alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BABAD KEMALON I


 

PUPUH I
S  I  N  O  M

  1. Dan kalanira sinerat, hing malem Rebo Alegi, tanggalipun ping nembelas, Epon pasarane ugi, Sapar wau kang sasi, Ehe Wawu taunipun, nuju mangsa katiga, sengkalane kang lumaris, Karti Roro Pandhita Eka semana.
  2. Hanenggih kang ginupita, jeng pangran Mangkunegari, kalanira habedhama, lan kang rama Sri Narpati, Jeng sunan Mangkubumi, Kabanaran kang kedhatun, semana jeng Pangeran Dipati apacak baris, neng Kemalon yun-ayunan lan Welanda.
  3. Wadya Kumpeni semana, wong Bugis kalawan Bali, Ambón kalawan wong Ngusar, Kemalon dennya miranti, hajejagang Kumpeni, mung let ing simping sadhusun, lan ingkang pamondhokan, Pahgran Dipati ing Candi, tan winarna ing dalu, enjang ngayuda.
  4. Campuh angaben senjata, long linongan ingkang jurit, aprang dumugi sadina, yudane datan winarni, Pangeran Adipati, sump sabalane mundur, dalu amasanggrahan, enjing lajeng aprang malih, yudanira samya angaben senjata.
  5. Kumpeni tan purun medal, saking jro jugang bedhili, kang senjata tan tumama, kang ing jawi ambedhili, mila mung ngaben bedhil, kadang let sadina campuh, terkadhang saben dina,mundur kasaput ing wengi, lamun dalu rereb samya pamondhokan.
  6. Injing malih mangkat aprang, para Tumenggung Mentawis, Pangeran Mangkudiningrat, sabalanira ajurit, tan tumemen ing kardi, genya turut prang ngubyung-byung, lir singa wong arahan, haprang aneter atebih, mung wong Mangkunegaran kang nemen aprang.
  7. Sranggeni lan Mantri Jaba, kang tumemen ingajurit, hing dalu hamasanggrahan, sawadya wah Ngran Dipati, enjing hambanjel malih, lawan Kumpeni acampuh, aprang tatas sadina, masanggrahan Candhi malih, lamun dalu akarya mimis cinithak.
  8. Yen rina kinarya yuda, sadina telas kang mimis, saben dalu malih karya, mimis lan kasukan ringgit, rina kinarya jurit, kasukan dhadhu karetu, enjing sadina aprang, sump kondur karya mimis, Tan kawilang kabere Pangran Dipatya.
  9. .9. Kumpeni mempen kewala, aneng Kamalon abaris, wau ingkang kawarnaa, Kanjeng Susunan Metawis, sampun waskitheng warti, yen yudaning balanipun, aprang samya daleya, ing ngayuda tan nedhasi, pra Tumenggung tan tumemen ing ngayuda.
  10. Nanging keng putra Pangeran, Dipati Mangkunagari, kang tumemen ing ngayuda, sabalane nemen jurit, wau Sri Narapati, kewran duka jroning kalbu, mring kang baia sadaya, anulya Sunan Metawis, Prajurit jro kapilih samya ngandikan.
  11. Wong gandhek ingkang dinuta, campake datan winarni, kang prajurit Suryanata, wong kapilih sampun prapti, ing ngarsane Nrepati, kang duka dalem wus dhawuh, ana ingkang pinenthang, ana ingkang den pejahi, lan pinerung ingkang lelepa ing karya.
  12. Anulya Sri Naranata, anembang tengara aglis, lir gerah swaraning baia, sagegamaning miranti, bubar Sri Narapati, kang wadyabala lumaku, tan kawarna ing marga, arereb Sri Narapati, Pajarakan sabane pamondhokan.
  13. Pramila majeng Sang Nata, saking pegele kang galih, dening yudane kang bala, tan masah ngrangsang Kumpeni, dalu-dalu Narpati, pu tusan sampun lumaku, animbali kang putra, Pangeran Mangkunegari, sampun prapta baris Pangran Dipatya.
  14. Tumanduk dutaning Nata, marang Pangeran Dipati, jeng ngandika ing angandikan, ing rama paduka Aji, ing mangkya Jeng Narpati, rama paduka Sang Prabu, mangkat saking Banaran, rama paduka Sang Aji, pan arereb masanggrahan Pajarakan.
  15. Agepah Pangran Dipatya, ingandikan rama aji, bala tinilar sadaya, umangkat kalaning wengi, tan kawarna ing margi, ing Pajarakan gya rawuh, panandhing sirep jalma, papanggih lan Rama Aji, langkung suka kang galih Sri Naranata.
  16. Sadalu apaguneman, kang putra lawan Sang Aji, kathah dinangu Sang Nata, ing tingkah rakiting jurit, kang apangandika Aji, Ki Dipati putraningsun, kapriye kandhanira, para Tumenggung yen jurit, apa deneng kang prajurit jro sedaya.
  17. Tan ana ngentas ing karya, mungsuh Kumpeni akedhik, kandhanira pan akathah, kaya paran Ki Dipati, kang putra matur ans, kawula asru anuwun, mangsa borong paduka, panawang dalem prajurit, boten saged umatur ing Rama Nata.
  18. Angandika Sri Narendra, putra ngong Ki Adipati, yen mangkono karsaning wang, kang kariya wong kapilih, rumeksa marang mami, dening kajabane iku, wong jro sira hirida, kabeh adunen ngajurit, Nangkragnyaha jagabaya Sury anata.
  19. Sarageni nameng yuda, kaum miwah para kaji, padha adunen ngayuda, Mandaraka kang nindhihi, lan si Rangga tetindhihe, si Prawirosentikeku, mriyem kagawa papat, kestabele aja kari, dening ingsun kondur marang Kebanaran.
  20. Kang putra matur sandika, denva agunem sawengi, byar rahina sareng bubar, kondur Sang Sri Narapati, mring Kabanaran malih, Pangran Dipati lumaku, ngirid prajurit Nata, wong jro ingkang nganindhihi, ipe dalem Mas Ronggowirasantika.
  21. Mbekta mariyem sekawan, dhatan kawarna ing margi, panwandhi pecat rakitan, kongak barising Kumpeni, Pangeran Adipati, baiane kapanggih sampun, wus tata amelatar, pra temenggung rembag sami, sigra majeng angangseg barisan Welanda.
  22. Aprang angaben senjata, Pamalon bala Kumpeni, adhedhep sabalanira, datan ana amedali, prajurit ing Metawis, tan wani ngrangsang amaju, tan wani ngrangsang dhadha, mung sami bedhil bedhil, samya aprang angagem mriyem kewala.
  23. Kasaput dalu kang yuda, mundur bala ing Matawis, rereb sagolonganira, kondur Pangeran Dipati, amondhok Candhi malih, akarya mimis sadalu, larywa areringgitan, enjing atengara jurit, pra tumenggung prajurit jroning Metaram.
  24. Sareng banjel ing ngayuda, para tumenggung Metawis, Pangeran Mangkudin ingrat, Kanjeng Pangeran Dipati, bala banjel Kumpeni, ing Pamalon wus kinepung, lajeng campuh kang yuda, ngaben senjata gen jurit, aprang mriyem Kalataka mwang sunapan.
  25. .25. Arane ngaben senjata, swarane lir ruging wukir, sonten kondur kang ngayuda, miyang pamondhokan kalih, enjing Kumpeni mijil, saking pamondhokanipun, sepalih ngambil tedhi, angaler ngilen lumaris, kang sapalih kantun nengga pabarisan.
  26. Wadya Metaram tengara, arsa nututi Kumpeni, kang mijil ngambil panganan, Kanjeng Pangran Adipati, wus tengara miranti, sareng wau angkatipun, ngaler ngilen lampahnya, dhatan kawarna ing margi, ing Karapyak panggih ayun-ayunan.
  27. Arane campuh ing yuda,adangu bedhil-binedhil, sawadya nempuh nerajang, Kumpeni prange kalindhih, ambereg wong Metawis, Kumpeni mundur mangidul, tarung leres samarga, malebetKemalon malih, samya kendel pamburune wong Metaram.
  28. Mundur malih pamondhokan, sawadya Pangran Dipati, kondur samya masanggrahan, amondhok ing Candhi malih, nulya gandhek kang prapti, utusanira Sang Prabu, samiya mawi nawala, katur ing Pangran Dipati, dyan winaca sasmitane kang nawala.
  29. Dumuka dalem dhawuha, sakeh niyaka Metawis, myang prajurit jro sedaya, Kemalon Kumpeni kedhik, kandhanira prajurit, akathah tan ana ewuh, apa tan daya nira, nuli rangsangna tumuli, iya sapa kang leleda ing ngayuda.
  30. Sun titipaken kang sirah, tan tumemen ing ngajurit, Pangran Dipati sandika, dalat lenggana ing kapti, pu tusan tan winarni, Pangran Dipati dyan rembug, lan sagung pra niyaka, subedya angantep jurit, ngrangsang jagang sigra nulya atengara.
  31. Gugup ajrih ing parentah, para tumenggung Metawis, prajurit wong ing Metaram, tanapi Pangran Dipati, ingkang ngabdi wus rakit, Prajurit asri dinulu, gandera abra sinang, wus malatar ingkang baris, kang gegaman amindha pati angaran.
  32. Tengara sigra umangkat, sawadya Pangran Dipati, gegaman bubar sadaya, sumedya angrangsang wani, semana mapan mawi, gegamelan bara wangsul, ingkang binekta aprang, Kanjeng Pangeran Dipati, miyos saking lor Kemalon saha bala.
  33. Prajurit jro ing Metaram, saking wetan amiyosi, mas Ronggo Wirasantika, kang dadya tetindhih jurit, saking wetan amawi, mariyem adharat magut, Dipati Jayaningrat, kanthi tumenggung kekalih, Janapura kalawan Jayanegara.
  34. Sabala nira katiga, saking kidul amedali, Pangeran Mangkudiningrat, sabala nira pribadi, Kidul wetan medali, Kemalon kinepung-kepung, Tumenggung Danawarsa, anindhihi mantri jawi, Wiranata para tumenggung wong jaba.
  35. Saking Ler kilen gen medal, sakanca nira wong jawi, mantri jro Pan gran Dipatya, lan sagung kang Sarageni, saking Ler amiyosi, mung kang kilen ingkang suwung, Kumpeni kawarnaa, kang ana sajroning baris, ingKemalon sampun miranti ngayuda.
  36. Malatar sabalanira, Kumpeni myang Bugis Bali, lan wadyabala ing Sala, Pangran Bintara nindhihi, miwah tyang pasisir, sumedya sareng ngalebur, tan gumingsir ngayuda, sumedya andhengah pati, dening marganipun sampun kepepetan.
  37. Ingkang anadhahiyuda, kang kidul Bugis lan Bali, kalawan prajurit Jawa, Kidul wetan anadhahi, Kumpeni dharat kanthi, Pangran Bintara wus magut, ingkang nadhahi wetan, pra gunder Bugis lan Bali, mengsah eler ingkang nadhahi ngajuda.
  38. Kumpeni dharat lan Nusar, pangagengipun Kumpeni, Uprup anindhihi yuda, tanapi Bugis lan Bali, Ler kilen kang nandhahi, wong pasisir Bugis wangsul, kanthi Welandi dharat, sedaya wis miranti, kadya gerah swarane wong pabarisan.
  39. Tanbuh polahe wong Jawa, Kemalon mempen awiwrin, dhedhem neng sajroning jagang, sedaya anderah pati, kang nglanggar sareng prapti, lawan Kumpeni acampuh, samya tarung sanjata, sunapan mariyem muni, kadya guntur obah kang bumi prakempa.
  40. Sareng campuh ing ngayuda, ulekan campuh kang jurit, peteng kukusing sundawa, gumrudug tibaning mimis, titak mriyem naprangi, swarane lir gunung rubuh, langit akelap-kelap, ponang siti gonjang-ganjing, ramening prang anglir manengker ngawiyat.
  41. Angling ruk ingkang ngakara, tambur bendhe lan gong beri, kang cara Bali angangkang, lir udan tibaning mimis, prajurit kang ngemasi, saking turanggane ambruk, kathah ingkang kabranan, akathah ingkang ngemasi, lebu mawur kasirat dening ludirá.
  42. Kalangkung ramening yuda, tan ana angucap ajrih, ing satengahing paprangan, Kumpeni Usar kakalih, Nander mungkul neng ngarsi, ing Pangran Dipati katur, katrima ing ngapura, kalih lajeng tumut jurit, ulet awor ararne ingkang ngayuda.
  43. Kinarutug ing senjata, mantri jro datan gumingsir, mimis Kumpeni lir udan, tu tul tinutul ing bedhil, kang wetan wong Metawis, rame denya aprang pupuh, wong Kumpeni apanggah, bala Metawis angkih, dadya kuwel pan sami silih prajaya.
  44. Prajurit jro wong Metaram, samya dharat ngukih jurit, para Kaji Suryanata, deder dineder agenti, dangu denira jurit, wong Metaram kathah tatu, akathah ingkang pejah, Suryanata para Kaji, samya miris prajurit jro wong Metaram.
  45. Akiwul-kiwul tan tahan, Kumpeni angedrel wani, mas Rangga Surasentika, 1 ) mundur lan sakeh prajurit, larut den soki mimis, dening ingkang ngaprang kidul, tan sembada ing rana, pan kadya wong neningali, miwah ingkang kidul wetan pan mangkono.
  46. Uprup pan ragi awegah, amengsah Pangran Dipati, Kumpeni ngumpul sedaya, dragunder Usar Kumpeni, Bugis Bali Kumpeni, dharat akumpul mengidul, wetan 1er kilen samya, angrubut Pangran Dipati, Jeng Pangeran datan obah barisira.
  47. Sawab mungsuhe wus sirna, larut sadaya tan pulih, wadya angaler sadaya, ngarubut Pangran Dipati, kinarutug ing bedhil, masusun-susun matimbun, riwut pan gulagepan, pangedrele wanti-wanti, pangamuke katampan mimis lir udan.
  48. Saking danguning ngayuda, kanjeng Pangeran Dipati, pangreksane kang ngamulya, yen kena adining mimis, kadi tan dadi takir, tanapi prajuritipun, dangu-danguning yuda, ana ingkang nandang kanin, saya kathah prajurit kang kaprajaya.
  49. Wong jero tatu pitulas, nulya Pangran Dipati, angrasa kabiyatan lawan, alon undure lumaris, tinutulan ing bedhil, mariyem sinurung-surung, kanjeng Pangran Dipatya, alon lampahing prajurit, songsong jenar lir pendah sang hyang ngasmara.

PUPUH II
ASMARADANA

  1. Kumpeni nora nututi, mung ngarutuging senjata, pangran Dipati lampahe, lan prajurit lon-alonan, Kumpeni nora obah, kendel sabalane wangsul, marang pabarisan ira.
  2. Kang wadyabala Kumpeni, kang pejah datan winarna, akathah wau baiane, atanapi kang pralaya, wau Pangran Dipatya, sabalane ingkang kondur, kendel Pangran Adipatya.
  3. Palenggahan wus pepanggih, lan pra niyaka Metaram, lir kojem peteng mukane, kanjeng Pangran adipatya, kendel datan ngandika, langkung kweran manahipun, mulat niyaka Metaram.
  4. Samya ngoncati ngajurit, tan sembada sanggupira, yen tinari ing pangkate, tanapi yen pirembagan, saguh aneng ngayunan, satemah tilar pelayu, tan mantra panggah ing yuda.
  5. Yen ta sampuna akanthi, kelawan pangran Dipatya, kaya yen kathah rusake, wadyabala ing Metaram, nulya Pangran Dipatya, bubar sabalane wangsul, ing candhi amasanggrahan.
  6. Atata ingkang prajurit, miwah wadya ing Metaram, wus samya amondhok kabeh, dyan Pangran Adipatya, utusan mring Metaram, atur uninga Sang Prabu, Susunan ing Kabanaran.
  7. Sarta angaturi tulis, niyaka tur pejah gesang, kalamun tiwas yudane, sarakite ing ngayuda, kawrat surat kabekta, ing duta sigra lumaku, lampahe datan winarna.
  8. Ing Kabanaran wus prapti, surat katur ing Sang Nata, wus sinukma sasmitane, sakature tiwas yuda, nanging datan winarna, kang pangandika Sang Prabu, duka salebet wardaya.
  9. Mring pra tumenggung Metawis, ingkang leleda ngayuda, Sang Nata sanget dukane, daliya tiwas ngayuda, pra prajurit Metaram, putusan sampun tinundhung, kang pitungkas Sri Narendra.
  10. Sakathahe ingkang ngabdi, lebet ngandikan sedaya, mantuk mring Metaram kabeh, nanging kang para niyaka, kantuna pabarisan, datan winarna wus rawuh, prajurit jro Kabanaran.
  11. Sapraptane ingkang ngabdi, nata ingkang pangandika, marang ing wadyabalane, padha laju bibitingnya, Kalibening ing ngrana, kang bala bubar agupuh, kang bibiting tan winarna.
  12. Wonten kawarnaa malih, Ideller nagri Semarang, wus adandan sabalane, Kumpeni dragunder Usar, Bugis, Bali, Makasar, wong pasisir kilen tumut, miwah wong jaga Semarang.
  13. Ideller wus ngudaneni, yen Kumpeni ingkang nglanggar, marang Metaram lampahe, tan bun tas kendho ing marga, datan saged lumampah, den sisiwa ing dalenggung, mring mengsah wadya Metaram.
  14. Mring Pangeraq Adipati, mila Deller tulung yuda, bubar sawadyabalane, mangkat saking ing Semarang, wong Kumpeni kumerab, wong pasisir kilen kebut, lampahe galang-galangan.
  15. Angret kang dharat Kumpeni, kang ngarsa Kumpeni Usar, anulya Bugis Baline, kaselan Kumpeni dharat, dragunder munggeng wuntat, dharat malih wurenipun, wong Sem aran g wuri pisan.
  16. Gegaman kagiri-giri, wong pasisir ngarsa pisan, jalang^alangan lampahe, gendera abrang asinang, gegaman warna-warna, Kumpeni gameng lir mendhung, gegaman abra asinang.
  17. Datan kawarna ing margi, sadalu rereb Ungaran, injing bibar sabalane, sadalu ing Salatiga, injing tengara bibar, ing Bayalali sadalu, injing tengara umangkat.
  18. Margi geng tan den langkungi, mangidul leres lampahnya, anjujur ardi lampahe, henengena ingkang lumampah, ingkang ngajeng-ajengan, ing Kemalon kang winuwus, wadyabala ing Metaram.
  19. Mirsa kabar yen Kumpeni, Idler saking ing Semarang, lelampah ageng baiane, prapta saking ler lelampah, Kemalon binantonan, pra niyaka pra tumenggung, sigra atengara bubar.
  20. Samya wahana turanggi, tan abekta wadya dharat, sumedya mapag lampahe, Kumpeni ingkang lelampah, dening Pangran Dipatya, mapan kantun datan tumut, lan prajurit jro kewala.
  21. Maksih neng pondhok ing Candhi, sedaya tumut umangkat, bala Metaram lampahe, para tumenggung sedaya, wanci sandhaping ngasar, ler kilen Gondhang kapenthuk, lan Kumpeni kang lelampah.
  22. Pangajeng campuh ngajurit, Kumpeni lan wong Metaram, bedhil-binedhil ararne, Kumpeni wanter nenrajang, nerod wring wong Metaram, binedhilan kinarubut, m iris wadya ing Metaram.
  23. Kumpeni anerod wani, dhadhal kabeh wong Metaram, sipat kuping palayune, binerag asalang tunjang, lali lurah myang rowang, Kumpeni asru ambyur, kang kacandhak pinejahan.
  24. Saking wantering Kumpeni, kaleleh ingkang sekawan, kapisah lawan bature, awor lan wadya Metaram, sigra kinandhang-kandhang, tinumbakan kinarubut, Kumpeni sekawan pejah.
  25. Parabotira Kumpeni, lan senjatane binadhang, anulya lumayu muleh, wadyabala ing Metaram, Ideller sabalanya, dennya lelampah pan laju, dyan prapta ing pabarisan.
  26. IngKemalon den urmati, mariyem lan barondongan, Uprup mapag sabalane, lan Deller wus tatabayan, nyang Kapitan sadaya, atatabeyan sedarum, pra upeksir tetabeyan.
  27. Nulya Pangeran Dipati, bintara atetabeyan, miwah pra tumenggung kabeh, myang Dipati Semarang, lajeng apilenggahan, ing jawi baia gumuruh, pra samya atata tata.
  28. Prayayi ageng Kumpeni, prasamya apilenggahan, lawan pra tumenggung kabeh, myang pangeraning Bintara, lariha wis sedaya, lajeng amangan anginum, myang urmat ingkang senjata.
  29. Barondongan nuli-nuli, mariyem ambal-abalan, lir gurtung rubuh swarane, tambur salompret sauran, pan samya wiraosan, Deller lawan tuan Uprup, lan sagung para kapitan.
  30. Apajar rakiting jurit, purwa madya wekasannya, katur marang Deller kabeh, anulya apirem bagan, prayogane ing lampah, Ideller ing karsanipun, lantas dhumateng Metaram.
  31. Ing dalu wadya Kumpeni, wus malatar pamondhokan, miranti sagolongane, hnengena kang pamondhokan, kocapa kang lumajar, wadya Metaram anjujug, barise Pangran Dipatya.
  32. Sowan mring Pangran Dipati, wus katur sak aturira, yen mentas kawon yudane, lan Kumpeni kang lelampah, babantu ing Semarang, Ideler titindhihipun, Kumpeni ageng kalintang.
  33. Kemalon dipun bantoni, saking negeri Semarang, nenggih Deller pangagenge, tumenggung sadaya tiwas, lumajeng atur pejah, senjata sekawan katur, bandhangan sarta lumajar.
  34. Wus katur aturing dasih, wau Pangeran Dipatya, kalangkung kewran manahe, para Tumenggung sedaya, matur para Dipatya, kawula aturi mundur, kuwatir ageng kang mengsah.
  35. Langkung celak saking Candhi, sanget kawatir kawula, para Tumenggung ature, nulya Pangran Dipatya, utusan mring Metaram, atur uninga Sang Prabu, Susunan ing Kabanaran.
  36. Utusan sampun weneling, yen Kumpeni binantonan, sarta atur bandhangane, senjata karben sekawan, dyan utusan umerat, ing dalu lampah andarung, anulya Pangran Dipatya.
  37. Sawadyabala miranti, sigra atengara bubar, ngetan sadaya baiane, myang sagung para nayaka, nenggih ing pabarisan, ingKemalon sampun rawuh, ing Wedhi apamondhokan.
  38. Winastan desa ing Bajing, dennya kandheg pamondhokan, tata pamondhokan kabeh, para Tumenggung sadaya, sabala pamondhokan, wadya Kumpeni winuwus, ingKemalon pamondhokan.
  39. Praptane Deller Kumpeni, neng Kemalon tigang dina, enjing bubar sakbalane, laju dhumateng Metaram, amyang baia mei atar, muntab gegaman aselur, lampahe jalang-jalangan.
  40. Gegaman kagiri-giri, prayitna samarga-marga, Deller manjer nuwalane, anungkulaken wong desa, samya suwung sadaya, wong bumi angungsi gunung, sangsaya rusak wong desa.
  41. Henengena kang lumaris, warnanen Pangran Dipatya, bubar sawadyabalane, lan pra nayaka Metaram, lampahe gurawalan, anututi lampahipun, Kumpeni kang mring Metaram.
  42. Angengadhol saking wingking, bala ka Mangkunegaran, tan purun celak lampahe, Kumpeni sampun uninga, datan kendel lampahnya, kang wuri arebut ducung, den kekadhol saking wuntat.
  43. Sangsaya kebat lumaris, sawadya Kumpeni prapta, ing Kalibening barise, wadyabala ing Metaram, kang dhateng pabitingan, prajurit Metaram gupul, mapag Kumpeni kang prapta.
  44. Sarta sampun atur uning, mring Sang Nata ing Metaram, Kumpeni mapan betenge, Kumpeni lajeng nerajang, angrangsang pabetengan, bala Metaram amagut, kinarutug ing senjata.
  45. Larut kang atengga beteng, lajeng marang Kabanaran, Ideller laju lampahe, alerep ing Pejagalan, sedalu enjing bubar, alereb sabalanipun, sakilening pajagalan.
  46. Alereb amung sawengi, Ideller enjang tengara, bubar sawadyabalane, ngidul ngilen lampahira,dhatan kandheg lampahnya,wong desa sadaya suwung, wong Metaram kudhandhangan.

PUPUH III
DHANDHANGGULA

  1. Sakalangkung gegere wong cilik, ngungsi wana arga asasaran, nengna Kumpeni lampahe, warnanen Sang Aprabu, Kabanaran wus samranti, sawadyabala nira, myang pawestrinipun, prajurit kang saking ngarsa, prapta atur uninga Sang Sri Bupati, yen Kumpeni wus prapta.
  2. Nulya Kabanaran Sri Bupati, tan pantara bubar sahabala, purane binasmi dhewe, Ngaler ngetan Sang Prabu, sabalane minggah ing wukir, ing Terong palanggeran, lampahe lumintu, enengena Sri Nara Nata, warnaa Kanjeng Pangeran Adipati, lan niyaka Metaram.
  3. Datan kendel anut ing Kumpeni, angengadhol malebeng Metaram, aprang leres sadinane, Pangran Dipati laju, masanggrahan wetaning kali, ngumpak sakanca nira, kang bala akumpul, pan saben enjing ngayuda, wadya alit kalawan wadya Kumpeni, kang pisah ngambil pangan.
  4. Angambil pondhok dipun sabili, wong Kumpeni tan purun anebah, ngambil kang pacak barise, kawarnaa sang Prabu, kang lumampah kang minggah wukir, ing Terong palanggeran, mangaler tumurun, saking ngardi masanggrahan, ing Cembirit sawadyabala Nerpati, wong Kalang sudagaran.
  5. Wong Cembirit butamale enting, rinayahan sarta dhinedhelan, wong desa langkung nisake, samya angungsi gunung, masanggrahan mung kalih latri, enjang Sang Nata bubar, ngaler lampahipun, lan wadya lebet sedaya, lan kang putra anem Pangeran Dipati, pangran Bei kang nama.
  6. Pra tumenggung sagung mantri jawi, sabalane tinilar sadaya, tunggil Pangran Dipatine, ngadhol sabalanipun, wau lampah ira Nrepati, lajeng mring Sokawatya, cinatur wus rawuh, masanggrah aneng Tempuran, sak abala atata samya miranti, Sokawati tempuran.
  7. Henengna kang neng Sokawati, Sri Narendra Sentika warnaa, Metaram ingucap maneh, pra niyaka kang kantun, angangdhol marang Kumpeni, pangeran Adipatya, lan sabalanipun, para tumenggung sadaya, mondhok wonten ing Ngumpak umangkat nuli, prapta tengah Metaram.
  8. Deller maju sampun sinung uni, yen Sang Nata Kabanaran bubar, anglesi ngetan parane, ing Kabanaran suwung, Deller langkung cuwa kang galih, Deller lajeng lelampah, sabala anjujug, kandheg mondhok aneng Yogya, aneng Yogya Kumpeni arsa bibiting, gelugu kang kinarya.
  9. Wong Jawane myang wong ing pasisir, sabalane rakit pabarisan, wong desa wus tarub kabeh, wong Metaram wus tarub, kula bumi ingkang sepalih, lumadi ing Ngayogya, kang sapilih tumut, wadyabala ing Metaram, ingkang nganut ngengadhol marang Kumpeni, pirang dina winarna.
  10. Tan winarna denira jurit, saben dina Kumpeni angenglanggar, mring wong Metaram yudane, long linongan yen dalu, wong Kumpeni mring Yogya malih, wau wadya Metaram, mubeng lampahipun, pernahe nora karuwan, aterkadhang mondhok sawengi rong bengi, angalih pamondhokan.
  11. Tigang dina kawan dina ngalih, Pangran Dipati Mangkunegara, yenden ing pasanggrahane, datan kena den etung, saking Deres gen manggen jurit, sadina prang sapisan, ping kalih ping telu, tarkadhang ping pat sadina, aprang leres ngathiwul denira jurit, datan kena ingetang.
  12. Long linongan den ira ajurit, ingkang tatu miwah kang pralaya, datan karuwan kathahe, saben dina atarung, balanira Pangran Dipati, miwah bala Metaram, areren yen dalu, amondhok manggen padesan, wong Kumpeni yen dalu pan samya mulih, makuwon ing Ngayogya.
  13. Saben injing nglanggar wong Kumpeni, terkadang antara kalih dina, tigang dina panglanggare, kadhang aprang lumintu, saben dina acampuh jurit, kang asring menang aprang, Kumpeni amburu, wong Metaram sring kaplajar, saking ngathiwule kang para prajurit, ngengadhol purun aprang.
  14. Sadina pisan miwah ping kalih, kadhang ping tiga prang ping sakawan, aprang leres pangodhole, sedaya tan kacatur, dennya aprang awali-wali, miwah gen pamondhokan, nira wangsul-wangsul, nenggih Pangran Adipatya, lir kekeyan dennya ngaben angiyumi, marang kang bala-bala.
  15. Pangran Dipati arsa ngawali, para tumenggung para niyaka, sakalangkung pangampohe, sanget pamalangipun, benjang ngawakana ajurit, angantepa ing yuda, lan rama Sang Prabu, pramila Pangran Dipatya, winabena munggeng pandengan upami, marma ewet tyasira.
  16. Pangran Dipati emeng kang galih, pra tumenggung tinilar sadaya, bubar mangetan lampahe, mbekta wong patangpuluh, mung mantri jro ingkang angiring, wadyabala tinilar, sadaya pan kantun, Srageni miwah wong jaba, pra tumenggung niyaka wus sinung nguning, myang kang rayi sedaya.
  17. Pangeran Mangkudiningrat icari, sabalane lan Pangran Purbaya, Pangran Mangkukusumane, ingkang para tumenggung, Wiradigda Sury anegan, tumenggung Jayan ingrat, Mandaraka kantun, Janapura Janegara, pan tinilar sabalane maksih baris, wadya Mangkunegaran.
  18. Tumenggung Kudanawarsa kang kari, Wiranata Suramangunjaya, Suradigdaya kan thine, Kertadirya pan kantun, lan kancane pra mantri jawi, Srageni lan prang tandang, Merangga tan kantun, wong Bugis miwah tamtama, marang Kedungwaringin Pan gran Dipati, tinjo putra myang garwa.
  19. Luwak Kagong sakabayan Matesih, pan kadalon lereb Paserenan, angsal taladhek karsane, pun Rembut wastanipun, kalangenan taledhek siji, kapanggih Paserenan, Sala angsalipun, enjing lajeng lampah ngetan, pan sadina rawuh ing Kedungwaringin, surup ing rawuhira.
  20. Kapanggih putra myang para rabi, Raden Mas Sura kang Ngangaranyar, langkung sihe ing putrane, pulang ngasmara lulut, lawan sagung kang para rabi, nutug gennya kasukan, adhahar anginum, lan mantri jro kawandasa, pan ingunggar manahe ingkang prajurit, tuwuh dana myang boja.
  21. Taledhekan sarta nginum mawis, samya suka mantri kawandasa, wuru dawa-dawa kabeh, mring Gusti asih lulut, tunggal darah rahosing galih, anutug akasukan, warnanen kang kantun, pangeran Mangkudiningrat, pangeran Purubaya lawan ingkang rayi, pangran Mangkukusuma.
  22. Pra tumenggung kang sedaya kari, baris sawetaning lepen Ngumpak, wadyabala sapungkure, Pangeran Dipati gupuh, dipun langgar marang Kumpeni, saking Yogya kang nglarag, pan tinubruk purun, sarta angedrel senjata, kang abaris sawetaning Ngumpak kali, geger lumayu bubar.
  23. Pangran Mangkudiningrat miranti, sabalane Pangran Purubaya, Pangran Mangkukusumane, lan sagung pra tumenggung, para mantri mangsah ngajurit, lan Kumpeni ayuda tinrajang purun, kinarutug ing senjata, mung sakedhap para sentana kalindhih, pra tumenggung lumajar.
  24. Dhasar tinilar Pangran Dipati, ingkang kantun lir sasapu wudhar, salang tunjang palayune, lumayu rebut dhucung, dhatan wonten kang mugareni, tan wonten kang ngapanggah, Kumpeni amburu, lir denawa rebut mangsa, Nander Maprung kang kacandhak den pateni, demugi Perambanan.
  25. Kendel pamburune wong Kumpeni, dyan nulak walanda sabalanya, mring Ngayogya sabalane, tan ana ingkang kantun, dyan warnanen kang kawon jurit, samya rebut kuripan, den ira lumayu, dyan kumpul apirembagan, rembag kendel baris luluwak ing Wedhi, ajrih celak Metaram.
  26. Pra pangeran pra tumenggung sami, pamondhokan wong Mangkunegaran, neng luwak Wedhi pondhoke, atur uninga sampun, dhateng Kanjeng Pangeran Dipati, putusan sampun prapta, ing Kedhung wus katur, ing Kanjeng Pangran Dipatya, tan winarna purwa wekasaning jurit, sampun katur sadaya.
  27. Nulya Kanjeng Pangeran Dipati, lajeng atur uninga keng rama, Susunan pasanggrahane, ing Tempuran kang Prabu, bumi luwak ing Sokawati, utusan lumaksana, tan wamanen rawuh, pasanggrahan ing Tempuran, sampun katur munggeng ngarsa awotsari, nuwun kula dinuta.
  28. Ing putra dalem Pangran Dipati, kang sembah bekti katur paduka, atur uninga wiyose, katindhih yudanipun, tiwas aprang lawan Kumpeni, purwa madya wasana, sedaya wus katur, emeng ing tyas Sri Narendra, wau ingkang karsa Kanjeng Sri Bupati, anenggih ingkang putra.
  29. Ingkang nama Pangeran Dipati, Anem tinuding ababantua, dyan adandan sabalane, binekta wadyanipun, abdi dalem tiyang kapilih, wus rakit ngayuda, swarane gumuruh, atur bekti mring kang rama, Pangran Dipati Anem matur pamit, ingiden mring kang rama.
  30. Dipati Anem bubar tumuli, sabalane mangidul lampahnya, datan winarna iampahe, Kedungwaringin rawuh, lan kang raka sampun kapanggih, kang rayi tur pranata, atata lungguh, Kanjeng Pangeran Dipatya, Mangkunegara ingkang pangandika aris, Yayimas paran karsa.
  31. Kanjeng Rama Sang Sri Narapati, dening para dhewe kang lumampah, kang manah langkung kepyure, ingkang rayi umatur, ingkang salam rama Nrepati, dhawuha ing sampeyan, pangandikanipun, ingkang dhawuh ing kawuia, lumakua kulup babantua jurit, marang kakang ira.
  32. Kawula sinektanan wong kapilih, sawewelinge Sri Narapata, katur mring kang raka kalih, dyan kang rayi sinuguh, mring kang raka anginum sami, dhahar minum kasukan, aluwaran sampun, ingkang rayi masanggrahan, sabalane sinugata mondhok sami, pirang antara nira.
  33. Pangran Dipati Mangkunegari, gennya pinarak Kedhung sewulan, ingkang rayi sapraptane, antara tigang dalu, kawandasa kang para mantri, lebet wus asiyaga, amiranti sampun, sadandananing ayuda, wau Pangran Dipati Mangkunegari, pulangsih lan pra garwa.
  34. Andhatengken sih mring para rabi, anutugi tuwin mekas wekas, ing ngingpere lampahane, pra selir pulang lulut, enjing Kanjeng Pangran Dipati, sigra ngrasuk busana, kaprawiranipun, mantri lebet kawandasa, wus sumaos tengara Pangran Dipati, bubar mring pabarisan.
  35. Lan kang rayi Pangeran Dipati, Anem angilen sabalanira, datan warnanen larnpahe, ing marga sigra rawuh, Pangran Adipati sakalih, rereb ing Waladana, amung kalih dalu, enjing lajeng sak abala, lan kang rayi lampahe datan winarni, kendel amasanggrahan.
  36. Ing Rejasa sakilening Wedhi, atetarub kang bala pepekan, pra tumenggung sowan kabeh, lan pra sentananipun, pangran Mangkudiningrat tuwin, Pangeran Purubaya, lan kang rayi tumut, Pangeran Mangkukusuma, sapraptane uluk salam tan asari, pra tumenggung manembah.
  37. Atanapi kang ngabdi pribadi, wong Jawa Sarageni lan Panumbak, mantri jaba pepak kabeh, kalangkung sukanipun, dening Senapati kang prapti, kadya ulam kasatan, kasrambahan banyu, gumantos Gustine prapta, sarta Pangeran Dipati Anem kang prapti, bantoni ing ngayuda.
  38. Samya matur purwaning ajurit, duk lumajar linanggar Welanda, niyaka ganti ature, weneh suka gumuyu, Pangran Dipati kakalih, mapan lajeng kasukan, adhahar anginum, pra tumenggung aledhekan, pra sentana niyaka bingar kang galih, purun malih angkatnya.
  39. Andrawina amekar kang galih, nutug samya wuru-wuru dawa, dyan luar bubar kabeh, mring pamondhokanipun, antarane mung kalih latri, mangkat saking Rejasa, enjinge lumaku, masanggrahan ing Guneman, pra tumenggung santana samya miranti, sabala pamondhokan.
  40. Neng Guneman atata abaris, wus miranti sabala-balanira, kawan dalu antarane, Pangran Dipati wau, anem putranira nerpati, semana nandhang gerah, ingundurken sampun, mantuk marang Sokawatya, sabalane lawan prajurit kapilih, lestari lampahira.
  41. Duk semana Pangeran Dipati, neng Guneman asring jemparingan, sentana niyaka kabeh, tanapi pra tumenggung, neng Teralag nika jemparing, kang ngabdi saben dina, Srageni pan agung, kumrap kang sarta benthakan, ngaben watang bebeksan aganti-ganti, surak ambal-ambalan.
  42. Mapan kumyung gangsa cara Bali, dalu Pangran Dipati tetegar, ngubengi pabarisane, malah asring mangidul, mring Prambanan natas sawengi, nengka baris Guneman, gantiya winuwus, nagri Metaram Ngayogya, kula bumi sedaya sampun lumadi, mring Kumpeni Ngayogya.
  43. Sampun radin tarub wong Mela wis, Deller mantuk dhateng ing Semarang, lawan wong pasisir kabeh, lan Nuprup salam mantuk, medal Kedhu deny a lumaris, lan pangeran Bintara, marang Salam mantuk, mampir medal ing Semarang, sabalane mring Salakerta negari, kang tinilar Ngayogya.
  44. Kumpeni para kapitan kari, pra upeksir Ambon myang Mekasar, Bugis Bali tumenggung kantun, neng Metaram jaga Kumpeni, abaris ing Ngayogya, lan sabalanipun, pirang dina antaranya, wus rerembag sawadyabala Kumpeni, lan sagung pra niyaka.
  45. Arsa nglanggar ingkang abaris, mring Guneman sigra asiyaga, wus melatar gegamane, pinara tiga sampun, wong KUmpeni saderma kari, atengga ing Ngayogya, myang Bugis lan wangsul, Kumpeni kang kalih duman, nglanggar mengsah bubar pra tumenggung ngiring, lampahe nyupiturang.
  46. Ngaler ngetan lampahing Kumpeni, pan andhendheng kumerab wurahan, nulya prapta ing lampahe, kendel sabalanipun, neng Temanggal bala Kumpeni, samya apamondhokan, lan para tumrnggung, sabalane pamondhokan, tiyang desa kang katrajang den rayahi, enjang mijil kang aprang.

PUPUH IV
M  I  J  I  L

  1. Neng Tumanggal sadalu Kumpeni, enjang nulya budhol, pan kumerab mangetan lampahe, wanci bangun rahinten lumaris, sawung kluruk muni, pakuwon jinujug.
  2. Sareng byar Prambanan prapti, sawadya ponan wong, baris Guneman langkung gegere, yen linanggar ing mengsah Kumpeni, sawanjur kula sami, pramilane kuwur.
  3. Samya lumajeng sagung pawestri, gugup para sinom, samya ngetan sadaya parane, samya kuwur kang para prajurit, pra pangeran sami, miwah pra tumenggung.
  4. Samya mapag wedaling ngajurit, sabalane kalong, tan antara Kumpeni dhatengi, pra pangeran pra tumenggung tuwin, acampuh ingjurit, gugup tur akuwur.
  5. Ing Kamalong genira ajurit, Kumpeni barondong, tan adangu kasoran yudane, pra pangeran lan tumenggung sami, lumayu kapati, ngetan purugipun.
  6. Salang tunjang pan arebut dingin, lan wong cilik awor, kang saweneh tan etang Gustine, pamberege anander Kumpeni, kang kacandhak mati, mila ajrih kantun.
  7. Dening Kanjeng Pangeran Dipati, nulya mundur alon, lawan mantri lebet prajurite, datan kangsi acampuh jurit, sabab kang prajurit, tiningalan kuwur.
  8. Pra tumenggung pra pangeran sami, sabala kang sasor, nora kandheg mangetan larute, rebut dhucung tan wonten kang nolih, Galodhogan prapti, pamondhokan kumpul.
  9. Kang ngabereg sagung ing Kumpeni, kandheg Wedi kang wong, nulya nulak wangsul sabalane, mangilen prapta Prambanan sami, amondhok Kumpeni, Perambanan kumpul.
  10. Kumpeni ararangkah bibiting, sawadya punang wong, narub aken wong cilik lampahe, kiwo tengen padhusunan ngenting, lumadi Kumpeni, wong bumi wus tarub.
  11. Ingkang kandhegGalodhogan bans, ingkang wini raos, pangran Dipati sabalane, pra pangeran sabalane nunggil, pra tumenggung sami, pirem bagan sampun.
  12. Mangkat ing Galodhogan lumaris, ngidul ngetan ngalor, samya kandheg jurit ing barise, pra pangeran tumenggung miranti, myang kang wadya alit, pamondhokan sampun.
  13. Dening Kanjeng Pangeran Dipati, denira mirantos, Pam asar ing pasanggrahane, amung mantri jero kang kinanthi, nulya animbali, garwa putranipun.
  14. Sabab gerah Pangeran Dipati, dyan kang Eyang rawoh, sareng rawuh putra garwa kabeh, saking ardi ing Kedungwaringin, Pam asaran panggih, pasanggrahanipun.
  15. Dening bala kang ngakathah baris, Barija ponang wong, angleresi ing wulan Siame, nulya garwa penirah ken aji, dhumateng Tasaji, masanggrahanipun.
  16. Neng Tasaji Pangeran Dipati, sabala minantos, pan antara sasasi gerahe, nulya saras Pangran Dipati, kang bala prajurit, lega manahipun.
  17. Nulya mangkat mring Ngarija aglis, prapta Barija wor, pra pangeran sawadyabalane, pra tumenggung para mantri Jawi, egar ingkang galih, senapati rawuh.
  18. Pangeran Dipati kasukan nuli, ngegarken sayektos, pra tumenggung pra pangeran kabeh, atenapi para prajurit, ngayem-ayem galih, sakeh balanipun.
  19. Sabalane pan datan winarni, gentya winiraos, wong Kumpeni bubar sabalane, saking Prambanan rumaket jurit, nyang wong Bugis Bali, Barija jinujug.
  20. Tatn Winarna lampahing Kumpeni, genti winiraos, pra tumenggung Barija barise, pra pangeran lan pangrandipati, kang baris pangarsi, Tumenggung kaplayu.
  21. Suramangunjaya atur uning, ing Gusti agupoh, yen Kumpeni Prambanan lampahe, sampun mangkat angglanggar mariki, dyan Pangran Dipati, atengara guguh.
  22. Pra tumenggung pra pangeran sami, sawadya mirantos, amiranti ngara-ara kabeh, amelatar atata-tata baris, neng wetaning kali, gennya rakit kumpul.
  23. Rakit aprang tinata prajurit, ngara-ara abyor, Pangran Dipati eler barise, pra pangeran neng-tengah ngenggeni, pra tumenggung rakit, enggene kang kidul.
  24. Samya majeng mangilen kang baris, abro lamun tinon, tan antara Kumpeni praptane, sakilen lepen wadya Kumpeni, tan purun nabrangi, kendel barisipun.
  25. Myang kangwetan tan purun nabrangi, samya ngatos-atos, dadya kendel dhep-dhepan bae, samya dhedhep pangajengan sami, ngantos dangu wanci, lingsir kilenipun.
  26. Dungkap ing ngasar ngantos kang jurit, tan ana kalajo, dangu-dangu Kumpeni lampahe, minger ngidul ngetan gen lumaris, dyan nabrang ing kali, lan sabalanipun.
  27. Pra tumenggung kang tinempuh dhingin, sawadya pun adhong, wong Kumpeni asru pengedrele, tan adangu denira ajurit, pra tumenggung ngisis, mangetan lumayu.
  28. Lajeng anempuh ngaler Kumpeni, angedrel lan mbrondong, pra pangeran tinempuh jurite, nora tahan pra pangeran ngisis, pra pangeran nuli, mangetan lumayu.
  29. Nora nana kang amongga pulih, larut samya bodhol, Kumpeni lajeng ngaler lampahe, lajeng campuh lan Pangran Dipati, mantri jro nadhahi, arame prang pupuh.
  30. Gya ingedrel mantri nadhahi, apanggah ing kewoh, Pangran Dipati panggah jurite, kan tun mantri jro panggah ing jurit, Kumpeni mbedhili, myang wong Bugis wangsul.
  31. Campuh ulet gen nira ajurit, kacampuh agalong, wong Jawane wus angisis kabeh, kantun Kumpeni lan wong Bugis Bali, acampuh tumuli, ulet yudanipun.
  32. Pangran Dipati karoban tandhing, mung mantri jro kang wong, lan kapendhak pira ing kathahe, langkung kirang sawidak kang ngabdi, para mantri jawi, sedaya wus larut.
  33. Iba kathahe ingkang Kumpeni, tur asru ambendrong, tarung pandhih sahandhap ngasare, ngantos tambur asar gennya jurit, prang bedhil-binedhil, mantri jro apengkuh.
  34. Pangran Dipati garjiteng galih, munduripun alon, mantri lebet kabyatan lawane, tinututan ingedrel Kumpeni, nanging kang prajurit, tan wonten kang lampus.
  35. Nanging niyaka pejah satunggil, bendhe kang tinaboh, pun Galang Ganjur iku namane, Kumpeni burn nora atebih, kasaput ing wengi, Brija mondhok sampun.
  36. Dening ingkang mentas kawon jurit, kewran manah elom, Pangran Dipati lan prajurite, nulya pakumpulan kandheg sami, kang lumayu dhimin, samya nulak wangsul.
  37. Pra Pangeran pra Tumenggung prapti, adhedheg asaos, lingsem mulat Pangran Dipatine, Ngoro-oro Gobang Pasurug nenggih, kucem aningali, kang para Tumenggung.
  38. Myang para Pangeran kucem sami, pan samya angraos, dening aprang dhingin palayune, sami tinilar ing Pangran Dipati, lumajeng rumiyin, tan sembadeng tanggup.
  39. Baiane nginum samya prajanji, tan ana kelakon, nulya ngetan Pangran Dipatine, ngetan mondhok pinggir ing kali, tekeng amiranti, kesah balanipun.
  40. Prapta dhusun Senggaringan uning, sedaya wus mondhok, aputusan tur uning surate, mring Susunan kang neng Sokawati, Tempuran kang ngaji, yen tiwas Sang Prabu.
  41. Ingkang lukita datan winarni, Kumpeni kang mondhok, neng Banjo sadalu enjinge, bubar mangilen wadya Kumpeni, mring Rrambanan malih, pamondhokan kumpul.
  42. Pan asuka kang wadya Kumpeni, neng Prambanan tanggon, mangan nginum pra upeksir kabeh, sarta utusan surat tur uning, dhumateng Sang Aji, ing Sala sigra nu.
  43. Sarta dhateng Semarang tur uning, lumepas kang kinon, tur uninga yen lanang jurite, kawarnaa Pangeran Dipati, pra niyaka sami, bubar sawadya gung.
  44. Prapta siji kapanggih sepi, dening para sinom, para garwa miwah putra kabeh, lajeng ngili mring Kedungwaringin, katimbalan sami, warnanen wus rawuh.
  45. Para putra garwa sampun prapti, nulya para sinom, tan antara kapernah kinage, ing Tambak aning rendhanging nginggil, pan sampun lumaris, rurubet sadarum.
  46. Pangran Dipati lan pra prajurit, pra pangeran among, pra tumenggung lawan sabalane, samya budhal mangilen lumaris, pamondhokan sami, Brijo wetanipun.
  47. Wonten Karangmanjangan abaris, nulya wonten rawoh, utusan kang rama praptane, Susunan Tempuran Sokawati, Sang Pangran Dipati, kang duta wus kabur.
  48. Mangke keng putra Jeng Pangeran Dipati, tinimbalan lawong, kinen karya masanggrahan age, jeng kang rama arsa anindaki, ambantoni jurit, atindak sang Prabu.
  49. Karya pasanggrahaning sumampir, kang wadya akalong, saler Wetan Masaran pernahe, sarta sahos sesegah pra yayi, tan kawarnaa dadi, pasanggrahanipun.
  50. Sunan kang aning ing Sokawati, mangkat sawadya katong, mapan miyos sakidul Salane, abebantu jurit, marga tan winarni, lampahe Sang Prabu.
  51. Sarawuhe Sang Nata wus mampir, kang putra miran tos, mapan methuk sawadya baiane, pra tumenggung pra pangeran sami, amapag Nerpati, sagegamanipun.
  52. Tata baris sami angurmati, kapapag Sang Katong, neng Majasta kumrutug urmati, lajeng masanggrahan Sri Bupati, kang para prajurit, tata pondhokipun.
  53. Pepekan para niyaka sami, asowan Sang Katong, samya dhahar sesegahan sakehe, segah saking Pangran Dipati, weradin wadya lit, kang sesegah agung.
  54. Sarta pirembagan Sri Bupati, kang putra tinaros, pra sentana pra tumenggung kabeh, pra niyaka sedaya tinari, surup sang Hyang Rawi, pra niyaga mundur.

PUPUH V
D  U  R  M  A

  1. Sri Narendra injing miyos sinewaka, andher para prajurit, miwah pra niyaka, andher munggeng ing ngarsa, myang pangeran Adipati, myang para Pangeran, munggeng ngarsa Nrepati.
  2. Sri Narendra ngandika apirembagan, den arsa nganteb jurit, karsane Sang Nata, ngaben dharat kang bala, niyaka matur wotsati, unining karsa, ing kanjeng Sri Bupati.
  3. Nulya Pangeran Dipati Mangkunegara, tinantun ing Ramaji, kang rama ngandika, kulup Adipatya, wong kang matur sanggup wani, kaya tan paran, kang wis kalakon jurit.
  4. Mapan sira anindhihi ing ngajuda, apa ñora ngoncati, kang sanggup mengkana, ature ingkang putra, anuwun duka Nrepati, kang kalampahan, tan wonten ingkang yekti.
  5. Tan sembada sanggupe neng ngarsa Nata, duka dalem ing mangkin, ingaben Sang Nata, katindhiyan priyonggo, bilih manteb ing ngajurit, panawang kula, abdi dalem ing mangkin.
  6. Sedayane sami alit ingkang manah, kininten boten kenging, kabakalan Sang Nata, samya ngethat sedaya, sareng mirsa sang Nrepati, aturing putra, legeg Sri Narapati.
  7. Riseksana Sri Naranata ngandika, kulup paraning kardi, becike linakyan, umatur ingkang putra, sumongga karsa Nrepati, datan antara, nulya kasaput ing wengi.
  8. Pra nayaka sedaya kinen rembagan, dyan wonten mantri prapti, pan mentas kawon yuda, saking Kedu semana, ngandika Pangran Dipati, ran Jagalatan, abaris Kedu uni.
  9. Pan rumiyin pinundhut ing Sri Narendra, tinanem Kedu uning, nilya Sri Narendra, wau kang pangandika, lah kulup Ki Adipati, Mangkunegara, ing mengko karsa mami.
  10. Yen mangkono payo rebut pagaweyan, ing Kedu sun leboni, pan sira kariya, ing kene den prayitna, arinira Ki Dipati, Anom sun tilar, Gunung Kidul prayogi.
  11. Abarisa ngadhepana ing Metaram, mra tuwane kang kanehi, ya Si Jayaningrat, lawan Si Janapura, Jayanegara akanthi, Kumpeni Yogya, jampangana kang bans.
  12. Pangran Adipati tan lengganeng karsa, sandika anglampahi, dyan Pangeran Dipatya, Anem putrane Nata, kinen umangkat kariyin, minggah ing arga, tan kawarna ing margi.
  13. Pangran Adipati Anem sampun minggah, ing ardi Kidul wus prapti, lan sabalanira, lan Jcang maratuwa, Suradiningrat Metawis, Suyanapura, lawan Jayanegara.
  14. Dyan Sang Nata umangkat ngaler sabala, kang tumut ing Nrepati, wong jro sedaya, Rangga Wirasentika, Tumenggung Suryanegari, lan Jayadirja, Mengging Kartanegari.
  15. Lan Tumenggung Brajamusthi Wiradigda, Mandaraka lan malih, Mengging Ngalap-alap, mantri jero sedaya, Pangeran Purbaya lan malih, Mangkukusuma, Pangran di Wijayeki.
  16. Sarageni jangka pilih pinilih samya, Suryanata lan Brija, Nirbita Nirbaya, lawan wong Jagasura, Jamenggala Judhipati, wong nangkrag nyata, nameng yuda tanapi.
  17. Martalulut lawan wong Singanagara, gandhek myang ingkang mantri, Anem lan Kanoman, myang ingkang para magang, umangkat saking Metawis, Sri Naranata, ngaler ngilen lumaris.
  18. Paning leter kang sinedya kamargana, Kedhu den arsa jogi, dening kang tinilar, Pangeran Adipatya, kalawan wau kang rayi, nenggih Pangeran, Mangkudiningrat kari.
  19. Apan anging kanthi baiane piyambak, ajengaken Kumpeni, kang baris Prambanan, lawan mengsah ing Sala, rubuhan Pangran Dipati, Mangkunegara, aterken ing Nerpati.
  20. Lan jagani Kumpeni mengsah Prambanan, lajeng Pangran Dipati, rakit pamondhokan, sawetaning Barija, neng Karangmanjangan bans, sabalanira, Pangran Adipati.
  21. Duk umangkat mring Kedu wau Sang Nata, ing dina Septu manis, tanggal ping songolas, taun Ehe semana, ing wulan Sawal, sangkala Sacad, Turonggo Ngarsa Wani.
  22. Sri Narendra arereb kuwel semana, dene Pangran Dipati, neng Karangmanjangan, sabala babarisan, pawestri wetan Tasaji, Pangran Dipatya, sring tinjo mring Tasaji.
  23. Kawarnaa lampahe Sri Naranata, aneng kuwel Nerpati, rereb tigang dina, gennira masanggrahan, nulya budhal Sri Bupati, sabalanira, ngaler ngilen lumaris.
  24. Lereb dhusun kang ledhokan tigang dina, enjing bubar lumaris, alereb ing Jethak, sedalu enjang bubar, mangilen lereb lumaris, medal sukunya wukir Prababu margi.
  25. Pan sadalu tumurun jurang anabrang, lepen Andaru nenggih, ing leter tata tata, rembagan lan pra Dipati, datan winarna, lampahe Sri
  26. Wong Kumpeni kang ngebaris ing Magelang, mayor Kalerek tindhihe, Walandi kathahnya, sa Kumpeni sadaya, satus Bugis lan wong Bali, Bupati Jawa, sekawan kang nindhihi.
  27. Lan Tumenggung Natayuda Mangkuyuda, Wiraguna lan malih, Tumenggung Wiradigda, kandhane Mantri Jaba, Susunan ingkang winarni, Amasanggrahan, ing Ngleter kawan latri.
  28. Enjang bibar ngilen wand lingsir mangkat, ing Medana wus prapti, rereb babarisan, sawab celak kang mengsah, Magelang baris Kumpeni, Sri Naranata, Jagalatah tinuding.
  29. Ngandikken lelampahan ing wuntat, lan sakancane mantri, anulya kang mengsah, Kumpeni ing Magelang, mirsa mengsahe wus prapti, taksih lelampah, nulya tengara aglis.
  30. Wus siyaga Kumpeni sabalanira, sumedya anututi, mring Sunan kang prapta, Bugis Bali wong Jawa, wus miranti ing ngajurit, pangagengira, Kapitan Nengkap nenggih.
  31. Titidhihe wong Bali Bugis wartanya, kapiten Pandhem nenggih, Wong Jawa semana, sepalih kang binekta, sepalih kari neng biting, saking Magelang, byar rina gennya prapti.
  32. Pan sadalu lampahipun balilungan, bingung tan angsal margi, prapta sareng ebyar, ngardi Kekeb semana, kawarnaa Sri Bupati, saking Medana, umangkat ngilen nenggih.
  33. Sampun prapta ing desa Mudana semana, meh dungkap ing peragi, nulya mengsah prapta, Kumpeni saking wuntat, angadhol bala Kumpeni, tata Sang Nata, kandheg tata rakit.
  34. Sawarnine prajurit ing Kasunanan, kinen dharat sami, nanging pra pangeran, kinen sami kapalan, sabalane wus miranti, majeng mangetan, prasamya wulu sami.
  35. Jagalatan kinen ngulihna para garwa, angirida pawetri, sawarnine kapal, kang darbe samya dharat, kinen nunggangi wong Cili, Ki Jagalatan, udaya kang angirid.
  36. Kinen sami anander ngilen sedaya, nulya bala Kumpeni, pun sami uninga, kapal ngilen sanderan, kathah nander kang turanggi, sigra tangginas, tumurun saking ardi.
  37. Ardi Kekeb Kumpeni agegancangan, sumedya anututi, kapalang katingal, ngilen karsa sanderan, tan antara wong Kumpeni, pan sareng celak, panggenane Sang Aji.
  38. Sri Narendra prajurite sampun mapan, Nulya Sri Narapati, tengara gumerah, songsong sigra den egar, sarta giyak kang prajurit, Kumpeni kagiyat, nulya ngarutug bedhil.
  39. Sareng peteng dening kukusing mendawang, prajurit ngamuk wani, samya majeng rampak, prajurit sareng numbak, wong Kumpeni kathah mati, titiyang Jawa, miwah Bugis myang Bali.
  40. San sisane kang pecah sami lumajar, ngungsi magelar malih, dening tiyang Jawa, pre tumenggung lumangliya, mangetan samya ngungsi, ing Ngandong prapta, wau kang menang jurit.
  41. Pra sentana samya bubujung kang mengsah, wangsul mangilen malih, dening Sri Narendra, kandheg Secang semana, mirsa Welandi kang mati, slikur sedaya, dening Bugis lan Bali.
  42. Tiyang Jawi kang pejah boten kapetang, akathah kang ngemasi, Welandi kang kacandhak, kacepeng maksih gesang, wewolu katur Nerpati, bala Sang Nata, gangsal kang nandhang kanin.
  43. Wong Srageni ingkang ngatatu tetiga, tiyang Bugis kekalih, welandi kacandhak, welandi kacepeng gesang, wawalu wus den pateni, nulya Sang Nata, rembagan lan prajurit.
  44. Lan sagunge pra niyaka pirembagan, nulya tengara aghs, bubar Sri Narendra, nulya nabrang Peraga, ingarsa wus ngrumiyini, mantri akarya, pasanggrahan Nerpati.
  45. Jagalatan kinen karya pasanggrahan, lan sakancane Mantri, sakilen peraga, wasta dhusun Lowangan, Sang Nata mapan lumaris, Amesanggrahan, sawadya amiraiiti.
  46. Kiwa tengen wong Kedu wus asesegah, suyud ing Sri Bupati, nulya wonten Praga, Bupati lan sagarwa, lan putranipun kakalih, saking singidan, ing ngardi Lawah nenggih.
  47. Wasta Raden Mangkupraja lan sagarwa, lan anake kakalih, semana asowan, dhumateng Sri Narendra, jujug Jagalatan nenggih, lajeng asowan, ing Kanjeng Sri Bupati.
  48. Mangkupraja dinangu sapraptanira, sedaya tan winarni, nulya Sri Narendra, ndangu papan kang rata, kang jembar ingkang prajogi, dinamel watang, Jagalatan tinuding.
  49. Kinen karya pasanggrahan kang prayoga, aneng ing Margawati, sajroning Kerapyak, papan rata ajembar, alun-alun wus rinakit, lan pasanggrahan, sapasar sampun dadi.
  50. Sri Narendra umangkat sawadyabala, ngaler ngilen lumaris, rawuh pasanggrahan, salebeting Kerapyak, ing Margawati anenggih, rakiting kitha, lir kedhaton nerpati.
  51. Sri Narendra dhatan pegat gegamelan, semana Sri Bupati, asring dhateng wana, ambereg amendhet kuda, antarane pitung latri, aneng Kerapyak, salin lir madugendhis.

PUPUH VI
DHANDHANGGULA

  1. Nata ngendika mring Demang Kenthi, he, Ki Kenthi sira paringena, ukiran tunggak semine, marang Mangkuprajeku, ingkang tapak asta Sang Aji, kinen amanjingena, marang dhuwungipun, iya kang keris Wasiyat, sasampune pinaringan tunggak semi, mring raden Mangkupraja.
  2. Duk pinaringan kang tunggak semi, Raden Mangkupraja antaranya, sareng sadalu lamine, injing jeng Sang Aprabu, pepak ingkang wadya prajurit, rakit aneng ngajengan, atap munggeng ngayun, miwah kang para sentana, pan tinantun arembug dening prakawis, lan Raden Mangkupraja.
  3. Pra sentana ing Kedhu wus gilig, nanging Pangran Purbaya kang malang, pan maksih magel rembuge, nulya tinundhung metu, ingkang para sentana mijil, marang ing pagelaran, nenggih ingkang kantun, prajurit lebet kewala, ingkang sowan atap munggeng ing ngarsa ji, sampun grahiteng ing tyas.
  4. Katingalan Mangkupraja prapti, sowan munggeng ngarsane Sang Nata, Sang Nata pangandikane, kakang Mangkuprajeku, paweh kula ukiran ugi, sampun andika pacak, Mangkupraja matur, inggih sampun kula pacak, nanging dede dhuwung wasiyat Sang Aji, kula angge menika.
  5. Ngandika malih Sri Narapati, dika pundhut kang dhuwung wasiyat, kula bandhinge warnane, dhuwung utusan sampun, sadhatenge katur Nrepati, Sang Nata angandika, pundi werninipun, kang ngangge dhuwung ngandika, dyan ngaturaken dhuwung ing Sri Narapati, Sang Nata angandika.
  6. Mara ta bocah ukiran iki, becik endi lan ukiran ingwang, sira sawanga karone, prajurit samya matur, inggih pened damelan Aji, pangandikaning Nata, ya bener aturmu, ya becik gaweyan ingwang, teka sedheng dedege semene iki, wadyabala ngandikan.
  7. Dyan tumandang prajurit ngebyuki, raden Mangkupraja wus binanda, sarta lan putra kalihe, sami binekta sampun, angandika Sri Narapati, wong kaya Mangkupraja, wong kudu malincur, anak wong dadi bupatya, rabi putrì rasanya tan wruh ing becik, kongangane duk tilar.
  8. Teka teluk duk kidhang ajurit, nora ngamuk cundhuk angawula, mengko anedheng pikire, singa menang amilu, desitun ing wong tan idhep ngisin, iya si Mangkupraja, wus gawanen metu, mring masjid nulya binekta, prapteng masjid mas Rangga ingkang tinuding, lawan Singanegara.
  9. Amundhuta ingkang pati urip, Raden Mangkupraja aturira, sarwya dres mijil waspane, sumangga ingkang Prabu, nanging anak kawula kalih, sampun ta pinejahan, tim balan Sang Prabu, ilang den tega pracaya, ingsun dhewe kang mupu anak sayekti, aja apalang driya.
  10. Mangkupraja kaetang kang rabi, lawan putrane kalih kaetang, andhres wedale waspane, nulya linawe sampun, Mangkupraja nulya ngemasi, anulya ingkang garwa, nenggih Raden Ayu, Mangkupraja sareng mirsa, yen kang raka linawe sampun ngemasi, nulya anjrit aniba.
  11. Raden Ayu gumuling neng siti, nora emut ing purwa duksina, tan antara sanglilire, gegulungan Sang Ayu, pegat-pegat genira nangis, tresnane ingkang raka, nanging kang kaetang, nulya arsa îumebuwa, nulya mangkat ing pondhoke sarywa nangis, kori wus tinangkeban.
  12. Prapteng lawang datan angsal kori, Raden Ayu angamuk karuna, wong seba langkung gegere, akedah ngrebut duwung, nora angsal panderah pati, anggujeg angamuka, ing manah wus liwung, arsa belani kang raka, sarta nangis Raden Ayu kontrang-kantring, kang sowan wus prayitna.
  13. Raden Ayu Mangkupraja nuli, dyan sinikep maring Jayadirja, Jayaleksana rewange, sigra kabekta mantuk, marang pondhokira pribadi, lawange kinacingan, inugur den sampun, ingkang layon Mangkupraja, sinucenan sinalataken tumuli, pangulu Suryanata.
  14. Ingkang layon kapasrahaken aglis, marang Mantri Kedhu JagaSatan, pinetak Juiraw astane, kang putra kalihipun, Mangkupraja nulya tinari, tinantun kalih pisan, dhumateng Sang Prabu, tresnaning lan ramanira, Ian Sang Nata umatur pctra kakalih, sarywa ngulaipi waspa.
  15. Inggih tresna dhateng Sri Bupati, kalih pisan pan sami aturnya, sumangga karsa Sang Rajeng, angandika Sang Prabu, lah imbaran putra sakalih, kaimbar Suryanata, lawan ki Pangulu, sasampunira den imbar, linuwaran wau kang putra kakalih, kang karsa Sri Narendra.
  16. Langkung awlas mring putra kakalih, Sri Narendra kalangkung pracaya, marang putra sakalihe, nulya samya jinunjung, sinung nama Raden Ngabehi, aran Mangkuwijaya, kang anem ranipun, Rahaden Mangkudiwirya, sinung lenggah gangsal atus putra kalih, mufakat pra niyaka.
  17. Pra sentana sagung para mantri, wus mufakat aneng ing pagelaran, nama Raden sakalihe, anulya Raden Ayu, Mangkupraja kapernah nuli, wonten dhusuning Juma, pan antaranipun, amung kalih dasa dina, Sri Narendra akarsa mangkat tumuli, saking ing Margawatya.
  18. Sawadyabala ngidul lumaris, nulya prapta Nata masanggrahan, aneng Menggora wastane, ya ta wau Sang Prabu, pirembagan lan pra Dipati, Sang Nata angandika, dhumateng Tumenggung, Wiradigda Mandaraka, mingarasi nulat Jagalatan singgih, sira padha kariya.
  19. Aneng Kedhu sakancane mantri, jampangana Kumpeni magelar, Sang Nata nulya enjinge, nulya mangkat Sang Prabu, prapta masanggrahan Narpati, caketing padhusunan, Gawon wastanipun, ing kali Anyo wastanya, nulya wonten warti yen Kumpeni prapti, nanging taksih lelampah.
  20. Saking Begelen bala Kumpeni, pan sumedya babantuwa yuda, Kumpeni magiar barise, kathahe patang puluh, kandheg dhusun Sepura sami, nulya Kangjeng Susunan, pirem bagan gupuh, lan sagung para niyaka, Pangran Adiwijaya Purbaya malih, Pangran Mangkukusuma.
  21. Kertanegara ingkang tinuding, lajeng marang Begelen lampahnya, lawan sakanca mantrine, mring Pindi mapag mungsuh, Kalibata enggen Kumpeni, nanging anglis kewala, Jeng Susunan lajur, mring Gawang ngilen lampahnya, pan sumedya anggitik mengsah Kumpeni, kang wonten ing Sempura.
  22. Ing Sempura enggening Kumpeni, nora mirsa yen Susunan prapta, wonten Kaliamba nggene, wonten Sempura iku, injang bibar bala Kumpeni, Sang Nata alelampah, Kumpeni ametuk, kathahipun kalihdasa, margenipun ingapit jurang abambing, nulya ingkang pangarsa.
  23. Kasunanan campuh lan Kumpeni, pan kasoran ginrutug senjata, lumaywa angisis kabeh, malah kathah kang tatu, pra niyaka kang munggeng ngarsi, nulya Sri Naranata, pan kagiyat andulu, yen wadyabala pangarsa, samya buyar ical tatane kang baris, nulya Sri Naranata.
  24. Prajurit lebet ing tatagan lis, payo bocah majuwa ing yuda, padha adharata kabeh, sakilen lepen campuh, soroh amuk ngantep ngajurit, tan kandheg sinenjata, Kumpeni agugup, sarta kathah kaprawasa, tinumbakan Kumpeni akathah mati, ingkang gesang lunlajar.
  25. Samya ngungsi mring Toyamas malih, ingkang pejah mapan kalih welas, kajawi Bugis Baline, limalas ingkang lampus, Kasunanan bala kang mati, Sarageni satunggal, Bugis siji lampus, ingkang atatu lilima, wonten malih adhine pun Brajamusthi, pejah aneng ing rana.
  26. Kathah tatune kedek turanggi, wantune dharat katrajang kapal, duk aprang wanci enjange, baiane Sang Aprabu, pan sadaya babadhang sami, nulya Sri Naranata, masanggrahan dhusun, nenggih wonten ing Sempura, sakeh wadyabala amondhok miranti, aneng dhusun Sempura.
  27. Magangipun mas Rangga satunggil, wastanipun pun Suradirana, wijilipun rumiyine, magang rumuwunipun, Saking Kanjeng Pangran Dipati, Arya Mangkunegara, kagadhuhken niku, mring patih Kudanawarsa, kalah kecek purwane liwung kang galih, mila tumut mas Rangga.
  28. Dhateng Kedhu hatongtoning jurit, kapracaya dhateng Sri Narendra, nulya jinunjung linggiye, kadamel lurahipun, Suryanata kang den lurahi, awasta Jayengrana, langkung sih Sang Prabu, semana pinutra-putra, nulya ka’beh wong Bugis pan atur bekti, sesegah Sri Narendra.
  29. Enjang Sang Nata bubar lumaris, Sri Narendra ngidul lampahira, marang Bagelen, karsane, nenggih pangajengipun, Pangran Purubaya lan malih, Pangran Mangkukusuma, wong desa wus tarub, samarga-marga sesegah, tan winarna dhusun Bageien wus prapti, Sri Nata masanggrahan.
  30. Ingkang wonten Bageien semana, neng Selalembu barise, Arungbinang kang tumut, ing Lowanu kang den barisi, Arungbinang miyarsa, yen Sang Nata rawuh, angancik dhusun ing Pucang, kang abaris Luwanu bubar anuli, lumayu gurawalan.
  31. Samya ngungsi kang baris Kumpeni, ing Selalembu atur uninga, yen mengsah Sunan dhatenge, ngancik ing Pucang sampun, gupuh wadyabala Kumpeni, Tumenggung Arungbinang, atengara gupuh, bubar saha balanira, pan sumedya anglanggar mengsah kang prapti, ya ta Sri Naranata.
  32. Kang arereb ing Pucang Nrepati, saha bala naming kalih dina, nulya tengara enjinge, umangkat Sang Aprabu, alelampah Sri Narapati, prapta ing ara-ara, Welaran ranipun, lajeng tata pasanggrahan, pra niyaka dereng rawuh Sri Bupati, taksih mlampah neng wuntat.
  33. Pra niyaka ingkang sampun prapti, aneng Welaran bedhug wayahnya, nuju ing Rebo dinane, ping pitu tanggalipun, wulan Besar Ehe kang warsi, nuju Kumpeni prapta, dyan nerajang campuh, ararne genira yuda, pan ingamuk lumayu bala Kumpeni, binujung ing ayuda.
  34. Pan sawelas Kumpeni kang mati, pan sedasa kang kacandhak gesang, miwah wong Bugis Baline, limalas ingkang lampus, pan lilima kacandhak urip, sakarine lumajar, samya rebut dhucung, ngungsi loji ing Ungaran, ing Bagelen dening balane Sang Aji, kakalih kang pralaya.
  35. Mapan nenem ingkang nandhang kanin, rereb sadalu enjinge bubar, mangilen saha balane, lingsir kilen gen rawuh, sak kidule Ngungaran singgih, Sang Nata masanggrahan, pan kapernah kidul, lawan banse Walanda, pra niyaka pra sentana wus arakit, maju pabarisan ira.
  36. Pan kinepung barising Kumpeni, enjingipun loji dyan rinangsang, tamng sanjata ararne, sadinten gennya tarung, datan wonten kasoran kalih, reren denira yuda, pan kasaput dalu, antara setengah candra, nulya binten Kumpeni babantu prapti, saking kilen Toyamas.
  37. Bupatine kang tumut Kumpeni, Menggung Yudanegara Toyamas, Kandhuruwan sabalane, wong pamerden pan tumut, wong ing Panjer banjar tut wuri, wong Kumpeni sawidak, wong Bugis wong Bangsul, kathahipun kalih belah, sapraptane lajeng lumebet ing loji, ing Ungaran sedaya.
  38. Sunan kang ngepung wus miyarsa warti, yen babantu Kumpeni wus prapta, Susunan tengara age, bubar sawadyanipun, mring Semarang ing ambal malih, sakiduling Toya, kali Lereng iku, pamrih talade ing papan, pan sadalu nulya Kumpeni dhatengi, abaiane anglanggar.
  39. Kumpeni aneng salering kali, arsa nabrang sarta dandan sasak, Susunan tengara age, rakit sabalanipun, sedya purun mapag ing jurit, akarsa ngrebut sasak, ngandika Sang Prabu, heh, Tumenggung Cakrajaya, arebuta sasak lawan para mantri, atur sembah dyan mangkat.
  40. Dening rakite para prajurit, wong Kasunanan sira mas Rangga, kalawan kanca m an trine, kang Kulon pra Tumenggung, samya dhedhep para prajurit, wonten ing pakarangan, lan prajurit jero, samedale saking Wetan, dhedhep wonten ing pakarangan amiranti, miwah para Pangeran.
  41. Pernah kilen sak kiduling kali, Cakrajaya kang ametu tengah, lawan sakanca m an trine, majeng dyan kinarutug, pan ingedrel marang Kumpeni, mundur Ki Cakrajaya, Kumpeni anggergut, dadya ageng manah ira, samya nabrang wetawis seket Kumpeni, pan kandheg anyenjata.
  42. Nulya Rangga sakancane mantri, sarta prajurit jero sadaya, sareng ngalok giyak kabeh, bendhene sarta tambur, wong Kumpeni kagyat ningali, nulya mundur anabrang, mangalor agupuh, prajurit ing Kasunanan, nyereg wani anabrang salering kali, myang kang para niyaka.
  43. Wong Kumpeni sedaya ngunduri, sarta ambedhil maryem senapan, gumrudug bareng tambure, wong Kasunanan maju, datan kandheg dennya mbedhili, surak sarta agiyak, Kumpeni lumayu, mariyemira kabandhang, lawan obat punika sampun akenging, waos binang satunggal.
  44. Wong Kumpeni nenem kang ngemasi, Kasunanan satunggal kang pejah, wong nenem tatu kathahe, wong jawi roro tatu, sampun mundur ingkang ngajurit, Sri Nata masanggrahan, ing wayah wus surup, duk ngoncati Sri Narendra, dina Kemis tanggal patbelas kang sasi, Sura tahun Jimawal.
  45. Maksih ageng kang bantu Kumpeni, mondhok saler lepen sedaya, lan bala Bugis Baline, Arungbinang tumenggung, atenapi sagung pra mantri, wong Banyumas lan Rema, pamerden pan tumut, ya ta wau Sri Narendra, pirembagan sadalu lan pra dipati, myang kang para pangeran.
  46. Ngraos wegah kathahing Kumpeni, wus mufakat arsa ngoncatana, ngulari papan aneter, injing tengara sampun, nulya bubar Sri Narapati, sabalanya mangetan, Bupati Tumenggung, lampah neng wingking sedaya, amung ingkang prajurit lebet neng ngarsi, ing talaga Ji prapta.
  47. Injing mangkat mangilen lumaris, Sri Narendra wus prapta ing Benda, injing lajeng mangkat maleh, ing Wirasaba rawuh, nulya ingkang para Bupati, kinen akarya sasak, mung Nata mangkat sakbala, nabrang ngaler sabala miwah prajurit, prapta dhusun Ngrasukan.
  48. Sedalu injing mangkat lumaris, prapta masanggrahan wonten Jenar, aperembagan Sang Katong, pra sentana Tumenggung, pra niyaka para prajurit, wus mufakat ing rembag, kandeg sedaya purun, arsa ngantenana mengsah, aneng Jenar atata rakiting jurit, arsa yuda kenaka.

PUPUH VII
P A N G K U R

  1. Sang Nata saha balanya, masanggrahan antara tigang latri, Kumpeni amangkat gupuh, saking pondhokanira, pan sumedya anglanggar marang Sang Ratu, pengagenge wong Welanda, mayor Kalerek Kumpeni.
  2. Welandi Usar kapalan, Pangagenge kapitan Vel kang nami, Dragunder pangagengipun, Kapitan Ucel ika, sami kapalan Usar lan Dragunderipun, para Daheng pan sawidak, kalih belah wong Kumpeni.
  3. Kumpeni Islam caruban, Ambon Mlayu Bugis kalawan Bali, kawanatus patangpuluh, dening kang wadya Jawa, wetarane kirang langkunga wong sewu, pangagenge ing wong Jawa, wetarane kirang langkunga wong sewu, pangagenge ing wong Jawa, Tumenggung Yudanegari.
  4. Kalawan Ki Kandhuruwan, Jawi krama kalawan Wira mantri, Ki Wiradigda Tumenggung, Ian Tumenggung Ngurawan, ing pamerden Banjar panjer Ngromo tumut, tanapi wong ing Banyumas, datan kawarna ing margi.
  5. Sareng wayah lingsir Wetan, ing Ngungaran won Klimpeni duk aprapti, dening baiane Sang Prabu, sampun rakit sedaya, neng sajroning pakarangan dennya kumpul, Kumpeni lampah atata, baya tata pinggir kali.
  6. Sawetaning pakarangan, wong Kumpeni tan uninga Nrepati, lajeng eca lampahipun, Kumpeni ingkang wuntat, ingkang ngidul sigra aneijang purun, mring kang baia Kasunanan, lajeng campuh lan Kumpeni.
  7. Den amuk Kumpeni buyar, kang neng ngajeng maksih eca lumaris, Kumpeni kang Wetan campuh, den amuk nulya buyar, wong Kumpeni sedaya lajeng binuru, denirg baia Kasunanan, Kumpeni ageng neng wuri.
  8. Nenggih Kumpeni kang wuntat, mayoripun anerajang pawestri, tan antara nulya campuh, ulet denira yuda, langkung rame tan wruh rewang tan wruh mungsuh, samya langkung linangkungan, Sunan bingunge tan sipi.
  9. Sang Nata langkung bramantya, sabalane nulya bali mring wuri, Sang Nata nulya amuwus, prajurit kinen dharat, derah pejah sabalanira Sang Prabu, sabab mirsa para garwa, kacandhak marang Kumpeni.
  10. Kumpeni Mayor uninga, yen Susunan dharat tangkep ing jurit, anulya Kumpeni mundur, arakit ngara-ara, dyan Susunan sabalane lajeng laju, bala Kumpeni atadhah, nulya campuh ing ngajurit.
  11. Langkung ramening kang yuda, alah wau ulet wus mati binedhil, caruk pedhang tumbak dhuwung, sareng Mayor palastra, wong Kumpeni kang gesang samya lumayu, Sunan kandheg ngara-ara, kang lajeng bujung Kumpeni.
  12. Pangeran kakalih pisan, Cakrajaya lawan Kartanegara, wau Walandi kang lampus, ing Rana tigang dasa, punjul tiga pangajenge ingkang lampus, saestu Sri Naranata, antuk pitulungan Hyang Widi.
  13. Walandi kacandhak gesang, kawandasa sekawan dipun telasi, luknang siji sampun lampus, kapejahan sadaya, wong Kumpeni selam sabrang sampun lampus, pan kawandasa sakawan, sesanga kacandhak urip.
  14. Wong Jawa mantri kang pejah, wong wewalu mantri Jawa ngemasi, bandhangan obat kehipun, kalih likur tong ika, pan kajawi bandhangan senjata dhuwung, kathah bandhangan senjata, butamal mawarni-warni.
  15. Dening bala Kasunanan, ingkang pejah dhelan Suryanegari, Ki Mangunnegara lampus, prajurit jro kang pejah, nanging gangsalipun kang tatu pepitu, wong jaba mati satunggal, pepitu kang nandhang kanis.
  16. Pangeran ing Purubaya, lan pangeran Mangkukusuman nenggih, kadukan dhateng Sang Prabu, kang mantri pinundutan, datan wonten kang kantun rerehanipun, nanging kantun kang lelenggah, wau pangeran kekalih.
  17. Kala prang ing dina Ngakhad, ping salawe tanggal Sura kang sasi, Susunan sakbalanipun, andhatengken kasukan, wantuning wong mentas menang yudanipun, enjing anembang tengara, angaler ngilen lumaris.
  18. Dyan prapta masanggrahan, Narendra wonten ing Toya urip, atata sakbalanipun, samya apamondhokan, dening bala Kumpeni sakantunipun, kang masih gesang ing Rana, lumayu ngungsi ing Loji.
  19. Miwaha tiyang Jawa, pra Tumenggung sakarine kang mati, sedaya kumpul lumayu, ngungsi loji Ngungaran, samya mempen neng loji sabalanipun, kocapa sri Naranata, ngandika mring rayi kalih.
  20. E, yayi mas Purubaya, lan si adhi Mangkukusuma kalih, sira barisa ing Bandung, atur sembah umangkat, sampun prapta abaris wonten ing Bandung, Sang Nata gen masanggrahan, wonten dhusun Toyaurip.
  21. Antara sedasa dina, wong Kumpeni wong Jawa, Bugis, Bali, ingkang angungsi lumayu, marang loji Ngungaran, pan antara sapeken ing laminipun, nulya wonten byantu prapta, Kumpeni saking Tetegil.
  22. Kapitan Lerek wastanya, kawandasa kathahe wong Kumpeni, dening Buhugis lan wangsul, pan anging wolung dasa, kapitane Dhaeng Mabelah ranipun, dalu praptane Ngungaran, wau ta kang bantu prapti.
  23. Sampun taken tinakenan, ingkang mentas kasoraning jurit, kalawan enggening mungsuh, sedaya tan winarna, nulya enjing tengara Kumpeni kumpul, kapitan Kerek umangkat, sawadyabala Kumpeni.
  24. Sumedya anglanggar mengsah, ingkang wonten ing Bandung ingkang bans, gegancangan lampahipun, wan Pangran Purubaya, Pan gran Mangkukusuma kang bans Bandung, kagyat kadhatengan mengsah, yen kumpeni andhatengi.
  25. Tengara rakit ngayuda, pangran kalih sigra campuh ajurit, tarung senjata gumrudug, Kumpeni sru nyenjata, Pangran kalih sabalanira agergut, angangseg purun kewala, wan kang baia Kumpeni.
  26. Bubar sadaya lumajar, samya ngungsi loji Ngungaran malih, Kumpeni sabalanipun, ing Ngungaran wus prapta, Pangran kalih atur uninga sang Prabu, yen Kedhatengan ing mengsah, linanggar baia Kumpeni.
  27. Menang genipun ayuda, katarima suka Sri Narapati, ya ta renane Sang Prabu, anulya parembagan, pra niyaka sadaya samya tinantun, Sang Nata arsa umangkat, saking Bagelen tumuli.
  28. Ingkang karsa Sri Narendra, marang Kedhu pra niyaka angiring, wonten dening ingkang kantun, neng Bagelen baris, pangran Purubaya lan sakancanipun, lan pangran Mangkukusuma, lawan sakancane mantri.
  29. Ing rembag sampun mufakat, injing bibar sabala Sri Bupati, Toyaurip wus kapungkur, ngaler ngilen lampahnya, nulya prapta Melarang rereb sedalu, injing tengara umangkat, Kalibata wus prapta.
  30. Kalih dalu enjing mangkat, nulya prapta wonten dhusun Kemuning, amasanggrahan sedalu, injing tengara budhal, nulya prapta ing Telaga Sang Aprabu, anulya amasanggrahan, alami satengah sasi.
  31. Kawarnaa kang tinilar, pangran kalih kantun Bagelen baris, Toyaurip anggenipun, nulya mangkat m angetanprapta, dhusun ing Rendhetan wastanipun, antara sadasa dina, kawarnaa wong Kumpeni.
  32. Kang ngungsi loji Ngungaran, ingkang kawon aprang Jenar rumiyin, umangkat sabalanipun, mantuk dhateng Semarang, pra Tumenggung kekalih ika kang tumut, Ki Tumenggung Wiradigda, Jayawikrama tut wuri.
  33. Kang kari baris Ngungaran, kapitan Kalerek wong Kumpeni, enjing tengara wus kumpul, mangkat sabalanira, pan sumedya anglanggar ing barisipun, ingkang wonten Rendhetan, datan kawarna ing margi.
  34. Wong Kumpeni sigra prapta, ing Rendhetan sajpraptane Kumpeni, Pangran kalih samya gugup, Pangeran Purubaya, Pangran Mangkukusuma sabalanipun, angles pangran kalih pisan, datan purun anglawani.
  35. Sabalanira lumaywa, minggah ngardi papang sabala neki, Kumpeni sadayanipun, kandheg dhusuning arga, samya kendel wontening dhusun Sagaluh, lan Tumenggung Arungbinang, Tumenggung Yudanegara.
  36. Akarya loji semana, neng Segaluh an tarane sesasi, ingkang loji dadi sampun, samektaning prayoga, dyan kapitan Kalereg sabalanipun, mangkat dhateng ing Ngungaran, Ngungaran Kumpeni prapti.
  37. Kawarnaa Sri Narendra, ingkang wonten ing Telaga miranti, pepakan pra niyaka gung, samya apirembagan, duk semana wau ta ingkang rinembag, karsane Sri Na ra nata, arsa kondur mring Metawis.
  38. Dereng kongsi antuk karya, yen kondura tan sakeca kang galih, lan ragi lingsem Sang Prabu, panggih lawan kang putra, Pangeran Dipati Mengkunegareku, mila tansah pirembagan, yen maksih neng Kedu ugi.
  39. Angraos tan angsal karya, mila kewran m anahe Sri Bupati, mufakat niyaka agung, kang karsa Sri Narendra, mring pasisir Pakalongan kang ginepuk, enjing Sang Nata tengara, mangkat sawadya Nerpati.
  40. Saking ing Kedu umangkat, Sri Narendra sumedya mring pasisir, Pakalongan kang jinujug, angkate Sri Narendra, dina Senen nuju tanggal pitulikur, Rabiulakir kang wulan, Angaler ngilen lumaris.
  41. Sawadyabala wus prapta, Palibungan enjing mangkat Sang Aji, lajeng lampahe Sang Prabu, dyan prapta ing Nglempuyang, pan sadalu enjing mangkat Sang Prabu, wus prapta jawining rangkah, injing tengara lumaris.
  42. Prapta rereb ing Tempuran, tigang dalu Jagalatan tur uning, atur uninga Sang Prabu, yen wonten tiyang prapta, pan sumedya angabdi dhateng Sang Prabu, awasta pun Kertapraja, sumawita ing Nerpati.
  43. Serta mbekta tiyang kraman, kawandasa kathahe yamang ngabdi, wastane pangagengipun, awasta Mangkuyuda, katarima angabdi dhateng Sang Prabu, pun Kertopraja anulya, dinangu mring Sri
  44. Kartapraja sun atanya, ana ngendi barise wong pasisir, Kartapraja nembah matur, tiyang ing Pekalongan,
  45. barisipun wonten dhusu ing Sidayu, tan antara enjing mangkat, lajeng sawadya lumaris.
  46. Prapta dhusun Pemasaran, kalih dalu enjang budhal lumaris, lajeng kersane Sang Prabu, mring kitha Pakalongan, linangkungan ingkang bans ing Sidayu, pinalawat bans ira, lampahipun nyimpang margi.
  47. Nrajang wana Terataban, Sri Narendra sabalane wus prapti, padhusunan kang tinempur, pan griya ingobongan, dening wadya ingkang lumampah ing ngayun, prapta nagri Pakalongan, kuthane wus den anciki.
  48. Prapta kitha Pakalongan, nuju dina Jumungah ingkang sasi, Jumadiawal Sang Prabu, tanggal kaping kawan welas, wadyabala samya suka manahipun, antuk tedha antuk sandhang, antuk rayahan sakalir.
  49. Sawarnine wadyabala, ageng aht samya suka angenting, lingsir Wetan wancinipun, Dipati Pakalongan, prapta sira kalawan sabalanipun, lan Cakrajaya ing Batang,
  50. sabalane sareng prapti.
  51. Jayengrana Wiradesa, sareng prapta samekta ing ngajurit, saking Kidul wetan nempuh, bala ing Kasunanan, sareng campuh kang nindhihi yudanipun, Pangeran Adiwijaya, wong Kasunanan nindhihi.
  52. Pra Tumenggung munggeng ngarsa, Pangran Nadiwij aya Anindhihi, sami senjata atarung, tan dangu gennya yuda, Adipati ing Pakalongan lumayu, wong pasisir tiga pisan, lumajeng binereg wani.
  53. Samya anggebyur ing toya, wong pesisir kathahpejah ing kali, wong Kasunanan kang buru, sami mendhet bandhangan, rajabrana akathah ing warnenipun, emas arta sesandhangan, senjata waos turanggi.
  54. Dhuwung kandel lan myang pedhang, pan tinilar pagriyan kitha sami, ngeca-eca punggawa gung, wanci bedhug semana, nulya wonten mengsah Kumpeni kang rawuh, ngalun-alun Pakalongan, kalawan titiyang Bugis.
  55. Bugis satus tigang dasa, lan Mekasar pangagenge win arni, Arung Galesong ranipun, wong Bali wolungdasa, samya geger sabala nira Sang Prabu, kasusu samya atata, miranti para prajurit.
  56. Wus tata rakiting yuda, dyan tengara budhal Sri Narapati, anglanggar ing alun-alun, nulya campuh ing yuda, prang senjata dangu ararne acampuh, Ki Tumenggung Wiradigda, dhadhane kang nandhang kanin.
  57. Lawan raden Jay engrana, tanganipun kang kiwa nandhang kanin, den Suryanegara tatu, sikilipun kang kiwa, nulya kandheg kang ngaprang sedaya mundur, sawarnine pra punggawa, samya mundur ing ngajurit.
  58. Kumpeni sabala nira, maksih aneng ngalun-alun arakit, Mekasar Bugis myang Wangsul, tan pegat anyenjata, nulya wadya kasunanan abebantu, sira Mas Rangga kang prapta, angirid para prajurit.
  59. Prajuriting jro sedaya, minger ngetan anikung ingkang jurit, samya anjog margi agung, nusup ing pakarangan, nulya campuh senjata lir gunung rubuh, ararne den ira yuda, Kumpeni asru mbedhili.
  60. Adangu denira yuda, datan wonten kasoran ing ajurit, riwut senjata atarung, peteng kukus senjata, pra prajurit Kasunanan lajeng ngamuk, nusup ngampak sareng numbak, bala Kumpeni kalindhih.
  61. Bugis lan Mekasar, wong Kumpeni kasoran ing ajurit, mangaler palajengipun, samya nabrang bengawan, medal sasak sedaya sareng lumayu, wus prapta salering sasak, kang sasak tinatas aglis.
  62. Sampun atatas kang sasak, wong Kumpeni nulya atata malih, muter gedhong teras kumpul, gedhong teras lojinya, wadyabala Kasunanan kang ngabujeng, kandheg kiduling bengawan, sarta Kumpeni mbedhili.
  63. Prajuriting Kasunanan, samya wangsul mring ngalun-alun malih, sawarnine punggawa gung, ngalun-alun wus prapta, baunipun mas Rangga kang kiwa tatu, lurah Srageni kang pejah, Wiradipa kang kakasih.
  64. Jajar kang pejah titiga, pra niyaka apirembagan sami, maksih aneng alun-alun, sarta atur uninga, sasampune atur uninga Sang Prabu, mas Rangga lan Jayengrana, katimbalan prapteng ngarsi.
  65. Tur bekti mangaras pada, dyan rinangkul ing Kanjeng Sri Aprabu, dyan rinangkul ing Kanjeng Sri Bupati, akathah ingkang dinangu, sakathahing ngayuda, angandika wau Kanjeng Sang Aprabu, gandhek lan Singanegara, sira sun kongkon tumuli.
  66. Dhawuhna timbalaning wang, mring niyaka sakathahing Bupati, belanana anak ingsun, iya si Jayengrana, lawan obat mimis paringna den gupuh, sing sapa tan belanana, marang putra ngong sayekti.
  67. Sun titipaken kang sirah, wong agandhek lawan Singanagari, sandika samya turipun, gandhek ran Surataruna, Nayasruwa Singanegara ranipun, ing ngalun-alun wus prapta, dhawuh timbalan Nerpati.
  68. Timbalan dhawuh sedaya, pra Tumenggung kaparing obat mimis, samya sandika turipun, sigra nembang tengara, budhal bans niyaka sabalanipun, angangseg loji sadaya, nanging tan saged nabrangi.
  69. Tarung senjata kewala, kaletan bengawan Sang Aji, wus prapta ing ngalun-alun, lan prajurit sedaya, katimbalan sagung kang para Tumenggung, sampun prapta ngarsa Nata, mukalir konjem ing siti.
  70. Sang Nata asru ngandika, kaya paran karep ira ngajurit, para Tumenggung umatur, duka dalem Sang Nata, sakalangkung pakewed ing margenipun, lan obat mimis wus telas, Sang Nata ngandika malih.
  71. Yen niku sira dhanana, wong Kumpeni Semarang ambantoni, lan Tegal gelak bebantu, dadya abot sinongga, ngularana kang cethek sabranganipun, payo padha sinabrangan, padha nganteb ing ngajurit.
  72. Anulya tengara bubar, pra niyaka pinaring obat mimis, mring ngalinen lampahipun, dene ingkang tumilar, anjagani sakiduling lepen kantun, mas Rangga sabala nira, tiktuk ingkang den suledi.
  73. Pra Tumenggung sigra nabrang, sabalane sampun nabrang rumiyin, prapta saler nglepen sampun, kilening loji Beran, sigra mengsah Kumpeni medali gupuh, sarta ngarutug senjata, pra niyaka samya ngisis.
  74. Sang Nata tangginas ngatag, kang prajurit jro nabranga sami, niyaka ingkang lumayu, uninga ing Sang Nata, sampun nabrang nindhihi, dyan wangsul mengsah sedaya, Kumpeni medal mbedili.
  75. Bugis wangsul lan Mekasar, wonten kari sarta ngarutug bedhil, prajurit kapilih majung, anglancangi ing yuda, wastanipun Banjarsotang pan angamuk, pjuh sampuh lan Welanda, anulya wonten nglancangi.
  76. Pangagenge wong keraman, balanira Mangkuyuda ngemasi, pejah lan Kumpeni campuh, nulya sareng umangsah, kang prajurit lebet sami mangsah ngamuk, geger Kumpeni kasoran, kawandasa kang ngemasi.
  77. Punjul pipitu kang pejah, pan sakawan ingkang kacepeng ngurip, Rumgelasong sawadyeku, muwer gedhong pomahan, sarewange sarta ineb lawangipun, pagere jaro kewala, anulya tinerjang wani.
  78. Pager jaro sampun rebah, pan binasmi sarta kinepung wani, Rumgalesong nulya metu, mbekta gandera pethak, nulya teluk sabalane sangangpuluh, punjul wawalu sadaya, ingkang ngemasi kajawi.
  79. Kang pejah pan tigang dasa, langkung tiga wong Bali lawan Bugis, ingkang pejah mung sapuluh, prajurit Kasunanan, ingkang pejah lilima tatu tetelu, wong Jawa pejah titiga, sawelas kang nandhang kanin.
  80. Wadyabala Kasunanan, pan akathah angsal bandhangan sami, waos senjata myang dhuwung, maryam mimis sobatnya, nulya katur dhumateng wau Sang Prabu, langkung suka Sri Narendra, Sri Natanira lumaris.

PUPU VIII
S  I  N  O  M

  1. Sasampunira ayuda, mangkat Kanjeng Sri Bupati, masanggrahan jroning kitha, ing Pakalongan negari, gumerah swaraning jalmi, wan tu men tas menang pupuh, andum bandhangan kathah, bandhangan awarni-warni, sarywa murah sandhangan sarywa lan pangan.
  2. Samya suka ingkang Nata, Sang Nata enjing tinangkil, pepak kabeh pra niyaka, andher ngarsane Nrepati, Arumgalengsong nuli, kaim bar sabalanipun, suyud sungkeming Nata, ngandika Sri Narapati, mring kang raka Pangeran Adiwijaya.
  3. Kakangmas Adiwijaya, Bupati dika tindhihi, dika lumampah mring Batang, saprayoganing ngajurit, yen tan cundhuk umpami, ing Batang andika gempur, Pangran Adiwijaya, sandika dhawuh nglampahi, pra Tumenggung sandika sarta tur sembah.
  4. Wus bubar sabalanira, mring Batang para Bupati, Sang Nata malih ngandika, mring prajurit Srageni, Jagabaya tinuding, sakancane kang sun tuduh, e, sira ingsun dhuta, mring Wiradesa nagari, dyan umangkat Srageni lan Jagabaya.
  5. Pangeran Adiwijaya, kelawan para Bupati, lampahe dhatan winarna, ing Batang pan sampun prapti, nagri kapanggih sepi, lajeng kaobongan sampun, kitane wus kaobar, Pangeran lan pra Bupati, sabalane wangsul dhateng Pakalongan.
  6. Sang Nata neng Pakalongan, antarane tigang latri, enjang atengara bubar, mangetan gennya lumaris, karsane Sri Bupati, sawarnine kang perahu, sawarnine kang perahu, kang kinen ngobongi, Sri Narendra prapta sawetaning Batang.
  7. Sri Narendra masanggrahan, awasta dhusun ing Beji, pamrihipun Sri Narendra, ngajengken loji weleri, datan antara lami, mapagih Batang acundhuk, wasta pun Sindujaya, asowan ing Sri Bupati, kang jinujug nenggih raden Jayengrana.
  8. Anulya pun Sindujaya, kaimbar ing Sri Bupati, sampunnya kasupatanan, pun Sindujaya anuli, kang karsa Sri Bupati, kaparingna Sri Batang, kasengkakaken ngaluhur, sarta sinungan kakasih, pan anama pun Tumenggung Sindujaya.
  9. Anulya kinarya duta, ambekta surat Nerpati, pinutus angengetena, Bupatine wong pasisir, umangkat lumastari, sedaya datan winuwus, lampahe Sindujaya, para Tumenggung pasisir, sawarnine kapilut serat Sang Nata.
  10. Sedaya arsa nungkula, arsa nungkul ing Nrepati, kerid marang Sindujaya, para Tumenggung pasisir, sabalane wus prapti, kandheg Batang samya kumpul, Tumenggung Jayaningrat, ing Pakalongan lan malihm, ki Tumenggung Cakrajaya nagri Batang.
  11. Lan Tumenggung Jay engrana, ing Wiradesa negali, Tumenggung Cakranegara, ing Pemalang lawan malih, ing Barebes negali, den Suralaya ranipun, inggih amung punika, lan karsa cundhuk Nerpati, gennya kumpul aneng negati ing Batang.
  12. Wus lajeng atur uninga, lan Sunan kang nganeng Beji, pun Tumenggung Sindujaya, katarima ing Nrepati, angirid pra Dipati, Sang Nata timbalanipun, Ronggowirasentika, mapaga mring wong pasisir, marang Batang padha sira timbalana.
  13. Kirida marang ing sira, l^jens mring ngarsa marni, tan kawarna solah ira, lukita datan winarni, pra Tumenggung WHS prapti, ing Beji sabalanipun, kairid mring mas Rangga, Sang Nata suka kang galih, sadhatenge kahurmatan mring Sang Nata.
  14. Sarta bedhil barondongan, senjata mariyem muni, kang prapta sabalanira, kadheg sajawining baris, kang karsa Sri Bupati, pasisir kang pra Tumenggung, dhuwung wus kapundhutan, pangandikaning Nrepati, timbalana lumebu para Dipatya.
  15. Sampun sami kasupatan, dhuwung kaparingken malih, samya munggeng ing ngajengan, kathah dinangu Nrepati, dinangu wong pasisir, kang sami cundhuk Sang Prabu, akathah sami gujengan, Sunan sukane tan siwi, Ki Tumenggung Cakrajaya nagri Batang.
  16. Sampun kalihaken nama, dhumateng Sri Narapati, ran Tumenggung Danureja, Sindujaya wus pinaring, kagempalken negari, ing Batang cacah wong sewu, Tumenggung Jayengrana, ing Wiradesa ingalih, wus anama Ki Tumenggung Amongraja.
  17. Anenggih mung punika, namanipun kang den elih, sedaya dhatan winarna, antarane tigang latri, Jayaningrat winami, Pakalongan nagrinipun, sadhereke satunggal, pawestri pan sanes bibi, tunggal rama Den Ayu Gambes kang nama.
  18. Kapundhut ing Sri Narendra, nenggih pan kinarya rabi, ing dina Senen aningkah, Jumadilawal kang sasi, Nata genira kawin, salawe prah tanggalipun, Jimawal ingkang warsa, sengkalane kang winarni, Swara Ardi Angobahaken ing Jalma.
  19. Kalangkung inguparengga, kadya pangan ten Nerpati, menang aprang antuk garwa, kasukan rahina wengi, sabala suka ngeting, henengna Beji Sang Prabu, ya ta genti winarna, kang tinilar maksih baris, Jeng Pangeran Dipati Mangkunegara.
  20. Sayekti pareng ing lampah, saestu ingucap ganti, nenggih sareng lampah ira, satilare Sri Bupati, pamondhokan Tasaji, para garwa putra kumpul, dening kang baris ngarsa, m antri Jawi kang kekalih, ran Tumenggung nenggih Suramangunjaya.
  21. Sakancane mantri jaba, pan ajeng-ngajengan baris, lan Kumpeni Perambanan, Bilman Kapitan Kumpeni, myang Bugis lawan Bali, miwah tiyang Jawinipun, nenggih Kanjeng Parigeran, Dipati Mangkunegari, dennya mondhok Tasaji sahabalanya.
  22. Asring angleledhek mengsah, Parambanan mring Kumpeni, pan let sadina rong dina, lajeng angeleledhek jurit, wangsul marang Tasaji, Kumpeni tan ana metu, mempen neng Parambanan, linaledhek para mantri, let rong dina terkadhang let tigang dina.
  23. Nulya Pangeran Dipatya, sabalane majeng malih, arereb ing Pamasaran, sawadyabala miranti, dutane kang rama rawuh, Sunan sarta kang surat, rama ratu pa ring uning, mring kang putra Kanjeng Pangeran Dipatya.
  24. Salampah-lampah ing yuda, kang putrì ngangsuli tulis, mring kang rama Sri Narendra, enjang Pangeran Adipati, nembang tengara muni, bubar ngilen lampahipun, prapta Jibung samana, tan antara aningali, bong-obongan larug saya m angetan.
  25. Kudanawarsa umangkat, lan baiane ingkang rayi, Pangeran Mangkudiningrat, sabalane mangkat sami, arsa tulung ngajurit, ngidul leres lampahipun, nulya Pangeran Dipatya, tumut tulung ing ngajurit, sareng prapta kilen Tembayat semana.
  26. Sawetaning dhusun Jiwa, kapranggul lawan Kumpeni, pangeran Mangkudiningrat, sabalane tangkep jurit, Kudanawarsa nunggil, majengngetan barisipun, wau Kapitan Beman, majeng ngilen wong Kumpeni, nulya campuh atarung sami senjata.
  27. Kudanawarsa sakbala, Mangkudiningrat anuli, lumajeng kawon ayuda, ngaler den bujung Kumpeni, dening Pangran Dipati, maksih lumampah neng pungkur, wau sareng tumingal, kang rayi lan kang papatih, sarowange lumayu binujung yuda.
  28. Pangran Dipati angatag, mring mantri lebet prajurit, sarta tengara tinembang, bendhe gong beri tinitir, majeng myang tambur muni, lajeng lumampah mangidul, lajeng campuh ngayuda, kilen Jiwa lan Kumpeni, campuh aprang wayahipun lingsir wetan.
  29. Nuju ing dina Selasa, Dulkangidah ingkang sasi, ping salikur ingkang tanggal, Jimawal kang ponang warsi, rame campuh kang jurit, kaseser Kumpeni mundur, nanging taksih nyenjata, lumampah kendel mbedhili, mantri lebet nora kandheg sinenjata.
  30. Dening sagung mantri jaba, kang sami kaplajeng jurit, dan lajeng Pangran Dipatya, ambujung mengsah Kumpeni, lan mantri jaba sami wangsul, tumut bujung sedaya, nanging tan purun merpeki, angengadhol bala saking katebihan.
  31. Mung mantri jro kawandasa, kang purun celak Kumpeni, anulya wonten satunggal, mantri jro purun nglancangi, anumbak mring Kumpeni, Jawidenta wastanipun, Kumpeni nulya buyar, lumajeng binereg sami, mring mantri jro kang nyereg sarta nyenjata.
  32. Kumpeni ingkang lumajar, kandheg Gebal purun malih, pramila kandheg kang mengsah, Kapitan kapale mati, sinanjata mring Mantri, Jayaleksana wastanipun, Jayaleksana pejah, sinenjata mring Kumpeni, nulya mantri lebet mangamuk sedaya.
  33. Kumpeni nulya lumajar, Kapitan angsal turanggi, kapalipun Surengrana, Prambanan mantri Kumpeni, Surengrana rumiyin, Mantrine Pangeran Timur, Pangeran Mangkudiningrat, ambalik marang Kumpeni, ingkang samya abaris ing Perambanan.
  34. Kapitan Bilm an semana, sampun angsal turanggi, pan kadi kacandhak pejah, pun Surengrana ngemasi, kacandhak ing ngajurit, wus tinigas murdanipun, Kumpeni kang lun away, yen kapengkok kang ngarumpil, samya magok Kumpeni sarta nyanjata.
  35. Dyan Mantri lebet andarat, angamuk turnbak Kumpeni, Kumpeni nulya lumajar, kang kacandhak den pateni, sirah tinigas sami, pitulas Kumpeni lampus, Bugis Bali lilima, sasisane ingkang mati, samya ngungsi lumebet biting Prambanan.
  36. Dening kang menang ayuda, kandheg kasaput ing wengi, sarta jawah deres prapta, wau Pangeran Dipati, wangsul m angetan malih, rereb ing Jiwa sadalu, enjing bubar m angetan, wangsul ing Tasaji malih, langkung suka wadyabala menang
  37. Nulya samya akasukan, sawadya Pangran Dipati, kang tansah andón asmara, kawamaa wong Kumpeni, ingkang wonten Metawis, ing Ngayodya barisipun, bantu mring Perambanan, Kapitan Songrat Kumpeni, sabalane Bugis wangsul lan wong Jawa.
  38. Sapraptane Perambanan, sabalane wong Kumpeni, lajeng umangkat anglanggar, mring kang bans ing Tasaji, lampahe wong Kumpeni, angobong-ngobong ngrangramu, dening Pangran Dipatya, ingkang wonten ing Tasaji, sabalane sareng ngaturan uninga.
  39. Mring kang baris aneng ngarsa, gen linanggar ing Kumpeni, Kumpeni saking Prambanan, sigra Sang Pangran Dipati, rembagan lan pra m antri, sedaya ing ngaturipun, eca angoncatana, mangaler bala lumaris, prapta Kedhungjambal dennya tata tata.
  40. Yen Kumpeni nututana, sumedya puruningjurit, wau Kumpeni kang nglanggar, lajeng dhumateng Tasaji, nanging kapanggih sepi, denobongipondhokipun, Kumpeninulyanulak, wangsul ngiIen wong Kumpeni, sampun prapta Kumpeni ing Perambanan.
  41. Pangran Dipati anulya, sabala niralumaris, arerep ing Jatimalang, kateguwan ler ing ardi, dening kang para rabi, lajeng ngetan lampahipun, Kedhungwaringin wastannya, nulya katimbalan malih, para garwa kapernahken ing Tambakan.
  42. Dening Pangeran Dipatya, sabalane ngilen malih, arereb sabalanira, ing Gombong pasang salatri, nulya ngilen lumaris, Karangm anj angan wus rawuh, sawetaning Barija, sawadyabala miranti, babarisan aneng ing Karangmanjangan.
  43. Kanjeng Pangeran Dipatya, asring anglanggar Kumpeni, kang ngabaris Perambanan, let kalih dinten ajurit, trekadhang tigang latri, sapeken lalaminipun, nanging boten winarna, menang kalah ing ngajurit, asring ngepur yudane sapi maesa.
  44. Nulya Pangran Adipatya, kalawan bala prajurit, dhumateng ngardi Tambahan, nyunati kang putra estri, atmaja kang wewangi, den ajeng Sombro ranipun, lan sarta tinindhihan, semana Pangran Dipati, kasukan lan wadya inum-inuman.
  45. Gamelan myang barondongan, mariyeme wanti-wanti, angunggar manahing bala, sasampunira winarni, Kanjeng Pangran Dipati, kelawan sabalanipun, wangsul mring pabarisan, ing Karangmenjangan sabala tata.
  46. Dening Pangran Dipatya, anom kang wonten ing wukir, ardi Telasih gembira, lan Jayanegari, Sujanapura Tumenggung, mudhun marang Metaram, sabalane sampun prapti, rebut tedha lan rebut wong ing Metaram.
  47. Munggah tumurun ing arga, dyan linanggar mring Kumpeni, kang abaris ing Ngayogya, campuh ngereng-ereng ardi, datan adangu jurit, Jayanegara dyan tatú, kenging ing mimis pejah, anulya Pangran Dipati, Anem lawan Jayaningrat wus lumajar.
  48. Tumenggung Sujanapura, lumajeng minggah ing ardi, Kun peni lajeng lampahnya, pamondhokan baia Gadhing, nulya Pangran Dipati, Anem aputusan gupuh, tur uninga kang raka, Kanjeng Pangeran Dipati, ingkang baris elering Karangmenjangan.
  49. Wus katur dhateng kang raka, yen kawon denira jurit, pun Jayanegara pejah, sedaya Pangeran Dipati, Mangkunegara agupuh, arsa anindakana, wadyabalane wus rakit, pan sumedya atetulung ing ngayuda.
  50. Anom Pangran Dipatya, ingkang karsa den tulungi, enjing tengara umangkat, mangidul minggah ing wukir, sabalane lumaris, nuju rendheng lepene gung, samarga-marga sasak, baita lesung kinardi, tan kawarna ing marga anulya prapta.
  51. Dipati Mangkunegara, sabala wus prapta wukir, sareng panggih lan keng raka, kang rayi lajeng ngabekti, Jayaningrat ngabekti, Jayanegara angujung, dhateng Kanjeng Pangeran, Dipati Mangkunegari, wus dinangu sapclahira ngayuda.
  52. Sadaya datan winarna, amung alereb sala tri, enjing tedhak saking arga, sumedya nglanggar Kumpeni, kang bans bala Gadhing, ingkang lumampah ing ngayun, Janingrat Janapura, sabalane wong Metawis, lan Pangeran Dipati Anem neng ngarsa.
  53. Jeng Pangeran Dipatya, Mangkunegara neng wingking, lan sawadyabalanira, lajeng denira lumaris, dening bala Kumpeni, Calagadhing enggenipun, sareng mirsa tengara, bala Kumpeni medali, nulya campuh kang pangarsa Janapura.
  54. Kalawan Ki Jayaningrat, sabalane campuhjurit, tan adangu dennya yuda, J ay apura wus kalindhih, Jayaningrat Pangran Dipati, Anem pan samya lumayu, binujung ing Welanda, kang raka taksih neng wingking, Kanjeng Pangeran Dipati Mangkunegara.
  55. Lajeng genira lelampah, nulya kapethuk Kumpeni, lajeng campuh lan Welanda, m antri lebet ngamuk wani, ingedrel ing Kumpeni, tan kandheg pangamukipun, Kumpeni dyan lumajar, mantri lebet bujung jurit, wong Kumpeni ngungsi ing jroning bata.
  56. Amempen neng Gadhingcala, pakewed kang dipun ungsi, tan kandheg gennya nyenjata, mantri lebet kandheg sami, lalare angubengi, pager bata enggenipun, wadya tarung senjata, mila kandheg pra prajurit, jroning bata Kumpeni asru nyenjata.
  57. Kanjeng Pangeran Dipatya, Arya amengku Negari, kandheg sak wadyabala, sabab panggenan Kumpeni, pakewed anulungi, mila wadya kandhegipun, sarta aturing bala, kang sepuh-sepuh ngaturi, milanipun boten lajeng dipun rangsang.
  58. Dadya kinepung kewala, kiwa tengen den obongi, nulya surup Sanghyang ngarka, Kanjeng Pangeran Dipati, mundur sawadya ngiring, mring Magari sandhingipun, prapta rerem mondhokan, pinggiring ngardi Magari, wong Magari kang nganeng Gadhingingcala.
  59. Ing dalunya los wus minggat, marang Ngayogya angungsi, amor Kumpeni akathah, sagung kang mantri jawi, kinen boyong ngawong dhusun, kang tumut ing Welanda, sarta kinen angrayahi, sawarnine kang wus tumut ing Welanda.
  60. Kebo sapine den rayah, sami den dum kang prajurit, nanging ingkang baboyongan, katur mring Pangeran Dipati, nulya pangran Dipati, semana ing karsanipun, prajanji tepan-tepan, mantri jro mantri jawi, mantri jaba yen aprang asring lumajar.
  61. Sring mantri jro tinilar, parentah Pangran Dipati, mring mantri jro jaba sedaya, lamun ora bareng jurit, mring mantri yen jurit, yen atilara lumayu, sapa kang dhinginana, lumayu ingsun pateni, mung saiki ingsun duwe pangapura.
  62. Sabab ingsung wedi wirang, yen temua lan kiyai, mring rama Sunan ing benjang, ature pra mantri jawi, sami lan upatanipun, benjang tekeng ing rana, tan lumayu ing ngajurit, yen tinilara mantri jro dipun rampoga.
  63. Nulya Pangran Dipatya, Mangkunegara apamit, dhateng kang rayi Pangeran, Dipati Anem anenggih, arsa kundur tumuli, mangaler barisanipun, dening mungsuh wus lunga, mring Ngayogya wong Kumpeni, mila wangsul mangaler Pangran Dipatya.
  64. Mila mangkat saha bala, Kanjeng Pangeran Dipati, sarwa bekta beboyongan, wau ta nenggih kang rayi, Pangeran Adipati, Anem punika kang kantun, kalawan Jayaningrat, Jayapura samya kari, nulya minggah ing ardi sabalanira.
  65. Sababe ajrih tinilar, pramila minggah ing wukir, wau lampahe Pangeran, kang ngaler Pangran Dipati, tan kawarna ing margi, ing Tambakan nulya rawuh, panggih lan para garwa, para putra samya panggih, samya oneng tansah apulang asmara.
  66. Sadaya datan winarna, nulya Pangeran Dipati, umangkat saking Tambakan, tedhak mangilen lumaris, pabarisan wus prapti, Karangmanjangan ranipun, antarane sepasar, rereb Pangeran Dipati, nulya arsa banjel Kumpeni Prambanan.
  67. Mangkat sing Karangmanjangan, mangilen bala lumaris, mantri jaba munggeng ngarsa, prapta sawetaning Taji, wadyabala wus rakit, atata prajuritipun, atata wus malatar, ngandika Pangran Dipatya, mring Ki Patih lan sakehe mantri jaba.
  68. Kabeh lah padha majua, angleledheka Kumpeni, kang abaris Perambanan, kang ingatag dyan lumaris, angleledhek Kumpeni, Kumpeni tan purun metu, tan wonten purun medal, eca dhedhep wong Kumpeni, nora purun medal saking pabitingan.
  69. Dennya ngleledhek sadina, nulya kasaput ing wengi, Kanjeng Pangeran Dipatya, arereb wonten ing Wedhi, enjing pan mangkat malih, atata sabalanipun, nulya atata-tata, ing ngara-ara miranti, Wringinruluh enggene atata-tata.
  70. Lan mantri lebet sedaya, lawan tiyang ngampil-lampil, dening sakeh wadyabala, Srageni lan mantri jawi, kinen majenga sami, marang Prambanan lumajung, pra Tumenggung sedaya, lawan sagung mantri jawi, sabalane Pangeran Mangkudiningrat.
  71. Srageni lawan panumbak, samya ngleledhek Kumpeni, dyan Kumpeni Perambanan, tengara sigra medali, saking sajroning biting, myang wong Jawa Bugis wangsul, muntab ing ngara-ara, lelurung dhendheng lumaris, kang gandera amyang anglir gula drawa.

PUPUH IX
DHANDHANGGULA

  1. Tanantara campuhing ajurit, wonten sawetaning Prambanan, sakilen Taji pernahe, senjata ingkang tarung, sru gumrudug swaraning bedhil, wong mantri jaba bubar, Srageni lumayu, Pangeran Mangkudiningrat, Danawarsa binereg dhateng Kumpeni, kacandhak pinejahan.
  2. Palayune samya sipat kuping, salang tunjang samya rebut gesang, rebut dhingin pelayune, Kumpeni sanget bujung, wau Kanjeng Pangran Dipati, ingkang maksih alarywan, aneng Wringinrubuh, lan mantri jro kewala, kawandasa sawidak la wan kang ngampil, pangeran Adipatya.
  3. Sareng mirsa swarane kang bedhil, wau Kanjeng Pangeran Dipatya, mangkat lan mantri jerone, laflipah mangidul laju, sareng prapta wetaning Taji, kapapag mantri jaba, kang samya kaplayu, para Tumenggung sadaya, Sarageni nanging wus telas kang galih, tan purun ing ajengna.
  4. Pangeran Dipati pegel kang galih, aningali marang mantri jaba, kantun mantri jero bae, tinantun samya purun, dyan sedaya sama prajanji, sarta narik curiga, pratanda yen purun, nulya Kumpeni katingal, sarta nyereg lampahe Kumpeni malih, margi geng kang sapindhah.
  5. Medal kidul sapindhah Kumpeni, nulya majeng Pangeran Dipatya, lan mantri jro prajurite, kawandasa akumpul, mapagaken marang Kumpeni, kang kidul kilen nrajang, sarta bendhe ngungkung, gong beri tambur gumerah, wong Kumpeni ing kalih Kotes den jogi, kidul Taji campuh prang.
  6. Wong Kumpeni ngedrel wanti-wanti, nulya mantri jro kinen adharat, anuju banjir kaline, mantri jro nabrang ngamuk, nabrang dharat tilar turanggi, binindrong ing senjata, tan kandheg angamuk, anumbak marang Welanda, wong Kumpeni kang ngajeng kathah kang mati, kang wingking kagegeran.
  7. Lajeng anerak bala Kumpeni, kang kapalan pan sami lumaywa, Kumpeni kang dharat kabeh, kilen ing Ngebel kantun, anadhahi sarta mbedhili, lir gunung swaranira, m im is anglir jawuh, Pangran Dipati angatag, ayo batur aja kandheg ngamuk jurit, mantri jro majeng mati.
  8. Ngamuk dharat numbak mring Kumpeni, Kumpeni ngajeng kathah kang pejah, sasmita tutumbak bae, Kumpeni ingkang kantun, pan lumajeng arebat urip, Pangeran Adipatya, kandheg lampahipun, pramila kandheg sakedhap, mantri lebet sayah dharat gennya jurit, wantu dharat asayah.
  9. Embeljeblokan papaning jurit, angantosi tunggangan turangga, sareng angsal turanggane, nulya lajeng abujung, mring Kumpeni para prajurit, Kumpeni kang kacandhak, akathah kang lampus, miwah Bugis Bali nira, wong Kumpeni kang kacandhak den pateni, sekarine kang pejah.
  10. Kumpeni dharat mogok ngadhepi, ing kakalen sawetan Prambanan, sarta gumrudug bedhile, Kumpeni ambek purun, Jeng Pangeran ngatag prajurit, payo maneh dharata, prajurit dyan mudhun, majeng ngadharat sedaya, nulya ngamuk nulya lumajeng Kumpeni, ngungsi biting Prambanan.
  11. Sarta tangkeb lawang wong Kumpeni, anyenjata mriyem lan sunapan, Jeng Pangran pangandikane, ngatag prajuritipun, payo padha dharata maning, ngrangsang biting Prambanan, nulya ingkang rawuh, Ki Patih Kudanawarsa, mentas kembel pisah lan bature sami, sigra atur uninga.
  12. Yen mengsah taksih ageng ing wingking, medal margi ageng ler punika, wcnten ing Taji enggene, Pangran kagyat angrungu, nulya ngatag mring kang prajurit, mantri jro semana, payo nulak wangsul, amapag mungsuh m angetan, amangsuli kang mengsah maksih neng Taji, nulya mangkat m angetan.
  13. Tan antara kang mengsah Kumpeni, Bugis wangsul mandhi waos benang, kalihatus wetawise, Pangran Dipati dulu, sigra mangsah lan kang prajurit, sami nanderken kapal, aneijang mring mungsuh, Bugis wangsul samya eram, aningali tangkepe ingkang prajurit, buyar tataning aprang.
  14. Saweneh Bugis lawan wong Bali, wonten ngamuk wonten kang lumajar, dadya kathah kang lampus, sekarine mati angungsi, lumebet Perambanan, wonten kang nganusup, kasaput dalu semana, nulya kandheg sawadya Pangran Dipati, tur samya ambebandhang.
  15. Mantri lebet kang pejah satunggal, ingkang wasta pun Jayaprabawa, akathah babandhangane, waos, senjata, dhuwung, myang gendera miwah turanggi, mundur Kanjeng Pangeran, sonten wayahipun, rereb pamondhokan, luwâk Wedhi enjinge budhal lumaris, dhateng Karangmenjangan.
  16. Sarta ingkang para mantri jawi, sami ambekta sirah kang mengsah, sarta mbekta bandhangane, Karangmenjangan rawuh, nulya ingkang pra mantri jawi, sedaya dinukanan, miwah pra Tumenggung, dhuwung samya pinundhutan, sabab dening prajanji baia rumiyin, sampun wonten kang tilar.
  17. Yen kariya prang tilar prajurit, mantri lebet janji pinejahan, wesana atilar kabeh, mila dhuwung kapundhut, pan kinarya liruning pati, pinrih padha wedhiya, nulya dalanipun, Ki Tumenggung Wiranata, kesah minggat sarta sabature balik, lumebet dhateng Sala.
  18. Kudanawarsa nulya nututi, nusul Wiranata pan kacandhak, salering ngarsi wyile, ing bambing prang tan dangu, Wiranata kawon ajurit, binujung marang Sala, kandheg kang amburu, wangsul ngidul Danawarsa, sabature Danawarsa mondhok nuli, dhusun ing Waladana.
  19. Nuju gerah Pangeran Dipati, sadhatenge aprang Perambanan, anglir konduran gerahe, maksih agerahipun, enjang mangkat Pangran Dipati, saking Karangmenjangan, saras gerahipun, nulya prapta Kedhungjambal, mapan karya masanggrahan tengah wukir, ing alihaken aran.
  20. Samakaton tur ngongkang ing kali, kang rayi Pangran Mangkudiningrat, tinanggenah ngarsa dhewe, masangana kang mungsuh, Prambanan bans Kumpeni, Pangran Mangkudiningrat, daleya pan mundur, dhumateng ing Karangkunan, tinjo marang panggenane ingkang rayi, marmane tan uninga.
  21. Kumpeni kesah datan udani, ingkang raka pegel ingkang manah, midhanget ingkang rayine, bubar mring Yogya dalu, dyan Kumpeni Yogya Metawis, bubar saking Metaram, mring Semarang laju, Ki Tumenggung Danawarsa, ingkang kandheg ing MaJadana abaris, tinukup Wiranata.
  22. Ngantos sedalu genira jurit, Wiranata kawon genya yuda, lumayu ngaler laruge, enjang pan binayujung, nenggih Kanjeng Pangra Dipati, wonten sima katingal, neng pucuking gunung, sapamirsa kang senjata, dyan umangkat atulung ing ajurit, mring Patih Danawarsa.
  23. Dalu pukul pat dennya lumaris, baya menangi lajeng lampahnya, bujung mangaler puruge, Wiranata binujung, pondhokira sampun kapanggih, mapan untap-untapan, ngaler gennya mayu, kang kacandhak pinejahan, nulya wangsul Kanjeng Pangeran Dipati, ngidul sabalanira.
  24. Nulya prapta Samakaton malih, lajeng mangkat dhateng ngardi Sendhang, law an sawadyabalane, enggene garwanipun, sabab ajeng aninengkebi, garwa ratu bendara, pepek pra Tumenggung, Bupati mantri sedaya, Pangran Adipati Anom sampun prapti, asowan ingkang raka.
  25. Sarta eyang ratu ibu prapti, saking ardi Kendheng Sokawatya, ngardi Sendhang prapta kabeh, sarta anguyu-uyu, lir rinengga Sendhang ing ardi, gam elan tigang rancak, Sakati salendro, katiga pelog semana, lamenipun nguyu-uyu pitung latri, sareng tingkebe urmat.
  26. Kalataka bercndongan muni, sampuning tingkeb arsa kasukan, anayub lan sabalane, anulya jawah awu, kagegeran estri sumingkir, langkung dene puyengannya, den nyana yen mungsuh, andhatengi anyenjata, pramilane jajaleran mapag jurit, wände dennya kasukan.
  27. Kala jawah awu pan weradin, pan sajagad samnya kagegeran, dyan anulya tintrim kabeh, kang eyang ibu ratu, sami wangsul mangaler malih, ardi Kendheng wus prapta, miwah arinipun, Kanjeng Pangeran Dipatya, Anem wangsul mring ngardi Kidul Sularsih, sabalane wus prapta.
  28. Pangran Dipati Mangkunegari, wangsul dhateng Samakatingal, garwa putra tumut kabeh, Samakaton binangun, pasanggrahan sirap nulya sri, mandhapanipun sirap, semana yen dalu, ringgit karucil walulang, yen rahina lulumban munggeng benawi, lan sagung para garwa.
  29. Neng perahu gagamelan asri, akasukan munggeng ing baita, anginum sarta tandhake, kang prajurit jro tumut, neng perahu egar kang galih, tan kawarna semana, wonten gandhek rawuh, utusane ingkang rama, jeng Susunan sarta wau mawi tulis, andhawuhken timbalan.
  30. Ingkang putra Pangeran Dipati, sasmitane timbalaning serat, Susunan nenggih lampahe, sampun mangkat Sang Prabu, saking Pakalonganing Beji, kondur dhateng Metaram, lan sabalanipun, ing marga datan winarna, kacarita ing Warak Sunan wus prapti.
  31. Lan Tumenggung Bupati pasisir, pan tinilar kinen rumeksoa, negarane dhewe-dhewe, timbalane Sang Prabu, mring kang putra Pangran Dipati, den enggal akarya, kadhaton kang patut, karyaa kutha Metaram, sawetane kali Opak pinggir ardi, aran Pasar Pabrekan.
  32. Kinaryaa karaton tumuli, kawangenan dadine sapasar, Pangran Dipati galiye, kagyat ajrih kasusu, animbali para Bupati, pra tumenggung sedaya, kadhawuhan gupuh, lajuwa marang Metaram, pra Tumenggung karyaa kutha tumuli, aran desa Pabrekan.
  33. Ingkang rayi tangginas tinuding, Pangran Mangkuningrat den kebat, mangkat mring Metaram age, nindhii pra Tumenggung, karya kutha Pabrekan aji, wau gandhek Sang Nata, ingandheg karuhun, mila ingandhek kang duta, pan menawi rawuh nuli Sri Bupati, kadhaton dereng dadya.
  34. Den eman sagung para Bupati, satemah pra Tumenggung kadukan, kadamel alun-alune, yekti duka Sang Prabu, yen kedhaton pan dereng dadi, den eman mring kang putra, kang para Tumenggung, dukaa marang kang putra, kang ngadhemi mila utusan Nerpati, ing adheg kersa nira.
  35. Antarane amung tigang latri, Pangran Dipati anulya mangkat, saking ing pasanggrahane, Samakaton lumaku, mring Metaram sawadya ngiring, pra garwa para putra, sedaya pan tumut, denira amasanggrahan, aneng Samakaton mung setengah sasi, dyan umijil umangkat.

PUPUH X
M   I   J   I   L

  1. Sami sadina prapta Metawis, sawadya punang wong, ing Pabrekan asar ing wayahe, sareng sadinten kang rama prapti, sawadya Nerpati, ing Pabrekan rawuh.
  2. Wand Tambur asar dennya prapti, kanjeng Sang Akatong, pra niyaka lawan sabalane, saking pasisin sedaya prapti, lampahing Nrepati, apan regu-regu.
  3. Mapag ing rama Pangran Dipati, sabala mirantos, pra Tumenggung para m an tri kabeh, mapan samarga sami arakit, atap angurmati, rawuhe Sang Prabu.
  4. Gamelan monggang myang Salendro muni, gumuruh punang wong, sarta mariyem barondongane, Sunan sabala kang lagya prapti, piyangkah nglangkungi, sanes adatipun.
  5. Dhatengken piyangkah Nrepati, sabalane kaot, apepandhan gegaman lampahe, dening Kanjeng Susunan duk prapti, rengat jroning galih, duka tan kawetu.
  6. Sawarnine Tumenggung Bupati, kang mapag Sang Katong, samya ngraos kadukanan kabeh, Sri Narendra tan ngaruh-aruhi, tan kersa ningali, mring kang mapag wau.
  7. Miwah mring Pangeran Adipati, semana Sang Katong, kendel datan sinapa putrane, Pangran Dipati ngraos tur isin, tan ngandika aji, rengat jroning kalbu.
  8. Osiking tyas Pangeran Dipati, ya talah Sang Katong, sumakeyan wong menang yudane, adol angkuh tan aruh-aruhi, baya wus pinasthi, pisah ingsung besuk.
  9. Parandene Pangeran Dipati, tur segah mring katong, mentah mateng kacaoske kabeh, duk ngadhaton Pabrekan Nerpati, dina Sabtu manis, ping nem tanggalipun.
  10. Wulan Rejeb Jimawal kang warsi, cinandra wiraos, sinengkalan Jimawal taune, Pandhita Pitu Kuwagang Siji, tan antara nuli, dyan kasaput dalu.
  11. Pra niyaka pamondhokan rakit, kapraboning katong, rakit kitha kang pomahan kabeh, dina Septu miyos watang kabeh, Pangran Adipati, kapatiyanipun.
  12. Padaleman papatih wus rakit, ing andikan katong, kadhawuhan salir pakaryane, sambarang rakiting Nrepati, tataning negari, kapraboning ratu.
  13. Antarane namung tigang latri, ratu ibu rawuh, saking Sòkawati sabalane, Ardi Kendheng prapta ing Metawis, lawan ratu malih, garwane Sang Prabu.
  14. Kang mratuwa Pangeran Dipati, – sareng dennya rawuh, para selir para putii kabeh, sapraptane kaurmatan baris, baron dongan muni, senjata gumrudug.
  15. Barung tambur lan gamelan muni, kathah wong nenonton, dina Akhad pakbelas tanggale, nulya antara ing wolung bengi, mangkono anuli, putrane Sang Prabu.
  16. Wasta Pangran Ngabehi akrami, kang karsa Sang Katong, apan angsal Janingrat putrane, Pakalongan sangkaning pawetri, antuk Pangran Bei, Senen ningkahipun.
  17. Kalih likur Rejeb ingkang sasi, ambandhung patemon, tunggal dina pan sareng ningkahe, Jayengrana pan katriman putri, putraning Nerpati, mapan tunggil ibu.
  18. Estri kang raka Pangran Ngabehi, raden ajeng Sibrok, kang amangku karya pakramane, Pangran Dipati Mangkunegari, den patmah Sang Aji, semana kang mangku.
  19. Pamanggihan pepak pra Dipati, pepak para wadon, pan gumuruh senjata ararne, barung tambur gamelan ngrarangin, pamanggiyan kalih, sedaya tan ketung.
  20. Sring kadukan Pangran Adipati, sawadyá punang wong, ngaben puyuh dherek lan naraneng, lan pra Tumenggung para Bupati, tutug siyang latri, kasukan amung.
  21. Datan pegat dandan waos bedhil, prajurit pan yektos, tuwin Siman dandani waose, kala semana griya Metawis, dan larang binukti, wong kekere agung.
  22. Malah kongsi mangan padha jalmi, kekere raratan, pra sentana samya lit manahe, datan angsal galih ing nrepati, genti wulan malih, nulya wonten rawuh.
  23. Nama den Sutadiwirya prapti, lan arine yektos, raden Suraprameya namane, saking Sala cundhuk mring Metawis, mring Pangeran Dipati, mijil bans ngayun.
  24. Palawangan Wiranata nenggih, ing sang prawira nom, Akhad katiga Arwah sasine, den Suraprameya ambekta rabi, Pangran Hangabehi, swargi kang susunu.
  25. Pan ambekta wasiyat Metawis, nenggih warni waos, kyai Liyep cakra muwah bendhe, katur mring Pangeran Adipati, wasiyat kang katri, sedayane katur.
  26. Pangeran Dipati luntur kang esih, ing man ah katonton, marang raden Suraprameyane, kapatedhan dhuwung saput rati, turangga lan malih, sulam naosipun.
  27. Katedhak dhusun Dela dalah nyamping, rasukan di kaot, paningset dhestar myang pajajane, nanging semana Pangran Dipati, Suraprames estri, remen jroning kalbu.
  28. Dhateng Kanjeng Pangeran Dipati, wus tarung pasemon, kala timur pan papacangane, dadya temah misuwur pawarti, katur ing Nrepati, milanya kasiku.
  29. Pangran Dipati lawan Nrepati, asanget abendon, lir sinipi Sang Nata dukane, lir anuwek wong tanpa doseki, sabab atmajastri, dadya watiripun.
  30. Wartaning kathah arsa sinami, ering ing Sang Katong, nanging Sang Dyah asanget tresnane, dhateng kang raka Pangran Dipati, pinisah upami, lenggana kalangkung.
  31. Sedyaning tyas krama lahir batin, tan lenggana pakon, suka tinandhing tunggal sakenggen, jinaj ara sakawan tan gingsir, mutah ingkang batin, mring raka satuhu.
  32. Mila kendel Kanjeng Sri Bupati, lumuh kapiawon, pan ingeneb sajrone kalbune, nulya Suraprameya lan malih, Suradiwiryeki, pinundhut Sang Prabu.
  33. Sangalas tanggal Arwah kang sasi, pan pukul sapuloh, mangsa Sadha Jimawal taune, sinengkalan Swaraning Turanggi, Karengeng Sujalmi, jabang bayi puput.
  34. Raden Ajeng Supiyah nameki, citrane kinaot, pan pinundhut ing embah milane, sagung para niyaka akemit, kang rineksa anging, bendara jeng ratu.
  35. Nanging Kanjeng Pangeran Dipati, ing tyas sanget keron, ketang keronron karoban rume, sinamur samur tan kena lali, dhasar semu brangti, sang dyah sring kadulu.
  36. Sinayutan tan jrih dhendhaning widi, nanging sru kawuron, mulat m ring sang kadya raras ngrume, sakedhap supe bubar kang rayi, binalangan liring, ringas sangir juruh.
  37. 37 Kuneng luluh sedya lumrang kapti, lahugyeng jro kangong, ketang sang kadi manon bawane, tan kaetang sudraning pawestri, Iimut sang nis karing, sruning kandhuhan kung.
  38. Kongkih kongkah seka luluh kentii, kandhuhan lara bot, draw al adres ingusap kampuhe, ketang yen wus tanpa yayah bibi, locitaning galih, dhuh sariraningsun.
  39. Durung tutug dhendhane Hyang Widi, dhateng raganing ngong, padha lawan si dhengkah wong kae, kálodane lamun ora sudi, kakangmas Dipati, bisa gawe wuyung.
  40. Wiyahing wong wus amukti sari, pedah awaking ngong, wong planyahan nyampuri kulane, lit katepang anggayuh trenggani, sarira ngong asih, menawa tan tulus.
  41. Gudhe pandhak papa sun lampahi, semut bang kutha ron, kukus gunung ingsun kapalake, pirang bara yen manggih basuki, suka awak m ami, mamaruwa satus.
  42. Duh Pangeranku Panjalin Tulis, tingalanana ingong, sun lilipur kadalu solahe, senthe jurang kajarah punapi, peken megat margi, yen wände ketemu.
  43. Puspita kang lesuh aneng wit, suka temah layon, sang dyah saya kagagas brangtine, datan pegat lir sata memeti, dyan miyos karsa mring, patirtan tumurun.
  44. Mirong kasemekan sang sudewi, wuryaning pasemon, lir Secaboma taken wirage, sang dyah sawang sudama piningit, angga nyasmu anglih, tinon gandrung-gandrung.
  45. Kang pinaraning tresna kaesthi, kesthi jroning panon, dyan Pangeran Dipati kalihe, lir ginutuk ing pangawe sari, s^jroning siniwi, ing wadya gung-agung.
  46. Gya jumeneng Pangeran Dipati, nulya lajeng miyos, kang kacipteng ing nala lulute, Jeng Pangeran Dipati ningali, natar patirtaning, sang akarya wuyung.
  47. Kadya ulam kasrambanan warih, m an ah sang wiranom, sang dyah ayu sänget pitambuhe, Pangran ngindhik-indhik, cinandhak astaning, sang dyah saking pungkur.
  48. Esrou kagyat sang dyah api runtik, matur m ring raka Ion, sikara temen barang karsane, tansah gawe kekepyur ing galih, mesem sang apekik, ngling saijwa angrangkul.
  49. Palimarmane wong ayu runtik, andela sihing ngong, iki kang bisa asung wirage, baya panukmaning sarwa sari, sarira ngong ukih, lir cintaka nglayung.
  50. Mulat ing lautan mangsa katri, tansah minta jawah, sapa ingkang pinalar yen dede, kang amindha wrat sari rinujit, aparing jajampi, ing kandhuhaning kung.
  51. Kusumayu anulya kinanthí, anut anglir sinom, prapteng udyaning selir kasihe, ingaras-aras munggeng panti, dhuh dewaning sari, sarining wong ayu.
  52. Atur sih tresna mring sira yayi, asuka binendon, mesem sang dyah anendhak liringe, sarywa matur mring raka ngabekti, dhuh kakangmas bilih, tan tumekeng kalbu.
  53. Andi mapan jeng paduka arih, dhateng raganing ngong, nirbata biyung wus lola-lale, wiyahe kakung yen dereng olih, kathah kapirseki, yen wis sore mungkur.
  54. Kakung mesem angaras panepi, pangandikane wor, yen ta lahir tan trusing batine, dhuh mas mirah ingsun setya yayi, andelen sayekti, mring sira atangguh.
  55. Dhasar kajengjalu law an estri, utameng pasemon, sima gempang puspita langene, Jeng Pangeran akarsa dhatengi, sang dyah tan gumingsir, jayeng gati nempuh.
  56. Tempuking war asta amranani, pranahira awor, wuryaning citra candra kesthine, kalamukan rengganing panitis, luruning pangaksi, lir katemah kantu.
  57. Sumer wangine sugondo milir, urap-urap awor, anjrah ngimur kamertapake, lir panedheng puspa ngudaneni, sinrang ing pangrengih, ngeses sarywa ngadhuh.
  58. Yekti ping sanga kamaning ngestri, pamedaling raos, lumrah lumrah kakung kang saweneh, anung ping pisan asring andhingini, milanya pawestri, ngangkah dereng tutug.
  59. Pangran Dipati ragi nglangkungi, wruh wedaling raos, kaping sanga pwestri mareme, eka dwi tri catur panceki, sat sapta myang wali, astha jangkepipun.
  60. Katupiksa sang priya mulatning, dyan ayu kaleson, luwar awantya-wantya pangarase, Pangran Dipati Mangkunegari, saestu rengganing, sapindha-pandaka ngrum.
  61. Sampun wudhar kang apulang resmi, myil sakaroron, kuneng sang dyah ing pendak sabene, pinundhut m ring Kanjeng Pangran Dipati, anulya tinitip, aken wismanipun.
  62. Mriku Danawarsa wus miranti, Jeng Pangeran yektos, lumampah dalu Pangran kature, pukul tiga pajar enjing, wantu lampah sihb, dennya carem lulut.
  63. Ki Dipati Danawarsa nuli, pinundhut Sang Katong, sampun mantun nama Jeng Patine, nama Tumenggung Kudanawarsi, lawan wonten malih, niyaka pinundhut.
  64. Ki TumenggungMangkuyuda tuwin, kapundhut Sang Katong, Ki Suramangunjaya wus dening, Ki Tumenggung Kartadirya tanapi, kang karsa Nrepati, mring papat Tumenggung.
  65. Samya dinamel wedanajawi, pinisah kang enggon, mapan dhatan sakeca manahe, dening Kanjeng Pangeran Dipati, tan eca kang gahh, denira Sang Prabu.
  66. Sa bab ingkang rama Sri Bupati, lamine rawoh, saking pakalongan sawadyane, sanget dennya angowahowahi, mring Pangran Dipati, sanes adatipun.
  67. Myang para Pangeran sakit kang gahh, alit manah yektos, yen sampun aningali lurahe, Pangran Dipati Mangkunegari, pra sentana sami, lir minggata lampus.
  68. Anuli ratus Pamenang prapti, lan arine anom, raden Tirtakusuma wastane, achunduk nuju ing dinten Kemis, Arwah ingkang sasi, salawe. prahipun.
  69. Punggawa Sala dyan prapta malih, sawadya punang wong, Raden Tumenggung Pakudiningrat, saha garwa saking Sala Nagri, cundhuk ing Sang Prabu.
  70. Arum Galesong kapala Bugis, tetelukan mungsoh, saking Pakalongan rumiyine, sabature minggat datan kari, Ramelan kang sasi, nuju bakda subuh.
  71. Sampun katur ing Sala Nrepati, yen Galengsong bolos, Sang Narendra kalangkung dukane, ingkang para Tumenggung dinuding, anulya den gipih, kang kinon lumaku.
  72. Nuju pamegengan tan winarni, pun Arum Galengsong, Pan kacandhak ing Ngupit kidule, Arum Galengsong lumayu gendring, kang kacandhak urip, bature pipitu.
  73. Kang kacandhak pejah wong kekalih, katur Sang Akatong, kinen s ami ngreksa batur kabeh, mring para Tumenggung para mantri, kuneng kang win arni, nenggih raden ayu.
  74. Adiwijaya anandhang sakit, puput temah layon, wulan Siam ping kawanlikure, Sri Narendra saben Septu mijil, saben Senen Kemis, miyos Sang Aprabu.
  75. Tumenggung sentana lan para m antri, amaleman kang wong, saben sonten ing pagelarane, pan kekere kena den sayuti, rengas pinggir margi, ambengan rinebut.
  76. Pan atusan kekere Metawis, pan padha mangan wong, nulya garebeg bakda siame, pepek Tumenggung sentana mantri, myang para Prajurit, pepekane kumpul.
  77. Tuwin Kanjeng Pangeran Dipati, sawadya gumuroh, warna-warna tinon gegamane, warna-warna busana tubya sri, pan kagiri-giri, gegaman gung-agung.
  78. Aglar munggeng ngalun-alun asri, Sri Narendra miyos, anglir sekar setaman baiane, sampun dangu kondur Sri Bupati, Jeng Pangran Dipati, sawadya wus kondur.
  79. Kuneng Bupati ing Panaragi, tur serat Sang Katong, sarta Kanjeng Pangran Dipatine, nanging madaka hi Panaragi, semana Sang Aji, sanget dukanipun.
  80. Dhateng Ki Dipati Panaragi, dukane Sang Katong, dening amadaka ing surate, nanging kasimpen sajroning galih, kang winarna malih, kaduwung Tumenggung.
  81. Seba mring Sang Nata nanging wakil, sawadya punang wong, sowan mring Metaram geng manahe, Sutawirya wastane kang nangkil, wakil arsa ngesir, mring Tumenggungipun.
  82. Kocap Tumenggung Sawunggaling, nagri Surengkewoh, sampun balik kawon ingjurite, aprang lan Surabaya Kumpeni, utusan tur uning, mring Metaram rawuh.
  83. Atur kapal nuwun bantujurit, wus katur Sang Katong, pramilane Jeng Sunan karsane, mring kang putra Pangeran Dipati, Amangkunegari, arembag ing laku.
  84. Siang dalu pirembagan sami, kang karsa Sang Katong, ingkang badhe kang linumgake, Pangran Dipati mring Pranaragi, Pangran Adipati, tan lengganeng kayun.
  85. Dening ingsung arsa anindaki, karsanireng Katong, arsa tulung pasisir lampahe, pra Tumenggung pasisir kajodhi, kawon dennyajurit, sampun wonten kedhung.
  86. Pan mas Rongga kang boten suwawi, matur ing Sang Katong, datan rembag asanget ature, yen Sang Nata mangilena malih, pakewed nglangkungi, kathah watiripun.
  87. Luhung ngetan Sri Narapati, pened Sang Akatong, angulari wong bali jurite, kathah wangsul wetan winitawis, yen ta Sri Bupati, legeg manahipun.
  88. Arsa mangetan Hngsem kang galih, cidra temah awon, dadya kewran Nata ing nalane, duk rumiyin pan sampun prajanji, wangsul mring pasisir, ubanggi Sang Prabu.
  89. Wasanane Pangeran Dipati, karsanira katong, pan kinarya topeng weranane, mring Tumenggung myang kilen pasisir, obelaning sandi, Ungseme ing sanggup.
  90. Pangandikane Sri Narapati, sun arsa mangulon, anak ingsung Dipati tan aweh, mangetan si kulup nemu watir, ingsun den aturi, ngetan mring si kulup.
  91. Watir mungsuh mring wong Panaragi, sesetane abot, menang aprang abot sesetane, dadya sun tulung mring wong pasisir, marmane Sang Aji, tindak ngulon wurung.
  92. Aturipun Rangga mring Nrepati, kininten Sang Katong, putra Pangran Dipati yudane, sagaprukan pasthi menang jurit, kang banget kuwawi, eiyang riwukipun.
  93. Wau ciptane Pangran Dipati, lingsem ing pasemon, yena ku bedhah Panarigane, Madiun yen oraa lan kongsi, bedhah dening marni, mugi awak ingsun.
  94. Muliha aran bae wak marni, banget wirang irg ngong, pan den ina mring Rongga lampahe, iya nora nana kendel jurit, mung Rongga pribadi, wanter perangipun.
  95. Mring mas Rongga telenging ajurit, ing m an ah angontor, lan malihe Nata sarawuhe, saking Pakalongan Sri Bupati, mung mas Rongga ugi, kang tinantun-tantun.
  96. Barang karsa mas Rongga jampuni, sabature dados, pan ginugu mas Rangga ature, Pangran Dipati boten tinari, genti ya winarni, ing Banten kacatur.
  97. Nagari Banten aprang lan Kumpeni, Sultan winiraos, Bagus Buang wastane duk rare, gadhah panembahan guru adi, kacatur asekti, wantu yudanipun.
  98. Panembahan Tapa kang wawangi, kang sureng palugon, pan kacatur ararne yudane, panembahan Tapa wus kajodhi, lumayu gen jurit, ngetan larugipun.
  99. Watawis tigangatus kang angiring, mangetan agolong, rinten dalu pan lajeng lampahe, sedya ngungsi mring Sunan Metawis, kang ngalahken jurit, Kumpeni ranipun.
  100. Mayor Ubrus sawadya kumpeni, lan Kapitan der Poi, hanengena genti cantane, dina Akad ing Sawal kang sasi, limalas anenggih, nulya Ki Tumenggung.
  101. Kudanawarsa mangkat rumiyin, sabature budhal, sabab kang estri sanget sakite, mila lampahe angrumiyini, rurubut rumiyin, nunten angkatipun.
  102. Pangran Dipati iviangkunegan, sing abrek lan badhol, dina Akad ping tigalikure, wulan Sawal Jimawal kang warsa, sawadya lumaris, sareng angkatipun.
  103. Pangran Mangkuningrat pan sami, sareng samya bodhol, wolung dalu ing Pojok praptane, injingipun wonten gandhek prapti, gandhek ninimbali, lan surat Sang Prabu.
  104. Pangran kalih tinimbalan sami, ngandika Sang Katong, sabab sun atata miyan mangke, saking Banten prapta ing Metawis, Pangran Adipati, Asar angkatipun.
  105. Boten mawi bala mantri Jawi, tinilar ponang wong, mung mantri jero binekta kabeh, pan lancaran wangsul mring Metawis, rereb tengah wengi, wonten Gombang Palur.
  106. Enjing mangkat lajeng mring Metawis, Pabrekan dyan rawoh, wanci lingsir wetan ing praptane, lajeng lumebet kadhaton aji, panggih lan Nerpati, dyan tinundhung metu.
  107. Nulya pendhak eq|inglpun maiih, SultanBanten rawoh, Panembahan Tapa sabalane, namung kalih atus winatawaie, gegamannya sami, waos tempak iku.
  108. Ngodhing kalewang berang myang cundrik, dina Kemis rawoh, wanci asar ping gangsal welase, DuUcangidah ingkang ponang sasi, Jimawal kang warsi, Semana Sang Prabu.
  109. Miyos pagelaran Sri Bupati, wadya samya saos, pra sentana pra niyaka andher, prajurit urmat tata abaris, dyan katingal prapti, ngandika Sang Prabu.
  110. Marang kang putra Pangran Dipati, kulup anak ingong, sira mapaga Sultan praptane, tur sembah mangkat Pangran Dipati, amapag kang prapti, aneng Wringin kurung.
  111. Sasampunipun salaman lumaris, prapta jeng Sang Katong, Sultan Banten uluk salam age, nulya lenggah lan Sunan ing kursi, tan adangu nuli, binekta malebu.
  112. Kakanthen asta lan Sri Bupati, lumebet kadhaton, pilenggahan apocapan akeh, sinegah dhahar warna adi, sampun dhahar sami, dyan katundhung metu.
  113. Samya mondhok wong Banten miranti, tata saponang wong, nulya injingipun sawernine, sentana Tumenggung lan pra mantri, asuka turanggi, mring Sultán kang rawuh.
  114. Pangran Dipati suka kang galih, dyan pamit mring Katong, nutugaken dhingin ing lampahe, lan bala mantri jero lumaris, kalawan kang rayi, gancangan lumaku.
  115. Sami sadinten ing Laroh prapti, kamantenan rawoh, pan kapanggih lan para garwane,kalih dalu andón pulang resmi, sagung para rabi, durmane sih lulut.

PUPUH XI
D   U   R   M   A

  1. Jeng Pangeran Dipati Mangkunegara, sabalane miranti, atengara budhal, ngetan marang Kaduwang, sipeng kalih dalu margi, prapta Kaduwang, kitha kapanggih sepi.
  2. Bupatine Kaduwang pan sampun kesah, Rebo Wage duk prapti, tanggal ping sadasa, ing sasi DuUcangidah, Jimawal kang ponang warsi, anulya enjang, wonten gandhek kang prapti.
  3. Sarta surat saking kang rama Susunan, amatedhani uning, yen Kanjeng Susunan, Metawis semana sampun bubar, saking Pabrekan Metawis, ing dina Akhad, angkate Sri Bupati.
  4. Tanggal gangsalwelas sasi Dulkangidah, datan kawarna margi, lajeng masanggrahan, sawadyabala nira, tatabaris Sokawati, kang tinanggenah, marang ing Kedhu uni.
  5. Pangran Adiwyaya kanthi Dipatya, mangilen Kedu uni, lan sawadya nira, Tumenggung Jayadiija, sakancane para mantri, dening Pangeran, Purbaya kang lumaris.
  6. Mring Bagelen lan Pangran Mangkukusuma, sarta kanthi Bupati, Menggung Cakrajaya, Sawunggaling kanthinya, lan Sultán Banten kinanthi, gandheke Nata, wus winangsulan tulis.
  7. Kawarnaa Ki Dipati Pranaraga, Suradiningrat biting, wonten ing Barangkal, kiwa tengening marga, sela samya den cancangi, sarta senjata, mriyem samya den rakit.
  8. Kalataka lan wong Bali wulungdasa, pan para putra neki, nenggih wolungdasa, kanthi manca negara, bang wetan sedaya kering, biting Barangkal, kang 1er malih bibiting.
  9. Ki Tumenggung Suradirja ka Magetan, munggeng elor bibiting, gunung pan dhinungkar, jurang Lamuk wastanya, Madiun Pangran kakalih, rama saputra, Martalaya satunggil.
  10. Kalih pisan baris eler wonten Sangkal, kanthi manca negari, Bupati Caruban, lawan ing Jagaraga, Ngebleg Pace lawan malih, ing Kartasana, ngadhepi Sokawati.
  11. Nulya Pangran Dipati Mangkunegara, budhal bala lumaris, saking ing Kaduwang, Senin Wage semana, ping nembelas punang sasi, sawadyabala, suka samargi-margi.
  12. Lamun lereb tengara gamelan munya, riringgitan pan kadi, lampahing cangkrama, ambekta para garwa, rerebe datan kawarni, lajeng lampahnya, Kanjeng Pangran Dipati.
  13. Gepak ngaler prapta bedhah pabitingan, bitingan sigra prapti, jero kangjujurang, pakewuh ingkang papan, tan kenging nitih turanggi, myang para garwa, dharat sadaya sami.
  14. Bedhahipun Kemis Pahing ingkang tanggal, ping sangalas kang sasi, nenggih Dulkangidah, tahunipun Jimawal, rereb sadalu ing margi, lajeng mring kitha, Ka magetan wus prapti.
  15. Sawarnine jro kitha wus kabesmenan, anulya kang papatih, Kamagetan prapta, wasta pun Kartadikja, cundhuk sarta bekta mantri, m an tri sasanga, Jeng Pangeran Dipati.
  16. Rereb wonten sakidul kitha Magetan, injing tengara aglis, budhal sahabala, ngidul ngetan lampahnya, bupatine Pranaragi, Suradiningrat, sareng mirsa pawarti.
  17. Mengsah ngaler Magetan sampun binedhah, dyan tengara Dipati, Surahadiningrat, bubar saking Barangkal, arsa mapagaken jurit, neng ngara-ara, demung sawadya baris.
  18. Udakawis gegaman kapal saleksa, kang dharat aneng wuri, samya kinen tengga, kitha ing Pranaraga, sira Pangeran Dipati, lajeng lampahnya, wadyabala lumaris.
  19. Ingaturan rereb Pangeran Dipatya, ing tulung dening ngabdi, rerebaken kapal, nanging Pangran Dipatya, tan arsa kandheg ngaturi, kedah lajuwa, lumampah banjel jurit.
  20. Balanira Pangeran ingkang kapalan, pitungatus wetawis, kajawi kang dharat, sewu yen winettara, lajeng denira lumaris, nulya kapapag, kang prang Kidul sumampir.
  21. Wong Pranaraga amapag sarta nyenjata, nulya wong Sarageni, males anyenjata, wong numbak sareng mengsah, sareng nerajang, wong Panaraga ngisis.
  22. Wong Pranaraga wus lumayu sasaran, sedaya sampun gusis, lancang-linancangan, samya arebut gesang, sarta binereg turanggi, Dipatinira, Suradiningrat nenggih.
  23. Pan kacandhak tinigas mustakanira, katur Pangran Dipati, lawan kang atmaja, kacandhak wonten Ngrana, kacepeng gesang, kalawan wonten malih.
  24. Sentana rawuh kacandhak gesang, dening ingkang papatih, patih Panaraga, aran Brantanegara, lumajeng dhasar wong mengi, pedhot kang napas, niba nulya ngemasi.
  25. Para putra para man tri Panaraga, kawus arebut urip, angungsi mring wana, weneh minggah ing arga, pawestri tan wonten kari, ngungsi mring wana, sedaya samya ngili.
  26. Kala aprang bedhahe ing Pranaraga, ing Sebtu Wage uni, salikur kang wulan, ing sasi Dulkangidäh, tunggil Jimawal kang warsi, sengkala Swara, Turonggo Bahing Jalmi.
  27. Sirahipun Dipati Surodiningrat, katuraken Nerpati, sarta kabandhangan, katur keng Rama Nata, rereb Pangeran Dipati, neng ngara-ara, injingipun lumaris.
  28. Sahabala lelampah Pangran Dipatya, tan kawarna ing margi, lumebet ing kitha, Pranaraga wus prapta, sawadya suka prapta, sawadya suka kang galih, samya angrarayah, mewah ingkang binukti.
  29. Kang kacepeng gesang pun Martamenggala, nulya dipun luwari, lan sakadangira, linuwar sedaya, sampun sinypatan sami, Mertamenggala, umatur anyanggupi.
  30. Andhatengken rabinipun ingkang rama, Dipati Pranaragi, sarta kang butamal, saguh Mertamenggala, tinundhung sampun lumaris, datan winarna, lamine nulya prapti.
  31. Martamenggala sampun ngumpulken tiyang, mantri ing Pranaragi, sarta tur boyongan, bedhaya lan butamal, katur mring Pangran Dipati, roro sedaya, kathah kaumpet ugi.
  32. Wong ing Pranaraga wus cundhuk sedaya, kawarnaa Sang Aji, lan sawadyabala, medal ler Sri Narendra, kutha Madiun wus prapti, sawadyanira, ing Madiun wus sepi.
  33. Ingkang sirah Ki Dipati Pranaraga, katur ing Sri Bupati, yata Sri Narendra, langkung suka wardaya, ngalem mring Pangran Dipati, dening Pangeran, Madiun mirsa warti.
  34. Yen Dipati Suradiningrat wus pejah, sigra Pangeran kalih, cundhuk mring Sang Nata, lawan sabala nira, myang Tumenggung Jagaragi, cundhuk mring Nata, samya den supatani.
  35. Pangeran Dipati Amangkunegari, kang ngandika Pranaragi, sigra aputusan, mring Madiun wus prapta, ngaturi Sri Nata Pati, nulya Sang Nata, injing mangkat tumuli.
  36. Sri Narendra saking Madiun wus bubar, dhumateng Pranaragi, tan kawarneng marga, Pranaraga wus prapta, kang putra Pangran Dipati, kalangkung urmat, mring kang rama Nerpati.
  37. Gya pinapag gamelan slendro myang monggang, lawan senjata muni, mariyem bandhangan, sarta saos bedhaya, bandhangan tur den paesi, sinegah dhahar, Sang Nata neng pendhapi.
  38. Pra sentana tumenggung mantri bupatya, tuwuk dhateng wadya lit, enting suka Nata, ngigel ingkang bedhaya, boyongan tur den paesi, katur sedaya, langkung suka Nrepati.
  39. Katarima ing Nata Pangran Dipatya, nulya bubaran sami, samya pamondhokan, nata rakit kadhatyan, wonten kitha Panaragi, yen Saptu watang, ngalun-alun Nerpati.
  40. Pangran Dipati nyalingkuhaken bedhaya, ngendhak bedaya kalih, pun Srimpi westanya, lan pun Sampet semana, sarta dipun karemeni, kakalih pisan, mring Pangeran Dipati.
  41. Nenggih ingkang garwa Pangeran Dipatya, Sang Putra Sri Bupati, ran Ratu Bendara, kalampahan kasoran, marang bedhaya kakalih, sareng amirsa, kang rama Sri Bupati.
  42. Yen kang putra angendhak ingkang bedhaya, kakalih den kasihi, Nata ngemu duka, dhumateng ingkang putra, nulya semana Sang Aji, punang boyongan, kawangsulaken malih.
  43. Pan sedaya mring Pangeran Dipatya, dukane lir sinipi, nulya ingkang putra, Pangeran Adipatya, sänget nelangsane galih, anuhun duka, ing Kanjeng Rama Aji.
  44. Kang bedhaya kakalih katur Sang Nata, sedaya katur malih, Sang Nata tan arsa, taksih angemu duka, meksa Pangeran Dipati, sanget nelangsa, nuhun duka Sang Aji.
  45. Nuhun pangapunten dhateng Rama Nata, lilih duka Nrepati, sedaya boyongan, malih samya tinampan, miwah bedhaya kakalih, katur ing Nata, boyongan para rabi.
  46. Nanging ingkang bedhaya kalih semana, pun Sampet pun Sarimpi, pinaringken sigra, malih dhateng kang putra, nulya Pangeran Dipati, arsa kasukan, ngayem-ayem kang galih.
  47. Dhahar nginum lan sagung para Bupatya, sentana lan para mantri, sarta bebedhayan, kakalih binusanan, ajeng lekas sampun wanci, ing bakda Ngisa, ingkang bedhaya kalih.
  48. Pun Sarimpi lan pun Sampet kalih pisan, nunten bedhaya kalih, kapundhut Sang Nata, bedhaya kalih pisan, sira Pangran Dipati, angles kang manah, angles wimbuh kang galih.
  49. Kanengane kapundhut kala semana, wus katur tamtu dhingin, kaparingken mring wang, mengko kaya mengkana, bedhaya pinundhut malih, nyuwani manah, sapa bisa nglakoni.
  50. Karsanira Sang Nata cuwanang manah, kaya mangkene iki, mengko uwis sapa, mendah harjaa jaman, baya ta Allah puniki, marang wak ingwang, misesa Allah iki.
  51. Sänget ngungun ing galih Pangran Dipatya, tan dhahar tan aguling, sinamur gamelan, nulya Garebeg Besar, semana Pangran Dipati, tansah gamelan, saya kadukan malih.
  52. Dening nuju ing wulan Kaji gamelan, sangsaya anglek malih, Pangeran Dipatya, injing sowan Garbegan, sampuning medal kang ngardi, sarta ambengan, kondur Pangran Dipati.
  53. Kanjeng Pangran datan ngantosi adhahar, sabab padharan sakit, datan dhahar-dhahar, dadya weweh kadukan, kawestanan mumutungi, Pangran Dipatya, saya kewran kang galih.
  54. Saya anglek anggeges raosing driya, ngandika jroning galih, aku nganti apa, pipisahan Sang Nata, tan kawawa nambak brangti, raosing driya, Pangeran Adipati.
  55. Putra Nata garwane Pangran Dipatya, uning kang raka branti, dhumateng bedhaya, nulya ratu bendara, nuhun bedhaya kakalih, dhateng kang rama, Semana Sri Bupati.
  56. Pinaringken bedhaya nanging satunggal, kang wasta pun Sarimpi, lilih Sri Narendra, dukane mring kang putra, Kanjeng Pangeran Dipati, Sri Naranata, carem kadya rumiyin.
  57. Tan winarna semana Sri Naranata, apirembag sami, lan sagung niyaka, mantri law an sentana, ecaning lampah ginusthi, majenging rembag, sarta anjejampangi.
  58. Angulari bala wangsul mring bang wetan, sarta anjejampangi, nagri Surabaya, Sawunggaling sudanya, dening Pangeran Dipati, Mangkunegara, tinuding ing Nrepati.
  59. Angambaha pasisir kaiig ier sedaya, anjampangi Kumpeni, lampahnya ideller, semana sampun mangkat, saking Semarang lumaris, ngancik telatah, Pajang Kartasureki.
  60. Sareng bubar Sang Nata angaler ngetan, lawan manca negari, sapalih kabekta, Pangeran Adipatya, bubar sabala lumaris, manca negara, kang binekta sapalih.
  61. Ngaler ngilen lampahe Pangran Dipatya, wonten kawuwus malih, mantri pangalusan, mantri ing Kasunanan, Ranadipura ambalik, tumut Pangeran, Bintara Sala nagri.
  62. Rerehane Mas Rongga Wirasentika, sakit galih ambalik, mring Pangran Bintara, tumut Kumpeni Sala, mas Rongga matur Sang Aji, ngaturi rembag, ngandika Sri Bupati.
  63. Iya bener Rongga sira pasrahena, mring si kulup Dipati, Amengkunegara, kena nora kenaa, sukur yen kena abecik, Ranadipura, pinurih den akeni.
  64. Lamun ana panjaluke turutana, wau Pangran Dipati, mantri Mateseh yan, wasta Ki Mangkuyuda, semana ingkang tinuding, kinon ngipuka, mangkat ngilen lumaris.
  65. Anggunani marang Ki Ranadipura, lan jampangi Kumpeni, kang wus ngancik liya, Giyanti Matesehan, nulya kalampahan kenging, Ranadipura, wus sekeca kang galih.
  66. Ranadipura wus nunggil Mangkuyuda, sapanedhane nenggih, pun Ranadipura, boten purun karehna, dhumateng Mas Rongga malih, kedah wontena, Kanjeng Pangran Dipati.
  67. Kalilana bekta bumi Pangalusan, semana den saguhi, marang Mangkuyuda, nenggih Ranadipura, milanya apurun nunggil, mring Mangkuyuda, dening Pangran Dipati.
  68. Saderenge Ki Ranadipura kena, utusan sarta tulis, marang ing Mas Rongga, miwah mring Jeng Sang Nata, kaliyan mring Sri Bupati, pramilanira, Pangran eca kang galih.
  69. Lampahira Nata wus lajeng mangetan, bedhaya ingkang maksih, pinundhut Sang Nata, pun Sampet wastanira, kalangkung dipun kasihi, mring Sri Narendra, sarta sinung wawangi.
  70. Kawestanan pun Marioneng semana, wau samargi-margi, ngantos tekeng Bantar, Nata taksih bedhayan, asring nayub Sri Bupati, andina-dina, tan pegat pulang resmi.
  71. Sakalangkung Marioneng kinasihan, malah Pangran Dipati, Anem pan kedanan, mring Marioneng ika, malah cumbana don resmi, sampun dilalah, wus karsane Hyang Widi.
  72. Pan ciptane Kanjeng Pangeran Dipatya, Anom Mangkunegara, iku kaya paran, karsane Rama Nata, wus kanggo mring ingsun dhingin, ing mengko karsa, malah dadi kakasih.
  73. Aku maneh aja kaponakaneya, tur man tune sayekti, iku Rama Nata, teka nguthuh lir kewan, tan becik tinemu binjing, mongsa niliba, marang kang apes benjing.
  74. Lan wartane Dipati Anern kedanan, si Sampet den karepi, duk aneng negara, ing Madiun semana, enggene nyarok si ati, baya suku pat, dudu polahing jalmi.
  75. Kaya paran temahe dadine benjang, Nata duka tan sipi, mring adhi Dipatya, wus kapundhut miwah rabi, Sri Nara Nata, dukane lir sinipi.
  76. Sira Marioneng arsa tinelasan, wurunge den telasi, dening aturira, kang selir Sri Narendra, Bok ajeng Jipang kakasih, kang tumanggela, sänget aturing aji.
  77. Aturipun Bok jeng Jipang mengkana, Yen sampeyan nelasi, mring pun Sampet nistha, pejah kedhok kewala, kaping kalih anglingsemi, rama lan putra, kaping tigane malih.
  78. Kadi dadya corahipun ing akathah, wände gennya mejahi, dhasar taksih tresna, wonten kabar semana, wonten priyayi tur mantri, magang ing Jipang, punika den telasi.
  79. Ingkang nama Ki Surs Adimenggala, dosanipun akedhik, dumeh arang Seba, pinriksa laranira, korengan suku sathithik, purwane duka, nulya dipun telasi.
  80. Tinelasan ing dhuwung wasta pun Baryah, tambur dennya nelasi, purwane ing kuna, Ki Sura Adimgala, Sang Nata kala rumiyin, dhateng ing Jipang, Sang Nata sareng prapti.
  81. Sura Adimenggala sowan Sang Nata, kedah genira ngabdi, malah tur sesegah, rumiyin mring Sang Nata, rabine ayu prak ati, ingkang ngaturan, sesegah mring Nrepati.
  82. Nulya rabi kapundhut dhateng Sang Nata, bok Jipang den kasihi, anama Bok Jipang, Sura Adimenggala, datan garantes kang galih, sumangga karsa, den tulusena ngadi.
  83. Aneng tambar mung Sapala dosanira, prandene den telasi, lan malih wanodya, kadingara kang dosa, atowong dennya ngladosi, kang toya wedang, punika den telasi.
  84. Sri Narendra kawilut atur Mas Rongga, dilalah wus pinasthi, karsane Hyang Sukma, pramilane kang putra, Kanjeng Pangeran Dipati, asring kadukan, mring kang rama Nrepati.
  85. Jeng Pangeran Dipati lajeng lampahnya, ngaler sampun angancik, bumi warung wus prapta, Kali pegat wastanya, mondhok pinggir Kali Lusi, kang kawarnaa, barise wong Kumpeni.
  86. Sira Deller wus angancik ing Ngarakan, asring akintun tulis, serat sineratan, marang Pangran Dipatya, kin tun kinintunan sami, kala semana, rendheng kali keh
  87. Jeng Pangeran Dipati arsa lajenga, ngaler dhateng pasisir, kewedan ing toya, rawa kali keh bena, jeblog paluh anglangkungi, mancanegara, bang eler samya prapti.
  88. Pangran Prabu Jaka lawan Martapura, Sakancanira mantri, sowan mring kang putra, Kanjeng Pangran Dipatya, ing kali Pegat gen panggih, sabalanira, samya agunem kawis.
  89. Jajagongan samya tata pelenggahan, taken tinaken sami, wilujenging lampah, nulya Dyan Martapura, matur mring Pangran Dipati, karsa sampeyan, angger dhateng mg pundi.
  90. Anauri Kanjeng Pangeran Dipatya, Paman kula puniki, pan arsa lajuwa, mring pasisir sun sedya, Martapura matur aris, nuhun kawula, angger boten suwawi.
  91. Saupami angger sampeyan lajuwa, inggih dhateng pasisir, kenging tan kenginga, sänget atur kawula, yen wektu rendheng agusti, tan kenging ngambah, bang 1er tanah pasisir.
  92. Tur kawula angger sampeyan wangsula, mangidula rumiyin, benjang yen katiga, angger langkung kang karsa, pun paman dhateng suwawi, karsa sampeyan, Jeng Pangran ngandika ris.
  93. Yen mangkaten paman dika kula tilar, dika umadeg baris, dika jampangana Demak lan Garobogan, Martapura matur aris, inggih sandika, ing rembag sampun dadi.
  94. leng Pangeran Dipati nembang tengara, bubar bala lumaris, marga tan winarna, lajeng Pangran Dipatya, ngancik Kartasura nagri, amasanggrahan, neng desa Bayalali.
  95. Laminira sapeken tansah drawina, nulya bubar lumaris, ngidul sampun prapta, masanggrahan Barija, sarta namane den alih, pan kawastanan, Sumareja prayogi.
  96. Wiranata rumiyin balik mring Sala, ing mangke wangsul malih, mring Pangran Dipatya, wonten ka Sumareja, pan sarwi den upatani, Ki Wiranata, kasmaran kang ringaji.

PUPUH XII
ASMARADANA

  1. Anenggih ingkang winarni, Pangeran ing Buminata, Pangran Bintara wastane, saking negar! ing Saia, cundhuk mring Sumareja, sagarwa lan putranipun, panggih lan Pangran Dipatya.
  2. Sapraptane den urmati, sarta pinapag gamelan, monggang andhendheng barise, sarta senjata brondongan, Kanjeng Pangran Dipatya, masih kasoran alungguh, praptane Pangran Bintara.
  3. Pangran Bintara ing nguni, lenggah kalasa kewala, sakalangkung ing lingseme, anglek. sajroning wardaya, andhengku dennya lenggah, pan datah antara dangu, kapernahken pamondhokan.
  4. Sarta segah den aturi, mentah mateng mring kang putra, kalangkung ngupa sukane, kuda dhuwung ingaturan, arta miwah busana, sagarwa lan putranipun, wus samya amasanggrahan.
  5. Anulya kang tedhak siti, kang putra Pangran Dipatya, Raden mas Sura wastane, lajeng samya akasukan, adhahar num-inuman, pra sentana pra tumenggung, prajurit pepak sedaya.
  6. Barordongan munggang muni, gumrudug lir gunung rebah, samya kasukan arame, prajurit wuru sedaya, anulya ondrowina, adhahar n gin urn a tu tug, abebeksan taledhekan.
  7. Para sentana prajanji, kang paman Pangran Purbaya, akathah-kathah sanggupe, praseca dhateng keng putra, ngabeni ingandaka, anggelak ing mangsanipun belaha lan rama Nata.
  8. Pangran Purbaya prajanji, benjang lamun tekeng yuda, lan rama dika Sang Katong, kang mapagena kawula, benjang sampun kaliya, kula papage Sang Prabu, kula purun nadhahana.
  9. Aja liya kang nanggeni, walate rama andika, tinemua kula dhewe, sanadyan kula pejaha, sedheng kula wus tuwa, sineksenan punggawa gung, gumujeng Pangran Dipatya.
  10. Gumer prajurit pra mantri, pra tumenggung pra punggawa, prajanjeyan dhewe-dhewe, ana kang narik curiga, weneh ana karuna, kalangkung prasecanipun, dhateng Pangeran Dipatya.
  11. Genti Sang Nata winarni, ingkang angancik ing Tambar, sakehe wadyabalane, pinarag gering neng Tambar, miwah ingkang turongga, gering sore esuk lampus, gering esuk sore pejah.
  12. Ipe daiem kang kakalih, Mas Rongga Wirasantika, semana putusan age, mantri tiga dinuta, ngerig mring Sokawaiya, asiane titindhihipun, Wiradigdaya ing iindak.
  13. Ing margo datan winami, ing Sokawati wus prapta, ing Sokawati bumine, sampun lumadi sedaya, mring Ki Wiradigdaya, nanging Pangalusan iku, ingkang mampang ing parentah.
  14. Pramila datan lumadi, wong desa ing Pangalusan, mila mampang wong desane, sabab Ki Ranadipura, angsal ingkang parentah, anenggih ing gustinipun, Kanjeng Pangeran Dipatya.
  15. Anulya dipun inggahi, marang ing wong Sokawaiya, pan arsa ginempur age, Ranadipura wus perang, lawan wong Sokawaiya, wong Sokawati kaburu, Wiradigdaya wus pejah.
  16. Semana Pangran Dipati, wuwuh awon mring kang rama, nanging sanget panlangsane, wali-wali aputusan, serat dhateng Mas Rangga, bebolehi purwanipun, katura marang kang rama.
  17. Sanggup Pangeran Dipati, kang nanggung Ranadipura, kasaguwan lan bumine, saking parentahing Nata, lan lilane mas Rongga, bumi pangalusan iku, kasuwun marang mas Rongga.
  18. Kena tan kenaa ugi, kasuwun marang Sang Nata, denlancangi satakere, atemahan durung ana, parentahe Sang Nata, nulya inginggahi sampun, temahan kalah tur pejah.
  19. Wiradigdaya ngemasi, mila ing sangsaya-saya, Pangran Dipati awone, sabab kagugu mas Rongga, ature ing Narendra, sarta kapirsa ing Kedhu, Pangeran Adiwijaya.
  20. Seda aprang lan Kumpeni, Pangran Adiwijaya, ing Sumareja wartine, lindhu ping tiga sadina, Kanjeng Pangran Dipatya, kagagas ing alanipun, ningali karsaning Nata.
  21. Kanjeng Pangeran Dipati, sareng mirsa ingkang paman, putek wimbuh ing manahe, wus mupus karsane sukma, let sadina rong dina, adhahar sarta anginum, lan niyaka pra punggawa.
  22. Ciptane Pangran Dipati, sapa bisa nglakonana, yen mengkene ing karsane, rama anggugu mas Rongga, anulya wonten dhuta, saking kang Rama Sang Prabu, carik wasta Sindusastra.
  23. Anuju Pangran Dipati, bubar saking pasanggrahan, mring Metaram baiane, sabab mirsa ingkang warta, Pangran Adiwijaya, yen seda ngrana apupuh marma arsa tutulunga.
  24. Purwane kala rumiyin, Pangeran Adiwijaya, saking Metaram angkate, dhateng ing Kedhu wus prapta, arsa ngumpulken baia, sareng prapta wonten Kedhu, Menoreh apamondhokan.
  25. Kumpeni ingkang ngabaris, ing Trayem sampun uninga, dyan dandan saha baiane, umangkat asasanderan, Kumpeni sapraptanya, Pangeran sigra lumayu, bobocengan lan kang garwa.
  26. Ran mbok ajeng Gondosari, kacandhak dipun sanjata, seda tinigas sirahe, katur mring Deller Semarang, pramila jeng Pangeran, Adipati arsa tulung, bubar saking Sumareja.
  27. Sawadyabala lumaris, mangilen dhateng Metaram, sawarga para putrane, nulya prapta Perambanan, sadalu enjing bubar, mangilen lajeng lumaku, nulya prapta Ngadisana.
  28. Antarane kawan latri, injing tengara umangkat, nulya prapta sabalane, abaris wonten Tangkilan, kang baris munggeng ngarsa, sawarnine pra Tumenggung, pan sampun ajeng-ajengan.
  29. Kalawan baris Kumpeni, Terayem ingkang pangarsa, semana ta ing lampahe, Kanjeng Pangeran Dipatya, asring nambur mring ngarsa, kelawan prajuritipun, trakadhang mung wong sedasa.
  30. Kasaru putusan prapti, saking kang Rama Susunan, pun Sindusastra namane, sarta amawi nawala, surat wus tinupiksa, wiyosipun Sang Aprabu, sampun budhal saking Tambar.
  31. Wus angancik Panaragi, jroning kitha masanggrahan, kalawan wadyabalane, nulya kang para niyaka, kang darbe ing Metaram, sedaya tinundhung mantuk, dhateng negari Metaram.
  32. Sarta Sang Nata nimbali, Jayaningrat Pakalongan, Pangran Bintara maliye, ingandikan mring Narendra, dhumateng Panaraga, lawan malih kang kapundhut, sira pun Ranadipura.
  33. Sampune amaos tulis, Kanjeng Pangeran Dipatya, wegugen kewran manahe, mring wau Ranadipura, karsa denaturena, ka Talang kala rumuhun, kang nanggung Ranadipura.
  34. Menawa minggat ing margi, kang nanggung Pangran Diptya, ajeng boten katurake, ajrih parentahing Nata, sarta Ranadipura, anggendhol sänget jrihipun, amopo Ranadipura.
  35. Yen pineksa umpami, katura Ranidipura, dhumateng Panaragane, kadita minggat ing marga, mung kakalih katura, mring putusane Sang Prabu, awasta pun Sindusastra.
  36. Pangeran Bintara kerid, lan Janingrat Pakalongan, kang katur dhateng Sang Katong, kabekta mring Panaraga, kaatur mring Sang Nata, ingkang malih boten purun, nenggih Pangeran Bintara.
  37. Pejah gesang kedah nunggil, mring Pangeran Dipatya, kang putra sanget ature, mring kang paman ing Bintara, kang paman ingaturan, sowan mring raka Sang Prabu, ingkang wonten Panaraga.
  38. Benjang sampuna papanggih, lan raka paduka Nata, nuwun wangsula asae, nunggila lawan kawula, sinangonan kang rama, Pangran Bintara tumurut, kuda sikep ing ngaturan.
  39. Kuda titiyan ngaturi, atenapi kuda tundhan, dyan kabekta ing lampahe, mring putusaning Narendra, wasta pun Sindusastra, mring Panaraga lestantun, lan Yaningrat Pakalongan.
  40. Dening Pangeran Dipati, saungkure kang putusan, tengara budhal barise, mangkat saking ing Tangkilan, prapta ing Pajagalan, kendeî sahabalanipun, rinten dalu parembagan.
  41. Kalawan ingkang patih, ingkang wasta Kudanawarsa, miwah ingkang pangulune, ingkang ngawasta Ki Himan, mantri miji sedaya, sami pakewed ing atur, langkung pakewed ing lampah.
  42. Kewedan Pangran Dipati, kewran wimbuh ing wardaya, arsa pisah lan Sang Katong, kapriye dadine Jawa, pama maksih kumpula, lan nata kawatir agung, Pangran Dipati ngandika.
  43. Iya ta negara Jawi, paran temahe ing benjang, kang mungsuh dadi bungahe, yen ingsun maksih kumpula, dadi pilih ing Nata, abanget kawatir ingsun, lan akeh liring negara.
  44. Kudanawarsa tur ans, ing mangke rama Sang Nata, acidra sanget owahe, ing mangke lagya punapa, wong Jawa dereng tata, semangsa rata ing besuk, parentah Allah punika.
  45. Kang dadya rudati marni, selir tuwin para garwa, mila Ranadipurane, menawa kartaning jaman, pineksa pinundhuta, kadi bedhaya rumuwun, ingkang saking Panaraga.
  46. Ngandika Pangran Dipati, iya iki watir ing wang, priye mantri miji kabeh, ature miji sedaya, yen suwawi ing karsa, sampuna tanggal ing laku, mumpung dereng karta jaman.
  47. Pan sampun tanggel ing kardi, pinisah rama paduka, kapanggih pun Diyudane, kangulapan dereng ngulap, mengsah bala Sang Nata, atandhing prawiranipun, kang rembag gilig sedaya.
  48. Dhasar semana marengi, Ideller nagri Semarang, awali-wali surate, mring Pangeran Dipatya, pisaha lan kang Rama, asanget pangebangipun, Kumpeni tulung ing yuda.
  49. Wiwite belah kang galih, lan kang Rama Sri Narendra, lan Pangeran Dipatine, neng Pajagalan Metaram, Kemis Wage dinanya, ing tanggal ping kalih puluh, ing sasi Jumadilawal.
  50. Tahun Je den sengkalani, ponang Liman lan Turonggo, Angrasa Wani Galihe,Kanjeng Pangeran Dipatya, Harya Mangkunegara, sampun nekad karsanipun, pisah lan Rama Sang Nata.
  51. Para Tumenggung Metawis,sampun rembag sahabala, pra Pangeran rembag kabeh, sampun mupakat sedaya, kang pisah lan Sang Nata, kang tebih-tebih wus kumpui, mantri Tumenggung sedaya.
  52. Samya kasukanan uning, yen mangke Pangran Dipatya, lan Nata pisah karsane, pra mantri lan pra sentana,sami nekad ing manah, tanapi para tumenggung, anunggil Pangran Dipatya.
  53. Kang tansah biyantu piki, samya nusula Sang Nata, mring nagri Panaragine, ingkang boten nunggil rembag, lan Pangran Dipatya, samya nusula mring Prabu, mangetan mring Pranaraga.
  54. Saweneh mangkat ing wengi, sangking jrihe mring Pangeran, Dipati sanes galihe, saking ngajrihe ing marga, semana kalampahan, den aterken ing Delanggung, marang nagri Pranaraga.
  55. Nanging kathah ingkang nunggil, sabiyantu tumut nekat, nunggil lampah sak balane, dene Pangeran Purbaya, dhasar wanter piyambak, dadya sumerep ing kayun, nekad lan Pangran Dipatya.
  56. Dene Bupati kang nunggil, nekad lan Pangran Dipatya, Suradiningrat kalihe, Janapura Wiradigda, lawan Suryanegara,Pangran Pakuningrat kumpul, lan Pangran Mangkukusuma.
  57. Mantri alit tan winari, Kanjeng Pangeran Dipatya, nulya bubar sabalane, ing Pabegalan Metaram, dhumateng Sumaredya, sampun prapteng sawadyagung, anglir madu gula kentar.

PUPUH XIII
DHANDHANGGULA

  1. Sanekade Pangeran Dipati, rawuh pasanggrahan Sumareja, pepak sawadyabalane, pra niyaka tumenggung, atapi kang para prajurit, Kanjeng Pangran Dipatya, adhahar anginum, nayub sarta taledhekan, satengahing wuru pra samya prajanji, sagung kang wadyabala.
  2. Asupata sagung para mantri, pra Tumenggung myang para sentana, tanapi prajurit kabeh, anekad sabiyantu, samya janji anarik keris, Pangeran Purubaya, kathah sanggupipun, akathah susumbarira, mring Sang Nata sanggup nadhahi ngajurit, katah tanaganira.
  3. Let sadina kadhang saben ari, andrawina anginum adhahar, lan kang wadya wadya kabeh, prajanji sabiyantu, aja ana cidra ngajurit, bareng sapati-gesang, eklas janjinipun, aja na cidra ngubaya, sapa ingkang ngoncatana ing ngajurit, aja nemu raharja.
  4. Pangran Dipati pracayeng jurit, amiyarsa kang samya supata, nekad sungkeme manahe, para mantri Tumenggung, myang sentana para prajurit, mring Pangeran Dipatya, sedaya sumuyud, sumungkem tur kumawula, Jeng Pangeran Dipati Mangkunegari, madeg prawireng yuda.
  5. Kabatinan pracaya ing Widi, kalahiran pracaya ing bala, gentiya kang winiraos, kawarnaa Sang Prabu, ingkang wonten ing Pranaragi, sakpraptane ngutusan, Sindusastra matur, dhumateng Kanjeng Bintara kelawan malih, Janingrat Pakalongan.
  6. Nanging punika katur Sang Aji, Ranadipura datan kabekta, Sang Nata legeg galihe, kewran sajroning kalbu, Sindusastra umatur malih, prakawis putra Nata, ing mangke Sang Prabu, anenggih panawang kula, sanes trage ing mangke lawan rumiyin, kula ajrih matura.
  7. Pangran Bintara matur nambungi, kathah-kathah lawan Jayaningrat, Pangran Dipati angone, gegasah manah Prabu, putra Nata Pangran Dipati, padhami lan Welanda, ngangkat raadeg Prabu, entrage purun panduka, Sri Narendra wimbuh putek ingkang galih, duka sajroning nala.
  8. Pangran Bintara nenggih sayekti, binecikan lan Pangran Dipatya, wewadul awon walese, Lan Janingrat wewadul, saya wimbuh duka Nrepati, pra niyaka sedaya, ngandikan arembug, tansah tinantun ing rembag, pra niyaka pra mantri miwah prajurit, miwah para Dipatya.
  9. Angemu wimbuh duka Nrepati, mila tansah nari parembagan, nulya kasembuh dhatenge, mantri ingkang anungkul, ingkang saking Pajang Metawis, katur ing Naradipa, pinirsa turipun, ing Kanjeng Sri Naranata, pan ing mangke putra Pangeran Dipati, tan pened sedya nira.
  10. Pra Tumenggung sentana wus nunggil, kahit lan putra Pangran Dipatya, puruning Nata angkate, Sumareja gen kumpul, saya wimbuh duka Nrepati, pinepak pra niyaka, pra mantri Tumenggung, mring ipe dalem Mas Rongga, pra sentana prajurit andher neng ngarsi, pepek sawadyabala.
  11. Wonten mendhapa ing Pranaragi, samya prajanji sarta supata, saur-manuk omyang kabeh, riseksana Sang Prabu, sigra narik curiga aglis, sarta muwun Sang Nata, sarta punggawa gung, sedaya narik curiga, samyang nangis paring salenggruk samya jrit, kang saweneh kakajar.
  12. Mantep sanggupira ing ngajurit,sanggup nyepeng Pangran Adipatya, samya ngentek pasanggupe, aneng mendapa umyung, kang prajanji samya angenting, sareng sapejah gesang, benjang yen apupuh, sedaya sareng pejah, Sri Narendra duka tuntung muring-muring, mring Pangran Adipatya.
  13. Sarywa muwun ngandika Nrepati, kabeh padha sira pirsakena, kang kaya si kulup kuwe, bocah kudu kumingsun, kudu mungsuh mring ingsun jurit, tur amangsa enjuwa, wong kudu kumenthus, ginawe becik tan kena, wong kumethak mangsa enjuwa ngajurit, kalawan undhanging wang.
  14. Aja na ngarani Pangran Dipati, Aranana si Suryakusuma, pacuwan ing sarupane, sedaya matur nuwun, pan sandika kang abdi-abdi, muphakat pra niyaka, mas Rongga sumambung, umatur sarywa karuna, wong kumethak putra Nata kedah wani, mongsa gandra apira.
  15. Maksih awrat mungsuh Kumpeni, kula dhewe sanggup nandhahana, Suryakusuma yudane, prajurite mantri jro, kula purun nadhahi jurit, nulya Pangran Bintara, sumambung umatur, Suryakusuma yen yuda, pan kawula sanggup nadhahi pribadi, ajana milu yuda.
  16. Suryakusuma kathah kang selir, kula benjang ingkang boyongan, Sang Nata asru delinge, Suryakusuma besuk, lamun kongsi kacekel urip, sutn karya pagamelan, ngarit kudaningsun, sing sapa ingkang nyekela, ingsun ganjar reyal limang atus benjing, lan sun karya bupatya.
  17. Datatita semana ing nguni, Jeng Susunan atengara bubar, saking ing Pranaragine, ngaler ngilen lumaku, sahabala lajeng lumaris, ing mangke kang sinedya, arsa nglanggar nuruh, mring Pangeran Adipatya, ingkang wonten Kusumorejo ginitik, medaling ka Magetan.
  18. Jagaraga anjog Sokawati, Sri Narendra kandheg masanggrahan, ing Murong sahabalane, parembagan sang Prabu, lan Mas Rongga tansah tinari, aturipun Mas Rongga, dhumateng Sang Prabu, yen suwawi karsa Nata, baris ngarsa anjaga tanah Matasih, anarubna wong desa.
  19. Sawarnine kang samya tut wingking, dhumateng Raden Suryokusuma, wadya alit ingkang dherek, Sang Nata ngndika sru, iya bener undhangna aglis, Mas Rongga awot sekar, angundhangi sampun, wau kang baris pangarsa, wus angancik ing bumi tanah Matesih, anarubken wong desa.
  20. Wong wadon samya dipun boyongi, ingkang bangga samya pinejahan, sarta ngobong wismane, den rayah darbekipun, ya ta genti ingkang winarni, Pangeran Adipatya, semana kawuwus, kang baris Kusumareja, sring putusan serat-sineratan ganti, lan kang Rama Susunan.
  21. Atur-atur Pangeran Dipati, larab kastob panganggene kapal, Sejadirana kinengkeh, katur marang Sang Prabu, tan katrima sarywa Nrepati, wuwuh ageng piyangkah, mring putra Sang Prabu, saya ngidek karsa Nata, saya jiyad mring putra Pangran Dipati, kang aneng Sumareja.
  22. Pangran Dipati sring kintun tulis, sring putusan mring Idler Semarang, wangsul-winangsul surate, genti kintun kinintun, wewuh winawyan aganti, mring Pangeran Dipatya, Deller nulya asung, kang layon jeng ingkang Rama, Pangran Arya kang seda selong rumiyin, pinapag ing putusan.
  23. Kang ingutus dhumateng Semawis, amapaga layone kang Rama, Tumenggung Janapurane, lawan malih Tumenggung, Suramangunjaya lan malih, Menggung Tirtanegara, lawan malihipun, Ngabei Malangsumirang, lan Ngabehi Wirasantika lumaris, sarta mawi nuwala.
  24. Kang lukita pan datan winarni, Deller suka layon wus kabekta, sarta ingkang mastakane, ingkang pam an rumuhun, Pangran Adiwijaya uni, ingkang seda ing rana, sareng dhatengipun, lan layone ingkang rama, tinabela mapag sagung para santri, amawa gara-gara.
  25. Langit muntab sarta obar-abir, kukuwung teja sarta lan barat, lir wong arawuh gesange, cocog layon kang rawuh, jalajate kagiri-giri, Pangeran Adipatya, ing tyase anekung, ngabekti ing kabatinan, tur narima sihipun KangMubeng Bumi, linajeng mring Metaram.
  26. Sinarekken layon mring Mogiri, kaurmatan mumule sidhekah, atur dhahar lalurine, Pangran Dipati wau, osiking tyas raosing galih, lir pendah ingkang Rama, taksih gesang rawüh, sarta Pangeran Dipatya, akasukan adhahar anginum mawis, sarta anyebar arta.
  27. Kawarna Sang Nata kang ngancik, aneng Murong atengara bubar, majeng mring Bangsri barise, semana kang tinuduh, medal kilen ing Sri Bupati, Tumenggung Jayadiija, kakanthi Tumenggung, Wiratanu Alap-alap, lawan Jayanegara kalawan malih, Pangeran ing Bintara.
  28. Kawarnaa Pangeran Dipati, ingkang masanggrahan Sumareja, sareng Sang Nata barise, majeng sabalanipun, wonten Bangsri Sang Sri Bupati, Pangran Mangkukusuma, aminggat ing dalu, balik seba mring Sang Nata, marang Bangsri sabalanira lumiring, lawan Suryanegara.
  29. Lan Tumenggung Mandaraka balik, lawan Tumenggung Wirawidigda, mring Bangsri balik lampahe, lawan ta malihipun, rumiyine sanggup angabdi, aran pun Sindusastra, aminggat ing dalu, seba malih mring Sang Nata, marang Bangsri lan mantri jero kakalih, anenggih wartanira.
  30. Ingkang abdi Pangeran Dipati, Jayakalpika Jayasupena, sami ing dalu inggate, Bangari seba Sang Prabu, mbekta para jrehi kakalih, teledhek kalih pisan, balik mring Sang Prabu, Sang Nata kalangkung suka, kapracaya sebane mantri kakalih, pangandikane Nata.
  31. Besuk hengtek wonge padha balik, Suryakusuma seba maring wang, wonge padha balik kabeh, uwong kudu kumingsun, kudu mungsuh marang ing mami, anglesa ing pratola, mimbua ngaluhur, mangsa ingsun kedhepena, henengena warnanen Pangran Dipati, rembuge ingkang bala.
  32. Ingkang rayi linampahken jurit, wasta Pangeran Mangkudiningrat, lan Mangkuyuda kanthine, mangetana anggepuk, are buta ing Pranaragi, riseksana umangkat, lan sabalanipun, m angetan anjog Pacitan, nulya Pangran Purbaya ingkang tinuding, lan Suramanguiyaya.
  33. Wus umangkat mangaler lumaris, mapagaken mring Pangran Bintara, prapta ing Langgung barise, genti ingkang winuwus, tuan Deller nagri Semawis, wus eca ingkang rembag, kang serat lumintu, Ideller arsa tulunga, tan winarna pitulunging Ywang kang prapti, dhateng Pangran Dipatya.
  34. Nulya Ideller amepak Kumpeni, mangkat saking ing nagri Semarang, tulung Pangran Dipatine, bala Kumpeni agung, lan Ki Adipati Semawis, Bugis Bali Makasar, wong pasisir tumut, semana Pangran Dipatya, aputusan m an tri amapag Kumpeni, mbekta tundhan lan segah.
  35. Lajeng lampahe wadya Kumpeni, dalu rereb enjange lumampah, sentana binekta kabeh, ing marga tan winuwus, lampah ira Idller wus ngancik, abaris Paserenan, sentana kang tumut, titilare Pangran Harya, kang sadherek Kanjeng Pangeran Dipati, ingkang wonten ing sabrang.
  36. Pan sekawan kang sepuh satunggil, wasta Pangeran Tirtakusuma, semana sangetm marmane, serat kandhut tan kintun, ambeboleh marang Kumpeni, mring Pangeran Dipatya, sampun kongsi temu, marang Ideller Semarang, yen estuwa badhami lawan kumpeni, Kangjeng Pangran Dipatya.
  37. Pan kasasor kasinggihan yekti, kang raka Pangeran Tirtakusuma, luhur Pangran Dipatine, mila asring akintun, mring kang rayi awali-wali, ingkang serat kandhutan, amrih sampun temtu, Deller lan Pangran Dipatya, aja kongsi abadhami lan Kumpeni, kathah pemuting serat.
  38. Lan malihipun ingkang papatih, Pangran Dipati ingkang anama, Kudanawarsa w astane, lumuh sanget turipun, Gusti sampun kongsi papanggih, supami badhamiya, lan Janingrat ing Metaram, sanget ture sampun Gusti apapangtih, lan Kumpeni Semarang.
  39. Karsanira Pangran Adipati, saestu bedhami apapanggiha, lan Kumpeni Idellere, dadya dri kanca rembug, tansah sami sawaleng pikir, Pangeran Adipatya, pegel manahipun, sedaya datan winarna, dyan pineksa Kudanawarsa tinuding, mring Deller Paserenan.
  40. Gawa asuguh sarta manggihi, mring Kumpeni Idller ing Semarang, ing Paverenan pondhoke, lawan kanthi Tumenggung, Janapura kalawan malih, Janingrat ing Metaram, lan sebalanipun, mangkat saking Sumareja, pan pineksa angkate Tumenggung Katri, dhumateng Paserenan.
  41. Umangkat ngetan kang bala lumaris, bekta segah prapta pamondhokan, ing Barawatu wastane, saestu boten purun, papanggihan lawan Kumpeni, amung segah kewala, ingkang lajeng katur, lawan sikep kapal tundhan, Paserenan wus katur Deller Kumpeni, Ideller tan tarima.
  42. Deller kedah papanggih pribadi, Danawarsa tan purun panggiha, pineksa sanget ajrihe, Deller pegel tyasipun, sring seratan sinerat sami, lawan Pangran Dipatya, Deller seratipun, samana Pangran Dipatya, saya kewran kalangkung pegel kang galih, ningali Danawarsa.
  43. Datan purun panggih lan Kumpeni, Pangran Purubaya kang winarna, Neng Sanggung pabarisane, kawon ing yudanipun, saking eler linanggar jurit, mring Pangran ing Bintara, lan sabalanipun, lan Tumenggung Alap-alap, ingkang ngabdi Sang Nata kang wonten Bangsri, menang genira yuda.
  44. Pangran Purbaya kawon ing jurit, lumajeng ngidul sarewangira, kalangkung rusak baiane, kathah kacandhak lampus, Sumareja katur tumuli, ing Pangeran Dipatya, sedaya wus katur, Kanjeng Pangeran Dipatya, neng Kusumareja kewran ingkang galih, kang pam an katon aprang.
  45. Pangeran Purbaya kawon kang jurit, sarta kang papatih Danawarsa, tan purun panggih lampahe, mila pegel tyasipun, wau Kanjeng Pangran Dipati, aneng Kusumareja, ing pramilanipun, arsa ngawaking, priyongga, sampun rembang lan mantri lebet prajurit, karsa ngawaki yuda.
  46. Nulya amangkat Pangran Dipati, saking pasanggrahan Sumoreja, way ah ing Ngasar angkate, umangkat sarta jawuh, garwa putra binekta sami, kala dina Jumungah, ing Kaliwonipun, tahun Je pan sinengkalan, Punang Liman Turongga Angoyak Bumi, nuju ing sasi Arwah.
  47. Nulya arereb kasaput wengi, aneng Camethuk pinggiring arga, injing mangkat sabalane, sarta putusan sampun, mring Ideller wadya Kumpeni, kang wonten Paserenan, pan asuka weruh, yen Pangeran Adipatya, sampun mangkat angaler wetan lumaris, Kanjeng Pangran Dipatya.
  48. Pangran Dipati sedya ngawaki, nulya rereb pinggiring bengawan, dhusun Tinangger wastane, antara tigang dalu, putus-pinutusan pan sami, lan Deller Paserenan, pan den antep purun, mring Kanjeng Pangran Dipatya, nulya sareng umangkat Pangran Dipati, Deller nabrang mangetan.
  49. Pangran Dipati nabrang benawi, pan mangaler sarengan lumampah, Deller kang kilen lampahe, Pangran sabalanipun, medal wetan genya lumaris, Deller kilen lelampah, sareng lampahipun, neng Kadhadhong masanggrahan, pan sedalu Ideller arereb sami, wonten ing Samedhangan.
  50. Dening Susunan kang wonten Bangsri, lolos ing dalu sabala nira, kandheg neng Purwasarine, bubar malih ing dalu, kandheg wonten ing Murong malih, nulya Pangran Dipatya, lan Deller lalaku, mangaler lan sahabala, Deller kandheg neng Susuruh wong Kumpeni, arereb masanggrahan.
  51. Rereb ing Kakum Pangran Dipati, mung sadalu enjing nulya budhal, rereb Cakanthong wastane, lamine kahh dalu, injing malih ngilen lumaris, arereb desa Maja, nanging tigang dalu, nulya Ideller putusan, juru basa pun Bestam ingkang tinuding, Deller arsa panggiha.
  52. Juru basa Bestam duk papanggih, ingaji-aji tur sinuba-suba, Pangran Dipati karsane, binjang samya tetemu, mangke kedah ngajak lumaris, marang ing Sokawatya, lajuwa anjujul, marang kang Rama Susunan, wong Kumpeni Ideller dhateng nututi, laju yuda kenanga.

PUPUH XIV
P A N G K U R

  1. Ideller pan sareng mangkat, wong Kumpeni lumampah andhingini, Pangran Dipatine pungkur, sareng samya lelampah, tan atebih sami ring iringan langkung, kang bala sami katinggal, Kumpeni lawan wong Jawi.
  2. Ideller Kumpeni prapta, aneng Gebang dening Pangran Dipati, rereb lawan balanipun, garompol pagedhangan, mung sadalu injing mangkat kalihipun, Ideller Kumpeni prapta, ing Sumengka Sakawati.
  3. Pangran Dipati wus prapta, pan arereb Tegaran tigang latri, ing Sumengka kidulipun, dyan putus-pinutusan, Pangran Dipati lawan Ideller wau, kedah apanggih piyambak, Deller lan Pangran Dipati.
  4. Semana Pangran Dipatya, yun papanggih lan Deller wus cacawis, badhe papanggih susuguh, pondhokan bineladhah, asengadi Deller isin alumaku, akedah Pangran Dipatya, ngaturan Deller Kumpeni.
  5. Ngaturan dhateng Sumengka, kang kautus Semarang Ki Dipati, ngaturi ing lampahipun, Pangeran A dipatya, sakadange tìtìga ingkang lumaku, lan juru basa Kibastam, samya ngangge-angge sami.
  6. Kanjeng Pangeran Dipatya, baten karsa kedah panggih ing ngriki, tan gega ing aturipun, ingkang abdi sedaya, yen saestu Kumpeni Deller tutulung, panggiya ngriki kewala, sampun mring Sumengka Gusti.
  7. Deller isin asebaa, kedah Pangran Dipati den aturi, mring Sumengka milanipun, padya sande panggiya, nulya Pangran Dipati bubar amundur, ing Batu amasanggrahan, serat-sineratan sami.
  8. Nulya patih Danawarsa, papanggihan law an Deller Kumpeni, neng Tempuran gen tetemu, samya aparembagan, sasampune parembagan Idller wangsul, marang ing baris Sumengka, Danawarsa wangsul malih.
  9. Prapta Batu perembangan, rembagipun tansah abenjang pikir, ana ngaturi tetemu, lan Deller kang satengah, nanging kathah ngaturi ngetan ing laku, genira amasanggrahan, neng Batu sadasa latri.
  10. Deller cuwa ing man ah, nora panggih lan Pangran Adipati, Ideller kalangkung ngunggun, nulya Pangran Dipatya, suka wikan mring Deller arsa lelaku, marang Madiun negara, Ideller atilar tulis.
  11. Injing tengara umangkat, sabalane Karyeng Pangran Dipati, bakda Siyam angkatipun, dumateng ing bang wetan, arsa nglanggar Pangran Dipati jinujug, Anen kang putra Susunan, wonten Madiun negari.
  12. Ideller anulya mangkat, mangkat saking Sumengka wong Kumpeni, Kumpeni baris ing Butuh, Deller laju mring Sala, dening Pangran Dipati sabalanipun, bubar marang ing bang wetan, angaler ngetan lumaris.
  13. Pangran Dipati umangkat, saking Batu telatah Sokawati, anglereb sadinten Septu, Kaliwon sasi Sasi Sawal, tunggil tahun nujeng tanggale ping telu, gennya lelampah sadina, rereb Pringapus sawengi.
  14. Injing lelampah sadina, sarta jawah adres parahara prapti, sadinten lampahnya rawuh, dalu amasanggrahan, ing Careme kang bumi tumut Madiun, sadalu injing dyan bubar, rereb Kärnten salatri.
  15. Injing atengara bubar, sahabala ndungkap kutha tumuli, prajurit kang manggen ngayun, prapta ndungkap ing kutha, ing Madiun pinareg prang datan dangu, wastane Bupati nira, nama pun Purwanegari.
  16. Muter salebeting kitha, jroning bata mariyem mungeng gari, mawi gamelan tinabuh, map an kinarya semang, Pangran Adipati Anem ing Madiun, nulya ambolos semana, nulya semana kang abdi.
  17. Sarageni lan panumbak, samya majeng kitha rinangsang wani, Bupatine ing Madiun, wasta Purw anegara, wus kacandhak ing ngrana pan sampun lampus, tinigas mustakanira, rabine wus den boyongi.
  18. Wong Madiun ingkang pejah, pan wolulas katur Pangran Dipati, bebandhangan samya katur, aglar neng pagelaran, pra prajurit asowang munggeng ing ngayun, ngaturaken bebandhangan, sarta boyongan pawestri.
  19. Kala prang dina Selasa, tanggal ping nem Kaliwon kala jurit, wulan Sawal Je kang taun, Madiun bedhahira, Jeng Pangeran rereb jro kitha Madiun, bala samya pamondhokan, atata para prajurit.
  20. Injang sineba ing bala, ingkang darbe nagri Madiun prapti, anake Pangran Madiun, kang rumiyin wus pejah, Raden Sumadiija nenggih wastanipun, lajeng katanem kewala, ing Madiun kang negari.
  21. Nulya kang darbe Magetan, Jagaraga tumenggunge katuding, muliya mring nagrinipun, antara tigang dina, Pangran Adipati mangkat sing Madiun, marang nagri Pranaraga, mangidul bala lumaris.
  22. Nulya rereb Kapulangan, sadalu enjing nulya lumaris, taksih injing nulya rawuh, ing kitha Pranaraga, daweg tata kang abdi dereng acucul, wadya aramya kang prapta, punika ngaturi uning.
  23. Yen kidul kilening kitha, wonten mengsah tiyang ing Pranaragi, ingkang tumut Sangu Prabu, bala kathah kaplajar, kang raramu punika sami binuru, kagyat Pangeran Dipatya, tengara bendhe gong beri.
  24. Umangkat sawadyabala, saking kitha ngidul ngetan lumaris, lingsir kilen wayahipun, padaleman jro kitha, binesmenan sedáya tan wonten kantun, Kanjeng Pangeran Dipatya, sapraptanira ing jawi.
  25. Wonten sajawining kitha, aningali mengsah wong Pranaragi, kang dadya titindhihipun, Wasta den Sumabrata, anakipun Suradiningrat karuhun, kang pejah wonten ing Ngrana, punika ingkang nindhihi.
  26. Lajeng kabereg kewala, mring kang bala Kanjeng Pangran Dipati, anyander pabujungipun, mengsah ngenthir lumajar, ngantos dhateng ing ngardi wetan gen buru, semana wong Pranaraga, kacandhak tiga ngemasi.
  27. Kanjeng Pangeran Dipatya, kandheg dhusun winastanan Tegalsari, arereb sabalanipun, wasta dhusun Wanakarta, mung sadalu injing bubar ngilen rawuh, arereb ing Kasatriyan, sakidul kitha miranti.
  28. Kidul kilen Pranaraga, masanggrahan sakidul lepen alit, anulya kang rayi rawuh, Pangran Mangkudiningrat, sahabalane sowan kang raka sampun, rumiyini kang dimita, medal kidul Pranaragi.
  29. Lajeng pinutus kang raka, anelasah mring mengsah Pranaragi, umangkat sabalanipun, Pangran Mangkudiningrat, anelasah mengetan demugi gunung, abubujung Surabrata, dhusun ing Sombro wus prapti.
  30. Pangeran Mangkudiningrat, wangsul dhusun Sobro mangilen malih, sarta babandhangan antuk, gongsa lan kapal gangsal, lajeng katur kang raka bandhanganipun, Kanjeng Pangeran Dipatya, mundur pupuh kang gumanti.

PUPUH XV
D  U  R  M  A 

  1. Pangran Adipati aneng kasatriyan, bumi ing Pranaragi, kidul kilen kitha, antara pitung dina, angrerebaken turanggi, neng kasatriyan, nengna datan winarni.
  2. Kawarnaa Susunan kang wonten Bancar, sareng aturan uning, yen Madiun bedhah, Purwanegara pejah, kang putra Pangran Dipau, Anom lumajar, ngungsi dhateng wanadri.
  3. Lir sinipi dukane Sri Naranata, kadya metuwa geni, dandan sahabala, sigra nembang tengara, miranti wadya prajurit, seksana mangkat, saking Bancar Nrepati.
  4. Jujur wana wangetan lampah Sang Nata, sumedya nglanggar jurit, marang ingkang putra, Pangran Mangkunegara, rakiten dalu lumaris, leren sakedhap, amakankan turanggi.
  5. Wektu rendheng bengawan ageng tur bena, saking panasing galih, ingkang wadyabala, sedaya angresula, sa’bab lampahe Sang Aji, nefod tan laryawan, awis tan manggih bukti.
  6. Weneh kaliren sayah tan ana mangan, datan kawarna margi, nenggih putra Nata, Pangeran Adipatya, Anem kapapag geng margi, datan antara, cundhuk lan Rama Aji.
  7. Tinangisan kang putra Sri Naranata, sedaya tan winarni, lajeng Sri Narendra, dening manca negara, kang tumut Pangran Dipati, bubar sedaya, sumingkir mring wanadri.
  8. Sarta atur uninga Pangeran Adipatya, yen Susunan dhatengi, Pangeran Dipatya, kang wonten kasatriyan, sareng aturan udani, Pangran Dipatya, yen kang Rama dhatengi.
  9. Pan sedalu genira apirembagan, lan sagung ingkang abdi, lan kang rayi Pangran, Arya Mangkudiningrat, Jayaningrat ing Metawis, Sujanapura, samya tinari-tari.
  10. Miwah ingkang apatiti Kudanawarsa, myang kang para prajurit, tan wonten wisesa, sami ngareh kewala, dherek sakarsane Gusti, Pangran Dipatya, langkung putek kang galih.
  11. Pra prajurit pra mantri lebet kewala, kang sepuh pan tinari, ature tan beda, sami narah ing karsa, ing Gusti dhateng nglampahi, kang pangandika, Pangeran Adipati.
  12. Yen mangkana batur kabeh aturira, datan kena tinari, anyarah kewala, tan ana amisesa, aperang lawan Kiyai, pan pira bara, bangga ing ajurit.
  13. Pirang bara untap-untapa tan bara, nanging pangrasa ati, nadyan aku kalaha, nanging wetaraning wang, aprang kalawan Kiyai, pangrasane wang, Kyai tan kober cincing.
  14. Sabab aku anekad sarta anderah, batur kabeh sun tari, yen tresna maring wang, ingsung sedha ing Allah, barenga mari lan marni, saur kukila, sedaya kang prajurit.
  15. Amung mantri lebet dening kang para niyaka, kendel kewran ing galih, dhatan pahan tara, riris barat kang prapta, lepen kasatriyan alit, banjir sekala, tan kenging den sabrangi.
  16. Ingkang mondhok sakilen kali Ksatriyan, nabrang ngetan tan keni, maksih kelen toya, Pangran Mangkudiningrat, lan Kudanawarsa patih, sabalanira, lan Janingrat Matawis.
  17. Lan Sarageni poleng neng sakilen toya, kelawan tiyang Bugis, maksih kilen toya, dene kang aneng wetan, Janapura lan Srageni, cemeng myang abang, kang panumbak den kanthi.
  18. Injing Pangran Dipati nembang tengara, mantri jro wus arakit, ingkang wadyabala, angantos darnel sasak, kang wonten kilening kali, maksih tan obah, kilen kali miranti.
  19. Ingkang wetan taksih wonten wetan toya, nanging sampun arakit, ya ta kang winama, lampahe Jeng Susunan, rahina wengi lumaris, Sri Nara Nata, duka samargi-margi.
  20. Sarawuhe Susunan ing Pranaraga, wadyane wus rinakit, andharat sedaya, samya angepung kitha, denyana Pangran Dipati, won ten ing kitha, wusana kitha sepi.
  21. Ngangah-angah cuwa manah Sri Narendra, langkung pegel kang galih, saya ngangah-angah, sarta samarga-marga, duka mring kang abdi-abdi, leren tan kena, nulya wonten tur uninga.
  22. Yen Pangeran Dipati Mangkunegara, takyin sampun miranti, wonten kidul kitha, neng dhusun Kasatriyan, angandika Sri Bupati, marang mas Rongga, payo tatanen rakit.
  23. Sira Rongga dadiya pangawak kanan, sira ingkang nindhihi, mantri jro sedaya, lan si kulup Dipatya, Anom sabala prajurit, wong Jagasura, Nirbaya aia kari.
  24. Lan Pangeran Pakuningrat sabalanya, kang tengen wus sarakit, kang pangawak kiwa, Pangran Mangkukusuma, lan akanthiya si adhi, Pangran Bintara, sabalane lan malih.
  25. Jayaningrat Madaraka Wiradigda, lan Pangran Hangabei, lan si Jayengrana, law an Su ry an egara, pada adharata sami, kang jajaranan, Wirarana nindhihi.
  26. Aneng wuri sakehe wong jajaranan, Wirarana nindhihi, Ingsun dadi dhadha, kapilih ngarsane wang, pinilih miwah wong Bah, sun pangku dhawah, kang ana wuri marni.
  27. Suryanata kelawan wong nameng yuda, gandhek Singanegari, lan wong Nangkraknyana, Sarageni sedaya, neng ngarsane wong pinilih, kathahing bala, angreb gebel delidir.
  28. Rakit dharat apanthan-panthan lumampah, lir kang sela blekithi, bubul abra sinang, saking kathahing bala, lir segara tanpa tepi, pangucapira, sedaya padha kibir.
  29. Pawestrine angucap aku ing benjang, pasthi yen menang jurit, acecewok kopyah, ceneng ingsun ing benjang, panguntape kang prajurit, pasthi yen menang, amilihi turanggi.
  30. Ana ngucapana milihi wanodya, kang ayu-ayu kuning, kocap ing carita, Pangeran Adipatya, akathah kang para selir, lajeng lelampah, Sun an lan kang prajurit.
  31. Angreb muntab golong golongan atata, gendera warni-warni, lir peksi raratyan, wau Pangran Dipatya, lan kang abdi pra prajurit, wonten Satriyan, wus prayitneng ing jurit.
  32. Sampun medal saking pamondhokan ira, sabalane prajurit, sampun dandan sasak, kang wonten wetan toya, maksih tata kilen kali, kang wetan toya, maksih neng wetan kali.
  33. Yen Pangeran Dipadi neng wetan toya, datan antara nuli, medal Kasunanan, amyang sampun katingal, muntab lir prawata geni, lir wardu wangga, surak samargi-margi.
  34. Pangran Adipati kuwur ingkang manah, nulya kang para rabi, kinen nabrang sasak, ngidul lajeng minggaha, pan angilen pinggir ardi, pan sareng mangkat, lan Pangran Adipati.
  35. Anindhihi gegaman kang wetan toya, pangran Dipati watir, mring kang para garwa, maksih celak lampahnya, mengsah sampun ngawet sami, seksana nabrang, sasak sakilen kah.
  36. Sampun nabrang sakilen lepen wus prapta, sawingking Sarageni, Poleng pernahira, kaparing padhusunan, kang wekas kilen ngenggeni, Kanjeng Pangeran, mangkudiningrat malih.
  37. Wetanipun Jayaningrat ing Metaram, sawetanipun malih, patih Danawarsa, sabalane wus tata, wetan pisan Sarageni, Poleng wus tata, samya gambireng jurit.
  38. Pangawate kang kiwa wong Kasunanan, sampun cam puh ing jurit, wong Mangkunegaran, Tumenggung Janapura, lan Srageni ijo ngarsi, tarung senjata, jurit let lepen banjir.
  39. Sampun wetaning lepen sakilen toya, medal dharat kapilih, pilih pinilih jra, lan Srageni ing ngarsa, ngandika Sri Narapati, Srageni abang, iku tempuhna jurit.
  40. Yekti ana kono si Suryokusuma, sabrangana tumuli, wong Bali umangsah, kapilih pinilihan, pan sinongga denirig bedhil, meksa nerajang, sedaya gebyur kali.
  41. Wadya Mangkunegaran Srageni abang, cemeng samya ngunduri, binujung m angetan, kang mujung samya dharat, undure maksih bedhili, sami kapalah, kang bujung dharat sami.
  42. Kasunanan pangawat kiwa nrenrajang, sareng nempuh ngajurit, Pangran Mangkudiningrai, Janingrat Dan aw arsa, sabalane anadhahi, campuh ing yuda, dharat mengsah turanggi.
  43. Tarung bedhil nginggil kapal lawan dharat, kang dharat ngamuk wani, Pangran Mangkudiningrat, Danawarsa Janingrat, anangga samya angisis, sami lumaywa, wong dharat bujung jurit.
  44. Srageni Poleng Bugis aprang pan lumajar, pan samya nolih-nolih, sarta anyenjata, wau niyaka tiga, lumayu datan anulih, asalang tunjang, lumayu rebut dhingin.
  45. Dyan Pangeran Dipati Mangkunegara, iklas manah kang wening, tan ana katingal, nanging Allah kang mulya, ngandika Pangran Dipati, prajurit ingwang, wong jero para mantri.
  46. Alah payo padha pasraha ing Allah, payo barenga mati, akuja selaya, sami matur sandika, sarta pratandha tinarik, nginggil turongga, majeng sarta ngaloki.
  47. Anglir mendhung kang mantri wus tata, sami prayitneng jurit, pan angamuk rampak, sami sudireng ing prang, kang katrajang akeh mati, lir singa lodra, angamul golong pipis.
  48. Jeng Pangeran Dipati Mangkunegara, anindhihi ajurit, mangamuk lan nyakra, gadhewanya lir kilat, antuk pitulung Hyang Widi, mengsah keh pejah, larut tan mangga pulih.
  49. Pangran Mangkudiningrat lan Jayaningrat, lawan Kudanawarsi, kang sami lumajar, wangsul malih ngayuda, Prawirarana nadhahi,campuh samya turanggi.
  50. Tan anangga Pangeran Mangkudiningrat, samya lumajeng malih, Janingrat lumajar, Danawarsa lumaywa, Prawirarana nututi, bujung ing yuda, dadya Pangran Dipati.
  51. Tan derana Pangeran Dipati mangsah, nander tulung pribadi, pan atilar bala, mapagen Wirarana, binestul Pangran Dipati, Prawirarana, tatu pupunya giris.
  52. Dyan lumajar sabature asas aran, dyan Pangeran Dipati, tan amawi bala, mobat-mabit ngayuda, angsal pitulung Hyang Widi, mungsuh keh pejah, larut sedaya ngisis.
  53. Balanipun Susunan kang pejah ngrana, gangsal tatu kang mati, prajurit kewala, malah saged langkunga, kang bala lumayu jurit, Mangkunegaran, kang lumayu wus bali.
  54. Kang prajurit mantri jro Jayaprameya, semana nandhang kanin, Jeng Pangran Dipatya, pramila tan uninga, tinilar kala nulungi, mring Wirarana, saking ramening jurit.
  55. Sadhadhale wadya kang pangawak kiwa, Sunan duka tan sipi, majeng ngamuk yuda, lawan wong Jagasura, wong Jagabaya akanthi, lan Suryanata, tinindhihan Nerpati.
  56. Matur lulut lawan wong Singanegara, gandhek lawan pinilih, kang wus nabrang ngetan, wong pinilih ngandika, saundure ngilen sami, pan tinututan, dening wong Sarageni.
  57. Wantuning wong dharat kinadol ing kapal, sayah dennya lumarìs, yen arsa anumbak, ingoncatan ing yuda, winales nulya binedhil, kathah kang pejah, weneh sayah andhelik.
  58. Nora kongsi anabrang sakilen toya, pan gawat dadi siji, wus kumpul Sang Nata, anggrebeg Narendra, wong Suryanata ajurit, angamuk dharat, den oncati tan polih.
  59. Pan abedhil sedaya luput kewala, binedhil samya keni, yen tumbak tan angsal, yen tinumbak pralaya, Susunan geger tan angling, wetawisira, balanira kang kari.
  60. Kalih atus kirang langkung tan akathah, nulya ingkang prajurit, wong Mangkunegaran, kang wonten sabrang wetan, ingkang lumaywa wus prapti, kumpul sedaya, ingkang para prajurit.
  61. Ingkang ngasta tengen Pangeran Dipatya, cape jinejak bedhil, tan bisa gulawat, mung parentali kewala, mobat-mabit mring prajurit, payo mangsaha, aja na ngucap ajrih.
  62. Sunan lir wong binayang kari semana, sarta dipun bedhili, gen prang lingsir wetan, ngantos dumugi Asar, sunan kinalang ing jurit, tu sinurakan, dangu-dangu anuli.
  63. Pangran Mangkukusuma kang kaprawasa, pan tatu dening mimis, ingkang anyenjata, warta Jayawiguna, anulya lajeng ngemasi, Kanjeng Susunan, kang manah saya miris.
  64. Sarta lambening kuda Sri Naranata, kabrebed dening mimis, nulya Sri Narendra, lumajang tilar bala, binujung dening turanggi, wong Kasunanan, sangsaya kathah mati.
  65. Kang saweneh matikagebyur ing toya, bengawan Pranaragi, gennya campuh yuda, wanci pecat rakitan, Susunan sareng kajodhi, pan tambur Asar, suh sirna larut hening.
  66. Sirna gempang larut baiane kang rama, pinelak ing turanggi, kagebyur ing toya, saya kathah kang pejah, Kanjeng Pangeran Dipati, kalangkung suka, unggul genira jurit.
  67. Ana dening patine Suraprameya, kacandhak gen lumaris, pan sampun lumajar, kinen nutut tan kena, ngamuk kinepung prajurit, nyampang curiga, lajeng dipun pejahi.
  68. Duk kaperang Jumuwah Kaliwon injang, wanci ing pecat rakit, tanggal ping nembelas, nuju ing wulan Sawal, tahun Je den sengkalani, Gajah Tu’rongga Angobahaken Bumi.
  69. Bala Kadipaten kang tatu kathahnya, sanga likur winilis, mung pejah titiga, siji Jayaprameya, dening baiane Sang Aji, kang pejah ngrana, nematus winetawis.
  70. Sanes ingkang pejah kagebyur ing toya, sartane ingkang kanin, katututan pejah, sedaya sangang dasa, pan nanging kirang kakalih, kacepeng gesang, kang teluk tan kawilis.
  71. Jeng Pangeran Dipati Mangkunegara, sakawane Rama Ji, kandheg pambujung ira, mila kandheg semana, tan sedya mengsah Nrepati, lahir batinnya, amut-martuwa Aji.
  72. Tan angipi sedya mungsuhan kang Rama, yen den lajengna ugi, ing pabujungira, kadi Sunan kacandhak, Kanjeng Pangeran Dipati, enget ing driya, lahir tumekeng batin.
  73. Layonipun kang Paman Mangkukusuma, wus kinen angresiki, kinen lajengena, mring Metaram pinetak, sakehe bandhangan sami, wus kapendhetan, dening para prajurit.
  74. Kathah angsal bandhangan kang beboyongan, pawestri kang sapalih, pinendhet piyambak, mring kang angsal boyongan, sapalih katur ing Gusti, ingkang butamal, pinendhetan pribadi.
  75. Ingkang ngasta tengen Pangeran Dipatya, cape kala ajurit, kang jejek senjata, kestul panandres munya, Kanjeng Pangeran Dipati, lumajeng wana, bumi Magetan ngungsi.
  76. Ginitikan maring wong bumi semana, darbeke den pendheti, sampunnya mengkana, nusul dhateng kang rama, sampune gennya ajurit, pan tambur asar, lan udan riwis-riwis.
  77. Rereb ngara-ara sawetan Bengawan, Pangeran Adipati, baiane kang rama, ingkang kecepeng gesang, sedaya ngapunten sami, wus kaluwaran, wong Jaya lan wong Bali.
  78. Miwah mantri samya ingingu sedaya, sami den supatani, anake Dipatya, Janingrat Pakalongan, kabandhang anake estri, aran Marliyah, anglir kang madu gendhis.

PUPUH XVI
DHANDHANGGULA

  1. Nulya Kanjeng Pangeran Dipati, kandheg arereb ing ara-ara, saler Demung sabalane, akekadhar sedalu, injing budhal mangidul malih, rereb kidul pradesan, wastane ing Demung, sadalu enjinge budhal, nulya rereb dhusun ing Ngunut salatri, enjing anulya budhal.
  2. Sahabala masanggrahan sami, dhusun Tulung ngumpulken boyongan, myang bandhangan sawarnine, arsa anjunjung lungguh, para mantri miwah prajurit, kalayan aputusan, mring Deller sung weruh, sarta nimbali Pangeran, Purubaya Suramangunjaya sami, kalawan Wiranata.
  3. Resajiwa mapan datan kari, katim balan sarta aputusan, mring Eyang Ratu Ibune, Ibunipun Sang Prabu, lan nimbali manca negari, sawetane ing arga, Wilis ponang gunung, lan nimbali Jeng Pangeran, Prabu Jaka ijem ingkang Sarageni, kalawan wong tamtama.
  4. Duksemana kautusan ngusir, marang Sutawirya ing Kaduwang, Srageni lan tamtamane, lampah ira alajú, minggah G endhol ing Lawu ngardi, ngardi Lawu iringnya, Gendhol wastanipun, samya angsal babandhangan, gong sekawan katur Pangran Adipati, neng Tulung pasanggrahan.
  5. Saben ari anata prajurit, wonten Tulung pan patbelas dina, nulya budhal sabalane, ngidul ngetan lumaku, wangsul dhateng ing Pranaragi, prapta wetaning kitha, dhusun Tegalsantun, masanggrahan wonten Karta, tuan Deller angaturi obat mimis, kalih etong Semarang.
  6. Katur Kanjeng Pangran Adipati, anggur lan mawis kalih gotongan, sampun katur sedayane, suka sajroning kalbu, nulya wonten putusan prapti, Brahimwiranegara, ing Malang cumundhuk, papatihipun kang prapta, mbekta rencang kalih dasa atur bekti, katur Pangran Dipatya.
  7. Nunten katolak mantuk tumuli, patih ing Malang pan binusanan, sarta pinisalin kabeh, kelambi nyamping dhuwung, marang Kanjeng Pangeran Dipati, sarta Wiranegara, kapatedhan sabuk, sasaput rati kencana, lan kaparing dhuwung saput kajeng singgih, inggih sruwa kencana.
  8. Bupatine Madiun tinuding, kang ngawasta raden Sumadiija, Jeng Gusti pangandikane, lumakua sun tuduh, angeriga manca negali, kang bang wetan sedaya, aja no kang kantun, lan mantri jro nindhihana, mantri siji iya si Jayapangrangin, Sumodirja wot Sekar.
  9. Dyan papatih Kadhiri kang prapti, pan awasta Tumenggung Katawengan, sarta lawan pangulune, utusan sampun katur, marang Kanjeng Pangran Dipati, ingkang angirid sowan, nenggih ab dinipun, Kanjeng Pangran Adipatya, wasta Tandhawijaya ingkang angirid, angaturken prasetya.
  10. Katawengan sarta atur bekti, kuda lawan ukiran kencana, tan tinarima ature, nulya wonten kang cundhuk, ing Kalangket ing rawa prapti, sowan Pangran Dipatya, lan sabalanipun, sarta ngaturken prasetya, pan katrima ing Kangjeng Pangran Dipati, pan kinula wisudha.
  11. Nunten Pangran Purbaya kang prapti,lan Tumenggung Suramangunjaya, kalawan sapanekare, kang katimbalan karuhun, sowan ngarsa Pangran Dipati, pepek para punggawa, andher munggeng ngayun, nulya raden Sumadiija, ing Madiun sesarengan lagya prapti, bekta manca negara.
  12. Sampun prapta ngajengan watsari, sigra matur raden Sumadiija, pranata atur sembahe, amba tuwan ingutus, animbali manca negari, ing bang wetan sedaya, ing mangke pan sampun, ingkang sowan ing panduka, Kartasana ngebleg Pace ing Carubin, katura ing paduka.
  13. Pangran Dipati ngandika aris, sun tarima kakang laku nira, nanging karsaning sun mangke, nama nira sun pundhut, Sumadiija pan ingsun alih, jumenenga pangeran, Mangkudipureku, mupakat para niyaka, amarengi Garbeg Besar Senen Pahing, taune Je semana.
  14. Sareng Sujanapura ingalih, kapatedhan Menggung Pringgalaya, sarta kasukan ararne, teledhek dhahar nginum, pan sadina nutug sawengi, laminya masanggrahan, Tegalsari wau, sampun kawandasa dina, sarta ngumpulaken kang titiyang Bali, piniliyan samana.
  15. Pan kinarya kang prajurit Bali, winoraken lan wong Gulang-gulang, Pangran Dipati lamine, masanggrahan ning ngriku, para nata neng Tegalsari, tan dhahar sekul ulam, tan pegat anayub, akasukan teledhekan, bebedhayan lingsene acegah guling, lawan angunggar bala.
  16. Pangran Dipati Mangkunegari, Senopati nglana adigdaya, ing aprang pilih tandhinge, ingkang cahya umancur, widigdaya prawireng jurit, wi mbuh manah satunggal, limpad setya tuhu, apracaya ing prawira, sabda giri ingkang saya luluta sih, kadhep ing bala-bala.
  17. Wisik ing rat pracaya ing galih, sipat kaharpan suka kawiryan, ndhagi barang tingkahe, bisa nigas anambung, ing prakosa sampun ngenteni, ywa ulah kirdaningrat, sedaya kawengku, ingaguna-amiguna, wruhing sabda baya kalawan basuki, lir kang wreksa cendana.
  18. Lir baskara anerus áwening, kilang juruh andres pinasthika, tur wignya nata baiane, Surasa sabiyantu, andyaning digdaya sami, wruh saingering jagat, jaga-jageng nglangut, prayoga pagut ing naia, wadyabala sumuyud samya lumiring, prawira tur digdaya.
  19. Nulya umangkat Pangran Dipati, saking Tegalsari sahabala, ing Senen Wage dinane, pitulas tanggalipun, sasi Besar ngilen lumaris, taksih Eje kang warsa, swaranya gumuruh, pra.garwa putra binekta, ngaler ngilen arsa anjog Sokawati, arerep masanggrahan.
  20. Wonten dhusun Semampir salatri, injang budhal rawuh masanggrahan, padhusunan sabalane, Katapelan sadalu, enjing budhal arereb malih, dhusun Pakuwon karan, rereb kalih dalu, nulya ingkang duta prapta, kang kautus dhateng Ideller rumiyin, neng marga gennya prapta.
  21. Malang sumirang kelawan malih, demang Karanganyar ingkang prapta, akathah angsal-angsale, sangkelat bang lan wungu, lan baludru ijo lan kuning, rasukan striwel landa, sae kancingipun, anenggih kancing toyamas, sarta angsal hermawar ingkang kakirim, saking Ideller Semarang.
  22. Dening rasukan cara Welandi, kikintune Susunan ing Sala, lawan surat kikintune, sedaya sampun katur, nulya Kanjeng Pangran Dipati, enjing tengara mangkat, sadina lelaku, dusun Sengon masanggrahan, mung sadalu enjing mangkat rereb malih, ing Lencong masanggrahan.
  23. Injing umangkat arereb malih, dhusun Murong nenggih pitung dina, nulya mangkat sabalane, amasanggrahan Tugu, tanggal pisan Sura kang sasi, Akad Pahing dinanya, Edal taunipun, nulya wonten dhuta prapta, saking ingkang Eyang Ratu Ibu nenggih, wasta pun Nagayuda.
  24. Wirapraya lan punika malih, saestu kautus amundhut surat, pepenedaning lampahe, mring kang wayah wus katur, tinupiksa kang punang tulis, mring Pangran Adipatya, punang dhuta wau, sampun ing angsulan serat, ngaturaken marang kang Eyang kang tulis, duta sampun lumepas.
  25. Dinten Rebo Kaliwon anuli, tanggal ping pat Srageni kang kesah, lawan wong Bugis kanthine, samya kesah raramu, lan Narahan samya tut wingking, nabrang saler bengawan, kapapag ing mungsuh, balanira jeng Susunan, wong Ngarahan pan aprang lumajeng sami, lumayu salang tunjang.
  26. Srageni Poleng lawan wong Bugis, menang prange kang mengsah lumajar, pejah siji wong Polenge, siji anandhang tatu, ingkang mengsah pejah satunggil, ingkang tatu tan ketang, bebandhangan antuk, senjata karben pan gangsal, nulya dhateng Tumenggung Secanegari, kang tumut Jeng Susunan.
  27. Sowan cunduk ing Pangran Dipati, sarta atur kang dhuwung tinatah, saput ratri lan malihe, turangga ules dhawuk, nulya wonten utusan prapti, saking nagri Pamalang, Wiranegareku, papatihe kang dinuta, atur surat dhumateng Pangran Dipati, Harya Mangkuriegara.
  28. Wus kacipta sasmitaning tulis, wiyose raden Wiranegara, anuwun nagri karsane, nenggih kang dipun suwun, sawetane ing ngardi Wilis, nagri wetan sedaya, kawula kang mengku, semana Pangran Dipatya, pan tinanggel ature Wir anegan, nulya ingkang putusan.
  29. Tinundhung sarta binektan tulis, mapan sarwi Jeng Pangran utusan, asareng aputusane, mring bang wetan anandur, ing sarengan Secanegari, kinen angumpulena, wong Surabayeku, kang neng Kadhiri semana, saanake kumpula wong Surawesthi, surat kang rama prapta.
  30. Pangran Dipati ngangsuli tulis, mring kang rama Susunan semana, angantep barang karsane, nenggih ingkang pinutus, kabayane wong Sarageni, abang ireng kanthinya, kabayan Merangge, lan kabayan Perangtandang, lawan malih Singamenggala pawestri, sedaya tan winarna.
  31. Sawangsule kabektanan tulis, mring susunan dhateng ingkang putra, sarta lawan putusane, pun Driyamenggaleku, karsanipun Sri Sarapati, apasrah ingkang putra, datan tumut-tumut, apasrah saliring larya, pasrah nagri mring putra Pangran Dipati, karsane ingkang rama.
  32. Ingkang putra bubara tumuli, angrebuta negara Metaram, kang Rama kala careme, lan kang putra apatut, sasi Sura Edal kang warsi, Kanjeng Pangran Dipatya, kang saguh angrebut, pan negari ing Metaram, mring kang rama sarta aputusan malih, sarta atur nuwala.
  33. Pan sandika kapasrahan nagri, kang kautus pun Singamenggala, angaturaken surate, kanthi kabayan agung, Sarageni Ijem lan mahh, Poleng kabayan ira, tamtama lumaku, manganggo Bugis kabayan, laminira sadasa dalu dyan prapti, mring kang rama Susunan.
  34. Langkung suka kang rama Nrepati, ingkang rama Kanjeng Sri Narendra, Pangran Dipati baiane, mantri para Tumenggung, samya suka sedaya sami, nulya Pangran Dipatya, aputusan ngidul, animbali para garwa, ingkang wonten dhusun Kebon amiranti, methuka Sumareja.
  35. Kairingna ingkang para mantri, mantri jajar bang wetan sedaya, ana dene titindhihe, si Japralima iku, dyan umangkat Jumuwah Pahing, tanggal pitulikurnya, Senen Pon dineku, Welandi Kestabel prapta, tanggal wolulikur ing Sura kang sasi, cundhuk saking ing Sala.
  36. Injing tengara Pangran Dipati, mangkat saking Tugu pasanggrahan, ngidul sawadyabalane, gen masanggrahan Tugu, laminira Pangran Dipati, sasasi laminira, masanggrahan Tugu, budhal marang Sumoreja, dina Senen Manis ing pasar kang sasi, nuju tanggal sapisan.
  37. Tahun Edal dipun sengkalani, Trus Pandhita Ngobahaken Jagat, saking Tugu duk angkate, Srageni munggeng ngayun, abang cemeng poleng akanthi, ijem myang perang tandang, meranggo kang lawung, wong Bugis lan Tamtama, Sarageni lampahe pinggir benawi, dhusun ing Kasampangan.
  38. Caketing lajeng sampun rinampid, dyan pinapag prang neng Kasampangan, wong Jawa Bugis Baline, Kumpeni tindhihipun, pan sakawan nindhihi jurit, prang wetan Kasampangan, menang yudanipun, wong Mangkunegaran menang, wong ing Sala akathah ingkang ngemasi, Welanda pejah satunggal.
  39. Sarageni lan Numbak kang mati, pejah gangsal ingkang tatú gangsal, wong Sala lumayu kabeh, Bugis Bali lumayu, Kasampangan dipun lebeti, sawarnine kang wisma, Srageni lumebu, kang nindhihi ing ngayuda, mantri lebet Jaya liyangan satunggil, kalih Jayaprayitna.
  40. Wong Kumpeni kang wonten ing ngloji, anggontori mariyem lirgerah, saking 1er kilen pernahè, Kasampangan wus bubar, den besmeni wong Sarageni, wong Kumpeni nyenjata, saking sabrang bantu, Srageni mundur lon-lonan, wangsul ngetan sowan mring Pangran Dipati, sareng surup praptanya.
  41. Dening Kanjeng Pangeran Dipati, masanggrahan dhusun Wanasraya, sad’alu nulya enjinge, bubar lampah mangidul, medal wetan Sala lumaris, caket lojiing Sala, sawetaning banyu, kang pinggir pan sinenjata, ing mariyem Kumpeni Sala ing loji, nanging eca lumampah.
  42. Lajeng ngidul Pangeran Dipati, masanggrahan dhusun Pakatakan, sadalu nulya enjinge, bubar sabalinipun, lajeng ngidul ngetan lumaris, dyan putra para garwa, kapanggih delanggung, sarta kalawan kang Eyang, kang ngandikan kapanggih neng Tambakbanggi, sakiduling bengawan.
  43. Lajeng rereb Pangeran Dipati, sahabala wonten Tambakbaya, mung kalih dalu lamine, enjang tengara umyung, mangkat ngilen bala lumaris, lajeng mring Sumareja, sadinten dyan rawUh, masanggrahan Sumareja, rawuh dina Jumungah Kaliwon uni, Sapar tanggal ping gangsal.
  44. Nulya wonten utusan kang prapti, utusane kang rama Susunan, katur bedhaya lampahe, pun Sam pet wastanipun, katur Kanjeng Pangran Dipati, semana Jeng Pangeran, cangkrangen grahipun, awor panastis semana, Septu manis ponang bedhaya duk prapti, malih bedhaya prapta.
  45. Saking Sutawirya pan satunggil, nulya Sunan matehani serat, nulya Pangran Dipatine, ngangsuli serat sampun, nulya Kanjeng Pangran Dipati, ingkang rayi dinuta, anglanggar anglurug, ya marang Surawijaya, ingkang wonten ing Kathithang gennya baris, Pangran Mangkudiningrat.
  46. Sareng malih wonten kang tinuding, bupatine nagri Jagaraga, Tirtayuda kakasihe, lan Ranadipureku, lawan Kartadirja lan malih, rahaden Semaningrat, Magetan tinuduh, sedaya sami dinuta, marang Sokawati anglanggar ajurit, Wirarana neng Keija.
  47. Pangran Mangkudiningrat dyan prapti, wangsul-malih marang Sumareja, sampun katur ing lampahe, Pangran Dipati wau, aputusan akintun tulis, marang Deller Semarang, nenggih kang pinutus, mantri lebet Jawiruna, Jawiruna ing dina Kemis lumaris, ing tanggal salawe prah.
  48. Welandine Pangeran Dipati, minggat marang baris Perambanan, Welandi tiga rewange, wonten Welandi cundhuk, saking Perambanan satunggil, katur Pangran Dipatya, Welandi kang nungkul, kang ngaturken wastanira, duk semana ki Sastrasemita carik, aneng Kusumareja.
  49. Nulya Kanjeng Pangeran Dipati, pan akarya rakit padaleman, kinendha alun-alune, pager rajeg angepung, sami wonten lebet prajurit, yen dalu pukul sapta, tutup pintunipun, datan keni tiyang liwat, lamun enjing pukul nem menga kang kori, aneng Kusumareja.
  50. Dening Welandi maksih abaris, Ngardi Gamping nagri ing Metarani, lan bans Perambanae, Keber pangagengipun, Perambanan wadya kumpeni, sing serat sineratan, semana lumin tu, eca ingecanan serat, pun kapitan Sakeber Prambanan baris, sring serat sineratan.
  51. Lan kang pepatili Pangran Dipati, kang anama ki Kudanawarsa, asring dhateng putusane, seratan wongsal-wangsul, dening Kanjeng Pangran Dipati, aneng Kusumareja, pan asring anayub, angenggar m anahing bala, dhahar nginum lan sagung kang abdi-abdi, sen tana myang punggawa.
  52. Sarta milihi ing wong prajurit, ageng-ageng wasta gulang-gulang, pan kawan dasa kathahe, dodote poleng patut, genderane poleng tulya sri, angagem waos sulam, pan sedayanipun, rasukan kotang sangkelat, kayu apu sami iket sutra kuning, rinayat ingonira.
  53. Saben sonten pepek ngarsa Gusti, munggeng ngarsane Pangra Dipatya, kinula wisudha kabeh, dinadar leler tuwuk, nulya ingkang putra kang rayi, Pangran Mangkudiningrat, nenggih sunatipun, ping pitulikur kang tanggal, nguyu-uyu ing sasi Rabiyulakir, semana tahun Edal.
  54. Ingkang raka semana nindaki, mring daleme kang rayi kasukan, urmat senjata ararne, barondongan gumrudug, sakundure Pangran Dipati, saking Pakuningratan, akasukan nayub, lan sagung para punggawa, neng mendhapi pepekan sagung prajurit, kasmaran kang tumingal.

PUPUH XVII
ASMARADANA

  1. Sadina bubar ing wengi, nutug gennya andrawina, pra punggawa mulih kabeh, Kanjeng Pangeran Dipatya, andón pulang asmara, lan pra selir garwanipun, anulya wau semana.
  2. Jayawiruna tinuding, rumiyin marang Semarang, datan antara lampahe, Ki Jayawiruna prapta, sarta bekta nuwala, mring Pangran Dipati katur, surat Deller ing Semarang.
  3. Wus kacipta punang tulis, sasmitane tan winarna, anulya putusan malih, marang Ideller Semarang, surat sarta kintunan, panah sagendhewanipun, sarakit ingkang turangga.
  4. Marang Ideller Semawis, anenggih ingkang dinuta, mantri lebet kakasihe, miji pun Jayaliyangan, kalih Jayapralaga, Jayawiruna malih tumut, mangkat saking Sumareja.
  5. Lampahe datan winarni, anggenti kang kocapa, ingkang paman winiraos, ing Kadhiri enggenira, Pangeran Prabu Jaka, dhateng kang putusanipun, anenggih ngaturi serat.
  6. Katur Pangran Dipati, yen tiyang kanjeng bang wetan, ing Kadhiri panggenan, sedaya ingkang tinedha, sarta atur uninga, yen wonten putusan rawuh, saking nagri Belambangan.
  7. Sami angraosing galih, tetiyang ing Belambangan, arsa atuwuh yudane, semana Pangran Dipatya, anglilani ing karsa, duta pan sampun tinundhung, sarta binektanan surat.
  8. Anulya malih winarni, wadyabalane kang rama, Susunan majeng baiane, wonten bumi Sokawatya, dhusuning Kawadungan, anarub aken wong dhusun, wong Sokawati sedaya.
  9. Sayektine balenjaning, kang rama Kanjeng Susunan, angoncati andikane, ingkang dhateng ingkang putra, mring Pangeran Dipatya, pangandhikane rumuhun, anganggur tan munasika.
  10. Wesana amadeg bans, nelukaken Sokawatya, Pangran Dipati karsane, aparentah wadyabala, sadandanan ngayuda, bupati ingkang tinuduh, anglumg mring Sokawatya.
  11. Pra tumenggung kang lumaris, tumenggung Ranadipura, kalawan malih kanthine, Ki Tumenggung Cakrajaya, Tumenggung Ranadirja, mantri ka Magetan tumut, sapanegare sedaya.
  12. Kang bala Susunan malih, awasta Surawijaya, medal kilen nanibake, kang tumut ing bawahira, Pangran Mangkudiningrat, anulya siyaga gupuh, Pangeran Mangkudiningrat.
  13. Balane ingkang tinuding, Tumenggung Jayasundirga, tan winarna ing lampahe, prajurit Mangkudiningrat, sampun prapta ing ngrana, Jayasundirga wus campuh, kalih pun Surawijaya.
  14. Jayasudarga kalindhih, sabalane pan lumajar, katimbalan sakancane, marang ing Kusumareja, sampun prapta sedaya, sedaya datan winuwus, nulya wonten ingkang prapta.
  15. Tumenggung ing Jagaragi, ingkang ngaturi uning, yen Pangran Dipati Anem, kelawan Pangran Bintara, mangetan sahabala, lampahe sumedya gempur, lawan wong mancanegara.
  16. Dyan Pangeran Adipati, ngundhangi kang wadyabala, mancanegara sakehe, tinuding samya ngluruga, sarta nguninganana, sawarnine pra tumenggung, lampahe Pangran Bintara.
  17. Dening Susunan kang warti, wonten satengahing wana, ardi Kendheng Panggenane, dhusun Tambak ira baya, Pangeran Adipatya, pirembagan balanipun, amrih prayoganing lampah.
  18. Rembag ingkang baia sami, angraos dipun karenah, mring kang rama salampahe, kaping kalih pra punggawa, ingkang samya mangetan, ngraos watir lampahipun, ature para punggawa.
  19. Suwawi kula aturi, Gusti tindakan priyongga, anarengi lampahe, Gusti ing rama panduka, Pangeran Adipatya, kalulun ing aturipun, para Tumenggung sedaya.
  20. Mupakat rembag wus gilig, dyan Pangeran Adipatya, ingundhangan sabalane, dandan arsa umangkata, saking Kusumareja, wus dandan sawadya agung, anulya tengara budhal.
  21. Kanjeng Pangeran Dipati, mangkat saking Somareja, ing Jumungah Kaliwone, nuju tanggal kawanwelas, punang sasi semana, ing Rabiyulakiripun, tahun Dal pan sinengkalan.
  22. Trus Pandhita Obah Bumi, anulya amasanggrahan, dhusun ing Soka wastane, arereb sawadyabala, sadalu enjingira, ponang putusan kang rawuh, saking nagri ing Semarang.
  23. Jayaliyangan malih, Japerlana Jawiruna, prapta ngajengan lampahe, sarta kabektanan surat, saking Deller Semarang, punang surat sampun katur, ing Kanjeng Pangran Dipatya.
  24. Lampahing duta kang prapti, angraos tan angsal karya, tansah den ecani wae, marang Ideller Semarang, dyan Pangran Adipatya, lajeng ngetan lampahipun, rereb dhusun Kateguwan.
  25. Sadalu enjing lumaris, rereb dhusun Kalengisan, kalih dalu enjing bodhol, rereb mulur kalih dina, enjing wonten kang prapta, Juleksana wastanipun, sarta ngaturken bebestan.
  26. Tiyang kramaning Matesih, titiga sami kabasta, sampun katur sahature, tiga pisan sinapura, sarta sinupatanan, sinapura dosanipun, ing Gusti Pangran Dipatya.
  27. Kanjeng Pangeran Dipati, enjing anembang tengara, nulya budhal sabalane, rereb Suruh pakuthungan, enjing duta kang prapta, saking Pangeran Madiun, sarta ngaturi nuwala.
  28. Wiyos ngaturi udani, ing Gusti Pangran dipatya, nenggih ing mangke lampahe, sakancanipun sedaya, sampun campuh ing yuda, ing Keija enggene campuh, Brajamusthi lan mas Rongga.
  29. Menang genipun ajurit, wong Kasunanan lumajar, kasaput dalu lampahe, mila kendhel sarta jawah, Pangran Mangkudipura, lampahipun samya maju, lan sagung mancanegara.
  30. Kendel wonten Jagaragi, bupati ingkang tinilar, ing Sokawati enggone, kelawan sabalanira, menggung Ranadipura, Ki Cakrajaya Tumenggung, lan Tumenggung Kertadiija.
  31. Ngumpulken wong Sokawati, dening para mantri jajar, sakawan nenggih wastane, ing Gembong lawan Sesedhah, lan demang Karanganyar, lawan mantri Jatisantu, kinon ngantuni Sesedhah.
  32. Mantri sekawan wus prapti, wonten dhusun ing Sesedhah, nulya Rongga sabalane, Brajamusthi kanthinira, semana lampah ira, minger ngilen dyan mangidul, sumedya nggitik Sesedhah.
  33. Rangga lawan Brajamusthi, lajeng campuh ing ngayuda, sapih maesa yudane, nabrang mangilen mas Rongga, sakilening bengawan, Pangran Dipati kawuwus, ingkang lagya lelampah.
  34. Lajeng mangaler lumaris, sadina gennya lelampah, nulya rereb sabalane, ing wana Sepuh wastanya, asri agegamelan, riringgitan cara wangsui, Pangran Dipati putusan.
  35. Gandhek kakalih tinuding, sarta amawi nuwala, asuka wikan lampahe, mring uprup Welandi Sala, lampahe tan winarna, gandhek kakalih wus rawuh, sarta kabektanan surat.
  36. Uprup Sala atur tulis, sarta akintun inuman, kalih gotongan kathahe, katur mring Pangran Dipatya, dalu tansah riringgitan, nulya dinten Kemisipun, pra mantri jawi sedaya.
  37. Kinen umangkat rumiyin, kinen rebat baita, Bengawan Sokawatine, lan sagung manca negara, padha rebuta palwa, wong Paserenan ja kantun, padha saosa baita.
  38. Kanjeng Pangran Adipati, rereb aneng alas tnwa, anenggih ing an tarane, amung kalih welas dina, injing tengara budhal, pingkalih ing tanggalipun, ing sasi Jumadilawal.
  39. Pangran Dipati lumaris, rereb pinggiring Bengawan, Kujang wastane desane, bala adandan baita, benawi geng tur bena, wadya lit nabrang rumiihun, kathah pejah kercm toya.
  40. Cina pejah kerem siji, turongga akathah pejah, Pangran Dipati nabrange, prapta sa eler Bengawan, sawadya balani ra, rereb ka Tandheyan butuh, ngreremaken kalih dina.
  41. Duk semana pan anuli, nulya wonten duta prapta, saking Sakeber surate, Welandi ing Perambanan, ingkang ngaturi surat, punang surat sigra katur, ing Kanjeng Pangran Dipatya.
  42. Wiyose ngaturi uni, yen Kumpeni bantu prapta, sarta lan Bugis Bai ine, Welandi pan kawan dasa, wasta Kapitan Songrat, kalih atus Bugis wangsul, kakalih Kapitan Islam.
  43. Selamet Kapitan Trahi, ing Marbung gennya barisan, wong Jawa tumut barise, sigra Pangran Dipatya, angangsuli nuwala, mring Sakeber suratipun, kang punang duta lumepas.
  44. Ingkang tinanggenah wuri, Mantri tengga Sumareja, Jayawikrama namane, kelawan Ki Tirtayuda, kang tengga Sumareja, lan kang abaris Marebung, Sedhangsiring papatutan.
  45. Nulya Pangeran Dipati, uniangkat sawadya bala, angaler ngetan lampahe, rereb an eng dhusun Putat, sadalu enjing budhal, anulya rereb ing dhusun, Majenang aran Pelasa.
  46. Anulya enjing lumaris, rereb Careme kang desa, Kanjeng Pangran Dipatine, putusan mring Garobogan, animbali ingkang paman, Dipati Puger ing wau, sarta amawi nuwala.
  47. Arereb ing kalih latri, enjing budhal sahabala, lumebeng wana Kendhenge, arereb aneng ing rata, angreremken turongga, tengah wana Kendheng gunung, sahawadya balanira.
  48. Nulya wonten surat prapti, saking Madiun negara, Pangran Mangkudipurane, dhapur ngaturi uninga, sakancanira aprang, Dipati Anem kang mungsuh, gennya aprang wonten sendhang.
  49. Menang genipun ajurit, kandheg genya bujung mengsah, Pangran Mangkudipurane, wonten ing Ngawi genira, Pangran Mangkudipura, angsal babadhangan katur, senjata lawan gandera.
  50. Limalas mengsah kang mati, kacepeng gesang titiga, tiyang Bugis satunggale, kabur kupingnya sedaya, katur Pangran Dipatya, rencange Pangran Madiun, kang pejah nanging satunggal.
  51. Kang tatu nanging kakalih, nulya Pangran Adipatya, budhal sawadya baiane, mangetana jujur wana, rereb tengahing wana, ing Karangasem sadalu, musakat kang wadyabala.
  52. Awis ingkang manggih bukti, ardi Kendheng tengah wana, kalangkung awis tedhane, kathah kaliren kang bala, kelawan awis toya, tan ana kang manggih banyu, kasatan tan ana mangan.
  53. Kang bala samya asedhih, anulya Pangran Dipatya, lajeng mangkat sabalane, rereb Garogol semana, sadalu enjing budhal, rereb aneng ngardi Santun, sadalu enjinge budhal.
  54. Rereb Parembul sawengi, anulya rereb ing Remas, sadalu enjinge bodhol, ing Logender masanggrahan, sadalu enjing budhal, rereb ing Kawu sadalu, enjing budhal lajeng ngetan.
  55. Neng Galuntung kalih latri, enjingipun nulya budhal, rereb Ngawi saler Pepe, dhusun ing Ngepri wastanya, antara tigang dina, enjing budhal nulya rawuh, ing Ngawi kilen Bengawan.
  56. Masanggrahan dhusun Ngawi, wadyabala samya muwah, akathah beras parine, wadyabala tuwuh nedha, eca manahing baia, riringgitan saben dalu, samya egar wadyabala.
  57. Pangran ing Madiun prapti, Pangeran Mangkudipura, ngaturaken bandhangane, tambur law an songsong jenar, kopyah centhung gendera, asowan sakancanipun, lan tiyang Bugis satunggal.
  58. Dyan Pangeran Adipati, saking Ngawi sampun budhal, mangilen sahabalane, sedya anjog Sokawatya, dening manca negara, tinilar kinen anggepuk, ingkang baris Pranaraga.
  59. Ingkang wonten Pranaragi, awasta Mertamenggala, Suradiningrat anake, kelawan pun Natabrata, ngadeg neng Pranaraga, Pangran Dipati dyan rawuh, ing Tempel amasanggrahan.
  60. Sadalu enjing lumaris, rereb Gemunggung wastanya, enjing lqjeng ing lampahe, rereb wonten Ngara-ara, ing Lencong wastanira, amung arereb sadalu, enjing budhal sahabala.
  61. Rereb Ngarum kalih latri, anulya budhal sabala, angidul ngilen lampahe, ing Celep amasanggrahan, sadalu enjing budhal, dhusun Pacangakan rawuh, arereb ing ka Padhangan.
  62. Antarane tigang latri, nulya wonten duta prapta, saking Deller Semarange, sarta ngaturi nuwala, katur Pangran Dipatya, surat kacipta ing kalbu, nulya ingangsulan surat.
  63. Dyan ponang duta lumaris, marang Ideller Semarang, ing marga tan winiraos, nulya Pangran Adipatya, ningkebi ingkang garwa, den Retnawati wasteku, neng ka Padhangan pepekan.
  64. Kalataka samya muni, sarta senjata brondongan, gamelan barung ararne, nuju ing dina Jumungah, Legi ponang pasaran, ping sedasa tanggalipun, Rabiyulakir kang wulan.
  65. Nunggil Edal ponang warsi, sasampune akondangan, kasukan nayub ararne, lan sagung para niyaka, myang prajurit sedaya, ondrawina mangan nginum, sadalu anatas enjing.
  66. Pini tan wengine malih, nulya Pangran Adipatya, budhal sing ka Padhangane, mangidul sawadyabala, Pangeran Adipatya, rereb Padhangan sadalu, enjinge tengara budhal.
  67. Rereb Larangan salatri, pun Ranadipura prapta, atur uninga lampahe, rumiyin ingkang tinilar, wonten ing Sokawatya, kelawan sakancanipun, kinen karya pasanggrahan.
  68. Sokawati Majaradin, pramila atur uninga, ngaturken tiwas yudane, tinukup marang mas Rongga, Braja musthi kanthinya, Pangran Dipati amuwus, marang mantri jro sekawan.
  69. Mangkat marang Sokawati, baritoni Ranadipura, Jayawinangun wastane, kalawan Jayawidenta, kalawan Jasudira, lan malih sakancanipun, wasta Jaya alap-alap.
  70. Mantri sekawan tur bekti, sami umatur sandika, umangkat saking ngarsane, ing Gusti Pangran Dipatya, bantu mring Sokawatya, lampahe datan winuwus, nepangi sami sadina.
  71. Kang rayi nulya tinuding, Pangeran Mangkudiningrat, dinuta nenggih lampahe, dhingini mring Paserenan, arebata baita, kang rayi nulya wot santun, umangkat sabalanira.
  72. Ing Senen Wage lumaris, nuju tanggal tigawelas, Jumadilakir sasine, apatih Kudanawarsa, tumut mring Paserenan, pra tumenggung samya tumut, kelawan Ki Jayaningrat.
  73. Pringgalaya lawan malih, Menggung Suramangunjaya, kretanegara malihe, kinen sami rumiyina, marang ing Paserenan, lampahe lajeng acampuh, mengsah lawan Wiranata.
  74. Dennya prang bedhil-binedhil, acampuh elet bengawan, kasaput dalu yudane, dennya prang sapih maesa, nulya Kudanawarsa, aputusan atur weruh, ing Gusti Pangran Dipatya.
  75. Wus katur Pangran Dipati, ingkang rereb masanggrahan, dhusun Nglarangan wastane, kalih dalu enjing budhal, Pangeran Adipatya, ngidul ngetan lampahipun, agenti ingkang winarna.
  76. Susunan ingkang winarni, masanggrahan Sida karsa, lawan sawadya baiane, Sunan wus miyarsa warta, yen linanggara ing yuda, wus bolos sawadyanipun, mangaler agurawalan.
  77. Baiane kang angantuni, ran Tumenggung Ngalap-alap, ing Lemahireng enggone, bans wonten ngara-ara, sareng amirsa warta, yen Pangran Dipati rawuh, prapta kidul Waladana.
  78. Pangran Dipati lumaris, kalawan sabalanira, kang baris Lemahirenge, Ki Tumenggung Ngalap-alap, lumajeng asasaran, ingkang samya abubujung, tinatrap Sri Natanira.

PUPUH XVIII
S   I   N   O   M

  1. Pangeran Mangkudiningrat, ingkang bubujung ngajurit, lan patih Kudanawarsa, sawarnane mantri jawi, ingkang samya nututi, pun Ala-alap lumayu, kacandhak tinututan, ing Kalepu gennya jurit, tan adangu Ki Alap-alap lumajar.
  2. Mangilen palajengira, lajeng den bujung den nungsir, mring Pangran Mangkudiningrat, Kudanawarsa tan kari, sarta kang mantri jawi, datan kandheg dennya bujung, mapan angsal bandhangan, sakawan ingkang turanggi, kang kekalih katur Pangran Adipatya.
  3. Dening Pangran Adipatya, arereb ing ngardi Wijil, mangkat wanci bedhug tiga, enjinge nulya kapanggih, kalawan kiya patih, Kudanawarsa cumundhuk, sarta atur uninga, yen mengsah taksih ngantuni, Wiranata ingkang taksih wonten wuntat.
  4. Kiya patih Danawarsa, katuduh kinen mangsuli, marang mengsah Wiranata, dening Pangran Adipati, lajeng ngilen lumaris, kelawan sabalanipun, anulya ingkang paman, Pangran Purbaya apamit, pan anglalar kang garwa marang Tembayat.
  5. Wau Pangran Adipatya, kandheg sakilening margi, rereb dhusun ing Pangkalan, antarane kalih latri, enjing ngaler lumaris, prapta pasanggrahan dhusun, ing Lungge wastanira, nulya kang rayi tinudhing, Pangran Mangkudiningrat lan Pringgalaya.
  6. Narubwa sakeh Nvong desa, sarta Pangran Adipati, aputusan sarta surat, marang pangageng K um peni, kang baris ngardi Gamping, kapitan keber ranipun, wondening kang dinuta, mantri lebet kang satunggil, bekta surat wasta pun Jayakintaka.
  7. Sarta wonten duta prapta, pan sarwi ambekta tulis, saking Pangeran Bintara, wus katur Pangran Dipati, sasniitane kang tulis, yen ing mangke karsanipun, nenggih Pangran Bintara, akarsa tunggala kapti, anelangsa mring Pangeran Adipatya.
  8. Jeng Pangran ngangsuli serat, punang duta wus lumaris, marang Pangeran Bintara, semana sarta narengi, . wonten kang surat prapti, saking Ideler antar rawuh, katur Pangran dipatya, atur senjata satunggil, Pangran Adipati angangsuli surat.
  9. Mring Deller Harting semana, Deller undur sampun mari, Deller Harting kang gumantya, Tirtayuda kang tinuding, Kanjeng Pangran Dipati, wonten Nglungge mung nem dalu, injing tengara budhal, sarta putusan malih, marang Sala sarta amawi nuwala.
  10. Semana ingkang dinuta, mantri ran Jayakintaki, dening ta ingkang tinilar, wonten sakilening margi, anenggih ingkang rayi, kelawan sabalanipun, Pangran Mangkudiningrat, Pangran Dipati lumaris, rereb dhusun Pakauman sahabala.
  11. Masanggrahan kalih dina, Känjeng Pangeran Adipati, anulya malih utusan, marang ing Sala Kumpeni, sarta amawi tulis, mantri jaba sampun kumpul, apatih Pranawarsa, pra Tumenggung samya prapti, sowan andher ing ngarsa Pangran Dipatya.
  12. Ki Tumenggung Kartadirja, pinutus mangetan malih, nunggala Ranadipura, kang ngabans Sokawati, Kertadirja Wotsan, umangkat sabalanipun, dyan Pangeran Dipatya, budnal mangidul lumaris, nulya prapta ngardi Wijil masanggrahan.
  13. Samya rakit pamondhokan, tâta wadyabala rakit, pangajeng Kartanegara, antarane kawan lan, anulya Kiya Patih, Kudanawarsa pinutus, marang nagn Kaduwang, anglanggara ing ajurit, Kartadirja pisah kang ngadeg Kaduwang.
  14. Kakangane Sutawirya, ing Kaduwang iku dhingin, Kudanawarsa umangkat, nuju dina Kemis Manis, tanggal pisan kang sasi, ing Rejeb Edal kang taun, mangkat marang Kaduwang, sarta Jeng Pangran Dipati, animbali kang putra lawan kang Eyang.
  15. Kang putra lawan kang Eyang, ing ngardi Wijil wus prapti, Pangeran Mangkudiningrat, utusan atur udani, menang genipun jurit, ing Jatinom gennya campuh, mengsah lan Alap-alap, angsal pepejah kekalih, sampun katur nulya wonten duta prapta.
  16. Awasta pun Tirtayuda, ingkang saking ing Semawis, sarta bekta nuwala, saking Deller ing Semawis, kelawan surat malih, saking Sakeber wus katur, ing Pangran Adipatya, lan Jayengrana winarni, ingkang mantu kang rama Sri Naranata.
  17. Kang narub akena minggah, ardi Kidul kang rumiyin, kan tun taksih neng Ngaldaka, kabunyang lampahnya kari, binujuk mring wong wukir, kacepeng wonten ing dhusun, lepen Turi wastana, kang nganyepeng mantri ardi, Singayuda ing Melambang wisma nira.
  18. Nenggih raden Jayengrana, kabekta mring ardi Wijil, wus katur Pangran Dipatya, pepek sineba kang mantri, Jayengrana tinari, Pangran Dipati amuwus, sira Ki Jayengrana, ing mengko sira sun tari, angur endi ing pati kalawan gesang.
  19. Lah mara sira piliha, iku ta salali sawiji, umatur pun Jayengrana, andheku tutur anangis, ven kensinga ta ugi, apunten dalcm kasuwun, kawula nuwun gesang, saestu kawula alit, nedha sckul amung sckul sakeletan.
  20. Tutur duka ing wardaya, Kanjeng Pangeran Dipati, tan pedah rama Susunan, sira katrimanan putti, Wong cilik rabi putrì, bobote padha lan ingsun, sira amilih gesang, pan ala-alaning jalmi, amimirang Jayengrana kaya sira.
  21. Mimirang neng ngalam donya, sayekti sira ngemasi, Pangran Dipati anulya, ngandika mring mantri miji, Jagalatan tinuding, wis sira gawaa metu, sigra binekta medal, pedhang dalem sampul mijil, Jayengrana lajeng tinuwek ing pedhang.
  22. Kang nelasi Jayengrana, mantri miji kang kakalih, pun Jayajaga ulatan, kala dinten Rebo Pahing, ing wolulas kang sasi, nenggih Rejeb sasinipun, sirahe Jayengrana, wus tinigas lawan malih, atinipun den untai Jagaulatan, Mila nguntal atinira.
  23. Jagaulatan punagi, sok kacekela ing rana, Jayengrana dina iki, ingsun untai kang ati, dumeh boyong rabinipun, kang kari aneng desa, Jayengrana kang ngambili, mila panas atine Jagaulatan.
  24. Pan bedhel raraga nira, saking pedhangipun mandi, nulya Pangran Adipatya, utusan marang Semawis, sarta amawi tulis, marang Sakeber tan kantun, sirahe Jayengrana, pinaringaken Welandi, kang kautus gandhek pipitu lumampah.
  25. Dening ta Ki Singayuda, ingkang tuduh antuk kardi, kang nyepeng pun Jayengrana, kaganjar pan dados mantri, anulya wonten prapti, Welandi ingkang acundhuk, mung Wlandi satunggal, saking kang rama Nrepati, Jeng Pangeran kalangkung ngandon asmara.
  26. Anenggih ingkang dinuta, marang Sakeber wus prapti, sarta angaturi surat, lawan turanggi satunggal, kalangkung dening prayogi, turongga pan sampun katur, dhateng Pangran Dipatya, lami aneng ardi wijil, nulya wonten ingkang ponang duta prapta.
  27. Saking Rekyana Hapatya, Kudanawarsa tur uning, yen menang genipun yuda, Kaduwang wus den anciki, dening genipun jurit, ing Jumuwah ping sanga, maksih Rejeb tunggil sasi, tahun Edal bedhahe kutha Kaduwang.
  28. Sarta ngaturaken sirah, kakalih sirahing mantri, lawan bandhangan senjata, turongga songsong lari keris, katur Pangran Dipati, ing sapolah tingkahipun, nulya Pangran Dipatya, putusan marang Kumpeni, mring Sakeber ing ngardi Gamping Metaram.
  29. Marcayakaken kang sirah, songsong dhuwung lan turanggi, mring Sakeber sarta serat, kang kautus mantri akalih, Kudanawarsa mahh, ngaturken boyonganipun, pawestri kawanwelas, lajeng kasusulan malih, kang kautus mantri pun Jayawikrama.
  30. Mring Sakeber sarta serat, nulya wanten duta prapti, saking Uprup nagri Sala, sarta serat suka uning, wus katampan kang tus, anenggih sasmitanipun, yen mangke Wiranata, kang tumut Sunan rumiyin, Wiranata mangke teluk marang Sala.
  31. Singra Pangran Adipatya, pan sampun ngangsuli tulis, mring Uprup nagri ing Sala, nulya Pangran Adipati, ngadegken Sarageni, kawandasa kathahipun, winastan Tanuastra, nenggih wonten ngardi Wijil, malih prapta putusane Danawarsa.
  32. Ngaturken malih boyongan, punang waos law an keris, dhuwungipun Kartawirya, Kartawirya wus ngemasi, sarta atur turanggi, gangsal welas kathahipun,anulya gandhek prapta, ingkang saking ing Semawis, bekta surat saking Ideller Semarang.
  33. Ngaturken badhe rasukan, baludru wungu lan mori, kalawan toya her mawar, katur ing Pangran Dipati, anulya kiya patih, Kudanawarsa kang rawuh, saking kutha Kaduwang, ngaturken boyongan malih, ing Kaduwang semana pan sampun ladhang.
  34. Narengi Ki Cakrajaya, Kertadiija sareng prapti, ingkang saking Sokawatya, munggeng ngajengan wotsari, lampah kawula gusti, angradin mengsah pan sampun, Gusti ing Sokawatya, ing mangke pan sampun radin, sampun ladhang kang mengsah pan sampun sirna.
  35. Sarta ngaturaken tiyang, sakawan kang cundhuk mantri, wasta pun Surajenaka, saking rama panduka Ji, ing mangke rama Haji, ing Semawe enggenipun, tumut bumi Ganggatan, pan asring akintun tulis, Jeng Susunan mring Deller nagri Semarang.
  36. Kang kantun bala Sang Nata, tigangatus winetawis, jaler estri kantun ira, Sunan gerahe panas tis, Pangeran Adipati, asring kasukan anayub, sarta malih putusan, marang Ideller Semawis, kang pinutus kakalih pan mantri jajar.
  37. Wasta demang Karanganyar, lan M alang sumirang mantri, bekta surat lan kintunan, lembu kalawan turanggi, narengi duta prapti, ingkang saking Sang Aprabu, sarta atur nuwala, wus kecipta punang tulis, nedha lilah arsa ngangkat Surapringga.
  38. Kanjeng Pangran Adipatya, nglilani ngangsuli tulis, marang Pangran Prabu Jaka, ingkang wonten ing Kadhiri, nulya Pangran Dipati, krama angsal lan nakipun, Tumenggung Pringgalaya, kala dinten Akad uni, tanggal ping pat sasi Arwah tahun Edal.
  39. Sinengkalan ponang warsa, Trus Pandhita Bahing Bumi, wonten malih ingkang garwa, Kanjeng Pangran Dipati, ran Raden Retnawati, babar estri putxanipun, Setu Epon semana, tanggal ping sanga kang sasi, tunggil Arwah maksih Edal ingkang warsa.
  40. Nulya patih Danawarsa, ngaturken sirahing mantri, Kertawirya ing Kaduwang, kang madeg bans rumiyin, mangke sampun ngemasi, kacepeng ing yudanipun, tumenggung Mangundirja, ka Magetan kang darbeni, sarta ngaturaken ingkang beboyongan.
  41. Pitulikur kathahira, lati ngaturaken turanggi, waos dhuwung lan senjata, katur ing Pangran Dipati, bupati Pranaragi, Tepasana wastanipun, ngaturken turongga, ules dhawuk kekalih, lawan arta katur Pangran Adipatya.
  42. Nulya Pangran Adipatya, manggihken kang putra estri, den ajeng Sobro kang nama, antuk den Somanegari, atmajaning bupati, Metaram Janingrat wau, sampun pakawinira, neng Sumareja rumiyin, ngardi Wijil kapanggihaken semana.
  43. Kantuk bawahan semana, sasi Arwah tunggil warsi, Rebo Kaliwon dintennya, gegaman sedaya rakit, pepekan pra dipati, jawi lebet estri jalu, lan tengara senjata, brondongan senjata muni, pamanggihe sedaya datan winarna.
  44. Nulya demang Karanganyar, lan Malangsumirang prapti, kang saking nagri Semarang, sarta kabektanan tulis, saking Deller Semawis, lan kikintunira katur, Deller akintun renda, sangkelat biru lan abrit, nulya Kanjeng Pangran Dipati kasukan.
  45. Lan ingkang abdi sedaya, tumenggung mantri prajurit, bebedhayan taledhekan, adhahar anginum mawis, dina Selasa wengi, sangalas ing Ruwahipun, sadalu andrawina, nutug kasukan sawengi, sareng Pangran Purbaya angalih nama.
  46. Angalih nulya anama, Pangeran Cakranegari, sareng kasukan semana, den ira ngalihken kasih, aneng ing ardi Wijil, nulya Siam megengipuh, kang baia samya salat, tanapi Pangran Dipati, datan nyuthak salate sesasi Siam.
  47. Kang baia samya maleman, barisan kadya segari, sabakdane wulan Siam, Garebeg pepeg tinangkil, punggawa myang prajurit, samya adhahar anginum, nulya kang para putra, rurubet kang bara rabi, lan kang Eyang mring Kedungwringin kang kiwa.
  48. Kang garwa maksih akathah, kang rikat-rikat kinanthi, Pangeran Mangkudiningrat, kinen ngluruga tumuli, marang kilening margi, umangkat sabalanipun, Pangeran Adipatya, maksih wonten ardi Wijil, nora pegat kasukan angunggar baia.
  49. Nulya wonten tiyang prapta, saking kang rama Nerpati, kathahipun kawandasa, cundhuk Pangran Adipati, anulya wonten malih, saking Manoreh ing Kedu, ingkang putra Pangeran, Adiwijaya rumiyin, ingkang sampun aseda wonten ing Ngrana.
  50. Rahaden Adikusuma, sowan ing Pangran Dipati, nulya kinula wisuda, ing Kanjeng Pangran Dipati, anulya wonten malih, dutane kang rayi rawuh, Pangran Mangkudiningrat, tur uninga atur tulis, mring kang raka Kanjeng Pangeran Dipatya.
  51. Yen Kawon genipun yuda, amengsah lawan Welandi, Kumpeni mung kalihdasa, ingkang saking Boyolali, seket wong Bugis-Bali, perang wonten Jurang Kadut, baiane ingkang pejah,
  52. sawelas lurah satunggil, nulak wangsul Kumpeni sabalanira.
  53. Nulya Pangeran Dipatya, ababantu ing ngajurit, menggung Suramangunjaya, akathah ingkang akanthi, wong Tanuwastra pan tumut, lan raden Suralaya, ing Barebes kang negali, Jagalatan ingkang dadya matapita.
  54. Sampun arakit sadaya, umangkat sing ngardi Wijil, nuju ing dina Selasa, Kemise Wage anuli, Janingrat ing Metawis, lan Pringgalaya tinuduh, umangkata ngayuda, mangkata sing ngardi Wijil, angrebuta negarane ing Metaram.

@@@

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: