alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT JITAPSARA


SERAT JITAPSARA

Hamarsitakaken badhé  dumadosipun alam
dunya punika dalah saisinipun sadaya
ngantos dumuginipun sampurnaning ngagesang

Kaimpun sarta kawedalaken
Dening : Raden Ngabei JIWA PRADATA

Citakan ke II

Diterbitkan dan dijual oleh :

BOEKHANDEL TAN KHOEN SWIE
Kediri 1921

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir

Sidoarjo, 9 Desember 2016

————————————————————————–

JITAPSARA

[3] Tembung Jiatapsara iku, tegésé turuning kaalusan dadi pusakané para Jawata, asalé carita saka Sanghyang Nurcahya, Sanghyang Nurcahya iku ngarêpna masayid Annur, putrané Sanghyang Rita, Sanghyang Ritu iku Kanjeng Nabi Sis, déné Kanjeng Nabi Sis mau putrané Sanghyang Atahama, iya Kanjeng Nabi Adam, ing Jitapsara amratélakaké, mungguh dumadiné Kanjeng Nabi Adam iku, kadadiyan saka sarining Tri Murti, iya iku saka manik, Angdama, tegésé : A, geni dadi saka kahananing geni, Ngada, banyu, sasi saka kahananing banyu, Ma, angin sasi saka kahananing angin, kumpulé telung prakara banjur diarani Tri Murti, tegésé kaalusan telung warga, banjur wujud janggeping Ngejan mawalija, tegésé wong lanang, banjur ingaranan : Atahama, tegésé anaking Hep, tembung hep, iku tegésé ghaib déné ghaib iku tegésé kawasa. Dadi saka purba wasésané kang luwih kuwasa déné jodhoné me[4]tu saka mujijat warga janma manuja, tegésé wong wadon aran Dewi Kawahya, déné wetuné saka Sanghyang Atahama dhéwé, banjur kaparingan nama Siti Hawa. Serehning jaman samana durung ana pantaraning dumadi, mangka karsané kang kawasa wis pinasthi yén lanang iku jojodhoné wadon mulané Siti Hawa banjur dadi garwané. Wusana banjur puputra beranahan lanang wadon sarta banjur kadhaupaké murih bisa tangkar-tumangkar. Ananing alam dunya banjur aran manungsa. Bareng campur lan tedhak ing Jan banjur aran janma manungsa, bareng campur lan tedhaké Hyang banjur aran tihyang (tiyang) utawa waong (uwong) tegésé tedhaking Jawata utawa Dewa, mungguh anané banjur cinampur mau kacarita kaya ing ngisor iki.

Kang ingaranan tedhaking Jan iku Sayid Anwar tumeka para Dewa kabeh, padha daup bangsaning Jin utawa dumadiné Sayid Anwar iku, sajatiné mung rékadayané Idajalijah kasandlingaké , sa[5]ka wantering pangodha, suwé-suwé bisa sapatemon. Idajalijah tinunggalan sare, banjur patutan Sayid Anwar mau, awit saka kadibyaning Idajil wektu lahiré Sayid Anwar, kabarengaké padha sakala lan miyos Sayid Anwas, Kanjeng Nabi Sis ora ngrumangsani yén linaku sandi déning Idajil malah sanget inaning galih déning nguni-nguni ingkang garwa hambabar miyos kembar.

Ambaleni mungguh kawruh Jitapsara mau, asalé saka Sanghyang Maladéwa, Sanghyang Maladéwa iku ratuning Jin pulo Dewata, déné Sanghyang Babar Buwana, Sanghyang Babar Buwana saka Sanghyang Jan Banujan, caritané saka Wit kaparatélakaké kaya ing ngisor iki.

Nalika isih awang uwung nguwung, bumi langit durung ana, iku diarani alam tan kena ing rusak : déné kang andunungi Jim Periprayangan sapanunggalané, ing kono ora kapadhangan déning srengéngé, rembulan sarta lintang sa[6]papadhané, dadi iki keno ingaran alam kang dhuwur dhéwé, utawa ora ana kéblat lor kidul kulon wétan marga ora ana kang digawé antara, babasan mung angeluwung tanpa ujung. Ing kono nuli ona wujud cahya Ilapating Pangéran murubing kara-kara, rupaning kuning abang lan biru, ingaranan dahanan iya dahana tegésé geni kang luwih gedhédéné geni mau urip dhéwé, ora ana kang nguripi, suwé-suwé banjur metu awané, kang biru kumukus iréng : dadi amun-amun iya iku kang ingaranan swasana, tegésé enggoning kauripan kang angébekki marang alam suwung mau, swasana banjur ngesuk marang jijiring cahya; wekasan angumara kumringsing sairip rijal kena uga ingaranan gendha kekeléng. Wekasan dahana metu karingeté ana prabawa anging bisa angilangngaké ananing kukus kang angliputi urubing cahya mau, amun-amun kang alus dadi angin kasaraning amun-amun acampur lan banyu, banjur padha kumangnandhang (kumandhang) kaya sawang, iya iku kang diarani mega, tegésé anané saka panas, sarehning kukus mau kumutug ora kendhat wetuné, kasaraning [7] amun-amun kang mandhuwur tumeka atasing amun-amun kang alus nglumpuk dadi akasa kandel, rupané biru kumulit gumilap banjur diarani akasa, tegésé akas kandél santosa. Yén basa Jawa angarani langit tegésé anglangut katon kumulit diarani puasthatra, tegésé bungkasing gegebengan, kasaraning amun-amun kang mangisor banjur campur lan banyu, kang kelem dadi dhasar, diarani pratiwi, tegésé amadhahi banyu. Dene kumalendhanging kukus ing dhuwur kang katut kumyusing banyu, diarani abu, dadi jalantahing banyu. Suwé-suwé nglumpuk saya akéh angimbag-imbag wekasan bisa terus awor lan pratiwi, kongsi bisa angungkuli dedeging banyu, banjur diarani buana, tegésé anané saka abu, ananging anané buana mau ora mesthi wujud rata, awit tumibaning sawang-sawang kang saka mega ora mesthi pernahé, merga mung anut salaku jantraning angin, yén lakuné angin banter tumibaning abu uga banter, wekasan dumalundung ing gunung, dadi abu geneng, yén abu mau wus tumeka ing ngisor, mongka lakuné angin bisa ajeg sedheng, iku bisa uga dadi rata,kosok ba[8]liné yén lakuné angin keno dhokenceng ora bisa ajeg iku tumibaning abu iya ora ajeg, mulané ana bumi ledhok mandhukul wujudé jurang utawa gumuk mangkono sapapadhané.

Saya suwé kumyusing karinget saya akeh, temahan banjur campuh awané, campuhing hawa bisa mujudaké rurupan kang luwih élok kayata : srengéngé, rébulan lintang sapapadhané. Mungguh ananing srengéngé, iku mung saka kumpuling hawa geni, gumolong-golong-gumulung awujud bunder, amadhangi ing alam kabeh. Lamuna mubeng munggah mudhun yén ésuk éndhek nanging adoh, saya awan saya dhuwur nangging cedhak tumeka tengah-tengahing dina munggah manéh. Mulané suda wuwuh panasé, saya soré saya mudhun lakuné, banjur mangisor metu sadhasaring bumi anut amun-amun, mulané yén mongsa bengi ana bun; ésokké saya banter, awit apanasing srengéngé wus arép jumedhul ing bumi. Iya iku wiwit ana rina lan wengi, anadhéné pratingkahing srengéngé, iku lakuné kalangan mubeng, ngalor ngidula miturut mongsa. Yén nuju mongsa katigamangalor, yén mongsa réndheng mangidhul [9] déné yén tumbuk mongsa labuh kapat utawa kawolu, srengéngé ana tengah bener.

Rembulan : rembula iku kumpuling hawa banyu, gumolong-golong-gumulung awujud bunder, ananing luwih dhuwur maneh; tinimbang lan srengéngé, uga bisa amadhangi ing alam dunya. Lamuna mubeng munggah mudhun bisa obah wujudé jalaran saka adohé, ngarepaké tanggal diarani kondha, tegésé lagi kondho baé durung katon wujudé.  Yén wis tumanggaping tanggal sapisan lagi katon sathithik wujudé anjalirit malengkung, mulané durung katon bunder amarga isih banget adohé lan antaraning bumi, saya mundhak dinané saya katon gedhé wujudé, awit saya cedhak lan antaraning bumi, yén wis gedhv wujudé saya akeh soroté, dadi bisa amadhangngi maring panggebuking pulo utawa bumi. Luwih mané yén wis tuneka dina purnama, tegésé tengah-tengahing sasi, iku bisa katon wutuh awujud bunder, amarga kajaba wusing ngungkuli ing tengah bener, sajatiné wus banget cedhaké lan antaraning bumi. Dene sorote iya saya akeh, nganti bisa amadhangngi saisining jagad kabéh, sawusé mangkono banjur [10] munggah-munggah maneh, saya tuwa umuring sasi bali saya cilik manéh, nganti ilang ora katon wujudé, wekasan dadi peteng, mangkono salawasé.

Lintang : lintang iku kumpuling hawa amun-amun yén bengi sumebar ngayangngan padha sumorot kaya déné diyan nanging luwih dhuwur maneh tinimbang lan rembulan, saka dhuwuré nganti katon cilik-cilik lamuné mubengkalangan ora munggah ora mudhun nanging ora bisa madhangi ing bumi, mung madhangi ing langit baé, margo soroté ora bisa tumeka ing jagad ngisor. Telung prakara mau banjur ubeng-ubengan lan undhuking bumi, endi kang kasabeting pepeteng banjur ingaranan sang grahana, tegésé lerenan utawa nglereman, kalantuning basa banjur ingaranan grahana, yén kalingan peteng sathithik, grahanané iya sathithik yén akéh iya akéh, tarkadhang nganti ora katon babar pisan déné  manawa petengé wis mubeng, grahanané banjur pulih maneh. Nanging kang bisa katon cetha saka ing bumi. Yén grahana srengéngé utawa rembulan yén grahana lintang ora bisa katon merga saka cilik lan saka adohé.

[11] Lintang rembulan utawa srengéngé, iku padha anduweni hawa dhéwé-dhéwé, srengéngé hawané sumuk rembulan hawané ayem lintang hawané adhém déné amun-amun anduwéni hawa kikis bareng ana hawa patang prakara mau, kumyasing karingét sangsaya wuwuh, yén karingét banyu lagi sathithik padha amerenthul ana ing méga, kang anglendhang ana saduwuré angin; bareng wis akeh ingaranan mendhung, tegésé mangendhong. Saya akeh manéh mestiné saya abot banjur kendhel kaya déné es mega ora kuwat anyongga. Mendhung banjur mudhun anduwa amun-amun lan angin sapanunggalanv, satemah anyuwara gumludhuk banjur ingaran gludhuk swara tampan-tinampan lan angin dadi swarane ubeng-ubengan, bareng mendhungé wis mudhun tumeka inggon panasing srengéngé, mendhung mau banjur amor, katarik mudhuning angin kakadhesek ing banyu akeh, hawa panasé bisa katulak banyu angin, nanging sarehning amun-amun iku tatarikané luwih rosa, dadi pesaté bisa agérét hawa hawa panas uga anyuwara dadi guludhug lan bledheg, yen katon sumélét; diarani kilat yén sumelété endha-endha diarani kilat thathit, yen anu[12]ju wengi kilat thathit mau sumelété amadhangi soroting banyu, dadi kejep wujudé, diarani lidhah lan obar-abir, déné tumuruning banyu diarani udan tegésé banyu tumurun.

Mungguh ananing bledheg tétéla saka ing hawa panas patempukané ora manggon ing engon sawiji, yén pabesating amun-amun anarik hawa panas mawa banyu, kang katrajang kaya siniraming wédang. Yén hawa pana lan banyu mau pinuju mongsa katiga, banjur padha manggon ana ing ledhok-ledhokan kayata : manggon ing surating gulugu, utawa manggon ing kalikané kayu gedhé sapapadhané. Saka hawa panas nganti kasasbané reged lan bangladug (bledug), tarkadhang nganti katutupan déning uruping  kalik. Hawa mau bisa dadi sendawa, bareng kena hawaning panas kanthi banyu saka ing dhuwur, sendawa mau bisa uga mbaledhos agawé rusak surating gulugu, utawa nglokoping kalik. Terkadhang panas kang dadi sendawa  mau manggon ing watu utawa padhas iku yén ambledhos mesthi bisa mesataké watu utawa padhas mau. Margo mauné bolong banjur kaisén sendawa. Sasuwéné mongsa katiga , banjur katutu[13]pan baledug utawa reged liya-liyané, nganti bisa luwih awit saka lawasé. Bareng ambeledhos; pulih anané mau amalesat sarupa untu, banjur padha ingaranan untu baledhug mungguh satemené dudu. Dadi ika mung saka pangrasané wong kang durung weruh ing kawruh kanyataan lan ing ngendi ana jisim alus tan gumana nganggo wadhag, sanadyan sakabehé lelembut kayata : Jim setan sapapadhané, iku sayektiné mung ragangngan pindha wayangngan baé.

Banyu : banyu iku angebekki tebaning buwana, lawas-lawas aya wuwuh-wuwuh nganti angambengngi imbangnging puasthatra, diarani jaladri, tegésé banyu angubengi gunung. Kang diarani gunung iku gununging banyu, tegésé pulo, iku wiwité bumi padha rêmbes angetuk metu banyu. Kang nuli ngalumpuk diarani kali, tempukané kali gedhé diarani bengawan kang ngetuk anyumur diarani sendhang. Kang ambalumbang diarani telaga, kang luwih gedhé manéh diarani balong. Déné balumbang iku banyu kang ana ledhokan jembar, sarta kang ora mawa tuk yén etuk mau mancur saka ing dhuwur mangisor, diarani pancuran, yén etuk saka ngisor mandhuwur, diarani umbul ingkono bu[14]mi banjur metu lulumuté, wekasan angrebuyung dadi suket warna-warna. Lan ana wijiné kang kena pinangan ing manungsa, kayata : pari, gandum oték canthel jagung, jali, juwawut sapanunggalané, iku padha pinangan wijiné, lan ana manéh cucukulan gedhé cilik kang énak pinangan ana kang kena pinangan godhongé, ana kang kena pinangan kembangé, ana kang pinangan oyodé, ana kang pinangan wohé, lan ano kang pinangan wité, kabeh mau padha anduweni rasa dhéwé-dhéwé, ana kang legi, gurih, kecut, pehdes sepet sarta pahit, rasa asin iku saka banyu sagara, yen diolah bisa dadi uyah, déné gunané, dayané, sarta munpangaté, uga dhéwé-dhéwé. Ana déné buana ingaranan buma, tegésé  lebu sumemi, lan kena uga ingaranan baboning semen, sawisé mangkono, lawas-lawas awaning geni, angin banyu, sarta amun-amun wus padha sumusup ana putih, sarta banjur wujud pitung prakara.

  1. Lemah lebu.
  2. Wedhi.[15]
  3. Krikil.
  4. Watu.
  5. Padhas.
  6. Lempung.
  7. Lemen.

Anadéné sajroning bumi, iku ana rurupan pitung prakara.

  1. Emas, kadadiyan saka karingeting rembulan kang tumuruh awor bun.
  2. Inten, kadadiyan saka karingeting lintang tumuruh awor bun.
  3. Manik-manik, kadadiyan saka karingeting amun-amun kang tumuruh awor bun.
  4. Wesi, kadadiyan saka karingeting amun-amun kang tumuruh awor watu.
  5. Timah, kadadiyan saka karingeting amun-amun kang tumuruh awor lemah lebu.
  6. Walirang, adadiyan saka hawa panas.
  7. Uyah, kadadiyan saka banyu sagara, kang kentir ing angi[16]n sumusup wedhi.

Déné rurupan pitu prakara iku, nganggo sengkan turunane pajar uliyan ana wujudé kaalusané, kayata : emas dadi andaru, mulané sapa kang katiban bakal asim pendadanan emas dadi lan kasugihané.

Inten dadi wahyu, mulané sapa kang katiban bakal alih kawiryan bisa dadi priyayi utawa sugih bangsaning inten.

Manik-manik dadi pulung, mulané sapa kang katiban bakal dadi paguron sarta linulutan bangsané akik.

Wesi, tembaga, timah, dadi teluh braja, mulané sapa kang katiban duwé lara bubrah, ananging linulutan dandanan wesi timah lan tembaga.

Walirang, uyah, padha dadi baledhek mulané ana bakedheg kang metu saka ing bumi, nanging wetunV kaalusan rurupan kang ing bumi mau padha anuting mangso. wahu lan teluh braja wetunV sorv, handaru lan pulung mentunV bangun Vsok baledheg wetunV sabVn udan ana uga kang metu pinuju mangsa panas nanging banjur dadi geni salat yén mwtu tengah wengi lan bangun ésuk : awor bun upas iku dadi lalara ko[17]léréh.

Ing ngawang-awang, iku ana rurupan telung prakara, siji kalanganing rembulan loro kalanganing srengéngé, kaping teluné téja kaluwung iku arupa sapi, mongka sayektiné ora, déné benéré mangkéné.

Anané rembulan utawa srengéngé, sok ana kalangané, iku sabab kaubengan mega kang angemu banyu sathithik, dadi soroté anyabet katon kalangan téja mubeng, yén téjané rupané putih, pratandha dhuwur mégoné, yén téjané arupa ijo kuning, prtandha banyuné akéh, lan anelakaké yén éndheg mégané.

Kaluwung lan téja iku ora ana bedané, kabeh iya saka banyukasorotan srengéngé, banyu metu ora mesthi mangon lan pra mesthi akéh sathithik. Manawa banyuné ana wetan utawa kulon yén kasorotan srengéngé banjur amer mudhun iku soroté mesthi ngeluwung kaya déné palengkung, rupané biru kuning lan abang, dadi kuning[18]ngé ora bisa bunder kaya mengku tampah. Awit saka panyabeting srengéngé ora melêng lan kasinget déning lêmah, mulané mung katon separo utawa sok katon ngadeg, ora watara suwé banjur garimis kaluwungé nuli ilang : sabab wus antuk banyuné. Sanadyan kaluwung ana lor ana kidul laku-lakuné iya mangkono, dadi ora ana bedhané.

Yén ing ngawang-awang ana banyuné sathithik : hawa ngadeg kasorotan dening surya, diarani téja, yén ing tengah kasinget méga, dadi banyuné pegat timbangan téjané banjur katon loro ngarép buri, iku diarani téja gotong mayit, wahanané ana priyagung gerah wetuné ésuk lan soré, yén téja mau ngadeg : diarani téja wahya, tegésé téja wayu (wahyu), yén rubuh diarani téja brana, tegésé téjané wong oleh kasugiyan yén ngadeg ana sadhuwuring gunung, diarani téjané wong maratapa, anelakaké yén wektu iku ana tedhaking wiku dibya, utawa darahing kusuma; sudira brata. Hambok manawa anané téja mau, awit saka ing goning mesu cipta amrês budi.  Tumusing ati anuwuhaké hawa panas anyabet maruta :  kabuling wiya[19]t campur lan bun kasoroting surya dadi téja mau, mangkono nyatané téja lan kaluwung.

Lan ing awang-awang iku ana rurupan wujudé kaya déné lintang, nanging bisa cumlorot lumaku, lumrahe padha diarani lintang aliyan sajatiné iku dudu lintang, nanging buburon ing ngawang-awang, yén wayah bengi padha katon sumorot wujudé kayata : manuk beri, ula tapak angin sapapadhané.

Ana déné sakabehé kahananing dumadi ana ing alam dunya, kayata : dumadiné manungsa, jin peri prayangan khéwan gedhé cilik ing daratan sarta khewan gedhé cilik kang ana sajroning banyu sapanunggalané, padha kapratelakaké sawiji-wiji kaya ing ngisor iki.

Mungguh kadadiyaning kadihin ana kodrat wiji Rohkyat padha kasandhangan urip kabeh, ing kononé dahana metu mertyung jiwané, tegésé geni urip wujudé kaya déné diyan kinurung kembar, barêng jigêrengé ana sawandhaning janma, banjur katon wali Jawa nura, tegésé lanang wadon padha sarira cahya kasandhangan panguwasa, sarta bisa amicara. Kang cah[20]yané abang tungtung biru, aran Sang Hyang Damara Diyan tegésé adining geni cahya, yang bongsa Arab angarani Jan kacahyané kuning tuntung gedhah,  aran damar Radiyah, tegésé geni adi kang wadon yén bansa (bosa) Arab angarani Marijah, sawisé mangkono : Sang Hyang Damar Radiyan lan Retna Damar Radiyah, kumpul dadi jodhoné lan banjur kasenenan : campur kahananing cahya, cahya kang abang nunggal cahya kang kuning, cahya kang biru nunggal cahya kang gedhah,   wekasané cahya ababanjur dadi loro, cahya kuning dadi loro, cahya biru gedhah uga dadi loro, nanging cahya biru gedhah mau, banjur lumebu ing cahya abang lan kuning, dadi wekasané kabeh padha nganggo gedhah, cahyané anakkan mau, barêng pangadeggé padha lan Sang Hyang Damar Radiyan : utawa Retna Damar Radiyah, banjur jleg kandha wandaning Janma, sarta asarira cahya pinter amicara, cahyané abang sérét biru, dadi wujud sunara, tegésé rupa lanang, diarani Sang Hyang Bahnija, yén bosa Arab angarani Banujan tegésé anakking Jin kang lanang, kang caya kuning sêrêt gedhah dadi wujud sunari, tegésé arupa wadon diarani Bahnidyah, bongsa Arab uga ngarani Banujan saben-saben cah[21]ya  mau pasenenan iya banjur dadi wujud jengerêngnging janma lanang wadon anakking janma huana loro uga lanang wadon sarta banjur kajodhokaké, arané Shangadiyin lan Sang Ngadiyem. Yén bongsa Arab : angarani kang lanang Sang Jin kang wadon Sang Jim iku nuli anak-anak papat nalika manak kapisan metu kembar lanang kabeh, kang siji Ijanjali, banjur aran Andajali, kang loro karan Ijan Kandil banjur karan Idajil, bareng manak maneh metu kembar wadon kang siji aran Sang Jinjah, banjur kajodhokaké lan Idajil rong jodho mau : banjur anak-anak maneh lanang wadon saben manak metu loro lanang wadon uga banjur kajodokaké, suwé-suwé tangkar-tumangkar dadi akeh tanpa petungan nganti angebekki jagadé kang aran alam kamulyan. Déné turuné mau ora mung warna manungsa baé, nanging ana kang rupa sato khewan dharatan ana rupa sato kewan buron banyu, anarupa manuk pitik iwén sapanunggalané, Sang Hyang Damar Radiyan banjur padha ingangkat anak putuné, kadadekaké pangarep sarta pinituwané [22] ing alam kona, sarta banjur sinebut rattua, tegésé : rat = jagad, tua = tuwa, sarta banjur ingaranan Para Abu, utawa Prabu Umar Radiyan yéb bongsa Arab angarani Prabu Marijan nganti atusan taun goné jumeneng ratu ana ing alam cahya, lan maneh ing nalika samana durung ana carané manembah, kajaba mung puji-pinuji dhéwé, kacarita Sang Ijan Kandil suwé-suwé osiking kang ora bener, banjur anduwéni mélik marang kaluhurané éyangé, anjarag ora gelêm nganggo tabiyating Jan kaya wis kang kalakon banjur nganggo tabiyaté dhéwé, goné cipta mangkono mau wis sabiyantu lan bangsaning Jan kabeh, pangarepé an aran Kajanu, karepé Ijan Kandil nedya ngrubuhaké karatoné. Yén éyangé wis kalindhih, deweké sumedya ganti dadi ratu, enggaling carita mangkono mau, banjur andadekaké dukané Prabu Umar Radiyan Ijan Kandil katundhung saka  ing alam kono, nanging Ijan Kandil sakancané banjur ngadeg kasurané, Ijan Kandi[23]l sabalané Jan manujan Jin padha kasoran wekasan padha ingusir saka alam kamulyan banjur padha tumurun marang ing alam dunya. Satekane alam dunya banjur séjé dunungé, ana kang malebu sagara, ana kang dudunung kali-kali, ana kang dudung alas pagunungan sarta dudunung tanah ngaré sapapadhané. Suwé-suwé banjur padha kena pangaribaning bumi, padha mangan wohing cucukulan mulané banjur paha raragangan wadhag mangkono wiwité ana khewan gédhé cilik pitik iwén sarta buron banyu sapanunggalané. Déné kang ora melu mangan wohing cucukulan ing bumi padha isih langgeng badan alus wujudé : Jim Peri Prayangan sapanunggalané.

Déné Sang Kajanu, banjur dadi pangayun-hayuné bangsa Idajil kabeh, nanging banjur padha mangeran marang Jalawangaja, (Jalawangaja iku sejatiné Allah Thangala) iya iku sinembah kang pinuji. Bareng lawas-lawas padha ora anetepi penembahé, wekasan Sang Hyang Jala Wangaja banjur miji marang Athama sagarwané, dinadékaké ratu gedhé ana ing sawarga, luwih kawibawan padha ora anetepi penembahé, apa kang kinarepak padha ora anetepi penembahé ana. Mung siji kang dadi wawalêre Sang Hyang Jala Wangaja, aja nganti wanuh-waniha dhahar woh [24] Kolodi, awit iku sawijining tataneman kabanget kineker. Sang Hyang Atahama matur sandika, sarta di estokaké salawas-lawasé. Kacarita Shang Idajil bareng krungu yén sawarga ing ngadegan ratu gédhé, banget cuwa atiné, dening rumangsa yén déwéké ana kang angungkuli, mula ora pegat amarsudi agawé rékadaya : bisané Shang Atahama kentas saka ing dalem sawarga, enggaling kacarita Idajil banjur munggah marang sawarga, nanging satekanV ing kori pisan kandheg ara bisa malebu. Merga ing kori mau ana kang ambaureksa, wujudé manuk merak tinemuning akal dhéwéké banjur salin warna amindha uler, inggaremet ana saparepe manuk merak, manuk merak bareng sumurup ana uler cinucuk pinangan ora suwe manuk merak banjur anelék Idajil uga banjur metu ambarengi teléké, wekasan salamet bisa malebu ing kori kang kapisan, ing satekané kori kang kapindho marga ing kono ana kang ambau reksa, wujudé ula naga, tinemuning ngakal : dhéwékké banjur salin warna amindha precil, bareng ula naga katon mangapm : dhéwé banjur mancolot malebi ing tutuk déné wetuné kori [25] beda kaya déné nalika saka wadhuk merak, sawetuné saka wadhuk ula, wus ngancik palataran sawarga, sarta dhéwékké banjur salin warna mindha janma sawarga, (yén carita Arab amindha Malaekat) enggal marêka ing ngarsané Sang Hyang Atahama, kabeneran Sang Atahama lagu lenggah lan Siti Kawa, sarta banjur matur yén dhéwék ingutus Sang Jala Wangaja, (yén carita Arab ingutus Kang Maha Suci) andhawuhaké supaya Sang Atahama sagarwané, padha andhahar sarining bumi kang aran wohing kolodi, supaya lestari goné jumeneng ratu ana ing dalem sawarga. Siti Hawa bareng mireng ature Idajil banjur enggal jumeneng marang sangisoring wit kolodi. Sawisé kapethik nuli kadhahar, awit saka nikmaté Siti Kawa nganti kalemper, Shang Atahama tumuli nusul bareng tumeka ing kono, banjur kaaturan ingkang rayi, supaya tumuli kadhaharwohe kolodi. Shang Atahama mituruti methik nuli kadhahar, sawisé dhahar ya kalemper, nalika samana banjur kauningan Sang Hyang Jala Watangaja, wekasan andadékaké dukané, Sang Atahama lan Siti Kawa, banjur ingusir saka ing dalem sawarga, katurunaké marang alam dunya. Wektu ka[26]turunaké kapisah lan garwané, nganti atusan taun goné pisahan bareng katarima tobate sakaroné, iku lagi bisa pinanggih, déné pinanggihé ana nagara Kusniya Malébari, wekasan banjur apuputra anurunaké manungsa tumeka ing jaman saiki, déné ula naga uga kausir saka sawarga, banjur kanungaké ana ing tanah Hindhi, aran Ananta Baga, sarta ingipat-ipati, saturun-turune ora bisa mangan mirasa, kajaba mung diuntali bae, amarga kaluputan dening lebuné Idajil marang sawarga, metu saka cangkeme. Manuk merak uga ingusir saka sawarga, banjur kadunungaké ana ing Siyem aran manyura Bara, sarta ingipat-ipati ora bisa sacumbana kaya déné carané manuk kabeh. Kajaba mung padha anarungngaké niyaté bae, yén lanangé wis metu kamané, banjur cinucuk inguntal kang wadon, mulané ingipat-ipati mangkono, amarga ananing Shang Atahama kapingin sacumbana lan garwané : ana ing dalem sawarga, awit saka mirêng pangungrumé merak lanang marang kang wadon, déné Idajil uga banjur ingusir, sarta banjur kumpul lan Banujan sapanunggalané, ananging Idajil sabangsané mau wi[27]s pada oléh idi, kalilan angrubéda lan anggodha sakabéhé manungsa iku, yén sumedya anglakoni bener becik kang mesthi abot lan angel kelakoné. Sejatiné iya mung saka pangodhanésétan sapapadhané mau, ewadené manawa wis kasantosakaké budiné, kencéng atiné nganggo tékat sawiji, iku mesthi bisa kalakon sedyané. Awit yén ana wong anduweni tekat mangkono, Jin Setan ora kuwawa nanggulangi, satemah banjur padha sumingkir. Luwih maneh manawa ana wong lalaku arêp pecat nyawané, iku saya banget goné ngriridhu anandukaké karti sampeko, mulané wong sakarat iku, bisa weruh Kaki-Nini, Bapa-Biyung, lan Kadang kadéyang sapanunggalané, sarta anggawa kasenengan lah karemané kaya déné wektu isih tutunggalan, mangkono iku awit saka panggawéné setan kabeh. Manawa kang arêp pecat mau kelu marang  pangaribawaning eblis kang tinandukaké, iku mesthi cabar tanpa dadi, wekasan awor Jin Sétan : langgeng ana alam panasaran. [28]

Caritané wong kang ahli kawruh, tegésé wong kang wis sampurna kawruhé saka boheri ridhu wau kena siningkiraké. Déné lakuné kudu angenggo patang prakara, siji eneng, loro ening, telu awas kaping paté éling, tegésé eneng, kudu angenebaké atiné, tegésé ening, kudu anyingkiraké soka ing pipikiran tegésé awas kudu angawruhi yén sakabéhé kang katon ana sajroning sakarat mau, awit saka panggawénéng éblis, tegésé éeling : aja lali marang panengeran kang kaesthi, yén wis kapusthi patang prakara iki, mesthi bisa mulih marang purwané dumadi, sawisé bisa mangkono, ing sabisa-bisa kudu angulihaké sakebehing titipan tegésé kudu angawruhi samubarang kang wis pinangan dadi pikuwating wekti urip, weruha dunungé dhéwé-dhéwé.

  1. Papanganan kang saka gogodhongan iku ananing badan banjur rumangsuk dadi rasa, rasa dadi sari, sari dadi cahya ijo, ulihna kahananing cahya ijo.
  2. Papanganan kang saka iwak sato khewan gegremetan buron dharat iku ananing badan banjur rumangsuk dadi rasa, rasa dadi sa[29]ri sari dadi cahya ireng, ulihna kahananing cahya ireng.
  3. Papanganan saka pitik iwén burat dharat, iku ananing badan banjur rumangsuk dadi rasa, rasa dadi sari, sari dadi cahya abang, ulihna kahananing cahya abang.
  4. Papanganan kang saka iwak loh, buron banyu, iku ananing badan banjur rumangsuk dadi rasa, rasa dadi sari, sari dadi cahya kuning, ulihna kahananing cahya kuning.
  5. Papanganan kang saka iwak loh, buron banyu, iku ananing badan rumangsuk dadi rasa, rasa dadi sari, sari dadi cahya putih, ulihna kahananing cahya putih.

Cahya lilima iku ingaran poncobaya, tegésé pamurung lima, uga kena ingaranan babaya lima, yén wis bisa angawruhi sarta bisa nyingkiraké sakabéhé babaya, iku bakal aliru enggon baé. Mungguhing rasa : sejatiné bakal urip salawasé langgeng tan kena owah gingsir. Déné ngaurip iku, wajib rumeksa hardaning ati, tegésé sabisa-bisa kudu angelingngi sarta anyingkiraké, marga manawa mituruti hardaning ati, dadi lali, lali dadi lVna, wekasan ambuntoni budi. [30]

Mungguh kahananing urip iku, palawangané uga ana ing pancadriya.

  1. Cahyo ijo, amarakaké kasenenganing badan yén ora pinuju cuwa.
  2. Cahya irêng, amarakaké arip sarta luwé, yén ora pinuju dadi napsu hawa.
  3. Cahya abang, amarakaké sumringah lan kumrangsang, yen ora pinuju dadi napsu harda angkara.
  4. Cahya kuning, amarakaké sumunar, yén ora pinuju dadi prihatin.
  5. Cahya putih, amarakaké kuwating badan yén ora pinuju lesah capé.

Sawisé nyumurupi kahananing cahya, wajib anyumurupi saduluré papat kang lahir bareng sadina.

  1. Marmati, iku sejatiné saka lanang wadon kalané lagi ngetokaké : sir, kumenyuting ati, wekasan dadi sapatemon iku dadi badan alus dunungé ana ing ati jinem.
  2. Kawah, iku sejatiné banyu kang metu andhisiki sadurung[31]ngé lahir jabang bayi, iku uga dadi badan alus dunungé ana ing ati karenteg.
  3. Ari-ari iku sajatiné embing-embing kang metu ngénéni sawisé lahir jabang bayi, iku uga dadi badan alus dunungé ana ing kurêjet.
  4. Puser, iku sejatiné usus kang maning ing udel iku uga dadi badan alus dunungé ana ing ati panyana.

Sawisé angawruhi sakabehé kahanan lahir : lan kahanan batin iku mengko ngawruhana kahanan panarikking hawa luwé, utawa kadadéyaning pangan kang wis pinangan padha kapratélakaké kaya ing ngisor iki.

Mungguh anané sakabehé urip padha anduweni rasa luwé, iku sajatiné saka buburon kang ana  sajroning wadhuk wujudé, kremi, cacing, lan keruma, iku padha anjaluk mangan lan ngombé,  déné buburon telung prakara mau, enggon lan panggawéné dhéwé-dhéwé, kremi, dunungé ana ing wadhuk ngisor, déné obahing kremi bisa anarik uduning banyu uyuh, lan anarik metuning susuker kang metu ing dubur, cacing, dunungé ana ing wadhuk dhuwur, lan ana ing usus gunané angule[32]d pangan kang wis kalebu, obahé lan kancané banjur kaya ing giling, tampan-tinampan lakuné mangilor, saajuré banjur dadi wujudhé wédhéwé. Sariné kang alus dadi kama, sariné kang lembut dadi getih, sariné kang mumut dadi gajih, sariné kang kasar dadi kulit ampasé kasaran dadi tinja, perêsané dadi banyu. Kama : dunungé ana ing iga wekasan pinangkané saka telung pangkonan : siji saka ing utek, kapindho saka ati, ping teluné saka pringsilan, getih : dunungé ana ing otot bayu, déné obahé mung saka panggawené keruma dhéwé, wekasan bisa angejegaké lakuné getih. Gajih : dunungé ana ing otot daging, kadadeyan saka kumpuling  lalenga kang pinangan, kulit : dunungé ana sajabaning daging, dadi dasaring wulu, déné banyu dunungé  ana péh, yén mudhun dadi uyuh, yén metu ing awak dadi karinget yén metu ing cangkem dadi idu.

Ing Jitapsara amratelakaké iwakking khewan gédhé cilik : sarta buburon liya-liyané kang kena pinangan dagingngé utawa kang ora kena pinangan cara Arabé kang kalal utawa karam katerangaké kaya ing ngisor iki. [33]

Uler, oléng-ngoleng, sét sapanunggalané, iku padha ora kena pinangan ing manungsa, merga rumasuking jasad ; dadi wisa, temahan dadékaké lalara, bisa uga patining wiji.

Khewan kang mawa siyung kuwat wujudé : macan asu, céléng, tikus sapanunggalané, iku padha ora kena pinangan dagingngé, marga iku padha ingaranan oma gedhé, dening padha doyan mongsa marang bangsané dhéwé.

Khewan kang urip ing banyu loro, tegésé ana dharatan bisa urip ana ing banyu bisa urip wujudé kayata : baya, bulun penyu, salira, kodok sapanunggalané, iku uga ora kena pinangan dagingngé, merga iku padha ingaran khewan kang luwih kuwat dadi rumasukking jasad : luwih panas hawané, wekasan andadékaké getasing balung, ing garingaké sungsum.

Déné khewan kang ora kalebu larangan iku kabeh kena pinangan dagingngé, luwih maneh daging manuk utawa sakabehé iwak loh kang uripé ana sajroning banyu, iku [34] kabeh kena pinangan, mung dagingé manuk kang anyangkerem sikilé, kayata : wulung, alap-alap sapanunggalané, iku padha ora kena pinangan merga iku padha di ewokaké khewan kang luwih rusuh, dening doyan mongsa bangsané dhéwé.

Lan maneh padha ngawruhana, sakabéhé daging khewan yén pinangan padha ana munpangaté, nanging sok ana sandhungané, sarta ana endemé.

  1. Dagingé khewan dharatan yén pinangan : munpangaté andadékaké kengkengngé awak sandhungané sok peteng atiné, endemé andadékaké lesu-lesah awaké.
  2. Sakabehé iwak loh, munpangaté amelesaké kulit, nanging sandhungané sok ambedhelaké kulit tegésé yén dilegutakaké, banjur duwé lara busik endemé ambalobok.
  3. Sakabehé daging manuk yén pinangan : munpangaté andadékaké entheng awaké, sarta andadékaké sing seting kulit : angencengaké marang otot sandungané sok duwé lara ngelu, endemé andadékaké uyang [35] ora jenjem atiné.

Déné sakabehé cucukulan lan kang ana ing alam dunya, kang kena pinangan wohé, uwité, sarta oyodé, iku uga ana munpangaté, ana sandhungané, sarta ana endemé, siji-sijiné padha katerangaké kaya ing ngisor iki.

  1. Kang diarani palakirna, iku wowohan kang metu saka uwit wujudé kayata : tebu, nanas, gedhang sapanunggalané, yén pinangan munpangaté agawé seger sumyah, sandhungané sok andadékaké lidhas ilaté, endemé sok karasa ngethok sikilé.
  2. Kang diarani pala gumuntung, iku sakabehé woh kang gumandhul metu ing pang, yén pinangan : munpangaté agawe seger sumyah, sandhungané sok anglarni weteng, endemé ambaliyut kudu turu.
  3. Kang diarani pala kasimpar, woh kang metu saka ing lung, wujudé kayata : semongka, waluh, timun, krai sapanunggalané, yén pinangan : munpangaté agawé seger sumyah, sandhungané sok agawé seneping weteng, utawa watuk, endemé uga ambaliyut kudu turu. [36]
  4. Kang diarani pala rema, iku wohé kang metu wit-witan kang marambat wujudé kayata : kacang kedhelé, kara sapanunggalané, yén pinangan agawé kuwat sandhungané sok angelu, endemé andadékaké bingung.
  5. Kang diarani pala kapendhem, iku woh kadadiyan saka oyod wujudé kayata : katéla, kenthang, pohung, garut sapanunggalané, yén pinangan : munpangaté agawa rosa, sandhungané sok andadékaké sebab ing weteng, endemé andadékaké lesu awaké sarta aras-arasen.

Ing ngisor iki pratelan kadadiyaning manungsa ing sabeneré, sarta sampurnaning jisim awit saka tekat kang den antepi, miturut panutané dhéwé-dhéwé.

Sejatiné mungguh kahananing manungsa iku awit saka wiji, nalikané isih ana alam dunya, kadadiyan saka telung prakara : geni, banyu, sarta angin anjingé mangkéné, geni dadi napsu, amratandani obahé. Banyu dadi senené, amratandhani wujudé, angin dadi napasé, amratandhani bisa micara, ananging bareng wus mangan sarining bumi, banjur dadi [37] abadan wadhag kena lara lan kena ing pati, merga banjur ngulihaké marang asalé. Ragané kudu kasirnakaké ana ing bumi, supaya kumpul bisa dadi alus, mungguh panemuné wong Budha mung netepi agama, miturut panutan kang rinungkeban dhéwé-dhéwé, tarkadhang ana kang ingobong jisimé, kang linuruti ang Hyang Bromo, ana kang linarung sagara, sarta ing kali, kang linuri ang Hyang Wisnu, ana kang ing anjang-anjang, kang linuri Sang Hyang Bayu, ana kang tinarap pinakakaké sato galak kang linuri Sang Hyang Kala, ana kang sinetrakaké enggon kang bunar, kang linuri Sang Hyang Sambu, sarta ana kang pinendhem ing bumi, kang linuri Sang Hyang Endra. Mungguh kasampurnané ana kaalusaé, kabeh iku ora ana bédané. Déné pecahé agama kabudhan iki, ana ing nagara Indhu, tumeka saiki isih padha linuri, sarta isih padha inganggo, pilih-pilih kang tekan kaya ingngisor iki.

  1. Sang Hyang Broma, iku sarira brama, tegésé geni pangawak hawa, dadi tandhané urip sajati, ananing karkat napsu, osik mangan sayektiné saka ing geni, kasampurnané u[38]ga marang geni, iya iku kang inganggep nyata sakabéhé wong kang padha nganggo angama Broma.
  2. Sang Hyang Wisnu, iku sarira nagga, tegésé sapangawak banyu, anané urip aras-arasen sarta luwé, iku saka ing banyu, kasampurnané uga marang banyu, dadi tandhaning urip sejati, iya iku kang inganggep nyata sakabéhé wong kang padha nganggo agama Wisnu.
  3. Sang Hyang Bayu, iku sarira swara, tegésé napas pangawak swara, dadi tandhaning urip sejati, anané ngangngah-angah, kudu angrasa, kudu anganda, kudu miyarsa swara kang enak iku saka ing angin, kasampurnané uga marang angin iya iku inganggep nyata sakabehé wong kang padha nganggo angama Bayu.
  4. Sang Hyang Endra iku sarira wujud tegésé arupa, seksiné ana warna, dadi tandhaning urip sajati, kasampurnané uga marang ujud iya iku kang inganggep nyata sakabehé wong kang padha nganggo agama Endra.
  5. Sang Hyang Kala, iku sarira kakareman dadi tandhaning urip sajati, kasampurnané uga bali marang sagungngé rasa rasa kang [38] enak iya iku kang inganggep nyata sakabéhé wong kang padha nganggo agama Kala.
  6. Sang Hyang Sambu. Iku sarira gonda, dadi tandhaning urip sajati, kasampurnané uga bali marang pangonda, iya iku kang inganggep nyata sakabéhé wong kang padha nganggo agama Sambu.

Déné bongsa Arab ora anyondhongngi marang sakabéhé wongkang padha nganggo agama Dewa, iku iya ana beneré, merga séjé panganggepé, lan sejé panganggoné, mungguh bédané mangkéné.

Wong bongsa Arab, iku samubarang ora angengkoki : dadi mung sarwa pasrah, karepé marang rila legawa, temen mantep anglakoni, ala becik ora bisa namtokaké, babasan mung anut sapakon samubarang kang wis di kawruhi dituhoni, terus lair batiné.

Déné wong kang nganggo agama Dewa, samubarang kudu angekoki, dadi angetok awaké, karepé santosa tur wani. Ala becik wis bisa misahaké, babasan kabeh kang gumelar ing jagad wis kawengku ing dhewéké, ala beciké ora nganggep wus sumelang, mung ngantepi marang cipta sawiji, iya lair [40] iya batin iya kana iya kené, tegésé rubedane ing besuk wis di sumurupi saiki iya kahananing besuk, dadi wis gumawang katon ora nganggo kekelir, mangkono tekadé wong kang padha agama Dewa.

TAMAT

———@@@———

Versi pdf-ipun saged dipun unduh wonten mriki.
versi naskah aslinipun saged dipun unduh wonten mriki.

2 Comments

  1. Mas Esthu

    Seratanipun maksih kathah ingkang klentu. Mbok dipun edit malih, mas. Nuwun.

  2. mulya tim

    Matursuwun mas 

    Dikirim dari Yahoo Mail di Android

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: