alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PEDHALANGAN RINGGIT PURWA I


SERAT PEDHALANGAN RINGGIT PURWA I 

Oleh
K.G.P.A.A. Mangkunagara VII
Alih aksara dan ringkasan oleh
Mulyono Sastronaryatmo

TIDAK DIPERJUALBELIKAN

Proyek Bahan Pustaka Lokal Konten Berbasis Etnis Nusantara
Perpustakaan Nasional, 2011
Perpustakaan

 

LAMPAHANIPUN PARA DEWA

I. LAMPAHAN NGRUNA NGRUNI

  1. Madeg ing kahyangan Jonggringsalaka, : Sang Hyang Girinata (sang Hyang Guru), miyos siniwaka para jawata, mungging baia Marcukundha. Ingkang mungging ngarsa,: Sang Hyang Narada, sang Hyang Kuwera, sang Hyang Sriyana, sang Hyang Surya, sang Hyang Yamadipati, sang Hyang Brama, sang Hyang Patuk, sang Hyang Tamboro. Ingkang rinembag: Gegering Suralaya, dene wonten nataning raseksa nama prabu Sengkanturunan, badhe anginggahi Suralaya, nedya nyuwun jodho widadari nama Dewi Ngruna tuwin Dewi Ngruni. Sang prabu wau sampun anduta patihipun, kanthi prajurit rotadanawa, pacak baris wonten ing Repatkapanasan, sarta damel pasanggrahan, ing mangka Dewi Ngruna tuwin Ngruni wau sampun kaparingaken dados jodhonipun sang Hyang Surya, dados sang Hyang Girinata dhawuh dhateng sang Hyang Surya kinen angatos-atos, tuwin dhawuh dhateng sang Hyang Narada kinen ambekta para jawata, kanthi prajurit dorandara dhumateng Repatkapanasan, angundurna para danawa. Lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, : Dewi Urna, pinarak para widadari, angentosi kondurira sang Hyang Girinata. Dereng dangu sang Hyang Girinata kondur, ingkang garwa methuk ing njawi wiwara, lajeng lenggah satata, ngandikakaken kawontenanipun ing pancaniti.
  1. Ing bale Marcukundha, sang Hyang Narada, sang Hyang Brahma, sang .Hyang Sriyana, tuwin sang Hyang Patuk, Tamboro, para jawata pepak mungging ngarsa. Ingkang rinembag: Siyaga ing damel, para jawata ingkang sapalih tengga kahyangan, ingkang sapalih bidhal dhateng Repatkapanasan.
  1. Madeg patih ditya, nama patih Jaksendra, carakanira prabu Sengkanturunan, kaliyan para punggawa, nama Kalajaksa, Kalajaksina, Kalajakjara, tuwin kyai Togog, Sarahita. Rembag anggenipun damel pasanggrahan, dereng dangu dhatengipun para jawata sami tumurun anggunturi sela, lajeng prang rame, patih Jaksendra sawadyanipun sami unggul ing yuda, para jawata sami tutup saketheng.
  2. Madeg kahyangan Ekacakra, sang Hyang Surya, ingadhep garwa kakalih: Dewi Ngruna, Dewi Ngruni. Ingkang garwa pinaringan parikan bab dhawuhipun sang Hyang Guru, manawi wonten ratuning danawa anginggahi ing kahyangan anyuwun jodho garwa kakalih wau. Ingkang garwa sami sungkawa. Wusana lajeng matur, manawi anggenipun maringi tigan nyatunggal-nyatunggal kaengremaken sawer ageng, sapunika sampun netes sadaya, tigan gadhuhanipun Dewi Ngruna netes peksi kakalih, ingkang sepuh brondhol, tigan gadhuhanipun Dewi Ngruni netes warni naga ageng satunggal, sawer alit-alit kathah. Sang Hyang Surya ngandika: “Tigan wau paringipun sang Hyang Guru,” lajeng sami tinimbalan mangarsa, ingkang warni peksi kaparingan nama, ingkang sepuh nama peksi Sempati, ingkang enem nama peksi Jathayu.
    Sawer naga kaparingan nama naga Gumbang, sawer ingkang alit-alit nama sawer wisa. Peksi kalih lajeng sami saba, Jathayu lajeng miber kalangan ing gagana, sawer naga dalah sawer alit-alit sami saba sapurug-purug, Dewi Ngruna lajeng batangan (badheyan). Sinten ingkang kawon ngemong anakipun, Dewi Ngruni sagah, ingkang kinarya badheyan: Lembu, kabadheya jaler estrinipun, nanging lembu wau purusipun katekuk dhateng lakang, Dewi Ngruni ambadhe: Estri. Sareng dipun celaki katingal purusipun, lajeng merang. Peksi kakalih tuwin sawer sadaya sampun sami marek ing ibu, sareng sumerep kang ibu Dewi Ngruni kalingseman, sawer alit-alit sami nyakoti peksi kakalih wau, nanging sawer kathah ingkang pejah dipun cucuki, ingkang ibu Dewi Ngruni duka, badhe anjemalani peksi kakalih, lajeng dipun sotaken dhateng Dewi Ngruna.” Yayi Ngruni angrewangi anakira, kok kaya budining diyu.” Sanalika Dewi Ngruni santun warni diyu, lajeng nangis sambat nyuwun aksama. Dhawuhipun sang Hyang Surya, Dewi Ngruni kadhawuhan nyuwun ruwat dhateng sang Hyang Wisnu, tuwin peksi Jathayu kinen nyuwita. Lajeng sami pangkat, peksi Sempati kadhawuhan martapa ing redi Windu, sawer naga kadhawuhan manggen ing jaladri dalah kadangipun sawer alitalit sadaya, lajeng bibaran.
  1. Madeg Repatkapanasan, para jawata sami rembag angupados sraya. Sang Hyang Narada lajeng pangkat dhateng Utarasagara.
  1. Madeg kahyangan Utarasagara, sang Hyang Wisnu anuju lenggah, kaadhep parepat tiga : Semar, Nalagareng, Petruk, rembag denira kahyangan kaancikan mengsah saking Parangsari. Kasaru dhatengipun Dewi Ngruni (denawa estri), kaliyan kang putra peksi Jathayu. Dinangu Dewi Ngruni matur purwa duksina, sarta nyuwun waluya jati, warniya estri ayu malih kados ing nguni. Sang Hyang Wisnu rumaos bilih peksi Jathayu punika ingkang wayah piyambak, amargi ing ngajeng putranipun sang Hyang Wisnu nama Dewi Kastapi katarimakaken peksi Brihawan, puputra tigan kalih kapundhut sang Hyang Guru, kaparingaken sang Hyang Surya. Dene peksi Jathayu kasuwunaken suwita, katampen, ananging Dewi Ngruni tinuduh dhumateng nagari Parangsari andhustha putri atmajanipun prabu Sengkanturunan, kakasih retna Jathawati, lamun lebda ing karya, benjing badhe ingusadanan mamalanipun, Dewi Ngruni sandika lajeng pangkat.
  1. Sang Hyang Narada rawuh, sasampuning lenggah, ngandika bab pabarisaning para jawata sami kasor, sang Hyang Narada mundhut tulung. Sang Hyang Wisnu matur sandika, nanging namung ngaturaken susulih peksi Jathayu. Sang Hyang Narada pamit wangsul, Jathayu binekta, parepat tiga sami tumut.
  1. Madeg pabarisan denawa, patih Jaksendra, tuwin para punggawa denawa, rembag badhe nginggahi suralaya, badhe anjebol saketheng, kasaru praptaning mengsah anggunturi sela, para danawa geger, prang rame. Peksi Jathayu anyamberi saking awiyat, patih Jaksendra pejah, para punggawa kathah kang pejah, sinamber peksi Jathayu, denawa alit-alit dhadhal, sang Hyang Narada tuwin peksi Jathayu dhateng Utarasagara, para jawata bibaran makahyangan.
  1. Madeg nagari Parangsari, prabu Sengkanturunan, pinarak ing pandhapi, kaadhep denawa punggawa, kasaru dhatenging Togog, Sarahita, atur uninga, manawi patih Jaksendra dalah punggawa sami pejah dening sarayaning dewa warni peksi nama Jathayu. Sang nata sakalangkung duka, adhawuh dhateng para punggawa danawa kapurih siyaga dadameling prang. Kasaru dhatengipun ingkang garwa nama retna Diwati atawan tangis, atur pariksa manawi ingkang putra retna Jathawati ical kacidra danawa estri saking gagana, dutanira sang Hyang Wisnu, ing kahyangan ing Utarasagara. Sang prabu Sengkanturunan langkung duka, lajeng pangkat anglurug sawadyanira dhateng Utarasagara.
  1. Madeg Utarasagara, sang Hyang Wisnu, dhatengipun sang Hyang Narada kaliyan peksi Jathayu, paring pariksa ungguling ayuda. Sang Hyang Narada lajeng pamit kondur, kasaru dhatengipun Dewi Ngruni ambekta Dewi Jathawati, badhe kadhaupaken kaliyan peksi Jathayu. Dene Dewi Ngruni ingkang warni diyu lajeng dipun usadani ingusap mukanipun dening sang Hyang Wisnu, Dewi Ngruni waluya jati sulistya warni ing nguni-uni. Dereng dangu dhatengipun sang Hyang Surya, sakalangkung suka mirsa Dewi Ngruni. Sarehning sampun waluya lajeng kasuwun, sang Hyang Wisnu marengaken, nanging Dewi Ngruni mboten purun, kajiat puguh saha matur sang Hyang Wisnu. Satemah sulayaning rembag, sang Hyang Wisnu apancakara, sang Hyang Surya kasor, lumajeng dhateng Jonggringsalaka.
  1. Madeg ing Jonggringsalaka, sang Hyang Guru miyos, ingkang mungging ngarsa sang Hyang Narada miwah para jawata. Kasaru dhatengipun sang Hyang Surya, matur lamun Dewi Ngruni tuwin putrì saking nagari Parangsari, kapendhet sang Hyang Wisnu, mangka ingkang unggul ing yuda putranipun ingkang nama peksi Jathayu. Sang Hyang Narada kautus mundhut Dewi Ngruni tuwin putri boyongan nama Dewi Jathawati, kabektaa dalah peksi Jathayu. Sang Hyang Narada pangkat.
  1. Madeg sang Hyang Wisnu, Dewi Ngruni lawan peksi Jathayu, Dewi Jathawati. Sang Hyang Wisnu adhawuh dhateng Dewi Ngruni supados puruna mantuk, sarta dhawuh dhateng peksi Jathayu badhe kadhaupaken angsal Dewi Jathawati. Kasaru rawuhipun sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanipun sang Hyang Guru, sampun katampen sadaya. Dewi Ngruni, peksi Jathayu, Dewi Jathawati, kapundhut kaaturaken sarta sampun kapratelakaken, bilih sang Hyang Wisnu badhe andhaupaken peksi Jathayu angsal Dewi Jathawati. Sang Hyang Narada pangkat, Dewi Ngruni, Jathawati, peksi Jathayu sami andherek.
  1. Madeg ing Jonggringsalaka, sang Hyang Guru, ingadhep para jawata. Dhatengipun sang Hyang Narada ambekta Dewi Ngruni, Jathawati, peksi Jathayu. Dewi Ngruni dhinawuhan manut sang Hyang Surya, Jathawati kadhaupaken angsal peksi Jathayu. Kasaru sang Hyang Patuk sowan mangarsa, atur pariksa dhatengipun mengsah saking nagari Parangsari, ingkang ngluru putra Dewi Jathawati, para jawata sami medal ing njawi, prang sampak, sang Hyang Bayu mijilaken pangabaran, mengsah sima sadaya.Madeg sang Hyang Guru dalah pisowanira ingkang unggul ing yuda. Tanceb kayon.

II. LAMPAHAN WATUGUNUNG

  1. Jejer prabu Watugunung (Selacala), ing nagari Gilingwesi, pinuju miyos ing sitinggil binatarata, alenggah dhampardenta, siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa patih Suwelacala, santana ngiras punggawaning praja, raden Dhukut, Kurantil, Tolu, Gumbreg, Kuningan, rembag,: Srinata badhe mangun prang ambedhah Suralaya, amargi nyuwun jodho widadari pipitu, sang Hyang Endra mboten amarengaken, mila sang nata nyuwun jodho widadari pipitu wau, saking panuwunipun ingkang garwa Dewi Sinta, adreng nyuwun kamaru kaliyan widadari pipitu. Inggih punika, Dewi Supraba, Dewi Gagarmayang, Dewi Tunjungbiru, Irimirim, Warsiki, Prabasini, Surendra. Wontenipun ingkang garwa gadhah panuwun makaten wau, awit sajatosipun, Dewi Sinta punika ibunipun prabu Watugunung, amargi prabu Watugunung nalika taksih alit nama raden Dite, saking dremba panedhanipun ngantos kathuthuk ing enthong dening ingkang ibu Dewi Sinta. Raden Dite (prabu Watugunung) lajeng kesah sapurug-purug, dene Dewi Sinta sasedanipun ingkang raka kalunta-lunta dumugi samadyaning wana, ngantos kapupu ing punggawa, katur sang prabu Watugunung, lajeng kagarwa ngantos patutan satunggal jalu nama raden Sindhula, ananging Dewi Sinta sareng rnirsa bilih sang nata punika putranipun, langkung merang, lajeng gadhah panuwun maru widadari wau. Sang nata dhawuh dhateng patih Suwelacala, kinen bidhal sawadya bala mukul prang dhateng Suralaya. Lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, risang prameswari Dewi Sinta, tuwin para garwa putri saking mancanagari, kathahipun ngantos kawandasa, sadaya sami miyos ing prabasuyasa, ngentosi konduripun srinata, ngiras amriksani ajaring beksa bedhaya tuwin sarimpi. Boten antawis dangu srinata kondur, ginem ing bab pancaniti, lajeng tindak dhateng pambojanan.
  1. Madeg ing paseban njawi, patih Suwelacala, para punggawa, : raden Dhukut, Gumbreg, Kuningan, Kurantil, Tolu. Rembag sami siyaga dadameling prang, lajeng ngundhangi para wadya danawa. Sasampuning samapta lajeng bidhal dhateng Suralaya sawadya balanipun.
  1. Madeg ing ka-Endran, sang Hyang Endra pinuju miyos, ingkang mungging ngarsa para putra,: sang Hyang Citragada, Citrasena, Citrarata, Bambang Arjunawinanga. Rembag bilih badhe kadhatengan parangmuka saking nagari Gilingwesi, para putra sami kadhawuhan mirantos dadameling yuda, lajeng kadhawuhan anjagi dhateng Repatkapanasan, kanthi prajurit dorandara. Sasampuning siyaga lajeng bidhal, dumugining Repatkapanasan, wadya ing Gilingwesi sampun apacak baris, mila lajeng tempuh prang, prajurit dorandara kaseser, sami ngungsi malebet ing karang ka-Endran, lajeng tutup sakatheng, sang Hyang Endra langkung sungkawa. Kasaru rawuhipun sang Hyang Girinata kaliyan sang Hyang Narada, dhawuh dhateng sang Hyang Endra kinen ngupados sraya,: Pandhita martapa ing wukir Candrageni. Sang Hyang Girinata sampuning dhawuh lajeng kondur dhateng ing Jonggringsalaka. Sang Hyang Narada kantun, sarta sagah ngupados sraya, sang Hyang Narada lajeng mangkat.
  1. Madeg ing padhepokan Kandhayana, ing ngandhaping waringin Jamurpitu, Dewi Sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, katilar ingkang raka prabu Setmata dhateng wukir Candrageni. Ingkang putra Bambang Srigati ngajak ingkang ibu nusul ingkang rama dhateng wukir Candrageni, lajeng pangkat kaliyan ingkang ibu, kadherekaken parepat tiga, : kyai Semar, Nalagareng, Petruk, lampahipun medal ing wana, kapapag para wadya ing Gilingwesi, ingkang sami babantu dhateng Repatkapanasan, nama Kalacuwiri, sulayaning rembag dados prang, Kalacuwiri pejah sinuduk, Kalagragalpa majeng prang, Kalagragalpa pejah jinemparing. Para ditya alit-alit bibar ngungsi gesang, Bambang Srigati lajeng lampahipun kaliyan ingkang ibu, parepat tiga tan kantun.
  1. Madeg ing wukir Candrageni, prabu Setmata, ingkang suwau nata ing Mendhangkamulan, kasiku dening sang Hyang Girinata, amargi mendhet garwa Dewi Sriyati, Ing mangka Dewi Sriyati punika sesengkeranipun sang Hyang Girinata, lajeng kasebut nama resi Setmata, misuwur mancanagari guna kasaktenipun, resi Setmata nuju lenggah kaliyan ingkang rayi ipe nama sang Hyang Sriyana, dereng dangu kadhatengan tiyang estri kakalih, satunggal nama pun Mayi, tiyang ing dhusun Karja, nyuwun pitaken,: Barangipun awarni supe kancana ical, winarah ing resi, lamun susupenipun badhe pinanggih. Setunggalipun nama pun Milak, nyuwunaken jampi anakipun nandhang sakit barah, kaparingan usada kunir, tiyang estri kakalih wau lajeng sami lumengser saking ngarsa mantuk dhateng griyanipun, lajeng kasaru dhatengipun ingkang garwa Dewi Sriyati kaliyan ingkang putra Bambang Srigati, sang resi sakalangkung suka. Dereng dangu kasaru rawuhipun sang Hyang Narada, andhawuhaken timbalanipun sang Hyang Girinata, lamun sang resi kapinta sraya dening sang Hyang Endra, anyirnakna mengsah saking Gilingwesi nama prabu Watugunung. Sasampunipun andhawuhaken, sang Hyang Narada kondur makahyangan, resi Setmata pamit ingkang garwa, lajeng semadi rnatek aji pameling. Boten dangu kapal mawi elar (kapal Sembrani) dhateng, katitihan ing resi Setmata kaliyan sang Hyang Sriyana, napak ing gagana dumugi ing karang ka-Endran, sapengkeripun resi Setmata, Bambang Srigati pamit ingkang ibu nedya nusul ingkang rama, lajeng pangkat.
  1. Madeg ing karang ka-Endran, sang Hyang Endra, miyos ingadhep para putra, sang Hyang Citragada, Citrasena, Citrarata, Bambang Arjunawinanga. Sang Hyang Endra langkung sungkawa, ginem ngarsa-arsa dhatengipun ingkang uwa sang Hyang Narada, ingkang sagah ngupaya sraya. Dereng dangu sang Hyang Narada rawuh ambekta resi Setmata kaliyan sang Hyang Sriyana. Sasampunipun bage-binage, sang Hyang Narada ngandika, bilih resi Setmata sagah kapinta sraya. Sang Hyang Endra langkung suka, resi Setmata kadhawuhan anyirnakaken mengsah saking ing Gilingwesi, sagah. Kasaru dhatengipun Bambang Srigati, sang Hyang Endra andangu,” Sinten lare dhateng punika”, resi Setmata matur, : Bilih punika ingkang putra Bambang Srigati. Sasampunipun para jawata sami siyaga dadameling yuda, lajeng bidhal saking karang ka-Endran, kanthi prajurit dorandara umiring resi Setmata. Sareng dumugi ing Repatkapanasan, para wadya dorandara tempuh prang kaliyan wadya ditya saking Gilingwesi, para dorandara prangipun kaseser, resi Setmata kaliyan Bambang Srigati magut ing yuda, para wadya ing Gilingwesi kathah kapupu pejah, kuwandanira muksa, patih Suwelacala lalayu, mantuk dhateng ing Gilingwesi, nedya matur ing gustinipun.
  1. Madeg prabu Watugunung, kaadhep ingkang putra raden Sindhula, tuwin para punggawa, ginem angarsa-arsa carakanira ingkang kautus ambedhah ing Suralaya. Dereng dangu dhatengira patih Suwelacala, atur pariksa, bilih para rayi sami sima ing rana dening pamukipun resi Setmata. Sang prabu Watugunung duka yayah sinipi, lajeng angundhangi para wadya, kebut bidhal dhateng Suralaya, nedya ngantep prang. Raden Sindhula kaliyan patih Suwelacala kantun tengga praja.
  1. Madeg ing pabarisan, para dewa tuwin resi Setmata, ingkang taksih makuwon ing Repatkapanasan, ing ngriku sami mangalembana dhateng kadibyaning resi Setmata, tuwin ingkang para jawata saking Suralaya, dutaning sang Hyang Girinata, : sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyàng Yamadipati, sami arsa ambantu ing yuda. Kasaru dhatengipun dorandara ngaturi priksa, bilih mengsah saking Gilingwesi dhateng, sadaya wau lajeng sami angirabaken para prajurit dorandara, ingkang dados senapati Bambang Srigati, tuwin resi Setmata, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sareng dumugi ing rana, tempuh prang langkung rame. Bambang Srigati tandhing lawan raden Dhukut, raden Dhukut pejah jinemparing. Prabu Watugunung mangsah, kapapagaken kaliyan resi Setmata, prang langkung rame, gantya kalindhih. Dangu-dangu prabu Watugunung kenging kacepeng, tinaman sagung dadamel tan pasah, lajeng katrap rodhining pedhati, piniles ing pedhati sirna, kuwandanira musna dados dewa, sakantunipun wadya ing Gilingwesi sami teluk, saweneh wonten ingkang lumajeng.
  1. Madeg sang Hyang Endra, dhatengipun para ingkang sami unggul ing yuda, sang Hyang Endra langkung suka, sang Hyang Narada ugi langkung suka lawan ngungun dhateng kadibyanipun resi Setmata, lajeng kairid sowan dhateng ing ngarsanipun sang Hyang Girinata.
  1. Madeg ing kahyangan Jonggringsalaka, sang Hyang Girinata miyos, ingadhep para jawata, dhatengipun sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Yamadipati, matur solahira dinuta. Dereng dangu dhatengipun sang Hyang Narada ambekta resi Setmata, katur sang Hyang Girinata, denira mungkasi kardi. Sang Hyang Girinata lajeng adhadhawuh, resi Setmata katetepaken madeg nata malih wonten ing medhangkamulan, nama prabu Setmata, inggih prabu Wisnupati, lawan praja ing Gilingwesi kabawah dhateng Medhangkamulan, sang prabu Setmata matur sandika, lajeng bidhal, para jawata sami umiring, sapraptaning praja Medhangkamulan lajeng sami lenggah satata, kasaru dhatengipun punggawa, atur uninga, wonten danawa kathah damel reresah wonten alun-alun, inggih punika para danawa, wadyanipun prabu Watugunung sisaning pati. Resi Setmata medal kaliyan para jawata, prang sampak, danawa sami pejah sadaya. Lajeng sami lenggah mangun bojana andrawina, sang Hyang Bayu uwin ingkang raka sang Hyang Brama pamit kondur. Tanceb kayon.

III. LAMPAHAN MUMPUNI

  1. Jejer ing Suralaya, sang Hyang Pramesthiguru, miyos ing pancaniti, siniwi sang Hyang Narada, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Endra, sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Patuk, sang Hyang Tamboro, pepak para dewa kang anangkil, ingkang rinembag,: Ing Suralaya badhe kainggahan mengsah saking Jurangparang, dutanira prabu Karungkala. Awit sang yaksendra tinampik panglamarira maring Dewi Mumpuni, ingkang samangke sampun pinaringaken dados garwanira sang Hyang Yamadipati. Sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, wadya dorandara kinen sami pacak baris wonten Repatkepanasan, sasampunira dhawuh, sang Hyang Pramesthiguru lajeng kondur ngadhaton.
  1. Madeg ing gupit Mandragini, sang padniwara Dewi Uma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhep para parekan cethi. Kasaru rawuhira sang Hyang Pramesthiguru, pinethuk ingkang garwa Dewi Uma, kinanthi binekta lenggah satata. Sang Hyang Pramesthiguru imbal wacana mring garwa, bilih ing Suralaya badhe kainggahan mengsah saking Jurangparang. Kang garwa esmu sungkawa, sang Hyang Guru minggah ing sanggar pamelengan.
  1. Madeg ing paseban njawi, sang Hyang Narada, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Endra, sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Yamadipati, sang Hyang Patuk, sang Hyang Temboro. Ginem, : Denira tampi dhawuhing sang Hyang Guru, kinen sami pacak baris wonten Repatkapanasan, sasampunira siyaga lajeng bidhal.
  1. Madeg ing Saptapratala, Dewi Superti, kasaru rawuhira sang Hyang Anantaboga, sang Hyang Anantaboga dhawuh mring kang garwa Dewi Superti, kinen adamel gambaripun para widadari sadaya, sarta sawarnining anaking para dewa, kang sampun kangkat ambekta gamaning ngrajurit kinen tumut aprang. Sasampuning tampi dhawuh, Dewi Superti lajeng tindak ing panyeratan, lajeng anggambar para widadari, sampun dados, Dewi Superti lajeng medal ing njawi murugi kang putra Bambang Nagatatmala, Dewi Superti ngandika mring putra, dipun purih sampun kesah-kesah, awit saking dhawuhing sang Hyang Narada, anakipun para jawata ingkang sampun kuwawi nyepeng gagamaning ngayuda, kadhawuhan dados prajurit, sarta lajeng baris dhateng Repatkepanasan, mapag ing yuda. Dewi Superti sasampuning dhawuh mring putra Bambang Nagatatmala lajeng kondur, arsa nusul sare ingkang raka sang Hyang Anantaboga. Mangkana sakondurira Dewi Superti, Bambang Nagatatmala, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, Bambang Nagatatmala dhawuh mring Semar, kados punapa gambaring widadari. Semar matur, bilih kang ibu sare kapendheta. Sasampuning malebet panyeratanipun ingkang ibu, ingkang gambar kapendhet Bambang Nagatatmala, lajeng kabekta medal tinedahaken Semar, sarwi kinen mastani satunggal-satunggaling widadari. Semar matur, “Punika gambaripun Dewi Mumpuni, garwanipun sang Hyang Yamadipati, saweg panggih enggalenggalan, dereng patos carem”, Bambang Nagatatmala dahat kasmaran ing panggalih, lajeng andangu dhateng Semar, “Kahyanganipun ing pundi, sang Hyang Yamadipati punika?”.
  2. Semar matur,” Ing Argadumilah”. Bambang Nagatatmala dhawuh mring Semar kinen andherek, sendika, lajeng pangkat, Bambang Nagatatmala lajeng ambutul bumi Kasapta, dumugi dharatan lajeng mumbul ing ngawiyat, kairing Semar, Nalagareng, Petruk, nedya dhateng kahyangan Argadumilah. Madeg ing kahyangan Argadumilah, sang Hyang Yamadipati tuwin sang Hyang Brama. Ginem,: Sang Brama amit arsa ngluruk, sang Hyang Yamadipati murugi kang garwa Dewi Mumpuni, kang garwa Dewi Mumpuni rinungrum dipun ariharih datan purun anglawani karsaning kakung, Dewi Mumpuni lajeng malebet ing ndalem, emban ingutus sang Hyang Yamadipati amundhut gantos mring sang dyah, emban lajeng kesah, emban damel reka-reka, damel piyambak, lajeng ingaturaken mring sang Hyang Yamadipati, sanget bingahira, lajeng pangkat arsa nglurug, palataranira sami dipun awoni sadaya waradin, lajeng bidhal, sakesahira kang raka sang Hyang Yamadipati, Dewi Mumpuni medal dhateng ing patamanan, kasaru dhatengira Bambang Nagatatmala, anjujug wonten ing njawi patamanan kaliyan Semar, Bambang Nagatatmala ngandika mring Semar, kinen nangisi. Semar lajeng tangisan, ing lebet patamanan, sang dewi mundhut andha, emban ngupados sampun angsal, lajeng ingaturaken, ing njawi banon wonten tiyang nangis, Dewi Mumpuni mireng tiyang sami nangis, lajeng amenek ing andha, nganguk ing njawi, uninga Bambang Nagatatmala dipun tangisi, sang Dewi Mumpuni lajeng mandhap pitaken Semar, Semar matur, “Punika bandaranipun pinuju sakit, sarta punika putranipun sang Hyang Anantaboga”, Dewi Mumpuni lajeng maringi ganten, Bambang Nagatatmala wungu, sang Dewi Mumpuni lajeng pinondhong, binekta malebet ing patamanan emban sumerep lajeng kesah, atur uninga ing sang Hyang Yamadipati, dhateng Repatkepanasan.
  1. Madeg ing Selapanangkep, para danawa dewa ingkang tengga kori ing Suralaya, nama bathara Cingkarabala, kasaru dhatengira Bambang Nagatatmala tuwin Semar, tanya-tinanya, Semar, nedha menganipun kori, bathara Cingkarabala boten suka, wusana dados prang, bathara Cingkarabala kenging kacepeng, lajeng dipun engkuk-engkuk, sareng uwal lumajeng, Bambang Nagatatmala tuwin repat tiga lajeng lampahipun.
  1. Madeg ing njawi bale Mar’cukundha, para dewa, tuwin resi, kang sami pasak baris, ginen arsa mapag ing prang, pan kasaru dhatengipun Cingkarabala, atur uninga mring sang Hyang Narada, bilih wonten satriya sumengka pangawak braja. Sang Hyang Narada dhawuh mring para dewa, kinca sami mantuk mring kahyanganipun piyambak-piyambak, lajeng sami mantuk sawongan-sawongan. Mangkana lampahira sang Hyang Yamadipati, dumugi ing margi kapapak embanira sang Dewi Mumpuni, dinangu matur, atur uninga, bilih kang garwa Dewi Mumpuni pinothapotha satriya saking Saptapratala wonten ing patamanan, sang Hyang Yamadipati sareng mirang aturing emban lajeng rikat lampahira. Mangkana ing salabeting taman, sang kusuma Dewi Mumpuni, tuwin Bambang Nagatatmala, saweg lenggah ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira sang Hyang Yamadipati, dadya prang, sang Hyang Yamadipati kasor, lumajeng atur wuninga ing ngarsanira sang Pramesthiguru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru, miyos lenggah ing bale Marcukundha, siniweng para dewa, kang munggeng ngarsa Hyang Narada. Ginen demira kainggahan satriya saking Saptapratala, Cingkarabala kasor. Kasaru dhatengira sang Hyang Yamadipati, atur uninga, bilih garwa Dewi Mumpuni dipun remeni kaliyah satriya saking Saptapratala, anakipun sang Hyang Anantaboga, sapunika wonten ing lebet petamanan, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, para dewa dhinawuhan anyepeng, lajeng sami pangkat.
    Madeg ing patamanan Argadumilah, Bambang Magatatmala, tuwin Dewi Mumpuni, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira sang Hyang Narada, tuwin para prajurit dorandara, sasampunira tinanya, Bambang Nagatatmala cinepeng ing kathah, para dewa kasor, lajeng sami lumajeng mring ngarsanira sang Hyang Guru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru, miyos lenggah ing Marcukundha, kasaru dhatengira sang Hyang Narada, tuwin para dewa, sang Hyang Narada atur uninga, bilih prajurit dorandara prangira sami kasor, samangke Bambang Nagatatmala taksih wonten patamanan, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, kinen animbali sang Hyang Anantaboga, sandika, lajeng pangkat mring Saptapratala.
  1. Madeg ing Saptapratala, sang Hyang Anantaboga, lenggah, kasaru rawuhira sang Hyang Narada tuwin sang Hyang Panyarikan, sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanira sang Hyang Guru, sang Hyang Anantaboga sandika, lajeng bidhal mring Suralaya.
  1. Madeg sang Hyang Guru, lenggah ingadhep para dewa, kasaru praptanira sang Hyang Narada tuwin sang Hyang Anantaboga. Sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Anantaboga, paring uninga ing lepatira kang putra Bambang Nagatatmala, sang Hyang Guru dhawuh malih mring sang Hyang Anantaboga sandika sagah. Sang Hyang Guru dhawuh mring para dewa, kinen angiring mring patamanan, sandika, lajeng pangkat mring taman Argadumilah.
  1. Madeg ing taman Argadumilah, Bambang Nagatatmala, tuwin Dewi Mumpuni, ingadhep Semar, Nalagareng, Petruk, kasaru rawuhira kang rama sang Hyang Antaboga, ingiring para dewa, Bambang Nagatatmala sarawuhira kang rama cinepeng, Bambang Nagatatmala binekta mring kawah Candradimuka, lajeng cinemplungaken, para dewa sami bingah sadaya. Sang Hyang Anantaboga lajeng amit mantuk, rinilan lajeng pangkat.
  1. Madeg ing Saptapratala, sang kusuma Dewi Suparti, lenggah ingadhep para parekan, kasaru rawuhira kang raka sang Hyang Anantaboga, sasampuning lenggah, sang Hyang Anantaboga, wawarta mring garwa Dewi Superti, bilih kang putra Bambang Nagatatmala, lepat lambangsari kaliyan garwanira sang Hyang Yamadipati, sapunika Bambang Nagatatmala linebetaken kawah Candradimuka. Kang garwa sasampuning winartan lajeng melebet ing ndalem angungkeb-ungkeb dangu, wungu lajeng anjedhul saking Saptapratala, lajeng minggah ing Suralaya.
    Mangkana lampahira Dewi Superti, dumugi Repatkepanasan, lajeng uninga kawah Candradimuka, wonten mancur sacakra manggilingan, lajeng cinepeng, inggih punika tirta gesang, lajeng malebet ing nglebet kawah Candradimuka, layonira kang putra Bambang Nagatatmala, pinendhet kaentasaken, sasampunira wonten ngentasan satepi kawah Candradimuka, layonira kang putra wau tinetesan toya pagesangan, lajeng gesang, kang putra Bambang Nagatatmala jinarwan mring kang ibu, ingemutaken mantuk mring Saptapratala, pinenging wonten ing Suralaya, kang ibu Dewi Superti sanget kuwatirira. Bambang Nagatatmala dhinawuhan mring nagari Amarta, Bambang Nagatatmala matur sandika, lajeng pangkat, ingiring parepatira tiga.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Brama, sang Hyang Sambu, sang Hyang Kuwera, sang Hyang Panyarikan, tuwin para prajurit dorandara. Ginem, : Sang Hyang Brama dhawuh pacak baris wonten sangandhaping Suralaya, sasampuning sarembag lajeng bidhal.
  1. Madeg ing nagari Jurangparang, sang prabu Karungkala, miyos ingadhep patih ditya Kalamuka, tuwin para punggawa ditya, pepakkang anangkil, ginem,: Sang nata arsa krama widadari, karsanira sang nata arsa minggah mring Suralaya pribadi, patih ditya Kalamuka anjurungi, sang prabu Ka rungkala lajeng dhawuh mring para punggawa ditya, kinen siyaga dadameling prang. Sasampuning siyaga lajeng bidhal sawadya balanira maring Suralaya.
    Madeg baris kang tugur wonten sangandhaping Suralaya, para dewa tuwin prajurit dorandara. Ginem, sampun dangu denira pacak baris, kasaru rawuhira prabu Karungkala, sawadya balanira, arsa minggah mring Suralaya. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana para dewa kasor ing prangira, lajeng lumajeng, arsa atur uninga ing ngarsa sang Hyang Guru.
  1. Madeg ing Suralaya, sang Hyang Guru miyos ingadhep sang Hyang Narada, ginem,: Sang Hyang Guru, angarsa-arsa para dewa kang baris tugur, boten watawis dangu dhatengira para dewa prajurit dorandara, atur uninga, bilih kainggahan mengsah saking Jurangparang, raja ditya prabu Karungkala, sawadyanira, dadya prang, para dewa sami kasor sadaya, sang Hyang Guru dhawuh mring sang Hyang Narada, kinen minta sraya dhateng ing Amarta, sang Hyang Narada sandika, lajeng pangkat.
  1. Madeg ing nagari Amarta, prabu Yudhisthira, miyos ingadhep kang rayi raden arya Wrekodara, raden Janaka, tuwin raden arya Nakula, raden arya Sadewa. Kasuru dhatengira Bambang Nagatatmala, ingiring Semar, Nalagareng, Petruk, kinen mangarsa, lajeng dinangu matur, sasolahira sampun katur sadaya, lajeng tinampen, pan kasaru rawuhira sang Hyang Narada, sasampuning lenggah satata, sang Hyang Narada andhawuhaken timbalanira sang Hyang Guru, ingutus minta sraya, awit ing Suralaya kainggahan mengsah saking Jurangparang, prabu Karungkala sawadya balanira, para dewa sami kasor. Sang prabu Yudhisthira anyagahi, kang rayi raden arya Wrekodara, tuwin rayi raden Janaka kinen andherekaken ing sang Hyang Hyang Narada, sandika. Sang Hyang Narada lajeng amit pangkat ingiring raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka mring Suralaya.
  1. Madeg ing ngandhaping Suralaya, prabu Karungkala, ing Jurangparang, tuwin para punggawa ditya, kang mentas aprang kaliyan para dewa, taksih sami pacak baris, kasaru dhatengira sang Hyang Narada, kanthi raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka, lajeng aprang. Raja ditya prabu Karungkala tandhing kaliyan raden Janaka, prang rame. Danguning prang, raja ditya prabu Karungkala jinemparing pejah, patih sapunggawanira mangsah, pinapag raden arya Wreko dara, patih ditya Kalamuka tuwin para ditya sami pejah dening raden arya Wrekodara, sampak, para ditya sirna sadaya tan menggapuliha, raden arya Wrekodara, tuwin raden Janaka, lajeng sami marak mring sang Hyang Narada, sampun mangarsa, raden arya Wrekodara, tuwin kang rayi raden Janaka, sami amit mantuk mring Amarta, Wasana bojana andrawina. Tanceb kayon.

III. LAMPAHAN MIKUKUHAN

  1. Jejer prabu Dremamikukuhan ing nagari Medhangkamulan, inggih ing Purwacarita, nuju miyos siniwi mungging sitinggil binatarata, lenggah dhampar denta, siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa patih Jakapuring, brahmananing praja nama Brahmanacrita, punggawa tuwin para empu pepak mungging ngarsa, ingkang ginunem, tata tentreming praja. Kasaru rawuhira sang Hyang Narada, dinuta sang Hyang Girinata, maringaken wiji pantun, pisang, kalapa, tuwin wiji pala kapendhem, pala kesimpar, pala adeg, pala kependhem punika,: uwi, gembili, kimpul sapanunggalanipun, pala kesimpar punika,: waloh, bligo sapanunggalanipun,: pala adeg punika, : jagung, tebu, otek sapanunggalanipun, kadhawuhan nanem ing nagari Medhangkamulan, supados mirah tedha. Sasampuning katampen, sang Hyang Narada lajeng kondur makahyangan, sang prabu lajeng dhawuh dhumateng patih Jakapuring, kinen maradinaken dhateng padhusunan, lajeng bibaran.
  1. Madeg ing kadhaton, risang prameswari nata Dewi Darmastuti, pinuju lenggah ing prabasuyasa, ngentosi kondurira srinata. Sarawuhira saking pasewakan, srinata lajeng lenggah satata, ingkang ginunem, kawontenaning pancaniti, lajeng tindak ing pambojanan.
  1. Ing pangurakan patih Jakapuring, punggawa, : kyai empu Cakut, kyai Tuwa, kyai Baru, rembag badhe lampahipun, sasampuning samapta, lajeng bidhal kapalan.
  1. Madeg ing Suralaya, ing kahyangan Jonggringsalaka, sang Hyang Guru nuju miyos mungging baie Marcukundha, ingadhep para jawata, sang Hyang Brama, sang Hyang Bayu, sang Hyang Pritanjala, sang Hyang Yamadipati. Dhatengipun sang Hyang Narada, matur sarehing dinuta. Sang Hyang Guru utusan nyataken dhateng ing Purwacarita, ingkang kautus sang Hyang Pritanjala, tuwin sang Hyang Tantra, jawata kakalih sami pangkat, sarta warni peksi emprit.
  1. Madeg prabu Sarkil, ing nagari Najran, (tanah sabrang) pinuju miyos ing pandhapi, ingkang sumiwi patih Talkandha, punggawa sawatawis, ingkang ginunem, : Ingkang putra putrì nama Dewi Sakati, supena ginarwa empu ing Gajali, ing tanah Jawi, punika sang putrì sanget kayungyuning driya, anggubel datari kesah saking ngarsaning rama nata. Sang nata lajeng anuruti, wasana lajeng tindak dhateng tanah Jawi, ambekta wadya nitih palwa.
  1. Madeg empu Hanggajali, mungging tepining samodra, ngemban dhawuhira sang Hyang Guru, kinen damel gagamaning ayuda. Sang Hyang empu nuju damel warastra, dhuwung sasaminipun, ingkang ngladosi kyai lurah Semar, Nalagareng, Petruk, sabibaring pandhe, empu Hanggajali leladhang. Sigeg, prabu Sarkil, ingkang numpak palwa, kadi binuncang ing dewa, baita kerem, prabu Sarkil kentir ing tirta samodra, sareng empu Hanggajali sumerep, prabu Sarkil tinulungan kabekta dhateng ing gisik, lajeng taken-tinaken, sami waleh nama tuwin sedyanira. Empu Hanggajali tinantun dadya mantunipun, lajeng kabekta dhateng nagarinipun prabu Sarkil sarwi numpak baita malih, parepat tiga andherek.
  1. Madeg ing nagari Najran, Dewi Sakati, dhatengipun ingkang rama prabu Sarkil, sampun ambekta empu Hanggajali, wasana ajeng kadhaupaken, empu Hanggajali tan suwala, watawis laminipun Dewi Sakati anggarbini, empu Hanggajali pamit mantuk dhateng pulo Jawi, awit taksih anglampahi ayahaning Hyang Girinata, kinen pandhe dadamel, lajeng bidhal numpak baita, parepat tiga tan kantun.
  1. Madeg patih Jakapuring kaliyan para punggawa, kyai empu Cakut, kyai Tuwa, kyai Buru, sami andum wiji dhateng tiyang padhusunan, kacarita jawata kalih ingkang malih emprit sami ngrisak taneman pantun, katinggal risak tanemanipun gaga padhusunan wau, jinemparing dening patih Jakapuring, lajeng babar dadya jawata kalih, sang Hyang Pritanjala, sang Hyang Tantra, patih Jakapuring madhep mangarsa, pinaringan pariksa, bilih dinuta sang Hyang Girinata, anuweni hanggenipun mandum wiji wau, rehning sampun, sang Hyang Girinata sanget bingahipun, sarta winangsit lamun badhe kadhatengan dutaning Hyang Girinata malih. Patih Jakapuring kinen mantuk saprikancanipun dhateng praja, jawata kakalih lajeng makahyangan, patih Jakapuring saprikancanira sami mantuk dhateng Medhangkamulan.
  1. Madeg ing Purwacarita (Medhangkamulan), Prabu Dremamikukuhan lenggah kalawan kang garwa Dewi Darmastuti, kasaru dhatengipun ingkang rayi patih Jakapuring, matur sasolahira sadaya hanggening dinuta. Kasaru gegering njawi, wonten celeng ngamuk, srinata miyos kaliyan patih Jakapuring, para punggawa mapag pangemuking celeng, sami kasoran, sang nata krodha anglepasi jemparing, celeng kenging jinemparing babar dados Kalagumarang, lajeng wangsul dhateng wana Krendhayana. Dereng dangu sang Hyang Endra rawuh, sang nata anembah, sang Hyang Endra maringaken gangsa Surendra, handadosna tuladanira tiyang ngarcapada, sang prabu matur nuwun, sang Hyang Endra lajeng makahyangan.
  1. Madeg ing wukir Andaga, puthut Jantaka kaliyan anak-anakipun warni buron wana, ginem badhe dhateng praja Purwacarita, nedya pados tedha, lajeng bidhal.
  1. Madeg prabu Dremamikukuhan, miyos siniwi patih Jakapuring, para punggawa, kasaru sowanipun punggawa, atur pariksa bilih ing dhusun-dhusun, sadaya taneman sami risak hadhapan, lajeng bidhal kanthi para punggawa.
  1. Madeg ing dhukuh Dhadhapan, bagawan Kanda, tuwin kang rayi bagawan Nada, kaadhep ingkang putra kakalih nama raden Sengkan, raden Turunan, patih Jakapuring dumugi ngriku matur dinuta ingkang raka nata, mundhut pitulung sarana icaling ama sadaya, bagawan Kanda ambektani ingkang putra kakalih raden Sengkan tuwin raden Turunan wau, kanthi abdi kalih anama Wayungyang kaliyan Candramawa, raden Sengkan dipun wulang mantra sarana, makaten, : Hong wirineh, wirihoyeh, masrana maswaha, kaliyan kabektanan kenthongan, raden Turunan kabektanan towok, lajeng bidhal, sadumugining Purwacarita, anjujug panggenaning ama kanthi susumbar, ama sami medal sadaya, perang rame, raden Sengkan ngungelaken kenthongan kaliyan matek mantra kadya ing nginggil wau, raden Turunan ngasta towok, kyai Wayungyang ngedalaken pangabaran, warni sagawon ayutan, kyai Candranawa ngedalaken kucing langkung kathah, sagung ama sami sima sadaya. Ing ngriku puthut Jantaka kródha ngamuk punggung, kasarengan rawuhipun prabu Dremamikukuhan, lajeng mapagaken puthut Jantaka, kenging kacepeng teluk, nyuwun papan sarta nyuwunaken papanci anakipun, ingkang taksih gesang, lajeng pinaringan papanci, nanging kang wami lembu, maesa lajeng kaingah dados sarananipun tiyang anggarap sabin, puthut Jantaka tinuduh dhateng wana Lokapala, kesah. Sang nata sawadyanira mangun suka andrawina.

Tanceb kayon.

—@@@—

 

1 Comment

  1. Assalamualaikum Salam sejahtera untuk kita semua, Sengaja ingin menulis
    sedikit kesaksian untuk berbagi, barangkali ada teman-teman yang sedang
    kesulitan masalah keuangan, Awal mula saya mengamalkan Pesugihan Tanpa
    Tumbal karena usaha saya bangkrut dan saya menanggung hutang sebesar
    1M saya sters hampir bunuh diri tidak tau harus bagaimana agar bisa
    melunasi hutang saya, saya coba buka-buka internet dan saya bertemu
    dengan KYAI SOLEH PATI, awalnya saya ragu dan tidak percaya tapi selama 3 hari
    saya berpikir, saya akhirnya bergabung dan menghubungi KYAI SOLEH PATI
    kata Pak.kyai pesugihan yang cocok untuk saya adalah pesugihan
    penarikan uang gaib 4Milyar dengan tumbal hewan, Semua petunjuk saya ikuti
    dan hanya 1 hari Astagfirullahallazim, Alhamdulilah akhirnya 4M yang saya
    minta benar benar ada di tangan saya semua hutang saya lunas dan sisanya
    buat modal usaha. sekarang rumah sudah punya dan mobil pun sudah ada.
    Maka dari itu, setiap kali ada teman saya yang mengeluhkan nasibnya, saya
    sering menyarankan untuk menghubungi KYAI SOLEH PATI Di Tlp 0852-2589-0869
    agar di berikan arahan. Supaya tidak langsung datang ke jawa timur,
    saya sendiri dulu hanya berkonsultasi jarak jauh. Alhamdulillah, hasilnya sangat baik,
    jika ingin seperti saya coba hubungi KYAI SOLEH PATI pasti akan di bantu Oleh Beliau

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: