alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BABAD JAKA TINGKIR


 

PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. Nihan doning ulun manulad Sri, ring sarkara mamrih memardawa, tyas wigena panjutane, juwet silarjeng tuwuh, wahananing kahanan jati, sujana paramaria, witaning tumuwuh, winangun ingkang sasmita, ginupita kang srat Babad Jaka Tingkir, malar dadya pusaka.
  2. Ing ri Akad duk wiwit mengeti, kaping kalih likur sasi Sapar, wanci pukul sawelase, lintang ingkang lumaku, nuju sangat lintang Mustari, pareng warsa Jimawal, sancayaning Windu lek Jawi mangsa katiga, ping nembelas sengkala Sang Mahamuni, Anata Goraning Rat.
  3. Ejrah Nabi tarehnya marengi, sinengkalan Pandhita Aguna, sinembah ing Jagad kabeh, lek Walandi Anggustus, kaping tigalikur winarni, sengkala Trus Sinembah, Sariraning Ratu, kang mangka pandoning pudya, tarlen muhung risang amurweng dumadi, widining sabuwana.
  4. Kang murah ing dunya sih ing akir, sang akerti ring saptapratala, len tang kasapta kasane, sesiing rat sawegung, panggelamingg wiyat pratiwi, tiningkah tatakrama, mamrih tartibipun, urut-uruting paningtah, sampurnane dadining sakalir-kalir, pan ing dalem nem dina.
  5. Nulya andadeken ngaras kursi, karsaning Suksma Saellawu ngasya, memuruk ing kawulane, barang pakartenipun, ing manungsa den enget ing wit, aja na budi ganas, ing tingkah kasusu, sami nganggea ukara, ing tartibe denya pareng anuju kapti, wahyaning mangsa kala.
  6. Ri titaning ulun mangastuti, ring Sang Hyang kang Anurageng jagad, tandya pepudyeng dutane, ing Ywang kang Mahaluhur, Kangjeng Nabi Muhamadinil, Mustapa nabibulah, panguluning rasul, wekasaning pra ambiya, nayakaning bawana dipaning bumi, gegentining Hyang Suksma.
  7. Sang nur ing rat tersandhaning widi, pan saistu witaning tumitah, Nur Muhamad kajatene, muga-muga satuhu, winantua rahmating Widi, utawi sulaming Hyang,  lan pasianipun, tertamtu dhumawuh marang, nabi duta Muhamad ingkang sinelir, lintang kawula-warga.
  8. Muwah para sakabat pangarsi, dining kang kanang Sayid Abubakar, myang Sayid Umar malihe, Sayid Usman puniku, sekawane Sang Sayid Ali, samya dadya kalipah, gegentining rasul, anutuken lelampahan, ira Kangjeng nabi angrata agami, amranata ing jagad.
  9. Amabakduana pon sawusing, sampat paripurnaning pamudya, kang winarneng panggalange, lelagon kang ginelung, pamugeling carita Jawi, babading Tanah Jawa, lelampahanipun, para nata kang ginita, wusing jaman Srikalaraja pepati, Dewaraja semana.
  10. Jaman iku ingkang amekasi, panjenenganira naranata, Raden Alit duk timure, jumeneng sang aprabu, Erawjjaya ping gangsal nenggih, ing nagri Majalengka, jangkep satus tahun, umuring ponang nagara, turun sapta kang jumeneng narapati, ing nagri Majalengka.
  11. Wiwit prabu Suruh duk ing nguni, sasedane ginantya ing putra, Sang Prabu Anom namane, pan kekalih puniku, dereng nama Brawijaya Ji, anulya putranira, wiwit namanipun, Sri Brawijaya kapisan, putra nama Brawijaya kaping kalih, nulya malih putranya.
  12. Nama Brawijaya kaping katri, putranipun nama Brawijaya, ingkang kaping sekawane, Raden Alit puniku, Brawijaya pingg limaneki, jangkep ing tedhak sapta, kuneng kang winuwus, ing carita kang cinegat, sabedhahe nagari ing Majapahit, musnane Brawijaya.
  13. Lenyep saking manusapadeki, apan sumengka mengawak braja, minggah mring muksapadane, datan kalawan lampus, paripurna waluya jati, ing jaman kasucian, kasampurnanipun, sang aprabu Brawijaya, sampun putus patitising jatimurti, waskitheng sangkan-paran.
  14. Datan samar kawuryaning urip, urip trusing jaman kalanggengan, pira-pira kamuktene, ing karaton kang sestu, sestu datan kena winilis, pan tikel pira-pira, lan duk meksihipun, neng jaman nungsapada, cinarita duk muksane Sribupati, dinulur ing punggawa.
  15. Gajahmada Rakyan Mahapatih lawan sagung bupati satriya, punggawa para mantrine, sawadya-kuswanipun, ingkang sampun sami winasis, putus ring kamuksan, tan samar ing kawruh, tinarimeng kasunyatan, bisa milu ing muksane Sribupati, kang bodho datan bisa.
  16. Nadya nguni sumilih ing mangkin, yen wong tanpa ataki-takia, kapataka ing temahe, anelangsa ing pungkur, kumprung pengung tan wrin ing wadi, wadining widayaka, nayakaning kawruh, kawruh marng kalepasan, praptaning don si bodho aneniwasi, beda lan kang wus bisa.
  17. Watawise kang tumut sang aji, sapratigan wadya Majalengka, ingkang tuwa-tuwa bae, kang anem kinen kantun, amencarna wiji ing wuri, kinen sami nungkula, manjing Islam luhung, kejawi kang sampun samya, nungkul batin wus anggawa Islam suci, samya anandhang iman.
  18. Nanging ana bekjane kang kari, ingkang datan bisa milu muksa, dene salin agamane, kang tata Buda kupur, sinalinan agama gusti, sami anandhang iman, Islam pan linuhung, sirnaning kang tata Buda, duk bedhahe nagari ing Majapahit, semana sinengkalan.
  19. Sirna Ilang Pakartining Bumi, duk semana sinalinan jaman, Kalawijisaya alame, ngadiyati puniku, tigang tanah ponang nagari, ing Benang Giri Demak, narendra kang sepuh, paparab nata pandhita, iya Prabu Anyakrakusumeng Bumi, ya Jeng Sinuhun Benang.
  20. Jejuluke Sang Mahadimurti, iya Sri Mahanarendra wadat, wadat salami-lamine, jumeneng wali Kutub, Ghosul Ngalam Kutub Rabani, kang ngasrama ing Benang, asesunya samun, pinidha kinantha-kantha, pakukuthan yekang minangka kuthadi, nenggih Sang Adiningrat.
  21. Dene ratu ingkang kaping kalih, pan kaipe mring Jeng Sunan Benang, Prabu Sapmata namane, jumeneng Ratu Tunggul, iya Kangjeng Sinuhun Giri, Mustapa Purbaningrat, Jeng Wali Kutub, tetungguling parentah amisesani, ing jagad Tanah Jawa.
  22. Kang ngrenggani pura di ing Giri, ya ing Girialiman kadatyan, dene ratu ping tigane, kang mangka wakilipun, dening Kangjeng Sunan kekalih, kekutha bumi Demak, warising kaprabun, sutaning Sri Brawijaya, ginantyaken karatoning Tanah Jawi, Adipati Bintara.
  23. Kang angangkat jumenengira ji, nenggih Kangjeng para waliyulah, myang pandhita gedhe-gedhe, para mukmin gung-agung, ing sa tanah Jawa ngestreni, yen Dipati Bintara, angalih jejuluk, naradipati Pulembang, bisikane Panembahan Bintareki, lan malih sinung nama.
  24. Senopati Jimbun kang wewangi, kalipahing rasul nagri Demak, angreh Tanah Jawa kabeh, duk jumenenge prabu, sinengkalan Dahana Mati, Siniram ing Narendra, nengena karuhun, kang jumeneng nagri Demak, tan winarna gantya kang wursita malih, amangsuli carita.
  25. Kang ginancar ing kandhanireki, Prabu Brawijaya kang wekasan, kacatur kathah putrane, kang saking garwa sepuh, Jara ranira nerpati, putri saking ing Cempa, kang kocap warna yu, pinunjul ing pramudita, sang dayinta nama Ratu Dwarawati, yeku kang kacarita.
  26. Darbe cahya kasumbagan warni, ing sadina malih kaping sapta, salin-sumalin warnane, tetiga putranipun, ingkang urip bae winarni, kang pejah tan winarna, dene ingkang sepuh, pambajengira sang nata, pan wanodya Ratu Pembayun nameki, suwarna langkung endah.
  27. Antuk waris saking ibuneki, semburating cahya kasumbagan, sumunu cahya angene, pakramanira antuk, sang aprabu ing Pajang Pengging, Sang Sri Handayaningrat, sektine kalangkung, aprawira widigdaya, ing prang ampuh keh ratu sabrang kajodhi, sinoring pabaratan.
  28. Duk ing nguni kala andon jurit, Srinarendra pan maksih jejaka, Sang nateng Bali purwane, dupi balilanipun, datan purun kareh mring Jawi, prabu Kalageijita, nateng Bali Agung, apan sampun tigang warsa, denya datan utusan atur upeti, marang ing Majalengka.
  29. Amet sraya mring iiyan nagari, arsa njara maring Majalengka, tigang leksa prajurite, Balambangan pinukul, wadya Bali unggul ing jurit, pra dipati brang wetan, kasoran ing pupuh, wong ing Bali duk semana, apan lagya winongwong jayaning jurit, wong Jawa kagegeran.
  30. Pan anglaruk ngilen wong ing Bali, wadya ji Majalengka duk semana, ingkang amethuk yudane, dhadhal larut suh luyut, datan wonten kang mangga pulih, wong gedhe tyase kadya, wanudya sadarum, tan ana darbe kasuran, giris mulad marang srayane wong Bali, ing prang karya asmara. 

PUPUH II
ASMARADANA 

  1. Mangkana Srinarapati, Brawijaya Majalengka, wimbuh lir ginubah tyase, awiyoga angkara-kara, myang Patih Gajahmada, tyasnya ngranuhi kapasuk, puseking tyas sru mangarang.
  2. Dadya Sri Brawijayaji, semana karya ubaya, sayembara parentahe, sapa kang atetulunga, ngunduraken prawira, wong Bali den kongsi nungkul, ingambil mantu sang nata.
  3. Dadiya kang jatukrami, putri pembajenging nata, akathah kang para katong, kang sami tetulung ing prang, nglebeti sayembara, kepengin den ambil mantu, mring sang nateng Majalengka.
  4. Denya sang putri linewih, warnane datanpa sama, lir Supraba ngibarate, nulya Sri Handayaningrat, kang tumandang ing yuda, antuk karya ing prang unggul, asor wong Nungsa Kambangan.
  5. Srah pan nungkul nateng Bali, nulya Sri Handayaningrat, kalana andonjayane, anglurug layar mangetan, maring pulo Sembawa, pinukul ing prang wus nungkul, para rajaning Sembawa.
  6. Sri Handayaningrat nuli, laju mring pulo Praguwa, sinoring perang ratune, wus nungkul srah upetinya, nulya Srinaradipa, layar maring pulo Agung, pulo Selebes wastanya.
  7. Yeku ing Mekasar Bugis, aran Selebes pulonya, Sri Dayaningrat prapta njer, pra natanya sinor ing prang, wusnya nungkul sadaya, Sri Handayaningrat laju, budhal malih sampun layar.
  8. Srinarendra Pajang Pengging marang Ternate Manila, kalana andon jayane, nateng Ternate Manila, sami nungkul sadaya, nulya wau sang aprabu, layar maring tanah purwa.
  9. Ing pulo Burneo prapti, nagri Banjarmas binedhah, bedhah nungkul narpatine, miwah ing sabawahira, ing Burneo pra nata, samya srah bongkokan nungkul, marang Sri Handayaningrat.
  10. Wusnya mangkana sang aji, kalana Handayaningrat, marang ing purwa layare, prapteng pulo geng apanjang, aran pulo Sumatra, mring Palembang negara gung, narpatine sinoring prang.
  11. Kapupu madyaning jurit, nungkul wadya sahananya, pan wus ingideran kabeh, jinajah sagunging praja, pinukul nungkul samya, atur bulu bektinipun, kuneng sawusnya mangkana.
  12. Sri narendra Pajang Pengging, sawadya budhal wus layar, kondur mring Tanah Jawane, prapta jujug Majalengka, kuneng datan winarna, reroncening kardinipun, Sri Kalana Dayaningrat.
  13. Wus panggih lawan sang suputri, atut denya palakrama, langkung sih-asih kalihe, sigegen datan winarna, ing solah lamenira, nyenyuwe lakuning catur, kang binujung ing carita.
  14. Gancare sawiji-wiji, para putra Majalengka, pinrih prate lane kabeh, kang marna minta aksama, dene supe prenahnya, kang anem lawan kang sepuh, mung sapikantuking brangta.
  15. Arenira sang sudewi, priya apekik kang warna, Sang Lembu Peteng namane,tunggil saking putri Cempa, tinanem ing Mandura, mring rama sinung jejuluk, adipati ing Mandura.
  16. Nulya arine pawestri, sami saking putrì Cempa, kalangkung pelak warnane, anama Ratu Masrara, tresna mring bokayunya, pinet ing ratu pambayun, sadulur kadi putranya.
  17. Tumut maring Pajang Pengging, sang dyah sawusnya diwasa, kasmaran marang kang ipe, Sang Prabu Handayaningrat, baguse tanpa sama, tan ana lyan ingkang ketung, amung kang raka narendra.
  18. Pinakramaken tan apti, pineksa mring ibu-rama, sang retna meksa amopo, amung ketang ingkang raka, atajin dhahar nendra, anggeges sarira kuru, anglayung liyep araras.
  19. Kang bokayu prameswari, ing Pengging uningeng cipta, kang dadya paraning tyase, kang rayi Ratu Masrara, langkung kewran ing naia, kang rayi tansah ingimur, nanging meksa datan kena.
  20. Wus kandhem kerem ing kapti, nanging tan kapadhan karsa, dadya sang retna karsane, tan atolih ibu-rama, tan etang kadang-warga, amung ketang wirangipun, dadya anglampus sang retna.
  21. Seda kendhat sang suputri, milane dalasan mangkya, sang putri kocap makame, aran makam Rara Kendhat, tepi wetan kedhatwan, ing Pengging tepining umbul, karan umbul Rara Kendhat.
  22. Kuneng kang winuwus malih, putrane Sri Brawijaya, dyan Jaka Damar wastane, kang ibu putii denawa, tinanem ing Palembang, mring rama sinung jejuluk, Arya Damar ing Palembang.
  23. Binaktan wadya jalwestri, pan wong limangatus somah, lan sinungan wewenange, anabuha Lokananta, lan wenang anganggea, tengran kapraboning ratu, sakwetaranya kewala.
  24. Ing saben warsa sumiwi, maring nagri Majalengka, Arya Damar cantane, kang mencarken para nata, miwah para satriya, para dipatya gung-agung, ing Palembang sabawahnya.
  25. Lawan cinarita malih, anenggih Sang Arya Damar, puniku kang nurunake, mring susunan Candhibalang, ing nagari Palembang, ratu bituwah kalangkung, Jeng Susunan Candhibalang.
  26. Yata kang winuwus malih, putrane Sri Brawijaya, kang wasta Bethara Katong, tinanem ing Pranaraga, kang anurunaken marang, para sentana wong agung, ing Pranaraga sedaya.
  27. Wonten putranira malih, sang aprabu Brawijaya, kekalih pan sami wadon, saking ampeyan kalihnya, tunggil sayayah-rena, satunggil denya kramantuk, ing Lowanu adipatya.
  28. Satunggile denya krami, antuk ing Gawong dipatya, wonten ta malih putrane, sang aprabu Brawijaya, sami saking ampeyan, jalu pekik warnanipun, ibune kang saking Wandhan.
  29. Iya putri Wandhankuning, cinatur nguni purwanya, sang putri Wandhankuninge, puniku pan parekannya, sang prameswari Cempa, Ratu Mas Dwarawatiku, Wandhankuning, putri tawan.
  30. Saking karaman nrepati, ing Cempa duk negri Wandhan, binedhah ing rama Katong, anungkul narpatenira, atur bulu bektinya, lawan atur putrinipun, kang minangka tawanira.
  31. Nulya sinungken mring siwi, binekta mring Majalengka, lami-lami kacarios, Sang Prabu Brawijaya, gerah kalananganya, rajasinganen sang prabu, kalintang sangeting gerah.
  32. Tan tumama ing jejampi, sagunging dhedhukun samya, anelas ing usadane, nging meksa madal kewala, Sang nata kasangsaya, susah ngranuhi tyasipun, sewu siwuhen srinata.

PUPUH III
S  I  N  O  M

  1. Ing dalu sang nata nendra, lagya erem-erem pitik, myarsa swara lamat-lamat, ujaring swara dumeling, heh ratu Majapahit, yen arsa waras sireku, sira sacumbanaa, lawan putri Wandhankuning, lamun sira wus kalakon sacumbana.
  2. Yekti waras laranira, sang nata kagyat anglilir, pungun-pungun sru kagagas, karaos sangeting sakit, kuneng datan winarni, ing solahira sang prabu, pan sampun sacumbana, lawan putri Wandhankuning, sri narendra gerahnya sampun waluya.
  3. Sang putri Wandhan semana, wawrat katur ing sang aji, praptaning mangsa ambabar, miyos jalu warna pekik, nanging Sri Narapati, sakalangkung wirangipun, yen angakena putra, mijil saking Wandhankuning, dadya sinungaken maring juru sawah.
  4. Mijil saking bebutulan, tan ana wong kang udani, kinen ngaken sutanira, priyangga mring juru sabin, kuneng datan winarni, ing solah myang laminipun, Raden Putra namanya, Bondhan Kejawan wewangi, Raden Lembupeteng ing Tarub wismanya.
  5. Aja na kaliru tampa, sagung kang samya sudyapti, mamredawa ing carita, Lembupeteng pan kekalih, satunggal saking padmi, kang tinanem Mandureku, satunggil sing ampeyan, kang aneng ing Tarub nenggih, wonten malih putra priya saking ngarsa.
  6. Patut saking putri Cina, puniku pan garwa padmi, putrane prabu ing Cina, prameswari Majapahit, nanging garwa taruni, putri ing Cempa kang sepuh, prameswari ing Cina, cinarita anggarbini, lagya pitung candra anulya sang nata.
  7. Kae waning driyanira, sengit mulat ing sang putri, anulya sang putri Cina, tinarimaken mring siwi, Arya Damar wineling, aja rinewang salulut, yen durung wawratannya, lairing kang jabang bayi, yen wus lair apa sakarepe benjang.
  8. Binekta maring Palembang, sang putri denya garbini, prapta ing mangsa ambabar, miyos kakung warna pekik, sampun sinung wewangi, Raden Patah namanipun, yeku duk timurira, Panembahan Bintareki, wonten malih putra priya sing ampeyan.
  9. Jaranpanolih wastanya, pinrenah dening ramaji, aneng Sumenep negara, wonten malih putra katri, tunggil sayayah-bibi, saking ampeyan puniku, ingkang sepuh pan priya, Raden Gugur kang wewangi, arenipun panenggak pan inggih priya.
  10. Dyan Jaka Teki wastanya, arinya malih pawestri, Ratu Turnus wastanira, sampun diwasa sang putri, nging dereng ayun kewarni, remen wewujang sang ayu, yata kang kawuwusa, Dyan Jaka Gugur ing nguni, pan kinanthi mring kang rama Brawijaya.
  11. Aneng nagri Majalengka, pan kinarya senapati, ing karya sajroning praja, lan kang rayi Raden Teki, Raden Gugur ing nguni, duk bedhaing Majalengka, kalangkung wirangira, arsa tumut ing ramaji, ing muksane sumengka mengawak braja.
  12. Ingkang rama Brawijaya, asanget tan anglilinani, Dyan Gugur kinen kariya, lawan sakadangireki, tuwin sami wineling, nungkula mring kadangipun, Raden Gugur semana, nglampu nusup ing asepi, namur kula ngilangken kaputranira.
  13. Silurup pan ngayam alas, lawan sakadangireki, kang tunggil sayayah-rena denya lelampah wong katri, prapta sukuning wukir, awasta ing wukir Lawu, kidul-kilening arga, tebih saking Majapahit, saking ngriku apan lelakon nem dina.
  14. Dyan Jaka Gugur samana, kendel kalawan kang rayi, aremen pasitenira, kinarya enggen amregil, pan arsa mangun teki, sira Raden Jaka Gugur, akarya padhepokan, munggeng lelambunging wukir, Raden Gugur abentur kasutapanya.
  15. Munggeng lambunging aldaka, dene padalemaneki, tan patya doh lan asrama, babad wana wus kinardi, padhekahan wus dadi, tan kawarna lamenipun, kathah kang tumut wisma, banjeng nut ujunging wukir, iring-iring lelengkeh myak lebak-lebak.
  16. Wontenta wisma sanambang, katelah dalasan mangkin, dhusun karan kang ayasa, ing Gugur wastanireki, yata kawuwus malih, ing nguni Rahaden Gugur, alama ingulatan, lami denya tan kepanggih, kepanggihe antara tigang warsa.
  17. Tinimbalan maring Demak, wus Islam agama sud, lawan kang rayi kalihnya, wus anandhang iman sami, nging Raden Gugur maksih, karem mangun tapanipun, neng padhepokanira, dene ta Rahaden Teki, pan pinernah marang raka mangulona.
  18. Iya ing bumi tempuran, dene padhukuhaneki, awasta dhusun Tersana, dene ingkang rayi estri, sampun amawi krami, kyageng Majasta puniku, kuneng malih winarna, putraning Brawijayeki, priya saking ampeyan pekik kang warna.
  19. Ulading cahya sumunar, lir wulan purnamasidi, lurus pasariranira, jenar pamulu respati, pideksa lus kang daging, aparek driya asemu, ran Jaka Prabangkara, wasis ing sabarang kardi, cinarita kae Jaka Prabangkara.
  20. Pan datan ingaken putra, mring sang prabu Majapahit, ing purwane srinarendra, nuju ameng-ameng mijil, namur kula sang aji, tan ana wadya kang tumut, mung kang ngampil pawohan, Semut Gatel wong kekalih, srinarendra mider sajawining kitha.
  21. Anuju sayah sang nata, angantuk pan arsa guling, nuju celak wismanira, mantri lurah jagal nenggih, sang nata nulya mampir, lajeng asare ing ngriku, yata sang mantri jagal, darbe atmaja pawestri, warna pelak wus krama lakine pejah.
  22. Wus patutan satunggal, lawan lakine kang mati, nanging atmajane lina, dadya arandha ing mangkin, lagya mempeng ing warni, angladeni ing sang prabu, sang nata wus kagiwang, datan saranta ing kapti, nimbok randha sinarenan ing sang nata.
  23. Wusnya mangkana sang nata, kondur maring dalem puri, tan kawarna lamenira, nimbok randha kang winarni, semana anggarbini, praptane ing mangsanipun, wawratannya ambabar, mijil jalu warna pekik, nggih punika Risang Jaka Prabangkara.
  24. Suwita mring Srinarendra, kinarya lelurah sungging, winasis akarya gambar, tinuduh maring ramaji, anggambar saisining, wana ing sakutu-kutu, walantaga salirnya, jro praja jawi prajeki pan katulat sedaya tan wonten siwah.
  25. Jroning samodra ginambar, kang mina-mina geng alit, ingkang gumremet rumangkang, saisining jalanidhi, tan salaya ing warni, kagawokan sang aprabu, kalangkung asih tresna, mring Prabangkara panyungging, ing batine sang nata wus ngaken putra.
  26. Amung ing lahir sinasab, yata semana sang aji, aken anggambar kang garwa, Ratu Mas Andarawati, ginambar sampun dadi, datan salaya sarambut, warnane putri Cempa, sang nata suka tan sipi, leng-leng mangu mulat ing gambar wangunan.
  27. Yayah pindha bisa ngucap, dangu-dangu sribupati, mulat ingkang pawadonan, angandheng-andheng kaeksi, pan katetesan mangsi, Ki Jaka panggambaripun, sang nata semu duka, tatanya paran marmeki, kae Jaka aturnya pan katetesan.
  28. Ing mangsi panggambar amba, tan ngantos kawula kerik, amba nuwun pangaksama, ing gusti srinarapati, sang nata datan angling, kawistara runtikipun, ginagas ing wardaya, sang nata tampaning galih, apa baya si Prabangkara weruha.
  29. Sacirining garwaningwang, jroning kenya yayi dewi, punang asana cirinya, andheng-andhengira wilis, enggone ambeneri, tan siwah ing prenahipun, liring as pawadonan, basa keni ku tetapih, Srinarendra saya kagagas dukanya.
  30. Pangunandikaning nala, yen mangkono si panyungging, baya wus saresmi lawan, yayi Mas Andarawati, dene weruh ing ciri, andheng-andheng ring asipun, sisungging liwat ala, wani anyidra ing resmi, binecikan mengkono pemalesira.
  31. Kuneng laminya semana, sang nata saya ngranuhi, dukanira mring ki Jaka, saben ki Jaka kaeksi, wungu runtikira ji, dadya karsane sang prabu, ki Jaka sungging mudha, karsa pinaten ing ratri, sang nata ken nimbali patih sarkara. 

PUPUH IV
DANDHANGGULA 

  1. Kyana Patih Gajahmada prapti, wus jinarwan sakarsaning nata, lamun Ki Sungging ing mangke, apan arsa linampus, aja karya rudahing ati, lan aja awet dadya, kaliliping prabu, asepet medhesi netra, sru angganjel ing siyang dalu tan kenging, kinaya eca nendra.
  2. Duk miyarsa rekyana apatih, Gajahmada sanget pemambengnya, akathah-kathah ature, wonten salokanipun, sagalaking sarpa kang mandi, myang sagalaking sima, tan wonten kang kolu, makan sutaning priyangga, sampun silih manungsa kang sinung budi, yen koluwa mring suta.
  3. Ing pejahe tan tahan sayekti, lawan wonten ing paribasannya, nadyan tega larane tan tega patinipun, lan punika Ki Jaka Sungging, dosane tan yumana, amung salang-surup, panduka kang salah nyana, dereng yekti kasesapan duka runtik, tan ngangge sinaringan.
  4. Kirang saranta tyas paduka ji, anindaki ing budi dadakan, deduka tan sambadeng reh, paduka pan ratwagung, kasumbageng ngelaya bumi, kocap sugih dandanan, ing reh para putus, tuwin para bijaksana, wewekan jrah wruh serapating arempit, ing semu tan kuciwa.
  5. Ing praniti sami ngati-ati, boten kekirangan ing pranata, satata tata titine, tatal titikanipun, pan puniku pun Jaka Sungging, ing titi dereng katrap, traping para putus, tan wonten kang tumitisa, pamutuse ing pamancas kang patitis, witaning para tama.
  6. Yen estua karsa paduka ji, sinten gusti ingkang kaecalan, tan wun nalangsa ing tembe, kya patih aturipun, sarwi nangis anggegondheli, marang srinaranata, sampun ta kabanjur, temah keduwung ing wuntat, anuruti ing karsa kang tan saririh, sarehning amranata.
  7. Srinarendra waspanira mijil, pungun-pungun karantan ing naia, kacatet dening ature, kyana patih pan putus, ing weweka tanduking gusti, dadya srinaradipa, wurung karsanipun, denyarsa nglunasi jaka, duk samana sang nata nulya bebisik, mring patih Gajahmada.
  8. Wus katampan sasmitaning aji, yen ing mangke karsaning narendra, Ki Jaka Sungging mudhane, mung pinrih kesahipun, saking nagri ing Majapahit, nyinggahana deduka, ning rama sang prabu, nanging sinamun karsanya, saderenge kelakon kinarya dhemit, nulya kya patih medal.
  9. Panggih lawan ki Jaka Panyungging, dhinawuhan karsane narendra, ingapuskrama jatine, ing mangke karsanipun, ramandika srinarapati, andika sinung karya, anggambara sagung, saisining awang-awang, den katulat aneng warna papan tulis, saisining gegana.
  10. Surya wulan lintang-lintang tuwin, kilat thathit kekuwung myang teja, kang sarpa tapak angine, teluhbraja andaru, laban-laban myang lintang ngalih, baledheg lawan gelap, agraning galudhug, mendhung lawan mega-mega, sarawungan lelayu kang mega kuning, ujunging jumantara.
  11. Caratwarsa udan angin-angin, saniskara isining gegana, kinen anggambara kabeh, muwah kang manuk-manuk, ingkang datan urip neng bumi, kang samya ngawang-awang, keh waarnaning manuk, kadya ta peksi Dewata, sajinise kang datan anunggal warni, len beri Peksiraja.
  12. Kae Jaka sandika tur neki, anglenggana ing sakarsa nata, kya patih gya wangsul age, marek ing ngarsa prabu, mawotsari rekyana patih, sampun katur denira, angembani dhawuh, tuwin ature dyan Jaka, Prabangkara datan lenggana karsaji, thrustheng tyas srinarendra.
  13. bubaran kyana patih mijil, nulya sang nata aken akarya, layangan ingkang agedhe, pitung dhepa gengipun, mawi kurung panggenaneki, ki Jaka Prabangkara, sapirantenipun, pinanci sasangunira, kuneng laminira samana wus dadi, layangan langkung pelak.
  14. Sinung pindha layar sampar angin, olan-olan lan sangga akasa, sesinthing tadhah angine, ing tengah nggening kurung, kadi wisma samakta sami, sinamaptan sangunya, sapirantenipun, sadandaning mawarna, srinarendra nulya nimbali pepatih, lawan sagung punggawa.
  15. Sampun pepak mantri jro nagari, punang layangan sumaos ngarsa, pepak sapala kartine, tetali ngundhung-undhung, kadi gunung anakan kesi, lan sinung pamuteran, panguluring tangsul, nulya Jaka Prabangkara, nembah amit mangastuti ing nerpati, sang nata ngasta serat.
  16. Tetingkeman ingecapan jawi, nulya sinungaken mring ki Jaka, sang nata pangandikane, kulup wacanen iku, ing cirine kang anengjawi, Raden Jaka tur sembah, dan winaca gupuh, cirine ponang nawala, sinukmeng tyas mangkana unine tulis, layang dhawuh mring putra.
  17. Sungging mudha Prabangkara kaki, tampanana iki layang ingwang, parentah marang dheweke, nanging pepacuh ingsun, maring sira layangong iki, ywa sira buka-buka, lamun durung tutug, anggonira anggegambar, saisining gegana poma ta kaki, aja wani ambuka.
  18. Besuk lamun wus palesta kaki, enggonira anggambar awiyat, barang saisine kabeh, ing kono sira kulup, ambukaa ing layang iki, ki Jaka satelasnya, ing pamacanipun, cirining srat tetingkeman, wus kadhadha sandika aturireki, sawusnya nulya minggah.
  19. Ing layangan jro kekurung nenggih, nulya sang nata ken anginggahna, layangan den umbulake, pareng maruta nempuh, layar samya madhahi angin, sru muluk angambara, keras siyutipun, yayah garudha manglayang, iberira risang beri Kagapati, mangkana isthanira.
  20. Ponang layangan meh tan kaeksi, nulya sang nata angunus pedhang, ingkang kalangkung landhepe, pedhang katingal murub, srinarendra tumengeng nginggil, layangan tan antara, wus datan kadulu, sampun silem ing ngawiyat, dan sang nata aken anyandhet tetali, den uger ing tetiyang.
  21. Tiyang pamugeraning tetali, nulya sang nata tedhak sing dhampar, sarya anganggar pedhange, angandika sang prabu,heh apatih myang pra dipati, punggawa Majalengka, den padha angrungu, seksenana ujaringwang, maring sutaningsun si Jaka Panyungging, kang wus aneng ngawiyat.
  22. Heh suta ngong Sungging mudha kaki, poma sira aja tiba-tiba, yen durung prapteng pernahe, ing Cina nagara gung,kono sira tibaa kaki, yen wus kalakon sira, tiba ing Cineku, kono besuk nuli ana, kang amupu tetulung mring sira kaki, tinarik mring kakamulwan.
  23. Luwih mulya sira besuk kaki, amencarken wiji aneng Cina, werateng tanah-tanahe, tembe anak putumu, keh manusung mulih mring Jawi, padha milu winenang, amangana besuk, pametuning tanah Jawa, samergane pangupajiwane gampil, samya kerasan wisma.
  24. Kyana patih myang para dipati, sinatriya pra mantri punggawa, samya saur kukilane, gumuruh samya jurung, hayu-hayu muga sang pekik, rahayua ing paran, kalakona besuk, sasebdane rama nata, tan antara geter pater mertandhani, jumegur ing ngawiyat.
  25. Sinauran dhedhet erawati, nulya sang nata angangkat pedhang, tetali pinancas age, pancas tetali rampung, sebut mesat tali kang nginggil, isthane kang pusara, lir naga-rota gung, manglayang mring jumantara, tuwin pindha carat warsa puser angin, ngragancang ngawang-awang.
  26. Tan antara wus datan kaeksi, kang pusara binekteng layangan, sruning maruta sumeret, ngedet yayah den ubub, kuneng ingkang wus aneng nginggil, yata wau sang nata, pedhangira sampun, sinarungken nulya lenggah, ing dhedhampar sarwi andulu tetali, pesate mring gegana.
  27. Srinarendra anjetung tan angling, kunusing tyas angungun kalintang, yayah kauwan isthane, basa kauwan iku, ing tegese wong ngregem peksi, ingon-ingone lawas, kekasih tur cumbu, ucul musna sangking asta, lenyap dadya kauwaning tyas mranani, sang sri angreras driya. 

PUPUH IV
M  I  J  I  L 

  1. Mangu-mangu manguneng nekani, kakenan tyas kepon, lir kapesan kepasuk puseke, mewu metek putek kapetek ring, wirangrong tan aring, ngarang rangu-rangu.
  2. Angles mules yayah den lolosi, bayune sang katong, katetangi ketang katresnane, ring sesuta satataning urip, asih maring siwi, sawitning tumuwuh.
  3. Ring tumuwuh wahananing jalmi, jatmikeng lelajon, lelajone ngajeng kelajenge, kabujeng ring butajenganeki, nir prayojan aji, jingjinging pangejum.
  4. Jumurunge kang samya jurungi, ujar kang rinojong, anerajang wimijangan bekjeng, juwet-juwet deh jejawat pati, pati tan patitis, tiwas temahipun.
  5. Yen estua anemahi lalis, lalisa aneng don, ing kasidan mangka usadane, dedukane teka mindakani, sandening dumadi, andon reh kang dudu.
  6. Dudu tindak dadak den tindaki, dumadak tan panon, dening driya nirteng darunane, tan derana kadiraning galih, gelah-gelah westhi, pangesthining nguthuh.
  7. Nguthuh ing reh tar sesthi westhining, pepathen kinaot, kautamanira tan pangene, kahananing nata nguni-uni, uninga wangening, wawenang winangun.
  8. Wangunaning naya kang winuni, wenang angon tinon, witning anung nahen wahanane, kang winaon ring sang miwahani, anenilas warti, anatar pitutur.
  9. Ing pitutur marta tar kentaring amrih katartanton, ning tumitah paramarta wite, pawitaning kang para nerpati, putus ing praniti, satata winantu.
  10. Ing wewaton kang tinaki-taki, titikaning katong, kang tinulat-tulat tyas tulaten, nginte-inte aniten-niteni, anuting darmaji, pinuji pinunjul.
  11. Panjang lamun kawijila ing ling, wulanguning katong, tan wrin waspa nira dres wijile, tuwin wau rekyana apatih, myang para dipati, mantri punggawa gung.
  12. Samya ngungun jetung tan kena ngling, sadaya wetu loh, sami ton-tonen kabangkitane, raden jaka limpat sarwa wasis, sembada lus budi, pekik wamanipun.
  13. Srinarendra wus mupus ing galih, dan kondur ngedhaton, kyana patih undhang bubar kabeh, pra dipati pra punggawa mantri, sowang-sowang mulih, kuneng kang winuwus.
  14. Sang kaswasih kang binekteng angin, angasut tan alon, sru sumungsung ing an tarile sane, muluk yayah ngayuh ing wiyati, silem kang pratiwi, mor ing namu-namu.
  15. Siyang dalu pangededing angin, gumarebeg angrok, mila punang layangan lakune, datan kandheg-kandheg sru manginggil, neng jumantareki, kuneng lamenipun.
  16. Duk semana layangan wus prapti, nggening peksi katong, paksi beri lawan sajinise, ingkang sami tinitah neng nginggil, myang dewata paksi, ginambar sadarum.
  17. Satelase ponang paksi-paksi, anulya sang anom, penggambare ing gegana kabeh, saisen-isening ngawiyati, tan ana kang kari, ing panggambaripun.
  18. Ri sampunnya sampat ing pakarti, paripurnaning don, pan sawidak dina ing lawase, palestaning panitranireki, nulya sang apekik, angesthi ing kalbu.
  19. Apan arsa ngyetenana nuli, dhawuhe sang katong, kang pinacak anengjro tulise,tetikeman kang wineling-weling, ki jaka yun uning, paran wadinipun.
  20. Punang serat binuka tumuli, mring Ki Sungging anom, sinukmeng tyas winaca tembunge, penget iki layang ingsun kaki, ingkang mijil saking, sucining tyas ingsun.
  21. Sarta wuryaning pangestu mami, myang sesantining ng mg, yoga sadaka uparenggane, dhawuha ta marang sira kaki, Prabangkara Sungging, mudha sutaningsun.
  22. Kang wus putus ing titi patitis, Trusing pasang semon, ri sasmita katon lukitane, pasang cipta graita lelungit, kang sarwa binangkit, pangulah linuhung.
  23. Kang tan kewran wraning ganal alit, laku kang linakon, setya tuhu ing pasuwitane, ing mengko kang lagi anglakoni, ing parentali marni, mi tuhu pituduh.
  24. Ingsun utus anggambar salwirning, antariksa kono, barang katon ginambara kabeh, ing sawusing pangestu ngong kaki, myang sesanti mami, marang ing sireku.
  25. Ing wiyose kulup Jaka Sungging, mudha sutaningong, aprakara layang isun kiye, dadia ing pratandha ngong kaki, wekas-wekasaning, ing pangandikaningsun.
  26. Dadya pamegate tresna mami, mring sira nak ingong, awit angkatira saking kene, angambara maring ngawiyati, kalangan tumiling, mangalayeng luhur.
  27. Pepungkasanta katemu kaki, lawan jeneng ingong, kongsi prapteng paranira tembe, aja susah-susah nganggo mulih, maring Majapahit, poma-poma pikulup.
  28. Lawan aja salah tampa kaki, ing reh walangatos, melang-melang kang ora-orane tibaa ring pancabaya kaki, kumaddela maring, sang amurbeng tuwuh.
  29. Marmane kang mangkana ta kaki, dene ta samengko,jeneng isun iki teka seje, rasaningtyas tan kadi ing uni, teka kudu runtik, marang ing sireku.
  30. Nora kena rinapu riniring, murang-muring ingong, wus tan kena ing reh pinrih sareh, malah wuwuh sangsaya and adi, bendu ngong mawardi, kudu amrih dudu.
  31. Tan karuhan darunaning budi, buteng mawor keron, amung eling sengitingsun bae, maring sira nora kena lilih, baya pinasthi, karseng jawata gung.
  32. Pinisahken sira lawan mami, tan atunggal enggon, pan mengkono kaki kajatine, poma-poma lakonana kaki, sapituduh mami, aja tumpang surup.
  33. Sira nora ingsun prih ing pati, amung karsaning ngong, angsung dedalan marang dheweke, dedalane kamulyanireki, wruha kang arungsit, ing baya pakewuh.
  34. Ingkang angel ingkang sungil-sungil, ingkang adoh elok, ing lakon wruha kangelane, keneng lara-lapa panas perih, kadarung miden, ngudara andarung.
  35. Heh ta kulup weruhanireki, wuwus kang mengkono, sun kon pinter sireku tegese, tembe wuwuh wiwekanta ngenting, andon padomaning, andedel pandulu.
  36. Duluraning amrih amurwani, kawiryawaning don, tan lyan saking sangsara wiwite, tur setyawan anut ing darmaji, supaya sinung sih, ing jawata luhung.
  37. Anampani nugraha sayekti, sangking sihing manon, luwar sangking papa sangsarane, nulya sinebut bangsawan tuwin, darmawan darmaji, punyawan winantu.
  38. Ing artawan myang gunawan titih, kertawan kinaot, susilawan budiman wadine, pangundhuhing wowohan ngemehi,saturasireki, padha mulyeng pungkur.
  39. Heh ta kulup piyarsakna iki, panedhaning ngong, mring jawata kang murba ing rehe, sira aja tiba-tiba kaki, lamun durung prapti, ing Cina praja gung.
  40. Kono sira tibaa ta kaki, aja kongsi kantrog, den aririh tibanta ing tembe, kono nuli ana kang nulungi, maring sira kaki, asih tresna tuhu.
  41. Yeku besuk jalaran ta yekti, bisa dadi katong, asih lulut balanira kabeh, luwih mulya karatonireki, aneng Cina kaki, asugih brana gung.
  42. Pan kasasra ing liyan negari, jenengira katong, kineringan parangmuka kabeh, kasudibyanira amumpuni, widigdayeng jurit, prawira dibyanung.
  43. Lawan sugih atamaja sireki, lanang miwah wadon, anak-putunira keh pencare, padha tulus padha sugih-sugih, besuk jaman wuri, akeh padha nungsung.
  44. Layar maring bumi Jawa kaki, akeh kang padha don, sedya wisma aneng Jawa kene, padha wenang milua ing wuri, mangan pametuning, tanah Jawa besuk.
  45. Samergane padha sinung gampil, pangupajiwan don, poma-poma den waspada ing reh, heh ta Prabangkara anak mami, den awas den eling, mring wawekas ingsun.
  46. Titi purna pamaosing tulis, risang prawira nom, kabarabas deres ing waspane, lir tineres tyasira sang pekik, karuna tan sipi, kawimbuhan gambuh. 

PUPUH VI
G  A  M  B  U  H

  1. Kambuh ing driya wimbuh, kambah barubah kabubuh-bubuh, lir ginubah bebahing wardaya rujit, kajujut-jujut kabanjut, binanjet pating karejot.
  2. Kumejot ing jejantung, meh kajunjung jijange kang ujung, lir pinejang kapejeng reh gonjang ganjing, kapanjang-panjang manaput, sumaput-saput tyas kepon.
  3. Kepyan upaya mepu, mopek kapetek putek margiyuh, yayah-yayah anggayuh woding wiyati, mawerdi werdaya nanduk, pinanduk ing reh wirangrong.
  4. Mangarang rangu-rangu, kapirangu ngungun pungun-pungun, amangungkung tan kawekang te kang kingkin, kakenan unang-unang kung, mangkana sampun sinapon.
  5. Pinapas ing pamupus, mupus ing tyas kentas wus kapusus, man monang samaneng munadikani, kinikis enget ing kalbu, ilang ingkang walangatos.
  6. Kang srat sinimpen sampun, duk semana dyan jaka aneru, panenedha maring jawata linuwih, meminta enggaling laku, yata tinarimeng manon.
  7. Asih mring dasihipun, tetulung mring dasih kawlasayun, yata sanalika wonten angin prapti, langkung adres saking luhur, mengandhap nulya tumempoh.
  8. Maring layangan wau, angin sangking ngandhap tan lumaku, dadya punang layangan tumurun anglis, lakar langkung rikatipun, binakta ing angin angrok.
  9. Lir kagendra kadulu, saking wiyat angayom tumiyup, cumalorot yata wonten prapta malih, angin barat-dhaya ngasut, myang angin udara nempoh.
  10. Maring layangan asru, kang layangan anut dresing bayu, barat-dhaya udara ngedet kepati, angalor-ngetan sumiyut, ngemper aniyub mangisor.
  11. Kuneng ing lamenipun, duk semana karsaning Hyang Agung, ingkang asih murah mring dasih kaswasih, tetulung ing kawlasayun, punang layangan wus ngayom.
  12. Rumah angemper sampun, angungkuli ing dharatan agung, tanah ageng nenggih ing Ciña negari, jawi praja dhusun-dhusun, pinggir wana-wana tunon.
  13. Sukuning gunung-gunung, alas teratab iring pepundhung, duk semana punang maruta wus mati, ing wanci meh gagat esuk, nulya kang layangan anjog.
  14. Tan kontrag tibanipun, alon aririh datan aseru, aneng pinggir wana edheng-edheng nenggih, terataban celak dhusun, asepi mamring kemawon.
  15. Tebih lan narendra gung, ing Yutwai wastane kang dhusun, dhusun alit bawah ing manca negari, wonten randha kawlasayun, aran mbok randha Kim Liong.
  16. Dama miskin kalangkung, sru malarat alit wismanipun, sampun lami linane lakinireki, nistha papa kawlasayun, meh tan jamak samining wong.
  17. Kacatur darbe sunu, estri satunggil warnanira yu, ing wayahe sang dyah pan sampun birahi, sumedhenge anomipun, nanging dereng pati katon.
  18. Rehning parawan dhusun, dhasar miskin sru kangelanipun, ing warnane apan dereng pati mijil, sruning papa kawlasayun, nistha datan amerabot.
  19. Keng Mu W ah namanipun, lola tinilar ing ramanipun, amung lawan renane ngupaya bukti, saben ari karyanipun, sira mbok randha Kim Liong.
  20. Mring wana celak dhusun, terataban sesukuning gunung, wong kekalih kelawan sutanireki, ramban ipil-ipil kayu, jejanganan miwah godhong.
  21. Ing sapikantukipun, jejanganan godhong kayu-kayu, yen wus antuk nulya winade tumuli, maring dhusun liyanipun, mrepat myang mancalima doh.
  22. Sapayu-payunipun, kang kinarya ing patumbasipun, kang binukti ing sadina lan sawengi, makaten salaminipun, yata ing dina sawiyos.
  23. Mbok randha nuju metu, mring wana lir saben-sabenipun, wong kekalih kalawan sutanireki, dahat ing kawelasayun, aterutusan wong roro.
  24. Maring sukuning gunung, ereng-ereng lelebak pepundhung, akerapa reramban ipil-ipil, jejanganan kayu-kayu, godhong apan arsa den dol.
  25. Semana wancinipun, maksih injing pan ing pukul wolu, ni mbok randha semana kagyat ningali, ing ngarsa ana kadulu, kadi wisma magrong-magrong.
  26. Nanging dede wismeku, kadi wisma sinawang gengipun, pinerpekan rakite lir palwa kunthing, ngangge layar tadhah bayu, kathah layare mirantos.
  27. Dyan Jaka Sungging weruh, lamun ana jalma nulya mudhun, sangking kurung Rahaden Jaka aririh, prapta ing dharatan sampun, Dyan Jaka merpeki alon.
  28. Mring nimbok randha wau, ni randhesmu ajrih ragi mundur, tuwin sutanira dahat denirajrih, gegendholan biyangipun, pucat sarira dherodhog.
  29. Panggraitaning kalbu, ni mbok randha apa baya iku, perayangan peri kang amarabumi, apa bangsaning lelembut, kang rumekseng alas kono.
  30. Myang dhanyang-dhanyang gunung, apa dhemit-dhemiting wana gung, kang rumekseng alas gunung kene iki, kang kabeh sabangsanipun, padha nyiluman tan katon.
  31. Amdi katoni iku, malih warna mindha manuseku, sun wetara kakung perayangan iki asejen panganggenipun, busanane sarwa seyos.
  32. Tan kadi rakitipun, busanane wong kene satuhu, dhemit iki warnane teka asigit, jatmika anteng asemu, cahyane mancur mencorong.
  33. Balerengi dinulu, yen upama jalmaa satuhu, iki dudu satune wong cilik-cilik, amung putraning ratwagung, kang pantes cahya mengkono.
  34. Dyan Jaka awas dulu, mring mbok randha Kim Liong puniku, sanalika Dyan Jaka enget ing galih, anampa sang ra mipun, busana barang pangangge.
  35. Kadi parekanipun, nguni prameswarinira prabu, prameswari kang saking Cina negari, myang suthuping netranipun, tunggal kang pasang pasemon.
  36. Myang kekulitanipun, dhedhasare kuning kulitipun, Raden Jaka osiking tyas baya iki, wong Cina pawestrenipun, wauta randha Kim Liong.
  37. Nulya tetanya gupuh, cara Cina ing patanyanipim,lah bagea wong anom kang anyar prapti,ingong tetanya satuhu, anedha jinaten ingong.
  38. Apa silih lelembut, dhedhemiting wana gunung-gunung, perayangan peri kang amara-bumi, apa dhanyang ing wana gung, kang padha rumekseng kono.
  39. Arsa aganggu-ganggu, karya lelara kang teluh-neluh, apa baya manungsa-manungsa yekti, sajarwaa wong abagus, apa si Liong Te Pekong.
  40. Prapta arsa angracut, pati urip ngalap jiwaningsun, yen upama sira manungswa sayekti, wong paran wastanireku, tanahmu celak apa doh.
  41. Lawan sapa aranmu, Raden Jaka ariris sauripun, cara Cina patitis ing tembung manis, dyan Jaka nguni wus putus, ing basa Cina mengkono.
  42. Muwah ing tulisipun, apan sampun limpat sang binagus, kang amuruk nguni embane sang p u t r i , ing Cina kang krama antuk, ing Majapahit sang katong.
  43. Akathah wadyanipun, para mantri ing Cina kang tumut, punika kang sami rerewangan angling, lan Raden Jaka ing dangu, mila winasis sang anom.
  44. Barang patanyanipun, ni mbok randha Kim Liong sadarum, Raden Jaka Prabangkara pan mangerti, yata wau wuwusipun, Dyan Jaka amucung alon. 

PUPUH VII
P O C U N G 

  1. Lah ta biyung kula pan dede lelembut, dede perayangan, lan dede dhanyang dhedhemit, lawan dede Ong Te Pekong dede dewa.
  2. Yektosipun kula puniki ta biyung, pan inggih manungsa, wong Jawa kamulan mami, dasihipun srinarendra Majalengka.
  3. Kula biyung nemut gatel ing sang prabu, nanging sanget nistha, Prabangkara aran mami, ina budi wijiling wong sudra papa.
  4. Tur balilu tanpa kabudayantengsun, bodho tanpa guna, ugungan sangkaning alit, pan kapatuh katungkul umbar-umbaran.
  5. Kula biyung tan mantra-mantra ing semu, angawuleng nata, duk tinuduh ing nerpati, sesinaon ing tulis pan dereng bisa.
  6. Taksih bingung tuna liwat kumprung pengung, kathah kanca kula, sedaya sami winsis, amung kula biyung kang bodho priyangga.
  7. Tuna kawruh datan uningeng lor kidul, mila gung dinukan, ing gusti sranarapati, dene tiba kula ing ngriki punika.
  8. Tan sedya yun ing pratingkah aru-biru, ing nguni purwanya, kula lagya anglampahi, parentahing gusti nateng Majalengka.
  9. Duk tinuduh anggambar saisenipun, ngawiyat sadaya, kang elok-elok kaeksi, ing antara tetirah ing jumantara.
  10. Kula sinung kang minangka marganingsun, minggah ing gegana, layangan lir palwa kunthing, sinamaptan layar-layar kadi palwa.
  11. Lawan sinung bekakas piranteningsun, myang sesangu kathah, kawrat munggeng kurung sami, datari kirang sangu malah ngantos tirah.
  12. Taksih agung pan puniki luwihipun, neng tunggangan kula, dupi ing pakaryan mami, wus palesta panggambar kula sedaya.
  13. Nulya rawuh angin dres kang sangking luhur, nempuh ing layangan, layangan anulak bali, siyang latri ngedet tumurun mangandhap.
  14. Dupi sampun celak lawan gunung-gunung, ngayom mring dharatan, nuju pamatining angin, duk ing wau dalu wand gagat wetan.
  15. Dadya dhawuh ing kisma tunggangan ingsun, ing ngriki punika, kula angungun tan sipi, katujune dika biyung nunten prapta.
  16. Yata wau ni bok randha duk angrungu, jetung kagawokan, ngungun gegetun tan sipi, lenger-lenger dening atebih kalintang.
  17. Lan kalangkung welas marang sang binagus, yata ni bok randha, alon wuwusipun malih, yen mekaten anak andika punika.
  18. Pan kalaut kalunta kalantur-lantur, katut ing layangan, pedhot binekta ing angin, kombak-kombul tiba ing liyan negara.
  19. Pan kalangkung tebih ing tibanireku, sangking tanah Jawa, sangking nagri Cina ngriki, tanah Jawa pan kidul-kilen prenahnya.
  20. Nging puniku tebihe kalangkung-langkung, pan kalang-kalangan, ing samodra ageng nenggih, angliwati pulo geng-ageng akathah.
  21. Samodra gung lelayaran tigang tengsu, angin kang sedhengan, ing nguni anak duk masih, nenggih paman dika ingkang sampun lina.
  22. Apan sampun nate layar duk ing dangu, maring tanah Jawa, sampun wruhing Majapahit, duk Sang Ong Te nguni miwaha ring putra.
  23. Krama antuk srinarendra Majalangu, nguni paman dika, andherek sang raja putrì, pan giliran ing pakaryaning narendra.
  24. Wretenipun ing mangke sang retnaningrum, sampun pepisahan, kalawan srinarapati, prameswari sang raja putrì ing Cina.
  25. Pisahipun lagya bobot pitung tengsu, nulya karsanira, sang aprabu Majapahit, raja putri tinarimaken ring putra.
  26. Kang tinandur ing Palembang negara gung, aran Arya Damar, puniku punapa yekti, kae jaka lingira inggih sanyata.
  27. Malah sampun ambabar wawratanipun, putra mijil priya, warna lir rama sang aji, ni mbok randha Kim Liong malih wuwusnya.
  28. Lah ta bagus kadi paran warnanipun, jro tunggangan dika, kula pan arsa udani, kae Jaka lingira inggih sumangga.
  29. Mangkat sampun Ki Jaka kang aneng ngayun, nulya nyai randha, ing wurine kang sutestri, prapta nggening layangan wus sami lenggah.
  30. Ing jro kurung ni randha kacaryan dulu, tuwin sutanira, sami kacaryan ningali, dene kadi wisma sapirantenira.
  31. Tuwin wau piranti panitranipun, gambar pira-pira, kalintang samya di-adi, isen-isen ing wiyat kang sarwa pelag.
  32. Sang binagus amijilken segahipun, roti warna-warna,” myang adi-adining Jawi, kang kewawi kinarya lelungan lawas.
  33. Tuwin banyu inuman kang sarwa arum, apan misih kathah, kabeh cinaraken sami, mring ni randha tuwin wau sutanira.
  34. Wong tetelu sami mangan roti gandum, kalawan mertega, miwah sawarnane roti, wusnya tuwuk nulya ki jaka wuwusnya.
  35. Lah ta biyung yen amarengi ing kayun, andika yen sotah, amupu ing kawlasasih, inggih biyung kawula ngenger ing dika.
  36. Kula biyung mapan boten sedya mantuk, dhateng tanah Jawa, pan sampun wirang wak marni, nyai randha langkung sukanireng driya.
  37. Wuwusipun inggih prayoga kelangkung, kalamun andika, sudi angenger wong miskin, nistha papa tan adarbe paran-paran.
  38. Sang binagus saurnya inggih satuhu, anulya ki jaka, den ajak mulih mring panti, tan lenggana ki jaka sarya babekta.
  39. Ngusung-usung pepanganan wong tetelu, lawan pirantinya, bekakasira sang pekik, wangsal-wangsul pangusunge kang dandanan.
  40. Lawan sagung kekarene sangu-sangu, pan kalangkung kathah, miwah ingkang layar sami, mori pethak tuwin awaking layangan.
  41. Mori alus sakalangkung wiyaripun, myang atali samya, ragangan binekta mulih, patang dina telase pangusungira.
  42. Tan kawuwus samana ing lamenipun, sira ni mbok randha, Kim Liong tresna tan sipi, mring ki jaka kadi suta nggene yoga.
  43. Sang binagus ageme sesupenipun, mirah ngenthik kanan, lawan partepen ireki, pan kancana jingga cecawi rinengga.
  44. Yeku sinungaken mring ni randha sampun, kinen anjuwala, kinarya pawitan nenggih, ni mbok randha angupaya buktinira.
  45. Mulur-mulur ni randha rejekinipun, pan dumadak sangkan, pangupajiwane gampil, samargane teka kauntungan kewala.
  46. Sang abagus anulis pakartinipun, karya gambar-gambar, kekayon myang peksi-peksi, yen wus dadi kinen nyade ni mbok randha.
  47. Wus misuwur ki Jaka pakaryanipun, pan kathah pajengnya, rebutan kang tuku sami, miwah gambar manusa estri lan priya.
  48. Rebut unggul patukone datan etung, laranga sinengka, kathah kang sami memeling, susun-susun atimbun estri myang priya.
  49. Ngundhung-undhung ni mbok randha artanipun, semana ni randha, Kim Liong pan sampun sugih, margi saking suta panggihan kanthinya. 

PUPUH VIII
K I N A N T I 

  1. Mangkana pan kamisuwur, tepis iring kanan keri, padedesan amancapat, mancalima nem sapteki, mancawolu mancasanga, sami pangalemireki.
  2. Kalamun atmajanipun, ni mbok randha ing Yudwai, pan suta pupon punika, kelangkung denya winasis, wignya putus sarwa bisa, dhasar apekik kang warni.
  3. Pamulu yayah sitangsu, sedhenge purnama siddi, limpat ing tembung noraga, sedhep bangkite dheweki, jatmika anteng pesaja, pantes kaojating bumi.
  4. Semana pan sampun kasub, jro praja manca nagari, kawentar ing bumintara, pirang praja manca nagri, samya angalem Ki Jaka, suteng randha ing Yudwai.
  5. Tuhu baguse pinunjul, tan ana kang angemperi, jejaka ing nagri Cina, sami kasoran ing warni, sembada kawignyanira, pinuji ing wong sabumi.
  6. Yen akarya gambar putus, lir wantah tuhuning warni, punang gambar wewangunan, yayah bisa ngling pribadi, semuning gambar tan mantra, citraning kartas lan mangsi.
  7. Pan kadi saestonipun, barang kang cinitreng warni, elur aselur kang prapta, dutaning para nerpati, myang dutaning pra satriya, punggawa prameya mantri.
  8. Samya mameling wewangun, ing citra warna sinungging, ingkang yayah bisa molah, tan salaya kang kinapti, akathah wewangsulira, marang Ki Jaka Panyungging.
  9. Peni-peni myang brana gung, arta miwah busanandi, duk samana kapiarsa, dening kanjeng sribupati, Sri Ong Te kang ageng pisan, kang angreh para narpati.
  10. Ing bumi Cina sadarum, puniku kang andarbeni, tah-telatah bumi Cina, dharatan urut pasisir, miwah ing lautanira, puniku kang misesani.
  11. Narendra binathara gung, kasumbageng lyan nagari, yata semana sang nata, kayuyun dening pawarti, kapengin arsa uninga, ing warnane Jaka Sungging.
  12. Duk semana sang aprabu, utusan aken nimbali, maring Jaka Prabengkara, tan alami nulya prapti, kerit kang darbe wong-wongan, narpati manca nagari.
  13. Marek ing ngarsa sang prabu, ambekta Ki Jaka Sungging, Sri Ong Te ngawe Ki Jaka, kinen majua ing ngarsi, sojah tur sembah Ki Jaka, rakiting solah respati.
  14. Ngrepepeh denira maju, apacak merak kasimpir, terampil parigel sikat, anindaki tata titi, titi kaparenging mangsa, inggeking jangga alungit.
  15. Tan dhopo ing siku-siku, tindak tanduk angenteni, mabukuh ing byantarendra, tumancep ing silastuti, tajeming netya jatmika, sedhep wiraga mrak ati.
  16. Gawok kang sami andulu, leng-leng tan ana bisa ngling, tuwin ta wau sang nata, eram denira ningali, maring Jaka Prabangkara, sang nata mancer ing liring.
  17. Angartika jroning kalbu, pepantese bocah iki, dudu trahing adus kula, dudu sutaning wong cilik, pantes trahing kulawirya, turasing andana warih.
  18. Sestu rembesaning madu, sesekaring kusama di, bunyok lamun sun corana, katara ing ulat liring, saparipolah kawangwang, suleksana ambawani.
  19. Mangsa kenaa sinamun, wong gedhe lawan wong cilik, sun terka mangsa ngakua, yata ngandika sang aji, heh kulup sira bagea, tur sembah Ki Jaka Sungging.
  20. Pukulun dhateng anuwun, ing pambagya paduka ji, kajunjung ing pasuwunan, dadosa jimat paripih, mangka tumbaling agesang, saking sih marmeng nerpati.
  21. Ngandika malih sang prabu, tetanya mring sang apekik, ing ngendi kamulanira, tur sembah Ki Jaka Sungging, amba saking tanah Jawa, wijiling sudra kaswasih.
  22. Nemut gatel ing sang prabu, Brawijaya Majapahit, nanging sanget punggung mudha, bodho kawula tan sipi, akathah kanca kawula, sedaya sami winasis.
  23. Amung kawula pukulun, ingkang balilu pribadi, ing bawa tan mantra-mantra, wong suwiteng narapati, cekak budi tanpa daya, tan uningeng tata titi.
  24. Amba dahat kumprung pengung, ugungan sangkaning alit, pugung marase sad rasa, lare tan wrin ing dedugi, jugul tan mantra uninga, ing rasa kang nem prakawis.
  25. Amla sarkara liripun, kekecut lawan memanis, tikta kalawan kayasa, lirnya pahit lan gegurih, lawana lawan kathuka, lirnya papedhes lan asin.
  26. Tan mantra-mantra ing semu, tan wrin ing wadi gatining, sumiwakeng naradipa, milanggung manggih reruntik, yata Ki Jaka aturnya, miwiti malah mekasi.
  27. Ing purwane tibanipun, wonten dhukuh ing Yutwahi, Sri Ong Te duk amiyarsa, gagetun ngungun tan sipi, dhawuh tresnane sang nata, marang Ki Jaka Panyungging.
  28. Sang nata waspadeng kalbu, Ki Jaka den awe malih, kinen majua mangarsa, tur sembah Ki Jaka Sungging, majeng nyelak ngarsa nata, sandhaping amparan rukmi.
  29. Sri mahanarendra manglung, denya ngandika bebisik, tetanya marang Ki Jaka, kinen sajarwa kang yekti, kulup aja kikib sira, den saweca marang mami.
  30. Aja sira wancak kalbu, sira sapa kang sesiwi, Ki Jaka matur tur sembah, dhuh gusti Srinarapati, kawula datan wewirang, mila gung mawi kakelir.
  31. Ewa makaten pukulun, ing mangke rehning pun patik, kaperdi ing karsa nata, sampun kirang pangaksami, saru sesiku kawula, cumenthaka ngaken singgih.
  32. Pun patik saestunipun, sutane Srinarapati, Brawijaya Majalengka, narendra ing tanah Jawi, nging mijil sangking ampeyan, pun ibu sutaning man tri.
  33. Nenggih mantri lurahipun, jagal nagri Majapahit, praptamba ngriki punika, sangking sabdaning ramaji, tinumrap munggeng pustaka, serat paringe ramaji.
  34. Minangka wewelingipun, dhateng ing kawula gusti, wau Dyan Jaka aturnya, ngaturken ungeling tulis, ing purwa madya wesana, wus katur ing sribupati.
  35. Sri Ong Te bethara prabu, ing Cina duk amiyarsi, kadahut ing tyas karantan, ngungun waspanira mijil, welas mring rahaden Jaka, sang narendra semu kingkin. 

PUPUH IX
ASMARADANA 

  1. Ngandika Sri Narapati, yen mengkono kulup sira, sadulure putuningong, ing mengko ta karsaningwang, basaningsun mring sira, pan angalih basa putu, Dyan Jaka nuwun turira.
  2. Sang nata ngandika malih, putuningsun Prabangkara, ingsun alingi dheweke, sun turuti karepira, misih amendhem kula, alingan werana kulup, ing reh ingkang pepingitan.
  3. Nanging karsaningsun mangkin, kulup ingsun pundhut sira, ingsun boyongi marene, sarta lawan biyungira, miwah sadulurira, Ki Jaka tur sembah nuwun, sumanggeng kersa narendra.
  4. Sang nata ngandika aris, marang kang darbe wong-wongan, sang raja Si Tong Ki Sae, lamun Jaka Prabangkara, pinundhut binoyongan, kalawan sabiyungipun, miwah sadulure pisan.
  5. Matur sandika wot sari, datan lenggana ing karsa, sang raja Si Tong Si Sae, nulya sri Ong Te bethara, luwaran sri narendra, kang nangkil bubar sedarum, myang Ki Jaka milwa medal.
  6. Kuneng ing laminireki, mung gelise cinarita, Ki Jaka lawan biyunge, myang sadulure wanodya, pan sampun binoyongan, sinung wisma ing sang prabu, celak kelawan kadhatyan.
  7. Pinggir banon kacepuri, langkung sinihan ing nata, dahat kathah peparinge, tuwin sang raja pinutra, kelangkung tresnanira, mring Jaka Prabangkareku, miwah kang para sentana.
  8. Satriya punggawa mantri, samya tumut asih tresna tur akathah pisungsunge, mring Ki Jaka Prabangkara, yata alama-lama, kukus sangsaya kumelun, wus tan kena ingalingan.
  9. Lamun Ki Jaka Panyungging, turasing madu kusuma, dadya ambabar kulane, karsanira srinarendra, tinunggil para putra, tan alami pinet mantu, mantu putu mring sang nata.
  10. Putranira raja siwi, putri pambajeng punika, Siti Tumiyan wastane, nanging karsane sang nata, Ki Jaka Prabangkara, kang wayah kinen amayuh, lawan sutane ni randha.
  11. Sang retna Kim Mu Wah nenggih, jinajar pakramanira, langkung sih sinihan karo, atut aruntut kalihnya, yata alama-lama, Dyan Arya Prabangkareku, wus kasup ing bumintara.
  12. Kadibyane amumpuni, limpat pasanging graita, prawiranjrah wiwekane, winasis sabarang karya, ambek merdu ngulama, budine menyan katunu, kacap sabarang pangucap.
  13. Wicaksana anrang westhi, reh susila wirotama, dhasar apekik warnane, pamulu pindha sasangka, ri sedhenge purnama, akathah kang para arum, idung-idungening warna.
  14. Kuneng kang sampun amukti, Raden Arya Prabangkara, tan winarneng sabanjure, sinigeg caritanira, lelakon nagri Cina, kadangon lampahing catur, yata ganti winursita.
  15. Mangsuli cariteng nguni, negari ing Majalengka, putranira sang akatong, Brawijaya wuragilnya, priya wewangenira, Jaka Karewet puniku, patutan sangking ampeyan.
  16. Ing purwane sribupati, amundhut parara-rara saking wong jagal satane, nanging dede atmajanya, lelurah mantri jagal, sutanng jagal panatus, wus lami antaranira.
  17. Sinarenan ing sang aji, sang rara anulya wawrat, pan lagya kalih tengah lek, angidham-idham kaworan, denya ngidham sang rara, asengit mulat ing kakung, yata Prabu Brawijaya.
  18. Anuju karsa nimbali, mring ni rara Pajagalan, ayun sinaren karsane, ni rara sanget lenggana, pineksa datan kena, ni rara meksa alumuh, karuna alara-lara.
  19. Sang nata kacuwan kapti, dadya dukane kalintang, malah amutung driyane, kadedawan bendunira, nulya dhawuh parentah, mring pawongan pinisepuh, sang rara kinen metokna.
  20. Sangking jroning kenyapuri, kinen laju angulihna, maring ing yayah renane, sang nata wus datan sotah, mulata mring ni rara, kaputungan ing tyas prabu, kunengsamana laminya.
  21. Praptaning mangsa nireki, wawratanira ni rara, ambabar jalu putrane, arsa tur pikseng narendra, sanget kajrihanira, denira sang nata durung, kena lilih dukanira.
  22. Dadya lulus sami ajrih, yen ngaturana uninga, menawa nemahi dede, kuneng semana laminya, karsaning Suksmanasa, kang jabang bayi kelangkung, longgor enggal agengira.
  23. Ya ta ing alami-lami, wus yuswa patbelas warsa, Jaka Karewet namane, sasolahnya kawistara, sejen lare kathah, miwah rengrenging pamulu, sayekti mangsa padhaa.
  24. Kacatur karemeneki, ki Jaka angen maesa, awit sangking duk timure, saben ari marang wana, denya angen maesa, miwah minda lawan lembu, maring tengah wanawasa.
  25. Akhathah kancanireki, sami rare Pajagalan, pakaryane sami angen, maesa lembu lan menda, nanging ta kae Jaka sring amisah paranipun, remen ing sepi kewala.
  26. Suka-suka datan apti, dedolanan sasendhonan, tingkah byung karamen-ramen, wus tamtuning kuna-kuna, rame angen punika, keh sesindhen melang-melung, ana ngidung ura-ura.
  27. Ana cecangkriman tuwin, cecarita topeng wayang, ana selenthikan binte, ana genjong tetembangan, undhung myang gegendhongan, Ki Jaka agung denipun, mring kancane sami bocah.
  28. Nanging meksa datan apti, yata semana Ki Jaka, katuju tebih pisahe, denira angen maesa, nelatah kawelantah, satengahing wana agung, wonten sakedik bebulak.
  29. Ing ngriku kendelireki, Ki Jaka kalangkung sayah, ing wancine pan meh lungse,Ki Jaka lenggah ing kisma, mulat ngajenge ana, waringin alit tumuwuh, ing siti lagya sakilan.
  30. Sasada genge punang wit, sembada pange sekawan, aciyut-ciyut rondhone, lemes nyekenuk semunya, angrepayak kawuryan, pantes pindha cundhuk mentul, Ki Jaka remen umiyat.
  31. Mangkana osikin galih, kinarya sumping prayoga, mengko sun gawane muleh, senadyan iku garinga, wangune maksih pelak, marenthil pating cangkenuk, nulya binedhol semana.
  32. Katut saoyode sami, resik tan katutan lemán, dilalah karsaning Manon, oyode sindhetan mimang, ngandhap nginggil sembada,gya sinumpingaken gupuh, ceples sumumping apelak.
  33. Ing ngarsa wingking prayogi, Jaka Karewed semana, anyiluman sarirane, tan katon dening manungsa, nadyan diyu reksasa, prayangan peri lelembut, tan weruh maring Ki Jaka.
  34. Nulya Ki Jaka yun mulih, giniringan lembunira, tuwin maesa mendane, nging sami kendel sedaya, den jik-jikaken samya, meksa tan ana kang purun, datan kenjit ingabanan.
  35. Malah kongsi den gitiki, meksa ambelot kewala, Ki Jaka kaku atine, angartika jroning nala, apa sesumping ingwang, iki kang mawa pakewuh, manawa anatas nyawa. 

PUPUH X
M  E  G  A  T  R  U  H 

  1. Nulya wau Ki Jaka sesumpingipun, pinet sineleh ing siti, Ki Jaka anyoba gupuh, nggiring mesa lembu kambing, teka sumrinthil kemawon.
  2. Nulya kendel Ki Jaka osiking kalbu, baya nyata sumping iki, kang akarya tan kadulu, anulya cinoba malih, waringin den alap gupoh.
  3. Kae Jaka semana sariranipun, pan sampun nyiluman malih, yata kang maesa lembu, buyar ting salebar malih, ingaban meksa ambelot.
  4. Ginitikan lumayu pating salemprung, ana ngalor ngulon tuwin, ngetan ngidul paranipun, kae Jaka kendel nuli, nelehken waringin alon.
  5. Byar katingal Ki Jaka sariranipun, saksana cinoba malih, kang kambing maesa lembu, cinegat tan nganan-ngeri, giniring lakune golong.
  6. Ingabanan kewala anut piturut, sumrinthil tan nyimpang margi, sakedhap Ki jaka mangu, mangkana osiking ati, samengko pan wus sayektos.
  7. Nora samar lamun wit waringin iku, kang akarya tan kaeksi, bisa anyiluman iku, mangkana Ki Jaka nuli, anyepeng menda sawiyos.
  8. Kenendhitan ing tetali den rut-erut, wit waringin den wadhahi, wuluh tinalenan sampun, wonten ing gigiring kambing, angadeg kang wulu sak ros.
  9. Sampun laju Ki Jaka panggiringipun, datan kawarna ing margi, semana pan sampun rawuh, ing wisma kasep ing wanci, lembu kinandhangken gupoh.
  10. Myang maesa kambing wus ngandhang sadarum, nuli Ki Jaka angambil, ing wuluh wewadhahipun, waringin tuwuh ing siti, Ki Jaka nulya tan katon.
  11. Asiluman nulya manjing wismanipun, kang ibu datan udani, Ki Jaka sru luwenipun, kasupen wuluh cinangking, manjing mijil nyangking wuloh.
  12. Ingkang ibu mangkana osiking kalbu, suwe temen bocah iki, denya ngandhangaken lembu, teka nora mulih-mulih, apa gawene nang kono.
  13. Kae Jaka sangking sru kaluwenipun, nganti kang ibu tan angling, Ki Jaka anguwuh-uwuh, ibu-ibu kulangelih, nedha sekul weteng kothong.
  14. Ingkang ibu anjola kaget sumaur, thole-thole ana ngendi, prenahira celuk-celuk, asuwe nggon ingsun nganti, rupanira nora katon.
  15. Mung swaramu karungu neng ngarsaningsun, kae Jaka anauri, wonten ngriki kula ibu, selak aluwe kapati, kang ibu muwus ngemu loh.
  16. Witning ingsun awelas mring sira kulup, page sira tan keksi, Ki Jaka sakedhap emut, denira nyangking waringin, ingkang aneng jroning wuloh.
  17. Nulya punang wuluh sinelapken gupuh, munggeng sanginggiling kori, Ki Jaka nulya kadulu, kang ibu amalayoni, dhuh karewet sutaningong.
  18. Ingkang dadi woding ing wardaya ingsun, Ki Jaka dipun tangisi, sarwi tetanya kang ibu, apa lire tingkah iki, dene ta mau tan katon.
  19. Kae Jaka anuturken purwanipun, denyatuk kang wit waringin, kang tumuwuh aneng lebu, miwiti malah mekasi, ki Jaka denya wawartos.
  20. Duk miyarsa kang ibu ngungun kalangkung, angandika mring kang siwi, yen mangkono iku kulup, baya pitulunging widdi, marang ing sira nak ingong.
  21. Sinung anggon-anggon bisa tan kadulu, iku minangka paripih, buntele ingkang akukuh, wadhahana wuluh gadhing, simpenen ing pethi kono.
  22. Ingkang putra mituhu welinging ibu, anyimpen kang wit waringin, mangkana Ki Jaka sampun sinung sega nuli bukti, sawusnya tuwuk sang anom.
  23. Nulya turu asayah arip kalangkung, kuneng tan kawarneng latri, warnanen ing enjingipun, Ki Jaka anyuwun pamit, mring ibu tan metu angon.
  24. Namung rencangira kinen angen sampun, Ki Jaka semana mijil, arsa ngyektenana wau, anggawa jimat waringin, Ki Jakawus datan katon.
  25. Maring pasar wong pasar tan ana weruh, pan jinajah den ubengi, meksatan ana wong weruh, semana Ki Jaka mulih, prapteng wisma wus den lolos.
  26. Saking singel waringin sinimpen sampun, kuneng ing laminireki, Ki Jaka ing saben esuk, angubengi jro negari, ngalor ngetan ngidul nguion.
  27. Kae Jaka pan kepengin arsa weruh, ing wismane pra bupati, para satriya gung-agung, myang saguning para mantri, punggawanira sang katong.
  28. Wus kajajah sadaya jro wismanipun, punggawa satriya mantri, tuwin wau wismanipun, Gusti Rekyana Apatih, Gajahmada wus kalebon.
  29. Datan ana sawiji wong ingkang weruh, miwah patamananeki, sampun jinajah sedarum, yata ki Jakarsa uning, kontha sajroning kadhaton.
  30. Nulya laju Ki Jaka ing lampahipun, prapta manjing srimenganti, tan ana wong ngaru-biru, wus laju mring kenyapuri, prabayasa wus kalebon.
  31. Purwakanthi miwah jroning purwalulut, sadaya wus den ubengi, sajajahaning pura rum, tan ana kang den liwati, sawusnya telas kang tinon.
  32. Nulya metu Ki Jaka sayah kalangkung, lawan sanget denya ngelih, sayah kaliren satuhu, semana anulya mampir, ing wismane man tri gedhong.
  33. Sapraptanya kang darbe wisma anuju, kapanggih lagyarsa bukti, Ki Jaka asrep ing kalbu, saksana lekas abukti, Ki Jaka lya nerambol.
  34. Mantri gedhong tan wruh yen ana kang tumut, denya Ki Jaka tan keksi, sang mantri pengraosipun, kaecan denira bukti, sekul sapanjang geng pedhot.
  35. Kang ngladeni sedaya sami gegetun, denya salaminireki, tan makaten dhaharipun, baya rinewangan dhemit, tuwin binadhog ing potho.
  36. Wus bukti Ki Jaka anulya mantuk, pan mangkana saben ari, Ki Jaka karemenipun, milya mangan para mantri, para punggawa tuwa-nom. 

PUPUH XI
S  I  N  O  M 

  1. Para dipati satriya, sami tinumutan bukti, marang Ki Jaka punika, tuwin Rekyana apatih, Gajahmada tan kari sanadyan Sri Mahaprabu, pan tinumutan dhahar, mangkana alami-lami, wong sapraja pan sami grahitanira.
  2. Warata gumyahing warta, lamun ana maling sandi, mandraguna anyeluman, sring atumut momor bukti, lan asring saba puri, anabuh gonge sang prabu, pusaka Majalengka, myang bendhe ing nguni-uni, kya grah kapat pusaka sangking Jenggala.
  3. Lan asring nginum waragang, sasaosane Sang Aji, saananing kang inuman, saben ari den inumi, samana sribupati, langkung sungkawa ing kalbu, tuwin rekyana-patya, wimbuh ing driya ngranuhi, rumasa yen katempuh rumakseng praja.
  4. Kasusahaning narendra, bot-repoting sanegari, yekti rekyana apatya, kang katempuh migenani, yen anggunga kadyeki, temah dadya aru-buru, nagari Majalengka, manawi ta mbok manawi, endrajala karya tiwasing narendra.
  5. Sayekti jagat ruhara, mangkana rekyana patih, umatur ring srinarendra, ngaturken pratikel titi, panyirep walangati, pan jroning asmarasandu, upaya pami kena, mamrih katona sang maling, wus kadhadha aturira Gajahmada.
  6. Ing dalu tan kawursita, yata wuwusen ing enjing, Sang Aprabu Brawijaya, asra kembul lan abukti, lan wadya sanegari, kya patih ngandika sampun, ngirid sagung punggawa, satriya prameya mantri, pra dipati ngamanca lan ulubalang.
  7. Sawusnya pepak sadaya, nulya bojana Sang Aji, anginum boganderwina, lawan punggawa geng-alit, inuman warni-warni, brem tape weragang anggur, arak tuwak myang umbras, badheg sopi wangi-wangi, anggur pait anggur manis kenis adas.
  8. Surake ambata rebah, yata kawuwusa malih, Ki Jaka ing pajagalan, wus dangu denya ningali, kepengin tumut bukti, bogandrawina sang prabu, nulya tumut Ki Jaka, lenggah celak lan kya patih, keneng gelar Ki Jaka wus pinasangan.
  9. Kursi kang kothong satunggal, lawan sampun den cawisi, inuman mawarna-warna, ngarseng kursi kang asepi, sedaya den campuri, darubosi lan kacubung, pinrih lali wurunya, yen lali sayekti keksi, saben minum Ki Jaka datan kantuna.
  10. Yata wuru-wuru dawa, Sri Bethara Majapahit, lawan sagunging punggawa, satriya para dipati, miwah mantri geng-alit, surake atri gumuruh, barung swareng tabuhan, ngrerangin angrarasati, yayah robing madu sindura la-ela.
  11. Karasa edeme samya, tinon angembang sulasih, wuwusen wau Ki Jaka, wus pasah keneng piranti, angembang wong awarih, peta wong awarih wungu, yayah mawinga-winga, saputen tingalireki, mayuk-mayuk wus lali ing dhirinira.
  12. Gonjit palinggiyanira, gerayangan astaneki, goyang murdane lenggotan, gumeter sariraneki, dherodhog riwe mijil, kumyus saengga wong adus, sumuk sarira panas, sanalika mutah getih, kae Jaka tiba sangking kursinira.
  13. Tan enget yayah antaka, baya wus karsaning widi, Ki Jaka prapteng apesnya, kaparibaweng nerpati, dhasar yayahireki, wau ta duk tibanipun, Ki Jaka sangking genya, kàsingsal sesingelneki, pan malesat tebih sangking murdanira.
  14. Jejimat neng jroning dhestar, waringin tuwuh ing siti, kang oyot sindhetan mimang, pan katut ing singelneki, Ki Jaka pan wus mari, nyiluman sariranipun, Ki Jaka byar katingal, kantu gumuling ing siti, yata wau wadya kang wus winangsitan.
  15. Martalulut kajineman, Singanagara kang sami, rumakit sadangunira, pasang gelar nganan ngeri, amiweka ring westhi, semana sareng manubruk, pinarengan ing surak, gumuruh agageteri, alok maling heh iki maling aguna.
  16. Giyak wadya sak ananya, milu alok maling-maling, si maling kang bisa ngilang, anyeluman tan kaeksi, si pothet pethut julig, sakti guna marasandu, anglelanangi jagat, baya nora na wong sekti, mung si maling kang bisa sakti priyangga.
  17. Baya nora na wong lanang, amung dheweke si maling, nora na wong mandraguna, amung dheweke si maling, nora na wong sinakti, amung dheweke si pandung, nora na wong prawira, amung dheweke si maling, lah ta mara budia maling aguna.
  18. Ki Jaka wus tinalenan, winayuyung ngarsa wuri, nanging Ki Jaka semana, pan kadi kapati guling, tan mantra-mantra eling, sangking sangetireng kantu, kerase kang inuman, mandine kang darubesi, myang kacubung milane satengah pejah.
  19. Wusnya binanda Ki Jaka, sinaosaken ngarsa ji, dhawuhe Sri Brawijaya, singele kinen ambesmi, Ki Jaka den paringi, sesingel sangking sang prabu, kae Jaka semana, ginujengan nganan ngeri, myang ing wuri dereng enget pisan-pisan.
  20. Nulya Patih Gajahmada, anamakaken tumuli, kang penawa jeruk linglang, lawan roning orang-aring, lan toyaning nasandir, myang bebekan kati gubug, ingisepken ing grana, lan cinecepken ing lathi, kapurbarus sinipataken ing netra.
  21. Byar melek Ki Jaka kagyat, enget ing wanteyaneki, terataban sumyar-sumyar, mulat sarira kagodhi, binanda den gujengi, aneng ngarsane sang prabu, kinepung ing punggawa, Ki Jaka tan kena osik, dadya mupus ing driya tumungkul wirang.
  22. Dinangu mring srinarendra, heh sira bocah ing ngendi, tuhu maksih rare sira, lawan warnamu respati, sira bisa tan keksi, sapa silih kang angutus, ing reh sandiupaya, arsa jro ing praja mami, nyempaluki ing darma karti sampeka.
  23. Jaka Karewet aturnya, dhuh pukulun sribupati, amba nuwun pangaksama, sandhape lebu pada ji, dene tan angabekti, pakewet dening tetangsul, duk miyarsa sangnata, parentah aken nguculi, dyan tumandang pra mantri nguculi bandan.
  24. Mung kantun tenger kewala, sinampiran ing tetali, nulya Ki Jaka tur sembah, dhuh pukulun Sribupati, amba pan dede telik, myang sandiupayeng ripu, dede dutaning nata, myang satriya pra dipati, ulubalang punggawa mantri prameya.
  25. Pun patik rare umbaran, ugungan sangkaning alit, wismamba ing Pajagalan, gesang datanpa sudarmi, sutane randha miskin, sudra papa wijilipun, pun Karewet wastamba, pun kaki tetiyang alit, nama Kartamaya penatus wong Jagal.
  26. Dene ta pratingkah amba, makaten punika gusti, pan kayun amba priyangga, tan wonten kang memuruki, sangking kawula apti, angyektosaken pukulun, pustaka nggen amanggya, wonten tengahing wanadri, warni witing waringin tuwuh ing kisma.
  27. Kawula bedhol seksana, katut saoyod ireki, kang oyod sindhetan mimang, Ki Jaka aturireki, miwiti amekasi, duk miyarsa sang aprabu, kacathet ing wardaya, angungun Srinarapati, ngangen-angen kang tutur timbul iang toya. 

PUPUH XII
MASKUMAMBANG 

  1. Sang aprabu esmu kaduwung ing galih, denya budi ganas, sisingel kinen ambesmi, kasusu panas ing driya.
  2. Lamun aja ganasi yekti pakolih, semana sang nata, nulya aken nimbali, lelurahing mantri Jagal.
  3. Kinen ngirit penatusnya kang wewangi, Kyai Kartamaya, tan adangu nulya prapti, kinen maju mring ngarsendra.
  4. Kyai Kartamaya wau duk ningali, lamun wayahira, kinepung aneng ngarsaji, supe aneng ngarsa nata.
  5. Karuna sru sesambatnya kathah-kedhik, dhuh katuwonira, dene teka wani-wani, angambah ing kene nyawa.
  6. Kathah-kathah Kartimaya sambatneki, yata srinarendra, andangu lelurahneki, anenggih sang mantri Jagal.
  7. Bocah iku sapa kang aduwe siwi, matur mantri jagal, artiba atur pati urip, ajrih yen datan matura.
  8. Yektosipun pun Jaka punika gusti, pang inggih babetan, wawratan sangking jro puri, lair Ki Jaka punika.
  9. Duk ni rara wedale sangking jro puri, pan inggih kawula, gusti ingkang nguningani, tuwin kang ambaureksa.
  10. Malah ngantos sapriki tan arsa krami, marem anon putra, priya sangking dalem puri, milane dinama-dama.
  11. Duk miyarsa sang nata enget ing galih, tuhu yen kang putra, nanging sinamur ing galih, kuneng sakedhap sang nata.
  12. Kawuwusa ingkang kari aneng wuri, sira ni mbok randha, Pajagalan pan salatri, tyasira gung melang-melang.
  13. Malah kongsi tan antuk guling salatri, anggung terataban, prapteng enjingira maksih, tan eca raosing driya.
  14. Kae Jaka sakenjing den gegondheli, maring ibunira, aja lunga-lunga kaki, atiningong melang-melang.
  15. Kae Jaka tan kenging dipun gondheli, yata duk semana, ni randha denya miyarsi, tetela gediring kathah.
  16. Yen sang nata anyekel maling sinekti, bisa anyiluman, maksih jejaka kang maling, ni randha ningseti sinjang.
  17. Lan rananya lumayu tiyang kekalih, sarwi rawat waspa, rerikatan wong kekalih, laju maring pasewakan.
  18. Prapteng ngarsa ni randha karuna anjrit, njujug nggening putra, sesambat kawelasasih, sarwi anungkemi putra.
  19. Katuwone babo nggoningsun sesiwi, dhuh norakayaa, ingkang kaya awak mami, baya ta wus bejaning wang.
  20. Ujaringsun teka nora den piyarsi. sun palangi sira, lungaa sadina iki, sira meksa kudu lunga.
  21. Ateningsun wus melang-melang kepati, mengko sira nyawa, nemahi nandhang tetali, pinikut ing sanagara.
  22. Sru cilaka nyawa sutaningsun gusti, anandhang wewirang, babo kang isun ngengeri, sun kekudang anak lanang.
  23. Mengko teka akarya rudahing galih, rujiting tyasingwang, rontok rantas rontang-ranting, dhuh lae nora kayaa.
  24. Dene sira durung wruh rasaning mukti, lola cilik mula, urip datanpa sudarmi, dadi wong umbar-umbaran.
  25. Heh pagemu nyawa dadak wani-wani, ngambah ing jro pura, akeh punggawa pramantri, keh wong gedhe jro nagara.
  26. Sira durung weruh sikuning nagari, sira pan wong sudra, papa ina kawlasasih, wong desa tanpa ukara.
  27. Teka dadak sira kaki wani-wani, parek-parek lawan, panjenengan narapati, tur ratwagung binathara.
  28. Kinasihan ing jawata kang linuwih, gustining sajagad, nora ana amadhani, sira nyawa meksih bocah.
  29. Bocah desa tan weruh ing tata titi, laku tan wruhing trap, katuwana sira kaki, kaniaya kang akarya.
  30. Ni mbok randha karantan-rantan kang tangis, tuwin sesambatnya, ni Kartamaya tan sipi, Ki Jaka milya karuna.
  31. Kang miyarsa sami angungun tan sipi, malah kabarabas, mijil waspanira sami, lan sumerep yen sutendra.
  32. Yata wau mangungun srinarapati, karantaning driya, kumembeng waspanireki, karaos enget ing driya.
  33. Sang aprabu dhawuh mring rekyana patih, iku ta si Jaka, pan sayekti suta mami, gawanen mring wismanira.
  34. Kyana patih sandika aturireki, nulya srinarendra, jengkar manjing kenyapuri, kyana patih undhang bubar.
  35. Kae jaka wus kerid ing kyana patih, kang ibu tut wuntat, kalawan renanireki, tuwin ta Ki Kartamaya.
  36. Miwah lurah mantri jagal datan kari, myang mantri punggawa, sadaya sami ngurmati, umiring mring Raden Jaka.
  37. Sapraptaning kapatihan pinisalin, sira Raden Jaka, datan kawarna ing latri, wuwusen ing enjingira.
  38. Prapta duta kang sangking srinarapati, nampan pira-pira, isi busana pisalin, sangking kang rama narendra.
  39. Saben ari elur kang sami tetuwi, sagunging satriya, dipati punggawa mantri, samya sung pasalin sinjang.
  40. Warna-warna arta busana mranani, Dyan Jaka semana, kamulyanira tan sipi, miwah kasugihanira.
  41. Enengena Dyan Jaka kang sampun sigih, gantya kawuwusa, ingkang pinunggel ing kawi, ing Paiang Pengging sarkara. 

PUPUH XIII
DANDHANGGULA 

  1. Kawuwusa nateng Pajang Pengging, Narapati Handayaningrat, tan patya panjang yuswane, sedanira sang prabu, pan atilar putra kekalih, sami jalu kalihnya, wastane kang sepuh, Raden Kebokanigara, ingkang anem Dyan Kebokenanga nenggih, sami pekik kang warna.
  2. Ginantyaken ing ramanireki, rajaputra ing Pengging kalihnya, karsane kang eyang mangke, tan jinenengken ratu, nagri Pengging apan pinalih, kabupaten kewala, ing Pengging nem-sepuh, ibunira maksih gesang, nenggih ratu Handayaningrat ing Pengging, momong putra kalihnya.
  3. Tan alami kang ibu ngemasi, dadya loia raden kalih pisan, ing wayah pan maksih anem, kalangkung kawlasayun, tinilar ring rama nerpati, lan ibu sorinira, mangkana winuwus, karsanira ingkang eyang, Sang Aprabu Brawijaya Majapahit, kang wayah kalih pisan.
  4. Pan pinundhut maring Majapahit, mring kang eyang pinundhut atmaja, dinama-dama kalihe, dening wayah pembayun, pan kinarya liruning siwi, sok tresnaning narendra, tu win Kangjeng Ratu, Andarawati kalintang, asih tresna mring wayah jalu kekalih, dene tan yayah rina.
  5. Dene nagrinira Pajang Pengging, pan tinengga ing para satriya, sentana ing Pengging kabeh, para mantri gung-agung, datan owah kadi duk meksih, Prabu Handayaningrat, kuneng tan cinatur, ing solah myang laminira, kang winarna sabedhahing Majapahit, musnane Brawijaya.
  6. Putri Cempa Ratu Dwarawati, datan milu muksa mring kang raka, pan sampun Islam batine, anut agamanipun, ingkang putra ing Ampelgadhing, sasedane kang putra, anut wayahipun, nenggih Jeng Sinuhun Benang, amemuri agama sarengat nabi, rasul anyakraningrat.
  7. Lan welinge kang raka ing nguni, maring prameswari putri Cempa, pan kinen kariya bae, momonga para sunu, para wayah kangsamya kari, memuriya agama, sarengating rasul, Sang Aprabu Brawijaya, nadyan Buda jer wus pralebda ing budi, waspadeng sangkan paran.
  8. Nadyan pramesuri Dwarawati, binoyongan maring ingkang wayah, Prabu Nyakrakusumane, ing Benang jengsinuhun, ingkang eyang pinundhi-pundhi, akathah para wayah, ingkang sami tumut, mring eyang wonten ing Benang, rajaputra ing Pengging kekalih sami, tumut wonten ing Benang.
  9. Dhasar Jeng Sinuhun Benang nenggih, pan kaprenah sadherek misanan, lan rajaputra kalihe, ingkang kaprenah sepuh, rajaputra ing Pajang Pengging, Kangjeng Sinuhun Benang, anem prenahipun, langkung denya sih-sinihan, ingkang raka kekalih lawan kang rayi, Kangjeng Sinuhun Benang.
  10. Pan karasa wong agung ing Pengging, aneng Benang samya anggegulang, ing agama sarengate, tuwin wau wong agung, ing Mandura sang adipati, Lembupeteng Mandura, pan sampun kekuwu, wonten ing asrama Benang, Jeng Sinuhun ing Benang kelangkung asih, tresna maring kang rama.
  11. Pan anguwa prenahira nenggih, Jeng Sinuhun Anyakrakusuma, mring sang nateng Mandurane, Lembupeteng puniku, pan mantune Arya Baribin, ing nagari Mandura, mangkana winuwus, Sri Lembupeteng Madura, dahat sihe marang kaponakaneki, Dyan Kebokanigara.
  12. Miwah Raden Kebokenangeki, sasedane yayah-renanira, kekalih mangka lirune, soking katresnanipun, kadi sutanira pribadi, tan mantra kaponakan, wa mangkana lamun, taksiha kang yayah-rena, wonten ugi kaote sihira maring, atmaja kaponakan.
  13. Tuwin Kangjeng Sinuhun ing Giri, dahat tresna dhateng ingkang raka, wong agung Pengging kalihe, miwah Kangjeng Sinuhun, ing Darajat makaten ugi, pratuwin ingkang uwa, Jeng Sunan Maj agung, kalangkung sih mulenira, marang reden putra ing Pengging kekalih, lir sutane priyangga.
  14. Myang Jeng Sunan ing Murya padening, puniku pan prenah putranira, mring rajaputra kalihe, miwah Susunan Kudus, inggih sami kaprenah siwi, sami dahat sih tresna, mring sang rajasunu, apa dene Jeng susunan, Kalijaga punika prenah kang rayi, maring sang rajaputra.
  15. Tuwin Kangjeng Sunan Gunungjati, milya dahat sih memulenira, miwah pamanira kabeh, myang para bibinipun, paratmaja ing Majapahit, sami angela-ela, mring sang rajasunu, myang sagunging pra sentana, sadaya pan sami enget mring waweling, ira Sri Brawijaya.
  16. Nguni kinen amomonga sami, aja na kang darbe tyas nalimpang, mring rajaputra kalihe, pinoma-poma tuhu, pepacuhan denira titip, Sang Prabu Brawijaya, mring kang kari pungkur, kuneng ing alama-lama, kang cinatur prameswari Dwarawati, wus sanget sepuhira.
  17. lami-lami ratu Dwarawati, nandhang gerah prapteng sedanira, tan kawarneng reroncene, layon sinare sampun, nenggih wonten Karangkemuning, sagunging putra wayah, ingkang sami kantun, samya memule tilawat, Kur’an tuwin maca tasbeh lawan takmid, tahlil miwah istipa,
  18. Wus mangkana ing alami-lami, kawuwusa nagari ing Demak, kalangkung gemah harjane, satanah Jawa suyud, para nata para dipati, kang tebih-tebih samya, amoncapraja gung, sami sumuyud sadaya, marang Kangjeng Panembahan Bintareki, Kalipah Rasullolah.
  19. Mangka badaling kukumah nenggih, myang wilayah kurusing risalah, ing agama sarengate, Jeng Nabi kang rinasul, duk semana ing Tanah Jawi, pan wus Islam sadaya, tan wonten barenjul, sagunging kang para ajar, myang wewasi gegitntung manguyu cantri, wus kathah nandhang iman.
  20. Myang sogata sewa resi-resi, wus liniron kang para pukaha, pra pandhita gedhe-gedhe, pra ngulama linuhung, para jaid para mungaid, mupti lawan sulaka, kukuma gung-agung, nadyan para ratu sabrang, ingkang samya kabawah ing Majapahit, (Tanah Jawi) sampun kathah kang Islam.
  21. Kuneng semana laminireki, kawuwusa nagari Bintara, anuju ing dina Isnen, para wali angumpul, pra pandhita ngulama mupti, kukuma pra pukaha, sulaka gung-agung, pangarsaning waliyulah, Jeng Sinuhun Benang Kutuburabani, anenggih Gosulngalam.
  22. Nulya Kangjeng Sinuhun ing Giri, walikutub rabani aotad, nulya malih sosorane, ing Cirebon puniku, Jeng Suhunan ing Gunungjati, pan walikutub ngukba, nulya Jeng Siniihun, Majagung pan kutub nukba, nulya Kanjeng Suhunan Darajat nenggih, kutub rabani nujba.
  23. Nulya malih sosoranireki, nenggih Jeng Suhunan Kalijaga, Seh Malaya bisikane, kutub abdal puniku, nulya malih sosoraneki, anenggih Jeng Susunan, ing Muryapadeku, kutuburabani abwar, nulya malih Jeng Susunan Kudus nenggih, kang gumantung ramanya.
  24. Jeng Susunan ing Ngudung ing nguni, kang kasambut samadyaning rana, ing nalika aprang gedhe, mungsuh dipati Terung, senopati ing Majapahit, yata Kangjeng Susunan, ing Kudus puniku, kutub rabaniyah akyar, jangkep wolu martabating para wali, wonten malih satunggal.
  25. Wali umran ingkang anusuli, anjangkepi uniting wilangan, martabat wali sangane, kalebet gelengipun, para wali wolung prakawis, yeku Jeng Panembahan, senopati Jimbun, naradipati Pulembang, duk samana sampun pakumpulan sami, miwah para dipatya.
  26. Para pangageng kang tebih-tebih, Sang Adipati ing Balambangan, ing Lumajang dipatine, myang Sang Dipati Terung, Panataran lawan dipati, Basuki Tunggarana, Japan Surengkewuh, sang Adipati Madura, Lembupeteng lawan Sang Arya Baribin, myang Sumenep dipatya.
  27. Anenggih Risang Jaranpanolih, myang Bathara Katong Pranaraga, lan ing Daha dipatine, adipati Madiun, Jagaraga ing Sokawati, ing Rawa ing Balitar, ing Tambakbayeku, adipati Taruwangsa, ing Lowanu ing Gowong sang adipati, Binarong ing Banyumas.
  28. Adipati ing Banten pratuwin, sang adipati ing Pajajaran, Ciyancang Sokapurane, ing Sumedhang wong agung, ing Barebes lan Wiratheki, dipati Pakalongan, ing Tegal wong agung, myang dipati Pandhanarang, Arya Damar ing Palembang sampun prapti, Pepekan danasmara. 

PUPUH XIV
ASMARADANA 

  1. Mangkana kang para wali, angrembag badhe akarya, pusaka masjid kang gedhe, pan kinarya pakumpulan, pasalatan Jumungah, yen nalikane akumpul, kang para Wali Kasanga.
  2. Miwah kang para dipati, ing Jawa tuwin ing Sabrang, yen nuju praptane kabeh, ing karsa ampun kuciwa, lawan amet prayoga, sawetarane kang patut, dadya pusakeng narendra.
  3. karsaning kang para Wali, wewolu kang karya tilas, sakedhik kang radi gedhe, kang ngyasani masjid anyar, bituwah nagri Demak, pusakaning para ratu, nenggih ing satanah Jawa.
  4. Dene masjid geng kang lami, ing nguni ingkang ayasa, pan Kangjeng Susunan Ngampel, duk kertaning Majalengka, sakadar wong bebakal, kang den yasaken puniku, sang adipati Bintara.
  5. Duk maksih bebakal nguni, mentas adhedhukuh anyar, sangking Ngampel pamergile, pituduhing gurunira, Jeng Sunan Ngampeldhenta, Raden Patah adhedhukuh, babat wana bumi Demak.
  6. Gelagah gandane wangi, lami-lami dadi praja, sampun akathah santrine, memuri agama Islam, sami kuwat ngibadah, nulya ing jaman puniku, Jeng Susunan Ngampeldhenta.
  7. Rawuh angyasaken masjid, kinarya salat Jumungah, mung sawetara gedhene, aja na kang salah tampa, sagunge kang amaca, masjid ing Demak puniku, pan kekalih caritanya.
  8. Kang satunggil masjid lami, kang satunggil masjid anyar, sampun kalintu surupe, den atiti den pratela, tinitik ing sengkala, den enget petangan tahun, kono wruh tibaning cetha.
  9. Sengkalane masjid lami, Guna Trus Uningeng Jagad, wuwusen malih gancare, ingkang sami pirembagan, badhe karya pusaka, pasalatan ingkang agung, sampun mupakat ing rembag.
  10. Sami etang andum kardi, bubuh-bubuhaning karya, dhewe-dhewe panggarape, ingukur sampun mutamad, ageng lawan alitnya, miwah andhap luhuripun, panjang celaking abahan.
  11. Sagung abahaning masjid, pepageran ingukurnya, myang janji pasemayane, kumpuling punang abahan, badhe pangrancangira, linanji lelanjenipun, kang panuwun sirah gada.
  12. Yata Kanjeng para Wali, wong wolu amet bebahan, jangkepe Wali Sangane, panembahan ing Bintara, sakaguru sekawan, punika bageyanipun, kang para Wali sesanga.
  13. Dene sesaka pangendhit, tegese saka penengah, pan kalihwelas cacahe, sajabaning guru papat, sajroning sakarawa, puniku bubuhanipun, para Wali kang sosoran.
  14. Jeng Pangeran Atasangin, lan Pangeran Sitijenar, lan Pangeran ing Gerage, kalawan raja pandhita, ing Garesik negara, Pangeran Baweyaniku, miwah susunan Candhana.
  15. Myang Susunan Geseng nenggih, lawan Pangeran Cahyana, kang sumare gunung Lawet, pangeran ing Jambukarang, lan Pangeran Karawang, myang Seh Wali Lanang iku, tuwin Seh Waliyul Islam.
  16. Tuwin ta Seh ing Mahribi, myang Seh Suta Maharaja, Seh Para klawan Seh Banthong, ing Galuh raja pandhita, lawan pandhita raja, ing Pamalang dhepokipun, lan pandhita Karangbaya.
  17. Miwah Jeng Susunan Katib, lan Susunan ing Pantaran, tuwin ta Sunan Tembalo, pandhita Usmanuraga, Usmanaji pandhita, punang kabubuhanipun, saka panengah sadaya.
  18. Dene sakarawa nenggih, cacahe pan kalihdasa, kang binubuhan agawe, para Wali pra pandhi kang sami amardika, para ngulama gung-agung, para mupti pra kukama.
  19. Para jaid para ngabid, pra mungaid ahlul imán, mukmin kaslan para saleh, sadaya pan sakarawa, dene sunduk kilinya, pamidhangan lan delurung, panitih lan takir lambang.
  20. Balandar pangeret nenggih, ingkang adarbe bebahan, kang para dipati kabeh, dene tetakir pananggap, miwah dudur sadaya, palisir lan wuwung agung, ing ngandhap nginggil sadaya.
  21. Puniku bubuhaneki, sagung kang para satriya, sentana geng-alit kabeh, dene kang usuk sedaya, lawan badhe pagernya, kang darbe bubuhan iku, para mantri ulubalang,
  22. Punggawa prameya mantri, dene punang sirap-sirap, sadaya badhe payone, sami urunan kewala, saman a wus bubaran, ingubayan dinanipun, pangumpule kang ababan.
  23. Sasowang-sowangan sami, panggarape kang abahan, kuneng tan winama ing reh, lam in ing panggarapira, tuwin pangrancangira, punang dhedhuwuran sampun, lelanjene pan wus dadya.
  24. Ingadon-adon respati, muwah ta punang sosoran, sagunging saka-sakane, sunduk kili myang balandar, wus linanji sadaya, mung kantun kang sakaguru, sakawan duk winiwitan.
  25. Arsa den adon-adoni, sesaka kirang satunggal, amung tetiga cacahe, yata Jeng Sinuhun Benang, andangu Seh Melaya, dene tan ana kadulu, bubuhane durung ana.
  26. Sakaguru kang sawiji, bubuhane Seh Malaya, tan wonten mantra-mantrane, pijer pitekur angiwa, teka ayem kewala, semana sampun kasusu, panglanjine punang saka.
  27. Kasusu bandhenireki, enjinge lajeng ngadega, kang pusaka masjid gedhe, Jeng Sinuhun Kalijaga, kagyat marek ing ngarsa, dinukan mring Jeng Sinuhun, Benang Anyakrakusuma.
  28. Seh Malaya awot sari, tumungkul tadhah deduka, sangking ing ngarsa lumengser, maring gon wong nambut karya, wauta Seh Malaya, ngalapi tatal kinumpul, pan pirang-pirang bopongan,
  29. Punang tatal den taleni, tinata dipun tap-etap, pindha wong agawe eber, gilig gegulingan panjang, taline kerangkungan, agung apanjang gumulung, Seh Malaya gambuh ing tyas. 

PUPUH XV
G  A  M  B  U  H 

  1. Madhep ing keblat gupuh, Seh Malaya semedi manekung, tyas mawardi sumungku ring, x) syuh luluh ing tingal jumbuh, saciptane sinung dados.
  2. Tatal cinipta wutuh, salin warna ilang tatalipun, lir den ukur ageng myang panjangireki, lan sakaguru kang telu, kang sami ingadon, x).
  3. Luwar samadinipun, Seh Malaya karamete kabul, kagawokan sagung kang sami ningali, lenger-lenger jetung ngungun, gagetun sami andongong.
  4. Saka tatal wus katur, mring sang ratu wadat nulya gupuh, den ukuri ingadon-adon kinardi, samana pan sampun rampung, kantun adegnya kemawon.
  5. Ing wanci sampun dalu, sami salat bar Jumungahipun, salat Mahrib anulya Isanireki, kuneng wanci tabuh telu, wus tangi sakathahing wong.
  6. Dyan sami salat subuh, sabakdaning salat sami gupuh, angrarakit abahan adeging masjid, kang para Wali gung-agung, iyek ing karya asagoh.
  7. Para mukmin gung-agung, miwah para dipati sadarum, pra satriya sentana bupati mantri, ulubalang lalang-laut, sadaya sampun mirantos.
  8. Pan linekasan gupuh, wanci enjing punang sakaguru, kang sekawan den adegaken tumuli, kang para Wah wewolu, tumandang sami ambopong.
  9. Myang senopati Jimbun, milya ambopong kang saka catur, sampun ngadeg dan sirah gada nusuli, purna luluhuranipun, nulya pananggap panosor.
  10. Saka panengahipun, kalihwelas ingadegken gupuh, para Wali sosoran tumandang sami, ambopong saka kasaut, angadeg sareng kimawon.
  11. Lambang pinasang sampun, dudur tatakir balandar usuk, purna punang pananggap pan cinengah nenggih, nulya sakarawanipun, sami den adegken gupoh.
  12. Punang saka rongpuluh, kang adarbe ing hubuhanipun, para Wali ingkang amardika sami, para pandhita gung-agung, para ngulama kinaot.
  13. Pra kukama gung-agung, para mupti mungaid sadarum, pra sulaka para tapa para ngabid, mukmin kaslan ahli ngilmu, sengkut tandange asagoh.
  14. Sareng pangadegipun, sakarawa nulya punang dudur, myan panerus balandar miwah kang takir, usuk wus minggah sadarum, purna kang pananggap ngisor.
  15. Lajeng panyirapipun, kuneng wusing paripurnanipun, lajeng para Wali wewolu nulya glis, anata ing keblatipun, aja kongsi mencang-mincong.
  16. Kang bener adhepipun, maring Kakbah ing Mekah puniku, lamun ora bener keblate kang masjid, nora asah salatipun, kang padha salat ing kono.
  17. Mangkana wau sagung, Kangjeng para Walisanganipun, pamawase ing keblat sami pradongdi, wonten kang mestani sampun, kenceng adhepe mangulon.
  18. Wonten mastani luput, kirang condhong ngaler adhepipun, dan ingoyog mangaler adheping masjid, winawas malih pan langkung, kasangetan condhong ngalor.
  19. Nulya den oyog ngidul, punang masjid keblate kelangkung, kapengidul dinuwa mangaler malih, meksa kirang condhongipun, jinawil sampun mangalor.
  20. Winawas malih luput, kasangeten ing pangaleripun, den tinulak wus bali mangidul malih, kirang kedhik kencengipun, mangilen ragi mangalor.
  21. Yata sadangunipun, tansah pradondi ing kencengipun, pamawase dereng wonten kang patitis, kang masjid yayah den iyun, mayak-mayuk ngidul ngalor.
  22. Ing wanci pan meh dalu, meksa tan wonten ingkang tertamtu, wus mangkana Jeng Sinuhun Benang nuli, pirembag lawan sinuhun, ing Giri mupakat dados.
  23. Kinendelan rumuhun, ing latri sami rembag manekung, anerangken maring Hyang Kang Mahasuci, kang supaya beneripun, ing keblat aja melencong.
  24. Kuneng praptaning dalu, kawuwusa pra Wali gung-agung, samya lenggah tapakur aneru dhiri, maledi semadi nekung, anenedha ing Hyang manon.
  25. Para Wali wewolu, sami ambos ing paningal terus, tarawangan andulu ing jagad kabir, tan ana ling-alingipun, mangetan terus mangulon.
  26. Ing Mekah pan kadulu, Kakbahtulah katon cetha munggul, kang Masjidil Karam tetela kaeksi, dan Sang para Waliwolu, angumpul dados saenggon.
  27. Myang senopati Jimbun, tunggil enggen lan pra Wali wolu,duk semana winawas keblating masjid, pinet kenceng adhepipun, lan Kakbatulah kang katon.
  28. Nanging pra Wali wolu, maksih pradongdi pamawasipun, punang masjid jinawilan nganan-ngering, menga-mengo ngalor-ngidul, sadangune dereng manggon.
  29. Saksana Jeng Sinuhun, Benang kalawan Sang Ratu Tunggul, megeng napas anyipta ringkesing bumi, sami sakedhap wus kabul, karamating Walikatong.
  30. Ringkes buwana ciut, ing Mekah pan wus celak kadulu, Kakbahtulah pareg katingal ing ngarsi, winatawis tebihipun, amung tigangemel tinon.
  31. Prabu Wakdat anuduh, mring Seh Malaya waspadeng semu, dyan jumeneng wau Jeng Susunan Kali, sangking 1er majeng mangidul, jumangkah suku sawiyos.
  32. Suku kekalih mulur, panjang aluhur begagahipun, suku kanan prapteng Mekah sampun ngancik, sajawining pageripun, Kakbatulahi ing kono.
  33. Suku keringnya kantun, napak ing ler-kilen masjid wau, asta kanan anyandhak Kakbatulahi, asta kering nandhak sampun, sirah gada masjid kono.
  34. Tinarik kalihipun, sami mulur gya ingaben gathuk, Payok Kakbat lawan sirah gada masjid, den nyatakaken sawujud, ceples kenceng datan menggok.
  35. Para Wali gung-agung, sami andulu kalintang sukur, Jeng Sinuhun ing Benang ngandika ans, yayi Seh Malaya uwus, abener tan walangatos.
  36. Seh Malaya wotsantun, nulya anguculken astanipun, Kakbatulah lan masjid pan sampun bali, Seh Malaya nulya lungguh, ngarsaning raka wotsinom. 

PUPUH XVI
S  I  N  O  M 

  1. Kuneng lamining pakaryan, semana pan sampun dadi, masjid geng nagari Demak, sampat paripurneng kardi, semana den babadi, kari roro kartinipun, ing jalma sengkalanya, mangkana sami winilis, kaotipun masjid lami lan enggal.
  2. Kaot pitulikur warsa, wauta kang masjid lami, pinindhah mring Suranatan, kinarya masjid jro nenggih, pasalataning aji, nenggih bar Jumungahipun, kuneng alama-lama, gantya kang winurcitani, wonten trahing gusti niyakaning jagad.
  3. Sangking ing Ngatasmaruta, kalana mring Tanah Jawi, ing nguni duk jamanira, Jeng Susunan Ampel Gadhing, pinernah dadya mupti, nagari ing Kaliwungu, katalah namanira, Pangeran ing Atasangin, tunggil bangsa lan nateng Deli Benggala.
  4. Ing Deli Tanah Benggala, Jeng Sultan Sarip Asnawi, pangagenging para nata, ing Banggala sadayeki, pangeran Atasangin, puniku den ambii mantu, maring Jeng Sarip Sultan, patutan jalu kekalih, kang satunggil awisma aneng Benggala.
  5. Kang satunggil aneng Jawa, ing Kaliwungu nagari, kaipe mring bupatinya, sampun apeputra nenggih, sakawan kathahneki, kang tetiga sami kakung, kang estri pan kagarwa, mring kang gumantya dipati, Kaliwungu dene kang priya tetiga.
  6. Pindhah maring Pandhanarang, pan punika ing Samawis, basa rikat ing Samarang, kang sepuh dadi dipati, ing Pandhanarang nenggih, langkung kasugihanipun, berbudi wicaksana, sarwa-sarwi sigih sugih, ingkang rayi aremen dadya sudagar.
  7. Wisma ing wukir Pragota, kalawan karem agami, kang rayi wuragil ika, karem amratapa nenggih, mendhita sarwa wasis, limpat ing reh pasang semu, wisma ing Pandhanarang, kuneng semana winarni, duk mentase adhege masjid Demak.
  8. Adipati Pandhanarang, mogok tan arsa sumiwi, marang ing nagari Demak, ing purwane sang dipati, dahat merang tan sipi, duk karya masjid ing dangu, saguning Waliyulah, myang para pandhita mupti, pra ngulama para kukama pukaha.
  9. Para salih para tapa, mukmin kas para mungaid, samya neng nginggil lenggahnya, satata lan sribupati, dene kang pra dipati, para punggawa gung-agung, miwah para satriya, bupati prameya mantri, lenggahipun samya neng ngandhap sedaya.
  10. Sang Dipati Pandhanarang, wirang ing tyas angranuhi, dadya angkep kewala, aneng Nagari Samawis, tan milu anganyari, masjid ing Demak puniku, kalamun tinimbalan, tansah angecani krami, nulya Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
  11. Rawuh Nagri Pandhanarang, kang rayi den pituturi, pan rayi ipe punika, anggung tinanya rininding, Pangeran Pandhanawis, umatur purwaning dangu, prapteng wasananira, ya ta Jeng Susunan Kali, welas mulat mring Pangeran Pandhanarang.
  12. Sampun winulang sadaya, ing elmu kawalen nenggih, pambontosing kasuciyan, kasampurnaning ngaurip, urip kang purna-jati, jatimurti wastanipun, waluyeng sangkan-paran, terang terus lair batin, ing batine wus cecalon Waliyulah.
  13. Arine sang adipatya, kang wuragil sarwa wasis, ingkang karem kasutapan, wruh ing cipta anututi, ngesrahken pati urip, ing pada nungkemi lebu, mring Kangjeng Seh Malaya, pan sampun winejang ngelmi, kawaleyan kadi kang raka dipatya.
  14. Pangeran ing Pandhanarang, lawan kang rayi wuragil, kalihe sampun cinawang, badhe cacalon utami, kuneng semana nuli, katilar kamuktenipun, dipati Pandhanarang, lawan kang rayi wuragil, tan atolih kadangwarga brana dunya.
  15. Amung lawan garwanira, kalihe sami sarimbit, putrane sang adipatya, jalu pan kinen angaji, kataki-taki ngelmi, maring Jeng Sunan Majagung, kaprenah wayahira, mring Sunan Majagung nenggih, yata wau Sang Dipati Pandhanarang.
  16. Wus linggar atilar praja, duk ing wanci sirep jalmi, tan ana wong kang uninga, amung kalawan kang rayi, kuneng datan winarni, reroncening laminipun, miwah ing lampah-lampah, saking denya inglampahi, pituduhnya Jeng Susunan Kalijaga.
  17. Ngidul-ngetan lampahira, wus prapteng Tembayat wukir, lajeng wisma ing Tembayat, ambentur sutapaneki, dene ta ingkang rayi, kinen misah wismanipun, dhadhekah ing Kajoran, ambentur sutapaneki, kalihipun manjing dadya Waliyulah.
  18. Pangeran ing Pandhanarang, sampun sesilih wewangi, Jeng Suhunan ing Tembayat, kang rayi silih wewangi, Jeng Panembahan nenggih, ing Kajoran namanipun, kuneng kang wus minulya, manjing martabating Wali, kawuwusa semana negari Demak.
  19. Panembahan ing Bintara, wus lami antaraneki, semana anandhang gerah, tan lami nulya ngemasi, riningkes ing pakarti, sapala kertining lampus, punang layon semana, sinare salering masjid, sinengkalan sedanira panembahan.
  20. Sima Guna Kartaning Rat, Panembahan Bintareki, meningi sadasa warsa, denira ayasa masjid, mangkana ta winarni, putranira sang aprabu, sakawan kathahira, ingkang asepuh pribadi, jalu pekik Pangran Sabranglor namanya.
  21. Penenggak apan wanudya, tinarimakaken nenggih, maring Pangeran Widagda, ing Cirebon kang nagari, dene arine malih, priya nenggih namanipun, pan Rahaden Trenggana, dene arinipun malih, pan wuragil nenggih jalu namanira.
  22. Pangeran Sabrangkidulan, nanging katelah ing nguni, Pangran ing Kali wa nya, dene seda aneng kali, yata malih winarni, ingkang anggentya prabu, putra ingkang anama Pangeran Sabrangler nenggih, kang angangkat jumenenge naranata.
  23. Kangjeng Sinuhun ing Benang, lawan Jeng Sinuhun Giri, ingestren para Oliya, satanah Jawa nekseni, dene wewangineki, Jeng Sultan Demak puniku, nanging tan pati lama, pinasthi karsane Widi, Sultan Demak semana pan sampun seda.
  24. Denira jumeneng nata, lamine mung kalih warsi, wau Kangjeng Sultan Demak, kang layon sinare nuli, aneng salering masjid, ing dagane ramanipun, kang putra tan gumantya, jumeneng narapati, ari nata sampun ingangkat sarkara. 

PUPUH XVII
DANDHANGGULA 

  1. Raden Trenggana jumeneng aji, anggentyani karatoning raka, Sultan Demak bisikane, pangulu Sunan Kudus, pepatihe pan mulu salin, apatih Wanasalan, nenggih namanipun, kuneng gantya winursita, Jeng Suhunan ing Giri kedhaton nenggih, gerah pan lajeng seda.
  2. Pan riningkes ing sapala karti, punang layun sinare semana, aneng ing Giri purane, sengkalane ingetung, Siking Guna Karyaning Bumi, ingkang putra gumantya, nama Jeng Sinuhun, ing Giri parapneki, Ratu Tunggul Walikutuburabani, Aotad martabatnya.
  3. Apan kadi kang rama ing nguni, ing kawignyan miwah kawaspadan, tuwin ing kasutapane, kuneng gantya winuwus, Sri Anyakrakusumeng bumi, Jeng Sinuhun ing Benang, prapteng janjenipun, wafat atilar ing dunya, kondur maring karaton kang baka nenggih, roncene tan winarna.
  4. Punang layon sinare tumuli, aneng asrama sunya ing Benang, winurciteng sengkalane, sedanya Jeng Sinuhun, Wisik Sukci Adining Bumi, kang gumantya semana, ing martabatipun, Kangjeng Sinuhun Darajat, ambawani kadi kang raka suwargi, Wali Gos Kutubrahman.
  5. Kawuwusa sasedanireki, Prabu Wahdat Anyakrakusuma, tan lami ing antarane, amung satengah tahun, sang dipati Mandura lalis, Lembupeteng layonnya, sinarekken sampun, aneng ing Karangkajenar, ing dagane ingkang ibu prameswari, putranira gumantya.
  6. Lembuwara bisikanireki, nenggih sang dipati ing Madura, kuneng kawinarna ing reh, nenggih sang raja sunu, Pajang Pengging wong agung kalih, Dyan Kebokanigara, Kebokenangeku, sasedane Prabu Wakdat, myang sedane ingkang paman adipati, Lembupeteng Mandura.
  7. Wong agung kalih kewran ing galih, datan purun sumiweng ing Demak, kalangkung sanget mirange, ing batine wong agung, kaletheke sajroning ati, cawengah ing pangundang, kudanganing dangu, kinudang dene kang eyang, ya milane milalu amiwal kapti, sumakseng pamiwaha.
  8. Miwaha ring tyas wong agung kalih, aneng Pengging nagrine priyangga, ka gagas-gagas karsane, duk semana wong agung, kalihipun samya pradongdi, ing karsa tan atunggal, pamesuning laku, ingkang raka karsanira, amretapa sukuning wukir Merapi, ambuwang kasatriyan.
  9. Mindha ajar ing tapanireki, anrus subrangta memati raga, amendhem kula jatine, marma tinindheng laku, supayane sampun katawis, kang garwa mangka endhang, dene putranipun, dadya manguyu jejanggan, kuneng ingkang tetapa wukir Merapi, pindha ajar sunyata.
  10. Supe marang kasatriyaneki, tan angetang kabupatenira, yata warnanen arine, Kebokenanga kantun, aneng kutha ing Pajang Pengging, tan ayun siwaka, acara wong agung, sagunging mantri sentana, sinatriya kalamun arsa sumiwi, cara santri kewala.
  11. Den ilangken caraning priyayi, sasolahe saguna satata, tindak tataning pasan tren, panggenan ahli ngelmu, mung karana Allah sayekti, Raden Kebokenanga, sengkut ahli ngilmu, nemen salat bar Jumungah, lawan sagung para sakabatireki, wadya sentananira.
  12. Ageng-alit wadya Pajang Pengging, jroning kitha myang sajawi kitha, winitawis ing kathahe, wonten wong tigangewu, sami sengkut salatireki, sakabat jro kathahnya, amung pitungatus, Rahaden Kebokenanga, pan wus datan pisan-pisan angrasani, mring kabupatenira.
  13. Silih nama Kyai Geng ing Pengging, namanira raden pan binuwang, amung kiyai den angge, lilah pambeganipun, mung karana Allah lirneki, yen wus ngabekti ing Hyang, karyane nenandur, gaga sawah nandur kenthang, tetegalan leren mangsane ngabekti, mangkana salaminya.
  14. Duk semana Kiyai Geng Pengging, kadhatenganW aliyulah dibya, sekti kuncara ngilmune, kalana ahli laku, kesit datan kena pinethit, ladak nora cak-encak, pambontosing ngilmu, kang ngilmu rahsa-surasa, sarasaning sarkara rupa lan manis, tan kena pisahena.
  15. Wus leksana salengkering bumi, sang pandhita tyasira angambar, jati kasturi gandane, panunggalingsawujud, datan pisah kawula gusti, tuhu tunggal pinangka, tan samar ing kawruh, wruh wekasing ana – ora, sang pandhita wus nyata tanpa ling-aling, waspadeng sangkan paran.
  16. Paripurnaning angga muryani, wuryaning kang tan kenaning pejah, lenyep ing kawekasane, pan tan kena winuwus, kauwusanira winuni, tan ana japa mantra, kabeh wus kawengku, wekas-wekasing kamuksan, anglimputi ing jagad sakalir-kalir, tuhu suksma-sinuksma.
  17. Sotya-sinotya manik-minanik, wus tumeka ing makam minulya, maha mulya kamulyane, sang pandhita jejuluk, Ki Seh Walilanang Sajati, ya Sang jatiminulya, dene wastanipun, Jeng Pangeran Sitijenar, apeparab Seh Sunyata Jatimurti, Susunan ing Lemahbang.
  18. Sang Pandihita lami aneng Pengging, Kiayi Geng sru sesuguhira, sih urmat marang tamune, duk semana winuwus, Kyai geng wus manjing murid, mring Pangran Sitijenar, anggeguru ngilmu, kasampurnaning sarira, surasaning rerasan kang aib-aib, reh pamuketing rahsa.
  19. Wus tinumpek pamejangireki, salekering ngilmu kalepasan, pan sampun katampan kabeh, kuneng ing lamenipun, sang pandhita semana mulih, maring ing Sitijenar, kyaigeng dumulur, ing guru mring Sitijenar, kacarita wau Kyai Geng Pengging, pan wonten sarenganya.
  20. Manjing sabat ageguru ngilmi, maring Jeng Pangeran Sitijenar, wong kawandasa kathahe, Ki Gedhe Banyubiru, lan Ki Gedhe ing Getasaji, Kyai Gedhe ing Balak, Ki Gedhe ing Butuh, lawan Ki Gedhe ing Ngerang, myang Ki Gedhe ing Jati Ki Gedhe Tingkir, Ki Gedhe Patalunan.
  21. Lan Ki Gedhe ing Pringapus tuwin, Kyai Gedhe Nganggas Wanalapa, ing Paladadi Ki Gedhe, ing Ngambat Karangwaru, ing Babadan Wanantareki, Kyai Geng ing Majasta, ing Tambakbayeku, ing Bakilan ing Tembalang, Karanggayam Ngargaloka Kayupuring, Pandhawa Selandaka,
  22. Kiyai Geng ing Purwasa de ki, Kebokangan Kyageng Kebonelas, Ki Gedhe ing Waturante, Kyai Gedhe Taruntum, Pataruman ing Banyuwangi, ing Purna Wanasaba, ing Kare Gegulu, ing Candhiwukir Pragota, Ngadibaya Karurungan Jatingalih, Wanadadi Tambangan.
  23. Kiyai Geng ing Ngampuhan tuwin, Kyai Geng ing Bangsri Panengah, pan puniku sarengane, denya sami geguru, mring Pangeran ing Sitiabrit, sami manjing kekadang, kadang tunggil guru, langkung sami sih-sinihan, yayah kadi sadulurira pribadi, atut aruntut samya.
  24. Kawuwusa Jeng Kyai geng Pengging, lami denya anen Sitijenar, anuju pepakan kabeh, kadange tunggil guru, aneng Sitijenar pra sami, agena-guna rasa, mupakating ngilmu, tasawup kang ngelmu rahsa, sami raseh kusus ingkang insankamil, pamuketing kamuksan.
  25. Wusnya mangkana pra samya pamit, maring guru Pangran Sitijenar, linilan wus bubar kabeh, sowang-sowangan mantuk, mring wismanya sasiki-siki, yata kang kawuwusa, Kyageng Pengging wau, lampahipun sasarengan, wong pitulas mangidul lampahnya sami, Kyageng Tingkir kang tuwa.
  26. Kyageng Pengging Kyageng Banyuwilis, Kyageng Getasaji Kyageng Balak, Kyageng Majasta malike, Kyageng Tambakbayeku, ing Tembelang Ki Gedhe Baki, Ki Gedhe ing Babadan, ing Wanatareku, Ki Gedhe ing Karanggayam, Ngargaloka ing Pringapus Kayupuring, ing Nganggas wanalapa.
  27. Wong pitulas sami prapteng Tingkir, ing wismane Kyageng Adipurwa, samya kinen sipeng kabeh, ingandheg kalih dalu, sinugata boga menuhi, langkung sesugunira, Kyageng Tingkir wau, maring tamunya nembelas, wus mangkana nulya sami pamit mulih, mangkat asesarengan.
  28. Kang sakawan misah aneng margi, ngidul milah angulon lampahnya, Kyageng Ngargalokane, Kyai Gedhe Pringapus, lan Ki Gedhe ing Kayupuiing, Ki Gedhe Purwasada, yata kang kawuwus, rowelas kang ngidul-ngetan, Kyai Geng ing Pengging sarowangneki, datan kawarneng marga.
  29. Lampahira Kiyai Geng Pangging, sampun prapta aneng puranira, lawan sawelas kancane, samya mampir ing ngriku, sru susugun Kyai Geng Pengging, mring tamunya sawelas, sipeng kalih dalu, binoja sinungga-sungga, wus mangkana nulya sami pamit mulih, mangkat ungkur-ungkuran. 

PUPUH XVIII
P A N G K U R 

  1. Kuneng kang wus mantuk samya, gantya ingkang winurcitaa malih, ing Bintara sang aprabu, ingkang jumeneng aijyar, kinasihan ing para wali gung-agung, sujud kang para satriya, sentana punggawa mantri.
  2. Samya jrih asih sedaya, datan wonten kang sumelang ing kapti, duk samana sang aprabu, sampun miyarsa warta, yen kang raka ing Pengging kekalihipun, asalin lagu pratingkah, ing reh anganyar-anyarin.
  3. Ambuwang kasatriyanya, cara santri ing tindak cara pakir, lawan malih datan ayun, prapta nagari Demak, salamine jumenengira sang prabu, dereng sumiwi ing Demak, angedhem wong agung kalih.
  4. Aneng nagrine priyangga, srinarendra tan sakeca ing galih, langkung sandeya ing kalbu, Kangjeng Sultan ing Demak, walangati menawa kang raka iku, angrubedi panjenengan, karaton ing tanah Jawi.
  5. Jeng Sultan Demak semana, anglampahken caraka catur mantri, kinen nimbalana gupuh, mring kang raka kalihnya, rajaputra ing Pengging kang duta sampun, mesat tan kawarneng marga, caraka wus prapteng Pengging.
  6. Panggih lan sang rajaputra, dhinawuhken timbalaning nerpati, kalamun sang rajasunu, kekalih tinimbalan, mring Jeng Sultan ing Demak sarenga rawuh, lawan lakuning caraka, wauta Kyai Geng Pengging.
  7. Wangsulanira mring duta, lah matura marang srinarapati, yen ing mengko kakangingsun, Maosakanigara, lunga nglangut tan karuhan paranipun, nuruti karsaning driya, tan ana wadya kang ngiring.
  8. Amung lawan garwa putra, sun ulati lami datan pinanggih, dene ta mungguh wakingsun, tinimbalan ing nata, nuwun maklum kewala ing sang aprabu, nganti praptane kakangmas, samangsane besuk prapti.
  9. Yekti aseba wakingwang, maring Kangjeng Sultan ing Demak benjing, wong roro lan kakangingsun, lah wis duta muliha, mantri catur mituhu sawelingipun, pamit leser sangking ngarsa, mijil sangking nagri Pengging.
  10. Duta sekawan lampahnya, tan kawarna solah lamining margi, prapta ing Demak wus laju, marek ing srinarendra, atur sembah matur solahnya ingutus, ing purwa wadya wasana, wus katur ing sribupati.
  11. Duk miyarsa Kangjeng Sultan, ngungun ing tyas anging renteng tan sipi, sangking sandeya sang prabu, cinipta bokmenawa, angrubeti marang ing karatonipun, nanging sakedhik sang nata, ana kacathet ing galih.
  12. Dene ta kadange tua, kalihipun wong agung pajang Pengging, nak sanakira sang prabu, atamajane kang tuwa, mokal lamun darbea pamrih kang dudu, pan dereng tumindak pira, wong agung lan sribupati.
  13. Kuneng semana laminya, Sultan Demak gantiya kang winarni, Kangjeng Susunan Majagung, wus sanget sepuhira, nandhang gerah pan lajeng ing sedanipun, kang layon sampun pinetak, aneng pamelenganeki.
  14. Putranira kang gumantya, Panembahan Majagung kang wewangi, akathah sadherekipun, amergil sowang-sowang, sami nama pangeran sadayanipun, ana wismeng nagri Demak, ana wisma Ngampelgadhing.
  15. Ana kang wisma Darajad, myang ing Benang ana wisma ing Giri, liyan kang aneng Majagung, yata kang kawuwusa, nagri Demak anuju ing mangsanipun, ing wulan Rabingulawal, pepekan kang para Wali.
  16. Myang para mupti sulaka, prangulama kukama para ngabib, para pandhita gung-agung, miwaii kang para tapa, sampun pepak aneng ing Demak sadarum, tuwin kang para dipatya, satriya punggawa mantri.
  17. Para dipati amanca, apepekan aneng Demak nagari, kadi saben-sabenipun, saben rabingulawal, sami prapta samana ing lamenipun, ing tanggal ping kalihwelas, amaca Maulud nabi.
  18. Aneng masjid geng ing Demak, sami rahap lelagon maca singir, rawi-rawi ing swararum, Jeng Gusti Sultan Demak, imbal lawan kang para Wali gung-agung, yen wus palesta tahlilan, nulya bujana menuhi.
  19. Enjinge lajeng kekirab, garebegan angirabaken baris, balabar wadya lit-agung, pacak baris anggabag, kaebekan salebeting alun-alun, amber mring reratan jaba, tepung sauruting margi.
  20. Yayah wana tumaruna, genging baris wadya satanah Jami, gameng andhengdheng ngendhanu, sesek atitip atap, susun-susun matimbun jejel supenuh, pindha mendhung ing gegana, sumaput dhedhet ing langit.
  21. Jeng Sultan denya sineba, lenggah aneng witana ing sitinggil, neng amparan manik wungu, lan pra Wali pangarsa, sami lenggah ing singangsana sadarum, satata lawan sang nata, neng kanan kering narpati.
  22. Majeng mangaler sadaya, dene ingkang para Wali pawingking, samya neng masjid sadarum, lawan para pandhita, pra ngulama para kukuma gung-agung, ngabid sulaka pukaha, supenuh munggeng surambi.
  23. Amber munggeng palataran, dene ingkang munggeng ngarsa narpati, para satriya gung-agung, bupati pra sentana, andher munggeng ing ngarsanira sang prabu, teratag ngandhap witana, satriya kang sepuh sami.
  24. Kang kaprenah uwa paman, sami lenggah ing kursi kanan kering, ing ngarsanira sang prabu, Kya Patih Wanasalam, neng paglaran lawan para punggawa gung, para dipati amanea, nayaka prameya mantri.
  25. Sawusnya gunungan medal, maring masjid ajating narapati, nulya dinonganan gupuh, binagi winaratan, ri sampunnya Jeng Sultan anulya kondur, maring purantaranira, dhadharan lan para Wali.
  26. Saluwaring dhedhaharan, nulya mijil sagunging para Wali, marang ing pakuwonipun, bubaran kang sewaka, miwah sagunging bans bubar sadarum, kuneng ta ing antaranya, tigang dina tigang ratri.
  27. Sagung para Waliyulah, sami ngumpul aneng sajroning puri, myang pra pandhita gung-agung, mupti para kukama, mung kewala ingkang sami sepuh-sepuh, ingkang rinembag ing karsa, mamrih kencenging agami.
  28. Pikuwate kang sarengat, amemuri parentahe Jeng Nabi, Muhkamad ingkang rinasul, angugerana sarak, tetungguling agama ingkang pinunjul, sapa kang mukir ing kana, yekti mukir ing Hyang Widi.
  29. Sapa kang mukir maring Hyang, yekti manggih tatrapaning agami, tinatrapan lawan kukum, nora kena suminggah, Jeng Susunan ing Kudus aris umatur, maring Jeng Sunan Darajad, ngaturken solahireki.
  30. Pangeran Seh Sitijenar, denya hanggung kongas mingis sru kengis, memikis reh kang winungkus, kawekasaning wekas, pangangkusing ngilmu pamungkasing tuwuh, angas kalantur ing tingkah, tingkahe andhedheweki.
  31. Wani anerak larangan, ing agama sarengat Kanjeng Nabi, parentah asring siningkur, mungkir ing tata sarak, datan kena pinrih ajuning tumuwuh, tan ayun rukuning Islam, atilar salat ing masjid.
  32. Datan ayun bar Jumungah, datan ayun amuji lawan dikir, anrang sipat siku-siku, ladak tan kena ngendhak, tinuturan malah amales pitutur, ilang walangatinira, datan anduwe wawedi.
  33. Yen pinengkok wani katrap, tan angeman marang patinireki, mempeng tan kena rinapu, ngedheng tanpa warana, memudani ing sarak agama Rasul, asring ambuka kekeran, sura tan sedya ngunduri. 

PUPUH XIX
D  U  R  M  A 

  1. Angandika wau Jeng Sunan Darajad, yen mengkono ta kaki, iya wus mupakat, enggoningsun miyarsa, lan wus menangi pribadi, pan datan siwah, saaturira kaki.
  2. Yen tingkahe iya Ki Seh Sitijenar, anglingkabaken bans, makewuhi lampah, tan kena ingalingan, kena tatrapan sayekti, ing kukumulah, yen nora kena man.
  3. Jeng Susunan Darajad atari marang, pra pituwaning wali, myang para kukama, pukaha pra pandhita, myang sagunging para mupti, sampun muktamad, yen Pangran Sitiabrit.
  4. Keneng kukum, katrapan ing pangadilan, yen nora kena man, wus manjing kinisas, ajwa wet kadedawan, “angrerusuhi nagari, angrusak sarak, saksana den timbali.
  5. Jeng Pangeran Sitijenar neng kuwunya, kerit ing duta prapti, salebeting pura, sampun lenggah satata, anunggil kang para Wali, nulya Susunan, ing Kudus kang dhawuhi.
  6. Heh andika atarnpinya kang timbalan, risang mahapinundhi, yen andika datan, memareni pratingkah, ingkang anganyar-anyari, angrusak sarak, kongas tanpa ling-aling.
  7. Sayektine andika kena tatrapan, kang trus ing dalil kadis, ijmak lawan kiyas, datan kenging sumigah, kukumulah andhatengi, maring andika, dene yan kena mari.
  8. Sayektine andika angsal apura, kalawan den wuwuhi, sagung kapenedan, ya ta gumujeng suka, Seh Sunan Jatimurti, ngentrok wentisnya, mulat cahyanireki.
  9. Muwus alon patitis ladak tembungnya, babo dene amencit, begja yen mengkana, bakal antuk ganjaran, ing dunya kang luwih adi, kang pinurwendah, ing alam sairkabir.
  10. Dene mungguh timbalane Jeng Susunan, Darajad kang pinundhi, denya sru angeman, maring badan manira, palimarma ing ngaurip, sampun katedha, sih tresna sang pinundhi.
  11. Nanging mangke manira pan datan arsa, madayeng wuwus mami, kang sampun kawedal, kadi saben mangkana, ananing kawula iki, pan darmi molah, kapurba dening Gusti.
  12. Saosike kawula tan darbe karsa, paningal pamiyarsi, solah muni-muna, tingkah tanpa iriban, wasana kang tanpa siring, sinten kawasa, pan kahananing Gusti.
  13. Amimbuhi mring kahananing kawula, jumbuh tarik-tinarik, tetep- tinetepan, brahi-binaraenan, anane silih-sinilih, polah-pinolah, ing kana apulangsih.
  14. Apulangsih sajroning kahananira, kalimputaning Gusti, ilang kawulanya, suh lulud sirna gepang, kagenten ananing Gusti, kauripanya, apan uriping Gusti.
  15. Lair-batin pan wua kahananing suksma, ingkang sinembah Gusti, Gusti kang anembah, dhewe sembah-sinembah, puji-pinuji pribadi, awewangsulan, marmane ing ngaurip.
  16. Den waspada kasampurnaning uripnya, urip waluya jati, jatining agesang, datan keneng palastra, saobahing wuluneki, ingkang salembar, pan dadya sembah puji.
  17. Puniku pan sembah puji sanityasa, yen wus makaten ugi, ananing manungsa, bungah datanpa nyandhang, tan susah dene tan bukti, lamun cinendha, sukanira angenting.
  18. Yen anuju kadhatengan pancabaya, myang panyoba bilai, gumuyu kewala, jer tanpa wancak driya, Ian nora darbe wawedi, amung santosa, ing lair trusing batin.
  19. Boten bungah nalika katekan rahmat, nikmat ingkang menuhi, myang pangalembana, tan ayun ambebungah, bilai lara lan mukti, pan padha uga, tan kena nampi milih.
  20. Kabeh-kabeh puniku sami ganjaran, nugraha kang nampani, amung panarima, ingkang langgeng nityasa, datanpa ingan ing urip, uripnya datan, kena cinakreng budi.
  21. Ujer sampun anyepeng pupusing rasa, rasa ingkang sajati, sajatining rasa, apan dudu rerasan, dede rasa nem prakawis, lan dede rasa, ingkang karaseng lathi,
  22. Dede rasa ingkang kerasa ing driya, dede rasa kinardi, lawan dede rasa, ingkang karaseng badan, dede rasa den rasani, lan dede rasa, mukti myang suker sakit.
  23. Sajatining rasa kang amengku rasa, rasajati mumpuni, ing rahsa surasa, rasa pusering rasa, ratuning rahsa sakalir, rasa minulya, waluya jatimurti.
  24. Jeng Susunan ing Kudus runtik sebdanya, heh yen makaten ugi, para kekandhangan, wong angaku Pangeran, mendhak alingan kaeksi, kajabariyah, medheng-medheng ngengkoki.
  25. Pekenira kajarah tur siya-siya, kena ngarahan eblis, tan wun pekenira, nempuh bilai dunya, kena sikuning nagari, nerak larangan, ngrerusuhi nagari.
  26. Memudani sawake jeng rasullulah, yekti den ukum pati, ing benjing Jumungah, datan kenging suminggah, sabakdaning salat sami, para kakisas, ing Pedhang ingkang mandi.
  27. Pangeran Seh Sitijenar sangkin sura, tan ngangge walangati, sudira tan taha, ing netya wuwuh bingar, sumaringah cahya lungid, manis wiraga, mesem sumaur titih.
  28. Lah ta babo kabeh-kabeh kancaning wang, sagunging para Wali, myang para pandhita, munduran kaya bocah, dadak amindho-gaweni, teka anguntap, angas denira mamrih.
  29. Kalorehan teka kakehan pengalap, nganggo amemedeni, maring bocah jabang, manawa keneng sawan, saputen gumeter nangis, apundirangan, gularapan ngririntih.
  30. Eman-eman babo manira wediya, ing mangke nadyan benjing, mangsa ta uncata, lamun wong Sitijenar, eman-eman awak mami, asilih aran, Sunyata Jatimurti.
  31. Yen manira kajarah tur siya-siya, kena ngarahan iblis, ngur baya matiya, nguni duk maksih jabang, tanggung-tanggung kudu urip, manut ing setan, ginawa maring sisip.
  32. Dene mangke manira keneng tatrapan, pan sampun ngong andhemi, mangsa gumingsira, kinisas ing abahan, yen oncata wuwus mami, mangsa nyataa, nyata trus lair-batin.
  33. Jer wus nyata esok nyata sore nyata, nyata raina-wengi, datan nganggo mangsa, nyata inggih sanyata, nguni mangke miwah enjing, dhasar sanyata, sakarsane mastani.
  34. Yata wau Kangjeng Susunan Darajad, ngungun denya miyarsi, dening antepira, Pangeran Sitijenar, tuwin sagung kang miyarsi, sapasamowan, jetung ngungun tan sipi.
  35. Jeng Susunan Darajad nulya parentah, binubaraken sami, anganti Jumungah, nulya sami bubaran, maring pakuwonireki, kuneng laminya, samana prapteng janji.
  36. Ing Jumungah sami pepekan sadaya, sagunging para Wali, myang srinaranata, tuwin para pandhita, para ulama geng-alit, para satriya, punggawa pra dipati.
  37. Aneng masjid sawusnya manjing wektunya, salad Jumungah sami, yata wusing bakda, denya salad Jumungah, anulya mijil ing jawi, Sunan Darajad, lawan srinarapati.
  38. Lenggah munggeng tetarup anyar kinarya, sawetan kori masjid, kori kang ing jaba, sawetan palataran, akepung kang para Wali, para pandhita, miwah sagunging mukmin.
  39. Atepung lan pra dipati pra satriya, andher punggawa mantri, jejel titip atap, ngalun-alun kebekan, Seh Sunyata Jatimurti, sampun anglela, lenggah kapareng ngarsi.
  40. Sunan Kudus andhawuhaken timbalanya, risang mahapinundhi, mring Seh Sitijenar, yen badhe keleksanan, kukumulah kisasneki, sumaur ganggas, Pangeran Sitiabrit.
  41. Sarwi mesem sumaringah cahyanira, lah enggih ta suwawi, nunten lekasana, sampun kadangon tingkah, yata Sunan Kudus aglis, angunus pedhang, landhep kaliwat luwih.
  42. Dyan pinedhang wau Susunan Lemahbang, pedhot jangganireki, murdanira tiba, ing babut kang ginelar, linapisan genis putih, aguladrahan, ludiranya dres mili. 

PUPUH XX
M  I  J  I  L 

  1. Rudira bang merbabang kaeksi, yata kang samya non, ngucap-ucap mangkana wuwuse, dene iku nora indah luwih, ingsun nyana sakti, dibya teguh timbul.
  2. Teka empuk pinedhang babarji, nora nganggo mindho, dene iku ta mengkono bae, kumarecek angaku sayekti, sru kalengki-lengki, pangakene luhung.
  3. Lawan iku ludirane abrit, lumrah getihing wong, ingsun sidhep aneha rupane, yata wau Pangeran Kismabrit, gagembungnya mijil, cemeng getihipun.
  4. Menges-menges lir cemenging mangsi, yata kang samya non, ngucap-ucap teka lumrah bae, saben jalma duwe getih wilis, yata mijil kuning, rudiraning gembung.
  5. Yayah toyaning atal ingiling, yata kang samya non, ngucap-ucap maksih lumrah bae, saben jalma padha anduweni, ludira kang kuning, wauta sang gembung.
  6. Nulya mijil kang ludira putih, putihe mencorong, sarya arum angambar gandane, kang samya non ngucap-ucap malih, maksih lumrah ugi, saben manuseku.
  7. Padha duwe getih catur warni, jer titahing manon, sangking patang wama anasire, abang ireng kuning lawan putih, wus asale nguni, patang prakareku.
  8. Yata wau kang rah catur warni, bisa cecelathon, sami muji sukuring kadaden, pira-pira nikmating ngaurip, manpangating pati, nikmating tinemu.
  9. Jroning pati-pati kang patitis, liwat sangking elok, manuseki sajati-jatine, ingkang sampun ambontos ing elmi, apan ora mati, urip sajegipun.
  10. Sink lamun ingaranan mati, jer tan keneng layon, mung kewala ngalih panggonane, tur amboyong kedhatonireki, kamuktening pati, tan kena den etung.
  11. Yata wau kang samya ningali, sakedhap andongong, kagawokan wicaraning geteh, nulya sami ngucap-ucap malih, baya iku singkir, sulap tegesipun.
  12. Ngendi ana getih bisa angling, rerasan mengkono, baya parewangan ing elmune, apa iku pepethinganeki, kang pinundhi-pundhi, anyanak lelembut.
  13. Sasar-susur sangkin tibeng sisip, karya walangatos, ngreregoni sajroning patine, mundur kaya ngelmune wong ceplik, yata sang alalis, utamangganipun.
  14. Sru gumujeng sarwi angling aris, kabeh getih ingong, padha sira baliya den age, manawa ta sira mengko kari, dadi nora manjing, ing swarganireku.
  15. Punang getih nulya sami bali, kabeh lir sinerot, sirna datan ana lelabete, nulya utamangga angubengi, mring gegembungneki, mider kaping telu.
  16. Sarwi muwus kabeh kanca mami, tan angandel mring ngong, banget temen ing pamaidone, ingkang ora-orane den siri, panunggaling gusti, pamoring sawujud.
  17. Nulya murda teplok wangsul malih, ceples sampun manggon, kanin pulih tan ana labete, cahyanira mancur anelahi, uluk salam ririh, swara manis aruin.
  18. Sinauran wau salamneki, mring saananing wong, pan gumuruh arame swarane, kagawokan sagung kang umeksi, jetung tan kenangling, gegetun angungun.
  19. Dhedhep lerep yayah den sirepi, anjomblong andongong, den sidhep tan mangkana dadine, tuhu lamun tan kenaning pati, mati jroning urip, urip jroning lampus.
  20. Urip bae sajege tan mati, kawaluyaning don, badan suksma langgeng salamine, Jeng Pangeran Sitijenar nuli, mareg mring ngarsaning, sang amahawiku.
  21. Sesalaman lawan sang pinundhi, tuwin sang akatong, miwah ingkang para wali kabeh, sahananing pasamuwan ngenting, sesalaman sami, mring sang wus linuhung.
  22. Sawusira sesalaman sami, sagunging punang wong, sang linuhung alon ing wuwuse, maring jeng susunan kang pinundhi, ing mangke sarehning, wus palesteng kukum.
  23. Ulun pamit ayun amindahi, jaman kang kinaot, lah kantuna basuki ing tembe, tuwin andika srinarapati, den sami basuki, kang kantun ing pungkur.
  24. Miwah kanca-kanca para wali, pra pandhita kaot, pra ulama para mukmin kabeh, dipun sami basuki ing wuri, tuwin ta sagunging, sen tana gung-agung.
  25. Para nayaka bupati mantri, punggawa sang katong, manira mit mring dheweke kabeh, mugya sami kantuna basuki, den apened sami, rahayuweng pungkur.
  26. Gumer sami kang sumaur inggih, mugi-mugi ing don, sami manggiha karahayone, ingkang pindhah lawan ingkang kari, yata kang arsa nis, lair cahyanipun.
  27. Murub mancur mancurat nelahi, ngenguwung mencorong, angkara-kara tumeja ngene, surem sunaring pratanggapati, balerengen sami, kang samya andulu.
  28. Nulya Seh Sunyata Jatimurti, wuwusira alon, isun iki selak kari gawe, nulya anglandeng cahya manginggil, tan antara gaib, sang sampun linuhung.
  29. Sarwi atilar kongas ganda mrik, angambar kinaot, pan ulekan kasturi gandane, cengeng ingkang sami aningali, saananireki, sami amiduwung.
  30. Wonten ingkang sami alok hi hi, he he babo-babo, isun sengguh tan kaya mengkene, sestu nyata-nyata wong linuwih, luwih angluwihi, ing sesamenipun.
  31. Kuneng wau ingkang sampun aib, yata winiraos, Jeng Susunan Darajad dhawuhe, sagung panggonan tilasaneki, Sang Seh Jatimurti, denyanggung nanekung.
  32. Tuwin tilas pamulanganeki, sadaya pan kinon, anengeri kijing maejane, kadi kubur panyekarireki, aja milalati, mring wong mudha punggung.
  33. Yata bubaran kang para wali, sami mring pakuwon, srinarendra kondur mring purane, pasamuwan wus bubaran sami, sapraptaning panti, tansah brangta wuyung. 

PUPUH XXI
ASMARADANA 

  1. Wauta Rekyana Patih, Wanasalam wus utusan, sakawan mantri kang kinon, anengeri kang tilasan, panggenanya Pangeran, Sitijenar yen manekung, panepen patapanira.
  2. Tuwin pamulanganeki, binaktan waragad kathah, tan alami panggarape, sadaya wus sami dadya, kuneng gantya winarna, sagung anak muridipun, Jeng Pangeran Sitijenar.
  3. Samya sungkawa tan sipi, kagagas-gagas ing driya, sami ngranuhi susahe, tinilar ing gurunira, karantan ing wardaya, kesthi tresnanya mring siswa.
  4. Mila sru kingkinya sami, kuneng kang samya sungkawa, gatya ingkang winiraos, sagung para waliyullah, kang aneng nagri Demak, semana wus sami kondur, mring wismanya sowang-sowang.
  5. Tuwin sagung para mukmin, miwah kang para dipatya, ingkang amancaprajane, wus sami mantuk sadaya, yata kang cinarita, Jeng Sultan Demak puniku, enget kagagas ing driya.
  6. Mring raka Kyai Geng Pengging, ing nguni ubayanira, nganti kang raka panggihe, Raden Kebokanigara, kang angikis lunganya, lan sagarwa- utranipun, punika sengadenira.
  7. Samangsanipun kepanggih, sareng sebanya mring Demak, nanging ing mangkya wus lungse, lamine sampun sawarsa, mandayeng patembayan, saking kagagas sang prabu, cinipta nora pesaja.
  8. Nulya utusan sang aji, mantri wewolu binaktan, suratira sang akatong, wus budhal sangking ing Demak, kuneng lamining marga, lampahing duta wewolu, wus prapteng Pengging nagara.
  9. Panggih lan Kyai Geng Pengging, duta wewolu seksana, andhawuhken timbalane, ing Demak srinaranata, amaringken nawala, nulya tinampanan sampun, maring kyai Geng Kenanga.
  10. Binuka sinukmeng galih, kang srat mangkana tembungnya, penget ingkang srat sang katong, kang tulus iklas wijilnya, sangking sucining manah, sangking arinta sang prabu, ing Demak kang mangka badal.
  11. Mring Kangjeng Nabi dutadi, Muhkamad nayakaning rat, kang sampun rinilan angreh, amengku ing Tanah Jawa, miwah ing sabawahnya, ing sabrang kang para ratu, ingkang kabawah ing Jawa.
  12. Dhatenga ing dika mangkin, kakangmas Kebokenanga, ing Pengging adipatine, kang lagya mangun sungkawa, kecalan kadang tuwa, lunga nis tambuh dinunung, kangmas Kebokanigara.
  13. Kang karihin salam mami, dhatenga maring andika, sampuning salam wiyose, kakangmas Kebokenanga, dahat kularsa- arsa, ing mangke sampun sataun, nguni duk kula utusan.
  14. Ing wadya sakawan mantri, animbali mring andika, kakang anedha sumene, ngantos panggihe rakanta, pun kakang Kanigara, witning lamun tan kapangguh, pira sung priksa mring kula.
  15. Lan dika panggih lan mami, kula jeng-ajeng kalintang, ing mangke ta ngantos lungse, kula tan wrin ing pawarta, sanadyan awak kula, puniki sayekti tumut, kecalan kadi andika.
  16. Pinten ta tebihe ugi, lagya kadang naking sanak, dereng tumindak wastane, ing mangke panedha kula, kakang dhateng andika, mugi keringa ing kalbu, kula timbali mring Demak.
  17. Sampun andika ngentosi, ing panggihe rakandika, benjing pinanggih gampile, yen andika sampun panggya, lawan kula priyangga, sayektine kula tumut, tetulung milya ngupaya.
  18. Nanging kakang sapuniki, poma panggiha ing kula, pan wonten parlu damele, kula ayun pirembagan, kakang lawan andika, sinten kula tantun-tantun, kajawine kadang tuwa.
  19. Sabarang rehing nagari, sayugya kula tantuna, lawan kadang tuwa dhewe, para wayah Majalengka, sadaya pan taruna, amung andika kang sepuh, wayah pambajenge nata.
  20. Atmajane ratu sakti, ing Pengging Handayaningrat, run-tumurun sami katong, sayektine kawajiban, kula jak pirembagan, samudayaning pirembug, tindak lakuning nagara.
  21. Pema kakang dipun kerid, ing lampahing duta kula, punapa ing saesthine, ing wardaya kula kakang, kawrat ing dalem serat, telas kang srat ungelipun, kadhadha satembungira.
  22. Kyai Geng angandika ris, heh duta apa ta ana, srinaranata welinge, kang kajaba sangking layang, punang caraka turnya, pan inggih wonten pukulun, welinge ari paduka.
  23. Yen panduka sampun sesthi, badhe karsa maring Demak, sakanca kawula kinen, andherekna jeng panduka, nadyan enggal lamiya, amba ngantosi pukulun, ingkang dados karsa tuwan.
  24. Jeng Kyai Geng ngandika ris, lah duta sira ngantiya, rong dina ana ing kene, caraka matur sandika, nulya sinung pondhokan, sajawining banonipun, sinugata dalu-siyang.
  25. Binoja-boja menuhi, sarya sinungan busana, paselin kinen angangge, caraka wewolu samya, anyana antuk karya, Kyai Geng Pengging puniku, den sidhep karsa mring Demak.
  26. Kuneng wusnya kalih latri, Jeng Kyai Geng sampun dadya, denya karya sul-angsule, serat mring Jeng Sultan Demak, enjing Kyai Geng lenggah, munggeng paringgitanipun, animbali duteng Demak.
  27. Mantri wewolu wus prapti, atarap lenggah ing ngarsa, Kyai Geng alon wuwuse, lah duta iki aturnya, sratingsun wewangsulan, katur maring sang prabu, tur sembah duta pangarsa.
  28. Sarwi anampeni tulis, Kyai Geng malih wuwusnya, lan matura mring sang katong, iya samangsanane ya, pinaringken dening Hyang, sayekti sariraningsun, aseba ing srinarendra.
  29. Lan matura mring sang aji, yen ingsun misih sungkawa, malah awuwuh wirangrong, tinilar ing guruningwang, duta samya tur sembah, lengser sangking ngarsanipun, Kyai Gedhe Kenanga.
  30. Mesat sapraptening jawi, caraka laju kewala, sangking ing Pengging lampahe, datan kawarna semana, lamine aneng marga, lampahing duta wewolu, wus prapta negari Demak.
  31. Lajeng manjing dalem puri, ing ngabyantara narendra, dinangu marang sang katong, kaya paran lakunira, duta matur tur sembah, solahing dinuta katur, sarwi ngaturaken serat.
  32. Wewangsulan sangking Pengging, tinampan maring jeng sultan, lan sampun katur ature, mangkana serat binuka, maring srinaranata, sinukmeng wardaya prabu, tembunge angraras driya. 

PUPUH XXII
M  I  J  I  L 

  1. Punika kang serat tulus mijil, sangking katartanton, ing tyas ingkang terus ing kasucen, pinaesan kalawan pepuji, saha kurmat taklim, ingkang tanpa putus.
  2. Sangking pun kakang Ki Gedhe Pengging, ingkang dahat bodho, ingkang ina sewu kainane, santri pekir langip dama miskin, papa tanpa budi, kabudayan pugut.
  3. Ing mangke kang saweg den sinungi, tyas nandhang wirangrong, duka-cipta tan wrin wratmakane, kaatura ing srinarapati, ingkang angrenggani, ing Demak praja gung.
  4. Ingkang dadya Kalipahing Nabi dutaning Hyang Manon, ingkang angreh Tanah Jawa kabeh, amengku reh samoaning dasih, kang sampun antuk sih, ing Yang Mahaluhur.
  5. Kang mengku rat karaton ing Jawi, siniweng pra katong, ingkang putus wignya sujanangreh, animpuneng jaya wijayadi, gunawan ing budi, mamot sabar maklum.
  6. Ri sampuning makaten sang aji, ing mangke kawiyos, kula sampun tampi peparinge, serat ingkang dhawuh animbali, mring pun kakang Pengging, ngandikan lumebu.
  7. Maring Demak ing ngarsa nerpati, perlu kang ginatos, ayun rerembagan sabarang reh, menggah ingkang punika sang aji, insak-allah ugi, ing samangsanipun.
  8. Bilih pinarengaken ing Widi, lejaring wirangrong, tyas kang datan kantenan raose, sinung luwar memala malatsih, kula nunten ugi, sowan ing sang prabu.
  9. Dene ing mangke kula pan taksih, kuwur ing tyas keron, karaketan ing raga wirage, sapunika kawula sang aji, mung tetadhah runtik, nuwun maklum prabu.
  10. Mugi sampun kirang pangaksami, sang nata den amot, sampun ing driya salah de, mapan sampun darbene nerpati, palimarmeng cili, sabar tur amengku.
  11. Sampun telas saungeling tulis, anulya sang katong, andangu mring duta wewekase, ingkang raka Ki Ageng ing Pengging, duta mawotsari, makaten pukulun.
  12. Wewelingnya raka panduka ji, matura sang katong, ingsun iki maksih susah gedhe, durung suda nuli wuwuh malih, yayah gering kapit, tininggal ing guru.
  13. Mung punika gusti kang weweling, ling malih sang katong, kaya paran ing kana rakite, aneng wisma si kakang ing Pengging, rame apa sepi, duta nembah matur.
  14. Rakitipun rakanta ing Pengging, asimpen wewados, ing pratingkah asepi arame, liring sepi dene datan apti, acara bupati, myang cara wong agung.
  15. Mung pasajan cara santri pekir, sawontene kang wong, pra sentana ing Pajang Pengginge, ageng-alit lelagone sami, tan cara priyayi, amung lagu dhusun.
  16. Angilangken kasatriyaneki, tan ayun katongton, singlar sangking wibawa kamukten, boten ayun reh kang mawi singgih, tan ayun siniwi, acara wong agung.
  17. Kiyai Geng aremen semedi, puja tan tumawong, nging tan ayun kawingkis lampahe, amandhita remen mangun teki, asring anenepi, ing papan kang samun.
  18. Liring rame remen mring agama, sarengat kinaot, sawadyane anemen salate, bar Jumungah rame siyang latri, sasentananeki, tanggap sami sengkud.
  19. Masjidipun ageng langkung asri, amugul katonton, mentas genya ayasa labete, taksih enggal dereng patos lami, Kyai Geng ing Pengging, mantep ahli ngelmu.
  20. Lamun sampun genipun ngabekti, gya mring sabin gupoh, tetegilan aremen tetanen, yen sampuna taksih wonten kedhik, panengeraneki, lir tuhu wong dhusun.
  21. Tengranipun taksih angenggeni, ing Pengging kadhaton, ingkang rama nguni pusakane, rakit pura karaton ing Pengging, yata duk miyarsi, sang nata angungun.
  22. Sakin wewah rerenggining galih, sumelanging batos, manawa tan pasaja ing tembe, kawistareng wewangsulaneki, mung ngecani krami, ing jro simpen semu.
  23. mungkedhike tembung jroning tulis, tembung andhap asor, manis arum ing uparenggane, ela-ela karya ngresing galih, dadya sribupati, kacangkol ing kalbu.
  24. Duta sampun mundur sangking puri, kuneng ta sang katong, gantya ingkang kawuwusa ing reh, padhekahan ing Ngudung paminggir, wonten jalma luwih, bentur tapanipun.
  25. Sinung wahyu dinulur sakapti, denira Hyang Manon, Ki Seh Malangsumirang wastane, pan kaprenah nak-sanakireki, lan kang swargi nguni, Jeng Susunan Ngudung.
  26. Ki Seh Malangsumirang winarni, apan meksih anom, lagya tridasa umure, x) duk sedhenge kaberaganeki, kendel sarwa bangkit, asekti kalangkung.
  27. Wus pinunjul ing sesamineki, ing papak amoncol, datan kena pinethit kesite, ladak datan wonten kang kinering, wanter wutah ati, atine anuntung.
  28. Tedhas ing elmu sangkaning alit, denira maguron, mring Susunan ing Giri Parapen, duk winejang ing ilmu sajati, wayah umur lagi, pituwelas taun.
  29. Wusnya telas sarahsaning ilmi, anulya linakon, manjing raga amangun tapane, anderpati manjing wana werti, jurang-jurang sungil, pringganing aterjung.
  30. Guwa-guwa rago den leboni, lemba-lemba lorog, pucak-pucaking wukir pinenek, lana subrata pucaking wukir, tepining jaladri, teluk tanjung-tanjung.
  31. Wusnya antuk ing sadasa warsi, nulya saling lagon, tarek makjun rabani wastane, ing tegese laku ngedan nenggih, edan kang ngedani, ing pangeranipun.
  32. Linglang-linglung lenglenging panglingling, cengeng sapatemon, kandhem kerem sangking sru nikmate, jiwa raga wus datan katolih, kendel aneng panti, lalu lengur-lengur.
  33. Sampun mengo sagunging pakarti, tan ana linakon, lan sumingkir sangking agamane, tata sarak parentahing Nabi, dutaning Hyang Widi, datan ana ketung.
  34. Tilar salat Ki Seh datan apti, ngabektiyeng Manon, cegah pakoning dalil hadise, kabeh-kabeh tan ana tinolih, amemurang titi, amegat kekunjung.
  35. Remen angingu srenggala alit, ginulang cecubon, wus anjilma tutut kena rineh, pan sumurup sabasaning jalmi, bisa anampani, kalamun tinuduh.
  36. Yayah rare panakawaneki, lumaku sapakon, tuwin lamun nuju Kiyai Seh, alelungan saparanineki, kang sona kakinthil, sang anom ing ngayun. 

PUPUH XXIII
S  I  N  O  M 

  1. Yata Sang Malangsumirang, lelampah ngider mideri, saidering pirang praja, anjajah manca-nagari, tan ana kang kinapti, mung kewala andon laku, lakuning suleksana, sesananing jalma luwih, leksanane mangka keliring buwana.
  2. Sring andulu wong kang samya, bar Jumungah aneng masjid, nanging tan ayun sembahyang, sonane tumut mring masjid, temah angerusuhi, kinon asalat tan ayun, pinaksa kinuwatan, Ki Seh datan anauri, rinuntikan gumujeng ayem kewala.
  3. Mangkana gumyahing warta, pirang-pirang praja sami, lamun Seh Malangsumirang, tetela genya ngrusuhi, ing lakuning agami, memulang saraking rasul, nadyan mring nagri Demak, Ki Seh wus tanpa pakering, winedeken malah ngangseg mingkin sura.
  4. Tan angangge wacak driya, wus ilang ingkang wawedi, laminya wus tigang warsa, denyanggung angrerusuhi, Ki Seh dadya wus manjing, ngumur telungpuluh taun, mangkana nagri Demak, pakumpulan para Wali, para mukti sulaka para pandhita.
  5. Angrembug ing kukumulah, mupakat samya methuki, lamun Seh Malangsumirang, kena kukuming negari, kinisas ing agami, katrapan nerak sesiku, laranganing sarengat, angaku badan rokani, kabanjure angaken kahananing hyang.
  6. Mila tan kenging suminggah, ing kukume den pateni, sarehne wus datan kena, ingeman den pituturi, rinirih den rerinding, marang kaponakanipun, Sunan Kudus punika, prenah kaponakaneki, langkung trisna kang paman sring tinangisan.
  7. Nanging Seh Malangsumirang, meksa kongas mingis-mingis, tanpa tetebeng ing tingkah, angedheng pangakeneki, kuneng ing rembug dadi, yata dhinawuhan sampun, Ki Seh Malangsumirang, yen badhe kaukum pati, pan ingobong aneng alun-alun Demak.
  8. Malangsumirang miyarsi, kalangkung sukanireki, sengkut tanpa walangdriya, mangkana rekyana patih, Wanasalam akardi, pancaka panggenanipun, badhe pangobongira, kuneng semana wus dadi, sampun pepak sapirantining pancaka.
  9. Praptane ing dina Soma, wus pepak ing para wali, tuwin kang para pandhita, miwah ta srinarapati, miyos sangking jro puri, siniwakeng alun-alun, kiduling wringin kembar, tinaruban sadayeki, srinarendra alenggah ingsingasana.
  10. Jajar lawan Jeng Susunan, Darajad ingkang pinusthi, niyang sagung wali pangarsa, ajajar lan sribupati, wali sosoran sami, mugeng kanan kering ngayun, banjeng para pandhita, kukama ngulama mupti, para jamhur anunggil sabangsanira.
  11. Kyana Patih Wanasalam, lawan kang para dipati, punggawa para satriya, aglar ing ngarsa nerpati, ingkang prameya mantri, tanpa linggaran supenuh, alun-alun balabar, Malangsumirang wus prapti, milya lenggah anggene wali sosoran.
  12. Sonane alit binekta, ngadhep ing ngayunireki, Malangsumirang cahyanya, sumaringah ayem nenggih, ing solah tan katawis, lamun wong arsa den ukum, ing reh sairib lawan, nguni Pangran Sitiabrit, ri sedhenge arsa kinisas in pedhang.
  13. Teteg teka yem kewala, malah sukane angenting, yata wau Jeng Susunan, Darajad parentah aglis, mring Sunan Kudus nuli, kinen andhawuhna gupuh, tibane kang tatrapan, ing kukumulah kang pasthi, marang Ki Seh Malangsumirang kisasnya.
  14. Datan kena suminggaha, Jeng Sunan Kudus nulya glis, dhawuhaken maring kang paman, paman andika tampeni, dhawuhe san pinundhi, mupakat marang sang prabu, myang sagung waliyulah, pra kukama Tanah Jawi, pra dipati punggawa para satriya.
  15. Andika kenging tatrapan, ing kukumulah sayekti, sangking parentahing sarak, trus trang ing dalil kadis, ijmak kiyas kang pasthi, tan kenging miser sarambut, sadaya namung darma, sangking andika pribadi, Ki Seh Malangsumirang matur sandika.
  16. Sarya mangkana delingnya, lah anaking Kudus mangkin, pancaka gya den suleda, mengko yen geni wus dadi, manira nulimanjing, maring pancakà tumurun, lan maninge manira, minta kertas lawan mangsi, ingsun karya nenulis wasiyatingwang.
  17. Manawa prapta ing lina, Jeng Sunan Kudus nulya glis, angsung mangsi lawan kertas, kalih koras watawis, sarya dhawuh mring patih, Wanasalam kinen gupuh, anyuled kang pancaka, sandika rekyana patih, gya sinuled pancaka dahana muba.
  18. Lenga duk kekayu pasah, kumantar kantar ngajrihi, latu mulad mring akasa, anggereng swaraning akasa, anggereng swaraning agni, kang ningali munduring, Seh Malangsumirang gupuh, pamit sarya sung salam, saksana minggah tumuli, mring pancaka salering wringin sengkeran.
  19. Tan kari lawan kang sona, kekinthil aneng ing wuri, praptaning luhur pancaka, nulya mudhun maring agni, prapta madyaning api, Ki Seh lenggah tumpang pupu, sona ngadhep ing ngarsa, tan tumama dening geni, nulya Ki Seh parentali maring sonanya.
  20. Kinen bah angambila, kartas kalam lawan mangsi, kang tinilar genya lenggah, arsa kinarya nenulis, sona tangginas bali, prapta ing enggenya wau, nulya angambil kartas, kang kari myang kalam mangsi, punang sona wangsul malili mring pancaka.
  21. Tumurun ambekta kertas, miwah kalam lawan mangsi, wus katur ing gustenira, Malangsumirang nulya glis, miwiti anenulis, neng sajroning geni murub, Ki Seh Malangsumirang, wus nyata ing lair batin, kinawasa sanyata Wali minulya.
  22. Minulya jati wisesa, winenang aliru dhiri, lawan Sang Maha Wisesa, karamate amumpuni, ing cipta tanpa siring, dadi barang karsanipun, pambontose kakekat, rahsa pamungkase ilmi, ing kamuksan wruh wekasing ana ora.
  23. Tan samar ing sangkan-paran, bisa mati jroning urip, urip sajroning pralina, wuryaning tan kenging pati, pilih ingkang udani, ing ujar ingkang puniku, anaa lagi nora, pan angel wong ulah elmi, liwat ewuh liwat rungsit liwat gawat.
  24. Bebaya kabina-bina, katreceta bilaeni, pae lan kang wus waskitha, ing lair tumekeng batin, waler-sangker sayekti, kang sampun weruh ing ngriku, sampurna kene-kana, bisa moring ganal-alit, sampun minggah ing jaman kasalametan.
  25. Dhasar ngelmune wus nyata, anulya dipun rangkepi, mateng kasutapanira, kono yekti tanpa tandhing, sayekti datan kenging, pinidak wayanganipun, tebih ing pancabaya, kacagak bekaning urip, sirnaning kang memala bilai dunya.
  26. Lamun ilmu tanpa tapa, cemplang-cemplang kurang ragi, mamanipun ing agesang, wajib ageguru sami, denya ngudi ing pamrih, manguswa tuduhing guru, supayane luntura, elmune ingkang sayekti, rahsaning kang ginedhongan kinuncenan.
  27. Kang sotya embanan sotya, manik embanane manik, kang sampurna babar pisan, kang patitis tutul-petis, nora mindhogaweni, pamungkas wekasing tuwuh, den seseg pandheseknya, mring guru satengah mati, lamun nora mengkono mangsa antuka.
  28. Pamejange guronira, ing elmune kang sajati, yen kurang panangisira, dhestun sira mung den wehi, ing elmu ruba-ricik, yeku elmu ukur-ukur, ukur urip kewala, dudu elmu kang permati, yen kang bodho pangrasane elmu nyata.
  29. Pan mangkana salokanya, ana jugul sangking wukir, marang wismaning kemasan, arsa tuku kencana di, mring kemasan den wehi, lancung kuning kang sinamun, prandene suka bungah, sijugul denya nampani, lancung kuning inganggep kencana mulya.
  30. Yata Seh Malangsumirang, kang aneng sajroning geni, eca denira nenurat, den adhep sonanira lit, dahana liwat luwih, mubal urubira dangu, teka ayem kewala, aub yayah mandakini, kang andulu yayah sinamberan dhandhang. 

PUPUH XXIV
DANDHANGGULA 

  1. Malangsumirang esthanireki, pindha-pindha duk ing jaman kuna, caritaning tanah Gedhe, ing Babil nagara gung, duk ingobong Jengira Nabi, Ibrahim kalillulah, dene Sang aprabu, Namrut Sri Bathara Jabar, pangobonge ngangge pabusalen inggil, urube ingububan.
  2. Wusnya dadi urube kang agni, Kangjeng Nabi sininggot saksana, denira anyemplungake, ing pawirungan agung, Kangjeng Nabi rinekseng Widdi, sariranya tan pasah, ing dahana murub, punang pawirungan dadya, maligendah ngangge rarenggan mawarni, kinubeng patamanan.
  3. Tetaneman asri warni-warni, lan sinungan amparan mutyara, Jeng Nabi palenggahane, lawan sinung piturun, baju sangking sawarga luwih, gandanira angambar, kongas marbuk arum, yen ing dunya ora ana, ganda kadi bajune Nabi Ibrahim, piturun sangking swarga.
  4. Kuneng ingkang kawuwusa malih, Ki Seh Malangsumirang semana, sampurna ing panulise, pangrumpakaning suluk, semburatan elmu kang yekti, penggalanging sarira, semune anuju, rarase sinemu prana, pranitine ing titi amilangeni, langene dhadhanggula.
  5. Wus mangkana Ki Seh nulya mijil, sangking ing pancaka pan basmaran, den iring dening sonane, angampil suratipun, miwah kalam kalawan mangsi, Ki Seh Malangsumirang, wangsul mring genipun, lenggahan neng pasamowan, punang sona lenggah sarwi ngampil-ampil, seratan mangsi kalam.
  6. Yata wau sagung para Wali, miwah Kangjeng Sultan ing Bintara, tuwin para mupti kabeh, pra pandhita gung-agung, pra satriya para dipati, sagung mantri punggawa, ing saananipun, sami dahat kagawokan, jetung ngungun lenger-lenger tan kena ngling, gedheg goyang kepala.
  7. Ngalembana sami puji-puji, santi-santi mring Malangsumirang, wadya kang andulu kabeh, jejel sukup supenuh, sum engeren samya lok hi hi, he he he he lah nyata, nyata-nyata tuhu, tuhu-tuhu ngejawantah, katuwone wanine amiwahani, wahananing sunyata.
  8. Yata Ki Seh sesalaman aglis, lawan Kangjeng Susunan Darajad, myang pra Wali pangarsane, tuwin sang nata sampun, para Wali pandhita mupti, sadaya sesalaman, kumoyok ing pungkur, sawontening pasamowan, sami mamrih sapangating sang sinakti, Ki seh Malangsumirang.
  9. Nulya wau Ki Seh atur tulis, kang tinulis aneng jro dahana, penggalanging sarirane, tinapan ing sang prabu, mangka tilas ing wuri-wuri, tersandha kang ginagat, gita dadya suluk, suluk Malangsumirang, wastanipun mangka pancadaning elmi, rasa kang mengku rasa.
  10. Nulya kinen amaca kang tulis, marang wadya kang juru pamaca, kinen sora pamacane, supayane karungu, sawontene ing pancaniti, neng tengah pasamowan, gya winaca sampun, tembung madu pinasthika, pan mangkana ing unine punang tulis, wiwite kang ing ngarsa.
  11. Malangsumirang amurang niti, tan wrin baya denira mong gita, rarywa nom tan wrin dudune, anggelar ujar luput, tuna liwat tan wruh ing westhi, angucap tan wruh ing trap, amegat kekunthung, pangucape lalaluya, kumprung pengung paksa angaku linuwih, tan kena winikalpa.
  12. Andaluya kadedawan angling, kedalurung andarung solahnya, cumenthaka peksa ngene, anyung kirang ing laku, sasar-susur tanduking gusthi, anasar ambelasar, tan kena den rapu, atikah sawenang-wenang, tan pakering kumlungkung kalengki-lengki, tan ana sinantaa.
  13. Adoh-adoh anggoningsun ngapti, yen aparek reke kaparekan, ing ngaurip akeh lire, ing reh tan kena korup, reraketan kang den raketi, pamuketaning rahsa, sarahsaning elmu, maklum ing alam panikar, panukartaning karti arta-artati, kerut ing karahatan.
  14. Nahanta reh wuryaning arempit, sipta-ripta rikang pepingitan, pamengeting sang manginte, ing nalar tan sunulur, nalirah ing elmu sakalir, sun punggel tan sun gelar, gelaring raras rum, mung isun amburu kandha, wusnya telas pamacane ponang tulis, suluk Malangsumirang.
  15. Samya eram sagung kang miyarsi, amung ingkang sami ngalembana, nayu-hayu ing wuwuse, asuwe yen winuwus, wus mangkana risang pinundhi, Jeng Susunan darajad, asung sipta sampun, mring Sunan Kudus seksana, Sunan Kudus dhawuhken parentali aglis, mring Seh Malangsumirang.
  16. Dhuh jeng paman andika tampani, parentahe Kangjeng Panembahan, menggah jeng paman ing mangke, pan sampun tuhu-tuhu, tuhu lamun datanpa siring, ing rat datan paingan, sainganing tuwuh, tumuwuh alebda jiwa, jiwangga trus neratas tatas patitis, putus nyata-sunyata.
  17. Nanging paman andika ing mangkin, rumeksaa suhuning agama, angagema sesakide, kukudaning kang dudu, sakadare sarengat Nabi, rasul nayakaning rat, ing rat supayanut, anut ing agama sarak, kareksane sarasane dalil kadis, ijmak kalawan kiyas.
  18. Ing praniti aniti nagari, uger-ugering agama Islam, jumeneng pan sarengate, yekti kalawan kukum, kikmah ingkang amanca warni, saniskareng pakaryan, awon saenipun, kang leres lawan kang lepat, ala hayu gumelaring dalil kadis, kukumah myang wilayah.
  19. Milanipun jeng paman ing mangkin, amanguna kahenenganing tyas, sampun ta kasalah tampen, paman dipun amuhung, meheng tebih sangking nagari, sampun ngantos akarya, keron wowor-sambu, angendhoni bebundhelan, ngarangaken pager ngalikabken baris, dhoyongaken bandera.
  20. Pundi paman kang dipun karsani, padhepokan kang pantes kanggenan, marar dadosa pepundhen, kawajiban prajagung, kang memantes abusanani, busananing asrama, kasamaptani pun, minangka jimating praja, amartani saananing bumi-bumi, sadaya kasamadan,
  21. Ki Seh Malangsumirang nauri, heh ta anak ngong matuj” sandika, tyas ingsun lintang sukane, ngriki wonten wana gung, Kalampisan papan awerit, sepi tebih manungsa, ingsun aneng riku, cukup gubug rerompokan, datan ayun manira nganggo kang apik, mung sakadar kewala.
  22. Jeng Susunan Darajad miyarsi, dahat karenan miwah sang nata, tuwin para Wali kabeh, apepuji sadarum, wus mangkana bubaran sami, maring dununganira, sowang-sowang sampun, lamine datan winarna, Ki Seh Malangsumirang sampun amergil, neng wana Kalampisan.
  23. Data-tita ing Demak nagari, gantya malih ingkang kawuwusa, Jeng Kyai Geng Pengging mangke, sedheng neng puranipun, nanging lagya sanget wiyadi, atajin dhahar nendra, kalamun ing dalu, datan kauban wangunan, akekadhar hanggung manekung semadi, ening aneges karsa.
  24. Ingkang mangka sungkawaning galih, denya datan adarbe atmaja, ingkang apanjang yuswane, sakawan putranipun, wonten jalu wonten pawestri, nanging sami pralina, maksih sami timur, mila Kyai geng kalintang, amaledi kapengin darbeya siwi, kakung panjang yuswanya.
  25. Kang apekik ingkang sarwa wasis, lan kang yogya dadya paugeran, ing kulawangsa sakehe, ingkang pantes ing besuk, anutukna lelakoneki, denya kapati brata, semana anuju, wengine dina Jumungah, jeng kyai geng duk ing wanci pukul katri, kalangkung aripira.
  26. Ngantuk lagya erem-erem pitik, munggeng nataring kang pamelengan, tan adangu antarane, nulya na nguwuh-uwuh, saking aib swara dumeling, heh heh Kebokenanga, mengko pan tinurut, panedhanira mring suksma, sira bakal andawe atmaja urip, priya ngumure dawa.
  27. Ing warnane kalintang apekik, cahya mancur nuksmeng andakara, sedhenge mangsa katrine, lawan sekti pinunjul, sarwa wasis limpading budi, teguh sangkaning bocah, prawira dibyanung, kaonang-onang digdaya, mandraguna kanuraganira ngenting, kendele tanpa timbang.
  28. Anrang westhi jaya-wijayanti, iku besuk pinasthi ing Suksma, dadya paugeraning wong akeh, tegese dadi ratu, Tanah Jawa kang anduweni, pan iya sutanira, jumeneng ratwagung, angadhaton bumi Pajang, nanging dudu prajanira Pajang Pengging, kuthane sutanira.
  29. Besuk babad alas wetan iki, sakulone dhukuh ing Lawiyan, pan ing kono kadhatone, panjenengane tulus, nanging sira nora menangi, baleging sutanira, wus janjine besuk, sira mulih mring kamuksan, awit sangking ing kayunira pribadi, lumuh tumon ing dunya.
  30. Kasukeren andulu suker jis, kudu mulih mring karaton baka, sengsem nujwana margane, ing ulihira besuk, mring kamuksan ing alam suci, Iah wis Kebokenanga, nora cidra besuk, apan wus janjining suksma, Kiyai Geng kagyat tetela miyarsi, wungu andanaswara. 

PUPUH XXV
ASMARADANA

  1. Wauta Kyai Geng Pengging, kagagas-gagas ing tyasnya, enget ing swara ujare, ngungun pepunguning driya, tapakur denya lenggah, kendel ing cipta sinamu, dahat sukuring Hyang Suksma,
  2. Sapraptaning bangun enjing, Kiyai geng nulya salat, subuh saparipurnane, kyai geng anulya lenggah, neng sanggar pamelengan, kang tansah ketang ing kalbu, nenggih ujaring kang swara.
  3. Nahanta lamenireki, kiyai geng garwanira, kacatur sampun ambobot, kuneng ing Pengging semana, gantya kang kacarita, nagari ing Bintareku, semana tulus rahaija.
  4. Mangsuli carita malih, kala Jeng Sultan ing Demak, nimbali Ki Ageng mangke, ing Pengging kang madayeng tyas, gawe rentenging praja, mila sang nata kalangkung, denya mrih seba mring Demak.
  5. Panjenenganira aji, Jeng Sultan Demak sapisan, denya mrih sebaa mangke, Ki Ageng Pengging ambangkang, tan purun asebaa, malah dumugi ing lampus, angantepi tekadira.
  6. Panjenengan sribupati, tulus keraton minulya, tan ana kara-karane, wong cilik enak atinya, tulus barang taneman, cinarita sang aprabu, lagya miyos siniwaka.
  7. Pinarak bangsal pengrawit, nimbali rekyana patya, miwah para alim kabeh, Ki Ageng ing Wanalapa, kang munggeng ngarsa nata, miwah Pangeran ing Kudus, lan Ki Ageng Sidikiman.
  8. Ngandika srinarapati, mring Patih Kartanagara, heh patih apa wartane, Ki bayi ing Pengging mangkya, patih matur wotsekar, ing warta sampun misuwur, Kiyageng agung santrinya.
  9. Pamireng kawula gusti, menggah raka srinarendra, Ki Ageng Pengging karyane, awrat seba ing panduka, ing watawis kawula, pan lami ubanggenipun, tinimbalan datan seba.
  10. Pangeran Kudus wotsari, menggah ta atur kawula, pukulun ing priyogane, panduka utusana, dhateng Pengging pun kakang, katingal won panedipun, menggah ta atur kawula.
  11. Ki Wanalapa turnya ris, aleres putra panduka, Pangeran Kudus ature, prayogiya utusan, nimbali ing rakanta, angandika sang aprabu, heh patih sira dutaa.
  12. Mantri loro kang abecik, kang wicaksana weweka, wruh lelungiding pasemon, kang bisa anamur lampah, patih matur sandika, wus kondur wau sang prabu, ki patih anata duta.
  13. Gya nuding mantri kekalih, kang wicaksana weweka, limpad pasang-grahitane, wruh lukita ing sanyata, tuhu punjul samanya, wus mangkat dutasang prabu, wong roro alelancaran.
  14. Datan kawarna ing margi, wus prapta Pengging lampahe, caraka tur uning age, mring pawong lurah parekan, yogya dipun aturna, Ki Ageng Pengging den gupuh, ulun dutaning narendra.
  15. Parekan gya matur aris, mring Ki Ageng tur uninga, awiyos gusti nah angger, panduka pan katamuwan, caraka sangking Demak, kiyageng ngandika arum, tamoningsun aturana.
  16. Parekan gya mintar aglis, wus panggih punang caraka, panduka ngaturana ge, lumebet ing madyasana, caraka gya umangkat, kepanggih kiyageng sampun, aneng panti madyasana.
  17. Duta dhawuhaken aglis, kiyageng sabda nata, panduka ngandikan age, ing ari mring nagri Demak, sarengan lampah kula, Kiyageng alon umatur, sandika duta linggiha.
  18. Caraka kalih gya linggih, wus sami anjawab tangan, sugata mucang amiyos, lan dhaharan saabenya, dyan sami ta dhahar, sampuning adhahar tutug, Kiyageng lon delingnya.
  19. Kawula dipun timbali, marang kanjeng srinarendra, ing mangke nuwun dukane, kawula boya lumampah, gandhek alon delingnya, punapata sababipun, Kiyageng alon delingnya.
  20. Tan wonten sababe malih, matura mring srinarendra, yen mengkono aturing ngong, gandhek alón aturira, heh Kiyageng panduka, punapa mantep pukulun, ing karsa ingkang mangkana.
  21. Kiyageng alón nauri, kaya bocah ta ki duta, nora weruh ing semune, gandhek alon aturira, datan sedyamamriha, ing karsa sampun jumurung, yen estu mantep ing tekad.
  22. Caraka pamit tumuli, arsa mantuk marang Demak, Kiyageng alon delingnya, lah ta sira umatura, ing kangjeng srinarendra, yen mengkono aturingsun, gandhek mundur sangking ngarsa.
  23. Datan kawarna ing margi, lampahe duta wus prapta, ing Demak katur ature, Ki Ageng Kebokenanga, langkung ngungun sang nata, kagagas raosing kalbu, rumangsa budi nonoman. 

PUPUH XXVI
S  I  N  O  M 

  1. Wus mundur caraka Demak,sing ngabyantara nerpati, yata ingkang winursita, nenggih Ki Ageng ing Tingkir, sampun miyarsa warti, yen kang rayi Pengging nengguh, tinimbalan mring Demak, Ki Ageng Tingkir mring Pengging, sampun panggih lawan Ki Gedhe Kenanga.
  2. Wus tata sami alenggah, ngandika Ki Ageng Tingkir, yayi para tinimbalan, mring kangjeng Sultan ngawati, apa wadine yayi, pagene nora lumaku, ingkang rayi turira, punapa damele ugi, wong dhedhukuh tinimbalan ing narendra.
  3. Heh yayi kaya punapa, tinimbalan datan prapti, marang ing negara Demak, paran ta dadine yayi, apa ta sira yayi, nora kabawah ing ratu, lemah kang sira ambah, saisine Tanah Jawi, pan sadaya duweke kang dadi nata.
  4. Kang rayi alon turira, Allah kang adarbe bumi, kadar anedya punapa, wong dhedhukuh den timbali, angling Ki Ageng Tingkir, aja wangkot areningsun, aja tampani lomba, lan aja gegampang pikir, pakewuhe yayi para ulatana.
  5. Yayi mungguh kaya sira, kalenthing pan wadhah masin, ambune pan durung ilang, sira wayahing nerpati, narendra Majapahit, pan tilase durung alum, apa dene ramanta, prakoswa prawira sakti, pramilane pinet mantu Brawijaya.
  6. Lah yayi pagene sira, teka ambuwang naluri, tinimbalan ing sang nata, menawa silih udani, yen pamanira yekti, arining ibu satuhu, manawa palimarma, sarehning dadya nerpati, duwe sanak ana desa ing adesa.
  7. Becik sira lumakuwa, isun yayi atut wuri, mangsa tegaa mring sira, pakewuhe sun calangi, kang rayi matur aris, kadya boten sapuniku, kakang bara-tan bara, mendah wong dadya nerpati, emut dhateng sanak kang lambung kasimpar.
  8. Ki Ageng Tingkir lingira, paran yayi karsaneki, Ki Ageng Pengging turira, pan inggih wonten punapi, nadyan nimbali malih, ameksa wong boten purun, kang raka sru ngandika, iya yayi wong aurip, yen amopo tinimbalan ing narendra.
  9. Mapan iya wong duraka, wasisan ngadegna baris, aja tanggung ing pratingkah, aja sira mungal-mungil, manawa ana jail, temah katail pakewuh, wong jawal ambebegal, yen kena den paekani, ingkang amrih pakandele wong ngawula.
  10. Kang rayi gumujeng suka, kakang tuwan pindho kardi, andika merangi tatal, bilai lara lan pati, sinten ingkang darbeni, pan kagunganing Hyang Agung, derenge wonten badan, papesthen ginawe dhingin, awon pened ing lukilmakpul tulisnya.
  11. Kang raka aris lingira, iya yayi apa malih, yen wis pesthi tekadira, pun kakang teka ngamini, sadina mituturi, semana pan sampun dalu, samya salat ing langgar, sampune asalat nuli, ingkang raka kelangkung sinuba-suba.
  12. Ing dalu ari ringgitan, sira Ki Ageng ing Pengging, anyugata mring kang raka, pan ringgit beber sawengi, semana ambarengi, garwanira wawrat sepuh, lair ingkang wawratan, ing sasi Jumadilakir, tanggalipun ping wolu nuju tahun Dal.
  13. Sareng mangsane kalima, ing dinane Rebo legi, ing wayah bangun raina, miyos jalu warna pekik, mapan Ki Ageng Tingkir, medalken bing-embingipun, Kyageng Kebokenanga, langkung sukanireng galih, wong nenonton wayang beber kagegeran.
  14. Ana kekuwung geng prapta, tetiga anyerot kali, garimis bareng sakala, ngandika Ki Ageng Tingkir, yayi putranireki, ingsun paringi jejuluk, Mas Karebet namanya, dene teka amarengi, ing laire wayang beber ingsun tanggap.
  15. Kang ir.yi alon turira, anuwun langkung prayogi, angsala sawab panduka, mugi kalisa ing sakit, kawula inggih darmi, panduka ingkang sesunu, mugi pinanjangena, yuswane kang jabang bayi, mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang.
  16. Cinarita tigang dina, Ki Ageng Tingkir neng Pengging, kuneng ganti winurcita, ing Demak srinarapati, tandya wau nimbali, mring ulama agung-agung, tuwin rekyana patya, miwah sakeh para wajir, lan Pangeran Kudus kang munggeng ing ngarsa.
  17. Lan Ki Ageng Wanapala, sigra denira nimbali, wus munggeng ngarsa narendra, ngandika srinarapati, heh sagung para wajir, myang ulama agung-agung, padha angawruhana, ing mengko ki raka Pengging, mapan nedya madayeng keratoningwang.
  18. Heh ta kakang Wanalapa, sira ingkang ingsun tuding, andhawuhna bantahingwang, sira dadi wakil marni, marang ki raka Pengging, rong prakara bantah isun, heh kakang tuduhana, endi ingkang dipun pilih, salah siji ing jaba lan jeronira.
  19. Ki Wanalapa turira, sandika karsaning aji, kawula darmi lumampah, ngemban timbalan nerpati, ngandika sribupati, lah nuli mangkata gupuh, mundur Ki Wanalapa, sing ngabyantara narpati, sigra mangkat cara santri lampahira.
  20. Datan kawarna ing marga, tigang dina prapteng Pengging, pan lajeng atur uninga, yen wonten tetamu prapti, marang Ki Ageng Pengging, utusane sang prabu, Jeng Sultan ing Bintara, Kiyageng alon nauri, aturana jujug sanggar palanggatan. 

PUPUH XXVII
ASMARADANA 

  1. Tandya ingaturan nuli, Ki Ageng ing Wanalapa, wus manjing langgar lampahe, kepanggih Kiyageng sigra, dan sira uluk salam, sinauran salamipun, pra samya atata lenggah.
  2. Semana Kiyageng kalih, pra samya anjawab tangan, Ki Ageng Pengging ature, panduka sami katuran, yayi sarawuhira, Ki Gedhe ature nuwun, sih palikrama panduka.
  3. Ki Gedhe Pengging ngling-arisyayi ingutus punapa, panduka maring sang katong, Ki Wanalapa turira, kinen matedhakena, bantahipun sang aprabu, jawaben dipun pratela.
  4. Iya sira pilih endi, ana luwih sangking ana, kang suwung liwat suwunge, lawan aturu sapisan, melek salawasira, lawan turu saben dalu, lawan melek saben dina.
  5. Mangan sepisan maregi, sajege denya tumitah, lawan mangan saben sore, pangelihe saben dina, payo sira piliha, timbalane sang aprabu, yen sira pilih kang ana.
  6. Lan amangan saben ari, alapen negara Demak, mupung ta masih sang katong, Ki Ageng Pengging turira, punapa sang nata, salah karya ing tumuwuh, ing ngriki wonten punapa.
  7. Kaget kawula tan sipi, timbalane srinarendra, ngangge karya walangatos, kyai panyana kawula, ratu kalipahing Hyang, yekti budi luwih luhur, wekas-wekasing utama.
  8. Kawula boten amilih, sadayane mapan arsa, yen miliha awak ingong, sawiji pan siya-siya, adhi atur kawula, mugi katura sang prabu, kawula den darbe karsa.
  9. Ki Wanalapa nauri, puniku atur panduka, tan ana wewekasane, sekuthu atur panduka, dhateng srinaranata, tanpa gawe lampah isun, den utus nateng ing Demak.
  10. Panduka tan darbe milih, bantahipun srinarendra, lah kadi pundi dadose nedha kira kantuna, anulya sesalaman, Ki Ageng Pengging lingnya rum, adhi waweling manira.
  11. Matura ing sribupati, kawula tan darbe karsa, borong punapa sang katong, sadayane kula arsa, sirik yen amiliha, tanpa wekasing tumuwuh, yen milih tuwin ngungkurna. 

PUPUH XXVIII
P A N K U R 

  1. Tan cinatur lampahira, pan Ki Gedhe ing Wanalapa prapti, ing Demak telatahipun, wauta kang kocapa, nagri Demak semana miyos sang prabu, pepak kang para niyaka, miwah ingkang para Wali.
  2. Sang prabu lenggah dhedhampar, alelemek babut baludru sari, banyak-dhalang aneng pungkur, miwah ardawalika, kekacu mas sawunggaling aneng pungkur, pra pandhita munggeng kanan, para Wali munggeng ngarsi.
  3. Ingkang aneng ngarsa pisan, Jeng Pangeran ing Kudus kang wewangi, sang nata ngandika arum, heh sanak-sanak ingwang, kaya paran lakune carakaningsun, Ki Gedhe ing Wanalapa, ingsun duta maring Pengging.
  4. Pangeran Kudus tur sembah, ulun dugi pun kakang angsal kardi, tan antara nulya rawuh, Ki Gedhe Wanalapa, dumerojog ing ngarsanira sang prabu, sigra wau atur sembah, dhumateng srinarapati.
  5. Sang nata alon ngandika, lah bageya ki raka sira prapti, Ke Gedhe ature nuwun, lampah amba kaduta, andhawuhken timbalan dalem sang prabu, pun kakang Kebokenanga, ing Pengging tan angsal kardi.
  6. Tan wonten kang den piliha, sedayane pan sami den karsani, tan nedya punapa wau, ciptaning jro wardaya, mung dhedhukuh kewala panedyanipun, kula sumangga sang nata, aturipun Kyai Pengging.
  7. Sanget atadhah deduka, pan lengganangandika sribupati, ing netya sapan sinamun, batos angemu rasa, tan prasaja alebet pengangkahipun, kawala dugi tan cidra, borong punapa karsa ji.
  8. Sang nata alon ngandika, mring Jeng Pangran ing Kudus ingkang tinuding, yayilumakuwa gupuh, mring Pengging tuwanana, yen sakira sayekti aduwe kayun, lah mangsa bodhoa sira, tatrapna ing dalil kadis.
  9. Jeng Pangran Kudus sandika, atur sembah wus lengser ing ngarsa ji, gya ngedhaton sang aprabu, sagung Wali pandhita, myang niyaka prameya bubar sedarum, mring wismane sowang-sowang, nehen gatya kang winarnni.
  10. Ingkang lagya perdandanan, Kangjeng Pangran ing Kudus wus angrakit, sahkabatira pepitu, pra sami nglugas-raga, cara santri jeng pangran busananipun, wasiyatira binekta, bendhe Ki Macan kang nami.
  11. Bektanipun ingkang garwa, saking sang dipati ing Terung nguni, ginendhong sahkabatipun, tandya wau lumampah, ngidul-ngulon ingiring tiyang papitu, tan cinatur lampahira, semana pan sampun prapti.
  12. Talatah Pengging nagara, tepis wiring dhusun radi kapering, pan ana wit mandira gung, satengah pategilan, Kangjeng Pangran ing Kudus kendel neng ngriku, ingadhep sakabatira, papitu tarap alinggih.
  13. Tan antara wonten prapta, bekel desa Ki Soma kang wewangi, menengkreng saduwa timpuh, umatur mring jeng pangran, heh ki sanak bageya sarawuhipun, lan ing pundi wismanira, sinten sinambating wangi.
  14. Jeng Pangran Kudus delingnya, santri Kudus wasta kula kiyai, Amad Sapanyana wau, dene panedyaningwang, marang Pengging ngupaya kadangsun sepuh, lan paman sapa ranira, Ki Soma umatur aris.
  15. Wasta kawula pan Soma, yen kepareng anak kula aturi, kampira mring wismaningsun, kularsa anyunggata, sawontene sekadare tiyang dhusun, toya-toya lan dawegan, kalamun panduka sudi.
  16. Kekaruh tetiyang desa, tanpa krama sigug tur kawlasasih, neng riki won tingalipun, jeng pangran ris ngandika, sun tarima paman ing pasihananmu, nanging ta panedhaningwang, namung rewang ingsun iki.
  17. Sedaya sami kasatan, sinungana dawegan dipun aglis, Ki Soma gya miniar gupuh, mring desa angupaya, pawong batur amenek dawegan sampun, sawusira pinarasan, gya wangsul mring tegil malih.
  18. Wus katur mring jeng pangeran, angandika banget tarima marni, toya dawegan inginum, jeng pangran langkung nikmat, pinaringken marang ing sakabatipun, wus sami nginum sedaya, Pangran Kudus ngandika ris.
  19. Heh paman isun atanya, marganira kang anjog marang Pengging, Ki Soma alon umatur, kidul-kulon punika, tan pantara wong desa pra sami rawuh, ageng-alit estri-priya, anonton kang sami linggih.
  20. Atarap ing kering-kanan, ngarsa-wuri angadeg jengkeng linggih, atanya kancanipun, heh bocah iku apa, kang ginendhong mancono teka ngrenggunuk, kancane sumaur sugai, sun wewara panjang piring.
  21. Cowek lemper cuwo layah, kang sawiji ambatang trebang iki, kancane mangsuli dudu, rame diya-diniya, ting dalejeg rare-ngon arubung-rubung, pak Soma langkung bremantya, lare arsa den gitiki.
  22. Jeng Sunan Kudus ngandika, enengena mapan pan bocah cilik, sakarepe ywa ingaruh, mangsa nedya punapa, desa iki paman sun paring jejuluk, pan iya Samakatingal, dene sun akeh ningali.
  23. Sujalma estri lan priya, anenonton pri tuwin lare alit, jeng pangran anulya lajuk ki Soma atut wuntat, ngateraken tindaknya Jeng Pangran Kudus, awetara saunjutan, pak Soma pan kinen bali.
  24. Wus laju kangjeng pangeran, ngidul-ngilen sabat pepitu ngirinp pan nganti panggendhongipun, bendhe Jeng Kyai Macan, lampahira jeng pangran kasaput dalu, lereb samana alenggah, bebulak sapinggir kali.
  25. Cemara sak ngandhap wreksa, pan kapundhung sakabat tarap ngarsi, bendhe binuka lisipun, inggih sengkelat abang, cinenthelken neng nginggil kajeng kapundhung, ing wektu mahrib semana, prasamya turun mring kali.
  26. Wusnya wulu jeng pangeran, sabat pitu prasamya atut wuri, wusnya pragad samya wangsul, mring panggenane lama, Pangran Kudus angimani munggeng ngayun, mahrib dumugi ing isa, arahap denya memuji.
  27. Sawusnya amaos donga, ing nalika jam sanga ingkang wanci, panuju padhang sitengsu, jeng pangran angandika, kinen nabuh bendhe Ki Macan puniku, semana tandya tinembang, swaranya muluk wiyati.
  28. Pan kadya sima barungan, kekes kabeh dhusun ing kanan kering, mancapat mancalimeku, pan samya kagegeran, dipun nyana satuhu macan puniku, gendhong samya pakumpulan, angiter sima kang muni.
  29. Nalasak kang ara-ara, pinggir jurang garumbul den obori, nanging sima tan ketemu, kang ngombang suwaranya, pan wong kathah tan anduga samya gumun, tan antara lampahira, tumurun mring pinggir kali.
  30. Ting barekuh giyak-giyak, minggah jurang semana aningali, sasore kayu kapundhung, ana sujalma lenggah, pan wewolu nulya pinaranan gupuh, tinakonan mring wong kathah, Jeng Pangran Kudus nauri.
  31. Pan santri Kudus manira, sedyaningsun pan arsa marang Pengging, nanging kawengen delanggung, marma tan laju ingwang, balik isun atanya apa sedyamu, jalma keh kang padha prapta, pan agita sun tingali.
  32. Sedaya saur kukila, sedyanira angiter sima mangkin, angombang suwaranipun, ing mangke datan ana, Pangran Kudus aris pangandikanipun, yen mangkono sun weh aran, ing desa Sima puniki.
  33. Dene kalaningsun liwat, tan na macan suwaranira kapyarsi, sadaya umatur nuwun, katelah sapunika, banjar panjang dhusun ing Sima ranipun, duk semana wancenira, pan andukap bangun enjing.
  34. Salat subuh jeng pangeran, sabat pitu salat makmuman sami, samana wus bakda subuh, jam pitu gya umangkat, wirandhungan anyamun ing lampahipun, nehen gantya winurcita, ing Pengging srengkareng galih. 

PUPUH XXIX
DANDHANGGULA 

  1. Kyai Ageng ing driya sru kikin, ciptaning tyas mangesthi kamukswan, tanpa dhahar lawan sare, lenggah kobong pitekur, amaladi semedi hening, aneges karsaning Swang, amurweng pandulu, jumbuh ing tingal wus pana, tanpa karkat lumuyut ing alam kabir, suh sirna pancabaya.
  2. Driyanira manrawang awening, nugrahaning ing gaib kabuka, tan asamar panunggale, nehen gantya winuwus, Pangran Kudus lampahnya prapti, ing Pengging jawi kitha, wanci wektu luhur, jeng pangran kendel semana, wusnya salat laju mring pemahan nuli, sawetan pager bata.
  3. Wismanira ni bok randha Wujil, wusnya lenggah ni randha atanya, anak katuran pambage, pundi wisma pukulun, lawan ingkang sinedyeng kapti, pun bibi katambetan, jeng pangran lon wuwus, santri ing Kudus manira, Amad Sapanyana bibi aran mami, arsa sowan manira.
  4. Kyai Ageng ing Pengging samangkin, apa ana pinarak ing wisma, ni randha alon saure, inggih wonten pukulun, apan lagya sukaweng galih, tan dhahar datan nendra, neng kobong pitekur, masuwur wertining kathah, saukure dutane srinarapati, pan ngantya sapunika.
  5. Datan pegat manekung semedi, kulawarga tan kalilan seba, sedaya susah atine, jeng pangran ngandika rum, mring sakabat pepitu sami, kabeh padha kariya, sun dhewe lumebu, nanging ta wekas manira, yen jro pura rame ana tangis, poma dipun prayitna.
  6. Sabat pitu sandika tur bekti, Pangran Kudus malih angandika, mring ni bok randha ing mangke, sun titip ing sireku, rowang ingsun wong pitu iki, sun arsa lumebuwa, ni randha jumurung, wus lajeng lumebeng pura, sapraptane paregolan tandya aris, mring kang ajaga lawang.
  7. Heh ki sanak Ki Ageng ing Pengging, napa wonten pinarak ing wisma, kang tinanya lon ature, inggih wonten pukulun, apan lagya gerah samangkin, lami tan dhahar nendra, neng kobong pitekur, tan arsa siniweng wadya, Pangran Kudus semana ngandika malih, lah dika amatura.
  8. Làmun wonten dutaning Ywang Widi, Jabarail dhawuhken timbalan, lah ta umatura age, kang liningan agupuh, gurawalan lumebang puri, weling atur parekan, semana wus katur, Ki Ageng Pengging gaijit, yen mengkono aturana dipun aglis, kang ngaku dutaning Ywang.
  9. Konen laju lumebeng jro puri,cethi kalih medal sigra-sigra, wus prapta paregolane, kapanggih Pangran Kudus, gya ngaturan laju mring puri, wus kerid lampahira, malbeng dalam agung, jeng pangran gya uluk salam, kyai ageng ngalekumsalafn nauti, amingkis gubahira.
  10. Pangran Kudus wus minggah ing kathil, sesalaman wus tata alenggah, kalambu tinangkepake, Kiyageng lon amuwus, lah katuran panduka yayi, sarawuh jengandika, ing Pengging reningsun, Jeng Pangran aris aturnya, insakallah kiraka sami basuki, Kiyageng malih nebda.
  11. Mring rubiyah kinen asesaji, anyugata tetamu kang prapta, tandya lumengser mring pawon, Kiyageng kang kawuwus, alenggahan priyagung kalih, Jeng Pangran Kudus nabda, kiraka keng dhawuh, arinta Jeng Sultan Demak, pan panduka ing mangke dipun timbali, sarenga lampah amba.
  12. Kyai Ageng ing Pengging nauri, tinimbalan pan wonten punapa, ing riki tiyang dhedhekah, tinimbalan ing ratu, pan rumuhun d e l a s a n , manira tan ngawula, tan kabawah ratu, iya gusti ya kawula, kahanane kawula pan sangking Gusti, gusti sangking kawula.
  13. Pangran Kudus sugai anauri, pan kiraka sira kekandhangan, yen tan mantep panggilute, Kiyageng lon sumaur, pindho gawe sira ki bayi, lamun dikecapena, pesthi dipun ulu, den lepeha siya-siya, lawas luwas kawruhe kurang patitis, yen sira semamara.
  14. Pangran Kudus angandika malih, lah Kiyageng panduka piliha, ing jaba lawan jerone, ngisor miwah ing luhur, pan ing kanan kalawan kering, ing pungkur myang ing ngarsa, ana ora iku, kang sepi luwih ramenya, ingkang rame kiraka aluwih sepi, Kiyageng Ion angucap.
  15. Yen miliha jero mapan sisip, yen miliha ing jaba pan sasar, semang-semang pangidhepe, yen miliha ing luhur, pan kemandhang dipun ulati, lamun miliha ngarsa, yekti sasar-susur, sasare pitung medahab, ngisor dhuwur kiwa tengan duwek mami, orane duwekingwang.
  16. Pangran Kudus delingira manis, heh kiraka ing Pengging panduka, bisa mati jro uripe, pan ulun arsa weruh, pan Kiyageng aris nauri, sayekti isun bisa, aja na sireku, nora agegampang iman, lamun sira arsa wruh peksi kang adi, pasthi wruh sangkan paran.
  17. Pangran Kudus sugal anauri, lah ta endi pati-uripira, Kiyageng alon wuwuse, beleken sikutingsun, ing sasekingira pribadi, binelek duk semana, niba nuli lampus, tandya wau uluk salam, Jeng Pangeran Kudus alon anauri, pan alaikumsalam.
  18. Wusnya seda Ki Ageng ing Pengging, garwanira dahat tan uninga, pan lagya nata suguhe, Pangran Kudus pan sampun, mudhun sangkin kobong anuli, kintar mring panggenanya, sakabat ing dangu, wus prapta wisma ni randha, sabat pitu kepanggih sadhiyeng westhi, tan nedya mundur yuda. 

PUPUH XXX
D  U  R  M  A

  1. Jeng Pangeran ing Kudus alon ngandika, mring sabat pitu sami, lah payo umintar, nanging wewekas ingwang, kelamun dipun tututi, ing kulawarga, nira Ki Ageng Pengging.
  2. Poma padha aja na nglawan ing yuda, den teteg ywa gumingsir, eca lumakuwa, sabat matur sandika, semana sampun lumaris, gantya kocapa, kang kantun aneng Pengging.
  3. Rubiyahnya Kiyageng nata segah, pan wus sumekta sami, genya olah-olah, arsa atur uninga, ing raka lumebeng puri, sapraptanira, ing jrambah-kobong nuli.
  4. Nganti-anti pangandikane kang raka, dangu tan walang sisik, tinutup gubahnya, Rubiyah grahiteng tyas, seksana gubah winingkis, tamu tan ana, kang raka pan gumuling.
  5. Ni Rubiyah gupuh manambuting raka, semana wus ngemasi, anjrit tebah jaja, karuna ngaruhara, geger kulawangsa Pengging, estri lan priya, alok kalebon sandi.
  6. Wusnya kumpul sakathahe kulawarga, pra samya andum kardi, nyaeni kang seda, layon wus siniraman, ngulesan sinare nuli, uloning wisma, padaleman ing Pengging.
  7. Tan cinatur rerenggane kang wus mukswa, gantya winarna malih, sagung kulawarga, mangrenggut sadhiyeng prang, gegaman susun agathik, tungguling yuda, daludag gandera sri.
  8. Ingkang dadya pangiride kulawarga, tetuwane wong Pengging, kaprenah sentana, Radyan Lembuhandaka, lawan Lembusingat katri, Lembumakilat, kapat sang Lembuthathit.
  9. Sigra mangkat nututi kang lampah cidra, ngaler-ngetan lumaris, pan sarya karuna, nguwuh ambelakena, gustine kang sampun lalis, datan pantara, lampahnya wus kaeksi.
  10. Lamat-lamat wong wolu awirandhungan, tandya inguwuh aglis, lah ta antenana, santri kang laku cidra, wasisakna isun iki, padha prawira, payo tandhing ajurit.
  11. Kembulana ya iki Lembuhandaka, lan Lembusingat iki, tuwin Lembukitat, Lembuthathit kapatnya, dhangkele wong Pajang Pengging, payo mandeka, Ngran Kudus miyarsi.
  12. Sinumbaran kinepung dening gegaman, ing kanan kering wuri, sinurak ing kathah, binendrong ing senjata, jeng pangran eca lumaris, tumengeng wiyat, manadhah asta kalih.
  13. Panuwunya semana sampun katrima, ing Hyang kang Mahasuci, sakabat karuna, kedah manglawan yuda, Pangran Kudus datan apti, padha menenga, pasraha ing Hyang Widi.
  14. Begja lara pati pan nora bebakal, Jeng Pangran ngasta aglis, tekenira jungkat, ingaweken mring kanan, wong Pengging samya nututi, pengrasanira, mungsuh ewon kaeksi.
  15. Wadya Pengging sedaya samya gambira, tan ana nedya urip, ketang tresnanira, gustine kang pralena, kapang-kapang anututi, ing tawang-towang, jeng pangran wlas ningali, jeng pangran wlas ningali.
  16. Wadya Pengging balulungan tandangira, ngidul ngulon manangis, Pangran Kudus sigra, mangawe ecisira, mangalor dipun tututi, kangjeng pangeran, mangetan lampahneki,
  17. Salisiban wong Pengging pangusirira, den sengguh musuhneki, nora suwe ilang, wau kang tinututan, apan ta padha abali, cuwa tyasira, grahita tan andugi.
  18. Apan ana wong tuwa iku satunggal, peling mring kancaneki, yen kena paekan, baris Pengging punika, angajak mundur tumuli, wus tinetegan, sedaya sami mulih.
  19. Apan gantya wau ingkang winurcita, Pangran Kudus lumaris, lan sakabatira, pepitu lereb marga, nalika ing wektu mahrib, salat seksana, sakabat makmum sami.
  20. Bakda mahrib memuji dumugi isa, sawusnya donga mangkin, tandya ebam ngisa, salat sunat semana, kamat perlu isa aglis, sawusnya bakda, sadalu tan aguling.
  21. Maos donga nenuwun raharjeng lampah, Jeng Pangran Kudus mangkin, pranyata minulya, prawira gagal lembat, ekas tekabul ing ngelmi, putus weweka, kasmaran kang ningali. 

PUPUH XXXI
ASMARADANA 

  1. Ing bakda subuh lumaris, jeng pangran lan sarowangnya, angalor-ngetan lampahe, yata ganti cinarita, wadya Pengging semana, saundurira angelut, tetamu kang mawa cidra.
  2. Lampahnya tan angsal kardi, kluhuran ing kawibawan, pra sami susah manahe, sentana Pengging sedaya, jalu estri karuna, ni Rubiyah tyas matrenyuh, kaetang kang sampun seda.
  3. Tilar putra meksih alit, kalangkung ing kawlasarsa, Mas Karebet jejuluke, semana apakumpulan, sagung kawula-warga, ngaos pitung dintenipun, ambengan anulya medal.
  4. Weradin binagi-bagi, sentana myang kulawarga, ketip modin marebote, tan ana kangkaliwatan, ambengan pirang-pirang, salawat hanggung lumintu, santri lit bungah kalintang.
  5. Akembul pra samya bukti, wus bibar andum barekat, tan cinatur reruncene, yata wau cinarita, kang lagya asungkawa, nyai Geng Tingkir ing dangu, sasedane lakenira.
  6. Kiyageng dereng alami, katetah midhanget warta, kang rayi Pengging sedane, garwane lajeng agerah, Ni Ageng Tingkir sigra, tetuwi mring Pengging gupuh, tan cinatur lampahira.
  7. Ing Pengging pan sampun prapti, laju lumebeng ing pura, panggih nyi ageng kalihe, angrangkul samya karuna, kagagas ing werdaya, dhuh lae ta kadangingsun, katuwone kang atilar.
  8. Wus tata lenggahan sami, kathil sakalihanira, Ni Ageng Pengging ature, kang embok sami katuran, sarawuh jengandika, Ni Ageng Tingkir lingnya rum, iya yayi sun tarima.
  9. Ing sih palimannaneki, marmane yayi sun prapta, atetinjo mring dheweke, sasedane lakenira, kabubuh sita lara, abanget trenyuh tyas isun, nyai geng aris turira.
  10. Kakang bok sasedaneki, arinta dalasan mangkya, ulun tan dhahar lan sare, kaetang putra panduka, pun Karebet punika, dene lare misih timur, tinilar sudarmanira.
  11. Sinten kang ulun ngengeri, tan saged kang bok kantuna, leheng tumekenga layon, Nyai Geng Tingkir lingira, yayi aja mangkana, den narima ing tumuwuh, ing lohilmakpul sinurat.
  12. Begja lara lawan pati, pepesthen pan datan kena, temahe salah kepaten, kang rayi nuwun aturnya, ni ageng malih nebda, yayi yen pareng karsamu, putranira isun gawa.
  13. Ni Ageng Pengging turnya riss, kakang bok sumangga karsa, nanging ta panuwun ingong, ing mangke atadhah duka, yen wus ulun waluya, putranta pun Krebet katur, Ni Ageng Tingkir ngandika.
  14. Sun turut karsamu yayi, poma ta wawekasingwang, den agedhe panrimane, den awas godha rencana, ing reh kang tan raharja, yeku tan pantes tiniru, esthinen ingkang sanyata.
  15. Lah wis kariya ta yayi, pun kakang mulih mring wisma, ing Tingkir sapungkur ingong, den bisa amomong putra, tuwin kawulawarga, sira yayi kang katempuh, sasedane lakenira.
  16. Ni Ageng Pengging ngabekti, kang raka angrangkul jangga, tansah kumembeng waspane, wus luwaran kalihira, nyi ageng kondur sigra, kang tinilar kari mangu, ketang sawelinging raka.
  17. Gerahe saya ngranuhi, yata genti cinarita, Jeng Pangran Kudus lampahe, ing Demak pan dereng prapta, tansah awirandhungan, amesu sariranipun, kaetang kang wus pralina.
  18. Jeng Pangran waskitheng gaib, tan samar ing sangkan-paran, nanging sinamun netrane, sakabat pitu tan duga, dene lawas neng marga, sun wentara gusteningsun, angiras karsa lelana.
  19. Pan ngantya sedasa latri, ing Demak pan dereng prapta, kalangkung remben lampahe, semana ing wancinira, wektu luhur duk prapta, kendel satepining ranu, lajeng prasamyaa salat.
  20. Roning pepe kang kinardi, lelemek denira salat, wus bakda gya donga mangke, sakabat amin sedaya, sawusnya denya salat, jeng pangran ngandika arum, kali ngendi aranira.
  21. Sakabat matur ngabekti, pukulun dereng uninga, lepen punika wastane, jeng pangran alon ngandika, isun paringi aran, ing kali Pepe puniku, dene marengi sun lenggah.
  22. Lalemek ron pepe mami, sakabat jumurung karsa, katelah mangke wastane, ing kali Pepe punika, tandya laju lampahnya, tan cinatur lamenipun, wus prapta talatah Demak.
  23. Ing wektu asar kang wanci, sawusnya abakda salat, akondur marang daleme, angasoken sariranya, sanget sayah neng marga, enjing kewala lumebu, sasowan srinaranata. 

PUPUH XXXII
S  I  N  O  M

  1. Angantya ing dina Sorna, sowanya lumebeng puri, pepakan para pandhita, niyaka punggawa mantri, putra sentana aji, ngatingalken karyanipun, kadya Sang Kramadaya, dinuta Sri Rama aji, mring Alengka anukma garma Dyah Sinta.
  2. Rawuhe ing Pancawatya, pepak rewanda geng-alit, pranyata duta utama, putus prawira tur sekti, sembada angsal kardi, jeng pangran ing pamrihipun, supaya tiniruwa, sakeh dutaning narpati, angiriba pakarya ingkang utama.
  3. Jeng Pangran Kudus pranyata, sembada warnanya pekik, limpad angentasi karya, putus ing elmu tur wegig, dhasar teteh atitih, akeras ibadahipun, wasis ing pamicara, dhasar grahitane lungit, byar raina pangeran pan arsa seba.
  4. Enjinge ing dina Soma, sang nata miyos tinangkil, wau aneng pagelaran, supenuh wadya kang nangkil, upacara merapit, pra Wali ing kanan prabu, tuwin para ulama, pukaha lan para tabid, pra pandhita atarab sowan neng ngarsa.
  5. Kyana Patih Wanasalam, sumiweng ngarsa narpati, andher niyaka bupatya, kaliwon panewu mantri, prajurit jro merapit, tan pantara dhatengipun, Jeng Pangran Kudus sigra, sumiweng lenggah neng kursi, atur sembah sang nata aris ngandika.
  6. Heh yayi para bageya, serawuhira sun tuding, apa sira antuk karya, jeng pangran matur wotsari, berkah dalem kapundhi, raharjeng ing lampah ulun, ngemban sabda narendra, kawula dhawuhken aglis, mring pun kakang Ki Gedhe Kebokenanga.
  7. Ananging sanget lenggana, sumiweng ngarsa nerpati, tan rumaos yen kabawah, akiyas kedah ngengkoki, tan arsa nampik milih, sedayane pan winengku.

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: