alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT ICIP PATI


Icip pati
Sejatinipun icip pati ingkang kedah kaudi punika,
dédé icip pati gumlethaking badan dados mayit,
dédé icip pati raos mingsed mingsed kukuding rahsa,
nanging icip pati raosing pati ingkang dèn ulati.

Karanganipun : Raden Indrajit

Prawirakusumadirja,
ing Surakarta

—– @@@ —–

Paguron icip pati punika sasumerepipun ingkang ngarang wonten tigang warna.

  1. Wewatonipun ingkang kaanggep nyata sampun dumugi ing pati punika : gumlethaking badan dados mayit, sirna napas tuwin keketekkipun.
  2. Wewatonipun ingkang kaanggep nyata dumugi ing pati punika : kukuding rahipun kraos pecat wiwit saking jempol suku minggah minggah ngantos dumugi têlas.
  3. Wewatonipun ingkang kaanggep dumugi ing pati punika, dédé pejahing raga, nanging pangambahipun manusa dhateng raos mulya, gegayuhaning gesang, ingkang limrahipun sinebut ènget dhateng raos jatining gesang.

Terangipun kados ingkang kawedhar ing dalem serat punika.

ICIP PATI : SINIDA

Icip pati, ingkang dipunwastani : sinida, punika icip pati gumlethaking badan dados mayit, sarana pinithes ototipun ageng, inggih punika urungurung margining rah, sesambetanipun jantung kaliyan sirah, ingkang panithes kaprenahing gulu iring kiwa tengen, sareng pinithes, rahipun kebendung lajeng mambeg ngantos sadaya rah ing sakubuking kados sampun kèndel babar pisan, napas kèndel ketek-ketek inggih sami kèndel, tiyangipun kalenger kados sampun dados mayit, punika kaanggep sampun dados mayit utawi sampun pejah. Mangka sajatosipun dèrèng, namung kalenger kémawon.

Sarèhning tiyang ingkang kados makaten wau dipunanggep sampun pejah sayektos, dados tiyang ingkang sampun dipunmekatennaken wau, kaanggep sampun nglampahi pejah, utawi sampun ngicipi raosing pejah.

Limrahipun icip pati sinida punika tanpa wejangan punapa-punapa, amargi ingkang kanggé uge wosipun badan sampun kalampahan gumlethak dados mayit, ical keketek tuwin napa sipun, prakawis ingkang pinanggih raos rumaosipun punapa ingkang dipunalami utawi punapa ingkang tinemah, boten karembag, namung embuh, rasakna dhéwé, kanyataané apa kang tinemu.

Amila tiyang ingkang sampun naté anglampahi icip pati sinida, punika cariyosipun warni-warni.

Wonten ingkang cariyos : sirna raos pangraosipun, namung kados tiyang tilem kapati, ingkang boten ngimpi, inggih punika: sampun supé ing saniskara.

Wonten ingkang cariyos : taksih gadhah ènget nanging sampun boten ngraosaken punapa-punapa, rumaosipun angen angen punika kados wonten ngawang-awang benggang kaliyan badan, déné alamipun remen-remen, nanging ing ngriku boten nyawang punapa-punapa, kejawi namung pangangenangenipun piyambak. Wonten ingkang nyariyosaken manggih lelampahan kadosta : manggih papan ingkang sarwa asri, wonten ingkang kepethuk tiyang ageng inggil brengos capang bréwok simbar dhadha wulu wawar ambekta gada, ngaken malaékat, sawenèh wonten ingkang manggih lelampahan kados salimrahipun tiyang ngimpi kémawon.

Sawenèhing guru tukang nyida, wonten ingkang icip pati sinida punika mawi dipunrangkepi wejangan makaten : yen ana katon apa-apa, kuwi kabèh dudu, angger isih weruh barang-barang kuwi tondha durung tekan yèn : rasa, pangrasa, rumasa, karasa, iki kabèh wis sirna, wis ora weruh apa-apa, ora karasa apa-apa, iya iku, wis tekan ing pati tenan.

Tiyang sinida punika inggih kraos sakit, kinten-kinten boten tebih kados tiyang dipuntekak, tandhanipun bilih sakit amargi nalika saweg wiwit pinithes, ingkang kathah mawi ngaroncal, napasipun nyenggrog, ananging boten ngantos dangu lajeng kèndel tanpa sabawa, amargi lajeng sampun boten saged polah.

Kajawi makaten, rah dipunbendung makaten punika saged ugi ngrisakaken badan, upami kedangon saged ugi kalajeng pejah.Wontenipun boten kalajeng pejah punika sajatosipun pancèn dèrèng pejah sayektos rah mung mambeg sabagèyan ageng, dados taksih wonten ingkang lumampah ananging namung sabagèyan alit boten katawis, punika ingkang dados kekiyatan saged damel wangsul tangi malih. Dados icip pati sinida punika, wosipun ingkang kinajengaken : pejah. Nanging kanyataanipun : dèrèng pejah.

ICIP PATI : TILEM

Icip pati tilem punika ingkang kinajengaken : angraosaken kukuding rah pecat saking badan, wiwit saking pucuking jempol suku, saya minggah minggah ngantos dumugi telas babar pisan, nanging sajatosipun rahipun boten kukud, ingkang kukud namung (1) rahsaning raos pangraos saha (2) rahsanipun karkating badan, punika ingkang raosipun kados kukuding rah.

Angger tiyang punika tilem rahsa kalih warni wau inggih tamtu kukud, ananging limrahipun boten kraos amargi kukudipun rikat sanget, saha nyarengi kaliyan supéning èngetan, inggih punika nyarengi kaliyan laping tilem.

Béda kaliyan ingkang nedya patrapan icip pati kukudipun saged kraos amargi :

  1. pancèn sedya karaosaken.
  2. èngetanipun dipunsantosaaken supados sanadyan badan tilem manahipun boten tilem.
  3. kukudipun rindhik.

Raosipun kukuding rahsa kalih warni wau, manawi dèrèng lantih, tarkadhang kados gringgingen utawi semuten, nanging manawi sampun lantih, inggih boten, namung manawi kinten-kinten kukudipun antawisipun sampun dumugi ing puser ing baku sampun dumugi sikut badhé kukudipun ing jaja, punika tarkadhang raosipun sumiyut sanget, kados dipunbandul sundhul puyuh utawi dipunsawataken tebih. Anggragapipun marasing manah uwas punika saged murugaken wangsul tangi malih. Nanging manawi sampun lantih tarkadhang inggih lajeng saged boten makaten, lajeng saged lap angler kémawon.

Rahsa kekalih wau, kaliyan èngetan punika kénging kaupamèaken kados déné dilah kaliyan sorotipun, urubing dilah minongka upamining èngetan, soroting dilah minangka upamining rahsa kekalih wau. Tiyang tilem ingkang supé, punika kados déné dilah ingkang pejah urubipun saèstu inggih sirna sorotipun. Makaten ugi kahananing manusa, saben èngetan punika : rerem, sirep, padhem, rahsa kekalih punika tamtu lajeng kukud utawi racut, amargi rahsa kekalih punika soroting èngetan. Lampahing patrapan icip pati tilem punika, angangkah kukudipun rahsa kekalih punika, nanging èngetan sageda taksih jangkep. Dados èngetan dipunreremaken, supados saged ngukud rahsa kekalih wau, nanging dipunsantosakaken, supados sampun ngantos padham. Ingkang dados angèlipun punika : angangkah sirep pasorotipun kémawon, ingkang boten ngantos sirep urubipun. Éwadéné, saking dipun sinau kaliyan talatèn, dangu dangu saged lantih, ngantos dados gampil limrahipun dipunwastani : lunyu, licin, lènjèh, utawi : gambuh.

Rahsa kekalih punika kénging karaosaken wijangipun manawi tiyang tilem, rahsaning raos pangraos sampun sumebar nyarambahi badan sakojur, mongka rahsa karkating badan taksih kukud (dèrèng sumebar), punika manusa sampun saged aningali, mireng, ngambet, sapanunggillannipun, ananging dèrèng saged wicanten, ébah, kedhèp, sapanunggilannipun, makaten punika dipunwastani tindhihen.

Icip pati tilem punika limrahipun mawi wejangan, ingkang kaangkah wonten sajawining Alam pangimpèn, saha wonten sajawining tilem kapati, dados èngetan taksih manjer, nanging boten ngimpi, déné pitedahanipun warni-warni.

Wonten ingkang kapurih angangkah supados èngetan punika kraos kados déné anjendhel, inggih punika menep tanpa mobah mosik, namung kadunungan raos mulya tanpa sarana. Wonten ingkang namung dipuncariyosani, angger angen angen punika sampun saged oncat saking badan, dumunung wonten ing awang-awang uwung-uwung, sampun boten abadan wadhag, kantun abadan wang wung sepi, inggih punika sampun dumugi. Utawi pitedahan sanesipun.

Ananging ing sadèrèngipun dumugi ing panggènan ingkang sinedya, kacariyos, asring dipuncariyosi, bilih ing ngriku ngambah panggènan angsal sasmita, wujud sawarni impèn utawi swara.

Dados icip pati tilem punika, inggih mèh sami kémawon kalihan icip pati sinida, ingkang kinajengaken inggih pejah, nanging sarana ngukud piyambak. Déné kanyataanipun inggih namung tilem kémawon, rah tuwin napasipun taksih kados padatan. Bédanipun malih –ingkang cetha- bilih sinida punika tarkadhang kapurih ngangkah dumugi sirnanipun èngetan manusa, manawi icip pati tilem malah kapurih anjagi sanget sampun ngantos kelajeng dados tilem kapati.

Icip pati : rasa jati

Sajatinipun icip pati ingkang kedah kaudi punika, dédé icip pati gumlethaking badan dados mayit, dédé icip pati raos mingsed-mingsedipun kukuding rahsa, nanging icip pati raosing pati ingkang pati pati dèn ulati inggih punika drajat minulya gegayuhaning manusa, ingatasipun ingkang sami memanahan sabab saking wonten pejah.

Sarèhning ing alam donya punika wonten pejah, manusa wajib kadospundi. Punapa ingkang prayogi dipunlampahi. Punapa : manusa boten prelu memanahan bab punika, sabab badhe tanpa guna, ingkang amargi sampun tamtu boten badhé saged punapa-punapa, kajawi namung kedah ngèli, nglampahi punapa kawontenanipun. Punapa : prelu dados memanahanipun manusa, ingkang amargi wonten ingkang kedah kaudi, wonten ingkang kedah dipunéndhani.

Wonten piwulang makaten : Anta mutu kabla maoti,  khayatun bakda khayatin :

Jarwanipun : sira matia sadurungé mati, uripa sabakdané urip, kajengipun piwulang punika : manusa kapurih nyumerepi raosing pejah ing saderengipun pejah sayektos inggih punika ngicipi pejah. Saha kapurih saged gesang ing tembe sapengkeripun saking gesang ing alam donya punika. Dados sabab saking ing alam donya punika wonten pejah, manusa wajib angudi sagedipun gesang ing sabakdaning gesang ing alam donya. Sarèhning sabab saking ing alam donya wonten pejah, manusa wajib kedah ambudi sagedipun gesang ing sabakdaning gesang ing alam donya, dados ingkang dipunkajengaken pejah sadèrèngipun pejah, utawi icip pejah, punika : badhé nyumerepi raosing gesang, utawi ngicipi raosing gesang. Mongka sadèrèngipun manusa punika pejah, nama taksih gesang. Dados inggih tamtu sampun tansah sumerep raosing gesang. Kados pundi déné teka wonten suraos saweg badhé ngicipi raosing gesang. Makaten punika mratandhani bilih ingkang nama gesang punika wonten warni  kalih, satunggal gesang ingkang limrah sampun sami dipunraosaken ing tiyang alam donya punika, satunggalipun gesang sanesipun. Punika cocog kaliyan wontenipun tembang : jatining gesang, utawi gesang ingkang sejati. Awit sok wontené jatining gesang, utawi gesang tamtu wonten ingkang gesang ingkang dédé jatining gesang. Sok kaangger wonten gesang ingkang sajati tamtu wonten gesang ingkang dédé gesang ingkang sajati. Ingkang dédé jatining gesang utawi dédé gesang ingkang sajati inggih gesang ing alam donya punika. Jatining gesang utawi gesang ingkang sajati inggih gesang ingkang dados gegayuhaning manusa, inggih punika raos mulya ingkang prelu dipunraosaken utawi dipunicipi, ingkang ugi katembangaken dipunambah ing salebetipun manusa taksih gesang wonten ing alam donya utawi dèrèng pejah.

Manusa punika dumados saking kempalipun ingkang boten gesang, inggih punika bebakalaning raga ingkang lajeng maujud dados raga,kadayan ingkang anjalari gesanging raga, saben raga punika sampun boten kadayan déning ingkang anjalari gesang, inggih lajeng wangsul dados boten gesang malih, inggih punika pejah, gumlethak dados mayit, menggah ingkang andayani dhateng raga anjalari raga dados gesang punika, dipunwastani jiwa. Inggih jiwa punika ingkang nama jatining gesang, utawi gesang ingkang sajati. Jiwa punika gesang piyambak boten wonten ingkang anggesangi.

Saged gesang tanpa raga, saged gesang kanthi raga, inggih punika anggesangi raga. Jiwa punika asipat kadim, jarwanipun : dhihin piyambak boten wonten ingkang langkung dhihin saking pribadinipun, inggih punika asipat langgeng boten owah gingsir, inggih sipatipun sapunika, inggih sipatipun wingi-wingi, inggih sipatipun ingkang tembé wingking, langgeng tanpa mawi molah malih. Gesanging raga asipat kawadis, jarwanipun : anyar, inggih punika kénging éwah gingsir, kénging risak dados kosok wangsul kaliyan sipating jiwa.

Raga punika dumados saking alit dados ageng, nèm dados sepuh, mawi nyandhang, mawi nedha, mawi tilem, sapanunggilanipun, saha mawi kenging risak, sakit, pejah, dados ambutuhaken kaupakara, mila gesanging raga punika mawi (1) pépénginan (2) pamikir (3) pandamel mawi (4) raos sakit sekéca, saha (5) bingah sisah. Gangsal prakawis  punika sami minangka praboting pangupakara. Saben raga punika manggih kawontenan ingkang boten laras utawi wonten ingkang risak, tamtu lajeng wonten raosipun sakit, dados saben wonten raos sakit mratandani wonten ingkang risak utawi wonten kawontenan ingkang boten laras, ing ngriku lajeng nangèkaken raos sisah, temah  nangèkaken pépénginan utawi karsa badhé ngupakara, lajeng sambet kalihan pamikir, ngupados kawruh marginipun kasembadaning sampurna pangupakaranipun, wusana dipuntandangi sarana pandamel. Saben raga punika manggih kawontenan ingkang laras, tamtu nangèkaken raos seneng. Saking kerep nandhang raos warni-warni, temah lajeng dados kawruh, ing ngriku kawitipun gadhah gegethingan saha kasenengan utawi pakareman. Saha saking tansah wonten raos ingkang katampèna ing pangraosipun, mila pikir tansah jagi-jagi saha pados-pados, inggih punika jagi-jagi ingkang dados gegethinganipun, saha padospados ingkang dados kasenenganipun. Saking matuh makaten, ngantos dados wataking pamikir punika boten saged kèndel. Dados manusa punika tansah madhep dhateng raosing kawadhagan, inggih punika : nampèni utawi nandhang, jagi-jagi, lan padospados.

Awit saking manusa tansah madhep dhateng kadonyan, dados ingkang tansah katingal inggih namung kadonyan, paningalipun dhateng rasa jatining gesang  dados kaling-kalingan raosing kawadhagan, mila boten sumerep dhateng raos jatining gesang. Kados upaminipun tiyang ningali témbok, ingkang adhepipun mungkul mawon dhateng témbok sampun tamtu ingkang katingal inggih namung témbok, badanipun piyambak ngantos boten kraos awit kaling-kalingan témbok wau. Kados cariyosipun nalika para putra ing Mesir lenggah jèjèr jèjèr sami ngasta lading, dhahar pelem, dupi Nabi Yusup langkung ing ngajengipun sadaya sami kagawokan aningali adining citranipun, ngantos astanipun keperang sami boten kraos sapengkeripun Nabi Yusup saweg sami sumerep bilih darijinipun sami tatu medal rahipun. Inggih awit saking manusa punika sampun kalajeng matuh tansah madhep dhateng raos kawadhagan punika sanget rapet raketipun kalihan paningalipun temah angèl sanget kéngingipun kapiyak sampun ngantos dados aling aling, sarana kauwalaken utawi kapilahaken. Awit punika wujud kawontenan tetiga, ingkang iketan dados satunggal inggih punika :

  1. Ingkang anguningani,
  2. Ingkang dipununingani, saha
  3. Uninganipun ingkang anguningani dhateng ingkang dipununingani, utawi katingalipun ingkang dipununingani.

Uninganipun punika ingkang anyambet ingkang anguningani  kaliyan ingkang dipununingani, saha ingkang dados aling-aling, angalingi ingkang kaudi. Utawi kénging katembungaken :

  1. Jatining gesang,
  2. Wadhag, lan,
  3. Raos wadhag.

Raos wadhag punika ingkang anyambet : jatining gesang lan : wadhag saha ngalingi rasa jatining gesang. Manawi manu(ng)28sa sampun saged wijang pamawasipun dhateng tetiga punika, saweg saged waspada dhateng ingkang kaudi. Inggih punika ingkang  sampun sumerep : rasa jatining gesang, inggih ingkang sampun saged angicipi raosing pati ingkang pati pati dèn ulati.

Ing sadèrèngipun saged wijang, punika kénging dipunwastani : raos jati inggih punika raos aku taksih luluh nunggil dados sawujud kaliyan raos wadhag, utawi gampilanipun inggih taksih luluh nunggil dados sawujud lan wadhag aku iku wadhag, wadhag iku aku. Manawi sampun wijang kénging dipunwastani : raos jati inggih punika raos aku sampun medal saking raos wadhag, kénging binasakaken sampun benggang, sampun pisah, sampun pilah, aku sampun dudu raga, raga  sampun dudu aku, sampun pedhot sesambetanipun ingkang anjalari dados wonten panandhang raos sakit sakéca, bingah sisah, sapanunggilanipun, wijanging raos jati lan raos wadhag punika kénging dipunwastani : timbuling raos jati, ing ngriku sampun jumeneng pribadi, angenggèni ing kalanggenganipun asipat : Khayun daimun laya mutu abadan, dumunung ing dalem zaman Daim, inggih punika wujuding salat daim (*), tegesipun : asipat gesang ingkang tetep (langgeng) boten badhé pejah ing salami laminipun, dumunung ing zaman ingkang tetep (langgeng), inggih punika wujuding salat ingkang tetep (langgeng). Dados inggih punika, kahanan ingkang badhé pinanggih ing tembé, manawi jiwa sampun pecat saking raga.

(*) khayun Daim, zaman Daim, salat Daim punika sajatosipun namung satunggal. déné : Daim tegesipun : tetep (langgeng).     

[kaca 20] Punapa ta, prelunipun manusa teka kapati pati badhé angicipi raosing pati. . Manawi manusa sampun saged waspada dhateng raos jatining gesang, tamtu badhé ical giris saha sisahing manah déning ing alam donya wonten pejah. Awit lajeng uninga bilih pejah punika namung oncating jiwa saking raga, inggih punika oncating gesang sajati saking pakunjaran panggènan sangsara, wangsul dhateng panggènan pamudharan ingkang maha mulya. Kaping kalihipun malah ing nalika taksih gesang wonten ing alam donya inggih lajeng sampun saged angéndhani sangsara,inggih punika ruwat saking  panandhang, kalih saking sedhih lan prihatin, amargi lajeng priksa bilih boten wonten kawontenan ingkang saged damel bilahi ing pribadinipun.

Manusa ingkang makaten wau sampun saged gesang wonten sajawining lelampahan, tegesipun sampun boten kombak-kombul utawi kongkah-kangkih déning ombaking donya, sadaya lelampahan ingkang pinanggih ing badanipun sampun boten angenani ing pribadinipun, namung dados sawanganipun, sampun boten kewran ngerèh utawi nguja ingkang dados médaning raga, amargi lebur utawi suburing raga sampun dédé barang-barang, dumugining pejah pribadinipun namung anjanggereng boten mobah-mosik, amung waluya maha mulya, tan paran tan pinaran, boten angulati boten ingulatan, sampun dipunlenggahi sadèrèngipun, dados sampun boten bebakal malih.

Manusa ingkang sampun saged pejah saderengipun pejah, inggih pejah salebeting gesang, punika sampun boten ambutuhaken kawruh bab sapsaping badan, tundhatundhaning Alam, ingkang pinanggih ing badan satunggalsatunggaling Alam ingkang pinanggih ing Alam satunggalsatunggal, awit sadaya wau namung lelampahaning badan, ingkang namung dados sesawangan tumrap ingkang sampun wonten sajawining lelampahan, sanadyan kados punapa kémawon kawontenanipun sampun boten dados pamanahan prelu, jer sadaya sampun dipunajengi, boten wonten ingkang ambebayani utawi makantuki, boten wonten ingkang prelu kumedah kedah dipungarap ingkang tumrap kanggé piyambakipun piyambak namung kantun iya sakarepmu.

Manusa ingkang sampun dumugi ing darajat makaten wau, inggih punika ingkang sinebut : dwija. Tembung : dwi, tegesipun : kalih. Tembung : ja, tegesipun : anak. Déné : dwija kajengipun : manusa ingkang sampun lair kaping kalih. Sapisan lair wonten ing alam donya, lantaran bapa biyung, kaping kalih lair ing kasidan inggih punika pangambahipun dhateng raos mulya jatining gesang, lantaran saking pangudinipun piyambak. Ingkang ugi sinebut : Khayun Biddaraini. Kajengipun : sampun saged gesang ing dalem panggènan kalih. Inggih punika : gesang wonten ing alam donya, saha gesang wonten ing jaman kalanggengan. Dados ngrika ngriki sampun dipunlenggahi.

Panutup

Dados serat icip pati punika muhung anggelaraken kawruh ingkang nama icip pati, icip pati ingkang sasar, saha icip pati ingkang leres, ingkang ing basa Arab dipunwastani : Dzaikhotul Maut, Prelu kanggé sesuluh nyumerepi ingkang prelu kedah kaudi. Boten anggelaraken kawruh marginipun saged anyatakaken. Bab kawruh marginipun saged anyatakaken pinanggihipun kedah kanthi sarana taberi amarsudi serat-serat ingkang sami angewrat pitedahing agami, ingkang sami mengku pitedah babagan ngilmi ghaib, ngilmi batin, ngilmi khak, ngilmi makrifat, ngilmi kasunyatan, ngilmi kawicaksanan, ngilmi kasampurnan sarta dipunpadosi murad maksudipun ingkang  lebet, ingkang ngantos kandhas, ingkang pratitis, ingkang ngantos muhtas (nelas), manawi sampun pinanggih lajeng dipuncobi, dipunsinaoni, dipunlampahi, ingkang ngantos muksis (kemput), sajatosipun : sadaya agami punika sami mengku pitedah piwulang marginipun saged angicipi pati ingkang pati pati sami den ulati, inggih ingkang dados gegayuhaning para pandhita, mila wonten tiyang dados pandhita inggih saking badhé angicipi raosing pati ingkang dumugi ing gegayuhan. Dados marginipun icip pati, inggih lampah kapandhitan punika. Sinten ingkang sampun saged anyakup kawruh kapandhitan, inggih sampun manggih marginipun saged icip pati.

Piwulang salat, piwulang yoga, piwulang semadi, punika sajatosipun sami piwulang icip pati, dados jedhugipun bab lasing salat, yoga, utawi : semadi, punika sami dumugi ing icip pati. Ananging saged dipun kalampahan muksis dumugi icip pati, saking pamanggihipun ingkang angarang sampun mesthi kedah kanthi sarana lampah  kapandhitan. Dados rerambataning pangudinipun kawruh kémawon ingkang mawi sarana amarsudi kawruh salat, yoga, utawi : semadi, nanging panindak tumandanging panggayuhipun gegayuhan kedah kanthi sarana lampah kapandhitan. Awit saupami boten makatena, inggih punika saupami kacekapna tanpa sarana lampah kapandhitan saged kacekapna mung sarana patrapan sakedhap-sakedhap ing saben dinten, saselaning patrapan kénging sakajeng kajeng, teka kaselak mokal temen kathah para wicaksana sami mandhita, kapati brata masuh raga. Prelu punapa teka andadak mawi makaten. Mila kita gadhah pamanggih makaten : lampah kita punika kajawi wajib angetutaken pitedahing piwulang, ugi kedah ngetutaken lampahing para linangkung, saha kedah sumerep jumbuhipun piwulang kaliyan lampahipun para linangkung wau. Dados marginipun saged anyatakaken icip pati punika, tamtu kedah kanthi sarana lampah kapandhitan.

— @@@ —

 

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: