana nglesan, cahya abang kang nduweni.
  11. Amarah watak brangasan, plawangan metu saka ing kuping, lungguhe ana ngrempelu, ireng ana ing cahya, yen supiyah watekke sruwa kasusu, sugih marang pepinginan, kang nduweni cahya kuning.
  12. Lungguhe ana ing limpa, plawangane iku ana ing manik, dene mutmainah iku, sumuci emoh ala, anteng junem ana ginjel nggone lungguh, plawangane ana grana, cahya putih kang nduweni.
  13. Kabeh iku mung minangka, kanggo kanti kuwating getih daging, nanging poma aja korup, kareping panca driya, kang dumadi saka ing angen-angenmu, kok kuwi pandak ya ora, ya mung anggere nggiduhi.
  14. Demene sok ajak-ajak, nyang ragamu yen ora kok turuti, banjur mrengguk lenggak-lengguk, yen kok turuti bungah, yen kesandung aduuh, sambat biyung-biyung, lha mung sing ngajak sapa, rak iya sing sambat kuwi.
  15. Tarkadang sok sonjabaya, golek bungah malah nemu prihatin, ya kuwi yen arep weruh, tetering pancadriya, ujas-ujus tibane ora pecus, mula jeneng ora pandak, yen diuja nyilakani.
  16. Tumraping para sarja, dasar imbuh wicaksana ing budi, menyang panggawening nepsu, wis ora kasamaran, kena nglali sakecapan ora berung, banjur eling manalongsa, nyunyuwun ngapureng Widi.
  17. Ing buri saya prayitna, saben ana karenteg jroning ati, ora kesusu diturut, nganggo dipikir dawa, krenteg mau apa panggawening nepsu, apa panggawe kang nyata, metu saka ati suci.
  18. Ning iki ya ora gampang, kudu ngambah menyang bangsaning gaib, sapa kang ngereh atimu, lha kuwi waspadakna, sinauwa sabar sareh, awas emut, iku minangka kunjara, kabeh kanepsoning ati.
  19. Pancamaya panca driya, tobat – dening sabar sarehning budi, yen ora ngandel kandaku, hara coba takokna, nyang wong pinter, mengko rak kaya kandaku, pangruwating nepsu murka, ora liya saka kuwi.
  20. Saranane ulah napas, heneng-hening waspada lawan eling, kowe aja salah surup, iki mung kanggo dalan. Hanenuntun hanteng hantering atimu, supaya sabar tawekal, dudu sing jeneng semedi.
  21. Ngawruhi ngelmu kang nyata, lire nyata tetep osiking ati, yen atimu kanda biru, ya sing biru temenan, kanda abang iya abang aja dadu, dadi tetep tinetepan, mangkono ati kang suci.
  22. Ya kuwi dawuhing sukma, kang lumantar saka ing banyu urip, katampan dening rasamu, rasaning urip tenan, dudu rasa panggawening hawa napsu, yen kowe wis bisa sabar, umpama banyu sing keji.
  23. Menep bening kaya kaca, mesti kowe kasinungan matitis, tetes apa saujarmu, ora kalingan hawa, aja maneh marang krenteging liyan, rada bisa nyumerepi.
  24. Jeneng pinaringan ilham, cilik-cilik ora ketang sa mit, wis kawikan kaya wiku, wikuning wong saomah, tekan kene bae kiraku wus cukup, ganti ngrembug kakekat, tembange salin kinanti.

PUPUH III
K I N A N T I

  1. Kang jeneng kakekat iku, meruhi rasa sejati, awit rasaning manungsa ora beda kuwih lapis, sajake kaya sap-sapan jaba jero banjur kadim.
  2. Rasa jaba yen didumuk karasakena ing kulit, keri gatel sitik krasa, aja sing bangsa digitik, wong kangenan bae krasa, sumuk bisa krasa isis.
  3. Nanging yen kesokkan setrup, awak ora krasa legi, awit rasa legi gurih, pahit getir iku lidah, rasa jero kang nduweni.
  4. Bareng krasa mung ing butuh, kowe nandang utang silit, sing karasa dudu lidah, apa maneh kulit daging kabeh ora apa-apa, rasane ketemu ngati.
  5. Ya kuwi yen arep weruh, kang jeneng rasane kadim, mula mau aku kanda, rasa kaya kuwih lapis, kasiyate beda-beda, sap telu sing tak weruhi.
  6. Rasa kabeh iku kawengku, marang sawiji, angen-angen badan suksma, kang ana telenging ati, ya kang …… date atma, nggon pakumpulaning urip.
  7. Budi sir cipta rasamu, ana kono kang di-nggoni, nanging kowe sumurupa, sejating klabeh kuwi, kaya dene pasa ngarap, ndawuhake kersaning gaib.
  8. Katampan dening rasaku, mahanani mobah mosik, raga kang bakal tumandang, mendong mikul sarta nyungi, apa dene patukangan, kriya greji juru tulis.
  9. Rasa iku panatamu, kowe ora kena mikir, wong wis kelacak lepatak, ye lara butuhmu mari, yen mamangan kurang enak, kowe bisa hangarani.
  10. Iki cemplang kurang bumbu, tarkadang yen kurang asin, kowe njaluk imbuh kecap, rak wis terang ta, saiki, mung njaluk enak kapenak, utawa leganing ati.
  11. Dadi mituhu rasamu, ananging sajroning ati, ana rasa kang sanyata, rasaning kang Maha murni, wajib kudu weruhana, ya kuwi rasa kang suci.
  12. Awit ana rasa rusuh, demen goroh demen lamis, lan sok demen nyatur ala, demen yen ana wong sedih, ora pisan-pisan welas, malah para ngisin-isin.
  13. Kala mangsa kadang tuwuh , akale sing ora becik, gawe tuna hamitenah, supaya bisoa dadi, sangsaraning kana-kana, lha kuwi rasaning iblis.
  14. Manuksmeng angen-angenmu, angendih rasa kang murni, hora coba rasakno, goroh lan lamismu kuwi,mengko rak kowe rumangsa, ah iki ngin-isini.
  15. Mulane kok tutup-tutup, amarga kowe wis risi, yen kowi panggawe ala, kiramu kang Maha suci, ora bakal bisa mirsa, tibakke tansah nyateti.
  16. Kala mangsane awakmu, sok kaweleh nganti nyungir, anane wong bisa kanda, aku wis tau ngalami, e, e, e, e, Gusti Allah, nek melehke olehe gelis.
  17. Mula sing sapa kejegung, dening angen-angen iki, mesti kerep kepetengan, awit rasane kang wening,kecampuran nepsu ala, mubal regedde ngalingi.
  18. Supaya terang kandaku, gamblang lehmu anampani, tibaning rahsa kang mulya, pinda udan saka langit, cumlorot kaya barleyan, tumiba telenging ati.
  19. Yen atimu suci mulus, bayune lestari bening, sasat ana gelas kristal, dayane anyarambahi, menyang saranduning jazad, seger sumyah lahir batin.
  20. Awit sucining atimu, wis dadi damparing Widdi, upamakna bangbang wetan, sumamburat anelahi, antinen sakedap netra, Sanghyang ngarka anedakki.
  21. Ning yen banyu udan mau, tumibane saka nglangit, katampan ati musibat, kaya blotong lenga klentik, reregede mesti mubal, dadi pepetenging budi.
  22. Mula kerep klira-kliru, dudu dalane ditonni, kang becik diarani ala, kang ala dikira becik, nasar-nasar kebelasar, wong kena ukuming batin.
  23. Mula pangarep-arepku, sing wis pada krungu iki, mbok aja sabisa-bisa, ngilangi regeding ati, aja nganti kawoworan, rasa rasaning Ijajil.
  24. Cikben luput ing riridu, kang andadekake sedih, pirang bara pada bisa, kulineng rasa sejati, kang gawe tata raharja, ayem tentreming dumadi.
  25. Kasebut ing tembung pangkur, gejege wis tak turuti, iya mung sarining rahsa, kang gawe tentreming pikir, mengko yen tekan makripat, kowe bisa nyumurupi.
  26. Duduk selehing rasamu, ceta wijang siji-siji, ora mung gunebyah uyah, dupeh bae pada asin, yen ngono ndak ora ceta, bingung anggonmu nampani.
  27. Anane wong anggeguru, sok tumpang suh leh nampani, iku saka kurang wijang, wejangane siji-siji, mula bingung bilulungan, jare mendem donga sepi.
  28. Harak direngeni kaum, wis ah kok banjur ngrasani, nganti tekan kaum barang, saiki angur mikir, kang jeneng kawruh makripat, tembang pocung bae becik.

PUPUH IV
P O C U N G

  1. Mangu kadung, hatik kaya mendem pocung, lehku ngarah-arah, arep tak anggo miwiti, nerangake sing jeneng ngilmu makripat.
  2. Ya mung lowung, kanggone sing isih suwung, tegese makripat, hameruhi marang urip, kang jarene gandeng karo Gusti Allah.
  3. Urip iku, jejere ana tetelu, siji urip bocah, ping pindo uriping osik, kaping telu urip langgeng ora papa.
  4. Raga iku, mung dadi wadah salugu, prasasat kurungan, yen isine wis ngoncati, telung dina bae kurungane rusak.
  5. Dek uripmu, sikil isih bisa mlaku, tangan bisa ngglawat, marga direh dening osik, osik iku saka pangerehing rasa.
  6. Rasa mau, kereh panjenenganingsun, ingsun-ingsun sapa, ingsun dat kang anglimputi, mring kahanan dumunung neng kagaiban.
  7. Biyen aku, dek isih demen nggeguru, wis tau diwejang, sawise nggelarake urip, tekan hingsun kuwi sing kanggo pungkasa.
  8. Awit iku, dat kang nglimputi bumi langit, saisine kabeh ora kaliwatan.
  9. Malah klebu, triloka jagad tetelu, lan betal-betalan ingsun kabeh kang mengkoni, ora beda wisikan ananing ngedat.
  10. Nalikeng-sun, malige betal-makmur, jumeneng neng dimak, antaraning dimak manik, jroning manik iku, budi banjur asma.
  11. Asma iku, lugune angen-angen, banjur maneh suksma, banjur rahsa kono isi, isi ingsun dat kang nglimputi kahanan.
  12. Wose ingsun, betalmu karamya ingsun, kang ana mukadas, nut pah mani madi wadi, udang-ngudeng iya ingsun ora ana.
  13. Golek ingsun, tak udi setahun butun, bareng wis kacandak, durung nrima meksa ngudi, ora ngono, ingsun-ingsun kuwi sapa.
  14. Bareng anu, dumadakkan ana guru, sing kaduga mejang, dumununging ingsun sejati, yaiku roh suci(ne) tirta prawita.
  15. Yen pinuju, jumeneng neng betal makmur, madangi pangrasa, wahanane dadi eling, yen pinuju ana ing betal mukaram.
  16. Manjing jantung, dadi osiking atimu, lan kerep koripan, saka tirta prawita di, yen jumeneng neng mukadas, dadi rahsa.
  17. Mulane iku, yen cunduk karo rahsamu, ingsun wis manunggal, tunggil sarining trimurti, tirta marta tumetes dadi manusma.
  18. Rada matuk, agi iki aku entuk, guru rada ceta, dununging ingsun sejati, ewadene aku meksa durung nrima.
  19. Isih ngluru, Maha Gusti kang satuhu, sing disebut Allah, utawa sing gawe urip, sing nganakke roh suci tirta prawita.
  20. Jare iku, luwih cedak karo aku, langgeng tan kena ewah, yakayun bilaraukin, tanpa erok tan kajero (lan) kajaba.
  21. Aku tau, ndumuk talining urip, bareng aku mengeng napas, lhaa iki, ta.
  22. Jebul jatus, tiwas lehku kempas kempus, saiki wis lega, ning yen kowe mongsa ngguguwa.
  23. Awit aku, isih butuh mangan turu, butuh duwit barang, kaya lumrahing wong urip, mula mandeg samene rak wis sedengan.
  24. Kari ngrembug, ing pati yen bisa tutug, mbesuk titenana, kowe aja ngetang disik, rasakna tembange semaradana.

PUPUH IV
SEMARADANA

  1. Kowe aja pijer kingkin, menyang kahananing donya, donya iki rusuh kabeh, siji bae ora ana, sing langgeng ora owah, ya bener manungsa iku kudu ngenggoni sarengat.
  2. Tatacaraning wong urip, kudu golek sandang pangan, wong pitik bae ceceker, aja sing aku manungsa, ora abudi daya, saben dina golek butuh, nggo nuruti kekarepan.
  3. Ning tibakke ambak-ambing, kerep iki yen diuja, wis ora ana enteke, yen katurutan ya bungah, yen ora ya njur susah, sak jeg jumleg nganti mbesuk, ya mung bungah karo susah.
  4. Apa ta sing kok pingini, mengko yen wis kasembadan, rak ya banjur salin maneh, luput barange sing rusak, ya kowe sing bosen-nan, dadi tumbu oleh tutup, wose bae kabeh rusak.
  5. Dadi kowe aja pangling, yen donya hendon kang honya, rak iya ta : satemene, ning mengko kowe njur nyu’al, kowe ki sok ngonowa, duwit barang ora butuh, marga iku iya rusak.
  6. Wee lho kosik disik, duwit onowa sak kranjang, tiya isih golek maneh, malah upama dijiyat, tinimbang urip mlarat, ya pilih sing mubra mubru, ning kok tentrem iya ora.
  7. Tentrem iku awit saking, bisa ngendalenni setan, bisa milahke uripe, donya kanggo kalumrahan, suwene sapiro-wa, bakal pisah karo aku, yen mati ora tak gawa.
  8. Mulane wiwit saiki, arahen sabisa-bisa, rasa aja nganti nyakot, menyang kahananing donya, mbesuk mundak rekasa, yen tekan jaman kukut, mandeg-mangu ora eklas.
  9. Tur kok bakal wurung mati, sanadyan mandeg mayong-a, wis mesti sida dibetot, mogok iya diregadag, sok nganti pandirangan, lha ya kuwi jalukanmu, biyen-biyen ewuh apa.
  10. Lho, ning aku dewe iki, tur neh-ha durung karuwan, panahku yen bisa mencok, panyuwunku saben dina, tumekaning wekasan, bisaha kaya sedyaku, Pangeran paring nugraha.
  11. Mulane mumpung saiki, nanging yen atimu lega, coba nggonen ngrasakake, tumekaning ngakir jaman, kowe anggawa apa, lan sapa kang gelem melu, bok anak bojomu sisan.
  12. Lan sapa kang kok tresnani, mbesuk tekaning sekarat, jak’en aku bae emoh, ning kowe ya aja gela, aku iki mung kanda, kanggo seksi donya iku, kabeh rusak ora lana.
  13. Ning kanggo cah nom saiki, wong mati nggo digagas, kuwi rak wong gugon tuhon, ora susah dirasakna, mbesuk karsaning koodrat, yen wis tumeka watesmu, rak ya njur gletak palastra.
  14. Angur mikir golek duwit, kanggo sangu leha-leha, kuwi sarengat jenenge, bedo karo sing tak kanda, iki kawruh makrupat, mikir tanjaning uripku, sing langgeng tan kena rusak.
  15. Mulane tak taning-taning, ting talening kaya bonang, aja cawuh panampane, sarengat diwor makripat, konang karo rembulan, wis ora temu-tinemu, mula sok diyo-diniyo.
  16. Becike pada digladi, kasebut daliling kitab, antamutu kablal-maut, sajroning urip mati-ya, dadi pancen wis terang, mati kudu disinau, mesti bae ora gampang.
  17. Awit yen dipikir-pikir, wong mati kok dikon ajar, lha gek sapata “gurune”, apa ajar nang jarattan, takon menyang pocongan, eee, cong mati niku pripun, kula ajeng njaluk ajar.
  18. Hhemmm, rak ya diguyu pitik, ning yen wong urip sing ngajar, hara bae dipaido, yen mati kena diajar, dijupuk saka nalar, upamakna diyan murub, sing arep kasatan lenga.
  19. Gajege yen ora lali, aku wis tau gegulang, sinida dayeng tuwuhe, dik samana sir ku nganggras, menyang kyai sagota, jebul cek-del mak klusut, ee lha kyai iki sembrana.
  20. Ananging yen kok takoni, gek rasane kaya apa, sajroning sekarat kuwe, aku ora bisa kanda, awit wis lali tenan, iya mung layu kayapu, tan kena kinaya ngapa.

 T A M A T

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: