alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BABAD MANGKUBUMI


Ing sakonduripun sanget kaduwunging penggalih tuwan Eseman ingkang maru, bupati kang jumurung rembag kang lenggah wadana ngantos wonten ingkang pejahipun kalawe.

Saking aturipun bupati ingkang jurung rembag wau, sarehning tilas Oprup Surakarta amemundhuta sawetawis kados angsal. Punika menggah prakawisipun Pangeran Prangwadana, inggih semanten ugi sanget kaduwungipun dene noyanipun telas.

Semanten tuwan Panredhe wonten Betawi kathah prekawisipun, anunten ngajal. Sampun kagentosan Komasaris Jendral, sarta misuwur badhe mertamu dhateng ratu sekaliyan.

Tuwan Oprup Iseldhik anglangkungi bingahipun, ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sareng mireng yen badhe wonten tamu Kamasaris Jendral. Raden Tumenggung Natayuda kaapunten, wangsul lenggahipun lami Kaliwoning Patih. Raden Tumenggung Martanagara lumebet dados prawara sekawan, semanten Ingkang Sinuhun animbali Oprup Iseldhik kadangu badhe wonten nama punika.

Ingkang pangandika, “Arep ana gawe apa? Nanging ing kene ora ana apa-apa, lang ingsun wis karuwan yen kabawah dening Kumpeni Jendral. Amung aja gawe malu bae”. Aturipun Oprup Iseldhik, “Ingkang punika kula boten mangertos, pangandikanipun Sultan makaten. Kaliyan dereng kantenan tamtunipun, sebab kula dereng tampi serat. Sanadyan tamtu mertamu, punapa ingkang dados sumelang sobat Kumpeni lan Jawi?”.

Ingkang Sinuhun angandika, “Iku mesthi ewuh luhuring kaurma* an. Yen banget ngungkuli Gupernur, ingsun pasthi ana kiwa”. Oprup Iseldhik melehaken pangandika wau,” Sultan sampun angraos piyambak, estu sepuh Kumpeni karatonipun. Nadyan Komasaris Jendral tamtu boten purun wonten kiwanipun tuwan Sultan”.

Ingkang sinuhun langkung awrat galihipun, Oprup Iseldhik suda tresnanipun lajeng pamit mantuk. Kacariyos Oprup Iseldhik pamit dhateng Idlir ing Semawis anuwun tempo nggenipun jagi Nagari Ngayogya. Sabab asring . seliringan kalayan karsanipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Boten wande dados aseman, manggih dedukanipun Jendral. Lan sampun nate kasendhu dhateng ing tuwan Besar. Sabab lampahing nagari kagalih sesrama patrap, keranten kaprayogi sawetawis karsanipun kadherek. Dene ingangkat ratu, Kumpeni priksa yen mursal, kuwasa nglungsur tuwin damelan teksih kasumitra.

Mila ing sawetawis den mong, saking dening rumeksa tentreming Nungsa Jawa. Tuwan Oprup Iseldhik tinurutan, njagi kantor Surabaya dados Sekeber lenggahipun. Ingkang gumantos Oprup Pandhenbereh, ananging dereng mupakat ngantosi kuntrak pengangkat.

Ingkang Sinuhun lajeng suka, dening dhateng Oprup Iseldhik boten condhok. Nujoni dinten Saptu, Oprup sowan lan Pandhembereh, namung taksih dados Bekahur, lenggahipun kursinipUn mawi kasuran kasami kalawan Oprup. Saking karsanipun Ingkang Sinuhun ing benjing masa wandea mawi. Tuwan Oprup Iseldhik sanget nesunipun, kasuranipun kadhupak dhawah ngarsa daIem. Nanging penggalih dalem ugi leres ingkang nepsu. Tuwan Oprup lajeng pamit mantuk, para bupati sangetpengungunipun.

Ing sawusing kurmat, Oprup Iseldhik pasrah sorog, pamit kesah saking Nagari Ngayogya. Amitungkas dhateng Raden Tumenggung Natayuda, “Becik kang ngati-ati, karo dene maneh Pangeran Natakusuma kenaa dirungokake saka nagara kadohan”.

Ing semanten Oprup Pandhembereh kacariyos, inggih boten patos rujuk akaliyan Ingkang Sinuhun. Asring sliringan margi saking piyakahipun Ingkang Sinuhun. Para bupati manglahmanglih saking ewed ingkang linampahan, yen pinuju Oprup nesu kakresakaken ngrapetaken. Yen Oprup lega, pinakung panuwunipun. Kangjeng Sultan boten panggah, mubeng sabarang ingkang rinembag, singlar angampunging bala.

Tuwan Oprup mutungi pasang, ngantos angaturi rembag dhateng Gupernur ing Samawis. Ngrembag Kangjeng Sultan, prayogi linorod sinahnan ingkang respati. Kumpeni kaluhuran winangun kalawan aprang, Idlir Sakeber boten rembag. “pandhembereh kumawawa angrembug. Dudu bobote anyalini ratu, durung trang kang gedhe, sisip dahuru jaman agawe tuna, pasthi nemu paukuman”.

Parentah amung lereh-lirih, ngaturi pratela sabarang solahing ratu masa borong Rat India. Pandhembereh sareng mireng sakalangkung ajrihipun, Kangjeng Sultan boten priksa yen dipun maha. Semanten Komisaris Jendral ingkang kawartos rumiyin dhateng Semawis, saha lajeng suka serat dhateng ratu sekaliyan,  nembung badhe amertamu.

Rat India Nagri Welandiingkang sami pitungkas, kakarsakaken apepanggih sedaya para Raja-Raja ingkang prasobat dhateng Kumpeni anglulusna kapenedan, ngiras papriksa kantor Kumpeni ingkang wonten Tanah Jawi.

Yen lega Ratu kekalih, angrumiyina pepatihipun, tunjuk muka dhumateng ing Semawis. Barang reh kang sumelang, rinumbug rumiyin. Ing benjing bilih pepanggihan sampun wonten ingkang simpen galih, patih kalih mangkat dhateng Semawis.

Patih Danureja kenging rengu, saking wewelingipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan kathah pabelanipun. Komisaris Jendral langkung duka dhateng Oprup Pandhembereh, “Yen mengkono, Tuwan Ingglar, peten tengah. Gawenen tugu nagara, wates Sala lan Ngayogya. Ratu loro konen gawe loji, sapa kang mbangkang ora gelem nggarap, iku wis tita alane, sedheng rinengkuh satru”.

Komisaris Jendral lajeng dhateng ing nagari Bangwetan. Patih Surakarta tinarima ananging boten amertamu. Patih Danureja antukipun suntrut, Idlir Singglar amertamu dhateng Surakarta tuwin Ngayogya andadosaken loji tengah nagara. Dhusun Kalathen ginarap roroning tunggil, kacariyos sampun kalampahan sarta kaenggenan wadya Kumpeni, tetindhipun kumendham. Mawi demang jagi tunggu enggon, Ratu kekalih sami urunan.

Kacariyos Jendral Setratel tilar dunya, Idlir Wise ingkang gumantos dados Gurnadur ing Nagari Ngayogya. Raden Rangga Mancanagari ngajal, anakipun gumantos lajeng kapundhut mantu dening Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Dhaup ingkang rayi Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom .Amengkunagara, lan sampun cinetha tiyang nujum kang alul petangan. Yen benjing dados ratu sapadang-sapanginang tamtu anglakoni dadi ratu. Alas Pethik kang dipun enggeni, sampun dados pocapan. Rangga Pethik benjing yen dados ratu, amiwiti rengkaning bumi. Samanten Kyai Adipati Danureja ngajal, Raden Tumenggung Martanagara ingkang gumantos, nunggak semi dhateng ingkang eyang ananging sanes wewatekanipun.

Ingkang eyang ambeg mulyarja, Raden Martanagara ragi gumunggung. Ingkang Sinuhun langkung asih dhateng mantu tetiga, Raden Tumenggung Sumadiningrat, Raden Rangga, Raden Patih Renggengkara, putra jaler anggepipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan.

Kangjeng Gusti Pangeran Dipati ing galih sugun-sugun dhumateng ipe tetiga, amulet sih para ipe den pasrahi, ingkang sarira tinitipaken. Para ipe sami sumungkem dhateng Kangjeng Pangeran Dipati, ingkang rama galihipun sakalangkung mengkak. Dene para ipenipun sami suhud dhateng Pangeran Dipati.

Sabarang karsanipun den palangi dhateng ingkang rama. Pangeran Adipati langkung kaken ing galih, dene ingkang rama boten maklum dhumateng ingkang putra. Mantu tetiga asringasring dhinendha picis, saking galih benter.

Raden Rangga, Raden Sumadiningrat sami ajrih benggang lan Pangeran Dipati, amung Patih Danureja saya anjar’ag trapnya. Den ranggoni Pangran Dipati gelarnamar maras tebih lan patih. Bindondhet wrating tresna, dados sabyantu mangan upas barang ngemasi. Ingkang Sinuhun mangu ering, karsanipun ingkang putra den palipir den kewat, dipun semoni. Deres manggung rinaosan, Raden Rangga, Raden Sumadiningrat ingkang manah mandhek tumolih. Menawi ing benjing kantun lan patih, sihipun Pangran Dipati yen sampun jumeneng ratu dados rebut dhucung ngaturi tur sesinglon.

Ingkang Sinuhun mireng wegah, kang galih sampun ering dhumateng ingkang putra Pangran Dipati. Asring-asring kang paman Kangjeng Pangeran Natakusuma kadamel ngrogo batosipun, Raden Patih yen den pilaur ingkang paman sudarma yektos. Danureja nangga setya Islam, medal saking umat Rasulullah.

Yen awrata dhateng ingkang paman, boten liya ketang pyuhing manah amung Kangjeng Gusti. Sanadyan dhateng rama dalem Ingkang Sinuhun, yen tan yukti apeputra ing Kangjeng Pangeran Dipati utawi salinkarsa, putra Hya ingkang dipun badheni labih bicara rungsit, Enggala Kangjeng Gusti jumeneng Ratu, temahan sinatru boten keweda dhateng ingkang rama tuwin dhateng ingkang paman.

Epyuhing galihipun Pangran Dipati, boten sela-sela dhateng patih masrahaken raga jiwa. Kacariyos marasepuhipun Pangran Dipati, Raden Sasradiningrat mrina. Ngaturi penjawil dhateng Kangjeng Pangeran Natakusuma, cethaning wong pepetengan, ajar tapa ing gunung Wilis. Yen ing berljing Pangran Dipatijumeneng ratu, sabbyantu nunggil galih kang paman ngembani ratu, mulus kawijayeng rat.

Yen wong agung kalih sengit, saestu kocar-kacir melasaken Nagri Ngayogya. Gumujeng kang tinuturan, ingkang pangandika, “Nora sedya, nora ngimpi ngembani, awake dhewe ora sampet  sakabehe. Ora peget cuwalan, tur nora cukup. Kakang Sasradiningrat asung pemut, trima kasih. Yen saestu njangka, dede reka daya. Mantune kang dipengetna, yen mamrih karya sayekti. Sigug wong kebawah, gampang wisesa kang misesani” Andheku kang sinung sabda, tembungipun, “Ajrih matur, asring boten kadhahar. Salah galih kawastnan mamrih ungguling putra dalem estri, bicara tanpa wusana”.

Sasradiningrat sampun mantuk, semanten Kangjeng Pangran Natakusuma, sampun kathah ingkang putra kakung putri tan dreman yuswanipun. Sepalih ingkang seda, sepalih ingkang rahipun pait. Wonten kakungnama Raden Mas Salya, sedheng sampun diwasa dados kanthinipun ingkang raka sepuh piyambak. Putra telenging galih, kala dutane duk wonten kabar lampor geger gumuruh Nagara Ngayogya. Yen metu budine benjang tedah ngontragaken nagari. Nalika kang ibu meh anyidham, wonten kapal angrik, ngupadosi ingkang ibu. Kados kandhuhah najar, kang katrajang bubar tumunten kaprajaya dhateng Kangjeng Pangeran Natakusuma. Kapal wau pejah, wonten tiyang ngimpi, ajar njaluk ruwat ngupados ingkang dipun ngengeri. Kacariyos Oprup gantos Pandhenbereh, pilenggah Oprup ing Surakarta, Waterlo ingkang gumantos wonten Nagari Ngayogya. Saya resah, Oprup sugih sambutan.

Kangjeng Sultan remen pepara ing wana, ardi Banyakan kadadosan Indrakila kang nami. Sakilen Kreseng Kanigara namanipun kinantha pesanggrahan, margi pinrapat.

Nuju mangsa rendheng mempenging jawah, kidang menjangan sami nebih. Ingkang Sinuhun langkung cuwa kang galih, pra bupati kabageyan urun ngiseni bebedhagan, pandamelan awratipun anglangkungi.

Bupati mantri sami ngresula. Ingkang Sinuhun, nuju mesanggrahan nyare ing Kanigara ing ardi, badhe nimbali putra santana numpu sarta dhahar eca, kenthing dinten Kemis eniing.

Semanten Pangeran Natakusuma kagungan tiyang magangan ing Mangundipuran, Wiryatruna, saos bekti matur wadi. “Saking jrih munjuk, kawula lit sanget mrina ing Kangjeng Gusti sabab badhe bineskup dhateng ingkang raka dalem.

Ingkang Sinuhun wonten ardi, margi para sekawanan punika prantos pasangan. Kangjeng Gusti ingapus krama, baris pendhem tinedah keping. Ing margi badhe abrubuh, kula mireng piyambak, boten nyambut pamireng.

Marengi Kyai Tumenggung ngrembag sabab punika, ingkang Sinuhun parentah. Kula siluman, nalikeng kabar rehning paduka tinarka boten sumuyud ing raka dalem. Dados kelilip ing wingk.ing, sum.edya kaimpes ing wana.

Kejawi saking karsa dalem, prayogi dipun oncati, tengkar prabawaning prang. Begja singa. tiwas Kangjeng Gusti ngrebat nagari. Tiyang Ngayogya kathah sami sakit manah, boten sumungkem ing raka dalem, Ingkang Sinuhun.

Kangjeng Pangeran sareng mireng, kumepyur galih pepanggihan. Partisara ingkang kagalih, lan angraos saral. Dados kathung lan boten kagungan abdi ingkang prawira, lan boten angraos galih silib.

Semanten Kangjeng Pangeran Natakusuma dumugi ing semados. Kemis enjing tindak piyambak tanpa abdi, amung lan gamel buntut kapal, ingkang abdi kantun sadaya.

Sareng dumugi ing ardi, tiyang satunggal dereng wonten. Wanci jam sekawan, sareng byar para sentana sami dhateng ndherek Kangjeng Gusti Pangeran Dipati. Taken ing paman, wangsulanipun ajrih kantun. Semanten sampun miyos Ingkang Sinuhun, saha den iring prajurit estri, putra santana sampun bodhol, tuwin prajurit lebet sami mbebedag.

Ingkang Sinuhun langkung suka. Sesampunipun kendel anunten dhahar, ingkang Sinuhun kondur. Lan asring-asring miyos ardi wetan Indrakila. Tuwan Oprup katimbalan, tuwin lelangen ing seganten.

Samanten Ingkang Sinuhun sampun kondur, Kangjeng  Pangeran Natakusuma rumiyin, kabar badhe pinrantos wonten ngardi Kanigara. Kenyataanyen wong bebangus, akaling Mantri Prameya saking kawraten ing damel mamrih mayar.

Yen Pangeran purun mirong, nadyan kathah para sentana, dununging sih swarga amung satunggal punika. Pangeran Natakusuma pantes rame lan ingkang raka. sagendhinge katadhahan. Wong Ngayogya enggal suyud, wong cilik gampang memecuk sapada dikinawulan. Rewange gunem, pikir lan Ki Wiryatruna lan sampun dados Mantri Panuwa, patine ketonjokan sinuduk ing kancanipun.

Kacariyos Raden Tumenggung Natayuda mentas saos nandhang sakit, mung sedalu lajeng ngajal. Rerasaning wong, boten liya kajawi Raden Patih kang misayani. Sebab yen taksih kang uwa, sabarang kajengipun cuwa. Yen sampun sirna, boten saksak ajengipun dados. Nagari Ngayogya kagem tingaIanjer Tumenggung Natayuda ngemoning Pangeran Natakusuma.

Entheng abot sinangga kang rama satru ati. Lenggahing Natayudan lami dereng kagentosan, kados wonten ingantosan karsa dalem Ingkang Sinuhun.

Dene Raden Tumenggung Natayuda, tilar anak jaler kekalih, anunten gumantos. Ingkang sepuh nunggak semi nama Natayuda, ingkang anem nama Nataprawira. Kaliwon Patih Bekel lowong, mangka wakil Pangeran Dipakusuma ngalih dhateng njawi.

Kathah bupati anyar, sami liyeran linggih. Kang rinaket dhateng Ingkang Sinuhun, abdi kadipaten Panji Purwadipura Gedhong tegen pinisepuh.

Semanten Kangjeng Pangeran Natakusuma, tilaripun Raden Tumenggung Natayuda sanget prihatin. Raosing galih upami tiyang lumampah kapejahan obor ing margi. Lan kados baita, layaripun tatas, juru mudhi boten gumilir, pancer juru pandoman tatas. Juru semprongipun bawur, angin anglangkungi keras. Boten wande gonjing, katempuh pakewed, lan boten wande kabentur parang.

Semanten Raden Adipati Danureja sampun salin, sajak angisin-isin dhateng Pangeran Natakusuma. Dening Natayuda sampun ngajal, dhedhukune wis ora ana. Kados mekaten semunipun, Raden Patih saya maludag boten wonten kang dipun pakeringi.

Kacariyos, satilaripun ingkang sami sepuh, kantun ingkang para nayaka anem. Mantu tetiga, bupati kencong, sami rebat sihipun Pangeran Dipati. Dhasar sami sugih sumekta bandha, ngrumanteni wisma. Kelangenan ipe nem Raden Rangga anglangkungi beripun, buda mangreh Mancanagari.

Tansah angatur-aturi’kang sarwa edi, Raden Patih kewedan temah kasmareng dyah tur kaponakane. Sinandi den margani dhemit sumesep puyuh, penggalihipun Pangran Dipati dhateng Raden Patih.

Sareng kauninga, Ingkang Sinuhun langkung dukanipun. Lebet anggenipun anampeni penggalih, enget ing kina Trunajaya lan Pangeran Pekik.

Raden Patih dhinendha picis, bapakipun sanget pinendir lan asring-asring kinabaur-kinaburaken. Raden Patih sakalangkung prihatinipun, sedya pinolih boten pakantuk wewah karuntikan. Pisungsunga kang luwih yen dudu iku.

Kacariyos ingkang putra Kangjeng Pangeran Natakusuma ngabdi dhateng ingkang Sinuhun langkung kanggep. Lan sampun kawentar yen badhe kapundhut mantu dhateng Ingkang Sinuhun. Raden Patih jail paekanipun, ingkang kadamel ndhadhani silip, Raden Mas Sabirilan. Kangjeng Pangeran Natakusuma sampun kapanggih, matur dhateng ingkang raka anuwun dhuwung kadamel mirong.

Yen sampun santosa, kula sumangga darmi nglampahi. Mila kula marsudi sanget, sakit manah kula dene Ingkang Sinuhun boten ngopeni dhateng ing kula. 

Kangjeng Pangeran Natakusuma boten kalentu, tampining galih estu yen punika bujuk. Ingkang rayi cinepeng astanipun sarta kapopor, ingkang pangandika, “Katon apa, ujarmu kaya ngame. Aku ora gelah ing ratuku, dene kowe kaya wong baring” Ingkang rayi sanget arjihipun, sampun balaka yen sandining patih kangi aken anglobong. Kula yen angsal tandha dhuwung agemipun kangmas, kula kasukanan lenggah sarta yen rabi kabayangkarya.

Kangjeng Pangeran sareng mireng sanget getunipun ing gaUh, geteripun ingkang rayi den arih-arih sarta kaparingan yatra lajeng ndikakaken mantuk.

Kacariyos ing antawis lami, Raden Mas ginentosaken kabupatenipun. Ingkang uwa, Pratiwa jawi kiwa asring kasrimpet kasandhung margi, saking akaling patih prebawa saking sudarmanipun. Dening sumbaga guna, putus ing kawi, renggang rasa, kacaryan ing ratu. Drengkine saya ketara, keranten dipun akali yen ngungkuli sariranipun angraos wirang isin bapa tinandhing lan rama.

Raden Patih angait Bupati lebet. Arya Sindureja panas dhateng Pangeran Arya Natakusuma. Raden Sindureja mila tumuripun manawi beksa kinembar-kembar. Ingkang Sinuhun swargi, sanget kamayungyunipun. Ngantos dados galihanipun ingkang Sinuhun, punika nalika taksih Pangeran Dipati. Ingkang Sinuhun swargi mrina welas. Sinusupaken pinundhut sihipun, ingkang putra dhaup putri Kadipaten. Kaping kalih putrinipun seda, reraosanipun tiyang kathah, Sindureja saya mongkok piyangkahira, ing manah nunggil panceripun lan Pangeran Natakusuma. Sasolahpatrapipun ingemper den tiru, supe dhateng asalipun. Kancanipun mantri sami amengeti, sampun nyipta trah kusuma. Ngraosa kawula yektos, nanging kathah ingkang ngumpak, sabyantu lan Raden Patih. Lan sinanggupan lungguh sentana, benjing yen dados rekanipun sumilih Pangran Natakusuma.

Raden Patih abapa yektos bekti boten sela-sela, Riya Sindureja sengit dhateng Pangran Natakusuma. Nunten Riya Sindureja sakit lumpuh. Raden Patih ing manah langkung cuwa. Putra sentana sami kinait sungkema dhateng ing Kadipaten, ananging Pangeran Dipati taksih ajrih dhateng ingkang rama. Amung supados kathaha ingkang pisungsung, Raden Patih ingunggar-unggar, kawuron nggenipun amamrih sih. Raden atih ngepak dagangan, anglangkungi kathah sambutanipun.

Yen tinagih, malang kodhok tetawa picis ing jro kadhaton. “Aja kuwatir bab panyaur.” Para putra santana ing manah sami ketir dening kasagahanipun Raden Patih. Ingkang Sinuhun priksa yen patih kathah sambutanipun, cipta ambadheni ingkang putra badhe meksa dipun andhemi.

Semanten Pangeran Natakusuma saking watiring galih, matur dhateng Pangran Dipati, mugi den supeketna pun thole kalawan Prawara tiga.

Pangran Dipati wangsulanipun makaten,” Punika prakawis punapa?”. Kangjeng aturipun,” Mupung dereng, saking kuwatir kula”. Pangeran Dipati wangsulanipun,” Enggal sukaa priksa ing kula, kula ingkang abersihaken. Lan yen adhi Natadiningrat dados ipe, masa kula sanesaken kaliyan tiga punika”.

Semanten sampun luwaran, Pangeran Natakusma lajeng dhateng ing Danurejan nuju kang rama Raden Patih wonten, tuwin Raden Rangga. Ingkang pangandika Kangjeng Pangeran,” Si kakang Danukusuma mangka sahit. sarehning wong nom yen ana laiine saprayogane angelingna”.

Danukusuma sagah,” Yen adhimu iku besuk katriman putrane kangmas Sinuhun, aja ana kang benceng pikir. Kelut panasing wadon, meri padha sadulure. Sapira kamuktene wong ngaup padaning sinjang, lali marang sesanak. Yen nemu susah, tunggal wekase”.

Aturipun Raden Patih,” Dhateng leres rama, boten sumilir sarambut”, ucapipun sarwi mesem dhateng Raden Rangga wangsulanipun, “Dhateng kasinggihan”.

Semanten Kangjeng Pangeran Natakusuma sampun kondur. Kacariyos Ingkang sinuhun Kangjeng Sultan, Raden Ayu Sriwulan nama kangjeng Ratu Kancanawulan.

Ratu Anem, ingelih namanipun anama kangjeng Ratu Mas. Nama Ratu Anem, kaparingaken ingkang putra Raden Ajeng Sepuh, jumeneng Ratu Anem. Ingkang embok-embok sedaya Raden Ayu, Sumadiningrat kanamekaken Ratu Bendara. Ratu Angger kaparingaken dados namanipun Raden Ayu Patih, dene Raden Ayu Rangga nama Ratu Maduretna sarta sami kaparingan upacara.

Kacariyos, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan amemantu Raden Tumenggung Natadiningrat ingkang kapundhut mantu dhaup lan ingkang putra Kangjeng Ratu Anem. Marengi wulan Jumadilakir, Ingkang Sinuhun langkung suka kadumugen karsanipun.

Semanten putranipun Pangeran Ngabehi, putra estri kapundhut sinareng kepanggihipun Pangeran Jayakusuma. Tuwin anakipun Kyai Mangundipura kapundhut mantu anama Raden Jayadipura. Sekawan penganten putra dalem Ingkang Sinuhun, putranipun Yudakusuma saking peksanipun ingkang rama. Dene garwanipun ingkang Sinuhun tiga, dados pangaring. Putra jangkep tiga, Ingkang Sinuhun among ing garwa, pinarak dhateng loji.

Oprup Puterlo kang njagi pista ing Danurejan tuwin Srimanganti. Pangeran Ngabehi semu meri, Pangran Dipakusuma dados aseman tinerka angrojongi anjunjung ing lurahipun. Ngundhamana Pangran Dipakusuma, wicantenipun Raden Patih,” Ora ana ta weruhi, Liyane kejaba seka Kangjeng Gusti Pangeran Dipati. Dene liwat iuwih ngidhepken para Tumenggung”

Pangeran Dipakusuma wicanten dhateng Raden Rangga, “Keranten kula pepundhi, dening sami kang rayi Kangjeng Gusti tuwin ki lurah punika. Nama penganten, ageng alita ical sikuning nagari. Ngangge awisan saprayoginipun, saestu kenging. Punika adatipun, karsa Ingkang Sinuhun swargi”.

Raden Patih mireng, saya s§nget nepsunipun. Sareng sampun sami dumugi anggenipun dhaharan, lajeng bibaran. Pangeran Natakusuma utusan mriksa panggenanipun ingkang puttra, sareng dumugi Kepatihan utusan tinangkep ing Raden Patih.

Raden Patih sarwi jelih-jelih, sanget nepsunipun. Wicantenipun, “Jer rama ora ngandel menyang aku, aku ora wedi rama, wedi Kangjeng Gusti”. Utusan wau lajeng wangsul, Raden Patih matur dhateng ingkang eyang,” Kula boten saged nglampahi lampahan kados makaten punika, kula ajrih wayah dalem Kangjeng Gusti.

Rama, pun adhi tamtu enggal surut Kyai, Kangjeng Gusti tamtu enggal surut Kangjeng Sultan, mila Kangjeng Ratu Kedhaton sanget gethingipun dhateng Ratu Kancana.”

Pangandikanipun ingkang eyang,” Lumrahe wong nunggoni panganten disugun-sugun. Munduran teka dituturi, dawa cendhaking umur”. Kacariyos, Pangeran Natakusuma sareng mireng enget pitungkasipun Raden Tumenggung Natayuda rumiyin. Estu sanes watekipun kang eyang Raden Patih. Punika samanten Raden Patih, aremen angrong ing pawestri, para putri sami ginribig. Kacariyos Ingkang Sinuhun mireng solahipun Raden Patih, saya sangga runggi. Lan boten surut dhendha picis, sewu, kalih ewu. Raden Patih yen atur-atur penggalih dalem, trima lowung. Saestu Ingkang Sinuhun boten samar dhateng pamrihipun tiyang juti, Raden Patih saya njarag-njarag. Ciri wanci, lelahi ginawamati. ngGenipun nyengkiwing boten mantun dhateng kancanipun bupati, Dipun uwus-uwus dhinendha saya ndelarung, mantunipun amung sakedhap.

Kacariyos Raden Tumenggung Natadiningrat; kawulang dhateng Ingkang Sinuhun. Pangandika dalem,” Kang kenceng, aja gumedhe. Rasa sedheng, sapatute. Yen besuk dadi ratu, tuwa kowe dititeni. Yen loba mburu aleman, pryogane mung aja den sengiti. Yen raket, panas galihingsun. Wis, wadining Ratu rong prakara. Kadipaten, Kepatihan wakamu, Natayuda wong lebda dadine nyenyengit. Ana meningan pepatih, nanging ingsun wedi ngrasani. Batine wani menvang aku, dene Sumodiningrat wong sentosa, nanging pepikiran laku. Si Rangga dhasar jawal, nanging ladekediranggoni. Mung penjalukku marang kowe; di sepakon parentah anglokoni. Kowe kaponakanku, anake adhimas. Iku bae aja ngandelken ing ati. Ngawula, ya ngawula”. Raden Tumenggung, mituhu ing weling.

Kacariyos, Raden Patih langkung panas manahipun dhateng ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat dumugi ingkang garwa. Sabab angraos sumbaginipun kantun tumempuh dhateng ingkang rama Pangeran Natakusuma. Ananging sandenipun sae, lan sedaya putra sentana sami karuket mamrih anggening mbaceri para Pangeran sinludhah.

Mila ing semanten, Raden Patih kathah sambutanipun. Lan ing saben dalu reroyoman. Amung Pangran Kusumayuda ingkang boten tumut, awrat tresna dhateng ingkang raka. Ananging dipun persudi, lan sabarartg patrap gampil kadamel rungsit, menggahing bicara ageng.

Kacariyos Nagari Batawi, Jendral Wise .kendel. Kagentosan Jendral Laut, nama Dhandheles Mareskal. Susuhunan Prasman Napoliyun ingkang ndamel. Lawan wonten sor-soranipun nama, Jendral Mayor Wekes punika ingkang jagarunani yen wonten pambenganing Jendral Dhandheles Mareskal, punika ingkang anyambeti. Lan sampun mupakat, pundi ingkang dados bawahing Kumpeni sadaya, ing Nagari Ngayogya ingkang pineleng. Kocap Ratu ing piangkah dhateng Oprup dipun rengkuh abdi, dhateng Kumpeni tanpa kering. Rembag badhe kasalinan Oprupipun, amilih Welandi ing Betawi nama Piteriglar. Punika ingkang sumarah, anyagahi andhesek nata Ngayogya.

Sarta bisa bicara, berbudi. Ing Surakarta inggih semanten ugi, Tuwan Pambram ingkang tinedah mantuk, wonten Idlir saking  Semawis, Idlir Aglar linepas, mung Landros kang tengga Surakarta. Ngayogya salin Oprupipun, Waterlo dhateng Surabaya. Ingglar Oprup ing Ngayogya, nunten sinussulaken prentah malih saking karsanipun Jendral kang nama Oprup Minareng sarta Minister namanipun atas kang anedah wakiling pangreh Gupremen. Mister Ngayogya anggentosi pangwasanipun Gupernur ing Semawis, lan sinung tandha bintang sarta winenang payung mas padhang bulan.

Lan Kangjeng Sultan lenggah jajar ngajengaken ing Ratu, Minister boten kenging trapipun, sami lan Kangjeng Sultan. Ing sanalika campur ing pundi-pundi nggen pinarak Kangjeng Sultan. Boten kenging angungkuli ing Minister, lan kenging manggung topinipun.

Yen Kangjeng Sultan minum, inggih boten kenging Minis ter angladosi. Lan yen Minister dhateng utawi mantuk, Kangjeng Sultan enggal jumenenga. Yen besiyar pethuk, boten kenging yen mudhuna saking tumpakan. Amung bukak topi, wenang Minister angagengaken urmat.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, sareng mireng sakalangkung kaget ing galih. Sanget pangungunipun, angraos dhinesek karatonipun. Ingkang Sinuhun nunten amasang lelungit, nanging Minister angirih-irih boten angragoni, prentah kadamel selotselotipun kemawon.

Kacariyos Jendral Wikes angejawi medal Surapringga, lajeng dhateng ing Surakarta. Kangjeng Sunan sampun kentir saaturipun Minister Pambram, boten suwala linampahan. Wonten Solo boten lami, nunten Jendral Wikes dhateng Ngayogya. Raden Adipati Danureja, Raden Tumenggung Natadiningrat methuk wonten ing Kalathen. Putra Pangeran Mangkudiningrat ing Kalasan pamethukipun lan ingkang rayi Pangran Mangkubumi.

Pangeran Dipati wonten Jenu pamethukipun, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan wonten Wanayasa. Sor timbang Idlir ing Semawis, amung kaotipun Jendral yen lengggah wonten tengenipun Ingkang Sinuhun. Boten antawis lami Jendral Wikes wonten Ngayogya, nunten wangsul dhateng Surakarta malih.

Kangjeng Sunan kaparcaya urmatipun anglangkungi, ing semanten Jendral Wikes sampun mantuk saha lajeng layar dhateng ing Nagri Welandi.

Kacariyos Dhandheles Mareskal Gurnadur Jendral, badhe kuliling dhateng Tanah Jawi. Prajurit pinepak, kirang langkung saradhadhu pitungewu. Sabab bok menawi wonten prakawis, sampun suka srat dhateng Ratu sekaliyan Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta. Nalika punika kaleres wonten nagari Semawis. Kacariyos Prangwadana sowan dhateng ing Semawis, katrima dhateng Kumpeni sinung tandha bintang dening Tuwan Besar. Ingangkat putra wuragil, mangsuk dados prajuritipun Kumpeni. Wondene namanipun Pangeran Arya Prangwadana.

Kacariyos Ratu sekaliyan sampun tampi serat, Kangjeng Sunan miturut sumangga pmaraka, Tuwan Panbram ingkang ndhalangi. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan ing Ngayogya, ing galih salah tampi. Ubeg sadhiya kuda, warastra. Horeg tiyang sanagari, sarta mirantos.

Tuwan Jendral sareng mireng, sanget runtikipun. Lajeng suka srat dhateng Ratu sekaliyan, yen panuju nggalih putra tuwin santana wontena kang dhateng Semawis supados sami ningalana pirantosing gelar yen tiyang Inggris andhatengi.

Surakarta anglampahaken niyaka santana, Pangeran Mangkubumi. Ing Ngayogya ingkang tinedah, Rangga Prawiradirja kinanthen Pangeran Adinegara, Pangeran Dipakusuma kalih ngiras Surati.

Sampun dhateng ing Semawis, lajeng amangsuh ing Tuwan Besar. Ananging Jendral semu ewa dening manthelang lajeng ndikakaken ningali galadhi, lajeng ndh;kakaken mantuk.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, tumimbang sarapeksa. Jendral mireng sanget dukanipun, Pangeran Prangwadana pinalih prajuritipun. Ingkang sapalih mangsuk Loji Ngayogya,” Nanging aja salah gawe, yen durung masa” ‘Dumugi Ngayogya lajeng mlebet ngloji, Minister lngglar ingkang anyareteni.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sareng mireng, anglangkungi dukanipun. Para putra santana sami katimbalan, aprituwin bupati wadana prajurit. Ingkang pangandika, “Kepriye karsane Jendral penganggepe menyang sariraningsun, ngrasa temen ingsun iki kang ngangkat Ratu iya Kumpeni. Wedi, njarag tunggak kemadhuh. Digepyokake menyang aku Negara gumelar tan milu menyang akerat. Wong urip wekasan mati, audu wong lanang yen wediya tandhing Prangwedana”.

Sawega kang sami mireng, labuh ngasmaradilaga, paglaran binarisan. Raden Patih dhateng ngloji, mratelakaken dedukanipun Ingkang Sinuhun. Wangsulanipun Minister,” Sampun kuwatir ing galih, sebab Pangeran Prangwadana sampun mangsuk Kumpeni. Sampun tunggil saradhadhu kathah, sampun dede Jawi, kang abdi Tuwan Besar. Milane lumebet ing loji, ngungsi papan Semarang akeh pagering, Kula kang tumanggah, yen ngantosa ngrusuhi. Ujer Raden Dipati sok kurang pesaja ing Kangjeng Tuwan Besar, mangayale pepatih sabyantu Ratune sring dirasani”.

Kacariyos Jendral dhateng Surakarta, sipeng ing Salatiga. Ing Ampel kinecu bersih, lacaking tiyang awon dhateng ing Kedhu bawah ing Ngayogya. Kecu padha mreyayi amanggo pedhang Jepan, Jendral tumameng Sala pinuja rengga anglangkungi. Kangjeng Sunan pikantuk dhateng Kumpeni, boten lami Jendral dhateng Surapringga.

Patih Surakarta tumut, boten liya marunipun ingkang rinaosan. Nenajemi ngaben singat andaka, mendakaning prekawis lajeng suka serat dhateng patih Danureja aken ngupadosi kampak dene kecu anyenthulani Tuwan Besar.

Kacariyosan Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sareng mireng, kagurawaning galih sinayomaning Jendral tepang lan Surakarta, pepatih den reh ing patih. Putra santana bupati pratiwa sami kang katimbalan, saking penggalih dalem yen tamtu wonten prakawis. Manawi kirang cengkar, kadang kadeyan sami kawedalaken ginenah-genah panggenanipun. Wedalipun saking ngarsa dalem lajeng wonten Sri Manganti.

Raden Patih gedheg-gedheg, ing batosipun boten suwawi yen putra santana kakersakaken cengkar dhateng ing padhusunan. Inggih yen tamtu wonten prakawis, leheng sedaa wonten ing ngarsa dalem.

Kacariyos Jendral wonten ing Surawesthi tansah kasukan nutug, Patih Danuningrat semu kelajuk denya lebda micara langkung saking wewelingipun Kangjeng Sunan. Kathah narajang dhateng wewadi suwadining Ratu. Pambram kakersakaken nakeni antekipun Danuningrat, yen est’u Sultan Ngayogya pamursale menyang Kumpeni,” Wong Sala apa tan oncat?” Aturipun,” Inggih boten oncat, angsal nagri wangsul dados satunggal”. Tuwan Pambrem mangsuli, “Ora kena, nagara kagunganing Kumpeni. Karsaning Gurnadur Jendral mung dadiya tepa palupi, supaya Ngayogya lusuh galihe” Danuningrat ewed, amangsuli,” Anglendot ing Ratunipun?”

Kacariyos Tuwan Besar wangsul dhateng Surakarta malih, Wilter Idglar angaturi priksa yen Sultan Ngayogya sadhiya ing prang. Putra sentana sampun sami kinersakaken medal, pinarnah panggenanipun. boten ndhahar aturing patih tuwin Minister,” Tuwan Besar sanget ing dukanipun, prentah saradhadhu ginenah genah pabarisanipun turut ing margi. Pangeran Prangwadana samekta sadhiya, Jendral amangsuli serat pemut dhateng Minister ing Ngayogya.

Tuwan Besar angaring-aring tindak dhateng Kartasura, bebedhil cangkrama lan Pangeran Dipati. Danuningrat boten kantun lan sejanipun ing manah nyenyamar rawuh.” Tuwanku, ing saecanipun prang, taksih eca cangkrama lan dhahar roti, Tuwan Besar, langkung eca”. Dumadya sirna sihipun dhateng Danuningrat, weruh yen siniwering runtik, ulatipun kados mayit.

Kacariyos Tuwan Ingglar. sampun tampi serat, enggal marek Ingkang sinuhun Kangjeng Sultan. Atur priksa, yen Tuwan Jendral benjing-enjing badhe rawuh pinarak Nagri Ngayogyakarta pitungewu ingkang prajurit.

Pangandika dalem Ingkang Sinuhun, “Ing kene ana apa, mulane ingsun sedhiya ing biyen ingsun diwehi wruh bakal ana mung suh Inggris nekani. Roroning atunggal sabiyantu, ingsun uga sedhiya saos bantu”. Aturipun Minister, “Mila Tuwan Jendral kathah ambekta prajurit, sabab trang kang pamireng yen putra sentana kawedalaken pinatah papan ing dhusun”.

Pangandikanipun Ingkang Sinuhun, “Semonoa iku, ingsun ora ngarepake Gurnadur. Kang ora pegat dadi pangrasa mung wong Prangwadanan kang ana ngloji”.

“Rumiyin kula sampun pratela dhateng Raden Patih, kula ingkang nanggel bab tiyang Prangwadanan. Mila sabarang karsa, anantuna dhateng ing kula. Mokal Jendral mamriha dedenipun dhateng Sultan. Kula ingkang nanggel, dadosa banten prajurit kawis”. Ing pangandika dalem, “Trimakasih, bangsa bodhoa kang momong Ratu pesthi amrih becik”.

Minister matur malih, “Prayoginipun Raden Patih mundhiya seratipun Sultan, sarenga lampah kula amangkat mangke bangun enjing”. Ingkang Sinuhun langkung kayogyaning galih, Tuwan Ingglar sampun medal. Sareng wanci tengah dalu, sadaya sami katimbalan punapa dene para bupati. Ingkang Sinuhun lenggah ing panepen, lan ki pangulu sakancanipun pinisepuh.

Pangandikanipun Ingkang Sinuhun,” Iki Jendral arep teka nggawa bala, pitung ewu. Padha ingsun pundhut supatanira” Lajeng sadaya sami sumpah, putra sentana tuwin bupati.

Kacariyos Pangeran Dipati ing galih,” Kapiriye dadine ing wuri, Kangjeng Rama ora welas menyang aku. Dene renggang lan Jendral, ora bisa memetsih. Temah negarane, seje kang duweni. Yen mengkonoa Kangjeng Rama, awakku kudu bisa dhewe”.

Kangjeng Sultan ngandika malih, “Sokur-sokur adu tumbakcucukan, kaya iku kang kena supata”. Kocap serat dalem ingkang bedhe dhu’mateng Tuwan Besar sampun dados. Raden Patih sampun tampi weling dalem, Raden Patih nangga setya sarta aturipun, “Sinuhun yen taksih kula, mugi sampun kuwatir ing galih dalem”.

Panji Purwadipura ingkang andikakaken tumut dhateng Raden Patih, semanten Minister Ingglar lan Raden Patih ingkang dhateng Surakarta. Jendral sampun boten wonten, mantuk dhateng Samawis, Utusan kalih lajeng wangsul dhateng Ngayogya, katur ing Sinuhun sakalangkung kaduwungipun ing galih saha sanget lingsemipun.

Kacariyos ing antawis lami Tuwan Minister anyanthelaken atur, anyaosi prayogi mugi Sultan atura pratandha ingkang warna arta. Wonena saking kalih kethi, dhumateng ing Tuwan Besar. Dene Kangjeng Sultan, kaloka kajanapriya sugih. Amrih pikantuka ing sudara, sarehning Tuwan Besar mangsa punika kathah karsanipun. Atur kula punika mugi kadhahara, saking cipta mangudana ing panjenenganipun Sultan.

Ingkang sinuhun lajeng nimbali ingkang putra Kangjeng Pangeran Dipati lan para bupati ingkang sami anyepeng parentah. Pangandikanipun,” Prakara rembuge Ingglar, iya banget tarimaku, ananging yen semono kake.han, Sanggupku limang leksa, iku nama nyambut. Senadyan rembug prayoga, yen kakehan ora patut, ing satemah gawe mlarat”.

Aturipun rekyana patih,” Leres timbalan dalem, nanging yen angsal leksa kemawon, ingkang Sinuhun ragi kuciwa. Ingkang pitungkas Minister, Kedhik-kedhikipun kalihkethi, boten tuna. Apunten dalem, manawi lepat”.

Ingkang Sinuhun sareng mireng, kagugu yen patihipun sugih sambutan rumaos dipun akali. Kawedhar ingkang deduka, dhateng Raden Patih,” Anak putu nora layak, anyramakake kagunganingsun, pira lawase supata”.

Lajeng sami tinundhung medal, Raden Patih lajeng dhateng ing loji. Minister sareng mireng agedheg-gedheg, byar tangan,” Punapa den ucap sampun boten karsa ing priyogi, inggih sampun”.

Kacariyos antawis lami, mangsa adat maringi pisungsung pengangkat Jendral: lancang-mas lawan paidon-mas, dhuwung, gelas sami mas tuwin lapal.

Raden Patih ingkang lumampah lan Raden Natadiningrat, Tumenggung Sindunagara, Tumenggung Sumonagara, .carik dalem Kyai Prawirasastra, pengiriding lampah boten liya Tuwan Minister Ingglar, dragunder kaliwelas mirantos, utusan wakilipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan.

Utusan Surakarta, Patih Danuningrat. Tuwan Jendral kala semanten mentas saking Surapringga, andandosi beteng muwara. Boten sah wira-wira Semawis Surapringga. Tuwan Pambram langkung kangge, kangge saking danarasa.

Kacariyos Tuwan Pambram, kajunjung lenggahipun anama Jendral Kecil, miwah Kum’endhur wonten Nagari Semawis. Ing Surakarta kaiiras saking Semawis, Minister Ingglar langkung merang.

utusan patih kekalih sampun dumugi ing Semawis, serat sampun tinampen tuwin pisungsung sedaya. Nanging Jendral nilar tetamu, mantuk dhateng Betawi. Ingkang mangsuli patih kekalih amung Sekretaris jendral, adamel srat trima kasihipun dhateng Ratu sekaliyan.

Lan pisungsun wangsulan sampun tinampen, lajeng sami mantuk.

Adipati Danureja dumugi ing Ngayogya, sowan ing ngarsa dalem. Mungel sekretaris Jendral kang mangsuli serat, kang kekalihipun ingkang Sinuhun ngraos kandhap den endhak. Lan ingkang Sinuhun mireng kala mangkat dhateng Semawis, Raden patih mawi wangsul dhateng ing kadipaten. Ginalih wewadosiun, anitipaken kang sarira.

Kacariyos sampun gentos wulan, Minister Ingglar saya wegah, lan merang. Sesarenganipun Pambram, sampun angsal damel, pamit dhateng lurahipun nuwun tempo ngenipun jadi Nagari Ngayogya.

Tuwan Jendral katuju kang galih, begadring Nagari Ngayogya. Saangkuh-piyangkuhipun, beteng Betawi den undur..Jagange wiyar, kapurancang. Anama Mister Nelis kutha inten binukarjembatan pinotongan.

Para rat sami mambengi, dening loji pusaka ing Kutha Inten Wiwitipun, Tuwan Dhandheles malah gusar sami ajrih sadaya. Kacariyos ingkang badhe Minister Ngayogya saweg rinembag, milih Welandi ingkang sapakon amung majeng lawan parentah. Sampun angsal nama Tuwan Wise, gumantos Minister Ngayogya.

Yen Grebeg dhateng ing sitinggil, kurmat mriyem gangsalwelas. Ingkang Sinuhun mengkak kang galih, nanging boten punapaa. Selamine Minister Wise, mendha bicara amung remeh kemawon.

Kacariyos Kangjeng Ratu Anem, wawrat pitung wulan. Ingkang Sinuhun sugun-sugun anyirami ingkang putra mawi kairing ing Kumpeni, putra sentana, bupati mantri.

Wiyosipun saking kedhaton sarta urmat mariyem ing loji, tuwin nahka’babar putranipun kakung. Ingkang eyang Sinuhun Sultan langkung asih, kaparingan nama Raden Mas Mahmud tuwin Pangeran Dipati Supragnya paring memanis.

Dene kang eyang Pangeran Natakusuma apitambuh, yen wonten ing pasemowan weweka, ciptaning kathah mera-meri ing bebayi, lumuh ujar sumakeyan.

Kacariyos Raden Patih gadhah mitra sarip ing Semawis, nama Tuwan Muhkamad. Dipun ken mersanja dhateng Natadiningratan, sesampunipun angunjuk wedang Raden Mas Timur marengi pinangku ingkang rama, kinudang dhateng Tuwan Sarip.

“Raden. Mas iki, besuk dadi Pangran Dipati Anom Amengkunagara”, dene pyuh telenging galih kang eyang Sinuhun Sultan. Raden Tumenggung mangsuli,” Tuwan teka memedeni, ngudang madukara wisa, boten dados renaning manah. Nadyan ngudang bebaya sipi, gedhe sesiku”.

Tuwan Sarip kumesar, panglobonge boten pikantuk, lajeng pamit mantuk. Kacariyos Tuwan Pambram saking Semawis aleket Nagari Ngayogya, manginten Kangjeng Sultan. Wonten margi pethukan lan Raden Rangga, Tuwan Pambram bukak topinipun, Raden Rangga kapalipun kesit, boten tumimbang bukak topi. Tuwan Pambram langkung Serik, ngantos katur Ingkang Simbun Sultam. Lajeng ndikakaken nyuwun apunten, Raden Rangga ingampunan dhateng Tuwan Pambram.

Kacariyos Tuwan Pambram sampun pulang ing Ngayogya, Obrusipun Jendral nalika solahing Nagari semanten sampun ngaturi priksa, yen Jendral badhe mertamu, horeg tetiyang sanagari lan Ingkang Sinuhun asring andangu sinten abdi dalem kang sanipun priksa ing Tuwan Besar. Ka.dos pundi menggah ing solahbawanipun.

Kacariyos Tuwan Besar dhateng ing Surakarta rumiyin, Tuwan Pambram boten .kantun, Rad India satunggal ingkang ndherek, Kolonel satunggal. Kangjeng Sunan pikantuk anitipaken kang putra lan ingkang rayi, Tuwan Besar sampun mangkat saking Surakarta dhateng Nagari Ngayogya.

Ingkang ndherek Raden Cakranegara Sastrawijaya, tiyang Ngayogya methuk ngurmati. Pangeran Mangkudiningrat, Pangran Mangkubumi methuk wonten Kalathen. Pangran Dipati ing Kalasan, Ingkang Sinuhun wonten Gawok. Ingkang boten pisah, mantu dalem tetiga. Raden Patih atur priksa, yen Jendral rawuh. Sinuhun enggal tedhak, Tuwan Besar mudhun saking titihan kareta lajeng atetabeyan. Mangkat kondur rawuh nagari, lngkang Sinuhun pinarak ing loji.

Ing antawis dangu Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan pamit kondur angsung tabe, nanging Jendral taksih lenggah ing kursinipun. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan dados galihipun, lajeng sampun angadhaton. Raden Patih, kautus dhateng Minister, denten Tuwan Besar boten ngurmati, ngewahi panjenenganipun.

Ingkang njunjung Ratu inggih Kumpeni, satemah cinamah piyambak. Pangandikanipun Jendral, “Ya aku ingkang luput”. Nanging panggalih ken kena angeneng-ngenengi bayi abeka. Kurmat mariyem, rumiyin sangalas. Sapunika dadosa sangalikur. Tima kasihen, aja ambeka. Kurmat Jendral, telung puluh siji kacek sepuluh. Wis, aja njaluk maneh”.

Raden Patih sampun matur, Ingkang Sinuhun langkung suka. Ing semanten sampun rapet wong agung sakaliyan gegentosan purug-pinurugan. Dhateng ing loji, dhateng ing kadhaton. Ing nalika badhe konduripun, Tuwan besar, mawi dhateng kadhaton.

Ingkang Sinuhun langen prajurit estri, tegar ing palataran. Sartanipun Kangjeng Sultan inggih mawi tedhak ing loji, angsung selamet pulang. Saha langkung bonyo pangujenganipun wong agung sekaliyan. Raden Riya Sindureja dhateng ing Bojong, Tuwan Besar mangkat saking Nagari Ngayogya. Pangeran Dipakusuma kang ngrakit sugata rawuh ing Bojong, Tuwan Besar sampun binoja, pirena ing galih tarima kasih.

Jendral mangkat rawuh ing Secang, bebahan Surakarta. Bupatinipun Mangkuyuda, bapakipun Dipati Danuningrat kang dipun genah ngladosi pratiwa kalih Ngayogya. Dhatengipun sampun kedalon, Tuwan Besar taksih sare. Pinanggohan juru basa, kiwa prenahipun. Juru basa pitaken dhateng Raden Natadiningrat tuwin Raden Sindureja, “Punapaa Kangjeng Sultan, dene rerenggi dhateng kang eyang, kula boten kadugi”. Wangsulanipun Raden Tumenggung Natadiningrat,” Mila Kangjang Sultan kagungan jenggama, nalika prajurit Prangwedanan wonten ing loji. Dipun kathaha tiyang, sampun satunggal punika”. Raden Sindureja anyambeti,” Lan prakawis Danuningrat kala kinecu ing Ampel, su.ka srat dhateng ki lurah. Tembungipun kathahkathah, aken ngupadosi kecu sarta mranani basa mawi mungel inggih ugi angawis ing Tuwan Besar. Jer kaping kalih, sratipun sami damel panggrayangan.

Tuwan Wikes kala kondur dhateng Surapringga. Prentah mepa.k baita ngajak semadosan tepang rembag sakarongron ngedak kados parentah bukak meja. Jendral nunten miyos, sasampunipun dhahar Tuwan Besar pagujengan. Raden Tumenggung kang sinogok, “Ngayogya, banyak menjangan kakiknya dua. Sukak pasang pistul”. Raden Tumenggung nimbangi suka lan ningali kalangenanipun ‘Kangjeng Sultan. Jendral langkung gawok,” Lah, aku wis tarima kasih. Aja banjur menyang Semarang. Mandhega ing kene bae”

Raden kaiih matur sandika, Tuwan Besar lajeng minggah tidur. Juru basa Krisman anjawil Raden Tumenggung Natadiningrat ” Mangke dhatenga pondhokan kula piyambak kemawon, dede prakawis kang kabincanten punika.”

Kula nedha kapal, sasampunipun bibar kula lajeng dhateng pondhokanipun juru-basa.” Keranten Raden kula aturi, kula mengeti prayogi. Raden punapa boten gadhah karsa anitipaken sariranipun ing Kangjeng Tuwan Besar, mupung panggih piyambak. Raden Tumenggung, mantunipun Kangjeng Ratu Kancanawulan. Ratu ing wingking, Pangeran Dipati ingkang gumantos. Garwane Raden, Ratu Anem, mangsa wandeya den siya-siya, dipun temu kuwuk”.

Panasing galih kawedhar, Raden Tumenggung langkung kaget. Ngaturi Raden Sindureja, sampun dhateng. “Paman kula sencaya, begja kula katuju dene sareng lampah lan paman.” Tuwanjuru basa peling, amrih kula anitipna ing awak kula dhateng Tuwan, angger, dhateng ing Tuwan Besar wau, Selak kasesa, dereng kula wangsuli. Yen Kangjeng Gusti jumeneng ratu, boten wande kula den siya-siya”.

Wangsulanipun Raden Tumenggung makaten, “Inggih Tuwan jurubasa sanget trima kasih dene tuwan angsung penget. Ananging pangraos kula, boten ‘sedya boten ngimpi anitipna ing awak, Raosing manah boten sanes yen Kangieng Gusti jumeneng Ratu, inggih Ratu kula.” “Angger sami rayinipun, estu mangsa samiya lan ingkang rayi Kangjeng Ratu tiga punika, sabab tunggal ibu. Langkung begjane ngawula kedah den siya-siya, Alah kang mayangaken ing kawula”.

Juru basa mintak ampun,” Mugi sampun dados galihipun raden, amung gegujengan kemawon” “Inggih, ananging dede gegujengan”. Juru basa Krisman langkung getun.

Kacariyos enjingipun Tuwan Besar kondur dhateng Semawis. Raden kalih sampun mangkat mantuk, dumugi Ngayogya lajeng dhateng Danurejan sampun kapratelakaken sadaya nalika wonten Secang.

Wicantenipun Raden Patih,” Amung bab olehe angsung pemut Tuwan juru basa menyang adhi Natadiningrat iku bae, aja munj’uk menyang Kangjeng Sinuhun utawa Kangjeng Gusti. Dadi, teka nggawa wisa kejaba menyang Kangjeng Rama. Alabecik kudu ngentek”. Nunten sami sowan malebet ing kedhaton. Tuwan Minister anyaosaken trima kasihipun Tuwan Besar lan Raden Tumenggung Natadiningrat, Raden Riya Sindureja kamakluman boten dumugi ing Semawis. Ingkang Sinuhun langkung suka, Tuwan Minister sampun amantuk. Para prawira ngandikan malih, ingkang Sinuhun andangu, “Ana ujar apa maneh”.

Aturipun Raden Tumenggung,” Yen Tuwan Besar eram ningali kalangenan dalem”. Ingkang Sinuhun saya mewah sukanipun lan juru basa pitaken dening Sinuhun sandeya dhateng Tuwan Besar sandhiya samektaning prang Kula warti, liripun tiyang prangwedanan, boteh liya amung punika. Paman Sindureja anambeti,” Prakawis punika, pun Danuningrat seratipun kang dados pangraos”.

Pangandika dalem,” Bener Natadiningrat, Sindureja keladuk. Ya mung wong prangwedanan, kang dadi sangga runggi”. Lajeng sami tinundhung medal, enjing Pangeran Natakusuma tuwi ingkang putra. Keparing kang Sinuhun tedhak, karenan ing pawartos.

Kangjeng Pangeran lajeng sembuni, Kangjeng Sultan ndhedhes Tumenggung,” Boten wonten malih, amung punika”. Ingkang Sinuhun lajeng kondur. Kangjeng Pangeran sampun panggih lan ingkang putra, ingkang putra sampun matur. Linalar sadaya nalika wonten Secang, pangandikanipun ingkang rama,” Sokur kowe engetan. Kang kaya mangkono ing crita ngranggoni kaya Jayasungkana. Sareh nari wong tuwa, wedi lumancan ing bapa Ora liya panerkaku kang masangi kala piwulang. Yen mangkono kowe matur Pangeran Dipati, panengeran setya, balaka. Menawa nukma ing pangrahah, kangmas Sultan kinikiban. Menawa dukane kabutuh, satemah kowe kang pinurikan”.

Raden Tumenggung Natadiningrat lajeng sowan Pangran Dipati, sampun matur naiika cinoba ing Tuwanjuru basa. “Ingkang punika Gusti, mugi sampun konjuk ing rama dalem Ingkang Sinuhun. Yen ngantosa konjuk, kula sakelangkung ajrih”. Pangran Dipati sareng mireng, pyuh galihipun dhateng ingkang rayi”. “Tujune adhi, kowe pinter ora kena cinorok basa. Nadyan Ratu, ing wuri yen mengkono mangsa benera. Wong kaniaya, dununge nora nglulusake adat. Aku ora sela-sela menyang Dhi Ajeng, apa maneh awakmu. Wis aja nganggo sumelang. Kangjeng rama yen mireng, dukane ngambra-ambra. Mejanani ing karaton, rasa ngendhak pangwasa”. Raden Tumenggung, sampun ndikakaken mantuk.

Kacariyos, Minister Wise sanget enggenipun amulut galihipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Ngraos salah dhateng Kumpeni, sencaya aturipun boten yektos. Prakawis-prakawis pamedaling sararig burung, mbayar saleksa ing saben taun, pan nebasi susuh ingkang katur Kangjeng Sultan. Damel sandi, manawi ndikakaken anenuwun ujuran atasJendral kang parentah, pituwas anggenipun njagi Ratu. Kala Tuwan Besar rawuh, kabicanten boten ngraos. Ing satemah atur-atur ingkang warni dhedhaharan utawi kelangngenan. Ananging Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan boten kersa, kawangsulaken.

Tuwan Minister manahipun umob, cipta muksa, langkung merang. Dumadya nuwun tempo nggenipun njagi Nagari Ngayogya, sampun kalilan. Kacariyos, ingkang badhe kagentosaken Minister Ngayogya Petor ing Banten, anama Tuwan Moris. Punika ingkang sagah andhesek karaton Ngayogya.

Minister Wise, sampun mantuk. Tuwan Moris ingkang gumantos sampun katur Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan yen Minister langkung jarot. Para bupati saking dhawuh dalem kakersakaken sami mangertos, angatos-atos.

Kacariyos wonten mantri dhusun nama Raden Tirtawijaya, tengga dhusun ing Tersana, ipenipun Pangran Dipakusuma. Pernah rayinipun Den Ayu Nayadiwirya, wonten ing Nglimpung den trimani kang rayi Kangjeng Ratu Kencanawulan. Raden Tirtawijaya ing semanten paben lawan tiyang pesisir Ngastina, tyang ing Tersana pejah.

Raden Tirtawijaya nedha diyating raja pejah, mawi serat wadining Kumpeni. Kados semutangabengajah, antiga kapit ing sela lungit.

Serat kacepeng Pelor Ngastina, katur ing Jendral asanget ing dukanipun. Lajeng paring srat dhateng Tuwan Moris, tembungipun kathah-kathah ngantep ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan.

Tirtawijaya lan Jendral dipun piliha, yen pinelaur Kumpeni, Tirtawijaya kepejahana. Yen lepat saking panedha kula, Pepatihe Dipati Danureja kula titipaken umuripun. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sareng mireng, langkung kampitaning galih.

Raden Tirtawijaya sampun katangsulan, lajeng kapercayakaken dhateng Tuwan Minister. Aturipun Tuwan Minister, “Kangjeng Sultan angiindhung kukuming ngelmi dereng katrap. Cipta yen kawedhara mundhut, pangraos roroning tunggal nanging dhalangipun boten wonten.

Ingkang dados dhalang pijer gupruk cempalane tinitir, dening Tirtawijaya kathah pambeganipun. Ing semu sami keraos”. Tuwan Moris wicanten dhateng Raden Patih, “Boten kayaa, ngewuhake matine wong siji. Yen kukum Jawa, teksih mubaham sampun tetingaling kathah. Wedang, .kinang iya mateni, paekan ora.tuku. Katur Ingkang Sinuhun, meksa boten kelu, kewedan dening garwa. Dados semanta ing kathah.

Pangandikanipun,” Prakara Tirtawijaya, patrapane amung ingsun buwang. Yen tekan patine, ingsun nora tumanggah. Agama kang ingsun wedeni”. Aturipun Danukusuma,” Ing kina kala pejah, pun Jangrana ngangkat Ratu kasuwun ing Kumpeni pejah wonten kamandhungan.”

Pangandika dalem,” Iya aku trima Danukusuma, nanging mengko karsaningsun takprasrahaken Kumpeni. Nadyan pinatenan aku aja weruh, ingsun ngilari duraka. Aran biyen nedya sunukum dhewe, dening pasrah pitaya Tuwan Besar ora sumlang maneh marang ingsun.

Yen manut adilingsun, nedya sun ukum kene. Menyang Semarang katon ing ake_h, nyilikake ati. Ngayogya ora kuwasa, pinrih patine. Gampang-gampanganing abot, byar angan Tirtawijaya paringena menyang loji.”

Minister Moris sampun tampi, lajeng mangkat dhateng Semawis. Raden Tirtawijaya kapejahan wonten Nagari Weleri, bangke kabucal pinggir margi kapupu anak putunipun.

Kacariyos Kiyai Dipati Purwadiningrat seda, margi saking gerah sepuh, kasarekaken ing Pacalan. Kemagedan kapalih, seba sebab putranipun kalih. Kang sepuh Raden Sasradipura, kang anem Raden Sasrawinata kapundhut mantu dening Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Kangjeng Natakusuma sasedanipun ingkang paman, cipta kados ical suhipun. Dene ingkang wayah sadaya ing manah sanget badhe wanuh ing Pangeran Natakusuma dipun aturi.

Kangjeng Pangeran enget sengadinipun yen boten priksa Pangeran Dipati, cipta kudu kenal lan dereng wonten adatipun yen sareng putra dalem ingkang binadhe Ratu.

Ajrih yen boten kauningan kakangmas Sinuhun Sultan. Tuwan Minister langkung gela, Pangeran Natakusuma atur priksa Pangeran Dipati. Entyarsa dening sinencaya ngantos ing pitedah. Tuwan Minister suka priksa ing Raden Patih, nggenipun ngaturi Pangeran Natakusuma boten karsa. Wangsulanipun Raden Patih, “Yen paringa priksa ing patih boten wonten ewedipun. Yen rama simpen galih, mila sengadi mawi adat. Nalika Tuwan Ingglar rumiyin, Pangeran Panengah panggih mawi pratela. “Kula inggih sae kemawon, rama punika saking sanget boten kersa. Pyayi kruci amumpungan.

Kangjeng Gusti semaya kaepeyaning Ratu, tuwin Kangjeng Gusti. Raden Tumenggung Natadiningrat mangsuli, “Yen presaben ki lurah, punapa nanggel sesikunipun Kangjeng Rama. Kangmas Panengah pyayi alit, gampil penanggelipun”.

Tuwan Minister langkung marsudi nggenipun badhe panggih Pangeran Natakusuma, lajeng anyanthelaken atur. “Dhawuh dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan binawur ingarampak. Sadaya putra santana dhatenga ing loji, sarta ninundhang bupati. Antawis sami den aturi dhahar dhateng loji, pepak para putra santana.

Tuwan Moris aturipun dhateng Pangeran Natakusuma,” Mila kula suwun ing Kangjeng Sultan, saking kedah wanuh. Ciptaning manah tunggal bapa biyung Kumpeni lan prawira Jawi”.

Pangeran Natakusuma mangsuli, Trima kasih”. Sasampunipun dhahar, nunten amawi dedolanan kados lare alit. Ngobong sada kang kepaien brama, wonten ken lenggak-lenggok anunggang gelut tuwin merkangkang ngambung siti. Para putra sentana langkung dening saru, Raden Patih mendhet tigan tinampen Minister.

Pangeran Natakusuma kaaturan tigan, adegna ing kenap. Selayaning galih, tigan wiku-wikuning antiga, putih jaba kuning jero. Apatya winales wedhus, estri, biyung bibijinah boten pilih lawan. Lan ken nggites kutu, kutu sinunggi kepala. Pemalese memangsa ngrenges, ngacemil. Cinegah kaemutan, Pangeran Demang, tutuk ambayari suka, udreg lan Minister lajeng den cangar ing telor.

Bubaripun wanci bangun, Raden Sumadiningrat boten saged ningali dhateng putra sentana sadaya, den cecamah ing kekeran. “Warga putra iku kuncaraning Ratu”, katur dhateng Ingkang Sinuhun Kahgjeng Sultan. Kang jaja kadi tinotok dhateng Raden Patih, paraning rengu.

Raden Patih wadul dhateng Tuwan Moris, lamun Sumodiningrat kang ngoweh guyup. Minister njarem kang manah, lan manggih buk Oprup. Yen Minister rumiyin, yen wong njero ora layak. Sumodiningrat kang marahi anggladhi wisayaning prang, nora ngandel Gupermen. Tuwin yen weling atur serat saking Raden Patih, ketula wong njero kang ndedangii, nora gati rehing Jendral.

Nalika Mangundipura kang dadi kori, tuwin kala Ingglar srat saking Patih linanthelaken Purwadipura, boten katur seratipun. Mubeng suwe, boten konjuk dumeh Kangjeng Sultan tegar. Wicantenipun Tuwan moris,” Cobak, aku den ubengake arep weruh bae wonge kang malang Mesthi kongkon aku, tak kon banjur”.

Marengi dinten Saptu. Simbarjaya kang lumampah utusanipun Ingkang Sinuhun mundhut sesekaran dhateng ing loji. Lan nyaosi anggur kahh botol, Tuwan Moris boten purun tampi. Adat, margi saking Patih. Tuwan Moris langkung nepsu, dening mantri cumantaka gumuna apeksa kumawi.

Simbarjaya gumeter, badhe tinapuk gendul malencing. Kathah kala, dutane Kangjeng Sultan benggang lan sahudara.

Kacariyos Kangjeng Sultan ameng-ameng ing baluwarti lan para garwa, kang njajari ing lurung Minister, cinegat. Kapal, kareta dipun gendholi, padha wani wawalan. Kusir mecut, winales gitik, Pinisah wong pinituwa, Tuwan Moris nebut boten trima, boten wonten wusananipun. Dereng lami kapethuk malih wonten margi, sampun surup. Nuju Ingkang Sinuhun tindak dhateng Natadiningratan, kreta lajeng. Minister boten ngurmati, Kangjeng Sultan boten trima. Raden Patih notol dhateng loji, Tuwan Moris, mangsuli, boten priksa yen Kangjeng Sultan lan peteng mangsanipun.

Raden Patih bebuwuh, “Tindak menyang mantune kekasih, mila peteng geluyuran”. Ing antawis dinten, Mipro Minister kuliling kapethukan Ingkang Sinuhun. Kang ndhedherek sampun kaprantos, jajaran canggah kapandhi ngajeng. Kreta enggal nulak, kasanderaken. Tuwan Minister boten. Raden Patih mbebilah singlar, amung nuturaken dyatmikanipun pangeran Ratu Angger Anem, tindaka dhaterig loji. Lelingsen wanuh lan nyonyahipun. Langkung prayogi lan priyanipun ngiring, punika yen marengi Kangjeng Sultan, yen boten pareng inggih sampun.

Ingkang Sinuhun amarengi sonten, pinethuk ing kreta. Ing nalika punika wonten ngalun-alun boten mawi tumedhak, sebab kang garwa boten marengi. Lajeng atur priksa ing Pangeran Dipati, sarta dipun praceka. Negara Ngayogya, Pangeran Dipati loro. Nanging Pangeran Dipati waged ing galih, boten sumengit. Sampun sami dumugi ing loji, Raden Tumenggung kinanthi ing Minister.

Tuwan Minister wicantenipun, “Ing nalika punika, sinten tiyang ingkang tumimbang kados Raden Tumenggung. Mantu kekasih pyambak, mila yen wonten siguging Ratu den angrengkuh kang tumanggah. Lan ampun wedi-wedi matur, kula wong liyan brayan lawan Jendral yen suka prayogi yektos boten saking rumeksa. Cipta kula damel memangsuli kang sih welase Tuwan Besar, mbaureksa sarirane”.

Wangsulanipun Raden Tumengguh Natadiningrat,” Inggih, Tuwan leres. Estu boten nisir, ananging sinten kula, kamipurun angrengkuh”. Lajeng sami dhahar, semanten Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan boten sah nahka sokhipun ingkang wonten ing loji.

Ing sesampunipun dhahar, anunten bibar. Utusan ing nalika wau sampun matur, ing sasolah patrapipun kala wonten loji, Raden Patih, Raden Tumenggung Natadiningrat.

Kacariyos Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, ing nggalih saya panas dhateng Raden Patih. Nuju masagrebeg, Kangjeng Sultan mundhut kurmat dhateng tuwan Minister yen miyos saking wingking. Kangjeng Sultan langkung meriu, yen ing Minister nganggo saangkatipun dhateng sitinggil. Kasompokken pabenipun, sampun kasaosan.

Nuju masa ngabekti, pepak kang pancen ngabekti. Ingkang Sinuhun sesmita, rasa pinemri, galih mungal-mungil. Nalika Pangeran Natakusuma ngabekti, rinangkul ingepuk-epuk,” Lah, iki kyai besan rewang momong putuku.” Lajeng ngandika dhateng Pangeran Dipati, “Sira iki, yen sun sawang kaya jambe nom pinaro lan si Danureja. SoJah semune ora silir. Wingi ingsun nimbali wayahingsun Den Mas Bagus milu menyang Danurejan”. Pangeran Dipati atur sembah, Raden Patih boten kumejot malah bingah, lajeng bibaran.

Kacariyos ingkang garwa Raden Rangga Kangjeng Ratu Maduretna seda, sinarekaken ing Ardi Bancak. Raden Rangga sekelangkung-langkung rinten dalu nungkemi kuburing garwa. Sesambatipun amung badhe tumut ngemasi, lan boten kenging sandhing gegaman. Laraning jiwa saya amrati. Ingkang para bupati, angsung pemut. Sareng sampun aring, gurunipun Raden Rangga dhateng, nama Kyai Kaliyah. Wicantenipun Kyai Kaliyah dhateng Raden Rangga,” Dene dhingin wis tak tuturi, aja ngresula nampani kanugrahaning Allah. Iki lagi wiwit, ing buri iki sihing Allah kang dhumawuhkuthaMaespati. Allah jumurung lan dianteni garwamu”.

Kacariyos Pangeran Dipakusuma asung serat dhumateng Raden Tumenggung Natadiningrat, penglayadipun ingkang Sinuftun, katur ‘Racne Patih. Kapriksa ing seratipun, tanduk anitipriksa. Amung wonten mungel angayuh basa, tanduk ringkesing aksara kathah. Ingkang prakawis sareng pangastutinipun ingkang wayah-wayah sadaya, prayojaning bekti sumengka ingkang eyang Kangjeng Ratu tetiga. Raden Patih langkung cumeri-ceri, serat ingendhak atur priksa.

Raden Patih angsal rambatan, ing nalika dhateng Semawis seratipun wonten kang angayuh basa. Kangjeng Sultan langkung dukanipun, semanten atur weling yen wonten kengkenanipun Pangeran Dipakusuma. Tembunging serat boten prayogi, mila ajrih Raden Patih angaturaken. Serat meksa pinundhut, sawitining angajeng-ajeng dening sanget kasusahan ati rena ing tulis.

Priksa yen patihipun nyengkiwing serat, kaparingaken Raden Tumenggung Natadiningrat, kakersakaken ngraosaken kang lepat. Ingkang Sinuhun ing nggalih, pepatih dahwen. Raden Tumenggung Natadiningrat ajrih ngraosaken piyambak. Sinencaya ing akathah, Raden Sindureja kang dados kori, tepang lan Raden Patih. Tur katur lepating srat pemut, dening asmanipun garwa dalem kacaruk. Sampun sami lepatipun lan Raden Patih, tuwin kala kautus dhateng Semawis Pangeran Dipakusuma kapatrapan dhendha kathah.

Sareng katur, Kangjeng Sultan lingsem. Kawelehing patih, puruging runtik dhateng Raden Tumenggung Natadiningrat. Kacariyos Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, ing sasurudipun ing kang putra Ratu Maduretna kados kecalan manik. Ing nggalih, Raden Ajeng Surati, anggentosi karangulu. Kados ginelak anggenipun badhe kapundhut besan. Semanten Raden Patih sasurudipun Kangjeng Ratu Maduretna, sakelangkung bingah. Sebab suda kalilipipun, lan anggumyahaken pawartos yen Raden Rangga kemantu malih. Lan damel paribasan, yen ungguh aku angur dipocot lan den trimani. Melasake Kangjeng Gusti yen jumeneng Ratu”.

Kacariyos Tuwan Moris angangkati, sabab gilang kalenggahanipun Kangjeng Sultan kasuwun mantunipun. Menawi boten anglilani, Minister neda lungguh wonten gegilang sami lan Kangjeng Sultan, netepi kang dados prentahipun Tuwan Besar. Tamtu boten kenging Kangjeng Sultan angungkuli cangkemipun Moris, mesthi boten panggih Minister lan Kanjeng Sultan menawi boten tinurutan. IngkangSinuhun Kangjeng Sultan, sarengmireng aturipun Raden Patih bab panuwunipun Minister,” Wis ndiklah, nora kena si Moris arep ndhedheh, ingsun ora kena ngungkuli, Dene Minister kang dhisik-dhisik nora nana naruciru Tuwan Besar wis priksa gegilang, milu nglunguhi. Ya kelakon temenan, ora temu-tinemu lan ingsun. Kerpiye kono, sanak-sanak, gilang blabag linabuhan gawe rentenging nagara.”

Aturipun para putra santana tuwin para bupati,” Inggih yektos yen kajeng, nanging sampun kangge lenggahan. Punika keprabon Ratu”. Pangeran Natakusuma aturipun,” Rumiyin nalika mindhak kurmatipun Minister sadaya, asayogi katimbangan Angger Pangeran Dipati, boten saru wonten ngarsa dalem, tetambel betah cukup”.

Pangandikanipun Kangjeng Sultan,” Iku payung ditimbangi anakira Ki dipati, payunge mlebu plataran”. Pangeran Dipati aturipun, “Leres paman, reh punika kula tumut wonten nggegilang, saru. Nampuri langkung ajrih”.

Kangjeng Sultan ngandika malih,” Banget nggone memedeni, agul-agul Tuwan Besar. Jendral mono, maksih kawulaning Allah, kaya sarira ningsun”. Aturipun Raden Patih,” Bilih boten tinurutan, kasuwengaken ing loji. Kabekta dhateng Semawis, jalan kaki tuwin drugunder.”

Pangandikanipun Ingkang Sinuhun,” Luwih karepe dhewe, asal aja cidra seka jenengingsun. Kumpeni isih sunsangga tunggon lan picis, prakara gilang iki pesthi sun labuhi lara pati, ingsun sandhang tuwan”. Tuwan Minister Moris langkung kawedhengan manahipun, anuju masa sowan para bupati sami dhateng ing loji. Wicantenipun Tuwan Minister,” Bok. ana kang ngrewangi, prakara gilang mamrih lunture Kangjeng Sultan”. Para bupati ajrih sadaya, Raden Patih mangsuli “Kejawi adhi Natadiningrat dening kekasih”. Minister wangsulanipun, “Mindhak ngrubedi, kejawi milih kang kedaging Pangeran Dipati”.

Raden Patih mrayogekaken, boten liya kejawi Raden Sumadiningrat, lajeng bibaran. Raden Sumadiningrat kaundang dhateng loji, nanging sanget ajrih. Lajeng pamit dhateng Ingkang sinuhun, kahlan ingkang sarta tampi piwehng dalem.

Raden Sumadiningrat sampun panggih lan minister, binoja pinrih mendemi. Nanging Raden Sumadiningrat boten supe, amung ngestu dhawuh dalem kang dipun kekahi. Lan boten samar ulahing patih amasang.kala pracik.

Nuju dinten Senin Raden Tumenggung Natadiningrat sowan ragi enjing, kapanggih lan minister kang wicanten, “Raden, kula ngresaya ibu jengandika. Dening kekasih Ratu Kencanawulan,prakawis gilang punika mugi medala karsaning ratu. Boten karsa  ngagem gilang, mindhak samun kang prakawis. Awit sakingboten karsa pyambak, yen kelampahan tamtu kathah pemangsul kula dhateng Raden Tumenggung”.

Wangsulanipun, “Trima kasih. Ananging bab prakawis punika, kula langkung-ajrih”.

Kacariyos nalika samanten kathah prakawising Nagari, kala ngelar beteng ngapit pagelaran celangap marep ing ngloji. Tuwan Minister boten trima, tinanggel ingkang anunggama lan abdi dalem sudagar kautus dhateng Semawis, tinaken belaka yen Kangjeng Sultan yasa maryem kathah.

Punika Tuwan Minister boten trima’, sabab larangan Kurnpeni. Lan Raden Ayu Natayuda marak, kapethuk ing margi kaliyan pudhakipun Tuwan Minister. Nunjang jajaran, ginebugan saged medal rahipun.  Minister boten trima, sampun kacepeng rinante tiyang Natayudan sarta ginebugan nunten kaluwaran. Nuju Kangjeng Ratu Mas tindak dhateng dalemipun ingkang putra. wonten margi kapethuk saradhadhu Ambon nunjang jajaran.

Nanging jejaran ering, udreg lan lurah Keparak estri, den agar ing lumayu, Kanjeng Sultan boten trima, den bicara ing Raden Patih. Sara dhadhu Ambon lajeng dipun res.

Kacariyos ing Nagari Ngayogya, kathah tiyang damel yatra reyal semat tanpa aji, amung regi ngalihwelas uwang. Minister srengen Raden Adipati, “Kadi pundi, Den Dipati, semat regane nganti ngrolas wang. Benere dhuwit kadhaton winratakna ing wong cilik. Dhuwit kadamel punapa, niku busananing nagara. Tin mpuk tanpa damel, lan akeh wong gawe dhuwit wang Kumpeni kang baru, wartane akeh linebur. Den Dipati den yitna. ing benjing manggih bilahi”.

Wangsulanipun,” Kula boten kainan, undhang-undhang den bendheni. Nemlikur teng, sedhuwit reyal pesmat reginipun. Kang damel yatra saya kemasan, gendhing, pandhe. Kang angreh Purwadipura”. Minjster mangsuli,” Kula boten ndeleng, liyane Patih”. Lajeng sairii maglaran, wedana lebet dipun ken medal, sampun kawartosan.

Aturipun Panji Purwadipura,” Kados pundi Ki Lurah anggenipun nyapih ing alit, damel yatra, ngupados siti payah. Marasipun manah kula, kang Sinuhun mundhut yatra, dereng wonten yektosipun. Kumpeni dereng anggalih, tiyang alit damel yatra dipun sendhu. Kula sumangga karsanipun Ki Lurah”.

Raden Patih mireng, wangsulanipun Panji Purwadipura langkung nepsu, lajeng sami bibaran. Dinten Kemis wonten duta kang dhawuh dhumateng Tumenggung Resanagara ginrudug den betheki. Prakawis yatra bandar kapundhut ingkang sapalih, Resanagara sagah. Ngantos antawis lami boten anvaosaken yatra malih, keton semat dereng cukup Tumenggung Resanagara nglindhung repotipun jimsing, Ingkang Sinuhun dhawuh sawarnining tiyang kang saged damel yatra kaIilan”.

Raden Patih manahipun kadi ginerus, langkung sengit dhateng Raden Purwadipura.

Kacariyos Pangeran Dipati mantu Raden Ajeng Pangarsa, angsal Raden Wiryawijaya putranipun Raden Wiryadiningrat. Nanging mung ijab kemawon, bawahan kepanggih wingking. Dening Raden Rangga susah anyar, katimbalan dhateng amung maleni. Nanging taksih leng-leng suntrut, Raden Rangga dhatengipun samudana dhateng Kepatihan.

Kawartosan saliring pakewed, prakawis gegilang. Aturipun Raden Rangga,” Boten saged mireng, leheng den abena sudukan, kakersakna anyuduk Welandi. Yen kantun samining bupati, suka lila, pun Rangga lajeng mantuk”.

 Sasampunipun ijab, Raden Rangga lajeng mantuk. Raden Patih dhateng loji, Tuwan Moris tinuturan yen Raden Rangga nantang Kumpeni. Ananging Tuwan Moris boten gumun, dening susahnya leng-leng kapegatan mardu. Raden Patih gela manahipun, nuju mangsa Mulud, Raden Rangga sampun dhateng sakancanipun.

Kacariyos Tuwan Besar parentah dhateng Tuwan Minister Ngayogya kang mancanagari, kajengipun ingepakan katumbas sadaya kabekta dhateng Surapingga. Tuwin tanah ing Surakarta, boten sanes tanah panggenan kajeng kajagi Walandi. Dhusun Pengrantunan lajeng den tedha, tinebas pisan suprih sampun dados kastori.

Katur Kangjeng Sultan, kang pangandika,” Asal aja dadi susahing cilik, jer upajiwane kayu. Sapa-sapa tukua, mesthi bayar murwat lan sareganing kayu. Amung desa kang tinebas, pinikir kang becik. Danureja lan si Ranggga rembuge kapriye”.

Aturipun Raden Rangga,” Yen katebus ewed ing wingkingipun, ing satemah dados prakawis. Kula pilalah tumut ngreksa balok-balok ingkang dipun rantuni, yen ical katempah sagah.”

Raden Patih mangsuli,” Mindhak rubed, terkadhang wetah dipun awataken ical. Temah anempahi, leheng sami bebasan. Seprandene dhusunipun alit lan kedhik cacahipun. Kalihdene malih, miturut mituhu Tuwan Besar. Yen panedhane nglanjak, sinten ingkang sagah pepalangan nanggung”.

Pangandikanipun Ingkang Sinuhun,” Lah, mulane pikiren kang aruntut. Amung sira Rangga, den apanggah aja kena den prewangi”. Nunten bibaran, lajeng sami karembag para ageng-ageng. Antawis ngantos lami ubeng-ubengan boten rampung. Raden Rangga awis sowan, dening teksih telasih kegagas ing garwanipun. Nuju mangun bicara sanggeman lawan Minister, Raden Rangga boten kaprentahan. Tiyang Danurejan, Ki Danukrama, supe. Raden Patih dhateng ing loji, enjing dereng wonten kang dhateng. Raden Patih wewartos dhateng Tuwan Minister, yen karig ngrubedi rembag punika Dhi Rangga Prawiradirja. Kangjeng Sinuhun sampun ngeli; pitajeng dhateng adhi Rangga, dhasar ladak antemipun Kangjeng Sultan Wong janget kinatelon, lan malih ngandelaken ingkang eyang tate prang pakewet. Boten kados awak kula, run-temurun momong kumpeni”.

Tuwan Moris sareng mireng, langkung nepsunipun. Sampun pepak para ageng-ageng, mung kantun Raden Rangga. Ingenggalaken wong Danurejan, sUngsun~sungsun. Raden Rangga boten ngraos kaprentahan enjing, lan wanci sampun kasep. Raden Rangga lajeng pambengan, sampun katur yen Raden Rangga boten dhateng gerah puyeng awatipun.

Tuwan Minister ngatak redenas angundang Raden Rangga, Raden Rangga langkung kaget salah tampi. Rencangipun ken sadhiya samektaning prang, kang yoga pareng lina. Raden Rangga boten basahan, amung crigan. Pusakanipun kang boten kantun, numpak kapal sesanderan dumugi ing loji. sampun lenggah sila tumpang odheg, tanganipun malangkrik. Tuwan Moris pitaken. “Raden Rangga mau brani Kumpeni”. Raden Rangga nungsung, lan kula boten kadhawahan.

Raden Patih gugup, noleh wingking taken rencangipun. Yektos menawi boten kadhawahan. Raden Patih ulatipun biyas, wicantenipun Raden Patih, “Empun adhi, kula njaluk ngapura saking awoning rencang”. Raden Rangga lajeng nangis sarwi wicanten,”.Ki Lurah, kula pejah gesang kapusthi ing patih. Kadamel putih, biru, jingga tamtu dados sakarsa sampeyan. Mengku prakawis balok punika, sumangga darmi kula tetengga kemawon. Masa boronga Ratu Kumpeni. Ki Lurah wrananing Ratu tuwin Minister, mangka wakilipun Kangjeng Tuwan Bes’ar. Angsal gilig sakaliyan, kula dhateng sandika nglampahi.”

Minister lilih penggalihipun, angsung tabe dhateng Raden Rangga, sarta mintak ampun lajeng sami bibaran. Kacariyos Tuwan Minister langkung remen dhateng Raden Rangga boten pegat pepanggihan. Lan den mintasraya bab prekawis gegilang, Raden Rangga boten sagah nanging supeket manahipun. Raden Rangga suka warti dhateng Minister, yen Raden Patih ngiwat tiyang estri saking Surakarta, badhe kasaosaken Pangeran Dipati, wonten ing Reksanagaran nggenipun”.

Minister boten ngandel, lajeng utusan. Nalika yektos, Tuwan Moris semanten sampun niteni cirinipun Raden Patih, ana raden wacika.

Kacariyos nalika punika Patih, pengulu, Kangjeng Sultan estu geseh. Pangeran Dipati sring tirakat, Raden Patih boten. kantun. Ingkang Sinuhun sareng mireng, langkung ewa dhateng ingkang putra, tuwin dhateng Raden Patih, tansah dipun raosi Raden Patih semu maras.

Kacariyos ing Surakarta, patihipun sinalinan. Dipati Danuningrat, sampun kapocot ginentosan Cakranagara. Wondene prakawisipun awit saking adhinipun dados demang dhusun nama Raden Jayeng pati, dados bebundhel tiyang awon.

Yen ngecu ngampak digdaya, nglantrah bawah Kumpeni. Sampun katur ing Tuwan Besar, lajeng kapundhut pejahipun Raden Jayengpati dipun kintuna dhateng Semawis.

Jayengpati sampun katangsulan, kakangipun Dipati Danuningrat, sanget isinipun. Ciptanipun manah, sampun ngantos waradin ing akathah, adhenipun nunten dipun pejahi lajeng kapetak sinuwuraken rnati nglamong. Kumpeni boten percaya, dhinudhuk bangkenipun, nyata Jayengpati. Sareng katur Tuwan besar langkung dukanipun dhateng patih,” Wong nora suhut pracaya”.

Punika prakawisipun Dipati Danuningrat nggenipun kapocot. Semanten Kangjeng Sunan nonjok srat dhateng ingkang painan Kangjeng Sultan ing Ngayogya. Ing mangke lintu patih adegipun Cakranagara, srat saking Surakarta, Minister sru suh ingangkah, ciptanipun manah angsal gegaman boten purun dipun timbali, yen Kangjeng Sultan teksih wonten gegilang.

Serat pinundhut, datan suka. Sareng katur Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, panggalih dalem “aja kainan ing laku”. Pinethuk nampan mas, lan songsong agung marapit. Kang sarta Moris ngandikan, “Ananging Tuwan Minister mogok, yatalah wis dilalah gegilang arep diundur. Den kongsi mangga bathanga, ingsun labuhi. Mapan ana kang nglelawas menyang d.uta, anakmas Sunan. Minister kang makewuh”.

Kacariyos Tuwan Minister Moris nedya mutungi pasangan, inargi telas akalipun. Minister kesahan dhateng Surakarta, Semawis. Yen sepi Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, miyos ngalunalun ngrampok tuwin ngaben-aben. Kang timbalan Kumendham Belem ingkang” ngladosi. Saking penggalihipun Kangjeng Sultan minangka tandha asih Kumpeni, boten sedya renggang.

Kumendham Belem langkung bingah, Ingkang Sinuhun ugi langkung suka. Telenging penggalih amung Welandi ingkang boten sarju, Tuwan Minister Moris. Dene ing mangke saweg marengi wawalan praniti, kadi dene Jendral rumiyin yen Kangjeng Sultan kondur boten ebah. Sampun kahanan paekanipun yen kaaturan mangsuk dhateng loji, inggih tindak. Sawab kurmating Jendral kang ngangkat Ratu, dene Tuwan Besar boten kurmat. Wong padha saseneng-senenge linggih. Arsa mungkul Kangjeng Sultan, punika gelaripun karsa ingkang Sinuhun.

Dene Minister Moris badhe ngrupak gelar, Kangjeng Sultan bebontrek pasemon. dimen ngarsa ing layu. Mila asring-asring cangkrama, kiter ngaben sima ngalun-alun kidul tuwin mawatreja. Ananging mangke Purpupok sami umangkring, sami pengangkahipun. Tuwan Minister Moris anggeriipun wira-wiri dhateng Semawis, sowan dhateng Kumendur Pambram marengi pasamoan kitir mawatreja, para pratiwa pepak sedaya.

Raden Patih ngangge kapal saking Minister Moris, lorodanipun Kangjeng Sultan. Tuwan Minister atur-atur, titihan kore palangka. kawangsulaken. Kangjeng Sultan ngagem, boten kadugi. Kapal wadining galih, nalika punika dipun angge Raden Patih. Penggalihipun Kangjeng Sultan kawentar langkung dukanipun dhateng Raden Patih, yen sampun ningali dhateng ingkang putra Pangran Dipati, ugi kolu nguntabena ing pati. Animbali wadana prajurit, nama Prawiranata. Ngemban deduka, sampun kadhawuhan ing Raden Patih boten kalilan sowan-sowan, Ingkang Sinuhun boten sotah.

Kalilan ugi sowan, yen Raden Patih ngiring-iring Tuwan Minister Moris, yen amarengi ngandikan Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Ing mangke karsa dalem, ingkang nampeni sabarang prakawis Raden Tumenggung Natadiningrat minangka kori. Sadaya bicara saking loji, patih anyanthelna aturing Raden Tumenggung Natadiningrat tuwin paturanipun tiyang sanagari, punapa dene kukum ngadil. Sedaya tiyang weling atur, boten kenging margi Jiyanipun. Tuwin dhawuh timbalan dalem, boten liya marginipun satunggal Raden Tumenggung Natadiningrat lan sampun sami ugi lan kuwasaning patih.

Nanging sabarang prakawis boten kenging tilar patih. Patih damelipun kalih prakawis. Abdi dalem’ mancanagari kang paben ing nagri tetiga, pasisir Surakarta, Nagri Ngayogya teksih ginarap ing patih.

Sebdanipun dhateng ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat, “Kowe bae adhi, dadi warananing Ratu”. Ingkang rayi wangsulanipun, “Kula malih Ki Lurah,, sageda”. Raden Patih ing nalika punika saged sareh, kathah kang keraos-raosing manah, Semanten Raden Danukusuma tinundhung saking nagari kakersakaken dhedhekah wonten ing Melangi dados bantenipun ingkang putra Raden Adipati.

Raden Patih, saya panas dhateng ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat, dumugi lan garwanipun sengit dhateng rayi Kangjeng Ratu Anem, Tansah manggung rinaosan, winastan Kangjeng Gusti kekalih. Ingkang nama Pangeran Natakusuma ningah ingkang putra, ing galih samepyanipun rare wonten bandhulan, sanginggiling sumur. Dening putra dados kori, cipta nenutuh kang mangreh manawa nora tulus. Kaniaya marang bocah, bok temah wong asih dumadi lalis. Watake kang saben ora sah, rinumpaka ing ati. Ingkang putra lajeng ndikakaken sowan Pangran Dipati, Raden.Tumenggung Natadiningrat mituhu tuduhing rama, lajeng sowan Pangeran Dipati. Pangandikanipun,” Aja owah kaya biyen, uger Danurejan adhi bisa, apa kowe bocah cilik, amung langi nuruti deduka teka lakonana bae”.

Raden Tumenggung lajeng ndikakaken mantuk, sampunkatur sadaya pangandikanipun Pangeran Dipati dhateng ingkang rama. Ingkang rama sareng mireng, Iidok mono ira sisip rasaning ati.Besuk dadi bencana, tiwas kawistara sanegara. Mukti, wirya reraguman. Kang ngragum, sanak-sanake”.

Kacariyos, bumi Geladhag ing mangke kapundhut besat saking Raden Patih. Kyai Jaganagara langkung bingah, sabab cecenggringing Raden Patih winastan maro tingal.

Bumi Geladhag kaasta Ingkang Sinuhun piyambak, Kyai Jaganagara manahipun mongkok. Wonten mantri geladhag saking Danurejan, anama Jagadimurti. Kangjeng Sultan saya wewah kang deduka, dene mawi anama Murti, nayakeng dyah nama Murtiningrat. Raden Patih, cirinipun saya lebet, Nunten nimbali ingkang putra, Pangeran Dipati kaarih-arih kalih dinten kapeteking galih. Dumadya anut, animbah Sindunagara lan carik. Damel srat sayogi katameng Gurnadur Jendral. Wiyosipun, Kangjeng Sultan sampun boten karsa gadhah pepatih pun Danureja. Sarehning maksih rare, kathah kekiranganipun. Kang nggentosi pepatih Sindunagara, ugi sami nalaripun anak putu Danurejan. Ingkang damel srat Pangeran Dipati, ngrakit adangjyahipun. Kyai Sindunagara mundhi serat dalem dhateng ing loji. Raden Tumenggung kadhawahan wangsit pinenging kesah-kesah.

Karsanipun Ingkang Sinuhun sampun priksa serat dalem ingkang kabekta dhateng ing loji. Dhateng Kyai Tumenggung Sindunagara, dhihin prakara durung mesthi. Kaping kalih surasaning serat punika dede bab sariranipun, nanging wonten kengkenaning patih ngenggalaken sowan dadya lumampah, cipta tunggil wasita.

Raden Tumenggung Natadiningrat kang dhateng rumiyin, nunten Kyai Tumenggung Sindunagara. Serat dalem sampun katampen Tuwan Minister, rengrengipun kawaos Tuwan Jurubasa Gor. Tuwan Minister sampun mangertos sadaya, sawiraosing srat. Raden Patih nangis senggruk-senggruk, sabdanipun Minister dhateng Kyai Sindunagara,” Serat punika boten tetela ungalipun, Danureja ngabdi wong agung kalih. Kangjeng Sultan boten wenang mocot yen boten gilig sekaliyan Kangjeng Tuwan Besar. Cacading srat, dumeh nem. Rumiyin sangkaning lare, kajunjung dados patih. Danureja sepuh sapunika lan rumiyin. Kathah kekiranganipun, ingkang pundi kang boten pareng lan karsane Kangjeng Sultan. Prayogi katelakna, menawi kula diburu dhateng Tuwan Besar. Kula sanget ajrih”.

Kyai Tumenggung Sindunagara sampun wangsul saha sampun katur sadaya wangsulanipun Tuwan Minister. Ingkang Sinuhun dheleg-dheleg, kewedan karsa belaka, sompok wadining kang putra kang damel serat. Yen serat kadamela piyambak, boten mawi sancayaning putra. Kangjeng Sultan sampun ering, sabdanipun KangjengSultan,” Iya ora ana alane maning, benere wus ora arep iya wis rampung. Upama wong laki rabi, yen wus ora dhaup jodho, jamake uwis. Minister ndadak takon tetelane. “Dumadya srat dalem wonten ing loji, baul prakawisipun.

Kacariyos Raden Patih ing nalika punika supe yen kawulaning Gusti. Cipta badhe pulih getih, amemales lara wirang. Nora wurung ing tembe pinocot maning, pangulah danukrama lunga moyang, telabul ngelmu, anyantrik Wali kadi kuwasa, ingkang sreban gunje gepeng, tan teles ngambah laut, laku dharat nitih angin, duwe gelap tanpa udan, danukrama mangulon purugipun, langkung amati raga.

Kocap Raden Patih gegirih ing Pangeran Dipati, campur rasa jiwa satu. Aturipun,” Kangjeng Gusti, sampun pijer eca-eca lelangen. Sudibya putraning raja, teksih wonten ingkang mejanani. Jar jana guna kastawa manah, sumyur rum sanegari angendhih kuwagedan Kangjeng Gusti, nipis ing pageripun.

Kangjeng Gusti, Ngayogya jati katlusuban luyung. Parangmuka wonten ing canglakan, kula ajrih angaturna dening mangawit ing kadhaton. Sampun pijer mukti dhahar eca, danakrama tanpa hasil. Kathah-kathahing putra santana, taksih wonten anggegujeng ing Kangjeng Gusti. Upami kajeng mandera, lami-lami angendhih wit. Margi saking rama dalem kasengseming garwa. Tamtu badhe yen puwara, Kangjeng Gusti sampun dumeh suhud, dipun tetela. Rama dalem supe dhateng Kangjeng Gusti, lan ibu dalem susahipun punapa boten kagalih, ing mangke ngunduri sepuh, mindeng anggadho manah. Kalindhih Ratu sesengkan anyar, sinten yogenipun ngicalna sengkelipun ibu dalem, kejawi Kangjeng Gusti. Sapunika saya santosa, dhi Rangga badhe dipun petheti mangka pepulihing prang, kagulung nagri ngamanca. Mila nglantrah sumekta cadhang prang, pakewed. Ing saulat, gora godha supados ringkesa galih. Kangjeng Gusti, tepang lan pun paman wetan, sapunika sring-asring kepanggih pun Rangga lampah anelamur. Numpak tandhu kajang, tanpa rewang. Kados matengken rembag. Lan sinten sagah nulak gunane pun paman, ngarawit, pangulah putranipun adhi Natadiningrat.

Mulet galihipun rama dalem, lan boten kirang tresna ing wayah lan putra. Tepanipun Pangeran Mangkunagara, Pangeran Prangwadana inggih wayah kang dados Pangeran Dipati.”

Sareng mireng aturipun Raden Patih, temah supe welingipun ing swargi. Ical tresnanipun dhateng .ingkang paman Pangeran Natakusuma. Sakelangkung dipun sigeni, ingajengken sesiku. Pangandikanipun, “Iya adhi, prakara awakku, ngalangna ngujurna ora” deleng liyane, mung kowe, Biyen, mengko mungguh awakku, ora liya ngarep-arepku mungguh guna sektimu. Adarma kasrah, bang-bang, alum-alum, amis-bacin.

Gemah, rusak, dhedhak, merang, aku ora meruhi. Nanging aja lena, lan ta rasa aturmu mau bener. Lelejeme Kangjeng rama ketara, orahe tanpa reringa kagungan kekasih. Kegawa dhi ajeng Ratu Nom”.

Sampun prajangji sekaliyan, Raden Patih nangga setya, lajeng mantuk. Semanten Raden Patih, lir tiyang nekad. Jarag-jarag  prakawis, boten jenak wonten griya. Yen siyang cangkrama nambut reta, dhateng loji, langen mugut pantun, para putri ingajak. Kang eyang saweg gerah boten kaetang, wira-wiri kelangkungan boten mawi mampir. Kang eyang langkung serik galihipun, ngantos miyos kang prasapa, “Apa dudu putuku, angkuhe kagilagila. Apa kang tinemu”.

Raden Rangga Prawiradirja nalika punika kelangkung bekti dhateng kang eyang, nguraheni sakarsanipun priyayi sepuh. Tuwin sesaosan urmat busananing seda, nelangsa centhulane rumiyin.

Kacariyos Pangeran Natakusuma marengi sowan kang ibu lan Raden Rangga kepanggih. Raden Rangga matur,” Kula mireng kabar saking Mangkubumen, witipun ki lurah wewadul dhateng Pangeran Dipati katur dhateng Natakusuman, anunggang tandhu yen dalu wira-wiri. Rumiyin, sapisan kepranggul lampahipun ki lurah, sepisan sowan dhateng Kadipaten. Rencang kula sampun kula wangsit, den awatna tiyang estri kang tinandhu. Raden Ayu Singaranu, mantuk saking Kranggan maksa badhe kabiyak kang tandhu”.

Kang eyang gumujeng, suka, wekasan prihatin. Kangjeng Pangeran sabdanipun, “Mung sapisan aku seba, yektine. Karodene maneh wartamu mau luwih karsaning Allah. Yen rineksa, ora kena rinusak pepadhaning wong. Yen pesthi, druhakaning sesama sapa sanggup nulak bilahi. Ron sajaratil mustaha, kawula wus pinanci-panci”. Raden Rangga mangsuli. “Leres, pangandikanipun rama”.

Kacariyos ingkang rayi Raden Patih, kapundhut mantu Pangeran Dipati nama Raden Martawijaya. Ing antawis sampun lami, Raden Ayu kagungan putra. Pangeran Natakusuma tetuwi, sareng konduripun wonten margi kapethuk tandhu saking wetan kang njajari sekawan para nyai kedhik.

Pancenipun sampun samar, petenging dalu, pareng aken nyimpang. Sareng celak priksa yen Ratu Angger kang tindak. Kang abdi ndikakaken mungkur, Kangjeng Pangeran sumimpang. Wonten para nyai wicanten, “Nunjang bae, wong Natasuman. Ana Kangjeng Ratu tindak, wis celak tanpa kering”. “Boten pirsa, kula westani dede Anak Ajeng Ratu kang tindak”.

Langkung ngungun samargi-margi, ing nggalih uga seje tuture menyang kang lanang. Pasthi tuture yen dijarak. Nunten ing dinten Jumungah Paing, marengi gengipun peken, Raden Patih bakda Jumungah saking masjid. Dumugi ing radinan, bapakipun lumampah wingking. Wonten tiyang Natasuman, lurah prajurit truna kinanthi lan tiyang kadipaten belantikan tukar kapal, yen wonten Raden Dipati, nanging boten mireng. Raden Patih priksa  yen tiyang Natasuman. Lajeng cinekel, dipungebugi..Radenngunus waos, kapal ingkang winaos. Tiyang kadipaten kang gadhah kapal rnarbes mili, Raden Patih dipun engetaken bapakipun malih, malah tinantang. Raden Patih lajeng mantuk, sedaya rencangipun ndikakaken sedhiya piranti. Bok wonten dukanipun kang rama Pangeran Natakusuma, Raden Patih langkung kuwatir. Kasrat ing Pangeran Dipati, leheng rebat rumiyin, manawi karumiyinan. Amargeng resmining dyah; kang serat dimene mandi. Kangjeng Pangeran Natakusuma sareng mireng prakawis abdinipun lurah truna kinanthi, nunten nimbali putra Raden Tumenggung Natadiningrat ndikakaken lumampah dhateng Kepatihan. Sampun panggih lan garwa Raden Patih, sadaya sampun kajelentreh nalika kapethuk margi lan garwa Raden Patih. Wangsulanipun Raden Patih,” Ya adhi, matura rama ora pisan memalesi, bokayumu ora tutur lakune yen kapregokan tindake rama. Seka abdine rama, lurah truna kinanthi kang banget manasati, tanpa kering ing patih wrangkaning ratu.

Ing saikine, apuntene rama. Kapindhone aku ora weruh yen abdine rama”. Raden Tumenggung Natadiningrat sampun pamit, lajeng dhateng kadipaten. Panggih lan Pangeran Dipati, pangandikanipun. “Adhi, ana apa dene seba aku”. Aturipun, “Mila kula sowan, kautus paman dalem rama. Atur priksa, masa wandeya kauningan. Ing peken kagegeran, wonten abdinipun rama kaprawasa ing ki lurah. Kapalipun dipun tatoni, nanging kapalipun abdi dalem ing kadipaten ngriki”. Pangeran Dipati kaget, dene nganggo jaran kadipaten.

“Inggih Gusi, wantonipun linton anggen, belantikan tuwin kala pamethukipun sampun katur sadaya”. Pangandikanipun Pangeran Dipati, “Paman sung uninga menyang aku, aku nedha lan takrasakne kang yoga. Adhi, aja milu-milu ambeg runtike paman”.

Raden Tumenggung Natadiningrat sampun pamit, lajeng sowan ingkang rama lajeng katur sadaya. Lurah parajurit truna kinanthi, lajeng kapocot dening dados bebanten wisuna. Ing antawis lami, wonten Sarip mrasanja dhateng Natadiningratan. Sumitranipun Raden Patih.

Wicantenipun Tuwan Sarip, “Angger, manah kula nglokro, dene raka sampeyan Dipati sapunika panggih pepanggiling Ratu. Mutungi, jarag-jarag. Kula aturi sampun boten ndhahar pisan atur kula. Kula dipun oso-oso, langkung gela manah kula, Wajibing gesang, tumempel kang angsal wahyu. Boten liya angger, kang sayoga gumantos patih. Sanadyan angger timur, winongwong ing rama. Pesthi Ngayogya suyud dados janget kinatigan. Wangsulanipun Raden Tumenggung Natadiningrat, “Langkung saking kemokalan sebdane Tuwan, boten saged dados patih. Kados Ratu boten karsa, Kumpeni boten ngrembagi lan dede bibiting patih. Rama boten sarju, punika mung dados kori, Yen sampuna, mangga peksa. Menggah maesa, sampun ngoek. Boten wrat kangelanipun, tengah mangsuli sihing Ratu. Mung bilaine kang boten kuwawi manggul”. Tuwan Sarip mangsuli, “Pundi wonten, boten ginalih. Wajibing gesang minta kanugrahaning Allah. Mamrih indhaking sarira, kenging pinalar, kula ngengeri. Deres pawartosipun, yen angger dados patih. Dene Sindunagara mung wela.” Raden Tumenggung Natadiningrat saya tan sarju, Tuwan Sarip kawelantah semu kacuwik, lajeng nyuwun pamit.

Kacariyos RadenPatih sowan Pangeran Dipati. Aturipun, “Gusti, kula sanget kuwatir, prakawis ing loji. Yen kula pambengan, boten wonten ingkang njangkung. Pun adhi Natadiningrat, bilih kalebet reh kang saking paman dalem Pangeran Natakusuma. Wantuning guna, boten kawistara.

Kumpeni, manawi sumela kagungan karsa sanes. Prayoginipun, pun bapa kemawon dipun damel nelusup. Mung sageda tepang damel. Yen boten sapunika, sanget kuwatir manah kula. Pangeran Dipati sumerep, marengi, arta, katujon galihipun lajeng santun.

Raden Patih nuju ngandikan ingkang rama, Pangeran Dipati matur, “Pamrinanipun ingkang rayi, Raden Tumenggung Natadiningrat, sanget melasaken dening tanpa kanthi. Yen marengi kangjeng rama, prayogi uwakipun pun Danukusuma amonga”. Ingkang Sinuhun kewedan, wit dening dede kang karsa. Ing satemah. nuruti. Lenggah sewu, tambahing sabin ginempalaken lenggah Danurejan.

Parentah sampun dhumawuh, yen Danukusuma lenggah kaliwon miji. Semanten Raden Patih sanget anggubel dhateng Tuwan Minister Moris. Lan wewadul, ambeg suranipun Kangjeng Sultan. Lan bokmanawi, pyambakipun pinrih ing pati dene Ingkang Sinuhun.

Wangsulanipun tuwan minister, “Kadi boten tumama, Raden Patih, abdine Tuwan Besar. Yen kuwatir, kula ken jagi dragunder”.

Raden Patih, angres manahipun, “Lan yen kenginga kang gumantos leheng pun bapa pyambak, Kyai Danukusuma. Yen kula boten kinukup kumpeni, kadospundi Tanah Jawi? Mesthi, karisakan”.

Minister mangsuli, “Ampun, akeh-akeh kang dipikir. Kula ngrewangi Raden Patih. Saking banget panasing ati, prakara gegilang boten kodal”. Raden Patih, pamit mantuk.

Kacariyos, Cina ing Demak kinecu bresih. Tumpes donyanipun, kenging tiyang Demak. Sewu tigangatus, sedhiya Jayengsekar. Tetindhih, kaliwon satunggal. Angodhol, nelasah kampak. Lacak kajedheg ing Wirasari, tepang Grobogan, bumi Ngayogya, Gabus namanipun. Kaliwon, milungguh dhusun ing Gabus sinanggyan pretinggi prapat mancalima.

Jayengsekar rusuh, ngrayah, ngobongi griya, kagegeran. Dipun kathahi dhateng tiyang Jayengsekar, lumajar.

Mantri, keliwon, kantun ing Ngebyak cinekel sampun binanda. Lajeng kasaosaken, Raden Tumenggung Sasranagara marengi jagi, boten sowan dhateng Nagari Ngayogya.

Mantri kaliwon lajeng kaaturaken Raden Rangga dhateng nagari. Sampun, mangkat.

Kacariyos, landros ing Semawis angsung srat dhateng Minister Moris sarta bantu prajurit dhateng Demak mawi kumpeni tetindhihipun. Dhusun Gabus, kinepang. Tiyangipun sami dipun cepengi, angsal tiyang sanga. Pengulune katut.

Raden Tumenggung Sasranagara, semu ering. Dening Walandi Tuwan minister, sampun tampi srat saking Semawis.

Minister nunten bicara lan para bupati. Enggal anglampahaken putusan. Juru basa Gor, lan bupati satunggal Raden Sasrakusuma. Prentahipun Raden Patih, “Lamun kapergok lan kaliwon kebaktaa lajeng dhateng Semawis. Sampun ngantos dhateng Ngayogya. Juru-basa Gor lan Raden Sasrakusuma pepriksa dhateng Grobogan ngurus nalaring prakara.

Yen mantri kaliwon binanda, enggal uculana.”

Sampun sami mangkat ingkang kautus, sareng katur dhateng Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, sanget dukanipun. Raden Rangga kautus ngrebat Kaliwon Demak, prajurit kerangkat lumampah. Saking penggalihipun Ingkang Sinuhun, “Bok digawe saprayogane, sathithik aja sesoroh”. Temah duka dalem tumpa-tumpa dhateng Raden Patih tuwin sabapakipun, nunten wonten serat dhawuh pemut yen Raden Danukusuma boten kalilan sebab mangsuk pancaniti. Mandhega ing galadhag, Raden Patih langkung serik. Tuwan Minister sampun tinuturaken, semanten kang njujul Kaliwon, kapethuk margi. Dipun tedha juru basa Gor, kekah. Tiyang Grobogan inggih kekah, lajeng den srahaken ing tiyang Kranggan. Raden Sasrakusuma angerihi dhateng juru basa Gor, ingajak manuta, Prandene para bupati ageng-ageng lan kang njujul punika, mundhi karsaning ratu. Runtut lan Minister rembag punika, ugi angger ingkang kantun Tuwan jurubasa sampun ngeli. Kaliwon kasrah wong Keranggan, sampun dumugi ing Ngayogya. Raden Rangga suka-suka atur priksa dhateng Kadipaten prakawis punika. Pangeran Dipati sumingkir, lajeng ndikakaken anyaosana Kaliwon den rantun wonten Kepatihan.

Sareng katur, Ingkang Sinuhun langkung suka. Para bupati sami kakersakaken dhateng griyanipun Raden Patih amriksa Kaliwon Demak. Aturipun ndikakaken nyerati, saking karsanipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan amemales ing patrap. Tuwan Minister sareng mireng langkung nepsunipun, Raden Patih ngilikilik lan atur pemut dhateng Pangeran Dipati sampun tumut-tumut prakawis punika. Ambeg suranipun ingkang rama,. boten kandel dhateng Gupremen. Pangeran Dipati miturut, Tuwan Minister angsung srat dhateng Raden Patih nedha Mantri Kaliwon dening iku abdine Tuwan Besar. Lan sapa ingkang duwe atur ngrojongi Kangjeng Sultan, sapa bupatine. Sareng priksa, Ingkang Sinuhun enggal ndikakaken maringaken. Minister tumangap, sampun tampi. Kangjeng Sultan, mundhut tiyang sanga kang saking Gabus ingkang sampun kabekta saking Semawis. Aturipun Raden Patih “Tiyang sanga sampun tinetepaken kecu. Lingsem wagugen Kangjeng Sultan, semanten Tuwan Minister kang manah lir antiga kapiting sela lungit. Dening purun gantung srat saking Surakarta, gandhek ngantos tigang wulan wonten Nagari Ngayogya.

Kangjeng Susuhunan boten trima, Kumendhur pambram dhateng Ngayogya, badhe ngrampungi saklir kastori. Raden Patih ageng manahipun, para bupati sami prihatin. Ingkang sarta Raden Patih wewadulipun nelas, lan juru basa kekalih Tuwan Gor, Tuwan Krisman. Punapa raosing manah ingkang badhe katamakaken Kangjeng Sultan, sampun rinacik dhateng Kumendhur Pambram.

Raden Patih kang nenajemi ing saulat solah nangga setya, “Amung titip Pangeran Dipati enggal jumenenga Ratu. Ingkang rama megawana, sampun tiling lan Kangjeng Ratu kedhaton kasilep. Ratu sesengkan anyar, Ratu Kencanawulan, saturipun ginega dhateng Ingkang Sinuhun lan sanget sengit dhateng kuwalon Kangjeng Gusti Pangeran Dipati. Lan enget yen puputra priya, sapunika tepang lan besanipun, Pangeran Natakusuma, dhateng Kangjeng Gusti boten yukti.

Prajurit lebet kang nayaka, kadangipun Ratu Kencana, kalih sami nama bupati wewah Ki Rangga Prawiradirja, badhe kamantu malih. Kangjeng Gusti kesisan ing batos, ingkang leres mopoa, dados tanpa tolihan dhateng Kangjeng Gusti:

Ki Rangga kang manah saya malembung, Ratu Kencana sampun resep. Nanging ingkang sanget dados kawatir mung rama Natakusuma, pyayi miguna. Lembat putra dados pangulah sabarang aturipun, rembag kadhahar ing Sinuhun mingo ing Pangeran Dipati. Kula pinrihing pati, Kangjeng Sultan pangangkahipun yen Raden Rangga sampun rabi putri mangka agul-aguling panduk.

Karanten Kangjeng Sultan wangkal, pasang rehipun Tuwan Besar, ngandelaken mantu lan besan. Ing sapunika sampun katawis, prajurit Natakusuman, Kranggan, Natadiningratan tandha badhe purun ing tuwanku. Kula sampun kainan, rehning rumeksa nagari asal-asal sampun kapratela. Lan Kangjeng Gusti nelasaken yen tan wonten ingkang pangukup, Kangjeng Tuwan Besar dhateng ingkang wayah Kangjeng Pangeran Dipati. Kula boten awet dados patih, ngraos boten saged anglampahi yen teksih wau punika. Sukering praja dados kalilip, liya punika sampun suyud sadaya dhateng Pangeran Dipati tuwin dhateng Gupremen. Yen ical tiga punika, boten angel Kangjeng Sultan, alit kang galih, Tuwan Besar sakarsanipun dados. Kangjeng Gusti sumangga kang eyang, lan pitungkas yen wonten prakawis saking Kang Eyang Tuwan Besar. Sandi lair manut kang rama saking ajrihipun”. Tuwan Pambram mangsuli,” Trima kasih, lan empun akeh-akeh kang dirasani. Pesthi kula matur ing Jendral, ampun susah yen atur seka kula wis pesthi lamun ginugu. Dene ing saniki, perlune gawe kula mung prakarane Minister Moris gegilang lan layang.

Minister kang kula tutuh, temah ngadu-adu ing Ratu. Lan tempuh arta Cina Demak, kang kinecu wong Gabus lan ing Kedhu akeh kampak.”

Wangsulanipun Raden Patih, “Dhusun Kedu, boten nguwasani Sabdanipun Pambram, boten deleng Hyane ing pepatih. Inggih tuan, boten kula oncati. Asal Kangjeng Gusti jumeneng ing samangke, nuwun duka. Yen tuwan bicara wrana, dipun sumentor. Kangjeng Sultan remen gelar rewa-rewa, tuwin geladhi wonten alun-alun kidul. Kangmas Sumodiningrat kang rumojong, sampuri ged-geden.

Ingkang judheg, sumelanging manah inggih amung Pangeran Natakusuma. Nukma paekan alangkung lembat, lan tilar murwat sentana kados kang mengku nagara. Saatur-aturing patih Danukrama lan juru basa Gor, ingkang nyerati badhe katur ing Tuwan Besar. Sampun katur Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, enjing Tuwan Panbram katimbalan pinanggihan wonten taman.”

Kangjeng Sultan kewedan dening gegilang, Pambram sampun nama Kumendhur dados Puhnak Jendral maSa gelema ana ngisor. Kranten sinamun ing taman boten mawi gegilang.”

Penggalihipun Ingkang Sinuhun, mangsa oraa gawa prakara agung, sipi gedhe tur mahaprana. Nantun dhateng ingkang putra, “Sapa bupati kang yoga ngadhep?”

Aturipun Pangeran Dipati, “Boten wonten kejawi adhi Danureja, Kakang Sumodiningrat, tiga pun Sindunagara”. Kangjeng Sultan miturut Tuwan Pambram, sampun tetabehan lajeng tata lenggah. Aturipun Tuwan Pambram, juru basa Krisman kang nggatosaken aturipun Tuwan Pambram, “Rehning mangke Minister Moris selaya lan Sultan, prakawis gegilang bok inggih tinurut aturipun. Dening adat, swarga, yen lenggah pendhapi kadhaton boten mawi gabancik gilang. Yen manggihi Oprup dipun timbali, sanes gilang, sela-sela renggang wijiling witana. Sampun nalurine kang rumiyin. “Moris netepi parentah Minister, sami lan Sultan. Ing sanalika, pundi nggen lenggah jajar, campur wangun kaurmatan. Temah mangke kasor lenggahipun, yekti ajrih parentah. Mila dados kastori,. bok inggih lutur galihipun Sultan. Sepele dados rembag, dening gilang bancik kayu asil punapa”.

Kangjeng Sultan nitya sumirat dadu,” Ya bener iku balabag, ananging manjing wiranging Ratu. Lan wus sun gawe segah kala Jendral rawuh den pinaraki sakaongron lan ingsun. Para Idlir kabawah, yen dudu karsane pasthi sinaru. Wis oran ana angin barat, ana babagan nusuli. Kang anjunjung Ratu ingsun, Kumpeni. Ingsun ora lali, maksih emut. Nadyan iku blabag, wus sun enggo. Ora ngeman wirangingsun, ingsun iki putraning Jendral didhedheli si Moris. Wirang deleng ing sapepadha”.

Wangsulanipun Tuwan Pambram, “Timbalanipun Gurnadur, kala pinarak Ngayogya boten patos angyektosi yen gilang kajeng. Kagalih gilang sela, tetep naluri. Sareng tetela yen tranging karsa, Kangjeng Sultan mantunana netepi prentahipun Minister. Yen boten kersa, loji Gupremen suwung kabekta dhateng Semawis. Juru basa manesel, nuwun tempuh sewu Demak kang kinecu tuwin Kedhu. Yen boten ical tiyangipun awon, Jendral karsa tindak pyambak birat tiyang kang samijurit”

Pangandikanipun Kangjeng Sultan,” Kejaba wus praniti, keprabonipun gilang trima lowung didol si Moris. Untunge dinulur ing Tuwan Besar. Loji Gupremen kang jaga Sinuhun, iku beneh cahak. Luwih karsane anguningani, asal aku aja cidra sesangganku tunggon barang tuwin picis, jaluk tempu sewu meksih mulur nalare. Desa Kedhu, pinundhut pilih margane rinusak jeksane dhewe.”

Begadring wawalan, temah sami kendel. Tuwan Pambram matur, “Kula mireng wartos rawat-rawat, yen Tuwan Sultan wonten ingkang tusuk. Dados sandeyaning putra, kosek lan Pangeran Dipati. Yen yektos, kula badhe mireng kaparingana priksa”.

Kangjeng Sultan langkung kaget, “Iku pawarta corah, dene dhingin Tuwan Besar angsung pemut, ingsun pinenging nggugu ujar kang ora yukti. Ki Dipati, apa sira ngrasa padudon lan ingsun”.

Aturipun Pangeran Dipati, “Boten pisan suwala, langkung ajrih”. Tuwan Pambram pamit mantuk. Ingkang sami sowan sadaya tinundhung medal, para bupati kang wonten njawi anungsung wartos. Raden Patih ‘ajarwa anggarjita, para bupati temahan prihatin. Tuwan Pambram sampun mantuk.

Kacariyos, Minister Moris kendel, ginentosan Minister Iglar dhateng Ngayogya malih. Wondene prakawis gilang, kadehik sewang kadamel sidhang siring. Yen Minister sowan pinanggihan ing sri menganti. Kangjeng Sultan teksih pinarak ing gegilang, naluri kang swargi.

Kacariyos Sekretaris Jendral, Tuwan Pirkes, dhateng Ngayogya mertamu. Pangeran Dipati lan para putra santana sami manggihi wonten ing loji. Amung kalih dinten, enggal mantuk.

Minister matur ing Kangjeng Sultan, wonten parentahipun Jendral. Sebab tiyang memara dhateng pesisir, yen boten mawi srat pas saking pepatih lan Minister tuwin kaji kang sami ngampungaken tedhak Rasulullah, yen boten wonten tandhaning yektos saking salasilah, den tepenga kasrah ing Gupremen. Boten kenging mbekta gegaman, bedhil siji dipun beskup. Kangjeng Sultan Surakarta, sampun ngestokaken anglampahi. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan merang anglampahi, dene mawi manut Surakarta. Pangandikanipun,” Dene nganggo tununtun seka Sala, apa ingsun iki kebawah anak mas Sunan. Ingsun lumuh niru, salah gawe. Kaniaya marang wong talabul eknu, den kon anyekeli. Yen ora aweh, dadi galap menang.”

Raden Patih tinggal pratela dhateng Minister. Semanten Kangjeng Ratu Anem, babar putra kakung. Saya kathah reraosanipun, tiyang ingkang sami anggeni. Dene sihipun Ingkang Sinuhun matambah dhateng Tumenggung Natadiningrat.

Kacariyos Raden Tumenggung Sumodiningrat, dosa ing Kangjeng Sultan, amejahi tiyang nama Brajalesana. Panasing manah, piniji lan Amatahir kautus nalika dhateng Crebon, kala bedru Kumpeni wonten karaman tiga.

Ki Sidhun Kuburangin, tembung kasbut wau kajengipun namanipun ing tetiyang tiga: Ki Sudhum, Ki Kulur, Ki Rangin. Wedananipun kasingkur, mila Raden Sumodiningrat ngincih. Lajeng kapesat medal lenggah mijil njawi. Sareng wonten kabar yen badhe- wonten Jendral mertamu dhateng Nagari Ngayogya sarta anggegirisi, Raden Tumenggung Sumodingrat wangsul dados nayaka lebet malih. Dimana ing Kangjeng Sultan, pinuji ing damelipun, pikandel agul-agul.

Semanten Lurah Blambangan mati, nama Ngabehi Dasamuka, ing impen nuju memet abdenipun Ratu Kedhaton. Dhusun dipun cekeli, wonten alun-alun kidul, kalunasan. Kangjeng Ratu Kadaton langk.ung merang. Lan wonten santananipun mantri Japan, dosa ing Gupremen, kanggenan saradhadhu saking Surapringga. Ngungsi dhateng Japan, kadakwa ngekahi saradhadhu kinurung wonten kemandhungan. Kangjeng Ratu Kadhaton sangsaya muadhut guna sektining mantu, Adipati Danureja. Mamrih kang putra enggal dados Ratu. Lan ing manah, boten kuwawi anahanakening maru, Ratu Kancana.

Dhateng ingkang raka kolu, Pangran Dipati inggih, kolu. Raden Patih sagah, srana tulak tumbal saujaring dhukun den lakoni sidhekah wreni-wreni. Anglabuh seganten, ardi, wong kasurupan, lan impen pinuji-puji. Tetumpeng gogohan den bekteni.

Mila rumiyin wonten nama Tirtasengaja, ngaken angsal gaib. Kangjeng Sultan langkung panas, dipun pejahi. Lan wonten tiyang nama Setrawijaya, Wangsakartika mung pocodaning marasepuhipun ingkang putra Pangeran Dipati. Lan wonten tiyang estri, nama mBok Kertakusuma ngaken meryayang dhayang. Inganggep guru dhateng Kangjeng Ratu Kedhaton, Kangjeng Sultan langkung ewa.

Gurunipun Pangeran Dipati, nama Ki Danakusuma, sami tiyang penceng kiblatipun. Saaturipun ginugu ing Raja putra, Raden anyagahi bab kang dhateng Welandi. Raden Riya Sindureja, kang sagah samarata putra santana dipun rampasi. Patih Japan, sampun den luwari saking Raden Patih, maraet sihipun Minister Ingglar. Semanten Pangeran Dipati, roroning tunggal lan patih. Tiga Pangran Hadikusuma, pocapane mangan upas bareng mati.

Putrining sentana tuwin para bupati kang ayu, Raden Patih mangangkah Pangeran Dipati kang mundhut. Kathah kang sami kentir, sabab sami dipun bandhani. Semanten Kangjeng Ratu Kadhaton, ningali polahipun Raden Rangga pacuk Den Ajeng Suratmi, sanget rudatin ningali kang wayah-wayah. Rame lan Ratu Kancana, sapatrapipun tanpa kering. Peparing sampun kathah, Ratu Kancana dhateng badhe mantunipun.

Kacariyos Raden Patih rembag lan Surakarta, Patih Cakranagara pratela dhateng Kumpeni wit salahipun Raden Rangga ngingu tiyang Pranaraga nama Wirabrata, bengkok kecu. Semanten Pranaraga, Mediyun sami gentos kecu-kinecu. Ing Mediyun mangun kutha, sedaya manca dipati sami anyambut damel. Mariyem wonten baluwarti ing Pranaraga, kawon angkok lan Madiyun.

Kacariyos Kangjeng Sunan wewadul dhateng Jendral, minta adil Gupremen: Nuju ngajengaken Garebeg Siyam, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan bicara urmat mariyem yen miyos, badhe kasuwun mantunipun, sebab dede angger Kumpeni. Raden Tumenggung Natadiningrat kuwur manahipun, dening den bebidhung. Tampa pemut saking Danurejan, lajeng kasaosaken Pangeran Dipati. Pangandikanipun, “Yen prakara urmat atas Kangjeng Rama pyambak, aku wedi matur”. Lajeng sowan dhateng sri menganti, kapareng sare Kangjeng Sultan. Serat kacanthelaken Raden Brangtakusuma, Raden Tumenggung lajeng mantuk. Sareng wungu, serat tiningalan.

Raden Brangtakusuma kautus dhateng Natadiningratan, ing sarehning urmat lamun miyos mantuk, Kangjeng Sultan langkung runtik. Lajeng atur serat ing Raden Patih, kepareng sampun mangkat sowan. Serat dipun tingali, Raden Patih gedheg-gedheg mirsa ungeling srat. Mawi mampir ing loji, kapanggih Minister sampun kawartosaken sadaya. Raden Patih lajeng dhateng pageiaran, pepak sadaya putra santana tuwin bupati.

Raden Sumodiningrat, Purwadipura andhawuhaken timbalan dhateng Raden Patih,yen urmat boten- mawi. Mangke yen Minister dhateng, Kangjeng Sultan boten jumeneng. Tumenggung Sindunagara andhawahaken dhateng Loji.

Minister sareng mireng mutung, masang angkah. Timbalan, boten sowan. Ing satemah baul, Grebegipun sepi sebab Kangjeng Sultan boten miyos. Bakda Grebeg, putra dantana tuwin bupati sowan ngabekti. Kangjeng Sultan andhawahaken,” Aja na narka, yen ingsun baceri Ratu lan Gupremen. Utawa ana kang ngandon-adoni, mamrih renggang. Poma pacuwaningsun, ora owah belengket.

Amung lagi rebut, udur-uduran aprakara urmat lan penjaiukingsun sapa kang tabeyana. Liyane Minister kang njaga ingsun, lan ora ningali Jendral. Amung pulmahe kang sun tingali, kang aweh urmat Minister Moris diga.we salah. Apa Minister galagala, mulane njaga ratu mesthi Walanda pilihan, cukup mangertine. Lan apa mulane Minister tak undang, nora teka. Apa ana kang gegasah, banget petenge galihingsun. “Aturipun ingkang rayi, Pangeran Natakusuma,” Leres pangandikanipun Ingkang Sinuhun”.

Mireng aturipun ingkang rayi, suka pyuh dhateng ingkang rayi. Cumeplong galihipun, ingkang pangandika,” Iku bener, ciptane adhimas. Sedyaku ya mengkono.” Sasampunipun dhedhaharan, lajeng sami katundhung sadaya. Sobating Patih, awewadul piyangkuhipun Kangjeng Sultan dhateng Gupremen. Pangran Natakusuma ngrojongi, malah cumacat Minister Inggiar Walanda baung. Raden Patih tansah nggegasah Minister, temah ical sedaya sih palimarma kang dhateng Pangeran Natakusuma. Sandi upayane dipun kencengi. Damel srat wewadul dhateng Jendral. Carik tiga kang ndamel tuduh pinangkanipun, Danukrama, Trunasastra, Tuwan Dritecara Welandipun tepang lan Pangeran Dipati, Cundhaka Wiryapuspita lan ingkang rayi, Pangeran Mangkubumi,

Amangsuli cariyos malih ing saderengipun bada Garebeg. prakawis Madiyun Pranaraga. Dhusun Ngembel tiyang ing Pranaragi, kapejahan tiyang Kranggan si Narayuda. Raja pejah, gandhek Pangeran Dipakusuma, Ja.yadipura, tiga Somanagara. Surakarta nguruni Bupati Tumenggung Arungbinang, utusan Gupremen Kaptin Krisman. Sami landrat, temtu tiyang Ngembel pejah. Kaptin Krisman adamel leresan sampun den ecapi, Arungbinang sampun suka tandha.

Pangeran Dipakusuma dereng, ajrih ing ratunipun, kedah atur priksa rumiyin, lajeng sami mantuk. Raden Rangga taksih wonten Ngayogya, sareng siyam Raden Rangga kalilan mantuk. Bak.da siyam, wangsula. Sesanggeman bakda, den leresi wulan Sawal, Raden Rangga sowan, katunjel Kumendur Prambam dhateng, mundhi serat Gumadur.

Serat supatranipun kekalih, kang satunggal bab Raden Rangga pinrih mintak ampun dhateng Bogor pinanggil Jendral. Srat ping kalih, rehning Kangjeng Sultan damel kori, Raden Tumenggung Natadiningrat punika, Jendral boten marengi. Sebab putraning sentana kathah ewedipun ing wewadosing kang rama. Boten sadu dados sesendhoning nagari, mabubrah tata. Cilakaning ratu, kasusahaning Gupremen. Yen boten anut, pesthi Jendral runtik mutungi pasangan rawuh ing Ngayogya, amangun tata lan patrap.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan langkung gugup sanget, kang paminta sampun ngantos Jendral mariki, supe subasita pamrih wong kang dudu. Saking kumetering galih, Kangjeng Sultan kapengkering lingsem, tinitih Kumendur Pambram. Raden Patih gumapyuk, ginubel ing sih ela-ela dhateng Pangeran Dipati. Sedaya ingkang dados pakewed, sampun kasumbageng manah. Sanak mantu, kulit daging nirtyeng purwa duksina. Cipta etang buruh, sanak-sanak abot telak. Kipa-kipa lir anyuthat wrejid cacing marang sanak kaponakan. Supe welingipun swargi, sadaya ingkang gadhah pengangkah saaturipun ginugu. Penyananing galih mokal, gepok kang sarira. Mila sedaya ingkang dados runahing putra Pangeran Dipati lan patih, cipta abuwang uwuh aja. Gendheng anyukeri dhiri.

Raden Rangga sampun kadhawahan lumajar dhateng Bogor, mintak ampun ing Jendral lan kancane tetiga. Raden Rangga nuwun kaanthi, ipe Pangran Dipakusuma. Kangjeng Sultan jumurung, anunten saling karsa Kyai Danukusuma kadamel kanthi. Pangran Dipakusuma sande, kathah pamrihipun Kangjeng Sultan. Karane bapa patih tinedah, yen lakune harja estu dados surati. Mapan landakipun Raden Rangga, marnrih jetmikanipun.

Yen Rangga kinarya sirna, aja ana bebaluhi dadi watir. Raden Rangga ngenes manahipun, den bebungah kartine den utus Ratu Kancana. Sungsungipun Raden Rangga ing manah nglaIu, ngraos kothor sampttn nipis pangabdinipun, Dening tanpa ta’ngsuI, ingkang mamrih byuha mahraja.

Kang masangi iuwang langkung bingah, mupung dhudha dereng kamantu maning. Den dhedheli dhadhahan, ilanga kabeh kang dadi keiilip. Mila ing manah, Raden Patih kesusu selak kudu salin ratu, 3umedya patih patah gul anung murba misesa, darma bae ratune mukti kadhaton.

Ngangkuh ratu kejaba Raden Rangga nekad liwung, bubuk antuk supana. Raden Rangga ing. cecengil, pinrih giris lir pejah sajiomng gesang. Saking mapuhining manah, Raden Rangga ngupados margi nggenipun kesah.

Nuju dalu Raden Rangga sowan ingkang rama Pangeran Natakusuma, nuinpak tandhu kajang, kepareng Raden Patih salengepan dhateng kadipaten. Sinapa trampil sauripun, ngaken Raden Ayu Singaranu mantuk saking mancanagari. Nanging ingsakalihipun, boten samar sami yitna tinanem ing manah. Wadosipun Raden Paiih, lajeng dhateng kadipaten.

Raden Rangga sampun sowan ingkang rama Pangeran Natakusuma, lajeng njujug lir wekaang panggih. Aturipun, ” Kula punika sampun ngraos bilahi dados pasrahan dhateng Gupremen, saking pitenahipun Danureja. Danukusuma sareng ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat sowan ingkang raka, sebadanipun Raden Rangga dhateng ingkang rayi,” Pinten banggi adhinias, awet ningali warninipun kakang Rangga. Boten sotah pengangkuhe sitaha, iftanah kmasampunteias. Amung adhimas den saged suwita nagri Ngayogya. Pun kakang kados boten mantuk, lajeng kabucal. Majeng pejah, mundur pejah. Yen pejah ing margi, awis rencang ingkang bela. Lan keraos duraka, kuIa salamine gesang. Pun kakang tengeh ngecani manahing tiyang, tansah dame! sakit sak. Amung kedah nusul mbok jengandika. Fuji kula, yen pejah winalesa ing dalem dunya sadaya kang sami motangaken ing kula. Mayar alam akerat, suka. den rujita. Sampun aggendhong memala”

Kang rama ciptaning galih, guruning pracaya ing Allah, keciwadhag. Kawedhar sabda, angrapu,” Sokur lepas kawruhmu, ananging keciwa. Uruna prentahing Allah, lagi kinongkon menyang Bogor, Prentahing Ratu Bethara, nunggal prentahing Allah.

Ing nitipraja, dikon ngambungi pipining naga kang galak ora wiyang nglakoni. Sanadyan pati, sakit sabil ingkang nulya. Dudu si Danureja kang aweh lara pati, yen regag saka pitenah. Wong durung, kowe nglakoni, kawruh mateng bali mentah temah nora precaya. Lan sira isih nom, wajib amalar sihing ratu, kang kari aja cupet kurang ihtiyar. Yaiku, dadining gaib Allah, sipat rahman. Angsung pamintaning umat, angger boboding awak. Jaluk dudu walake, iku wong mamak duraka”.

Aturipun Raden Rangga, “Tiyang kathah, was-wasipun kanggenan ngelmuning setan, kirang amaitis ing Sukma”. Pangandikanipun ingkang rama, “Juwed, dene basamu kumethak. Lod-lodan, lowe. Pamupusan, wong urip budi ihtiyar. Endi ciptane kang mangsut, yaiku guruning nyata. Ora ana ngucap lara pati, linakonan”.

Raden Rangga atur sembah, kojah dhateng ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat yen sariranipun katurunan songsong jene ing salebeting impen. Ingkang rama mireng ewa, kang galih sampun gela, narka yen anglamong. Lajeng katundhung medal, ingkang rayi Raden Tumenggung Natadiningrat kapendhet titihanipun sandi, kabekta dhateng ing Bogor.

Semanten Raden Rangga, lir wong mayangi solahipun lan sanget bekti dhateng kang eyang. Sedheng kang para bupati kalempakan ing Danurejan, angrembag nggenipun badhe dhateng Bogor den sarah panceding dinten lan putusan gupremen. Raden Rangga boten ngudhoni, sampun penangganipun. Amung sumangga kemawon, iajeng bibaran. Raden Rangga wonten margi tansah sesambat garwanipun, amung kedah nusul.

Kacariyos Pangeran Natakusuma, ngandikaning kang Sinuhun Kangjeng Sultan. Sabab ingkang putra lan Pangeran Dipati tuwin Raden Tumenggung Natadiningrat. Pangandikanipun Ingkang Sinuhun,” Mulane adhimas sun undang, ana layange Jendral. Sabab anakmu dadi lawang Tuwan Besar, ora rembug. lng mengko ingsun lakoni tulak bilahi, adhimas nyingkiri wong ingkang rame kang gumanti lawang vvakane Sindunagara. Ora ewuh, sapuluh-puluh ana setan ngiwi-iwi. Aja dadi atimu miwah Natadiningrat”.

Aturipun ingkang rayi, “Leres karsa dalem, kula langkung rumojong. Sampun rumiyina, mila yen puruna, matur sanget nuwun kangmas. Sareng pun Natadiningrat kinarsakaken dados kori, kula langkung watir. Mantuk sanget, pepondhas sasat katrahan ing nugraha raosing manah, kaowel bilainipun. Begja pun Natadiningrat”.

Ingkang Sinuhun kajron tampi, raos anglulu matur loba, “Adhimas, nora mengkono. Mung mari tepung prakara kang menyang Gupremen, yen nampani karsaningsun misih Natadiningrat.”Kang rayi matur persudi, “Sinuhun ketanggelan dadosa bupati mijen, manah kula langkung eca boten wonten kang munasika. Punika supadosipun”.

Anyambeti Pangeran Dipati, “Leres, paman. Dados resikipun adhi Natadiningrat,.manahipun saged eca boten cowong”. Asreng ngandika Kangjeng Sultan,” Kaya bocah katriwal, dadi miji sasat nganggur”. Aturipun ingkangrayi,” Asal teksih momong putri, mangsa kantosa katriwal”. Nunten Raden Brangtakusuma angemban timbalan dalem Ratu, dhumateng ing Danurejan. Raden Tumenggung Natadiningrat, mantun dados pintu ginentosanKyai Tumenggung Sindunagara. Ingkang rayi Pangeran Natakusuma tinundhung medal sarta pinoma-poma sampun ngantos dados galihipun. Kangjeng Pangeran Natakusuma lajeng kondur.

Semanten ing dalu, wonten daru ngaler ngilen dhawahipun. Enjing Tuwan Pambram mantuk, sampun pupus sadaya saliring bicaranipun. Ingkang Sinuhun langkung suka. Pedhak sonten tetegar, semanten Raden Rangga Prawiradirja ubanggi, kirang nem dinten mangkat nusul Tuwan Pambram, tata dhateng Semawis.

Denya ngandika ing Jendral, lajeng sowan dhateng Bogor Sandi ngirabaken bala wira-wiri wonten margi, nanging Raden Rangga boten tumut manggihi putra sentana bupati. Amung selamet ing paran, sampun jaga taha-taha sasolahipun tiyang Kranggan nggeladhi sarta mapan prajurit gentho kumebul,

Ing sabibaring tamu, Raden Rangga galenikan lan Pringgakusuma kalayan mantri njawi nama Ngabehi Pusparana, prenah kaki ing Sokawati. Raden Rangga sampun pracados, boten priksa yen kekalih punika dados pangulahing patih. Kang wau sampun pratignya mangan upas, bareng mati temah mandayeng jangji balik dhateng Raden Patih. Mangka pikandel ngawula padha pyayi, gleca-glece sasolahipun.

Raden Rangga winadulaken dhateng Raden Patih, wanci bedhug dalu Raden Rangga daut margi ing wingking ler wetan. Ambobok banon, kadamel margi baris kapalan, gumrebyug langkung kaget kang kamargan. Raden Rangga dumugi Jenu lereh, boten tinututan. Prajurit gentho kari, sampun oleh dangdanan.

Raden Pringgakusuma, Pusparana amung ngaterken ing margi lajeng dhateng ing Danurejan, dhatengipun Ki Martalaya atur priksa ing patih, langkung sumringah netyanipun. Enggal Raden Danukusuma dhateng loji, atur priksa ing saderengipun Raden Rangga morod, Raden Patih kang ngaturi penjawil.

Pangeran Adikusuma, Pangeran Mangkubumi, tunggilipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan kapinta ing galih. Para prawara ngandikan, ingkang dereng dhateng katimbalan Raden Patih. Kengkenanipun sumebar, lan nalika ingkang rama Pangeran Natakusuma lelejeming den waspaosna kang yektos. Kangjeng Pangeran sampun dangu sinowan ingkang abdi sampun katuran priksa dhumateng ingkang putra Raden Tumenggung Natadiningrat.

Nunten wonten utusaning patih, anyaosi priksa lolosipun Raden Rangga, katunjel gandhek animbali enggal-enggalan. Kangjeng Pangeran sampun sowan, Pangeran Ngabehi sarenganipun. Ingkang Sinuhun nunten bebilas dhateng ingkang rayi, wonten terkaning batos. Ingkang rayi ing semu, tampi. Katujune pun Rangga boten wonten, dandosan kula den gabrul. Amung Natadiningrat kenging kapalipun satunggal, Ingkang Sinuhun semu mengkak sebab Ratu Kancana kathah kengingipun.

Nunten amatah punggawi, ingkang nusul nututi Raden Rangga. Raden Purwadipura, tetindhihipun prajurit lebet, sapratigan urunan tiyang sanegari. Bebantheng Ki Martalaya, Dipadirja putranipun Raden Arya Sindurja, Pringgakusuma. Nanging welingipun Ingkang Sinuhun, binujug sangkaning lirih, darapon Rangga elinga.

Pangran Natakusuma, boten. suwawi. Prayogi kabrubuh Ngayogya kerigan. Sokur kacandhak ing margi pun Rangga, yen boten kepapas ing benjing kathah pambekanipun. Kamadhihan ngajak sempal, Raden Patih mengo, sedaya boten wonten rembag. Ngetok budining praja, sawet gangga ketok ponjen. Inggih boten pantes, tuwin amicanten kagengen lampah.

Mila pamrihipun, Raden Patih purnaa saking Kumpeni. Dapak-dapak Kangjeng Sultan manggih ciri, den embut Rangga pinrih aweta. Dhawuhdaiem Ingkang Sinuhun, kang anglurug den pracayakna enggal dhateng minister lan anedha kanthi dragunder Walandi.

Raden Patih ingkang lumampah, lan ndik.akaken cecereng. Yen Kangjeng Sultan, nora tunggak milu-milu. Rangga, alane dhewe. Kejaba ing kana, yen ana sabyantu, ingsun ora pisan angajani. Apa maning Ki Dipati nora wruh, aja ngawak-awaki.

Raden Patih langkung rujuk, welingipun Ingkang Sinuhun, malih damel; yen sampun dhateng loji lapur, ken ngrayah pondhokan kranggan.

Raden Tumenggung Natadiningrat ngiring, sampun panggih minister, sinung kanthi Tomis Litnan kumpeni. Purwadipura sampun bidhal, Raden Patih lajeng dhateng Kranggan. Patih Singapadu kongsi abang biru, wira-wiri mundhi tumbak. Sakehing tiyang dipun cepengi, ingkang tengga pondhokan katalikung. Ingkang den genah malebet ing griya, Raden Tumenggung Natadiningrat, binekta carik ing Danurjan. Anyerati barang ingkang kantuh, yen sampun kepanggih cacahipun lajenga den usungi dhateng Danurejan.

Raden Patih boten tumut malebet, mite ugi wonten pamrihipun. Sesampunipun baresih, barang lajeng kausungan dhateng Danurejan. Raden Patih atur priksa dhateng ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan.

Kacariyos ingkang dhateng Madiyun, Raden Rangga pinethuk Tumenggung Somanagara. Rerangkulan, dipun tangisi. Tumenggung Somanagara nganta-anta, “Pringgakusuma bareng gelema menyang Mediyun, kauiku ta pepurak. Ora nyana putune Pangeran Juru sanggup dadi dhalang gingsir.

Mutene lurahku Iimut, seka dheweke kang ngomyang. Ngaku oleh wangsit, kon madeg ratu jumeneng Sunan Alaga. Dining kanang sab, pepak dheweke kang ngarani. Saben dIna lurahku diicuk-icuk, baya angur mati mergagah.” Dhasar alas pethik, cintha kraton gedh.e, jangka kalih ketangga, sarah. topi bandera lelayu. Prathisthane wong prawira, mati ngrebut nagara. Tandha pembaiikipun, sampun kaurmatan.

Raden Rangga madek ratu, jejuluk Sunan ing Alaga, kekutha ing Maespati, sinidhikara para ulama, Raden Tumenggung Somanagara, Panembahan Senapatining baris nama Pangeran Dipati Surya Jayapurusa sampun damel punggawa sakawan. Saha nglampahaken serat, nelukaken mancanagari Surakarta tuwin pasisir  bawah Gupermen. Para tumenggung sami tampi srat, lajeng atur priksa ing ratunipun.

Bupati pasisir atur priksa dhateng gupermen, lereyanipun kang sagah nunggil sabyantu sarni cidra. Prabu tiron muringmuring, Jipang Panolan sampun kawon prangipun.

Kacariyos ingkang ibu Prabu tiron ngugud-ugud. Siyang dalu tansah muiar kang putra, dipun tangisi muwah santana estri. Ananging sampun liwung, alah mati kena wisaya angur matiya mregagah. Mesthi yen ngukup lamun menang. Tiwas neinu pati, wedi mati. Dudu wong perwira rebut nagara.”

Den tangisi tanpa gawe, durung karuhan yen mati. Prabu Rangga sampun nekad, dedameling Ngayogya dhateng. TumenggungPurwadipura boten purun ngesuk dhateng ing kutha, tebih pondhokipun antawis lampahan nem jam. Prabu Rangga ngluruk dhateng ing Magetan, semanten Raden Sasrawuiata marengi sakit, ngili dhateng ardi. Amung Raden Sasradipura ingkang methukaken, prangipun kawon. Negari ing Pemagetan, kabrokan. Tumenggung Purwadipura ing manah jendhel, ngantos tiyang mancanagari dereng wonten ingkang dhateng.

Amangsuh cariyos Nagari Ngayogya, kala Raden Tumenggung Natadiningrat lan ingkang raka Raden Patih angrayah ing Karanggan. Raden Tumenggung Natadiningrat ginenah ing lebet mangke cukul.

Ngabehi Pusparana, katilaran srat. Kekalih dhateng Raden Rangga rumiyin, satunggalipun dhateng Raden Tumenggung Sumodiningrat. Kang satunggalipun dhateng Raden Tumenggung Natadiningrat.

Purwa, Raden Rangga pamitipun, astuti dhateng Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Angaturaken manah kang suci, boten sedheng gumiwang dhateng Ingkang Sinuhun. Yen angsal brekah dalem, sedya ngumpulken tanah Jawi. Eman pinilih lan Surakarta tuwin pasisir. Wangsulipun, Raden Rangga nenuwun sampun ngantos Ingkang Sinuhun tumut-tumut amunasika.

Karanten sapunika pun Rangga yen menang prang, boten liya ingkang kula pekayaken amung Kangjeng Sinuhun. Memuri Eyang Rangga, sarta kang Sinuhun swargi. Yen tiWas pun Rangga, den bubuha sampun ngantos anglepati sarira dalem. Lan pitungkas dhateng Raden Tumenggung kekalih.

Ing sapengkeripun Rangga, jembatan Elo ken mutus. Suprih sampun andadosaken kuwatir mengsah saking Semawis, dene loji Ngayogya masa borong kang kantun. Tuwin rumeksanipun dhateng Ingkang Sinuhun, kapretandhan lak wungu. Pusparana, sinrahken ing patih. Raden Dipati langkung bungah, den angkuhangkuh srat kekalih mangka gegaman. Sampun masa srat dadi kalangan kali, cundhaka Pusparana.

Nuju Raden Tumenggung Natadiningrat sowan ingkang rama Pangeran Natakusuma, Ngabehi Pusparana dhateng, sampun panggih lan Raden Tumenggung. Srat kalih katur lajeng tumameng ingkang rama. Kyai Pusparana enggal katimbalan. Dinangu matur nalaripun. “Kula marengi gilir tengga ing pondhokan ing Kranggan, nuju wonten lare manggih srat kekalih awor uwuh. Sareng kula priksa, den capi, tingkeman sampun kabuka. Ungelipun, langkung ajrihning sipi, premana mawi nebut putra dalem. Saking dening rumeksa, boten petang yen kula kareh pun kakang Danukusuma.

Mila dereng koningan srat punika, ing mangke sampun katur, kula sumangga Kangjeng Gusti.” Pangran Natakusuma maos istipar, ngandika dhateng ingkang putra,” Layang iki caosna ing Pangeran Dipati. Nalaren seka Pusparana, sarta gawanen wonge”.

Pusparana matur, “Ajrih ing Raden Adipati, winastan malumpat palang” “Kangjeng Pangeran maklum ora teka, sira milua. Ngakua panedyamu, layang iki katur Danurejan. Kepapag dalan lan anaku, laku gati linakon belaka. Dadi kacekel layange, sampun ora pakewuh nunggal wekas rumeksa nagara”.

Pusparana atur sembah, Raden Tumenggung Natadiningrat enggal dhateng ing kadipaten. Raden Tumenggung canthel atur den timbali, atur surat sarta kanalar. Tiga pisan, sami api kaget. Pusparana boten den timbali, pangandikanipun Pangeran Dipati, “Layang iki pasthi katur rama Sinuhun “Raden patih tanggap, “Serat punika bilaeni, anyenyorengi rama dalem. Wadosipun Tuwan Minister, yen boten enggal katur sasat tenung ingkang kasipengan”.

Sebdanipun Pangeran Dipati, “Saiki wis tanggung, esuk takaturake kangjeng rama”. Raden Tumenggung Sumadiningrat, sampun dangu dhatengipun. Kaparingan priksa srat, anjola nepsunipun sanget. Rinapu Pangran Dipati, sarwi nempal sabda mamrih hardaya, sampun mirapet tarkaning wadi. Naggutuk lor, kena kidul ngandika dhateng Raden Tumenggung Natadiningrat,” Wis, adhi matura menyang ramamu. Paman, layang iki wis tampa gawe. Paman, aturana mramedha Mangkudiningrat kang duwe pokal nalika bareng, ngrarepake minggat. Si Rangga katemu lan adhimas Mangkudiningrat lan paman Adikusuma. Loro iku, ora ngenaki ati. Rina wengi, talikane paman aja pedhot”

Raden Tumenggung atur sembah, sampun bibaran lajeng matur ingkang rama. Sampun katur sadaya, Kangjeng Pangeran Natakusuma boten gumun. Amung maras ningali ingkang putra tuwin ingkang sarira. Enjing samingandikan, pepak putra sentana, bupati. Srat panggihan ingkang karembag, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan langkung gugup. Serat badhe kabesmi, Raden Patih kipa-kipa. “Mugi, kapreyakna minister. Tedah Ingkang Sinuhun boten sepen inggalih. Lan estu, tetela resik karsa dalem. Serat, lare alit ingkang manggih wonten pondhokipun pun Rangga kala karayah. Kula boten tumut malebet adhi Natadiningrat ingkang kula genah malebet. Kula kantun njawi ingkang mbalengrah inggih adhi Natadiningrat Serat punika tingkeman, sareng kapanggih ing lare sampun kabuka Langkung-langkung minister nggenipun mriyogi. Yen dhimas Natadiningrat mayar sabab boten tumut ngrayah pondhok”

Raden Patih semanta, sadaya angleresaken Raden Patih. Kangjeng Sultan menggah kumakalucem, netya semu putih margup sidhakep kang asta, Semanten telas sadaya tresnanipun dhateng Raden Tumenggung Natadiningrat. Boten wonten ingkang kantun, rasa risi kanggenan tuwin dhateng ingkang rayi Pangeran Natakusuma. Lajeng sami tinundhung medal, Raden Patih dhateng loji lan bapakipun, Raden Danukusuma, boten kantun.

Semanten Ingkang Sinuhun tansah mirangu, perlu nimbali ingkang putra Ratu Anem. Sareng kang putra sampun marakan, padamel amung den adhep. Saking genging tresna, upama dhaun kinulup kados den dhahara malih. Dening priya mangke, dados prakawising nagari. Ingkang putra langkung tresna, ing kakungipun.

Lan sampun patutan, kekalih sami jaler. Priye nggone misah, Kangjeng Sultan boten saged ningali ingkang putra lajeng ndikakaken kundur. Sareng sonten, putra sentana, para bupati sinumpah sadaya wonten salebeting kadhaton.

Tuwan Minister Ingglar nesek, sabab kang nglurug dening boten odhil. Purwadipura cabar, tinedha kukumipun cara Walandi. Raden Patih masengit, ngranggeni wewadul yen Raden Purwadipura nyambi wade keton pesmat lan dagangan apyun. Yatra patedhan dalem ingakal, boten kawradinaken dhateng kancanipun. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, langkung duka. Matah bantu, anyalini senapati, Pangran Adinagara, Pangran Dipakusuma. Putra kademangan kalih, Wiryakusuma, Wiryataruna, lan 3amadiwirya tuwin Raden Citradiwirya. Sesampunipun sadhiya den precayakken ing loji, dedamel nunten mangkat.

Semanten Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, langkung awis ingkang nggalih. Tanpa kantha-kanthi, dhinesek dening pepatihipun, den gegila dening kumpeni. Kangjeng Sultan angrangkul, mamet sihing patih. Saaturipun den lampahi. Pangeran Dipati langkung suka, amung mbebagusi kemawon.

Pangeran Mangkubumi, Pangeran Adikusuma sampun salin sajakipun. Nunten minister dhateng ing kadipaten, mangun rembag, nanging, Raden Patih boten tumut. Sesampunipun minister mantuk, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sampun tanpa karsa. Punapa rembaging patih lan putra Pangeran Dipati, manut kemawon.

Ingkang Sinuhun, langkung alit kang galih. Dening mireng saking aturing patih anggegiris. Semanten Pangeran Dipati, puhapa aturing patih, langkung nggenipun ambebagus. Kacariyos, Pangeran Ntakusuma punapa malih ingkang putra, Raden Tumenggung Natadiningrat sampun kadamel tebih, asring cinengkolong rembag.

Ingkang Sinuhun langkung cumene-cene dhateng ingkang rayi Pangeran Natakusuma tuwin dhateng ingkang putra. Semanten wonten srat dhateng saking Raden Sasradipura, yen Nagari Magetan bedhah rinisak tiyang Karanggan. Nunten ingkang Sinuhun parentah sadaya putra santana, sedhiyaa aprang badhe nglurug dhateng Pemagetan. Tuwin para bupati, tetindhih Raden Dipati.

Nanging dereng kantenan pancetipun ing dinten menggah angkatipun. Ingkang Sinuhun rewel ingkang karsa, ingkang kantun utawi ingkang kesah punika dereh genah. Karembag lan putra santana, tuwin para bupati ingkang ageng-ageng. Ananging rembag tanpa dados, lajeng sami katundhung medal.

Pangran Natakusuma, laju kondur ing dalemipun. Sedayaputra santana, sobating patih sami tumut dhateng Kadanurejan, sami reroyoman. Raden Patih, malang kadhak sarta amicanten, “Ala watir ing Madiyun. Dene watir ing Ngayogya. Besuk ana ratu loro, yen ora nuli kapapas. Lurahe rama Adikusuma. Nanggung maning yen gelema, terkaku kaya ora linyok”. Antawis sampun dangu, lajeng bibaran. Semanten Pangeran Dipati animbali Raden Tumenggung Natadiningrat. Ingkang pangandika, “Karane, adhi takundang. Minister Ingglar, kalane mrene anodhi menyang aku. Prakara layang temon, dadi sumelang. Kowe kagepok ing kothor, manawa si Rangga tepung lan paman, kekosodan ingkang dhuwur, Rengganga lan gupremen. Yen oter, mayar kang pamrih. Mokal si Rangga wania yen dudu, pengajane paman. Jeneng Sunan Alaga iki, jeneng wrana. Besuk kang sumambung jumeneng Prabu Alaga, Kakang Sumadiningrat tipis. Sira kandel, teka paman.

Nanging aku kang nanggung menyang awakmu. Yen dhasar Natadiningrat sedheng, pangawulamu sanakku belangkep. iku. Ya, aku dhewe kang mrewasa, ora susah gupremen”.

Aturipun Raden Tumenggung Natadiningrat, “Gusti, leres ingkang pananggel. Saupami sapunika, inggih kirang punapa sih dalem Ingkang Sinuhun. Tuwan paman dalem rama boten kekmpahan sisipa. Punapa tanpa patolihan, katresnan gendeng-ginendeng.”

Pangran Dipati ngandika, “Lah, mulane ingsun kiyat. Minister nganti tasentak-sentak”. Raden Tumenggung Natadiningrat, lajeng katundhung mantuk. Semanten, Pangeran Natakusuma, ingkang putra Raden Mas Salya, kakersakaken mbibrah pondhokanipun Raden Rangga kang wonten ing dhusun Bogem. Raden patih mireng, amicanten,” Dene sumeca-seca, kajaba Danureja mati wurung wruh tanah sabrang”.

Ing nalika punika, Ingkang Sinuhun ing galih langkung kasesa. Dening Rangga, lami dereng pejah. Adamel srat undhang-undhang, dhumawuh sadaya ingkang bawah Ngayogya.

“Ingsun mundhut uga, si Rangga enggala mati. Gehde ganjaraningsun, sapa kang nangkep si Rangga. Mantri, munggah bupati. Prawara, munggah panewu. Panewu, sun tambahi. Si Rangga, satruning bumi. Mungsuh wong agung tetelu. Dhingin mungsuh panjenenganipun. Kapindho, anak Prabu Sunan Surakarta. Ping telu, mungsuh gumadur. Nuli den sirnakna. Wis ucul seka kulit daging.

Satru mahaprana, gawe cilakaningsun. Yen aseje, kang oleh gawe gupremen tuwin wong Sala luput saka atasingsun. Sipi gedheing wiyata, gawe melaratingsun. Sapa kang ora mituhu, wong kolu, musakatingsun den padha rebut begja. Sapa ora sedya nglinapsuh, ora oleh brekating ratu. Manjing satruningsun, lepas wong Ngayogya tumurun putraningsun Dipati Mengkunagara. Ora andi ngawulakake serat undhang paglaran wulih-wulih”.

Semanten Pangran Natakusuma lan ingkang putra, Raden Tumenggung Natadiningrat, langkung dening prihatin. Gerah, kapit dening ratu lan gupremen. Nanging ing galih sampun sumendhe ing takdir.

Kacariyos, serat jendral dhateng. Rumpakaning patih, minister kang angsung papan. Mangsenipun, Raden Danukusuma. Drite ingkang anrat Danukusuma. Tandukipun, kumendur Pambram anusuk ing Jendral Dhandheles. Inganggep sarta memandeni. Kapratandhan, cap ageng Nagari Pranesman Jendral Rat Ageng Dhandheles Marsekal, sami ugi lang angusung pangwasa.

Sunan Bonaparte Ingkang Napaliyun, sayogi dhateng ingkang prasobat Kangjeng Sultan Amengkubuwana kaping kalih Ngayogyakarta. Wiyosing surat, kula ngantep dhateng Sultan. Dening Sultan sring nikelaken tedhaing gupremen. Minister tan pinreduli. Utawi Patih Danureja awak gupremen saaturipun, boten dhinahar. Lan srat panggihan ingkang dados yekti. Anyina yen Sultan mamrih cidra ing gupremen. Bupati ingkang kasebut srat kekalih, Sumadiningrat lan Natadiningrat, ugi sami dosa ing gupremen, pun Sumadininingrat anglurugana pun Rangga. Yen boten saged angrampungi, boten sumelang den lokken sadosanipun.

Sami pun Rangga, anglurug rumiyin Purwadipura. Langkung jahat, pinten kadare pun Rangga. Dene pun Natadiningrat punika, kula boten kainan. Pemut kula wanti-wanti in Sultan, prakawis kang mekasi bab Pangeran Natakusuma tetep kaliliping nagari. Kangjeng Sultan, amiyosna pangandika satunggal, Jendral lan ingkang rayi. Yen pinilih ingkang rayi, Kangjeng Sultan den prayitna. Kula tamtu, adhatengi ing Nagari Ngayogyakarta, sarta ngewahi tata. Dene welas ratu ing wingking.

Jendral tan lyan, saking mirma putra wayah saturunipun Sultan. Yen miturut ing gupremen, ingkang rayi Pangeran Natakusuma kula tedha saputranipun. Kinintuna dhateng Semawis sinimpen ing gupremen. Sultan sampun kuwatir, ingkang rayi boten sinung pendamelan mardika bawah gupremen. Amung kesaha saking Nagari Ngayogya”.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, njenger karuna. Luhipun darewesan. “Priye ki dipati? Kuwur galihingsun. Mangsa bodhoa, sira kang bakal mengku ing buri”. Pangeran Dipati njorogaken ing paman, aturipun, “Leheng ingkang kathah, lan satunggal kalih. Dening malih, slira kaprabon dalem. Manawi jendral mutik, sanes ingkang mengku karaton ing Ngayogya. Kangjeng rama punapa boten welas dhateng kula?”.

Kangjeng Sultan kelut, mantoning sabda,” Iya, bener sira, ingsun nanggung ora wani. Karo wis takdire adhimas Natakusuma lepas seka Tanah Jawa. Mung, Natadiningrat dene maksih bocah Apa ora kena pinisah? Sebab, adhimu si beng, banget tresna menyang kang lanang, Kemaraten, manawa gonjing”.

Aturipun Pangeran Dipati, “Estri, kenging cinukup. Angsal kang manah eca, gampil pulihing pawestri, Yen pun Natadiningrat, tamtu tresna ing paman. Kados boten kenging pisah, ndadosaken kuwatir manawi mbilaheni.”

Kangjeng Sultan ngandika, “Mungsuh prakara nggoningsun ndhawuhi menyang pamanira. Yen tak asapa pemogoke, dadi kasusahaningsun. Lan wedi walering swarga. Upama sun apusi, adhimas pinter lembut. Weruh kedhap kilat”.

Pangeran Dipati kewedan aturipun. Raden Patih-ngandika,” Boten kantun, bapakipun Raden Danukusuma, Pangeran Ngabehi, Pangeran Demang, Pangeran Mangkudiningrat, Pangeran Mangkubumi. Sampun sami kaparingan priksa, aturipun inggih sami boten kadugi nanggel aturipun raden patih.

Kejawi, kula kamandaka sinandi dados gegadhen. Yen Rangga sampun pejah, rama nunten kondur nggenipun wonten Semawis. Abdi kathah kedhik, sakarsanipun kalilan. Dene yen rama Natakusuma mogok, tamtu silip. Nadyan dados leleburan, tan ina paukumipun. Yen bangun turut, kula lan kyai ngiring sandika karsa dalem Ingkang Sinuhun. Lan boten kalilan mantuk kula utawi kyai”.

Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sampun amarengi. Sakelangkung sukanipun ing galih. Kang ngandikan sampun sami tinundhung medal. Semanten Raden Sumadiningrat, pinundhutaken sampun ing Tuwan Minister. Sampun ingapunten. Raden Sumadiningrat sampun dados kanthenipun patih. Semanten Pangeran Natakusuma, langkung prihatin lan ingkang putra. Raden Tumenggung Natadiningrat, ing galih langkung pratignya. Tinarka, angubungi mironge si Rangga.

Den bicara, toh umur. Yen saking kalabetan swargi sihe, dadi sesiku ^inulang. Kabeh iku, saka barkatan tinggalane wonguwa. lara wirya, panduming Allah. Wis tulis, lohmahpullah. Tinahanken ing galih, dhateng ing Danurejan nuju sami wontenipun bapa lan anak.

Pangeran Natakusuma, pangandikanipun, “Anak, mila kula dhateng, rehning rayine kesiku ing gupremen marga layang panggihan. Rayine masa bodhoa, anak patih. Dene tinarka sedheng ing ratu. Ian si Rangga, kena yen tinanggung, mawi supata, kula milu. Liya sefca niku, dukane Kangjeng Sultan Sinuhun, luwih Allah. Sumangga ing prentah”

Wangsulanipun raden patih, “Boten wonten prakawis malih, amung bab srat panggihan. Mangke rama rawuh, saha miyosaken pratignya. Inggih kula kang nanggel pun adhi. Prentah jendral, pun adhi ngandikan dhateng Semawis, dameMpun amung nrwun ampun. Kula kang nglarapaken, yen sampun nunten mantuk”.

Kasaru wonten hirdenas. saking loji, mintonaken prakawis anuwun indhaking urmat Pangeran Dipati. Kufoasaa sedaya prajurit, Kangjeng Sultan pasraha. Yen Raden Patih sampun, nunten den cap~ecap ageng Banaparte, raden esmu watir. Dene kang rayi priksa, tambuh nggenipun mangsuli. Semados pukul pitu dhateng loji. Pangeran Natakusuma pamit kondur. Sonten wonten gandhek andhawuhaken Pangeran Natakusuma saosa ingkang enjing. Winangsulan sandika. Sareng enj’ing Pangran Natakusuma sampun sowan nunten ingandikan.

Raden Tumenggung Natadiningrat kantun wonten pagelaran. Pangeran Dipati, raden patih, sampun dangu wonten ngarsa dalem, Ingkang Sinuhun, seret ngandika,” Adhimas, karane sun undang. Layange gurnadur, sira pinrih menyang Semarang, lan anakmu. Prakara si Rangga, balik sira kena rerasan. Mokal, si Rangga wani madeg ratu, yen ora sira kang akon. Dene anakmu, layang temon kang dadi yekti. Terkane jendral, ngreka puter nagara.

Sumadiningrat, wus diampun. Natadiningrat, jendral misih sumeteng. Yen ora metu lan sira kudu tundhuk muka, banget dadi watire. Yen Rangga wismati, sira pesthi nuU mulih. Danurja, Danukusuma ngiring yen muUh barang sira. Kapriye mungguh adhimas?”.

Aturipun kang rayi, “Pun Natadiningrat, prayogi nunten katimbakn”. Kangjeng Sultan, ngandika, “Gampang, Natadiningrat anusup ing buri, menawa salah tampa”.

Ingkang rayi, boten manesuli. Raden Tumenggung Natadiningrat inggal ngandika, “Sampun sowan”. Pangeran Natakusuma nunten matur dhumateng ingkang raka, “Kula miturut. Ing satedah Kang Sinuhun, kula lampahi”.

Kang Sinuhun ngandika, “Iku bener, adhimas. Aja salah tampa, kana kene bumine Allah”. Ingkang rayi, nyundhul atur, “Kula nglampahi tedah satimbalan saweling. Kula darmi lumampah. Saha malih, prakawis kesah kula pahit, panggiha urmat gupremen. Utawi, nistha kula sentana ratu, sampun sami walang galih. Lawan pitulunging Allah, kula saged sowan wangsul. Sampun nggahh gela”

Kangjeng Sultan ngandika, “Pesthi sira nuli mulih. Mung nganti patine si Rangga”. Ingkang rayi, andonga ing batos,” Ratu wrananing Allah. Sasebdane trus, Rangga mati aku mulih”.

Ingkang rayi matur malih, “Lan kula puniki sring seliringan lan pun Danureja. Ing mangke, wrating pangutus, lepat-lepat, pidana ing pejah. Mugi, kapundhuhna lebura saking parentah”. Kangjeng Sultan naidi, “Sapa wiwit maning ora becik”.

Pangeran ngandika dhateng patih, “Sampun lega, anak manah kuk, kaiden ingkang Sinuhun. Rebut balung tanpa isi, tuwas punapa. Diutus ratu, tumpang so selaya budi. Nunggil Ungsem ing ratu”. Raden patih ulatipun putih boten mangsuU. Pangeran Dipati ingkang mangsuli,” Aran sampun prayogi, Wau aturipun paman nenuwun ing kangjeng rama. Mugi sampun sumelang. Nadyan paman mangsuli, Insya allah, ngestoken. Boten kumedhap, kacipta satimbalanipun kang rama, kangmas Sinuhun. Sarta, emut weling kang swargi”.

Kangjeng Sultan, sareng mireng luh kumocor. Ing nggalih keraos, “Kepriye nggone muryani wedi ing tuwan jendral”. Sampun pancet menggah badhe angkatipun dhateng Semawis. Lajeng sami katundhung medal. Pangeran Natakusuma lajeng kundur. Semanten Pangeran Natakusuma boten simpen galih, pitajeng ing raden dipati. Pusakanipun waos, nama Kyai Buyud lan turunanipun, Kiyai Kaki, mangka srana tumbal tulak bilahi.

Lan malih, arta sewu reyal. Ingkang pangandika,” Yen Danurja, ati raharja. Aku, pasrah tumbak. Tulusa dadi pusaka. Yen si Danurja cidra, si Buyud dadiya tenung”.

Ingkang putra, Raden Mas Salya, ingkang lumampah. Waos kalih, sarta arta sewu reyal sampun katampen. Raden patih langkung bungah manahipun. Semanten, minister ngrumiyini dhateng Semawis. Ingkang Sinuhun, marengi. Sonten malem Setu Pangeran Natakusuma ngandikan bujana ing kadhaton. Ingkang Sinuhun, marengi supe dhateng kang rayi. Tetilaran ingkang rama swargi. Raden Tumenggung Natadiningrat, kaparingan supe ing pangran dipati. Sesampunipun dumugi, lajeng sami katundhung medal. Setu enjing, Pangran Natakusuma sampun sowan. Utawi ingkang putra Raden Tumenggung Natadiningrat. Raden patih, sabapakipun, Raden Danukusuma.

Lajeng sami ngabekti dhateng ingkang Sinuhun, sesampuning ngabekti nunten bidhalan dhateng loji. Minister Ingglar, dereng  mangkat. Pangeran Natakusuma, sampun kepanggih lan minister. Wonten utusan dalem ingkang Sinuhun, aparing srat dhateng minister. “Ing mangke, ingkang Sinuhun paring kuwasa minister tuwin raden dipati mangka palmaking ratu. Punapa sareh kang ndadosken suka lega pajujunging ratu, ecaning wadyabala sadaya. Utawi, putra santana sayogya samya umiring. Saprentah, linakonana. Pema-pema, dhawuh dalem.” Minister manabda ing Pangeran Natakusuma,” Punika prentahipun ingkang raka Sinuhun Sultan”.

Pangran Natakusuma mangsuli, “Inggih, mapan sampun tanpa kajeng. Sumangga rehe kang adamel”. Nunten gegaman kang mangkat, Raden Danukusuma kang wonten ngajeng. Kangjeng pangeran utawi ingkang putra, wonten ing wingking.

Raden patih kang wonten ing wingking pisan. Sampun lajeng lampahipun, dalu lerep ing Klathen. Minister nungkak lin mipro, numpak kreta dhateng Surakarta.

Enjing Pangeran Natakusuma mangkat, langkung prayitna prajurit Danurejan. Dalu kendel ing Bayalali, enjing Patih Surakarta Cakranagara ngrumiyini.

Pangran Natakusuma, sampun mangkat wonten SaIalitiga sedalu. Enjing budhal lumampah Raden patih ngrondhe wingking, sumadosan lan minister dangu nggenipun ngantosi. Minister Ingglar nunten dhateng. Sarta wewartos saking Sala wonten prentah jendral boten kenging bekta abdi kathah kang sami dhateng Semarang.

Patih Cakranagara, kedhik tiyangipun. Sanes Patih Danureja, tiyang atusan. Wakiljng ratu, sabab ngirid pangeran. Namung ing sarehning badhe nuwun ampuning lepat, kirang jetmika ing gurnadur. Yen kathah mbekta abdi, datanpa damel. Leheng, sami ken mantuk.

Wangsulanipun Pangeran Natakusuma, “kiggih tuwan, ngentosi pun anakmas Danureja. Punika, ingkang kula turut”. Minister, nunten pamit angrumiyini.

Raden patih enggal dhateng sarta matur anungsung wartos,  Pangran Natakusuma, sampun wewartos sedaya minister ing rembagipun. Aturipun raden patih,” Wau, nalika kapanggih wonten Salahtiga boten anglairaken punika. Ing mangke wonten prentahing jendral. Ewed, yen boten Hnampahan. Lan sampun wonten dhawuh dalem Ingkang Sinuhun, Ingglar pu)makirig ratu. Arnung prayoginipun, abdidinipun rama utawi rencangipun adhi Natadiningrat wetaha. Ngakena, rencang kula. Utawi, kyai sonten rawuh Ungaran, sedalu kendel wonten ing Ungaran. Raden atur priksa yen wanci jam pitu badhe kapethuk k.areta. Lan estu boten kenging bekta abdi prajurit kathah. Mung ngampil panakawan ingkang kalilan. Pangran Natakusuma miturut. Enjing kareta sampun dhateng. Pangeran nitib kareta, lan Raden Patih, Raden Natadiningrat, Raden Danukusuma. Kareta pinecut mamprung. Para lurah Natakusuman, tuwin abdi prajurit kang sami tresna kathah kang sami nangis. Dene boten saged nututi.

Sampun rawuh ing Semawis, tumenggung Semawis methuk. Mesanggrahan griya Gemulakan. Tuwan juru basa amicanten, “‘Yen dinten punika pangeran tuwin raden dipati ken ngaso. Benjing Kemis, ngandikan ing jendral. Tumenggung Semawis, nuwun ngatas ing jendral estu. Wonten pundi, pondhokipun pangeran utawi ihgkang putra.

Kyai Secanagara, enggal dhateng sareng klas mayor. Aturipun, “Tamtu wonten’ ing Gedhong Papak. Yen Danureja badhe tumut tuwin Danukusuma sami kalilan”

Pangeran sampun nitih kreta, lan ingkang putra tuwin raden patih Ian bapakipun. Sampun dumugi ing loji, para tuwan langkung kathah. Tuwan brigedhir, nunten adhawuhaken parentah. Juru basa Krisman kangqgartosaken parentahing gurnadur, dhawuh ingkang wayah Pangeran Natakusuma mugi seleha dhuwung.

Kangjeng Pangeran mangsuli, “Paran, anak Danurja”. Aturipun raden dipati, “Boten kenging, kula mot dudukaning jendral. Angraosaken, boten kuwawi. Kula masa andeya gesang. Kedah labuh, badhe nglurugi pun Rangga.”

Raden patih, nunten kesah sabapakipun. Sowan dhateng loji Bojong, bicara lan gurnadur. Semanten Tumenggung Semawis anyaosi kothak pranti wadhah dhuwung. Aturipun Tumenggung Semawis, “Gusti, yen panuju ing galih, mugi, paringena. Saking cipta ngudrana, kenginga kula ajeng-ajeng. Pembalik, singgih ing wingking. Dening kang eyang kang mundhut.

Sinten malih kang tinurut, iya Kangjeng Tuwan Besar. Asal Kangjeng Gusti nggalih suci, kula ingkang ngrencangi” Dhuwung nunten kaparingaken, tuwin kang putra kalih sampun sami srah dhuwung. Raden patih, saunduripun saking loji Bojong, angungak ing Gedhong Papak. Langkung sukaning manah, ngraos ical kalilipipun. Barang ing Natakusuman kang saking Ungaran, lajeng bineskup inganggep jarahan, utawi barang Natadiningratan.

Para lurah tuwin prajurit sampun sami den brundhuli, lajeng sami mantuk enjing. Tumenggung Semawis anyaosaken abdenipun pawestri, Pangran Natakusuma, abdi jaler ken medal. Semanten Raden Mas Salya, sinandi grah ken medal manakawan ing raden patih. Tumenggung Sumawis kang masrahaken perlonipun, saking sanget welas ningali abdinipun sadaya.

Kacariyos, Tuwan Besar nggenipun bicara sampun putus, sami anyanggemi. Kumendur Pramban, Minister Ingglar, sekawan Raden Patih Danureja. Tamtu badhe nglungsur Kangjeng Sultan Ngayogya, ngangkat ingkang putra Pangeran Dipati.

Prajurit kumpeni sampun mangkat tuwin Pangeran Prangwedana. Kelathen den jegi, nanging jendral dereng mangkat. Semanten Tumenggung Semawis, katrima ing gupremen. Jinunjung, nama dipati.

Wanci pukul kalih dalu tuwan brigadhir lan juru basa ingutus jendral. Saking pamrina asih, Semarang kathah sesakit. Nagri pengangsalan, prayogi yen Rangga kondur Ngayogya:

Pangeran Natakusuma sampun mangkat lan ingkang putra. Kumetir upsir kekalih nama Tuwan Mantero lan kaptin kapal dumugi Nagri Lepentangi pukul gangsal. Pukul wolu rawuh Nagari Kendhal. Pukul pat sonten kendel. Nagari Batang.

Pukul kaUh dalu, ngaturan mangkat dhateng Nagari Tegal. Kendel Sedayu; Landros suka srat parentahipun jendral. Mangke dalu pukul kalih mangkat dhateng Carebon Nagari. Pangeran lan ingkang putra, sampun mangkat. Kumetir kekalih boten pisah dhateng Carebon Nagari. Ing sadumugenipun, lajeng kendel ing Alberek Nagari, gedhong caket lan loji.

Pukul kalih dalu, mangkat malih dhateng Nagari Sumedhang. Bupatinipun nuju sepi ngandikan dhateng Betawi. Amung patihipun, kang angladosi. Lajeng mangkat dhateng Jurugagung, kendel sedalu. Pukul kalih, dhateng Nagari Bogor. Lajeng dhateng, Misterkurnelis.

Pangeran lan ingkang putra lerep ing Albereh, pinanggihan  lan Tuwan Kurnel Obrus. Direkturipun boten wonten, lajeng dhateng kantor Baru.

Pangeran ingkang putra sampun manggen. Deriktur Iseldhik weling dhateng Welandi kang njagani Pangeran Natakusuma. Sampun sakit manah, witning kedah nunten panggih. Ajrih ing jendral, lan maHh yen dereng trang kang sayektbs kumetir kalih sampun wangsul. Antawis sedasa dalu, direktur Iseldhik tetuwi, sareng panggih gentos ciuman.

Pangran Natakusuma, anungsung wartos menggah bab sariranipun. Iseldhik, wangsulanipun, “Amung kadamel witing pangapus Rangga nggenipun ngraman. Pangeran tinarka angubungi. Sadhatengipun sudara mriki, pun Rangga boten lami nunten pejah, Prakawise kang sayektos, Pangran tinarka salah. Mamrih Pangeran Dipati, putranipun Pangeran Raden Tumenggung ngendhih Patih Danureja. Kathah nggenipun angranggeni, dupeh kadang Natayuda. Pangeran rosa, sakarsanipun. Kula sampun den takeni ing lurah kula. Kula matur sayektos. Selami kula wonten Ngayogya nembe las taun, dereng priksa pangeran yen naI:al. Lan malih, kang rama swargi sanget sih. Nunten, Kumendur Pambram, nyogok kathah-kathah. Aturipun, dupeh ibu saking Bumijo pinduhut ing ratu. Nora tempung lan Pangeran Dipati. Nanging kula kendel, boten surnaurs Kalihdene malih, yen dados susahing gupremen. Yektine, anak njegal bapa. Pepatih pusing kepala”.

Iseldhik tumetes luhipun. Margi sihipun kang rama pangeran, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Swarga. Lajeng pamit pulang. Kacariyos, jendral tamtu dhateng Ngayogya. Kangjeng Sultan hnorod, ingkang putra Pangran Dipati kajunjung anama Kangjeng Raja ing Matawis. Purba, Patih Danureja. Minister, tumut mengku. Ingkang rama, sampun boten kuwasa. Anung, Grebeg siyam.utawi Mulud Besar, ken miyos jajar lan ingkang putra tiga. Minister ahgapit.

Liya wiyosan tiga punika, sampun tanpa damel. Pangwasa wonten ingkang putra. Tuwan Besar saunduripun saking Ngayogya, lajeng dhateng Surapringga. Nunten kundur dhateng Betawi.

Kumendur Pambram boten pisah. Semanten Pangeran Natakusuma den begadring. Langkung ewed, Pambram ingkang ngekahi. Direktur Iseldhik, kang dados tantinganipun Tuwan Besar kalayan Kumendur Pambram.

Sabdanipun Iseldhik, dhateng Pambram, “Kapriye, pangrasamu Pangran Natakusuma. Lan apa.dosane kang prana. Dene lawas ora rampung. Lawas ana kene, mesthi lara ati. Tepakna awakmu dhewe.”

Direktur Iseldhik kabrangas, supe Pambram sampun jendral kecil inggil-inggilanipun. Kala alit, Pambram ngenger direktur. Langkung merang asmu ering. Ing batos sanget nepsu, anjarem saserikipun dhateng Tuwan Dhirektur lseldhik. Lajeng bibaran.

Semanten Kumendur Pambram sanget ngupaya akal mersudi tepang lan Waterlo, Mnister Ingglar, Serat wira-wiri dhateng Crebon, laju dhateng Ngayogya. Dumugi ing patih, tuwin raja putra. Nalika punika, Pangran Dipati, Raden Patih, sasoroh arta utawi dhusun. Sampun ngantos kang paman, Pangran Natakusuma, kondur dhateng Ngayogya. Den bucala ing Bandhan, utawi ing Se!ong Ngambon. Ing mangke jendral dereng trang raosing panggalih. wonten mitraning welas ing Pangran Natakusuma badhe tuwi. Saking aturipun Dhirektur Iseldhik, Pambram pengging langkung kedhep, aturipun, “Pramila ing saaturipun langkung kedhep, margi saking mipronipun. Tuwan Iseldhik matur marsudi ing Tuwan Besar. Bab Pangeran Natakusuma lan kang putra, kasuwun manggen ing griyanipun. Keranten sapunika, ing manah langkung watir dhateng Tuwan Pambram pangulahipun.

Tuwan Besar boten amarengi, pangandika, “Direktur, warahen aja kuwatir. Pangran lan putrane enggal takpikir nggone mulih, mung nganti titane Ngayogya. Sultan miturut, apa mogok. Saiki sedhiya prang, Sumadiningrat kang marahi baris mapan. Nora tepung. Pangeran Dipati. Ing biyen wis miturut. Wusana ing sapungkurku, ora geleni. Yen Sultan ora lila sun srah putrane Pangeran Dipati, pasthi takbaleni. Rusak Nagara Ngayogya. Wus tamtu ancur. Yen pangran takulihna, sumelang pamrinaku ketawur dahuru jaman. Anatara harja, nagara pesthi ngudur nggawa pracayaku. Dhuwunge pangeran utawa putrane, aja kuwatir. Wis takpasrahake Sultan”.

Tuwan Iseldhik nuwun tandha asta suprih tetepa pangeran lan ingkang putra. Jendral nunten nurati, tinampen Iseldhik. Lajeng, kapenggih Pangeran Natakusuma nedahaken tandha astanipun jendral. Tuwan Iseldhik lajeng mantuk.

Semanten, agul-agulipun Tuwan Besar. Jendral Girnadir pejah. name Obrus Pragemim. Ing galih, Tuwan Besar kados kecaUui manik saardi agengipun. Lir sempal bafeu kering. Dening ngajengaken mengsah Laggris, semanten wonten koloneI utusanipun Susuhunan Prasman PeUcet, Nagari Betawi. Samuning dhawahken parentah, tigang dalu mantuk.

Kacariyos, Kumendur Pambram ginubel saking Ngayogya prakawis Pangeran Natakusuma lan ingkang putra simaa saking Nagari Batawi. Watir dening den badheni Direktur Iseldhik. Ingkang rembag sampun giHg. Kumendur Pambram, Minister Ingglar, Waterlo, Pangran pinrih wonten ing Carebon. Tengah-tengahing Betawi, lan ing Ngayogya. ing benjing dumugi ing seda.

Jendral, Ratu, sareng SinggIar, Waterlo, kang dados pangulah. Mipro Pambram angawaki, mamrih untungi.ng priya. Tuwan Besar sampun miturut dening pembananipun mipro Pambram. Enggal nenurat, Kskal Besar kang ingutus andhawahi Pangeran Natakusuma lan ingkang putra manggena wonten Cirebon. Prayogi Tuwan Waterlo kang ngemongi. Sami lan Direktur Iseldhik, pra sobatan lami.

Enjing Pangeran enggal mangkata. Sareng enjing, enggal mangkat. Kumetir kalih, sareyan sepuh, kopral satunggiI sampun dumugi ing Carebon. Tuwan Waterlo methuk. Sareyan suka srat, winaos ing Tuwan Landros. Sampun mangertos sadaya., lajeng amicanten, “Timbalanipun jendral, kuIa ken angreksa Pangeran wonten ing kitha rumiyin. Benjing wonten parentah malih. Pinten banggi, manggiha harja utawi ingkang putra. Jangan susah, ada sini”.

Pangran mangsuU, “Trima kasih”. Tuwan Waterlo lajeng pamit mantuk. Ing antawis pendhak dinten, Petor tetuwi ing pangeran. Sartanipun suka kabar langkung gati. Yen wonten kabar yektos, inggih boten samar kumpeni besar kang paring priksa. Yen Tuwan Jendral ngatas dhateng Kangjeng Sultan Nga ogya, bab pangeran putrane. Wangsulanipun Kangjeng Sultan, “Sampun, trima kasih: Boten arsa tampi, sumangga kumpeni.”

Sampun ingundur lenggah saking Ngayogya, Ratu Anom utawi ibunipun Raden Tumenggung Natadiningrat, yen sampun antawis dinten dipun kramakaken mahabupati. Ratu Anom badhe dipun paringaken adhinipun Dipati Danureja. Tuwin sadaya sakagunganipun Pangeran, sampun kajarah kausungan dhateng kadhaton.

Nanging Pangeran sampun prikra yen upaya-sandi. Amung mangsuli, trima kasih dening Pitor suka kabar. Ing antawis pendhak dinten malih Tuwan Waterlo nggenipun gadhah pamrih boten tumama dening Pangeran. Utawi putranipun. Wau, boten wontene kadya kang wau pamrihipun pejaha. Salah saking soIahipun pyambak.

Tuwan Petor lajeng minum bremduwin, enggal murugi panggenaning Pahgeran. Pinrenah ing gedhong Carebon, ingkang nglangkungi weridipun.

Sandenipun mengsah Inggris pakuwatir, yen wonten nginggil prayogi wonten ngandhap. Lan parentahejendral pisaha lan putra, boten kalilan tunggil.

Semanten sampun kapisah panggenanipun, abdenipun estri Pangeran sampun kawedalaken. Gedhong nunten tinutup. Petor damel pangulah rungsit, mistri ken mbaureksa, saben enjing boten. pegat sandi mrina suka jampi.

Ing saben-saben dheleg-dheleg, boten kolu angetrapna ing wisaya. Ing satemah mopo. Waterlo salin karer.ah. Wisaya, den wor dhedhaharan. Bupatinipun kang ngladosi ing sadinten-dintenipun, sakalangkung dening lembat. Angrencangi basa loba.

Sedheng ngunjuk her panas wanci jam gangsal sonten, jam nem Pangeran utawi ingkang sareng, grah sedalu. Pangran dhiri bengkak. Dhiri kaluwar dharah. Raden Tumenggung Natadiningrat, napasipun cekak. Mundhut tirta degan, boten angsal. Sareng enjing, wonten dhanganipun. Bupati kang njagi angladosi, sampun nampeni pirantosipun seda.

Kacariyos Walandi kang njagi, nama Jagupsari, Pangeran den tangisi. Pamicantenipun, boten saged ningali pangeran utawi ingkang putra. Ing sasaged kula ngupaya srana, tulak tumbal.

Pangeran sampun mulya, lir adat saben. Utawi ingkang’ putra Raden Tumenggung Natadiningrat. Jakupsari, anyaosi jimat sinerat ing singat. Pangeran mangsuli kathah-kathah “Trima kasih., datan kuwawa mangsulaken”. Semanten Petor, langkung kewedan enggenipun gadhah pamrih. Ambeg sura badhe dipun kasab.

Sareng pagut paningal, Pangeran ngandika, “Mugi tuwan untab^ken awak kula, sampun memanjang siksa”. Petor kanggeg sareng mireng, nunten kesah. Enggal kumendham dhateng, sarta angliga padhang sarta nudingi. Ujer Pangeran piyambak kang ciri, cilaka budi. Wangsulanipun Pangeran, “Punapi ing sakarsa. Mugi katamakna enggal ing awak kula”.

Bebanten Jakupsari dipun tundhung, dupeh raket lan Pangeran. Sinalinan Welandi langkung kasar, Pangran minta sliring kori, Welandi kang njagi mbekus, “Kula weii ngengani. Panas pisan, wong tinutup gedhong gelap”.

Semanten Pangeran utawi ingkang putra sampun boten ngraos panjang yuswanipun. Rinten dalu mung ngesthi seda, semanten selamenipun wonten gedhong. Lir tingkahing mukmin, kang sampun kas kang makripat.

Kacariyos Nagari Surapringga wonten jendral mentas saking jalanidhi. Cundhakanipun Susuhunan Prasman anama Jendral Yansennes. Gupernur nagari ing Ekap, mbekta prajurit pitungewu sami kulit pethak sedaya. Sepalih taksih wonten laut, sapalih ingkang mentas amung sipeng sedalu.

Enjing pangkat, kados den sawat-sawatna enggala rawuh ing Nagari Betawi, enggala rawuh ing Nagari Crebon. Ingkang ndherek jendral mayor saunggal, pusdhak satunggal. Sarta mbekta pethi alit, isi serat palekat. Jendral rawuh Karangtangkil, Petor langkung bingung. Tuwan besar andangu ing Petor, “Ing kene ana apa?”.

“Boten wonten kawis-kawis, prakawis wonten ugi pyayi Matawis. Rama lan putra, kang rayi Sultan ing Ngayogya nama Pangran Natakusuma. Putranipun, nama Raden Tumenggung Natadiningrat. Namung sampun kadamel putus ing jendral, dene ing sapunika sumangga.”

Pangandikanipun Jendral Yansennes, “Iya, nanging ing saiki durung atasku”. Sareng pulul kalih, mangkat.

Kacariyos Tuwan Jendral Dhandheles kintun bintang ing Pangeran Dipati Ngayogya. Bintang Retna Mandaya, tandha raja, Sanes lan rumiyin.

Jendral Yansennes, sampun rawuh ing Nagari Betawi. Ing antawis pepak sadaya ingkang para rat. Serat palekat kawaos Tuwan Pakis, sikretaris jendral.

Jendral Dhandheles mantuk ,dhateng ing Nagari Welandi, Pangeran Natakusuma lajeng katimbalan dhateng Betawi saking aturipun Direktur Iseldhik, punapadene ingkang putra Raden Tumenggung Natadiningrat.

Tuwan Petor langkung merang ngraos yen badhe bilahi. Pangeran Natakusuma utawi putranipun sampun dumugi Nagari Betawi. Sampun manggen wonten prenahipun lami, sekretaris jendral kang asring tetuwi dhateng pangeran utawi Direktur Leldhik.

Kacariyos Nagari Ngayogya, Pangran Dipati abebana ing minister kathah-kathah pamintanipun. Sa’bab mireng yen kang paman Pangeran Natakusuma, wangsul dhateng Betawi. Mugi sampun ngantos kondur Nagari Ngayogya. Sertipun minister sampun lumampah, katur ing Gurnadur Jendral. Ananging boten kaparingan wangsulan.

Aturipun Minister Ngayogya dening Tuwan Besar, Tuwan Pakis sekretaris jendral lajeng dhateng pondhokipun Pangeran Natakusuma. Sampun kepanggih, sebdanipun sekretaris jendral, “Kula kautus Tuwan Besar, atur priksa .yen Pangeran Dipati Ngayogya dereng surut dukanipun dhateng kang paman”. Aturipun minister, “Pangeran boten kenging den konduma, tuwin raden tumenggung”.

Wangsulanipun Pangeran Natakusuma, “Dening Pangeran Dipati kepati-pati, rumiyin wonten punapa?”. Wangsulanipun Tuwan Pakis, “Rumiyin wewaduling jendral. Yen Pangeran rnamrih salahe Pangeran Dipati tepang Ratu Kancana. Tusuktusuk dhateng Sultan, Pangeran sring panggih pyambak. Putrane Raden Tumenggung, ngendhih lenggahipun Dipati Danureja. Pangeran mireng, legeg. Mangsuli, “Angger, Pangeran Dipati, Salamine dereng katingal duka dhateng kula. Pitungkasipun rumiyin, kyai kang swarga tuwin rama ken ngaken bapa. Yektos, kula boten kalilan basa. Sanget anggenipun angraketaken. Pinaring tandha supe dening kang eyang, Rama Sinuhun Swargi. Yen punika, estu saking Danurejan akalipun. Menggah welingipun swargi, adating kumpeni mangka pinisepuh sadaya antero.

Yen damel leres jejeg, boten goyang. Ruwet, alus dipun jum. Kang nakal den ungkal, wani den temeni. Ladak dipun dak, linyok den nyonyok. Mursal siningsal. Crah den angkah, epeh den puh. Kang goroh, ginurah. Kang jail, pinrail. Wong ala, ingala-ala.

Kumpeni badha, boten bodho. Wicaksuh, trusing paningal. Estu, sampun kauningan sadaya”. Idlir Pekis, langkung suka. Antawis dangu, sampun dumugi pamit mantuk. Lan punapa raosing galih Pangeran, kawrata ing serat sadaya. Tuwan Pekis sampun mantuk.

Kacariyos ing Nagari Batawi geger. Prajurit Inggris, ngambang ing sedanten. Pangeran Natakusuma lan ingknag putra, kaelih ing Nagari Bogor. Katiga Sultan Banten, sakawan kawitan ingkang ngateraken. Sarta animbali prajurit ingkang wonten ing Bogor. Prajurit Bogor, enggal mangkat.

Pangeran utawi ingkang putra tiga Sultan Banten, kareksa ing Tuwan Petor Pekis. Keranten adhinipun Tuwan Pekis sikretaris jendral. Amangsuli cariyosipun kala Tuwan .Iendral Sen, jumeneng anyar.

Seratipun Dipati Danureja, kathah kacepeng wewadulipun dhateng Tuwan Moris. Mungel yen Kangjeng Sultan, abunuh patihipun. Pangeran Natakusuma kang angrojongi. Milanipun sanget agubel ing Tuwan Besar, salina ratu angangkat Pangran Dipati. Tuwan Besar baru priksa, langkung dukanipun. Badhe rawuh Ngayogya amangun pranata utawi paturan. Sarta abekta Pangeran Natakusuma utawi ingkang putra, kasaru selak tiyang Inggris andhatengi. Lajeng prang wonten Minister Kornelis. Jendral Yansenes kacedan, lajeng dhateng ing Bogor.

Ing antawis dinten, lajeng tindak dhateng Nagari Semawis. Pangran Natakusuma utawi putranipun inggih lajeng dhateng Semawis, tiga Sultan Banten. Pondhokipun, anunggil para upesir.

Kacariyos ratu sekaliyan, sami ngatas panuwun parentah, saos bantuning prang, tetulung ing Tuwan Besar. Namung pamundhutipun Tuwan Besar, ngalihwelas ewu ratu satunggalipun. Ing Surakarta, Ngayogya amung anyaosi angalih ewu prajurit, ing penggalihipun Tuwan Jendral tanpa damel yen amung ngalih ewu.

Kacariyos Pangeran Prangwadana abantu prang, bekta prajurit kalih belah ewu. Sampun dumugi ing Karangsambung, parentahipun Tuwan Besar tinulak baris Srondhol.

Kacariyos ing Nagari Ngayogya ingkang Sinuhun Kangjeiig Sultan, selaminipun ingkang rayi Pangran Natakusuma kesah saking Nagari Yogya utawi ingkang putra Raden Tumenggung Natadiningrat, sakalangkung ruharaning galih.

Sanget angajeng-ajeng mugi wontena karsaning gupremen amangsulaken ingkang rayi utawi putra mantu. Semanten kagungan karsa badhe meminta ing gupremen, mugi kang rayi tuwin mantu kawangsubia ing Ngayogya,

Nanging ingkang putra Kangjeng Raja ing Matawis saha Dipati Danureja, amopo yen ingkang kinunduraken kekudhung Tuwan Besar Dhandheles Marsekal.

Semanten Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, sampun belah ngalih telenging sih. Pangeran Mangkudiningrat ginadhang-gadhang, pinuji ing galih kang sarta kawewahan lenggahipun. Ingkang raka priksa semuning rama. Ingkang rayi, Pangeran Mangkudiningrat rinaket, nanging ingkang rayi manglesi.

Kacariyos ing Nagari Semawis prajurit Inggris sampun rninggah. Pangran Natakusuma tuwin ingkang putra tiga, Sultan Banten kaelih Nagari Surapringga.

Kacariyos, Tuwan Besar Jendral Yansen sampun prang lon prajurit Inggris ing Srondhol. Ananging, perangipun boten pikantuk. Pangran Surya Prangwadana, murut dening prajuritipun risak kathah pejah.

Dene bantu Surakarta, tetindhih pangran kekalih sami songsong jene. Boten purun celak, kados tiyang ningali kemawon. Prajurit Inggris, langkung kapurunanipun. Kados saradula, boten kandheg pinetaran.

Jendral Jansenes nedya ngungsi Salahtiga, jembatan lepen Tuntang pinotong tiyang Surakarta. Pangran Surya Prangwadana sampun gendring, palajengipun. Wondene bantu saking Nagari Ngayogya sampun mangu-mangu wonten ing wingking. Angon ulat, nggenipun badhe lumajar.

Semanten bupati pasisir, kathah kang tiwas pejah nalika prang punika.

Jendral Jansenes, langkung getun. Trapipun tiyang Jawi sekaliyan, dene boten netepi jangjining kontrak. Semanten Jendral Jansen, sampun katengkep dhateng prajurit Inggris. Sampun tundhuk, kelayan pengagengipun.

Jendral Jansen, mintak ampun lajeng tabeyan kaliyan Admiral Inggris. Ing sampuning omongan, lajeng numpak kareta kondur dhateng Nagari Semawis. Parentahipun Admiral Inggris, sawarnining tetiyang Jawi sampun wonten geger, salah tampa. Boten munasika ing pyambakipun, mila Inggris angejawi saking aw’las bumi Jawa. Sumedya tetulung, wong Prastman agawe sangsara. Seka Jendral Dhandheles, kang agawe rusak.

Karsane Raja Inggris, pinulihake kaya ing kuna. Amung, netepi kang wis muni ing kontrak lan saiki ngalih jeneng gupremen.

Kacariyos nagari tanah wetan bawah angin, sampun kagulung ing Inggris. Kalayan sawarnining kang den niaya ing Jendral Dhandheles, sampun sami kaluwaran. Ingkang boten amung trah Mangkuratan, Natakusuma utawi ingkang putra.

Ing sadinten, boten sah kaUyan Tuwan Sekeber Ulbah, pengagengipun Nagari Surapringga.

Kacariyos prajurit Inggris, Tuwan Admiral Aproseldhik, kuliling sedaya tanah pasisir wetan. Para bupati sampun sami sumuyud, senianten dhateng Surapringga sampun mentas saking jabnidhi.

Tuwan Sekeberulbah methuk kalayan Dipati Surabaya sekaliyan. Ingkang ndherek Tuwan Admiral, kumendur satunggal, kamisaris satunggal, kalayan putra ing Madura.

Lajeng dhateng nagari, Tuwan Sekeberulbah matur, “Yen kanggenan trah Mataram, kang rayi Sultan Ngayogya rama kalayan putra. Ingkang nama, Pangeran Natakusuma. Ingkang putra, nama Raden Tumenggung Natadiningrat.”

Ingkang pangandika Tuwan Admiral, “hig besuk-besuk, muga katemu lan aku”. Semanten Sultan Banten, sampun kaantukaken negarinipun.

Sareng enjing, Pangeran Natakusuma kalayan Tuwan Sekeberulbah sampun mangkat.

Sareng panggih kaliyan Tuwan Admiral, pangran den cium. Utawi ingkang putra pangeran pinanggihan wonten salebeting kamar. Sebdanipun Admiral dhateng Pangeran Natakusuma. Juru basa ingkang ngartosaken, “Kadospundi karsanipun, dene atilar nagari?”

Pangran amangsuli, “hig sapunika kula boten gadhah kajeng. Mangsa borong, kang mangreh ingkang kawasa. Sampun tumimbal kapirig tiga, karsa Allah taksih gesang. paturan kula, sampun nelasaken wonten kantor Betawi.

Bilih winangun, nalaripun inggih matur nalar. Ingkang kula pratelani rumiyin, idhripun teksih sedaya. Yen pinerdata, kula punika sinten rencang kula pabenan. Jeksa, ainangku pabenipun. Kalayan kula, tanpa seksi. Sinten ingkang maelu dhateng kula. Ingkang maelu dhumateng kula, ingk_ang amamrih kagungan karsa kang murba nagari.

Ing pundi nggen kula, nungsung adil. Jeksanipun tumut anganiaya, angangkah pejahing tiyang.. Bineselan rerubaning sih. Kukuming landrat, ngangge dhandhang mungel kuntul. Jeksa sarnpun ngukup arta. Mung kantun sagah mejahi, kirang sakedhik meh dumugi ing pungkasan.

Nanging, taksih rineksa ing Allah. Menggah saking kajeng kula, mantuka lan wilujeng sarta adilipun jeksa kepala ing Rat Jawi.

Tuwan Albah, amantoni saking sanget salahipun Pambram, adamel onar kalayan kadamel kasugihan. Anggega tiyang, tusuktusuk. Anunten dipun tempeli, tinimbang kathahing yatra kang sampun kaartggep.

Yen kasundhul yatranipun, inggih enggal kaungkal. Saking cipta, sok sugiha. Aku wong liya, ora kelangan dadahdulang. Jendral Dhandhles giri-girinipun andi kianat, amung estri lan yatra.’

Yen pun Pambram estu tiyang palsu. Jendral Dhandheles punika nglangkungi ngrejasa. Campur raos, jiwa satunggil kalayan pun Pambram.

Ing suprandosipun sapunika, taksih gesang. Boten nuhoni ubanggi. Ingkang adamel srat putus pangeran saputranipun, dumugi seda inggih Pambram.

Pitulunging Allah, wisa boten tumama. Ingkang anamakaken kogel. Mung sapisan, pangeran ngantos sakit sanget. Admiral Pronseldhik mireng, tumetes kang waspa. Sarta cariyos, manawi Jendral Dhandheles ketangkep.

Sampun kabelok ing wesi geUgiran, lan donyanipun kelangkung agung. Kang rupa mas, dhuwit, inten. Suprandosipun, boten anggadhahi amung inung kang den angge.

Tuwan juru basa matur ing Pangeran, “Yen kirang tigang dinten, admiral layar dhateng Negari Betawi. Atur priksa, prakawising nagari kang wetan langkung karsanipun, jendral ing lebih besar.”

hig sesampunipun dumugi, nunten bibaran.  Pangeran ing sawedalipun saking kamar, para prawira bang wetan sami amanggihi utawi para sayid pambektanipun tuwan admiral.

Amangsuli cariyosipun kala Jendral Yansen Nesmen tan jumeneng anyar, boten sotah ing Tuwan Pambram. Lajeng kapocot lenggahipun Pulmak Jendral, sabab priksa yen jalaranipun minggah, margi saking mepronipun.

Kawangsulaken dados minister wonten ing Surakarta. Ananging Jendral Yansenes boten surut gusaripun dhateng Pambram. Lajeng pinocot, lenggahipun minister sapawingkingipun.

Samanten Nagari Surapringga, sawarnining kang njagi sampun prajurit Enggris sadaya.

Tuwan Sekeber Hulbah, angsung wartos ing Pangeran Natakusuma utawi dhateng Adipati Surapringga, yen direktur Iseldhig langkung kanggep dhateng Enggrisman. Kabar badhe mariki, ingkang sinung pawartos sakalangkung suka.

Kacariyos Nagari Ngayogya, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultansaking sanget kabyatan ing lingsem, kang sarira sanget susut.

Ingkang ibu Pangeran Natakusuma asring gerah. Dening pyayi sepuh, anglangkungi susah ing galih. Ingkang putra Raden Tumenggung Natadiningrat winong ingkang eyang Sinuhun Kangjeng Sultan.

Ing sanalika boten kenging sah. Ingkang parentah benjing ingkang wayah anggentosi ingkang rama Raden Tumenggung Natadiningrat lenggah ing Natakusuman. Sampun pinrail, dinum para putra santana.

Padaleman ingkang ngebroki, saking aturipun Raden Dipati, Kangjeng Raja. Miturut Pangeran Natakusuma, kang abdi wus buyar pindundhut Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Tuwan Besar boten suka. Keranten, Pangeran Natakusuma kawestanan dados kelilip.

Saking akalipun Dipati Danureja, semanten Pangeran Mangkukusuma, Raden Mas Salya kapipit dipun ken dalem ing Danurejan.

Semanten karsa dalem Ingkang Sinuhun, putra dalem Kangjeng Ratu Anem anama Kangjeng Ratu Ayu, tansah tinantun krama dhumateng ingkang rama.

Ananging sanget lumuh krama, liya saking kang raka Raden Tumenggung Natadiningrat tansah dipun antosi.

Putra dalem, Raden Ajeng’ Sepuh, anama Ratu Anem, samekta sampun Pangabehan.

Ingkang kapundhut mantu, kaparingan nama Raden Tumenggung Purbakusuma, pinutra danu, rinengga Rajamenggala. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan nalika penganten Raden Patih, wewah kasendhu. Kawestanan kirang urmat. Wondene ingkang nggentosi, wadana mancanagara Pangeran Dipakusuma, Ing semanten Nagari Ngayogya, tansah wuyung-wuyungan solahing bupati, mantri, putra santana, ing sarehning taksih gelura menggah dununging sumiwi.

Kangjeng Raja kalayan ingkang rama dredahsabab pang-wasa. satemah sakahhipun sami “susaK ing gaHh. Raden Dipati .ntos kuru saking kuwuwur manahipun.

Amangsuli cariyosipun malih, kala Jendral Dhandheles dhateng Nagari Ngayogya anglungsur Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, anjunjung ingkang putra, Kangjeng Sultan langkung duka. Tan taha, musthi talempak. Para putri anggondhlei. Ingkang putra, Kangjeng Raja, amangsengi sarta mulet suku. Mugi Kangjeng Rama engeta. Punapa boten welas ing kula.

Ing satemah lilih dukanipun. Raden Sumadiningrat aturipun kedah pinethuk prang, nalika Raden Patih sambuni, boten katingal.

Jendral salaminipun wonten Ngayogya dereng kepanggih lan Ingkang Sinuhun. Amung asring pista dhateng kadipaten. Kangjeng Sultan asring nyelamur nginte. Sajakipun ingkang putra Kangjeng Raja inggih asring pista dhateng loji.

Kacariyos Raden Rangga, sapejahipun ginantung lan tabelanipun. Utawi Tumenggung Sumanagara kang garwa Kangjeng Raja, jinunjung nama ratu, katiga pisan. Ingkang Sinuhun, amung prajurit ingkang taksih, kekah kaasta pangwasanipun. Ingkang sarta, anglangkungi prayitna ingkang mengangkah kadho manahipun.

Kacariyos ing Nagari Betawi, ingkang jumeneng Litnan Guprenur Jendral ingkang nguwasani sadaya wadyabala Inggris, nama Tomas Setamprot Raplesen, kalih Tuwan Jakup Wilem Kransen ingkang minangka sikretaris rat.

Sarripun sami pangwasanipun, lan kang angsung pangwasa Kangjeng Raja Inggris. Sampun sami mupakat kang parentah atas bawah angin, sawarnine ingkang kabawah Negari Ingglan, yen Jendral Tumas Setamprot Raplesen mangka pangidhepipun. Kocapa ing Nagari Surapringga, admiral sampun layar dhateng Nagari Betawi. Semanten Tuwan Sekeber Ulba, sampun kendel.

Ginentosan Inggris, nama Kurnel Gibes ingkang nguwasani Nagari Surabaya.

Kacariyos Tuwan Gupernur Semawis, amriksani sadaya tanah pasisir sampun kawradinan sadaya. Wonten Surapringga kalih dalu. Nunten mantuk ing Semawis. Saha sampun dhateng karaton kekalih Ngayogya Surakarta.

Wondene ingkang nggentosi minister njagi negari ing Surakarta sapocotipun Pambram, Kurnel Adam sarta residhen, mantu minister, Dene residhen ing Ngayogya anama Tuwan Krapper, Minister Ingglar sampun dhongkol wonten Semawis.

Kacariyos, ing Nagari Ngayogya Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan sampun puhh menggah kawibawaning ratu, saking Gupremen Inggris pengangkatipun. Adipati Danureja, manggih cela, kabendon ing Tuwan Gupernur ing Semawis. Kaliban nggenipun datan yukti, atur-atur dhateng Semawis warni mas inten, punika jalaranipun.

Ing seprandene boten sah mamrih silib. Boten sencaya dhateng ing ratunipun. Kacariyos, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan saya sanget crah lan pepatihipun Adipati Danureja. Ing satemah limut supe ingkang mungel srat prajangjining kontrak. Adipati Danureja kabunuh wonten salebeting kadhaton. Boten mawi amratela ing Gupremen. Wondene prakawisipun kapejahan, sampun kacariyosaken ing ngajeng wau sadaya. Raden Patih boten jenak ing nagari. Asring medal sajawining nagari, saking ciptanipun alabuh ing raden patih.

Kacariyos Tuwan Guprenur ing Semawis mireng Kangjeng Sultan amejahi pepatihipun. Boten anetepi prejangji kontrak yen jiwaning patih kekalih dados satunggal. Sampun supata ing Gupremen, patih dede abdine Sultan pyambak. Yen mawia pracaya, lapur ing Gupremen. Amesthi sakarsanipun tinurutan.

Semanten Nagari Ngayogya, siniwer ing weri supados anelangsa. Guprenur ing Semawis sampun anglampahaken prajurit gangsal atus sami pepilihan. Kangjeng Sultan tinantang ing semu, yen Sultan ngajak main sinapan, sesiratan, bum, murtir, Inggris bangun turut.

Tuwin amiturut manah suci, saatase kang eklas, aja manah siingsun. Gupremen Inggris padha ujar sapisan, amung toh potong. Yen Kangjeng Sultan mintak ampun, amesthi ingapura.

Semanten ratu sekaliyan sami reresahan rebat bawah. Corok cinorok padhusunan, sekalangkung dening truwu.

Kacariyos, ing Nagari Surabaya pageblug. Kathah tiyang pejah utawi sakit. Guprenur ing Semawis dhateng Nagari Surapringga. Kasusulan serat saking Betawi, tumameng ing guprenur. Aparing priksa, yen jendral badhe tumedhak ing Nagari Surapringga apepriksa ‘nagari ing bang wetan, lan pangeran ing Ngayogya kang dinunung Surabaya, utawi putrane.

Rad Indhia, gilig estu yen suci. Kena apus, sinikara den pengaruhi. Ing mengko Nagara Ngayogya mangkat ndhedher angkuh. Sayogyane Pangeran Natakusuma dadi panduk-pandam sesuluh Gupremen. Akale kang raka Sultan, Pangeran Natakusuma pinanggil ing Semarang.

Jendral arsa patemon ing Nagari Semarang. Tuwan guprenur enggal angutus Kapitan Dhewi methuk saha kareta. Pangeran Natakusuma sampun rawuh ing loji.

Sesampuning tetabeyan, sebdaning guprenur, “Kula tampi srat saking Betawi Tomas Raplesen Guprenur Jendral. Trang ing karsa ingkang parentah, Tuwan Pangeran ngandikan kondur dhateng Nagari Semawis, panggihan kang eyang”.

Pangeran Natakusuma amangsuli, “higgih, tuwan. Yen kula ngandikan dhateng Semawis sakarsa lir nugraha. Kadqs pundi karsaning jendral ingkang trang, punapa lajeng kawangslaken Ngayogya? Utawi kakangmas Sultan ingkang mundhut. Yen amung tulung mantuk, punapa dene sulaya kalayan kangmas, kula nuhun duka, leheng pintih pejah kang tebih Nagari Ngayogya. Cupet pocapanipun ingkang kantun-kantun”.

Tuwan guprenur mireng sumirat luh medal, kemokalan pangeran. Pangandikaning jendral, “Tetulung yektos, kondur lan urmatipun sarta amrih ecaning galih. Ing benjing, sampun ngantos wonten nagari taksih walang galih, enggal pratelaa.

Kula kang njagi Semawis. Mangke sonten pukul sanga, tuwan Pangeran nunten mangkat”. Kumetir Kaplinhanten ka’wangenan kaUh dalu dumugi Nagari Semawis.

Pangeran Natakusuma langkung suka sakarsaning galih, luwaran saking loji. Sareng sonten pukul sanga, Pangeran Natakusuma utawi putra sampun mangkat. Antawis kalih dinten,

Tuwan Gope, Guprenur ing Semawis, sampun mangkat mantuk dhateng Semawis, pinethuk sekretaris. Sipeng loji Bojong sedalu. Enjing manggen wonten griyanipun Dipati Semawis.

Tuwan Besar sampun rawuh ing Nagari Semawis. Sareng enjing, kasmayor kautus saha reta animbali pangeran tuwin kang putra. Sampun teka ing loji, Tuwan Besar teksih wonten salebeting kantor panggiban Tuwan Guprenur.

Jendral sampun angrenggani kantor, kang njagi mandhi rotan mas, amerapit ing pintu. Tuwan Pambram tinuju nelas pandangunipun yen wonten buk. kaselempit kapundhut sadaya. Nalika rawuhipun Pangeran Natakusuma, Pambram ken medal ngadeg njawining penjagen. Ing antawis, boten. dangu jendral miyos tansah juru basa Krisman.

Ing sesampuning tetabeyan lenggah, jendral nabda cara Inggris. Juru basa ngartosaken. Tuwan Besar ingkang timbalan salampahipun Pangeran utawi kang putra. Purwa wusananipun Tuwan Besar sampun trang sadaya. Langkung seneng suka pracaya dhateng pangeran tuwin dhateng kang putra. Jendral ngadeg sarta angawe. Pangran rinangkul kinanthi ing kamar, kori kinunci, Sesampuning bicara, Raden Tumenggung Natadiningrat katimbalar. malebet kamar, tuwan Gope kang ngirid.

Tuwan Besar ngambil surat saking Ngayogya. Ken inaos Raden Tumenggung, wondene tembunging nawala. “Ingkang surat Kangjeng Sultan Amengkubuwana saha Ingkang Putra Kangjeng Raja kang sudibya.

Awiyos kula suka priksa dhumateng Eyang Jendral yen patih kula pun Adipati Danureja, kula pocot margi kathah kekiranganipun. Kang nggentosi, budhakipun Tumenggung Sindunagara. Namanipun inggih naluri Dipati Danureja”.

Dereng tamat pamaosing srat rinebut binucal. Pangandikaning jendral dhateng Pangeran Natakusuma, “Kadipundi, raka ndika Sultan Ngayogya. Degsura, Jendral Inggris den gorohi. Kangjeneng Patih Danureja, ujare dilorod. Yektina dibunuh. Sedya ngungkuh Gupremen. Anake dhewe diangsa, jinabel panguwasane. Ratu ora nganggo pratela, yen mekoten sajenenge tinggal adat prejangjean Nungswa Jawa kabeh, atase Guprenur Jendral Pangeran kadipundi?”

Inggih, tuwan, kula ajrih anglahirna tedah tiyang tanpa nraos. Sanadyan temah layon, kula .pilalu yen dados karsanipun Tuwan Besar.” Kasaru Patih Surakarta dhateng, tunjuk muka bicara, kendel. Pangeran sampun pamit. Patih ing Ngayogya boten dhateng. Ing antawis dinten, Sultan ing Ngayogya den begandring malih.

Jendral alon sabdanipun, “Pangeran, kula bakak ati. Raka dika Sultan, lamun kenging amung kula lusa. Saking sanget welas kula rusake Tanah Jawa. Lan kathah damel ageng kantos ing Betawi. Sdheng titaning antara raka ndika Sultan engetane, yen saya muthingkrang boten wurung kula gepuk mangsa trang, udan inesthi kula baleni. Yen ing sapunika, pangeran kula cudaka matura rakane Sultan, yen arsa sanak wong Inggris sarta lulusing karaton. Kula amung nedha kalih prakawis.

Dhingin: Panguwasa ratu, kang tumurun ing putra mugi kawangsukia rekane Dhandheles rumiyin.

Kaping katih: Pejahe Patih Danureja mugi mintak ampun. Yen teksih karsa pyambak, menggah ratu inggih yen sampun tepang kula, wenang amemundhut. Rinembag kang prayogi langkung begiane Sultan. Nganggo ngewuhake kang putra niku, salah.

Yen empun puwas marang putra, kathah putrane Sultan ing benjang sami karembag yen sampun bedhami. Dene yen Sultan nurut, kula nuk nusul. Kula anteni lampah pangeran. Benjang, karuhane tumurude lan aduwa. Empun mbekta rewang, amung lan kumetir siji. Putrane pangeran, kula angreksa.”

Pangran Natakusuma anyagahi, “Sandika, rehing Gurnadur boten moneng ing sesana. Amung anyipta wekasing pitedah kautus”. Jendral langkung suka, “Muga kang pinter, ngarih-arih rakane Sultan. Dene yen miturut, Prakara bumi kang padha ingambil Jendral Dhandheles sesanggemaning putra, bokmenawa bisa batt”.

Pangran Natakusuma lajeng sinung warastra, enjing enggal mangkat. Sareng bibar sadaya ingkang sami bicara. Sareng enjing, nuju dinten Akad, Kapten Hanten ampun tampi srat urmat ing kumisi. Pangran Natakusuma, sampun mangkat saking Nagari Semawis. Kendel wonten ing Kalathen anyipeng sedalu. Enjing mangkat, Pangeran’ sampun anglampahaken srat dhateng Risidhen Kraper, langkung suka manahipun.

Kumendham tinuduh methuk, saha reta ngirid dragunder. Wonten ing Jenu, kumendham sampun kapanggih kalayan Pangeran.

Lajeng sami anumpak kareta. Rawuh Negari Ngayogya dinten Isnen. Nalika urmat, mariyem mungel. Usrek para ageng-ageng, sami salah grahita. Pangeran Natakusuma sampun kapanggih Tuwan Kraper, aturipun dhateng Pangeran, “Sarawuh tuwan ing Ngayogya, Pangeran, kumisi jendral lir sakit angsal jampi. Tuwin lampah peteng dalu, sinung damar lilin trangipun manah kula”.

Pangran Natakusuma amangsuii,” Trima kasih. Wondene lampah kula punika tuwan, kula kautus Tuwan Besar dhumateng kakangmas Sultan, Amung bab ingkang kalih prakawis boten winehng malih. Utawi serat inggih boten mawi”. Tuwan Kraper wangsulanipun, “Alah, srat daluwang, dening srat pangeran Inggris. Kang raka Sultan tetela yen akal tikus. Mau lawan macan”.

Tuwan Kraper lajeng mendhet buk tetunggakan prakawis nagari, tinedahaken Pangeran. Sesampuning tiningalan, Pangeran Natakusuma ngandika, “Inggih, tuwan. Ing nalika punika, dede garapan kula. Dhateng kula, amung nglampahi panuduh. Yen sampun, nunten wangsul dhateng Nagari Semarang”.

Tuwan Kraper wangsulanipun, “Tuwan Besar sampun dhedhawuh kula, boten susah Pangeran kondur Nagari Semawis. Tuwan Besar dhateng Surakarta, benjing kepanggih ing ngriki. Sampun sumelang ing putra, winong Dipati Semawis.”

Pangeran Natakusuma mangsuh, “Trima kasih”. Kesaru para bupati malebet ing loji, sami mbujung dhateng Pangeran. Tuwan Kraper nabda dhateng patih,” Punika Pangran kumisi Tuwan Besar, nojari kang raka Sultan”.

Pangeran lumebet kamar, Raden Patih katimbalan. “Kula niki kakang Danureja, ndika matur kangmas Sinuhun, ingutus jendral amirapet ing rengu. Sampun kaduk tampa, estu amrih prayogi. Yen kadhahar, samangke tumeka besuk kangmas ratu kula. Utawi boten ginalih, kula ndika siya-siya. Tinulungan Jendral Inggris, saprentahe kula mesthi nglakoni.

Den kongsi nuku umur, tekad pakoning Allah. Kula weruh, Ngayogya tulungan Gupremen”. Kyai Danureja gumeter. Bilih pareng, yogi Pangeran Dipakusuma katimbalan. Pangandikanipun Pangeran,” Ewuh, liyaning patih begandring bicara iku. Wekasan, yen kangmas boten ndhahar, wekas bilahi”.

Raden Patih pamit matur Kangjeng Sultan. Dipati Danureja sampun sowan matur sadaya. Ingkang Sinuhun kapintaning galih. Putra sentana kinerik.

Katuripun Kangjeng Raja, awon sae prayoginipun nunten katimbalan. Kangjeng Sultan rupak ing galih. Pinupus yen dados prang anak lan sanak, leheng anak kang gumanti. Enggal utusan raden patih. Pangeran Dipakusuma tembung animbali Pangeran Natakusuma. Tuwan Kraper, anyentak boten suka. Lan malih, yen malebet kadhaton punapa lenggah kursi punapa lenggah ngandhap”. Pangeran Natakusuma pangandikanipun,”

“Prakara pUniku sepele. Kula taksih amrih prayogine”. Sareng enjing Kangjeng Sultan sampun sedhiya badhe manggihi tamunipun. Partisara, sinamun pepak bupati, mantri, prajurit kebet prayitna miranti.

Pinarak ing srimenganti, putra sentana ken sembuni. Pangran Natakusuma sampun mangkat saking loji. Dragunder teji ngajeng. Prajurit Cipai mangapit. Boten sah kalayan Tuwan Kraper Sareng dumugi ngajengan lajeng ngabekti. Tuwan Kraper tabean lan Ingkang Sinuhun. Sasampuning pembage arja, Pangeran meh tumetes kang waspa ningali kang raka sanget manglih kungsut, risaking sarira.

Antawis dangu sami pengangkahipun. Nunten ingkang rayi matur, “Kula ingutus betul ing Tuwan Besar. Saha ingkang tabe kathah-kathah dhumateng kakangmas Sinuhun. Ingkang katih, dening malih sarehning sapunika puter-puter pranata.

Jendral Dhandeles witipun, enyerekken pangwasa dhateng angger Pangran Dipati. Ginentos Jendral Yansen, boten ewah.

Sareng salin kepala ing Rat Bumi, Tuwan Enggris atas kang kawasa.

Sinuhun anjabel karatoning putra, boten suda. Boten pratela Jendral Enggris, rengat pawong sanak. Yen sinuhun anut, mugi kawangsulna dhateng putra.

Yen jendral sampun bedhami kalayan kangmas, wenang anglahirna sakarsa. Rinembag kepala Gupremen, amrih pikantuk. Kalih, prakawisipun pejahing Patih Dipati Danureja.

Patih, badan palihan gupremen ratu. Sami kagungan abdi, Sinuhun rumaosa yen sisir. Mintaka ampun ing Tuwan Besar.” Legeg boten saged ngandika, satu pandurat gunjing mustaka. Andres sumirat kang luh. Antawis lajeng ngandika,” Kepriye, adhimas, Bapa lan anak upama banyu pinerang.

Paman, wis ora apa-apa. anakmu wis narima. Kari nutugake supeketku. Ora pisan nedya pisah lan Gupremen. Bingen, mengko, nedya belengket.”

Nunten Pangran Dipati matur, “Kangjeng rama, sampun nggega paman. Wirangipun anglangkungi yen pangwasa kawangsulna.”

Kangjeng Sultan ngandika dhateng kang rayi, “Adhimas, luwih panyukupmu mungguh kalingsemaningsun dadi ratu, apa maning anakmu Ki Dipati. Lan galihingsun banget peteng menyang sira. Ingsun njaluk muiih. Ping pindho, layangingsun tan oleh wangsulan. Banget kangenku, tuwin si Beng anakmu banget ngarep-arep tekane kang lanang. Ing satemah kinongkon anglungsur maning, ingsun ora bisa nglakoni”.

Kang rayi aturipun, “Kados kenging sinamun, suprih sampun katupiksa ing alit. Amung nama wangsul yen cundhuk kalayan Tuwan Besar”. Sinuhun ewed punapa kalayan jendral mirapet salir prakawis”.

Kangjeng Sultan gedheg. Pangeran dipati anyambeti, “Mugi, Kangjeng Rama kendela kemawon. Sanget atur kula, sampun nggega paman”.

Pangeran Natakusuma langkung nepsu. Ngandika sareng dhateng Raden Sumadiningrat, “Kula punika punapa den cara sentana jajar, wedi antakanira, boya ngalap opah. Matur wekasing rahayu. Boten dhinahar, sampun.”

Tuwan Kraper ngadeg, pangera.n jinawil. “Sampun boten kadadosan. Suwawi kondur dhateng loji”. Sampun pamit, lajeng medal. Sareng dumugi ing loji, enggal damel srat dhateng Semawis. Kapitan Hanten kang mantuk, atur priksa yen Kangjeng Sultan nduwa.

Semanten Kangjeng Sultan, ka!empakan para k.adang, putra santana, bupati. Estu dadi pakewuh kang ana sajroning loji. Pangeran Dipati langkung condhong kang rama sereng lawan kang paman. Parentah baris tugur sangubengi kang baluwerti.

Semanten kang ibu Pangeran Natakusuma, tuwin kang garwa putranipun ingkang teksih timur, sami dhateng loji utawi para abdinipun.

Kacariyos lngkang Sinuhun Kangjeng Sultan, kang galih saya kuwatir. Dene kang rayi panggah, boten kenging ingengkok liring. Tuwan Kraper angrojongi. Marengi Grebeg, kang rayi ngandika boten purun. Saya boten sakeca kang galih. Sedhih wor miris. Lajeng adamel srat, amung lan Pangran Dipati, Patih Danureja, Pangran Dipakusuma, gangsal carik. Serat wangsulan dhateng Tuwan Besar. Makaten tembunging srat,”

“Tuwan Besar. Sarehning adhimas ingkang pinutus sampun dhateng ing kaluputan kula, kang galih prakawis ingkang punika, kula miturut sadaya.

Ingkang rumiyin, panguwasa kula wangsulaken dhateng putra kula Ki Dipati. Ananging kedhik wira-wiri wirang rupiksa ing bala. Yen sampun pepanggihan, tamtu kula tedha malih.

Kalih, sisip kula mejahi Danureja. Sampun ngaken kalepatan kula. Kula minta ampun ing Gupremen. Ananging ingkang punika, kula sengit wirang. Sisip menggah dhateng adhimas Natakusuma. Kula suwun mantuka dhateng kula netepi lenggah lami.

Rumiyin, mangke, benjang, kula asih dhateng adhimas. Nanging yen adhimas teksih wonten ing loji yen tuwan rawuh Ngayogya, kula boten saged angampah.

Ingkang manah sangga runggi. Utawi para kadangipun sadaya gurup rembag kalayan kula. Sumangga ing penggalih”.

Tiningkem, cap Sultan Amengkubuwarta. Danureja, Dipakusuma, iriban lumebet ing loji. Wanti-wanti winekas, kang rayi sampun ngantos priksa. Kalayan Tuwan Kraper sampun kepanggih, nampeni srat. Prawara kalih sampun wangsul.

Srat lajeng kabuka. Karengrengipun wonten ngarsaning pangeran. Sesampunipun tinupiksa, Tuwan Kraper manabda,” Kadospundi kang karsa, Pangeran, raosing srat punika?”

Pangeran Natakusuma pangandikanipun, “Kula wirang, anglahirna. Sakajeng tedah, bot.en priksa ing awak. Rumiyin mila Kangjeng Sultan sadulure mung kula kang sineganan. Mila sampun kudangan swargi kangmas. Watekipun kados pandam kanginan. Dene kula sumangga Tuwan Besar kang mangreh Nungswa Jawi. Kula darmi anglampahi lan boten gadhah rembag. Tanpa kanthakanthi, kathung amung lan anak loro. Kang siji, kari Semarang. Boten langkung, ingkang kula ajeng-ajeng pitulunganipun Tuwan Besar kang boten mawi kuwatir kalayan ecaning manah.

Menggah wawrat timbang Tuwan Guprenur, yen sejaning gesang nracak,pinten tebihipun lambe ngandhap nginggil” Tuwan Kraper langkung suka.” Yen mekaten, kula nusul Tuwan Besar mbekta srate Sultan”. “Mangsa borong kang anuduh. Jendral sampun rawuh, Nagari Surakarta mesthi lajeng mariki”. Kumendham pinanggih, pininta ngreksa ing Pangeran. Tuwan Kraper, sampun mangkat kintun tabe Pangeran katur ing Tuwan Besar.

Kacariyos, ing Nagari Surakarta Tuwan Jendral bicara langkung pakewed. Patih Candranagara manggih cacad ing Gupremen. Pinten banggi ngukup.

Tuwan Kraper sampun dumugi Nagari Surakarta. Serat saking Kangjeng Sultan sampun katur ing Tuwan Besar. Lajeng bicara.Ing sasampunipun bicara, Tuwan Kraper ken mantuk rumiyin. Jendral adamel wangsulan dhateng Kangjeng Sultan Ngayogya. Ingkang kautus. Idlir Menting. Manah alus, tur ririh guna.

Tuwan Kraper, sampun dumugi ing Ngayogya. Pangran Natakusuma anungsung wartos. Wangsulanipun Tuwan Kraper,”

Idlir Menting meh dhateng. Welandi prameng guna tur ngrampungi saklir prakawis.”

Semanten Tuwan Idlir Menting sampun dhateng kalayan kapitan kekalih. Ing sesampunning bujana, Tuwan Kraper suka priksa Kyai Danureja. Wonten utusan nama Idlir Menting.

Wanci pukul sanga malebet kedhaton panggih Sultan. Semanten Pangeran Natakusuma ingaturan Tuwan Idlir malebet kamar. Sasampuning tabe, sebdanipun Tuwan Idlir, “Kula punika, kautus pinanggih kang raka Sultan. Ing mangke Sultan sampun miturut ing Gupremen. Salir prakawisipun kalepatan sampun miturut. Minta ampun sedaya, ing sapunika kang raka Sultan kang karsa Tuwan Besar sampun manggih prayogi.

Dene ing mangke, Pangeran asowana kang raka Sultan. Sarta den genging urmat. Pinundhutken tambah bumi ing raka Sultan, mangka tingal Gupremen. Yen Pangeran boten lega, anglahirna raosing galih. Tuwan Besar anuruti sasenengipun Pangeran Natakusuma”.

Wangsulanipun, “Kula, kados ringgit, Tuwan Besar dhalangipun Panggung. Punapa ingkang karsa tamtu kula anglampahi. Nanging ing wingking, yen wonten watiring manah amesthi kula pratelan. Sapunika malih saea, kathah tiyang sumengit.”

Idhr Menting mireng, hentyarsaning manah, “Yen sampun dhangan, kula tumut Pangeran malebet kadhaton panggih kang raka Sultan. Yen boten mangga, boten pineksa”.

Pangeran Natakusuma wangsulanipun, “Yen ing karsa Tuwan Besar punika, kula inggih sowan”. Idlir Menting langkung suka, “Punika tekad utama, enget ing sadherek sepuh”.

Sareng dumugi pukul sanga, bupati dhateng. Tuwan Idlir, sampun mangkat. Wonten sitinggil, pinethuk damar lilin. Pinanggihan wonten ing srimenganti. Kangjeng Sultan sampun tampi srat. Ungelipun cara Inggris, lajeng ingkang maos Tuwan Idlir piyambak. Sarta kamuradan roasing srat. Wondene ungelipun ing nuwala, “Ing sarehning Kangjeng Sultan ing mangke sampun miturut ing Gupremen, saliring kalepatan sampun mintak ampun, graning cudaka, kang rayi Pangran Natakusuma harja boten jalidra ing raka Sultan. Tuwin dhateng Gupremen, kang rayi Pangeran dumugi kang putra den kaniaya. Lampahipun tinulung ing Gurnadur, saha kapercaya ing Gupremen. Dados semelanging raka, dipun tedha wangsul mantuka kedhaton Ngayogya.

Ananging Pangeran Natakusuma tuwin kang putra sadhanganing manah, yen kraos sowan ing Sultan, sokur sewu, Gupremen titip sampun ngantos kasusahan. Benjing lusah, Tuwan Besar dhateng karsa amangun sumpah prejangjeyan ageng.”

Kang surat sampun tamat. Idlir Menting, anantun Pangeran Natakusuma,” Kadospundi, Pangeran. Kula ajeng mantuk dhateng loji, punapa kantun sowan kang raka, punapa kondur dhateng loji. Kula, nuruti”

Kangjeng Sultan gugup ngandika, “Adhimas, arep takjaluk lumebu kadhaton. Anake banget “kangenku, tuwin putune loro pisan wis padha gedhe. Lan karodene maneh, pada eling welinge swarga”.

Tuwan Idlir sampun tabeyan pamit mantuk. Kangjeng Sultan lajeng ngedhaton. Kang rayi boten kenging pisah. Tuwin Pangran Dipati, para garwa sami methuk. Ratu Kancana anglangkungi dhateng besanipun.

Ratu Ayu, pitaken ingkang raka. Kawangsulan teksih wonten Semawis. Sareng sampun dumugi, lajeng bibaran. Pangeran Natakusuma boten kondur ing dalemipun, wonten Natadiningratan.

Saking karsanipun ingkang raka Sultan, sareng enjing Kangjeng Sultan utusan maringaken sadaya sakagunganipun ingkang rayi kang wonten ing kadh’aton. Barang kang katriwal, kang Sinuhun singlar tan nguningani. Miwah dhuwung pusaka, kang kapendhet raden patih rumiyin.

Kangjeng Sultan kipa-kipat. Trekaning galih, amung sang anak anung ngaku nora weruh. Tuhu mencuri loro, Adikusuma Mangkubumi. Nanging Kangjeng Sultan boten karsa nalar.

Sampun dumugi ing ubanggi, enjing Kangjeng Sultan ewah adatipun kados ingkang sampun kalampahan. Semanten Pangeran Natakusuma boten tumut methuk.

Saking rehipun kang raka, sandi ngayemna kang sarira. Tuwan Besar sampun rawuh ing loji. Utawi Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan ubanggi benjing tindak dhateng loji amangun prejangji.

Kangjeng Sultan sampun kondur angadhaton. Sonten utusan dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma, Paring priksa yen benjing-enjing mangun prejangji pepageran. Pangeran boten kalilan tumut, kados kala methuk damelipun kangjeng Sultan pyambak. Jangji Ratu lan Gupremen. Kangjeng Pangeran sampun sumlanging galih. Kang tampi dhawuh matur sandika. Utusan, sampun wangsul.

Wondene pamrihipun Kangjeng Sultan mila kang rayi sinilep yen manggih urmating jendral. Dening resep dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma.

Enjing, Kangjeng Sultan sampun rawuh ing loji. Anunten damel srat kontrak. Urmatipun Kangjeng Sultan kantun kaping pitulas. Urmat kaping pitulas, urmat kaping pitulikur lepas.

Lajeng aprejangji, sumpah urmat maryem wanti-wanti. Sareng ngajengaken dhahar, Tuwan Besar pitaken,” Dening kang rayi, Pangeran Natakusuma boten katingalan”. Kangjeng Sultan, gupuh anuduh mantri kaparak aken dhawuh ingkang rayi. Soten Tuwan Besar malebet kadhaton badhe kapanggih kalayan Pangeran Natakusuma sakedhap.

Wondene wangsulanipun Kangjeng Sultan dhateng Tuwan Besar, “Adhimas mila boten katingalan anentremaken sariranipun.” Ing sasampuning dhaharan, bibaran. Sonten Tuwan Besar dhateng kedhaton. Kangjeng Sultan mangun suka kelangkung rumengga dhateng tamunipun.

Sareng dhadhaharan medal, Tuwan Besar anakekaken Pangeran Natakusuma. Kangjeng Sultan gugup, animbali kang rayi. Sareng sampun sowan, Tuwan Besar sanget murina. Angsung rembag ing Kangjeng Sultan, “Prayogi kang rayi, lenggaha nginggil wonten ing kursi ngajeng. Jajara paraupesir sedaya, kalayan lenggah bumi kedhik-kedhikipun sami lan patih. Kalih ewu, boten tuna”.

Kangjeng Sultan wangsulanipun, “Inggih netepi adat kemawon. Saru yen linggiha nginggil. Kalayan kangmas Behi punika, sanes adhimas, prenah nem. Tuwan Besar. ngawe Pangran Natakusuma. Kaparingan priksa yen rakandika Sultan lan Gupremen empun sobat lan Ngayogya jadi satu. supeket tak bolih pisah, Gupremen trima kasih, kula mulih Semarang. Layange Pangeran nimbali putrane pengandel, kula kang nggawa”.

Kangjeng Sultan ngandika dhateng kang rayi, “Layange adhimas, kang nggawa Tuwan Besar. Rasane kagedhen laku. BecikeDanureja kirim tulis menyang Natadiningrat”.

Pangeran Dipati anyandhak, “Mangke wingking karembag.paman. Sae anunten mundur, nunggil putra sentana”. Pangeran mundur enggal saking ngarsanipun kang raka Kangjeng Sultan. Tuwan Besar sinegah bujana datan karsa dhahar. Mung ngambil buah jeruk, pinanringaken Pangeran Natakusuma. Juru basa Krisman kautus andhawahaken pangandikanipun Tuwan Besar. “Pangeran sampun susah. Kang gaUh, kang eca. Tuwan Besar boten mangertos karsanipun kang raka Sultan. Dene boten pesaja dhateng kang rayi. Amung Tuwan Besar tuhu asih dhateng Pangeran. Ing saben satengah masa, kaparingan tigang ewu. Nanging kesrawung kathah prekawis, benjing mangsa trang jawah wonten pranatan malih. Pangran kang sabar, sokur narima sabarang karsa kang pinundhut Tuwan Kraper, sampun kadhawuhaken putra santana. Tumeling, nanging boten wonten mireng.

Tuwan Besar sampun pamit, anunten bodhol. Wanci bangun, tuwan jendral mangkat kondur dhateng Semawis. Seratipun Dipati Danureja, sampun mangkat, kang nimbali Raden Tumenggung Natadiningrat.

Ing nalika semanten, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan karaos-raos sihipun dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma. Pangandikanipun, “Amung sira, sadulurku kang lanang. Rewangku, lara kasmala. Sakehe kaluputaningsun aja dadi atimu. Narimaa, wus karsaning Allah.”

Enjing sonten, bujana mintir saking kadhaton kaparingaken kang rayi.

Kacriyos Tuwan Besar amung sipeng sedalu wonten Semawis. Lajeng layar dhateng ing Betawi. Utusan Ngayogya, sarta seratipun Dipati Danureja sampun dumugi tinampen Dipati ing Semawis. Katur Tuwan Guprenur, langkung duka. Dene kang surat aut kang kertas lan boten wonten tandhanipun Pangeran Natakusuma.

Boten tumrap srating patih tuwin Kangjeng Sultan utawi residen Ngayogya. Kang utusan katulak. Semanten Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan tinotol ing Tuwan Residhen Kraper dening lepating utusan ingkang nimbali Raden Tumenggung Natadiningrat.

Kangjeng Sultan langkung gugup, enggal damel srat sarta prajurit lebet k.en mapak. Utusan sampun mangkat, wangsul dhateng Semawis.

Tuwan Guprenur sampun tampi sratipun Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, sarta residhen amertandhani sumekta lawankang methuk. Raden Tumenggung Natadiningrat, sampun pamit ing Tuwan Guprenur saha Dipati Semawis.

Dumugi ing Ngayogya, kepanggih tuwan residhen. Lajeng sowan ing kedhaton. Ingkang Sinuhun langkung oneng dhateng ing mantu. Sesampuning dumugi kaonengan ndikakaken kondur dalemipun kalayan garwa.

Kacariyos Raden Tumenggung Danukusuma sapejahipun kang putra, Raden Patih Danureja lajeng kapocot. Ananging duka dalem boten surut, saya amrati. Raden Danukusuma kapejahan, wonten ing wana Pacitan.

Semanten kang Sinuhun Kangjeng Sultan, sakonduripun kang rayi pangeran Natakusuma, kang putra saya melok kalayan patih nggenipun angakali anjegung panjenengan, wewah tambah kang bendu.

Abdinipun kang putra Pangeran Dipati kang sami priksa ing wadi, pinundhut cinepengan. Lurah pitu ginedhong, kalebet pikandel suranata sami kahmbang aturipun.

Kang satunggal kabucal ing wana agung. Kang nenem kaluwaran. Pangran Dipati mangunggut-unggut. Kagalih sampun alit. Rerengganing raja, ambok kang anjageni kasaosaken kang rama. Jejuluk, nama raja tuwin bintang boten karsa mundhut. Tansah nggegering kang manah. Temah kados anekad, Pangran Dipati pinupus. Mung cipta ngungsi gesang. Kang sarira pinasrahaken Kepala Buntut Babah Jim Sing, den bebaluhi sekretaris pasrah ing residhen. Sanget mintak tulung saking dukane kang rama. Maras yen dibunuh lir patih.

Semanten Pangeran Mangkudiningrat. ing gaUh mingis. Ngangkah gumantos ing raja putra. Babah”Jim Sing ingebang Pangran Dipati. Yen dhinahar aturipun ing Gupremen, pinunjung sabin sewu. Yen kang sarira tulus jumeneng Ratu Ngayogya, den kartuna sawiii sewawi, sumangga. Angger mung dadosa, nanging yen teksih kang rama boten saged anglampahi. Sebarang karsanipun geseh. Kang rama ambeg piangkuh dhateng Gupremen, tanpa kering.

Kang putra yen mambengana, nuwun boten anglat, tansah ingangsa-angsa. Rumiyin Patih Danureja sampun pejah wewah bapakipun. Tiyang kadipaten telas sadaya. Urmating raja katur taksih manginggi-inggit. Pangeran Natakusuma sadhatengipun, nenajemi kang raka kalayan Pangeran Mangkudiningrat. Mila Pangeran Dipati, yen sonten boten ngraos priksa enjing. Yen enjing, boten dumugi siyang saking sanget kekesing manahipun. Ingkang punika, sumangga ing Gupremen.

Pejah gesang amung ngungsi gesang. Tuwan Residhen Kraper welas. Jim Sing kon matur, muga kang sareh, lagi atur priksa ing jendral. Amung kedhik, aja rtgrasani Pangeran Natakusuma, kekasihe Tuwan Besar. Pangeran Dipati sareng mireng yen saged, analangsa dhateng kang paman. Nanging rikuh, dening kang rayi Pangeran Mangkudiningrat ingkang dipun Ungsemi. Lajeng ngundhangi sadaya abdinipun, sampun wonten purun dhateng tiyang ing Natakusuman, Kalayan sawarnining prawara kang dados gauhipun kang paman rumiyin, boten karsa katempelan.

Pangeran Adikusuma ketail. Amung kang rayi kalih, ingkang rinaket. Pangeran Panengah, Pangeran Mangkubumi, semanten Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan katungkul among lulut kalayan tansah cene-cene dhateng kang putra.

Kacariyos, semanten Raden Tumenggung Sumadiningrat jinawil utusanipun Kangjeng Susuhunan Surakarta anama Ranawijaya, ken matur ing Kangjeng Sultan.

Pangandikanipun Kangjeng Sunan, “Paman Sultan, apa ora priksa. Paman Natakusuma kekasihe gurnadur. Sakarsane sinludah residhen. Darma tunggu barang jroning loji. Sasat kagungane paman Natakusuma kabeh. Patih Cakranagara ora nyilih mata, kuping. Weruh dhewe lagi ana ing Semarang anggepe jendral menyang paman Prabu. Muga kang saged momong kang rayi, den saged mulut tresna. Sabab, iku yen krodha kaya Narpati Mandraka. Kadi rane Candhabirawa. Wong Inggris, kelar badhog Negara Ngayogya. Lan ora wurung angembeti panjenenganingsun.

Nalasrewu, yen wis wedran, kaya priye dadine”. Kangjeng Sunan karsaning galih ngabeni subraja lungit, angadubata remuka sakarone. Semanten Raden Sumadiningrat, enggal matur Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, yen pyambakipun kadhatengan utusan Surakarta, saking Kangjeng Sunan.

Ingkang Sinuhun Sultan mireng njenger, galih langkung barubah. Kang rayi arsa ginuled kang sayektos, was-was dhateng kang putra. Yen kaajengna, watir dening wali-walikaniaya. Lan wis gedhe d.angdanane kinanthi gurnadur. Ing galih keran-keron. sinukma ora siwah. Bobot lungguh sewu, kurang sawang luwih uwong. Dados Pangeran Mangkudiningrat tinuduh nalika kang paman kalayan kadangipun kang sami nunggil galih.

Semanten Pangeran Natakusuma sampun pindhah dhateng padalemanipun lami, awit saking karsanipun ingkang raka Sinuhun Sultan. Sabab kang rayi yen dereng ngalih saking Natadiningratan, kang galih boten sakeca. Kalayan sawarnaning ongkos andadosi dalemipun kang rayi, patedhan dalem sadaya saking sihipun. Ingkang Sinuhun sring tindak amriksani kang sami anyambut damel.

Kacariyos Raden Sumadiningrat panasten, boten sarju lan kang rayi Raden Jayaningrat. Yen ndulu asring katimbalan ing Pangeran Dipati, boten liyan ingkang rayi rinaosan amung Kangjeng Sultan, dening raketipun ingkang rayi.

Pangeran Natakusuma anglangkungi saking watir, boten wande abibrahaken nagari. Mila Raden Sumadiningrat wicantenipun, “Adhi, kowe matura ingkang Sinuhun. Sabab Rama Natakusuma rinaket. Aku ora suwawi. Utawa pinundhut rembuge ora eca. Wantu wis awak Gupremen. Mangsa ngartakna garasak ulat winor pengarah. Kayu mandira upamane menawa angendhih wit. Tekane saka sabrang iki solah tingkahe apa jenate ki patih Bobote, tikel sewu pamalese.

Katemu pirang prakara yen ora sedya malesi, wong wis nemu lara wirang”. Dhasare pyayi wegig, lembut sandine. Melas asih, mundhuk-mundhuk nggutuk watu. Yen lena mesthi jongorake. Kabeh sentanane Sinuhun, mung siji iku kang wani. Sabab apa, gendhinge kang raka kaduga anyembadani agal lembute. Prawara kadang kabeh rusak atine.

Sama Natakusuma, yen ginega ing Sinuhun darah Kedhu, kuwat angrontog nagara. Kang dhingin dhi Rangga. Nuliki Lurah kang mati wong padha ngrusuhi jaman. Aja cacak iku maning, metu budine mesthi jagad dahuru. Ngilangake tingkahe wong andon mukti, Nagara Ngayogya kocar-kacir. Karo dene maneh, Kangjeng Sunan wus ngaturi penjawil adhi Brangtakusuma. Yen welas menyang Sinuhun, enggal matura”. Wangsulanipun ajrih.

Raden Sumadiningrat nepsu, “Sapa wani matur, liya adhi. Sarta den sukani kapal sapirantosipun. Raden Brangtakusuma mongglok manahipun, purun matur. Kangjeng Sultan ing galih glana mor mukswa. Panas prih kadi rinujid, kagol enggenipun amendhet sihipun kang rayi, lajeng makung. Amung kang putra Pangeran Dipati tinedha jroning semadi, cupeta. Semanten Pangeran Dipati, saya sanget anggubel dhateng jim sing.

Nanging residhen taksih tengah-tengah. Kangjeng sultan tinodhi. Punapa kang tresna putus, yen sampun puwas miyosna pangandika, kados pundi kang karsa. Utawi, yen ingampun kang pulih dhateng putra, sampun ngantos angrewedi rembag.

Kangjeng Sultan tampining galih slingan. Tinarka Pangeran Dipati anyambat ngrogoh njajagi kang galih. Temah wangsulanipun basa cangkriman. “Biyen, mengko, kang sungadhang iya Dipati. Dene ala sapa wruh. Allah kang ngadili. Anak bisa golek bapa. Bapa bisa golek anak.”

Tuwan residhen boten mangertos, tinarka Kangjeng Sultan limut. Ingkang Sinuhun macut kang duka. Kang ibu Pangeran Dipati den betheki. Kang Ratu Kadhaton dadi lelaran. Pamrihipun ing galih, pyayi estri kakipun pyambak dudu atasing Gupremen. Supados kang putra kitir, anak molah sayekti kapradhah, biyung katempuh. Jer dheweke kang nggegasah memarahi.

Pangeran Dipati byuh, alangkung wirang adamel srat dhateng Jim sing. Lajeng Tumameng ing tuwan residhen, langkung mangres manahipun. Enggal damel srat katur ing Tuwan Besar. KaptinJim Sing saya agelak nenajemi wewadul ing residhen, yen Kangjeng Sultan badhe mejahi pyambakipun. Tuwin dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma sampun boten pesaja. Sanget nggenipun nyigeni, pundi kang raket kalayan Tuwan Jinenggaman langkung dipun gethingi.

Saking Kangjeng Sultan boten rujuk ing tuwanku, utawi pejahipun Peken Ageng, mila boten kalilan dhateng ing Peken Gadhing sadaya.

Residhen mireng, langkung nepsu. Mukane dadi getih. Enggal parentah kumendham ken ngetengi sadaya maryem ing loji. Sadaya prajurit Gupremen angati-ati, sebab yen Sultan sedya amrih ngukup kang rayi tuwin kadipaten, aja kenen. Inggal aku tulung pangeran. Jim Sing griyanipun jinagi prajurit Cipahi.

Tuwan Residhen lajeng kengkenan pengandelipun, nungsung wartos ing Pangeran Natakusuma. Aturipun Encik Amat, “Saking Kang tabe, kula kautus kang saudara anuwun priksa punapa Kangjeng Pangeran punapa sampun eca kang galih.

Kamireng saking loji, den angkah ing raka dalem Sinuhun. Kang punika, yen tamtu kaangkah enggala lapura dhateng loji, Pesthi prajurit Gupremen lajeng tetulung. Kalayan kagungan dalem arta kang teksih wonten ing loji, patedhanipun jendral rumiyin punika sampun la’mi dhatengipun.

Kalayan saking Tuwan Adam, sapunika ajrih njagi Nagari Surakarta. Ngraos boten kadugi, Tuwan Gope ingkang gentosi. Nagri Semawis tinilar Tuwan Garnam, ingkang njagi kawarti ing Gupremen ratu kalih sabyantu jangji sareng lebur ing prang.

Sabarang pamundhutipun Tuwan Besar ing Sala, Cakranagara pangulah putusan mantri nama Ranawijaya. Raden Sumadiningrat nyanggemi putusan. Kaji Brahim Kalayan mantri ketanggung mudhi sratipun Kangjeng Sultan. Dening pangolah. andel ipe dalem Raden Prawira diwirya.

Surakarta Pangeran Buminata, sosoging srat wira-wiri. Punika ingkang saudara angresaya dhumateng Kangjeng Pangeran. Mugi kacepenga tiyang kang dados sandi penglampah.”

Wangsulanipun pangandika Pangeran Natakusuma, “Mungguh panyekele gampang. Nanging aku isih kawengku ing ratu kangmas Sultan. Karo dene maneh, wong kang padha diutus darma nglakoni. Wong cilik wis wajibe. Wong ngawula, anut sakarsaninggusti. Yen tuwan residhen nari aku, banget nora rembug. Karane Gupremen Welandi ngadegake loji Kelathen anjagani tunggu nagara. Mangsa biyen ora kena ratu bebalangan tulis, yen ora pelawangan Welanda. Barang kangmas Sinuhun iki, Pangeran Dipati kang marahi dhawuh Cakranagara. Wong kadipaten dadi ular-ular. Jenenge Tirtayuda iku ana Cakranagaran. Utawa anakku sring kongkon-kinongkon. Nanging padha bupati, tunggal gawe among nagara, bab padu-paripadu.

Dene Tuwan Minister takon enake atiku, kepriye nggonku ora enak. Asalku Ngayogya, ciptaku rina wengi mung sudaraku kang tak deleng saking pulmaking jendral tumeka Rat Jawa anyatroni. Angsal jendral misih tresna, ora giris maras. Sarta wekasane, nglindhung Allah. Sarate. ngandel Gupremen. Apa ingkang takwedeni?”.

Encik Amat matur malih, “Kalayan malih, Tuwan Minister nyuwun priyogi babing bandar. Badhe kasuwun gadhuh, kaindhakan paosipun.

Ing Surakarta, Kangjeng Sunan sampun miturut. Yen raka dalem Kangjeng Sultan boten marengi, bumi-bumi sanggemanipun Pangeran Dipati dhateng jendral Dhandheles badhe dipun dhadhali sadaya”. Pangeran Natakusuma pangandikanipun, “bab bandar, aku ora sumurup. Mangsa bodoa sudaraku lawan kang duwe nagara”.

Encik Amat sampun pamit. Semanten nuju Mulud Grebegan, Pangeran Natakusuma boten sowan. Amung abdenipun prajurit boten ewah kados adatipun. Tuwin pengangge anglangkungi prajurit dalem. Para ageng-ageng, langkung panasmanahipun. Kangjeng Sultan, kang rayi rinaosan, “Adhimas, wis besar ati. Wong sarirane Tuwan Besar”.

Kacariyos Tuwan Minister ngangkatianuwungadhuhbandar, kawrat ing srat. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan kekah boten suka.

Terkaning galih cawang ro. Kang rayi Pangeran Natakusuma, Pangeran Dipati kang ambyantu minister. Tuwan Jan Kraper langkung nepsu. Lajeng sowan, para putra santana, bupati pepak sadaya. Aturipun Tuwan Minister, “Tuwan Sultan, bab prakawis bandar tamtu kula suwun gadhuh. Kangjeng Sunan Surakarta sampun miturut”.

Ingkang Sinuhun langkung cukeng, ingkang pangandika, “Nganggo wewatoning Sala, seje ratu seje tata nagara”. Tuwan Minister matur malih, “Kados boten wonten sanesipun, menggah panjenengan ratu ing Tanah Jawi, sigar emangka. Utawi Gupremen anggepipun tamtu asih tuwin urmatipun boten wonten kaotipun ratu kekalih. Ing mangke tuwan pyambak ingkang kedah bawur, lumampah kasanesaken kalayan Surakarta. Langkung sukur ampang gampil”. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan kapetek kang galih. Dangu boten ngandika, sareng badhe ngandika, pinapas ing tuwan minister, “Tuwan Besar timbalanipun, benjing trang jawah sawarnining bumi-bumi Kedhu, mancanagara kang sampun mungel ing buk ingkang dados pasrahan sanggemanipun kang dhateng Jendral Dhandheles rumiyin, kasaosna kang enggal.

Tuwan minister lajeng pamit mantuk. Sesampuning tabeyan, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan jenger muwun. Ngandika dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma, “Adhimas, ing sapungkurmu prakara bumi iku ingsun ora ngrasa amewehake buke. Jaluk capingsun, sun dipeksa. Dene olehe nuli ana ing loji. Ing mengko mecah gegedhohing ati”.

Ingkang Sinuhun gumeter sumamburat, kang galih sanget kuwur. Kang putra Pangeran Dipati, kados sinuduk kagapyuk. Kang rayi amung atur sembah, kang sami sowan langkung gumeter. Pangeran Dipati anangis. Kangjeng Sultan kecoh, nunten kundur. Semanten Raden Dipati ing galih, posing sanget kuwatir.

Tengah dalu pamempenging jawah, dhateng loji. Andadosaken rembag tansah Jim Sing sagah ngengani pintu. Tuwin saliring bumi-bumi pinundhut sadaya, narima dados ratu belanjan. Asal kang rama kesah saking Tanah Jawi. Punapa rehing jendral. Tamtu sandika anglampahi. Datan tahan yen pinurih pejah. Pangeran dipati nangis, sarta panggubelipun sanget Kang sarira celong kusut, saking awis dhahar tuwin sare.

Tuwan minister kang manah kados sinendhal. Langkung pyuh, gentos ciyuman sarta sanget pitungkasipun. Minister wantos-wantos dhumateng paman Pangeran Natakusuma, “Sukur saged ngrangkul, yen boten saged amung aja salah cipta, iku kekasih Gupremen. Aja dadi sandhungan, lan salahe kang rama Sultan, muga kang paman tinedahane.

Prakara bumi sanggemahe, sebab manawa labuh abot sanggane bilaine. Minister nemu dukane gurnadur. Pangeran Dipati ngeres, “Pamenggah kang dhateng paman sampun kasep, sanget su,mengit dhateng ing kula. Inggih mangsa boronga ing tuwan, mamrih prayogi”. Tuwan minister anyagahi angrapetaken andum pantes. Pangran Dipati sampun kondur, boten kantun P.abah Jim Sing. Tuwan minister enggal adamel srat wawekasan bicara, katur ing Gurnadur-Jendral yen dhateng Kangjeng Sultan sampun putus besar.

“Sayogenipun kang putra Pangeran Dipati pantes yen tinulung, amlasaken, pasrah ngungsi gesang. Punapa kang dados reh Tuwan Besar, saestu kalampahan yen sampun dados ratu. Sanadyan ing benjang gampil. Ing sakarsanipun Gurnadur, Gupremen. boten kaniaya. Nalar trahing luput, yen liya saking punika kang jumeneng ratu, kedah-kedah anyumektani tetulung sayektos.

Yen datan makaten kang praniti Gupremen, tedah anganiaya. Yen angsal kang wicaksuh manah, saking pengraos kula boten pikantuk. Ing wingking karembag malih, gampil. Wondene Pangeran Natakusuma, mahardika ing Gupremen. Putra wuragil, kekasihing jendral kados Pangeran Mangkunagara ing sapunika inggih Pangeran Suryaprangwadana. Sor timbangipun, menggah lenggahing siti kalayan antekipun dereng kantenan.

Tandhanipun dhateng gupremen, ingkang punika sumangga ing gurnadur. Sampun kula wawrat, saha malih mugi tuwan sediyaa prang dhumateng Nagari Ngayogya.”

Semanten srat sampun lumampah, anunten Tuwan Kraper kalayan upsir Ngayogya, kang sajak winawrat kabar karsanipun Kangjeng Sultan yasa maryem baru, waja, kejen, tembaga sari, kurang mimis sela. Semanten Pangeran Dipati, langkung sandeya galihipun. Boten panggih kalayan kang paman, ananging kang manah majeng mundur. Den aturi manawi boten kenging, lajeng utusan abdi estri ngaturi kang paman. Kepareng kang paman Pangeran Natakusuma boten wiyang. Margi saking kedah priksa watesing.galih kang putra Pangeran Dipati.

Ananging surti angatos-atos, kang putra sami ndherek tuwin samektanipun kang abdi. Pangeran Natakusuma rawuh kadipaten, sepi amung kang tungguk. Pratandha yen boten simpen galih. Aturipun Pangeran Dipati dhateng kang paman, “Mila paman kula aturi, saking paningal kula sarawuhipun paman saking Betawi, saking panyipta kula, upami jeksa ing pramudita senadyan dede damelanipun.

Paman priksa saha paben kula kalayan rama prakara bumi. Ingkang kapaben sumerep dados pasrahan dhateng Jendral Dhandheles rumiyin. Nalika Kangjeng Rama linungsur, kula kang pineksa nggentosi. Prentahipunjendral.boten linampahan, mesthi risak sadayanipun.

Dados kula pilalu, pangwasa kula tampeni. Yen sampuna kabetah rama sampun sepuh, kantun pinten kang yuswa. Kalih, tiyang sampun wajib kula.

Jendral mahabala, menuhi kekuwu wonten pondhokan Karanggan, anedha binayar beton. Susahing saradhadhu, mila partisara ing prajangji panjenengan manawi pun Rangga nggitik. Begja pun Rangga sampun pejah. Punika Gupremen sayahipun karegen. Anedha epah, kirang langkung kalih kethi yatra binayaraken Gupremen.

Tumunten jendral anedha malih, mancanagari kalayan Kedhu. Gupremen kang pacak baris, boten kabibaraken yen dereng sok dhusun.

Kula dipun undhang jendral dhateng loji, dipun ken damel srat prajangjen, pasrahan bumi punika. Sareng dados, dipun ken ngecapi, capipun kangjeng rama. Kula sencayakaken sadaya, sami rembag dumugi putra dalem kekasih adhimas Mangkudiningrat, tumut urun wudhu maringna cap.

Sanget ndadosaken susah, Gupremen kang tugur baris sunggatanipunlangkung kathah. Ing satemah tiyang Ngayogya mupakat, nunten cap kaparingaken. Idhep-idhep tulak bilahi, ing buri ana rembug. Sadaya inggih sami guyup. Ing mangke dhoging awon, kula pyambak. Punika menggah paman kados pundi?”

“Serat kalayan cap, punapa boten angger angecapi?” wangsulanipun ingkang paman. “Menggah ingkang punika, sami raosipun. Prenata Tanah Hendia, tandha asta, ciri cap. Barang prekawis, sepalihipun supata”.

Pangeran Dipati sanget mireng sebdanipun ingkang paman. Pangeran Dipati manabda malih, “Bilih paman anutuh kula boten amewehaken bumi. Gemet, resik punika nalaripun ing benjang yen pinaben ing jendral, paman mugiingkang wening”.

Pangeran Natakusuma mesem mangsuli malih, “Inggih, angger. Ananging dede damel kula bab nagari. Sadhateng kula, dereng sumerep Ngayogya solah bawanipun”.

Raja putra tembungipun ngasin-asin, ‘Sebab kening godhanipun kang wonten toya sumurup, mila rawat-rawut. Sapunika emut, welingipun swargi, paman sudarma kula utawi pun adhi sadherek kula yektos. “Anunten sugata medal, sesampuning dumugi, Pangeran Natakusuma lajeng kondur.

Semanten kapriksa dhateng Ingkang Sinuhun, manawi ingkang rayi dhateng kadipaten. Raden Tumenggung Natadiningrat ingandikan, dinangu nggenipun dhateng kadipaten. Sampun katur sadaya, yen patembunganipun mbebilas prakawis srat angecapi siti. Kangjeng Sultan langkung duka, males ambebilas”. Besuk maning, ramakmu yen gelem diundang Ki Dipati, pecah karo ingsun, apadene sira. Wantu kaprenah nom sira, yen ingundang wangsulana wedi yen ora katur marang ingsun. Wong wis muyab, bingung. Wis metu, teka manusa besuk, apa kang tinemu”.

Raden Tumenggung Natadiningrat atur sembah. Rayi dalem, kula ngandikan awrat kang galih. Rinaos ajrih ing Sinuhun. Dening putra binadhe aji, Kangjeng Gusti Pangeran Dipati pangaubaning witning purwaning sikara. Wonten pacuh sanget leganing kang galih”.

Raden tumenggung sampun tinudhung medal. Semanten Pangeran pati mireng yen den sotaken kang rama, methentheng r.ialah nantang. Beleh supatane malati. Pisuhe panasten, lengus menyang ahak ora ngenaki ati. Apa bedane, padha kawulaning Allah. Wajibing wong, ihtiyar tulak bilahi”.

Kacariyos, Pangeran Natakusuma ingaturan minister dhateng loji, kalayan ingkang putra sepuh Raden Tumenggung Natadiningrat. Tuwan minister aturipun dhateng pangeran, “Punikawonten parentahing jendral, kala wingi dhatengipun. Timbalanipun Tuwan Besar, ing mangke kang raka Sultan tita degsura, sumitra boten tuhu purun dhateng Gupremen. Jendral badhe nginggahi mariki, mawi mawa bala kulit item pethak, ngayoni kang raka Sultan. Ananging yen kapok, biangsut pesthi ing benjing ginalih malih.

Wondene menggah jumeneng ratu malih, sampun boten patut. Ingkang nggentosi dereng kantenan, kirang priksa putra utawi kadang. Ananging tuwan Pangeran tamtu mardika ing Tanah Jawi, kaluhuran punapa raja mengku pangwasa pyambak. Nagri pasisir, agung pundi ingkang tuwan senengi. Nadyan Ngayogya kemawon, sor timbang kalayan ratu. Karsanipun kangjeng Gupermen, para ratu kaprabonipun dipun uruti. Sampun ngegungaken angkah, kadosa para ratu pasisir. Punapa kang den pengini mung ratu njaga jagul, njaga kebon mung ginajih.

Sanes kalayan tuwan pangeran, putra waruju ing jendral tur kekasih”.

Pangeran Natakusuma alon pitaken mangsuli, “Sinten den angkat ratu? Sami-sami, luhung ngapura kang rama. Yen sampun kapok,  lulus boten licin kados kang putra”.

Tuwan minister sabdanipun, “Sampun marduli, sanes Tuwan Besar prentah dhateng kang sarira. Karaosna, suka tirma kasih saking sih wilasa Tuwan Besar. Yen boten arsa, kados pundi wangsulanipun. Utawi kogel dhateng kang raka Sultan dados mengsah Gupremen”.

Pangeran Natakusuma kendel. Dangu boten amangsuli. Enget wewelingipun kang swargi kala nabda pakepung Surakarta rumiyin. Kangjeng Sultan bebana dhateng Idlir Yan Grepe. Ing benjing sapengkeripun kang eyang, menggah Kraton Ngayogya kang mugi pinara tiga. Pangeran Dipati, Pangeran Ngabehi, Pangeran Natakusuma. Tiga punika, dados ratu sadaya kabawah Surakarta. Kalayan pangulu ratu tiga, nuwuna idin pangulu Surakarta. Kalayan malih wonten srat Gupremen kasrahna Surakarta.

Sunan ingkang andum ratu tiga Ngayogya. Mung punika, boten miyangkah nagari. Ingkang Sinuhun Swarga mireng, langkung duka. Putra tiga wineling, sampun ajrih karenah sampun wonten melik.

Pangeran Natakusuma lajeng mangsuli, “Trima kasih, punapa parentah Gupremen kula mituhu anglampahi. Ing panedyaning manah, amemales ing tuwin anak putu kula ing puja bekti. Sumambung, nanggulang repoting bapa ing pandamelan kang tulung sih”.

Tuwan minister langkung suka, “Tamtu, sampe ing putra wayah lulus sihipun Gupremen. Turun-temurun, tetepa cepeng lungiya anyilum.” Lajeng sami prejangji, sumpah. Sinten ingkang anyidrani boten manggih kayuwanan.

Tuwan minister mangka wakil sumpahipun Gurnadur Jendral. Tuwin Raden Tumenggung Natadiningrat atur sumpah ing Gupremen. Tuwan minister lajeng damel tandha asta. “Pangran Natakusuma, saking panuwunipun sebarang karsanipun Gupremen mugi kula suwun nuntenipun.

Manawi solah kawanguran, tiwas kacingklak ngajeng. Saklangkung nganeaya, yen lepat katikel pengajengipun susah. Kalayan kula, tiyang ngabdi sampun agantung dirgama.”

Tuwan minister langkung condhong. Inggih nunten kalampahan karsanipun Tuwan Besar. Sapunika sampun wiwit, icir lebeting nagari kirang kalih. Tuwan jendral rawuh Ngayogya, kontungipun kang raka Sultan. Pangeran Natakusuma, lajeng kondur ing dalemipun. Tansah abdenipun prajurit ginulang solah tingkahing prang sampun sumekta sangkep astraning prajurit.

Pangeran Dipati utusan Ki Wiraguna amaringi arta. Tembungipun, kaulipun kang putra Pangeran Dipati angsal kondur kang paman. Seket reyal kathahipun. Arta sampun tinampen, utusan wangsul. Semanten kang Sinuhun Kangjeng Sultan, pating selusup kang telik anuksma ing Natakusuman. Sampun katur sadaya ing sasolahipun kang rayi. Pangandikan, “Sukur, adhimas anyata yenjamprah”.

Semanten prajurit Inggris, ‘saya kathah ingkang dhateng saking Betawi, Bogor, Surapringga. Lebetipun icir yen dalu, sandi angungsi pangan Ngayogya kang loh jinawi.

Jendral taksih wonten ing Betawi, amatengaken rembag kaliyan Jendral Gilesse. Admiral hantem ing prang titir, mbedhah nagara, anyengkalak para ratu kang mecah Nagari Melaka, utawi Nagari palembang.

Ing loji sampun penuh prajurit. Jim Sing kang anyanggi segahipun, saking ciptaning manahipun adola kucir tinemah. Nadyan kantun kelambi momohan, amung sida prang.

Yen sandi prang, pasthi den talikung, tumpes sabrayatipun, Kocap Pangeran Natakusuma, saya sesek panggladhenipun prajurit. Matuhken kridhaning prang, sandinipun nggegirisi. Kang rayi Pangeran Adikusuma telikipun kang raka Kangjeg Sultan, ing saben dinten boten sah.

Kacariyos, Pangeran Adipati sanget mulet ing Raden Sumadiningrat tuwin Pangeran Dipakusuma rinangkul mudhari wadining kang paman. Supados manggih bilahi, cupeta lampahanipun. Ngamungna kang sarira kanishan ing Gupremen. Utawi, reka pitenah tampingan ngumpulna kecu kang julig, kendel, durjana. Sedya kinecu ing wengi dalem Natakusuman, kang pinurih layon kinebon amuk. Bawura, sapa wruh wong, kinampak.

Tampingan, Pajang, Mataram mopo sadaya. Aturipun kang mantri, boten wegah dhateng. Kang abdi sayektos mung walatipun dening kusuma anyar gcrah galih mentas angluwari tarak brangta. Tamtu darajadipun kombul.

Raja putra anyanggupi anyanggi saliring walat. Siparat, edan, buyana, tinembah kang sarira. Nanging para demang tampingan meksa mopo. Raden Sumadiningrat sampun matur ing Kangjeng Sultan, yen kang rayi Pangeran Natakusuma sandiningInggris. GaUh dalem Ingkang Sinuhun wayang-wuyungan. Dereng pracaya kang yektos, lajeng tindak tetuwi ingkang rayi. Samudana, boten kantun para wanodya tuwin para putra sami ndherek. Katingal kang rayi samekta, amung sakedhap lajeng kondur, Nunten pendhak sonten, Pangeran Dipati mertamu tambuhtambuh rikuh ing galih.

Rumaket mundhut hertih, kumesaja lalawora kepengin pinggang pedhang cara Inggris. Sinaosan, angres pangandikanipun Pangeran Dipati sampun kondur.

Semanten Sinuhun Kangjeng Sultan, rerembagan kalayan Raden Sumadiningrat badhe amangun sumpah. Dadakan, pating garubyug gandheg kontrang-kantring. Sowanipun icir, kang rayi Pangran Natakusuma kantun nggenipun sowan. Sareng dhateng, Kangjeng Sultan lega kang galih. Raden Sumadiningrat nembah, noUh mradinaken kanca. Mila winangun kang sumpah, sebawanipun ing Ngayogya anyalawadi boten sakeca. Ing loji prajurit penuh. Yen wonten gadhah pangulah angrojongi lir punika, mamrih ngrisak panjenengan, punika kenging supaos. Lajeng sami supata, pengulu, ketib, andongani. Pintu sadaya kinunci. Kasaru tiyang atur warti, pecalang kang wonten Prambanan, yen, wonten prajurit Inggris dhateng malih kathahipun kalih atus.

Ingkang Sinuhun langkung gugup. Angutus Raden Janingrat kalih Kyai Martalaya angadhangana ing margi. Parentah ken dugi-dugi, aja miwiti anyorek. Yen lestari, aja alpa kalayan margi kang dhateng kelangenan sangkrah borang kang brukut. Kang Sinuhun angandika, “Ana apa kiye. Mungguh ingsun, ora ana apa-apa “. Aturipun Pangeran Dipati, “Sae minister kadangu dene kathah Enggris dhateng”. Kangjeng Sultan miturut. Angutus Pangeran Dipakusuma, Danunagara. Wangsulanipun Tuwan minister, “Boten wonten punapa-punapa. Rehning bangsa Enggris anyar, badhe priksa Tanah Jawi. Sadaya kantor kawradinan. Sampun adatipun lintu panggenan”.

Utusan wangsul, sampun katur sadaya. Galihipun kang Sinuhun lereh, bibaran kang mangun sumpah.

Kacariyos Tuwan Besar Tomas Setamprot Raples sampun rawuh Nagari Semawis. Semanten Kyai Danureja lumampah ngaturaken pisungsung dhateng Semawis, tuwan minister sarengipun.

Ananging lampahipun Dipati Danureja dipun ken kendel ing Jambu. Minister ingkang lajeng dhateng Semawis. Sandinipun, sarenga patih Surakarta Cakranagara. Yektosipun kang lampah sampun tinarima, tuwan minister sampun panggih Tuwan Besar. Sesampuning bicara, lajeng mantuk.

Adipati Danureja, lami wonten ing Jambu, ngatas boteh winangsulan.

Putranipun Sindunagara ngajak mantuk. Ananging, bapakipun boten purun, amung mresaben kemawon. Tuwan Minister, dumugi Ngayogya boten malebet kadhaton.

Kang Sinuhun mundhut priksa lampahipun Dipati Danureja, aturipun, Boten praduli, sinten priksa. Katumpa surating patih dhapur atur priksa yen tinilar margi ngantos parentah sinentak wonten ing Jambet nggenipun mondhok.

Galih dalem kang Sinuhun langkung glana ruhara, dhawuh dalem ken sabar, “Yen wis tita, enggala mantuk”. Horeg, Nagari Ngayogya. Prajurit dhusun, kinerig sadaya. Putra santana, saben dalu giUr saos. Para bupati, tugur sadaya. Prajurit Enggris ewon jejel ing salebeting loji.

Semanten Raden Sumadiningrat seja ngewani Ingkang Sinuhun.Kangjeng Sultan. Yen boten dhahar aturipun, suka dipun pocota. Menggah Pangeran Natakusuma utawi kang putra Raden Tumenggung Natadiningrat kang punika yen kawengker, pinasrah kalayan kang abdi wonten ing ngarsa dalem.

Pangeran Natakusuma kapipit kalayan putranipun. Sabab yen estu jendral dhateng, inggih punika kadamel methuk paben. Amesthi yen Tuwan Besar kepapan sarta wande nggenipun gadhah pamrih juti.

Yen jendral meksa.angroda Pangeran Natakusuma, gampil ampun wonten asta dalem. Tuwin putranipun lajeng kababaraken pisan. Kang Sinuhun kagunturan ing atur, kelu. Dumadya angaraharah. Ratu Ayu katimbalan, binoyong malebet kadhaton. Sandinipun, samar taksih wonten ing njawi. Yen dados prang, kakungipun nindhihi prajurit.

Raden Sumadiningrat sampun matur Pangeran Dipati, yen kang rama sampun miturut badhe ngangkah kang paman. Utawi Pangran Mangkudiningrat sampun katuran priksa ical sandining Gupremen.

Para putra lega kang galih. Kangjeng Ratu Ayu, wonten salebeting kadhaton. Putra kalih sanget anggenipun budi. Kang ibu ingajak kondur, tansah sesambat kang rama. Kang Sinuhun, angres kang galih. Lajeng ndikakaken kondur. Semanten Pangran Natakusuma nuju saos wonten sitinggil witana, kang abdi miranti. Tuwan minister utusan, ngaturi pangeran. Enget saos, wakil kang putra nem. Sampun panggih minister, raden rinangkul ingarih-arih. “Durung masa ngemot prakara wadi, wis kondura. Rakamu Raden Tumenggung bae, panggiha sakedhap. Wonten, preluning Gupremen”.

Raden Mas wangsul, katur sadaya dhateng kang rama. Kesaru utusan dalem nimbali pangeran malebet kadhaton kalayan tetindhih bupati kang jaga sami ngandikan, “Pangeran Natakusuma, sampun sowan ngarsanipun kang raka. Kang Sinuhun ningali kang rayi, dumadakan dukane larut. Ing galih kelangkung dening welas. Ingarih-arih, rinaket sinandhing lenggah dhahar, boten kadhahar.

Kang rayi pinanci, sinambi ringgitan. Langkung kathah pangandika dalem, “Wingi si Danureja atur yen isih mandheg ing Jambu. Nganti patih ing Sala, Sunan pesthi ngumel-umel. Minister prentah, ora semayan. Pisungsung akeh, den rukti. Iki minister wis teka. Si Danureja ngatas, teka ora pinreduli. Karo dene maneh, ing loji gegaman sukup iku ana apa?”.

Aturipun kang rayi, “Apunten dalem Sinuhun, tuwan minister kala dhatengipun, boten pisah kalayan Cina Jam Sing.” Kanggeg kang Sinuhun, ngandika, “Lagi kanggep si setan gundhul”.

Sasampuning gupita, lajeng bibaran. Kang rayi, tinundhung medal. Dumugi njawi, kang putra sepuh methuk. Lajeng ndikakaken dhateng loji, dados wakilipun kang rama. Semanten Raden Sumadiningrat, Pangeran Dipati telikipun pating selulup, pating talusup. Kang manah glana, dene kang Sinuhun wande baceri kang rayi.

Raden Sumadiningrat nedya mutungi pasangan. Yen kang rayi Pangeran Natakusuma boten kariwus seja mbelayang dhateng Gunung Kidul. Sampun ngait putra santana, angrebahaken Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan. Ngangkah-angkah pinrih kang rayi ketungkul.

Raden Tumenggung Natadiningrat sampun kepanggih minister. Tinuturan prakawis punika, tamtu jendral sampun wonten Salahtiga. Kula katimbalan, karodene malih sapungkur kula den rumeksa kang rama yen watir, leheng nalebu loji barukut.” Wangsulanipun Raden Tumenggung, “Tuwan Besar dereng rawuh ing loji, boten sakeca. Leheng taksih wonten ing njawi. Kalayan malih, atur kula ing tuwan, luhung Kangjeng Sultan, pinarsudi kapokipun”.

Minister wangsulanipun, “Leres, Raden Tumenggung, mrina gadhah mara sepuh. Nanging sampun kasep, sampun putusbesar. Wontena kang nggenteni, mangsa ndika kaprentaha kang rama. Atas bawa pyambak, benjing yen jendral rawuh Nagari Ngayogya, kang rama samektaa saprajuritipun. Methuka ngloji kemawon”.

Raden Tumenggung mangestu wehng, wangsul dhateng sitinggil. Sampun katur sadaya dhateng kang rama. Sareng byar rahina Pangeran Natakusuma kondur. Katungka wonten gandhek utusan dalem. -Mangke sonten ngendikan kalayan sedaya putra sentana. Badhe dhahar eca wonten srimenganti. Gandhek kawangsulan yen pambeng gerah puyeng. Mila kang galih sampun sumelang. Pangeran Natakusuma, lajeng ngendika dhateng kang putra Raden Mas Salya, “Wis, kulup. Ing saiki, lelakon wus ora enak. Kangmasmu tuturana, aku mengko wis ora kemit, luhung binrubuh ngomahku. Wong siji loro ana kang mbela. Ana kepranten, nuli disumur.”

Kang putra, Raden Mas Salya, enggal matur, Kang raka sareng mireng, ing galih sampun nekad. Tan karsa sowan, sanetya sinamun ngunggar-unggar abdi.

Semanten kang Sinuhun, temtu bujana kanggeg. Dening kang rayi boten sowan. Kesaru wonten juru langlang atur priksa yen jendral sampun mariki dumugi ing Bayawangsul. Pangeran Prangwadana methuk wonten ing Ngasem saha samektaning prajurit. Galih dalem kang Sinuhun langkung kagegeran. Bubar sadaya ingkang sowan. Sareng enjing sami pinepak. Pangeran Natakusuma dhawuh sowana wanci bedhug. Parentah poma-poma gerah ndikakake nitih tandhu. Raden Sumadiningrat sedhiya mepak prajurit wonten ing griyanipun. Tandang ingkang para kadang, Raden Janingrat, Wiryawinata, mobat-mabit ambeg krura, mung Raden Janingrat sesumbar padha mangku putri adi. “Si Adhi Natadiningrat, sabudimu aja salah tandhing lan aku sedheng wirota.

Dene rama Natakusuma, donya akir sesembahanku, “Sedheng lawane kangmas Sumadiningrat angling kras.” Rama Natakusuma, masa malatana. Trah Mataram wus mangsuk Enggris. Sedya bawur, wangun-wangun tinilarane’kang swarga”.

Sareng enjing Pangeran Natakusuma marengi geladhi prajuritipun, wonten utusan dalem animbali Kangjeng Pangeran. Prajurit kang geladhi, dhikakaken singidan. Gandhek ndhawuhaken timbalanipun raka dalem kang Sinuhun, mangke wanci bedhug ngandikan menggah pambengan, kapesakna.

Pangeran mangsuli, “Sandika” Utusan sampun mesat. Nunten wonten utusan saking loji, Encik Amat. Sampun pinanggih kalayan Pangeran, aturipun Encik Amat, “Gusti, sadinten punika timbalanipun Tuwan Besar Kangjeng Pangeran mugi malebet ing loji. Tuwan Jendral sampun rawuh ing Prambanan. Tuwan minister kala wau sampun mangkat methuk. Kalayan malih atur, tandha Enggris kaanggea abdi sadaya tumrap wonten bau kang kiwa. Pun Jim Sing wau inggih sampun kaparingan”. Encik Amat sampun pulang. Pangeran Natakusuma enggal nimbali kang putra Raden Tumenggung Natadiningrat. Boten dangu nunten dhateng, amung kalayan kang garwa.

Pangeran Natakusuma sampun mangkat dhateng loji. Prajurit Enggris kaget dening wonten dedamel saking wetan. Sareng priksa tandha, ken lajeng. Nunten wonten utusan dalem pelajengan anututi. Tembung kathah-kathah, animbali sampun boten lumampah sapunika.

Wangsulanipun Kangjeng Pangeran, “Kowe matura menyang Kangjeng Sinuhun. Aku malebu loji dhisik, sabab aku ngrungu warta rawuhe Tuwan Besar. Iki ngangkat angger Pangeran Dipati, kang sarira bakal dilungsur. Poma enggal matura”.

Kangjeng pangeran lajeng dhateng loji. Pinethuk sekretaris, sampun pinarnah panggenanipun. Abdi prajurit baris angubengi, babah Jim Sing kethip-kethip, momonganipun kantun malebet ing loji.

Tuwan sekretaris keUthian, angrangu Pangeran Dipati. Nagari Ngayogya sakalangkung dening trewu. Putra santana, bupati, sampun sami mapan methuk ing prang. Raden Sumadiningrat anutuh-nutuh Kangjeng Sultan. “Lidok mono, ujarku. Lambe kaya gopel ora nganggo dhinahar”.

Ingkang Sinuhun jenger, tansah nebut asma Allah, dene adhimas anemeni. Putra santana, tinodhi sadaya menggah anteping prang. Sagah, boten angoncati.

Anunten peleler medal. Langkung kathah-kathah, kang kamireng jatah mantri. Prasetyanipun, waos, dhuwung, salebeting kadhaton binage ing wadya sadaya. Tuwin sesotya, retna. Ananging kathah kang lajeng minggat.

Ingkang Sinuhun lengleng, kang rayi Pangeran Adikusuma ingunggar-unggar mantuk lenggahipun lami. Tur ingebang-ebang yen sanggup nanggulang wirane kang ana ngloji, antepana sentana nglurahi.

Pangeran Adikusuma nangga setya. Sareng dumugi dalemipun, malencing dhateng Jalasutra sarayatipun. Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, langkung dening sungkawa dhateng kang putra Pangeran Dipati, rikuh celaka. Pangeran Mangkudiningrat cipta den badheni. Utawi para kadang sami nunggil boten pisah njagi damel ngarsaning rama tuwin Pangeran Ngabehi pinulet sihipun. Sanajan sepuh, tatya wrin baya. Pangeran Ngabehi, marengi gerah binoyong kadhaton.

Kacariyos Tuwan Besar sampun rawuh kalayanjendral prang, anama Gilespe. Pangeran Natakusuma, methukaken. Sami pyuh galih, gentos ciyuman. Kapri tuwin jendral prang rawu’hipun wanci pukul gangsal sonten.

Nunten Raden Tumenggung Natadiningrat, utawi kang rayi Raden Mas Salya, ingajak basiyar tuwan minister. Pinenging bekta abdi, mung satunggal kang ndherek.

Enggris pilihan tigangdasa, sami kapale teji, dhateng lurung kadipaten memanuki Pangeran Dipati. Ananging boten wonten medal, m”ung krewalang galih.

Tuwan minister’, langkung ajrih dhateng jendral. Rancanganipun selisir, kang wau rembagipun genah katur Pangeran Dipati lawan kang paman sampun nunggil galih.

Sarawuhipun jendral, methuk wonten ing loji sekahyan. Ing satemah boten wonten katingal. Tuwan minister, muring-muring, lajeng ngidul ngetan, angubengi kenaka taman.

Raden Janingrat kang baris mepeti margi, kang dhateng Natakusuma, mantri mergangsa kang den irid kalayan kaparak tengan ngrisak ing Natakusuman.

Sawek marengi mangkat reramu, nunten minister dhateng. Dragunder nunjang baris, dhadhal. Raden Janingrat, marangincih waos sami nguman-uman, “Adhimas, Natadiningrat den eling. Dene mantu kekasih rinengga, teka abahk”.

Kawangsulan, “Insa Allah, kula emut boten gothang. Sinten witipun kang anyidrani, estu boten betah rinagum tiyang sa-Ngayogya”. Tuwan minister ngejepi dragunder, lajeng ngedrel pistul. Raden Janingrat kras, ngancari waos.

Raden Nayadiningrat ingkang pinrih. Kaptin gancang Raden Janingrat pinedhang, waos nggregeli. Drijinipun rantas, den rerompo binekta mundur.

Kathah tiyang kang tatu kenging mimis. Kesaput dalu, minister lajeng wangsul dhateng loji, kalayan Raden Tumenggung Natadiningrat tuwin kang rayi Raden Mas Salya. Lajeng mangsuh ing Tuwan Besar lan atur warti yen sampun acak prang.

Janingrat nandhang tatu. Enggris kalih kang pejah. Pangandikanipun jendral, “Tak jadi apa. Karo dene malih, Prangwedana teka, Pangeran empun nganggo sumelang. Mila kula timbali, sabab paturane rakandika Sultan kajeng muring-muring ngrungu Prang wedana milu mariki”.

Pangeran Natakusuma, mangsuk, “Sami damelipun Gupremen kang rinembat. Mas putu Prangwedana ing mangke kanca kula”.

Samanten kang Sinuhun priksa Raden Janingrat tatu kapetek ing galih.

Sida dadi prakara. Sadhasaring kadhaton geger. Kangjeng Ratu Kancana angesah angles kang galih.

Raden Janingrat ndikakaken sumingkir dhateng taman. Para putra santana utawi para bupati kenthel manahipun. Miris Raden Sumadiningrat, ningali kang rayi ta’tu. Bekah-bekuh sarwi nangis. Yen puruna, kadi ngamuk sanalika. Ngremet satru, kang wonten ing loji. Pulih getih, nanging kepalang maras.

Kacariyos Pangeran Prangwadana cinegad margi. Raden Sindureja kang ngadhangi, prang daIu popok. Sindureja wegah, satiyangipun sumingkir. Pangeran Surya Prangwadana saged lumebet  nagari. Nanging prajuritipun risak, kathah kang nulak wangsul, bekakas kabucalan. Kartining prang, tandhon mimis, obat kagunganing Gupremen binucal ngalas.

Pangeran Prangwadana sampun dumugi ngloji panggih kang eyang Pangran Natakusuma sakelangkung amulut galih. Aturipun, “Kula anungsung wartos. Kados pundi karsanipun gurnadur. Dene kula boten mawi kaparingan priksa”.

Wangsulanipun ingkang eyang, “Kula boten pae lan mas putu. Amung nglakoni tuduh, sedya males kang tulung sih kula bali wruh Ngayogya saking reh Gupremen. Boten etang dados pocapan, cipta nglakoni prentahing Allah”.

Nunten jendral miyos saking kamar. Pangran kalih, kon golong aja na benceng pikir. Sarehne amrat gawe Gupremen. Ing dalu boten kacariyos, sareng enjing jendral mangun bicara kalayan minister. Pintu kinunci, ngantos pukul satunggal. Pangeran ingaturan amalebet ing kamar, tembungipun minister, “Tuwan Besar karsa ninjok srat prayojana dhateng kang raka  Sultan. Sinten prayogane ingkang ingutus mundhi surat gurnadur. Punapa kula pyambak utawi sor-soran kula”.

Wangsulanipun Pangeran Natakusuma, “Kula boten priksa werdining srat, dadospakewedanggenkula amrayogi”. Srat nunten binuka dhapur parentah Kangjeng Gupremen. Kangjeng Sultan ing mangke luraungsura, ginentosan dhateng kang putra Pangeran Dipati jumeneng Sultan. Ingkang kalih, dene malih kang rayi Pangeran Natakusuma pinundhut Gupremen, lumuh kalereh Sultan. Setya tuhu, sakarsane tinurutdan. Putra Gupremen, jendral. Kang punika mugi Kangjeng Sulan muwun, adados pepundhening putra.

Yen welas ing putra wayah kalayan risaking nagari, dahuruning kawula alit, mugi amituruta. Kangjeng Sultan sampun sepuh. Tuna dungkap, nggarap rembag saya kathah longkanganing gaUh. Priyogi, mbegawan sarta sinuhun-suhun ing putra kang jumeneng ratu.

Pinunjung, eca adhahar, sare boten wonten den ronaken. Punika sampun adat, para ratu ing Nuswabumi. Yen sampun lumuh pranata girientosan putra, eklas parentah Gupremen. Ingkang punika, boten kenging wali-wali pinancet. Pukul empat yen Kangjeng Sultan kekah boten nuruti, pasthi mariyem ing loji mungel ametar wangun karaton.

Pangeran Natakusuma ngungun mireng ternbunging srat, “Ingkang punika tuwan Minister, sampun tamtu manawi kangmas Sinuhun Kangjeng Sultan anekad. Boten petang, sapisan kaping kaUh tamtu males anyenjata.

Wondene ingkang mundhi srat tuwan, juru basa kemawon prayogi. Sampun kayogyan, Tuwan Besar langkung suka. Juru basa Kresman enggal numpak kareta ngaturken serat dhateng karaton. Lajeng sowan irg ngarsa dalem, serat alajeng katupiksa. Sareng sampun maos srat, kapinta galih dalem kang Sinuhun Sultan gumeter tingal dadu.

“Sapa kang bisa nglakoni, awakku dipurak anak lanang lan sadulur. Menawa sira juru basa, awakmu gelem ingsun dhendheng ing lading, uyah asem kang mangka boreh?”. Aturipun Krisrnan, “Kula tiyang alit, darmi kautus. Punapa parentah, inggih kasaosaken”. Kangjeng Sultan mempeng suraninggalih. Merang dhateng kang putra Pengeran Dipati. Kang putra ingipat-ipatan.” Dipati sedyamu angrontok kaparaboningsun Muga sira aja lumrah padhamu uwong, dadiyajajalanat”.

Pangeran Dipati mulet suku, sanget nangis dinukanan kang rama. Aturipun, “Nuwun, nuwun. Boten gadhah sir salugut yen ngangkah angendhih Kangjeng Rama. Anyanggi saliring supata, kula sagah. Dipun ken nggentosi, kapeksa mopo. Jiniyat ing jendral, boten trus suka leganing manah. Anahging kang rama sampun boten preduli supatane Pangeran Dipati.

Sampun jenggan, tinebihaken anunten tinundhung kondur ken baris dalem pyambak ing kadipaten. Tuwan juru basa Krism’an anerang; karsa. Kangjeng Sultan boten mangsuli, lajeng parentah dhateng bala, tandang prang angusung sendawa, mimis, kestabel sampun mapan.

Juru basa langkung ajrih, enggal medal lajeng numpak kareta ngerap. Sampun .matur sadaya sasolahipun dinuta, Tuwan Besar sampun pasrah pangwasanipun ing loji dhateng Jendral Gilepse. Pinudya danu, rinengga sinidikara jendral prang. Lajeng damel panggung kadamel nyemprong salebeting kedhaton. Prajurit Cipai lir solahing monyet, sarta.sampun ginenah-genah kang baris ing lelurung.

Prajurit Natakusuman tuwin prajuriting Prangwedanan sarni kanthi Cipai utawi Enggris. anunten kaptin mariyem prentah ambabadi pohun-pohun kang ngrembaka. Mariyem sinuled. Jendral prang baris wonten totogan wetan. Kolonel kilenipun. Dene lurung kang ler, mayor kalih kaptin. Tuwan Besar boten sah kalayan Pangeran Natakusuma utawi kang putra kalih. Tuwin Pangeran Prangwadana wonten salebeting loji ageng, boten pisah kalayan gurnadur.

Jangji pareng mati saurip. Anunten wiwit anyipat wangunan, maryem sungsun-sungsun ing karaton malesi. Baris sampun sami mapan, Enggris utawi prajurit Ngayogya kalihipun boten nedya purun nyorok angrumiyini.

Kathah tiyang pejah kenging mimis, tuwin pohun-pohun. Wangunan sami sempal kaprapal, wondene kang para bupati sami kawar-kawur boten panggah anggagahi. Sami pating blilulung, tiyang alit sarsaran miris dening mariyem Enggris. Sasonten gentos pataran, ananging prajurit karaton sampun awis males. Kestabe-Upun kathah kesah, boten betah ginrujug mimis.

Samanten lajeng kasaput dalu. Kendel, ingkang sami prang. Tuwan Besar, anuduh abdinipun. Raden Tumenggung Natadiningrat ken angedom nalika polahipun Kangjeng Sultan, kalayan pirembagannipun. Andhekor utawi jengkar saking kadhaton. Mantri kalih, sampun lumampah. Sami angrojod, saperti buruh.

Bucal tandhaning Enggris, lampahipun anyimpang margi. Angsal warta, yen Kangjeng Sultan dereng wegah. Teksih mempeng kapurunanipun. Sampun katur sadaya dhateng Tuwan Besar.

Jendral Gilepsi anebda ing Pangeran Natakusuma, “Saudara, sampun ngraosi bab prang. Eca dhahar wonten meja kalayan Tuwan Besar, yen Gilepsi misih idhup amung mranani pundi panggenanipun kang raka Sultan. Menggah prenahipun Utawi ruji trancangan ginalebet tebel, pager banonipun boten polih wuluh sinapan”.

Wangsulanipun Pangeran Natakusuma, “Tuwan, menggah rembag kula inggih amung den nenes ing mariyem, sampun ngenggopi. Wataking tetiyang Jawi, mawut mesthi kangmas Sinuhun Sultan kendhang. Sampun ngantos katiwasan, utawi tatu. Sayektos, salebeting prang kula sanget boten saged aningaJi”.

Jendral Gilepsi amangsuli, “Begjanipun kang’ raka, boten seda. Wit ning yen bebala, mangidul ratu tamtu tinut ing bala. Kedhikipun tigang ewu, kalih ewu. Kula lami wonten ing Ngayogya, temah ing Tanah Jawi. Yen kang raka Sultan nurut ingkang percaya, tamtu boten kula sedani”.

Pangeran Natakusuma sampun utusan melebet kedhaton tiyang estri abdenipun kang putra Kangjeng Ratu Ayu. Begja saged medal. Aturipun, tetela yen ingkang Sinuhun sampun ngongkang. Tansah solah ing galih. Boten kenging mosik, tansah lengleng, gajah sela boten dhahar boten sare. Kang prawara, ngatas gelaring prangjenger. boten winangsulan.

Parentah sediya jengkar dhateng Krengsengsande. Mung ngandika, “Aja nimbangi kerep pambedhilmu. Milu-muluwa adhimas Natakusuma kang sugih obat mimis.”

Tuwan Besar langkung suka. Parekanipun ginanjar satus ringgit. Semanten jendral utusan andel Natakusuman dhateng Semawis, bekta srat dhateng mepronipun kang garwa.

Raden Sindureja kang baris Jenu, utusan sakawan bineskup dipun suduki ing ngajeng, sampun pejah. Sareng enjing, tuwan minister nedya angrangu Pangeran Dipati kalayan tuwan sekretaris. Lurah Natadiningratan ingkang tinantun. Dumugi butulanipun Jim Sing, minister saweg ungak-ungak lurung kadipaten, sampun salin ingkang tugur prajurit kraton.

Mila saking rehipun ingkang rama Sultan, kang putra Pangeran Dipati tinunjang. Ananging ngepon, boten kersa medal Ruwet, dening kang paman Pangeran Natakusuma wonten ing loji sarta kanthi Pangeran Prangwedana.

Sareng pukul kalihwelas, kendel prang, bukak meja. Pukul sakawan, wiwit prang malih. Pangeran Prangwadana, tinedah baris ing totogan sarta nganthi prajurit ing Natasuman. Tuwan minister, adamel srat undhang dhateng tiyang sanagari saking palimarmanipun. Ananging Jendral Gilepsi boten suka. Mangsa ora den bobot dhewe, laraping mimis sumawur lan pucuking pedhang. Pangraping jaran, yaiku minangka pemut. Tuwan minister dhateng totogan wetan. Amung Pangeran Dipati kang wonten manah, dening siwah kalayan rancanganipun. Aturipun dhateng jendral, “Rumiyin tiyang Ngayogya sampun sumuyud. Pangeran Dipati, boten damel risaking kathah. Ing satemah, tiyang alit kathah kang pejah. Baluwarti ing kadipaten, baris jejel, mariyem sami den iseni. Prajurit keprabon kang tugur, dede tiyang kadipaten. Tuwan minister murugi pratandha sucining manah, ngobat-abitaken srebet putih. Pengraosipun, tiyang Sultananan penungkulipun Gurpemen.

Wonten punggawa ngajari, yen minister temen-temen ngajak wawuh. Pangeran Natakusuma den aturana mriki. Pangeran Prangwedana, den singgahena. Minister mireng langkung bingah, pengraosipun kang pitedah Pangeran Dipati, sumelanging galih badhe panggih kang paman ingajak sareng dhateng loji. Minister enggal utusan dhateng jendral. Pangeran Natakusuma den aturana sarta parentah Pangeran Prangwedana kon mundur. Tuwan Besar enggal ngatag Pangeran Natakusuma, lajeng mangkat kalayan kang pura kalih.

Prajurit kraton priksa Pangeran kalayan kang putra, murugi baluwerti. Mempen, ngatos-atos ngadhepi mariyemipun. Tiyang kadipaten kekes, gulune salit. Pangeran Natakusuma pitaken ing minister, “Punika kadospundi, punapa prang punapa mapag. Yen mapag, ingkang pinapag pundi?

Tuwan minister asmu marang. Temah prawedana gegaman dede tiyang kadipaten. Wondene tiyang kadipaten kathah ingkang ndhelik. Wonten lenger-lenger, boten saged wicanten.

Tuwan minister wangsul Pangran Natakusuma pitaken malih, Minister gedheg-gedheg. Kados sampun pejah kabunuh kang rama. Prajurit Enggeris boten priksa wadosipun minister. Sami kaken manahipun, amung selak kudu prang. Minister sanget ngampah. Pangeran Natakusuma lajeng kondur, saha tuwan minister.

Sareng pinanggih jendral, ngiwa sami rerembagan Tuwan Besar amung kalayan tuwan minister. Pangeran kantun wonten njawi, sareng dalu bibaran dhateng loji malih.

Tuwan Besar pitaken malih dhateng Pangeran Natakusuma, “Mungguh Cina si Jim Sing, punapa wong ala, Punapa wong pened?”

Wangsulanipun Pangeran Natakusurna, “Yen minister ingkang mastani sae, inggih sae. Aprituwan tuwan minister kang nacad, tamtu Cina penyakit”.

Semanten ing dalu wonten kabar Raden Sumadiningrat badhe nutup ing loji, kebon sadaya. Bekakasing prang ingusungan dhateng ing loji wetan. Mariyem uluk-uluk ing dalu, boten pegat prajurit ing dalu kathah sami nglolosi kesah. Wondene ing salebeting kadhaton inggih busekan. Kabar dalu punika sinipat. Sanjata murtir, jawah dahana. Tratak, wangunan welit, den dhadheli. Pangeran Mangkudiningrat ingkang anjenengi. Putra tuwin sentana kang setya ing ratu, pepak dumunung wonten salebeting kadhaton.

Ciptaning Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan, boten liya kang den ajeng-ajeng amung rekane kang putra Pangeran Mangkudiningrat, sayoga sumilih Pangeran Dipati. Uatawi kang raka Pangeran Ngabehi boten kenging benggang.

Mangka jimat, pinetri dening Pangeran Dipati, sampun boten kenging malebet kadhaton. Rinengkuh satru, manahing kawula bingung. Atusan kang minggat ing wengi.

Raden Sumadiningrat sampun benggang sareng metek prakawis embok dadi pasrahan dhateng loji, ulatipunt biyas. Byar rahina, nuju dinten Jumungah boten patos w’onten prang. Amung petar-petaran.

Jendral prang langkung muring-muring. Mangun bicara, sedya amukul kadhaton. Sampun ginambar sedaya kenaka wanguning genthan.

‘ Pinrapat ingkang prajurit, sinidhang den awas kidul ingkang sinantosan. Jendral Gilepsi nedya mungkasi prang. Boten bedhah ing sadinten benjing enjing, Tuwan Gilepsi langkung wirang. Pangeran Natakusuma pinanggil ningali gambaring karaton. Karsaning jendral, ngamuk wuta ngobrak-abrik samantara isining kadhaton.

Lajeng mundhut balok, kadamel andha kalayan bambu sampun mirantos sadaya. Tuwan Besar mundhut abdi Natakusuman, mantri ingkang prayogi methuk bantuning prang, sampun mangkat. Kapethuk wonten margi, kathahipun tigang atus. Tindhih, mayor satunggal. Tuwan Besar langkung duka.

Sareng dalu adamel piranti ngrangsang beteng. Enjing tiyang Natakusuman, Natadiningratan, tuwin ing Prangwadanan, sampun pinatah-patah ginenah, pinanci-panci kang mangetan, mangidul, utawi ingkang mangileri.

Tuwan Besar, boten sah amung kalayan Pangeran Natakusuma utawi kang putra. Wanci pukul tiga sampun tata lampah, sampun mangkat.

Jendral Ginepsi langkung krodha. Prajurit mancanagara, Pangeran Dipakusuma, Tumenggung Danunagara kelulun, dhadhal lumajeng. Tiyang lebet sinrang sura. Para prajurit Dhaeng kawon, tetindhihipun Tumenggung Ranadiningrat tatu.

Tuwan minister sampun lumebet ing kadipaten kapanggih sepi. Pangeran Dipati, lumajar ngilen sedya ngumpul salebeting kadhaton. Kang rayi Pangeran Jayakusuma nginepi kori, lajeng ngungsi dhateng taman. Abdinipun buyar sadaya. Amung ampil kang ndherek, utawi garwa putranipun.

Pangeran Dipati kekudhung pratandha Enggris. Jendral Gilepsi, waspaos tiyang kudhung pratandha, cinepeng estu Pangeran Dipati kang badhe ingangkat Sultan. Ingurmatan, kinanthi astanipun sarta pinrenahaken nggen kang kiwa.

Jendral Gilepsi lajeng ngupadosi Kangjeng Sultan ing pundi panggenanipun. Ingkang baris wetan, Pangeran Adinagara sampun prang kalayan mayor. Putranipun kathah kang tiwas. Pangeran Adinagara lumajeng, Raden Sumadiningrat ing baluwarti kidul wetan enggenipun baris kanthi Kyai Tumenggung Martalaya. Sampun prang kalayan Pangeran Prangwadana.

Langkung rame, gentos kalindhih. Mayor saking ler, anglambung dhateng Raden Sumadiningrat. Kyai Tumenggung Martalaya lumajar. Raden Sumadiningrat pejah. Kang wonten alun-alun kidul prajurit Belambangan, mantri cublin arahan dhusun Tindhih.

Prawiranata, Panjang, Brangtakusuma, sampun kawon prang kalayan prajurit Cipai. Ingkang wonten ngalun-alun ler ing pagelaran, Tumenggung Prawiradiwirya sampun kawon. Para Pangeran kang wonten sitinggil, kang sagah tresna ing ratu, sami lumajar.

Para prajurit, pelajaripun medal ing palataran. Sedaya putra ingkang wonten kadhaton ngadhangi kang lumajar. Ananging sampun boten keringan. Pangeran Mangkudiningrat nangis, sumungkem ing padanipun kang rama. Kados tungkeping rat, sadaya supe. Estu dedukane kang Mahakuwasa, kang dhumawuh ing Kangjeng Sultan, boten kenging dipun tulaki.

Kang Sinuhun langkung lengleng, tangis abata rubuh. Sanget kapetek ing galih, ngenes. Daleming lenggah kados seda wonten dhampar, animbali Puspakusuma. Sinungan bandera putih. “Sira, sunkongkon menyang loji. T.emua adhimas Natakusuma. Ingsun njaluk apurane. Ing sasurute kang suwarga, salawase adhiku idhep menyang ingsun. Kurange pemuleningsun, apadene kabeh kaluputan aku wis angrasa. Dene iki, luluse jenengingsun tamtu amung adhimas rewangku tunggu nagara. Lan ingsun titip anake Ki Mangkudiningrat den pracayakna ing jendral, dadiya Pangeran Dipati.

Kakangane den buwanga, ingsun wus ora sudi. Lan ingsun wus ngakeni salah. Kalah prang, njaluk brenti prang. Biluk ing Gupremen”,

Puspakusuma enggal mangkat. Kepareng Raden Mas salya sampun ngrampit pagelaran kepanggih Puspakusuma. Lajeng den irid sowan kang rama, sampun putus sadaya punapa sawelingipun Ingkang Sinuhun. Pangeran Natakusuma mireng tengkung angres kang galih. “Puspakusuma, matura menyang Kangjeng Sultan. Ing saiki, wus nora bisa nututi balang tiba. Wong Enggris wis akeh mati. Lidok pabatangku ora nalisir sarambut, endi sihh kang tresna. Anggugu wong ndaleming, banget ora pyandel menyang aku. Aku karo kangmas Sinuhun, wis andungkap kaki-kaki. Gus Mahmud dudu putuku dhewe. Kang sarira panas prih katempuh memala gedhe. Rusake tinut wong sabumi. Iki sulih Tuwan Besar, becik matura kang trang”.

Tuwan Besar anyentak, “Temuadhewe lan aku, apa kang winicara undangen tekaa ing loji”. Otusan guras wangsul dhateng kadhaton. Semanten pangeran Dipati sampun kepanggih kalayan sekretaris, Suka kang galih, ngrasa yen gesang. Nanging busananipun garwa putra, telas pinalocodan prajurit Cipai kang resah.

Tuwan sekretaris, sanget mrinani, kalihe mbrebes mili ingaturan dhateng loji. Pangeran Panular boten kantun, manut ing putra. Mantri Natasuman kang ndherekaken, Pangeran Dipati sampun rawuh ing loji, sampun panggih Tuwan Besar. Pangeran Dipati rinangkul kang paman.

Ingaturan, “Paman tiyang sepuh kula, adhi Natadiningrat sadulurku yekti”. Pangeran Panular nangis, angrangkul sampeyaning raka muled pada. Lajeng dhateng Pangeran Dipati, “Dika kang dadi ratu. Kang rama Sultan kula purtil. Yen boten miturut, kula bunuh”. Pangeran Dipati mireng, bembreng. Sami sekedhap sedyanipun ingkang sarta sumungkem- wentisipun. Jendral mangsuli, “Trima kasih banyak-banyak”.

Wondene Jendral Gilepsi ngosak-asik panggenanipun Kangjeng Sultan, kabar wonten taman Suranatan kang den jaga. Srawungan kalayan tiyang keplajar, kabutuh pojoking banon.Wonten sarageni satunggal, nyanjata sambi lumajar. Jendral Gilesi kenging baunipun, butul. Dragunder lajeng ngedrel tiyang lumajar. Kabutuh banon, tiyang pejah tanpa wicalan. Lajeng malebet ing kadhaton. Tuwan Gilepsi langkung nepsu katuju minister, dhateng Jendral Gilepsi dipun gondheli.

Kangjeng Sultan ing galih langkung gumeter amulet kang raka Pangeran Ngabehi..Nanging sampun luwasing damel, kalayan saweg gerah. Jendral Gilepsi ningali Kangjeng Sultan, tambah kang bendu. Tuwan minister angarih-arih lajeng wangsul dhateng loji. Tuwan minister nunten tabeyan kalayan Kangjeng Sultan, sarta pedhangipun tininggal, para putra santana jomblong sadaya. Minister tansah netah-netah, rumiyin mila Kangjeng Sultan atur kula boten dhinahar. Punika sae dadosipun, Lebur papan tulis, dedukanipun gurnadur saking tuwan pyambak, mupung-mupung ing praniti. Kangjeng Sultan sret pangandikanipun, “Apan uwis kelakon. Luputku, apa ingkang den rasani ingsun mintak ampun banyak-banyak. Ananging ta, awakingsun wis ora kanggo dadi ratu, iya uwis. Dene panedhaku kang gumanti ingsun amung Mangkudiningrat. Yen kang dadi si Dipati, ora Ula ing dunya tumeka ing akerat.

Mulane lelakonku pecah crah lan Gupremen, iya simengkono kang mawa njlomprongake ing bapa. Sapa bisa nglakoni, jinegal anak lanang”.

Tuwan minister aturipun, “Inggih sampun kekathahen pangandika. Tuwan Sultan pinanggih jendral dhateng loji sami rembagan. Pangeran Mangkudiningrat badhe ingangkat ratu. Dene Pangeran Dipati binucal dhateng laut. Mugi enggal sampun kelayadan, suwawi tedhak dhateng loji.”

Kang Sinuhun awrat ing galih. Prajurit Enggris saya katah kang dhateng, ing palataran penuh. Pangeran Mangkudiningrat mothah, sarwi nangis. Kang rama, ginelak-gelak enggala dhateng loji. Boten priksa, upaya sandi denya ujar sayektos.

Tuwan minister lajeng anyepeng astanipun Kangjeng Sultan, kinanthi. Pangeran Ngabehi kang manah glana, ajrih tumut dhateng loji. Para putra buyar, kathah umpetan. Ingkang Sinuhun mangkat indak ririh kinubeng pedhang leligan.

Prajurit Natakusuman angapit. Tiyang lebet, sakantunipun sami ndherek wangsul margi. Amung putra tiga kang dherek. Pangeran Mangkudiningrat, Pangeran Martasana, Raden Mas Yakup. Sentana Pangeran Demang, Pangeran Kusumayuda, Martanagara, Yudawijaya, sami manut kang rama.

Sumawijaya langkung boten gewang tresnaning ratu, Kangjeng Sultan rawuh ing loji kebon. Tuwan Besar, wonten ing loji wetan. Minister ngatas, kados pundi kang karsa Kangjeng Sultan.

Parentah ken nglajengaken sarta Kangjeng Pangeran Dipati, Pangeran Natakusuma tuwin kang putra. Yen Kangjeng Sultan katingal sampun wonten ewah saking palenggahan. Ingkang Sinuhun langkung masemohan, ngajeng Pangeran Dipati masang semu ngedhangkrang, sarwi ngraketi ing jendral.

Kangjeng Pangeran Natakusuma, mamar mangres kang galih. Istipar daleming dagih, tumon ing Pangeran Dipati. Sareng celak, katingal warnanipun kang raka tumungkul, waspa mbrabas boten saged ningali ingkang raka. Punapa malih kados mugut yuswaning idhup. Lir boten ningali ing dalem dunya. Sumingep kang paningal. Raden Tumenggung Natadiningrat utawi kang rayi boten aningali. Mangres kang galih, angesahi.

Tuwan minister menging. Kurang sobat lan Enggris, nganggo was-was. Mandheg mangu, pundi kang dados daruna. Sampun mantun ngrenggani karaton.

Pangeran Dipati mireng, wewah malang kadhak. Kangjeng Sultan lajeng kaeres, wonten ing gedhong eler kalayan kang putra sentana tuwin Sumadiwirya’.

Tuwan minister matur ing Pangran Natakusuma. “Sinten sobat kang sayektos, pesthi nunten ingampunan Tuwan Besar”.

Wangsulanipun, “Sadaya atas sami. Amung anak Mangkudiningrat kalayan adhimas Kusumayuda amelasaken sasolahipun priksa ing dhiri, menawi tiyang alit”.

Minister matur ing jendral. Pangeran kalih nunten kaluwaran. Sadaya sami dhateng ing loji kilen. Tuwan Besar lenggah wonten palowanu kalayan Pangeran Dipati utawi kang garwa kekalih.

Tandha lamun nggentosi madeg Sultan. Pangeran Natakusuma pinasrahaken angubengl kadhaton mbekta parentah Gupremen ungundhangi tiyang Jawi sadaya.

Ing mangke kang dados ratu, Pangeran Dipati. Tiyang Ngayogya ngumpula kang enak manahipun. Boten ewah kalayan adat. Kang parentah, Tuwan Besar Tomas Setamprot Raplesen sarta Gurnadur Jendral.

Pangeran Natakusuma lumayar kalayan kang putra tuwin kang abdi, prajurit kumetar litnan satunggal ingkang njujug salebeting kadhaton.

Sampun rawuh ing srimanganti, lajeng malebet kadhaton. Pangeran Natakusuma, boten mawi kumedhap saking titihanipun, aningali kang raka Pangeran Ngabehi rinubung Cipai. Tuwin kang putra wayah sampun sami risak busananipun. Prajurit Cipai sinapih pinengetaken lajeng sami bibaran.

Pangeran Behi ingaturan sarta kang sabar ngantosi parentah jendral. Para Den Ayu sami ngumpul dados satunggal. Ananging, barangipun sampun sami teias. Kangjeng Ratu Kedhaton sampun manggih pamrina saking kudhung pratandha Enggris saking kang putra, boten priksa sabarangipun lebur.

Pangeran Natakusuma lajeng medal saking kedhaton angubengi lurung, sepi boten wonten tiyang langkung. Kang abdi ken parentah undhang ngangkat Sultan.

Patih Danureja, kacriyos ing nahka utusan sampun angsal penjawilipun minister sarehanipun. Saking Jambu singidan wonten dhusun, pisungsung kabekta.

Sareng nagari bedhah, malebet dhateng nagari sowan ing Tuwan Besar, ngaturaken pisungsung. Jendral sampun narima kasrah Pangeran Dipati.

Tuwan Besar malebet kadhaton, boten kantun Patih Danureja. Pangeran Prangwadana ndherek tuwan minister, kantun anata tempat mantri. Pangeran Dipati sampun nusul malebet kadhaton. Pangeran Natakusuma saking kilen kapethuk minister ngajak wangsul Pangeran boten karsa, “Tuwan, dede garapan kula nguni-uni njro kadhaton. Kula ken parentah ingkang sampun”.

Tuwan minister wangsulanipun, “Sakathahipun para bupati, dipun kalempakna dhateng loji. Tuwan Pangeran kang nimbali. Yen boten purun tunjuk muka, sadaya tiyang Ngayogya dhateng Pangeran boten inganggep dhateng Tuwan Besar”.

Tuwan minister lajeng dhateng kedhaton. Raden Tumenggung Natadiningrat utawi kang rayi ingajak saabdinipun sadaya ken ngusung keton pesmat. Jim Sing kalayan sekretaris, boten kantun minister.

Pangeran Natakusuma lajeng dhateng loji kebon, Boten dangu wonten utusanipun Tuwan Besar animbali Pangeran, sampun  malebet. Jendral mubeng, pepriksa sarta parentah ing Dipati Danureja. Barang tuduhipun Pangeran ken nglampahi. Enggal Danureja matur sandika. Tuwan Besar ngandika dhateng Pangeran Natakusuma, “Sekathahe tilarane kang raka, mungguh wong wadon kula mangsa boronga Pangeran. Amung rajabrana punika atas kagunganing Gupremen”.

Pangeran mangsuh, “Trima kasih”, lajeng parentah Patih Danureja ken nenggani sadaya. Para estri pinarnah kadhaton wetan. Tuwan Besar nunten miyos. Pangeran Ngabehi kabekta. Para putra kang sami singidan ngatirigal, lajeng ndherek ngiring Pangeran Natakusuma. Kangjeng Ratu Kancanawulan kedah tumut ing besanipun dhateng loji. Kawangsulan, sonten prayogi, kalayan ngantosi kang putra. Semanten para pratiwa, niyaka, jatha, mantri, sadaya sampun sami sowan ing Pangeran Natakusuma, tuwin mancanagari sadaya.

Sareng sonten Raden Tumenggung Natadiningrat methuk mara sepuhipun. Raden Ayu tetiga kang kedah tumut ndherek, sampun rawuh ing loji. Gumerah kang tangis, lir kapejahan. Semanten Mas Gandadiwirya ngraos kapinten awakipun, dhateng Pangeran Natakusuma, ciri dene sekuthu kalayan patih kang sampun pejah. Dhaterg kang gumantos ratu, tan wande siniya-siya, sebab kekasihipun kang rama. Lajeng cumanthel tiyang kadipaten, katengga griyanipun. Babah Jim Sing rumeksa barang tuwin tiyang estri. Sareng dalu Mas Gandadiwirya kang nunggil tiyang kadipaten, tansah ingilas-ilas. Jim Sing tumut nguwus-uwus. Mas Gandadiwirya liwung, suka pejah anglabuhi ratunipun. Wanci bangun rahina ngamuk, tiyang pejah langkung kathah. Babah Jim Sing, tatunipurt kerep. Nanging taksih gesang. Ing Pacinan geger. Cipai kang njagi, tetulung ngedreli tiyang kadipaten. Cilaka saya kathah kang pejah. Kang ngamuk medal, tinampen sanjata. Mas Gandadiwirya sampun pejah, enjing piskal dhateng Pacinan.

Tiyang kang taksih gesang, cinepengan. Bangke ingusung, pinardata nalaripun. Tuwan minister sanget nepsu. Ajrih, isin dhateng jendral, dening tiyang kadipaten boten ngarusi. Pangeran Mangkudiningrat kang dados aseman. Prakawis sandinipun Tuwan minister, pengamukipun Mas Gandadiwirya atas pakoning kang rama. Pangeran Mangkudiningrat ginrumug Enggris tuwin Cipai. Pitaken nalar, boten wonten ingkang mangsuli. Pangeran Mangkudiningrat tinutup wonten ing loji wetan, pinisah kalayan’ ingkang rama.

Tuwan minister enggal ngaturi Pangeran Natakusuma, “Pangeran, kula boten nduga si Jim Sing sinandhang bilahi, den amuk Gandadiwirya. Yen tetep Pangeran Mangkudiningrat kang ngajani, sanadyan anak ratu, bakal kula gantung. Punapa dene Sultan tamtu kula sedani”.

Wangsulanipun Pangeran Natakusuma, “Kados tebih yen pakoning kangmas Sultan. Menggah anak Mangkudiningrat, kula boten saged nukup. Kalayan sinten ingkang kautus dhateng Kangjeng Sultan?”. Tuwan Besar suka priksa dhateng Pangeran Natakusuma, yen Pangeran Mangkudiningrat sireping tiyang nusul dhateng kamar jendral, sampun sare. Nedha lenggah tigang ewu dados Pangran Dipati Sampun adat lumrahe wong dadi ratu, anake dhewe kang cinadhang anama Pangran Dipati, kudu sadulur kang dados.

Sapunika, kula ken nutup malih lan sahe sudarmane, sedheng nglabuhana kang sinung sabda langkung gegetun. Jendral lajeng malebet kamar. Tuwan minister bebisik Pangeran Dipati, “Boten saged anglampahi dados ratu bilih teksih adhinipun Pangeran Mangkudiningrat wonten Tanah Jawi. Mila kawangsulaken tinutup. Dene palimarmane, tuwan jendral sampun tarima kasih”.

Pangeran Natakusuma kendel ngartika ing galih. Nalika bedhah Nagari Ngayogya, Setu enjing. Akad sonten, pukul gangsal Pangeran Dipati ingangkat ratu, pepak para ageng-ageng.

Jendral teksih wonten kamar kalayan Pangeran Natakusuma. Sasampuning bicara, Tuwan Besar nunten miyos. Pangeran Dipati dhateng palowanu, sampun tata lenggahanipun. Juru basa lajeng maosaken srat parentah Gurnadur Jendral. Sultan. Sepuh ing mangke sampun kamantunan dene kathah cacadipun. Kaping kalih, sring dora angimpe umur.

Ping tiga, boten damel eca rongehing kawula ageng alit. Sayogyane ingkang putra kang nggentosi, Pangeran Adipati, Sultan Amengkubuwana ping telu Ngayogyakarta. Raden Mas Bagus sinengkakaken ngaluhur dados Pangeran Dipati Anom Amengkunegara. Sapa ora mituhu, pasthi mungsuh Gupremen – Sadaya ingkang sowan sami jumurung. Anunten Sultan baru, sinungan dhuwung pusaka bandhangan saking kang rama. Utawi ingkang putra Pangeran Dipati lajeng agung-agungan Enggris tetabeyan. Tiyang Jawi boten ewah kados adadipun ingkang sampun kalampahan.

Anunten Sultan anyar kondur dhateng kadipaten. Sabab ing kadhaton taksih kotor bangke, rudira. Semanten Pangeran Natakusuma tansah kalayan Tuwan Besar. Ing sakarsanipun, Pangeran linire. Yen karsa wonten Demak, utawi senenging Bumija. Ing benjing kang wonten ing Sala kumpul. Pangeran boten kalereh ing ratu yen wonten para ratu kang mungkar, dadiya gitik.

Tuwan minister nambungi, “Beteng karaton kula radin. Lan Sultan dipun kirangi saradhadhu. Sedaya para santana tuwin para bupati boten wenang gadhah prajurit saking sadasa. Mriyem karaton kula rumb.ag sadaya. Senapan Ngayogya, kaparingaken Pangeran. Ratune rfiung ukur-ukur, dene tanah ing Bumija nggegembese Tanah Jawa. Arta pinten, pangraose dhateng gupremen”. Pangeran Natakusuma aturipun, “Sumangga, pangreh Gupremen.

Awrat entheng, mawrat utawi nginten, ametawis Gupremen sampun rugi. Ingkang lampah sampun ngantos masakat”. Minister matur ing Tuwan Besar, “Sampun, inggih kapanggiha kula kalayan Pangeran. Ing wingking tamtu kula rembag”.

Pangeran Natakusuma nunten atur pratandha warni dhuwungdhateng jendral kekalih, utawi dhateng minister pyambak. Sarta mratelakaken menggah tiyang estri tetilaranipun Kangjeng Sultan sumangga ing asta kalih, menawi wonten karsanipun Tuwan Besar, Jendral narima kasih, boten kersa.

Sareng sonten, Tuwan Besar malebet karaton, saha para ageng-ageng Gupremen. Pangeran Natakusuma kalayan ingkang putra kekalih, Pangeran Prangwadana boten kantun. Kangjeng Sultan dereng pindhah kadhaton. Jendral sampun rawuh kendel wonten srimanganti. Tuwan minister nusul ngaturi gupuh pelajengan. Kangjeng. Sultan kusung-kusung, esmu jrih. Sampun rawuh salebeting kadhaton, aglar wonten ing pendhapa. Pepak sadaya ingkang sowan, juru basa Krisman lajeng maosaken serat. Ingkang parentah Gurnadur Jendral, Pangeran Natakusuma ingangkat anama Kangjeng Pangeran Adipati Pakualam Sudibya, putraning Gurnadur Jendral.

Raden Tumenggung Natadiningrat sinungan nama Pangeran Arya Surya diningrat. Ingkang rayi, Raden Mas Salya, anama Pangeran Arya Suryaningprang.

Kangjeng Sultan nangga asta, sebda langkung jumurung. Sampun mupakat sadaya ingkang sami sowan. Kangjeng Sultan ngandika dhateng kang paman, “Kangjeng Pangeran Adipati Pakualam dipun ngraos sepuh. Sampun supe, gegentose kang rama. Kula ratu lola.”

Aming kawangsulan, “Inggih”, lajeng sami luwaran. Tuwan Besar, rawuh loji, Pangeran Dipati ngandika ingminister. “Menggah kangmas Sultan kados pundi. Wekasipun, benjing dening sampun  tanpa karsa. Telas galihipun, menawi ingapunten jendral, andhedheprok mungkul ngibadah. Nrima, bumi sakalasa amung sampun kesah saking Tanah Jawi.”

Wangsulanipun tuwan minister, “Dede, pangeran, atasipun yen menggah prakawis punika. Awrat, kedah nanggel. Langkunglangkung putranipun payambak jumeneng ratu. Namung tamtu yen walang gahh” Sareng wanci bangun, Tuwan Besar budhol kondur. Pangeran Prangwadana anyarengi antukipun. Pangeran Suryaningrat, Pangeran Suryaningprang, andherekaken Tuwan Besar dumugi Kartasura, ndikakaken wangsul.

Kocap ing Surakarta, kineker ing piangkah dhateng Kangjeng Gupremen. Kestorinipun pinapas abebanten pepatihipun, Dipati Cakranagara kalayan Demang Ranawijaya, bilahi kabucal. Wondene ing Nagari Ngayogya sawarnenipun kang rinaket kekasihipun Kangjeng Sultan Sepuh, ingkang priksa wadi utawi kang asring kautus dhateng Surakarta, tinutup Karsanipun kadamel bebilasan. Sultan Baru singlar solahing rama bebantentiyang alit mamrih kandel dhateng tuwan minister.

Semanten Sultan Sepuh, prekawisipun sampun putus. Kang putra kalajeng supenipun, tangeh karsa ananggung kang rama, inganggep satru. Lajeng kabucal dhateng Pulo Pinang. Angkatipun kalayan ingkang putra kalih.

Sigeg, cariyos Nagari Ngayogya lan Nagari Surakarta. Rampunging panededhak ing dinten Saptu, tanggal kaping 17 Wulan Jumadilawal, ing taun Jimawal, angka 1853 utawi kaping 6 Januari 1923.

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: