alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

TUNTUNAN SAMADHI


TUNTUNAN SAMADHI

Ingkang ngimpun
KI WIRJOATMODJO

Saking
Persatuan Pencipta Buku-buku
“SEKAR GALIH”

ing
NGAYOGYAKARTA

Ingkang ngedalaken
CITRA JAYA
Surabaya

Cap-capan kaping III – 1979.

Menawi dereng weruh diri pribadi, sedaya ciptanipun tanpa waton. Manawi dereng weruh dhiri pribadi, manapa ingkang kamanah……….. boten nyata, goroh, dudu.

ATURIPUN PENERBIT

Kula nuwun, wonten ing “aturipun penerbit” serat “Imam Mahdi” sampun kita pratelakaken, bilih anggen kula ngedalaken serat-serat suluk, primbon-primbon tuwin wirid-wirid tilaripun para sepuh, serat-serat yasanipun para pujangga utawi para misuwur ingkang sampun sami swarga, punapa dene gubahanipun para pengarang jaman sapunika, sedyaning manah boten sanes : supados para langganan kita boten rupek panggalihipun, margi namung tampi penerangan saking salah satunggaling aliran pamanggih kemawon. Inggih punika sageda nimbang-nimbang lan nglimbang-nglimbang kalayan omber sanget.

Ingkang punika, manawi serat-serat ingkang kita wedalaken punika satunggal kaliyan satunggalipun wonten ingkang pinanggih beda wedharipun tuwin istilah-istilahipun, punika sampun samesthinipun, jer piyambak-piyambak pangriptanipun, piyambak-piyambak aliran lan gegebenganipun.

Kita penerbit namung saged matur kanthi yakin : bilih sadaya pangripta punika sedyanipun tunggil, inggih punika nyiyaraken papajar.

Kauninga!!!

— @@@ —

L A R A P A N

NUWUN. Sinten ingkang dereng nate mireng tembung-tembung :
Semedi (samadhi) muja semedi, sidhakep saluku tunggal, nutupi babahan hawa (nawa) sanga?
Nanging manapa sampun mangertos tegesipun?
Manapa sampun sami pirsa kadon pundi cara-caranipun utawi patrappipun?
Mangka, samadhi menika ageng yektos munpangatipun. Boten kenging kangge dolanan (sembranan).

Awit saking menika kula cumantaka ngaturaken :
“t u n t u n a n”

Wah……………!!! Tuntunan Samadhi ?
Sumangga anggen panjenengan  badhe nanggapi.
Jer sadaya ingkang badhe kula aturaken menika lugunipun wisikan katur dateng panjenengan, lumantar kula.

Manawi anggen kula dados lantaran menika nguciwani (boten mbengkas karya) inggih sampuna nyuwun pangaksama rumiyin.

Manawi boten nguciwani, nyuwun dipun alembana…………..

Anggen kula mastani “wisikan” menika, jalaran tuntunan ingkang kula aturaken menika nampi kula saking PanjenenganipunSuwargi Dr. Annie Besant (duk sugengipun ngasta Sesepuh Paheman Theosefie sa-donya). Sarta saking Ingkang Linangkung Risang Krisnamurti, menapa dene Panjenenganipun Linangkung Suwargi Ny. H.P. Blavatsky.

Dene nampi kula lumantar buku-buku karanganipun, tuwin salebetipun samadhi.

Awit saking menika kula wani mikul (tanggung jawab) samukawis ingkang magepokan kaliyan tuntunan menika.

Ingkang nglantaraken :
KI WIRJO ATMODJO

Yogyakarta, Padepokan
Cemoro Sanga
(Gondolayu 34) 19 – 10 – 1959.

— @@@ —

TUNTUNAN SAMADHI
I. BADANIPUN MANUSA (TRI SARIRA)

  1. Tri-loka

Manusa gesang wonten ing alam donya ngriki menika ndunungi alam tetiga :
I.     Alam pikir,
II.   Alam raos,
III. Alam wadhag (alam donya).

Alam tetiga menika limrahipun kita sebut : t r i l o k a. Wonten ing pakeliran (ringgit purwa) alam tetiga menika wau nama Kahyangan.

Alam pikir kawastanan Kahyanganipun Bathara Guru, kasebut : Guru-loka.

Alam raos kawastanan Kahyanganipun Bathara Indra, kasebut : Indra-loka.

Alam donya padununganipun para jana (para manusa)  nama Jana-loka utawi Arcapada.

Arcapada menika lugunipun ugi satunggiling Kahyangan, tegesipun satunggiling padununganipun Dewa. Dewa ingkang dedunung wonten ing Arcapada menika nama Sang Hyang Ismaya.

Dados terangipun, tri-loka menika manut pakeliran :
I.     Guru-loka = Kahyanganipun Bathara Guru,
II.   Indra-loka = Kahyanganipun Bathara Indra,
III. Jana-loka = Kahyanganipun Sang Hyang Ismaya.

  1. Semar, Gareng, Petruk.

Kacariyos Bathara Guru menika kakung, tandhanipun kagungan garwa nama Dewi Uma utawi umayi, ingkang sering malih dados Bathari Durga, yen pinuju rengu.

Ing candi Prambanan, ing tapel wates Yogyakarta lan Surakarta, wonten recanipun Bathari Durga menika, kasebut Bok Lara Jonggrang.

Bathara Indra inggih kakung, garwanipun Dewi Wiyati.

Nanging Sang Hyang Ismaya boten kasumerepan kagungan garwa utawi botenipu. Malah wujudipun kemawon inggih ngewuhaken : jalu manapa wanita menika. Pramila lajeng angsal sebutan : S e m a r.

 Ujaring sedherek ingkang saged ngerata – basa, tembung “Semar” menika gadhah teges : Samar.

Sang Hyang Ismaya iku kakung apa putri? ……….. embuh. Wis sepuh apa isih timur? ………….. embuh. Sarwa samar. Nanging kok gadhah anak barang. Rak nama lucu menika.

Wonten ingkang nerangaken bilih anak kekalih  (Gareng lan Petruk) menika pujan. Wontenipun amargi dipun –puja. Sinten ingkang muja? Bok manawi inggih Sang Hyang Ismaya piyambak.

Wonten oncek-oncekanipun  sadherek D. Van Hinloopen Labberton, ing nguni Sesepuhipun theosofie ing Indonesia, Semar, Gareng lan Petruk, menika lugunipun namung simbol utawi pralambang. Inggih menika pralambangipun alam donya menika. Utawi alam gumelar menika.

Alam donya menika nggadhahi watak tetiga : satwa – raja (s) – tama (s).

Satwa = tentrem, ayem, eneng, harmonis (menggaha toya : toya meneng), rust, evenwichtig.

Raja (s) = goroh, boten wonten kendelipun, aktif, kesit, lan sapanunggalipun.

Tama (s) = kumel, kendel, kesed, kabotan bokong, lumuh ing gawe, pasif lan sapanunggalipun.

Gambar ingkang cetha wonten ing padhalangan, yen pinuju gara-gara.

Yen pinuju gara-gara makaten menika, Gareng – Petruk : medal, rame mawurahan. Sareng Semar medal ……. klekep, tidhem premanem, boten wonten sebawanipun walang salisik. Swasana tentrem.

Samanten kemawon atur kula bab tri-loka lajeng kula jugag.

  1. Tri-loka ing badan manusa.

Tri-loka ingkang mentas kula aturaken menika, gunggung kempalipun nama : K o s m o s. Kasebut : Jagad. Rehne ageng makaten, lajeng nama : Makro-kosmos utawi jagad ageng (Jagad gedhe).

Jagad gedhe menika samudyanipun sami pinanggih ing badan manusa.

Rehne manusa menika isi tri-loka, pramila inggih angsal sebutan Jagad. Nanging Jagad-alit (Jagad cilik) utawi M i k r o – k o s m o s.

Pundi dunungipun tri-loka ing badan manusa?
Guru-loka   – dumunung ing sirah (dimak).
Indra-loka   – dumunung ing dhadha (jantung).
Jana-loka   – dumunung ing oadharang (weteng).
Dados : alam pikir – ing sirah, alam raos – ing dhadha, alam donya ing weteng.

Ing kalangan Theosofie :

Alam pikir  = alam mentaal utawi alam manas (devachan).
Alam raos = alam kama utawi alam astraal.
Alam donya = alam wadhag utawi alam stula (alam rupa).

  1. Badan tetiga (tri-sarira).

Manusa gesang wonten ing alam donya menika, anggenipun saged ndunungi alam tetiga kados ingkang kula aturaken ing nginggil wau, dening (amargi) manusa ndarbeni badan tetiga utawi tri-sarira. Wujudipun :
Badan pikir = manusa sarira (sarira manas = manas lichaam).
Badan raos = kama sarira.
Badan wadhag = stula sarira utawi rupa sarira.
Utawi : badan mentaal, badan astraal, badan wadhag (jasmani).

II. PATRAP UTAWI CARANIPUN NGANGGE TRI-SARIRA

  1. Gati (aandacht, bewustzijn).

Yen manusa saweg mikir, menika ngangge badan pikir. Yen saweg ngraosaken, ngangge badan raos. Yen saweg mobah (bergerak), ngangge badan wadhagipun.

Kados pundi caranipun?

Menapa yen saweg mikir nilar badan raos lan badan wadhagipun? Boten.

Ingkang nelakaken (nedahaken) bilih manusa saweg ngangge salah satunggiling badanipun punika pun gati (aandacht, bewuztzijn, kesadarannya, pribadinya?).

Terangipun makaten : manusa gesang wonten ing alam donya ngriki rak tansah ngangge badanipun sakojur, ta? Menapa kraos anggenipun ngangge badan sakojur makaten manika? Rak boten, ta? Kraosipun : manawi pinuju kacakot lemut, kelomot, utawi sanes-sanesipun. Yen boten wonten menapa-menapa inggih boten inggih boten kraos.

Margi saking anggenipun boten kraos makaten menika, pramila badan kita lajeng karep kapinten. Boten antuk perhatian.

Dene caranipun manusa anggenipun ngangge badanipun, kenging kula gambar kados dene pun kondektur (condecteur = tukang nggunting karcis). Inggih menika gek wonten  ing gerbong kelas I, gek wonten gerbong kelas II, gek wonten gerbong kelas III, sarta kerep wonten ing gerbong barang (gerbong bagasi). Malah nitik ingkang sampun-sampun, pun kondektur menika karepipun wonten ing gerbong barang ngriku. Sabab……….?

Sabab ngriku kathah barangipun ingkang kedah dipun jagi, dipun ulataken, ………. diperhatikan!!!!

Makaten ugi manusa yen ngangge badanipun, inggih kerep ngangge ingkang kathah anunipun : ingkang “mendapat perhatiannya”.

Pak kondektur lenggah ing gerbong klas I, rak boten nilar sepuripun, ta?.

Pak kondektur saweg mriksa formasi (sepuripun sakojur) saking wingking piyambak dumugi ing lokomotief, sepur sakojur menika katingal sadaya. Kajawi katingal ing netra kepala, ugi katingal ing ciptanipun. Katingal blegering sapuripun.

Makaten ugi manusa wonten ing badanipun , Pun gati boten saged ndunungi tri sariranipun sasarengan. Kajawi manawi pinuju nggatosaken badanipun sakojur (adus – dandos – ningali badanipun sakojur wonten ing pangilon ageng, lsp).

Kula ambali :
Yen manusa saweg nggagas, saweg mikir, pun gati dumunung ing alam pikir (ing alam mentaal = Guru-loka). Ngrasuk badan pikir (badan mentaal), telengipun ing dimak (utek), kaupamekaken : pak kondektur saweg linggih ing gerbong klas I.

Yen manusa saweg ngraosaken getun, bingah susah, wirang, isin, lan sapanunggalipun, pun gati dumunung ing alam raos (alam astraal = indraloka) : ngrasuk badan astraal, telengingipun ing jantung (ingkang sering dipun kramakaken “manah”).

Tembung “jantung” kaliyan “ati” kerep kalintu panganggenipun. Awit tembung Walandi hart kalintu dipun jawekaken ati. Mangka ati menika basa Walandinipun : lever. Ati menika pabrik ingkang ngedalaken duduh pait nyethak, nama “peru”. Jantung ingkang dados gudhangipun lan pabrikipun erah ingkang narambahi badan sakojur.

Nyuwun pangapunten, yen anggen kula ngaturi katerangan menika geseh kaliyan manapa ingkang sampun dados kagungan panjenengan.

Sapisan malih :
Telenging badan astraal menika ingkang wonten ing badan manusa : jantung.

Yen manusa saweg makarti wadhag, pun gati dumunung ing alam wadhag (alam donya), ngrasuk badan wadhag (rupa sarira), telengipun ing pancadriya kabantu anggota sekawan, kawastanan bau-suku (kaki tangan).

Mikir lan ngraos menika dede pakarti wadhag. Nanging pakarti alus, ngangge badan alus.

Supados boten kalintu ing panampi, lajeng kawastanan makarti ing batin. Boten kalair.

Ngudi kabatinan tegesipun ngudi saening pakarti batin.

Manawi ing antawisipun badan tetiga menika wonten ingkang kirang saras, pakartinipun inggih tumut kirang saras. Pramila dipun prayogekaken sanget nggadhahana badan-badan ingkang saras.

Ingkang nama badan boten saras menika : sakit, cacad, boten limrah.

Sabab-sababipun boten saras?

  1. Saking bektan.
  2. Kataman sesakit.
  3. Ketaton lan sapanunggalipun.
  4. Boten leres pangupakaranipun.
  5. Lepat nganggenipun.

Ingkang kula beber ing ngriki menika kathah kedhikipun nggepok bab nganggenipun badan. Inggih menika badan pikir ingkang kula rembag rumiyin, jalaran menika ingkang seambetan rapet kaliyan atur kula bab tuntunan samadhi.

Pitedah bab anggenipun badan pikir : boten kantenan kathahipun. Wonten ingkang angeng mupangatipun, wonten ingkang namung lumayan kemawon. Malah wonten ingkang mbebayani, nadyan ta dipun wastani “tuntunan”.

Supados sampun kekathahen sadherek ingkang sami kataman tuntunan mbebayani menika, kula sakanca ing PPB (Persatuan Pencipta Buku-buku) “Sekar Galih” sami mbudi-daya sagedipun tumut ngaturi sumbangan tuntunan sawatawis ingkang temtu boten mbebayani, nadyan upamanipun kirang ageng munpangatipun.

Semanten kemawon atur kula bab nganggenipun tri-sarira.

III. BAB NGANGGENIPUN BADAN PIKIR (MIKIR LSP).

  1. Makarti ngangge badan pikir.

Kita ngangge badan pikir, tegesipun kita makarti ngangge badan menika. Makarti ngangge badan pikir menika, kadosta : ingkang nama mikir, anggagas, manah, lsp, ingkang bade kula aturaken ing ngandhap menika pilah-pilahipun :

  1. Mikir.
  • Madosi kepanggihipun 85 X 85 wonten pinten, menika sarana mikir.
  • Pametu Rp. 8.300,- dipangan wong pitu, sesasi, bisane cukup kepriyen? …….. mikir.
  • Anggunggung, nyuda, ngedum (mara) nangkaraken, inggih sarana mikir.
  • Ngudi dagedipun kadumugen ingkang dados kajeng kula (inhkang kula kepingini) …… mikir.
  • Ngoyak ingkang dados esthi kula, ingkang dados idham-idhaman kula, ingkang dados cita-cita kula, …….. mikir.
  • Lumahing bumi kathahipun, gantos-gantos sipatipun, kadosta : griya, margi, tetumpakan, lsp, menika sadaya wohing ……. mikir.

Cekakipin : manusa gesang, saking garegah tangi tilem dumugi mangke mapan tilem, tansah memimikir.

Prasasat sadaya pakarti kita menika ngangge dipun-pikir. Dene ingkang boten dipun pikir menika jalaran sampun apal, sampun dados kabiyasan, kadosta ingkang kawastanan saradan.

Wonten ugi pakarti ingkang dede kabiyasan, dede saradan, lan boten saking apal, nanging boten dipun pikir rumiyin, menika nami pakarti awur-awuran, nekad, amuta-tuli, ngawur. Sadaya menika kirang prayogi. Saya ingkang nama anut byung.

Mikir menika keging kagambar kados dene lampahing kapal ingkang mbekta tetumpakan : ingkang saweg kita tumpaki.

Awas :
Yen kapal mdandhang sapurun-purun, tetumpakan saged kacemplung jurang, ……….. kita katut!!!.

Mikir menika sarat mutlak tumrap ngagesang.

  1. ngGagas.

ngGagas menika inggih nunggil misah kemawon kaliyan mikir. Bedanipun :

ngetang (nggunggung, nyuda, nagkaraken, mara) lan milang (ji, ro, lu, pat, ma, lss) menika dede “nggagas”.

Gajih semono,  bisane cukup dipangan wong semono, rekane kepriye? ……… menika inggih dede nggagas malih.

Nanging : lah wong pametu mung smono, dipangan wong semana kehe, kok bisa cukup, kuwi keprriyen, ta? ………. menika kedah dipun gagas. Menawi sampun kepanggih wangsulanipun, kita lajeng wicantenan ing salebetipun manah :tak gagas, Pangeran iku ya adil temenan olehe ngedum rejeki ……!!.

  1. Manah (nggalih), nglimbang-nglimbang, ngonceki, ngolak-alik, nggoleki.

Menika sadaya sami kaliyan nggagas. Nanging limrahipun kadamel gampil kemawon : sadaya dipun wastani : mikir.

Tiyang saweg  main catur (schaken), halma, macanan, ceki, pei, lsp., menika sadaya rak sami ngangkah sagedipun menang, ta?

Sadangunipun sami main makaten, sepen, boten wonten ingkang gineman, utawi awis sanget ingkang gineman. Menapa sami ngantuk? Sami tilem? Rak boten, ta? Nanging sadaya sami…………???

Ing wekdal menika, yen kula ronggeh, goreh, boten nyuwiji, pikir kula byang-byangan boten kantenan, boten meleng, boten gekoncentreerd, temtu gampil kawonipun.

Makaten ugi, yen nalika main menika kula kinemulan raos : gela, benter, kuwatos, muring cekakipun yen sinawung ing raos boten sumeleh, boten tentrem, ……… wee, sampun ngajeng-ajeng badhe …… menang.

Dados : manah, nggalih, lsp., menika wau lampahipun utawi pakartinipun : kados anggen kita njinggleng ngudi badhe menang main menika wau.

10. Ngeling-eling.

Ngeling-eling (ngenget-enget) menika makaten :

“Mengko dhidik, priyayi iki kok kaya-kaya aku wis tau kapethuk. Neng ngendi, ya?”

Dados : ngenget-enget menika sami kaliyan madosi menapa-manapa ingkang sampun sumimpen ing dalem cipta.

“Jajal pikiren, priyayi iki wis tau kepthuk kowe neng ngendi?” Ukara makaten menika rak boten sakeca wonten ing pamireng, ta? Boten sakecanipun, awit panganggenipun tembung “pikiren“ menika lepat, leresipun “eling-elingen”.

Wong mung panganggone tembung “mikir” wae kok ndadak dirembug. Ngakeh-akehi gunem. Prakara bener luputing ukara, kepenak utawa ora kepenake neng kuping, mbok ya men, kanggo apa dirembung???!!

Coba rungokna : guneme sadulur kita ndesa, apa ana ukarane sing netepi parama-sastra? Ewadene …….. gayeng. Sing perlu kuwi rak olehmu ….. nyurasa.

Lha samangke bab “nyuraos”.

11. Nyuraos.

Nyuraos, memper nggagas ugi, wonten bedanipun kaliyan mikir.

“Jajal 15 X8 ana pira, sursanen!” Ukara makaten manika rak boten leres, ta?

Samangke para sadherek kula aturi nyuraos piyambak, menapa ingkang dados maksud kula ngaturi keterangan bab lenggahipun tembung “mikir” lsp kados ingkang katur ing ngajeng menika wau.

12. Nyipta.

Nyipta menika damel wewujudan (gambaran) ing salebeting manah. Damel wewujudan ingkang bakal utawi badhenipun : (a) Boten ketingal, (b) Ketingal, wohipun nama : Cipta.

Sadaya wewujudan sami nggadhahi daya. Wujud sae nggadhahi daya sedhep wonten ing paningal. Wujud awon : sepet wonten ing mripat.

Kita sami katuwuhan raos seneng, gembira suka, yen sumerep wewujudan sae ing sakiwa tengen kita. Nanging sedhih, bunek, sepet, yen wewujudan wau boten kantenan.

Ka-endahan nuwuhaken raos suka. Pramila ing Jagad Raya dipun paringi sekar-sekar endah.

Boten namung wewujudan ing kuwadhagan kemawon ingkang nggadahi daya makaten menika. Wewujudan ing cipta samanten ugi.

Cipta nggadahi daya.

IV. DAYANING CIPTA

  1. Gedhachte-kracht.

Para sadherek, manawi panjengan pirsa wewujudan awon, rak kirang rena, ta? Nanging wewujudan sae saged nggigah raos pirena, kados atur kula ing ngajeng wau.

Awit saking menika, kita lajeng sami ngedisarira. Perlunipun namung badhen ngawontenaken wewujudan utawi sesawangan ingkang boten damel sepeting mripat. Dene kok lajeng wonten ingkang kenyut utawi gandrung, makaten menika dede ketuwuhan raos ingkang sami ngedi sarira……….

Kosok wangsulipu, yen kita sumerep wewujudan awon, saya yen sumerep ingkang ngajrih-ajrihi kita lajeng katuwuhan raos ingkang boten sakeca.

Dados yen makaten, wewujudan menika nggadahi daya ingkang tumama (ngengingi) raos (jiwa) kita.

Makaten menika boten namungwewujudan ing kuwadhagan kemawon, kados atur kula ing nginggila;  ingkang alus, ingkang wonten ing salebeting cipta, ingkang dipun wastani cipta (gedachte utawi gedachte-beeld) kasebut ing nginggil, ugi makaten.

Kula ambali malih murih saya kiyat atur kula : Cipta nggadhahi daya.

Daya ingkang asal saking cipta dipun wastani dayaning cipta, tiyang Walandi mastani Gedchte-kracht.

Dayaning cipta boten kasat mripat,  nanging sampun dipun gegampil, sampun dipun sapelekaken. Dayaning cipta boten namung tumama ing sarira panjenengan piyambak, nanging ugi dhateng garwa putra, dhateng sadaya tiyang salebeting braya (gezin). Sumarambah dhateng kanan kering kita, dhateng masyarakat kita. Ugi dhateng masyarakat ageng…………….

Dayaning cipta biyung ingkang  ingkang badhe katetesan wiji, sampun tumama ing wiji ingkang badhe tumetes. Saya manawi wiji sampun tumetes, sampun wonten ing guwa garba. Saya manawi wiji sampun agatra wonten ing guwa garba.

Bab menika sampun kita sumerepi wiwit ing kina makina. Tandhanipun yen wonten wilujengan mitoni (tingkeb), inggih menika wilujengan rehne wiji sampun 7 wulan ing guwa garba : biyung dipun purih ningali cengkir gadhing ingkang sampun wonten gambaripun Dewi Ratih lan Bathara Kamajaya.

Menika ngemu pangajap : mugi-,ugi sang jabang ing tembe, yen lair jaler sageda ingkang bagus, yen estri sageda ingkang ayu, pinten banggi kados bathara Kamajaya lan Dewi Ratih.

Pangajap makaten kemawon kok ndadak dipun sarengi gambar sae, cengkir kemawon kok inggih ingkang sae, gadhing….!! makaten menika nelakaken : bilih pun pangajap sampun sinawung ing kapitadosan, bilih gambar (wewujudan) sae, saged ndayani cipta sae; cipta sae saged nuwuhaken daya sae, ingkang temtu nabeti sae ing raos, ing jiwa, ing wiji ingkang wonten ing guwa garba.

Samanten kemawon atur bab kula dayaning cipta (gedahte kracht).

  1. Muja.

Kacariyos Indrajit menika dede putranipun Prabu Dasamuka wujud jabang bayi lair saking Ibu, nanging mega dipun puja dados lare.

“Muja”, tegesipun damel utawi ndadosaken manapa-menapa ingkang sampun wonten badanipun (bedhanipun), namung sarana kekiyataning cipta. Bedanipun kaliyan “nyipta” namung sawatara wis. Muja menika sampun wonten bedhanipun, nyipta, dereng.

Kala-kala tembung “muja” angsal teges “muji” ingkang maksudipun sami kaliyan ngajap (mengharapkan mudah-mudahan…..).

  1. Manungku puja lan muja semedi.

Kalih pisan maksudipun sami. Inggih menika nyawijekaken manah (pikir), namung maligi kangge muja. Anggenipun muja matheng temenan, boten nolih mangiwa menengan.

V. KAONSENTRASI

  1. meleng cipta, ngenengaken cipta, ngeningaken cipta.

Menika namung nunggil misah kemawon, sadaya nyawijikaken manah (konsentrasi).

Tembung manca konsentrasi (concentratie) menika saking tembung tanduk : concentreeren ingkang tegesipun : meleng.

Meleng cipta = ngenengaken cipta = ngeningaken cipta = konsentrasi.

Cipta menika rongeh sanget, kados solahipun kupu. Mangka manah utawi nalar kita menika kebak cipta, sadaya sami ronggeh. Pramila yen boten dipun enengaken, inggih boten katingal cetha rumiyin, yen boten, tumandhang kula inggih boten kantenan.

Kita mbetahaken cipta cetha.

Cipta cetha menika dipun sebut cipta wenang (bening) utawi cipta ening.

Cepta sagedipun ening, kedah kendel rumiyin, kedah meneng rumiyin.

Cipta meneng = cipta eneng.

Cipta ingkang sampun eneng temenan, sged ening.

Eneng lan eninging cipta sinangkan saking meleng (konsentrasi). Dipun peleng lajeng meneng, nunten ening.

Para sadherek, mangga sami sesarengan mbuktekaken bilih cipta menika ronggeh………!!

Kita sadaya  rak sampun sami pirsa sato iwen ingkang nama bebek (kambangan)?

Cobi, mangga sami mirsani wujudipun wonten salebeting cipta sakedhap kemawon.

Mangga,, manapa ingkang katingal ……..? rak boten tumunten : bebek, ta?

VI. MEDITASI DAN KONTEMPLASI

  1. Manekung, tepakur.

Karidhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos, nama : meditasi. Manekung, tepakur, menika inggih medetasi. Tiyang Walandi anggenipun negesi (meditatie) = overpeinzing = bespiegeling = overweging. Sadaya menika kirang langkungipun sami kaliyan nggagas lan nyuraos.

Biyasanipun ingkang dipun suraos namung babagan kabatinan kemawon, upaminipun ingkang magepokan bab agami. Kridhaning nalar ingkang nyarengi kridhaning raos wau gambaripun makaten :

Wonten tiyang sepuh : kera aking tur wuta pisan, pepriman.

Welas kula dhawah ……., badhe kula sukani. Gaga-gagap kanthong, kaleresan wonten rupiah satunggal, thil (=kridhaning raos).

Sareng badhe kula ulungaken, nalar kula ndadak menging : Mengko dhisik, ta . bocah-bocahmu kaya-kaya durung padha sarapan (=kridhaning nalar).

Raos kula (welas kula) = aken : ulungna!!

Nalar kula ………. menging.

Raos lan nalar makarti sasarengan. Kala-kala rebat deg (rebat kuwaos).

Sadangunipun raos lan nalar sasarengan makarti makaten menika, tiyangipun (kula) mendel dheleg-dheleg.

Makaten menika meditasi.

Yen kita sami nonton ringgit purwa, boten sami kengetan bilih ingkang mobah, gineman, lan perang menika wacucal ingkang dipun entha kadhos tiyang, dipun polahaken pun Dhalang. Dados ingkang nyuwara barang menika boten liya inggih pun dhalang menika wau. Kita boten patos migatosaken wontenipun sang Dhalang menika.

Ing ngriku kita sami katut ing raos kita piyambak. Nalar boten patos makarti. Nanging para intellektuelen, inggih menika para remen nalar, manapa-menapa dipun manah, nonton ringgit inggit inggih kanthi memanah : Neng ngendi ta dununge negara Pringgadhani kuwi? Apa tenan ana uwong kaya ngono (Semar) kuwi rupane? Lsp.

Yen nalar kita tumut nggagas makaten menika, anggen kita nonton ringgit boten namung kenyut kemawon, nanging …… nggangge kanalar. Salebetipun kita raos tumut seneng lan susah kaliyan pun ringgit, sarwi kula gagas samukawisipun, menika kula inggih saweg meditasi.

Samangek kita boten nonton wayang, nanging nonton masyarakat agung, nonton ngagesang ………. Kita katut seneng, katut bingah, katut gela, katut meri, lsp. Makaten menika kita saweg katut ing raosing ngagesang.

Manawi mangke kita wiwit manah : apa sebabe aku susah, bungah, gela, meri ngene kiyi ………? saya sanget anggen kita nggagas, saya lebet anggen kita manah,saya dangu anggen kita mendel dheleg-dheleg. Raos lan manah kita sasarengan makarti, maneges (nyuwun katerangan) dhateng ….. dhateng Ingkang Maha Agung. Nyuwun katerangan kados pundi saged kita suminggah saking raos sisah lsp., menika wau.

Makaten menika medetasi.

Kita kraos lan rumaos sami gesang jumejer dados manusa. Kita sami kepingin sumerep saking pundi asal kita, badhe dhateng pundi mangkenipun yen kita pejah. Gek kados menapa wonten ngrikanipun, lsp. Makaten menika inggih meditasi.

Meditasi menika badhe sumerep “wadining” ngagesang.

Dados salebetipum meditasi , nalar kita makarti, boten pasif : dheleg-dheleg semu ngantuk, kosong boten wonte ingkang dipun manah. Yen kosong mekaten menika  muta-watosi sanget. Gampil dipun ampiri utawi dipun surupi daya ingkang kirang sae. Kranjingan tembungipun.

  1. Kontemplasi.

Kontemplasi (contemplatie) lan meditasi (meditatie), kalih pisan saking basa manca, nanging sampun rumasuk dados tembung kita ing kalangan kebatinan.

Tiyang Walandi negesi contemplatie sami kaliyan bespiegeling, beschouwing. Kalih pisan nggadhahi suraos : mawas (mawas ing batos), badhe nyumerepi terangipun, cethanipun. Upaminipun :

Suwarga kuwi ana apa ora? ………….. wonten.

Ngendi dununge? ………………. ngrika.

Kaya apa rupane? ……………….. kados makaten.

Apa ana kaendahan lan kanikmatan ing ngalam donya kene sing kira-kira madhani? ……………boten wonten.

Apa kowe wis tau ngambah suwarga? ………… dereng.

Bisamu mangsuli pitakonku mau kepriye ………. namung saking panginten-inten kula piyambak.

Samangke kula piyambak ingkang badhe mangsuli pitaken-pitaken menika :

Suwarna ana? Neng ngendi? Kaya apa? Apa ana pepadhane? ………cep. kula mendel, terus mawas ing batos.

Suwarga kuwi …….. ana. Embuh ana ngendi. Ning cetha yen maha endah, maha kepenak, maha nikmat, maha ….. maha ……… cekak papan kamulyan jati.

Kamulyan jati kuwi kaya ngapa, ya? …….. embuh.

Suwarga iku mung kena kinaya ngapa. Mung kena ginambar ing tembung.

Mawas ing batos kados makaten menika nama kontemplasi.

Bedanipun kaliyan meditasi, ing ngriki raos boaten patosa aktif (makarti), nanging nalar makarti yektos.

Sadangunipun kula cep mendel : mawas wontenipun lan kawontenipun suwarga mau, kula inggih dheleg-dheleg temenan. Kebatinan kula saweg dumunung wonten ing suwarga gambaran kula.

Mawas gambaran makaten menika nama kontemplasi.

  1. Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi.

Para sedherek, samangke kita dumugi ing tembung-tembung ingkang angel sanget panyuraosipun. Ewa dene meksa kula temah nerangaken. Boten namung waton mungel kemawon, nanging ngengeti pitedah-pitedahhipun para linangkung, kados dene Dr. A. Besant, Ny. H.P. Blavastsky. Krisnamurti.

Mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manawi kawewahan menekung lan tepakur (mirsani no. 17) sadaya wau sami nunggi maksud, inggih menika : mirengaken swaraning ngasonya (ngasepi). Terangipun makaten :

“Ngasepi” utawi “ngasonya” menika tegesipun : pun sepen, pun nyenyet, anu sing sepi, anu sing nyenyet. Dede “sepinipun” dede “nyenyet”-ipun, nanging “anu”-nipun.

“Anu”-nipun ingkang sepen nyenyet  menika, pramila dipun sebut : nga-sepi, nga-sonya.

Tembung “urip” boten sami tegesipun kaliyan “nga-urip”. “Sonya” boten sami tegesipun kaliyan “nga-sonya”.

Dados kita mirengaken swaraning ngasonya menika tegesipun mirengaken swaraning anu kang sonya…….

Anu ingkang sonya menika wau pundi lan ing pundi wontenipun?

Anu ingkang sonya menika papan ingkang awis-awis dipun ambah tiyang, utawi ingkang boten dipun ambah tiyang, kadosta : ing kuburan. Pramila tiyang nepi utawi tiyang nyepi, sami mriku.

Kajawi ing pakuburan, ugi ing tengahing wana, pramila kangge papan tapanipun para pandhita, lan para begawan. Ugi ing telenging samadra, ……

Pramila Wrekudara inggih mriku. Lajeng kepanggih Dewa, nama Dewa Ruci, Dewa kang kesit tan kena ginrayang, tan kena ginatra, tansah nyamun, tan alit tan agung (Dr. Radjiman Wedyodiningrat ing serat “Kempalan karanganipun K.R.T. Dr. Wedyodiningrat”).

Dados anu ingkang sonya menika wau : papan ing pakuburan, ing tengahing wana, ing telenging samodra ………!! rak inggih, ta?

Mangke rumiyin. Menika kok kathah sadherek ingkang “nikel imba” (nikel alis utawi nepungaken alis utawi mrengut : mrengut jalaran mbok manawi boten kersa nampi keterangan kula menika).

Rehne makaten, kula kapeksa ngatuei katerangan sanes : Anu ingkang sonya menika rasa rumasa (bewustzijn) ingkang dumunung ing telenging manah kita piyambak.

Alam gumelar, lan alam dumadi, alam rame utawi alam donya menika boten sonya, boten sepi. Dados ingkang sepi temtu dede ing ngriku panggenanipun.

Lha wonten pundi………?

Inggih wonten ing alam ing boten gumear utawi ing alam alus, utawi ing alam ingkang boten kasat mripat, utawi ing alam batin, utawi ing alam gaib.

Pundi dunungipun alam gaib menika?

Wonten telenging manah kita piyambak.

Menurut serat Dewa Ruci : wonten telenging samodra. Wondene pun Anu ingkang sonya menika sang rasa rumasa (bewustzijn) kados atur kula ing ngajeng.

Dados : mijmeren, maneges, mahas ing ngasepi, manekung, tepakur, utawi mirengaken swaraning ngasonya menika : mirengaken swarasning sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah.

Manawi ing serat Dewa Ruci : Wrekudara mirengaken swaraning sang Dewa Ruci.

VII. S A M A D H I

  1. Manunggil.

Manawi swaraning ngasonya sampun kapireng dumeling (cetha), “Sang Wrekudara” lajeng lumebet ing “guwa garbanipun Sang Dewa Ruci.”

Ing nriku kita samadhi. Tegesipun sampun manunggil. Sang Wrekudara sampun nunggil kaliyan Sang Dewa Ruci.

Para sadherek, ing ngriki kulo boten badhe ngaturaken bilih cariyos Dewa Ruci menika satunggiling pralambang ingkang kedah kita ungkabi, kita onceki.

Sarta kula boten badhe ngaturaken dunung utawi maksudipun “Wrekudara” lan “Dewa Ruci” menggahing kita manusa. Boten badhe ngaturaken menapa “Wrekudara” ing serat Dewa Ruci menika sami kaliyan kula ingkang mirengaken swaraning ngasonya, manapa “Dewa Ruci” menika sang rasa rumasa ingkang sasana ing telenging manah kita.

Kula namung nyumanggakaken. Namung ngaturaken gambaranipun utawi pepindhanipun : samadhi menika kadi dene Wrekudara ingkang sampun wonten salebeting guwa garba Dewa Ruci.

Para sedherek, atur kula bab panganggepipun badan pikir punapa dene ingkang dipun wastani samadhi utawi manunggil, sampun cekap samanten kemawon. Samangke kula badhe ngaturaken bab tuntunanipun.

VIII. T U N T U N A N

  1. Dene pepacak.

Anggen kula nerangaken bab nganggenipun badan pikir menika namung badhe nedhaken panampi kula utawi ngertos kula : bab tembung mikir, ……lsp., ingkang kacetha ing nginggil menika wau sedaya. Saged ugi geseh utawi boten sami kaliyan panampi panjenengan. Sok sampuna pirsa………

Ngangge woten panampi kula wau, samangke kula ngaturaken kados pundi caranipun utawi patrapipun murih sagedipun kaleksanan ingkang kapikir (kamanah) lan ingkang kagagas menika wau.

Ngaturi pirsa rumiyin, bilih cara lan patrap ingkang kula aturaken menika, dede pepacak mutlak, dede pepacak “sing kudu dianut”, utawi “sing kudu dilakoni” utawi “sing apik dhewe” utawi “sing bener dhewe”, dede…….. dede…..!.

Bok manawi panjenengan sampun kagungan car utawi patrap ingkang langkung mupangati kagrm panjenengan piyambak. Namung kemawon bok bilik cara kula menika saged nambahi mupangat wau, rak lumayan. Kenging kacobi.

Anggep kula nyebut “tuntunan” menika boten saking keyakinan bilih cara utawi patrap menika pantes sinebut makaten, nanging namung kabekta  anggen kula ngengeti lan mundhi-mundhi “tuntunan” ingkang kula tampi saking para linangkung kasebut ing nginggil (Dr. Annie Besant, Ny. H.P. Blavatsky, Krishnamurti).

  1. Ingkang rumiyin : papan.

Kita kedah nyedhiyakaken papan ingkang mirunggan : maligi kangge perlu menika kemawon, sampun ngantos kangge sanesipun.

Papan menika ing nguni kasebut : sanggar (sanggar pamujan). Samangke nama menika taksih, sarta kathah sadherek ingkang merlokaken sedhiya. Sadherek kita kaum Muslim, sami sedhiya langgar.

Sanggar lan langgar wau sami dene dipun betahaken, tuwin sami pepacakipun, inggih menika :

  • Boten kenging kangge perlu sanesipun;
  • Kedah samudyanipun sarwa resik lan suci;
  • Baoten kenging kangge rembagan sereng utwai para paben;
  • Sinten ingkang badhe mriku kedah sarwa resik rumiyin, sokur manawi saged sarwa suci. Liripun suci lair batinipun.

Ngawontenaken papan ingkang makaten wau, yen sembada.

Dene yen boten……….. kajawi ing rembag.

Ingkang perlu : wonten panggenan ingkang tetep (boten kerep pindhah) tuwin resik. Ingkang kita pikajengaken resik menika :

  1. Boten wonten uwuhipun;
  2. Boten wonten ambet-ambetan awon (kringrt, susur, tegesan rokok, sata lan tetdhan sayub utawi bosok, sasaminipun);
  3. Boten wonten gegandan wangi ingkang sering adamel mumet, sekar kenanga utawi sekar kanthil lan sanesipun;
  4. Boten wonten gandaning sela utawi menyan ingkang sok dipun bakar yrn wonten sadherek tilar donya, utawi sela ingkang kangge eses. Sanajan boten dipun bakar inggih boten prayogi dipun dekek ing papa ngriku.

Dene gegandan ingkang prayogi piyambak kangge ing papan ngriku menika namung ingkang kasebut ing ngandhap menika :

  1. Sekar melathi lan sedhep malam (dede arum dalu).

Sekar sedhep malam meninika witipun alit, kadon wit brambang, namung langkung ageng godhongipun. Sekaripun awarni pethak, wujudipun kados sekar melathi, namung kaostipun dhedhompolan.

Wangsul sekar arum dalu, wujudipun kados lombok rawit, warninipun pethak, witipun ageng kados wora-waribang utawi wit kemuning.

Mangsuli bab papan No. 22 : manawi kita boten saged ngawontenaken papan ingkang nama sanggar utawi langgar makaten wau, kita kenging nyadhiyakaken salah satunggaling senthoang ing salebeting griya, ingkang malagi kangge nyepen (Meditasi) kemawon.

Ewadene manawi senthong makaten kemawon meksa boten gadhah, inggih wonten ing njawi (latar), waton boten ngantos dados tontonan. Wonten ing ngemper ugi kenging kemawon, sok ugi boten reget lan boten kangge perlu sanesipun.

  1. Wekdal.

Kajawi mbetahaken papan ingkang tetep, kita ugi mbetahaken wekdal ingkang ajeg, lan ingkang prayogi kangge perlu menika.

Dene wekdal ingkang proyogi :

  • Enjing : ngajengaken utawi nyarengi paletheking surya (jam 5.30 – 6 enjing). Dados kirang langkung ing wanci subuh.
  • Siyang : yen surya pinuju wonten sanginggiling sirah kita leres (inggih ing wanci jam 12 theng – 12.30 siyang) wanci bedhug. Dados kirang langkung ing wanci luhur.
  • Sonten : yen surya serep (jam 6 – 6.30 sonten). Dados kirang langkung ing wanci mahrib.

Cekakipun wanci subuh, luhur lan mahrib menika ingkang utami piyambak. Wanci tetiga menika sampun ngantos katilar. Dados kados dene sadherek kita ingkang sami nglampahi gangsal wekdal menika. Samanten wau manawi kita temen-temen badhe ngulinakaken lampah kabatinan.

Kajawi wanci tetiga menika, ing sawanci-wanci kita kenging meditasi. Malah langkung utami yen kita badhe ngemek utawi nggarap manapa kemawon, ngeningaken cipta rumiyin. Dados garapan kita boten awur-awuran. Kita lanjeng angsal sebutan “wong ngati-ati”.

Yen kita sampun nggadhai pakulinan ngeningaken cipta rumiyin saderengipun tumandang damel kita boten kekerepen lepat utawi utawi kelintu. Rak lumayan, ta?.

Nanging kathah  sadherek ingkang wegah ngulinakaken, jalaran…… “kedangon”, kekathahen wekdal ingkang kabucal, boten tumunten cag-ceg, thak-thek, boten cukat, lan sanes-sanesipun.

Manawi wonten madyaning jurit (wonten ing paperangan) kados pundi? Manapa saged? Manapa kober ngeningaken cipta rumiyin? ………. kaselak dipun brondong.

Manawi kita badhe nyepur, rak kaselak mangkat sepuripun …… kepancal.

Makaten garunengipun. Kula namung nyumanggakaken.

Cobi kula nyuwun pirsa : pilih pundi, cag-ceg, thak-thek, nanging kerep kelintu, kerep lepat, kaliyan : alon-alon ning kelakon? Gancang pincang, kebat kliwat, kaliyan : alon ….. tanggon, rindhik ….. apik?

Kangge kula aluwung alon tanggon menika.

Dene ingkang utami piyambak : cukat rikat ….. mbengkas karya, katembungaken senteg pisan …… anigasi.

  1. Wong eling.

Manawi kita sampun nggadhahi pakulinan ngeningaken cipta makaten, tamtu boten badhe wonten wekdal kabucal, awit anggen kita ngeningaken cipta wau boten badhe dangu, namung sakedheping netra. Sarta ing samukawis boten gugup, boten kasesa, nanging ugi boten ndalewer, boten nggaremet. Dados rikat nanging anter.

Tiyang ingkang kulina ngeningaken cipta menika boten kacancang ing wekdal lan papan. Liripun wonten ing pundi-pundi kemawon, lan saben sa’at tansah ngeningaken ciptanipun. Tiyang  ingkang makaten menika limrahipun dipun-tembungaken “wong kang tansah eling” utawi “wong jejeg imane” utawi wong eling”.

  1. Gambaripun tiyang eling.

A, B lan C badhe sami numpak sepur. A dereng nate, dereng ngertos babar pisan cara-caranipun; boten sumerep wancinipun sepur dhateng lan sepur mangkat. B sampun nate, nanging dereng kerep, dados dereng kulina. Nalika badhe nyepur sareng kaliyan pun A lan pun C menika wau, dereng sumerep sepuripun ingkang badhe dipun tumpaki jam pinten. C sampun kerep sanget numpak sepur, ngantos apil dhwteng jamipun, malah dhateng nomer-nomeripun sepur pisan.

A bingung lan kesesa, tuwin kesesa lan bingung. Sepuripun dereng tangi, piyambakipun sampun dumugi ing setasiyun “priye, ya?

B boten bingung, ning kesesa. Ajrih kepancal.

C boten bingung, boten kesesa. Ayem guyem ning boten ndalewer. Dumugi setasiyun boten kenjingen, boten kesiyangen (kasep). Linggih grok nyumet rokok, …… ayem. Boten gligutan kados A, boten ngongsrong ambekanipun kados B.

C menika lo, gambaripun tiyang ingkang kulina dhateng sepur. Inggih C menika tiyang ingkang kulina ngeningaken cipta; ning gambaripun.

  1. Patrap (lenggah mudra).

Yen papan lan wekdal sampun samekta (sadhiya), kita lajeng badhe mapan.

Kados pundi prayoganipun? Linggih menapa tilem? Ingkang prayogi …….. linggih. Linggih kangge meditasi nama “mudra”. Mudra menika kathah patrap utawi caranipun. Kangge kita, ingkang sae piyambak inggih menika ingkang nama dyana mudra.

  1. Dyana mudra.

Dyana mudra menika patrapipun makaten :

  • Sila tumpang ingkang sarwa sakeca;
  • Sampun ngantos wonten peranganing badan ingkang kraos kkirang longgar;
  • Tangan kiwa katumpangaken ing pangkon : mlumah;
  • Tangan tengen katumpangaken mlumah ing tangan kiwa ingkang mlumah menika, kaangkah pucuking jempol sami gathuk;
  • Geger sampun ngantos mbungkuk : ula-ula kedhah jejeg;
  • Sirah jejeg, sampun ndingkluk;
  • Mirsakaken mangandhap dhateng papan ingkang kinten-kinten 3 m saking panggenan linggih kita;
  • Nunten mripat dipun kejepaken (eremaken). Sampun kanthi mathentheng, marengut, …… jenggureng (nikel alis). Sampun sarana nudingi bathuk. Cekak sampun “aksi-aksinan” …..!!! ngejepaken paningan sa-sakecanipun kemawon;
  • Lampahing napas kadamel salantrahipun. Sampun dipun sengka lan sampun dipun anteraken! Biyasa kemawon. Yen saged, tutuk kaingkemaken ingkang dhamis, semu mesem.

Ngaturi pirsa, bilih patrap “dyana mudra” menika namung kangge bab-bab ingkang angel lan gawat kemawon. Yen namung badhe mikir, ngangas bab ingkang boten patos angel, boten perlu patrap makaten. Paribasan kaliyan lumajeng, saged.

  1. W i w i t.

Samangke kita badhe wiwit nyipta. Tegesipun badhe ngawontenaken manapa-menapa ing batos. Ngawontenaken wewujudan (gambar) ing salebeting manah (batin). Upamanipun badhe nyipta menda gembel lema ingkang mlusuh wulunipun.

.30. Nyipta mendo gembel lema ingkang mlusuh wulunipun.

Sasampunipun patrap samesthipun, lajeng ningali ing batos wujudipun mendo gembel ingkang sampun nate kita sipati. Nunten milih ingkang lema sarta mlusuh wulunipun menika. Yen sampun manggih lajeng kacepengan ing cipta, sampun ngantos wonten wujud menda sanesipun ingkang njejeri. Awit sadangunipun kula ningali (ngupados) wujuding menda mau, ingkang katingal salebeting batos : boten namung menda wau, ingkang katingan wonten kapal, lembu, maesa, ayam, tiyang, pangenan, lan sanes-sanesipun.

Sadaya menika kasingkirna tumunten, ngantos namung kantun menda ingkang kasipatan (katingal) sarta kita cepengi menika kemawon.

Lajeng kita damel (nggantha) : menda ……., menda …….., wulu mlusuh ……., wulu mlusuh …….., sami kula ambali kaping tiga menika supados cetha.

Wonten wonten lampah malih :

Kula sumerep menda gembel kathah sami nyenggut ing panggenan : kula tamataken (kula tingali temenan) ngantos dangu. Prenthul …… tuwuh kapengin kula gadhah menda gembel ingkang langkung sae tinimbang ingkang kula tingali menika sadaya. Yen sembada, ingkang lema, ageng buntutipun, pethak mlusuh wulunipun.

“Kok, sik ……….” Kila mendel sakedhap : madosi gambaripun menda ingkang kula kajengaken. Kepanggih …….. lha meh kaya kae, sing cedhak bandhot kae…………

Boten ngantos patrap barang, gambaring menda sampun pinanggih, rampung wonten ing cipta. Sebab ………. ? Sabab uba rampe katingal cetha lan wadhag (wantah) makaten. Inggih menika menda ingkang saweg sami nyenggut menika wau.

Katerangan : kita boten badhe saged nyipta menapa-menapa ingkang dereng nate kita sipati wujudipun utawi gambaripun, dereng nate kita sumerepi, dereng nate kita alami, dereng nate kita raosaken.

Dados manawi kita badhe nyipta menda gembel lema mlusuh wulunipun, mangka dereng nate sumerep wujudipun menda gembel, inggih boten saged.

Cekak : yen kita badhe nyipta ingkang katingal ceta, kedah nggadhahi “uba rampe” (bumbu-bumbu” ingkang sarwa cetha ugi.

Ing semu nyipta menika kok kados ngenget-enget makaten. Rak inggih, ta?

Mila makaten. Bedanipun : yen ngenget-enget menika sok ugi sampun kapanggih, inggih sampun. Sareng nyipta : damel wujud sanes ingkang cocog (cundhuk) kaliyan ingkang dipun kajengaken, sarta cocog kaliyan ingkang pinanggih ing salebeting cipta.

  1. Nyipta Jaka Kendhil.

Kula mireng dongengipun Jaka Kendhil. Lajeng badhe nyipta rupinipun Jaka menika. Kendhi, ……. kendhil, …… kendhil. Sampun katingal cetha wujudipun : kendhil

Terangipun ……….? sukunipun ……..? sirahipun ……..? we, lha, nek ana tangane, ana sikile, ana sirahe, banjur ora kaya kendhil. Manawa kanggo ngadhahi panganan, kepriye? Mangka ujare si dongeng : Jaka Kendhil iku kena dianggo wadhah panganan …..! angel temen pancipta kula, ta ……!

O, uba rampe kirang cetha, pramila gambar tansah boten dados kemawon wonten ing manah. Katembungaken : ora katemu ing nalar.

Nadyan kapanggih ing nalar, nanging pinanggih ing raos. Buktinipun kita seneng sanget mireng dongeng menika.

Boten kepanggih ing nalar, nanging pinanggih ing raos kados makaten menika kathah sanget. Cobi kula aturi nyipta wujudipun “wrekudara”.

  1. Nyipta Wrekudara.

Gambaripun saha cariyosipun sampun cetha. Manapa wonten manusa ingkang kados piyambakipun?

Wonten. Inggih menika ringgit tiyang.

Nanging samu kawisipun boten kapanggih boten kapanggih ing nalar (boten logis).

Cobi …….. upami salah satunggaling ringgit tiyang, saya manawi Wrukudaranipun, kapurih dhateng peken blanja, mangangge kados dene yen badhe medal ing panggung makaten menika. Dhateng peken utawi dhateng toko (lumebet ing masyarakat limrah) mangangge makaten menika, rak …… aneh, nyleneh. Dados tontonan. Namung yen wonten ing panggung kemawon anggenipun katingal logis.

Dados nadyan nalar boten saged manggih (manggih “wong sing kaya ngana….”) nanging raos purun nampi.

Samangke kados  pundi patrap kita nyipta Wrekudara menika?

Wujudipun Wrekudara ringgit wacucal kita tamataken. Kita wawas temenan. Nunten nyobi mujudaken tiyang ingkang godheg wok simbar jaja, ulatipun wingit, ning sing bisa lungguh, tangane ora tau megar, nanging bisa ngawa gada!

Gambar tansah boten dados kemawon. Kang ora bisa lungguh……, tangane ora tawu egar, kok bisa oleh gada.

Boten kapanggih ing nalar. Nanging raos nampi.

  1. Nyipta Dewa Ruci.

Cariyodipun sampun cetha, wujudipun ugi sampun cetha. Cetha wonten  ing Pedhalangan. Dados ubarampe nama sampun cetha.

Kita wawas : wujudipun plek kados Wrekudara, nanging alit sanget sarta kesit, pletak-pletik, angel dipun tingali, angel dipun celaki.

Wonten salebeting samudra gung? Kok ora klelep (keblabak), ya?

Lungguh neng apa? Yen ngadega ancik-ancik apa?

Kok dileboni Wrekudara? ………..

Dewa Ruci sampun kepanggih wujudipun. Plek : memper Wrekudara wayang. Nanging sareng dumugi bab anggenipun boten klelep makaten menika wau…….? dereng manggih kateranganipun. Awit saking menika gambar Dewa Ruci ing cipta boten saged sampurna. Nanging raos nampi.

Mengapa terus dipun pirsani?

Yen sampun cetha temenan, lajeng mirsanana samudra……. (toya wiyar tanpa tepi).

Sampun katingan? Mangga Dewa Ruci dalah samodranipun dipun cepengi ing pamawas.

Sampun gembleng? Wrekudara samangke wonten pundi? Wonten salebetipun Dewa Ruci. Wonten salebetipun wetengipun? Mangke rumiyin. Neng sajeroning apane, ya?

Dewa Ruci ing cipta……… boten katingal sampurna. Nanging raos nampi.

  1. Nyipta para Dewa sanesipun.

Ingkang kula wastani para Dewa sanesipun, menika tunggilipun Dewa Ruci. Inggih menika para Dewa ing ringgit purwa, para Dwewa ing agamo Hindu (ka-Hindon).

Kangge para ingkang sampun kawogan bab Pedhalangan, boten badhe ngrekaos yen ngupados wujudipun para Dewa wau. Saya yen madosi wonten ing kothak utawi ing panggung. Dalah wonten ing panggalih (angen-angen) pisan, kados inggih boten ngrekaos.

Dados kangge para sadherek ingkang sampun kulina dhateng Padhalangan, ubarampe kangge nyipta Dewa ringgit purwa, sampun cekap. Liripun cariyos tuwin gambaring wujudipun sampun cetha.

Bok menawi, nadyan boten mawi patrap “dyana mudra” barang inggih sampun saged katingal cetha wonten ing cipta.

Kangge ingkang dereng apil Padhalangan, sagedipun cipta namung satunggal kalih, inggih menika namung ingkang sampun dipun sumerepi temenan. Upamanipun Bethara Guru.

Mangga kula aturi mawas! Sariranipun ruruh, bagus tanpa cacad. Jumeneng ing geger lembu: Lembu Handini. Astanipun sekawan, saben asta : isi. Wonten ingkang isi trisula, wonten ingkang isi ecis, wonten ingkang tasbeh, wonten ingkang kebut (cemara).

Sampun katingal……? mangga kula aturi mirsani malih : Lembu Handini wau njerum.

Wonten pundi anggenipun njerum? Wonten ing bumi?

Kita boten saged manggih Bathara Guru wonten ing cipta kanthi cetha, kanthi sampurna. Gampilipun ora ketemu ing nalar.

Cobi, wonten pundi dunungipun Bathara Guru menika? Wonten ing kahyanganipun, ta. Pundi menika? Lah, rak mbingungaken……..!!

Makaten ugi sadaya Dewa ing ringgit purwa. Boten wonten ingkang saged pinanggih cetha sampurna wonten ing cipta.

Nanging pun raos purun nampi.

  1. Nyipta Khyangan.

Kahyangan utawi Kadewatan menika padununganipun para Dewa, para Jawata.

Lha menika wonten pundi?

Wonten nginggil ngrika………….. wontensanginggiling langit. Saking rumaos kula menika kados dene pyan. Pyan ing griya kula menika. Wonten bolonganipun wiyar ngowag-owag. Inggih menika margi kangge tumurun dhateng Arcapada. Utawi margi saking Arcapada minggah dhateng Kahyangan.

Bolongan menika nggadhahi tutup : sela ageng tanpa timbang, nama sela matangkeb (watu iki kok ora tiba nyang bumi, ya?).

Taksih panjang cariyosipun Kahyangan menika.

Samangke mangga sami nyubi nyipta Kahyangan menika!

Patrap : Dyana. Ngenget-enget cariyosipun……!!!

Menapa ingkang katingal? Nagari ageng. Langkung ageng lan langkung sae, tinimbang nagari-nagari, ing lumahing bumi. Rak inggih, ta?

Lha menika Kahyanganipun sinten? Kahyanganipun para Dewa. Dipun perang-perang kados dene bumi menika dados nggadahi Ratu.

Nagari ingkang endah piyambak, nagarinipun Bathara Indra, nama Ka-Indran.

Bathara Indra menika Ratu ing nagari Ka-Indran. Nagari Ka-Indran menika kasebut “Indra-loka”.

Bathara Guru, Ratu ing nagari “Guru-loka”. Makaten salajengipun.

Kita boten saged nggambar Kahyangan, ingkang boten ikita emper-emper kados gambaring ing bumi ngriki.

Dados sapinten saening nagari ingkang sampun kula sumerepi, ing bumi ngriki, inggih menika ingkang lajeng dados pola. Pola kangge ngambar kahyangan.

Upami gambaring Kahyangan ingkang wonten salebeting cipta menika kula gambar ing dalancang saya boten kantenan wujudipun. Beda sanget kaliyan ingkang wonten ing salebeting cipta. Awit kula piyambak boten saged nggambar. Dene seniman gambar. Upami kula menika seniman gambar : saged nggambar Kahyangan ingkang wonten ing cipta kula wau, temtunipun gambar menika adamel kamareman kula, dening memper kaliyan ingkang wonten ing cipta kula wau, temtunipun gambar menika adamel kamareman kula, dening memper kaliyan ingkang wonten ing cipta kula (cocog).

Nanging tiyang sanes bok menawi kathah ingkang sami gumujeng : “Ana Kahyangan kok kaya ngono………!”

Masa boronga tiyang sanes. Nanging kula rak tetep seniman gambar.

O, dadi yen ngono, seniman gambar kuwi wong sing bisa nglairake ciptane kanthi sampurna (maremake).

Salah satunggilipun sadherek ingkang gumujeng wau wonten ingkang lajeng nedahaken gambar. Gambar wana menapa gambar nagari. Wonten gambaripun kekajengan kathah sanget, kutu-kutu walang ataga, kewan galak : sing a sima sapanunggalipun. Sarta wonten gambaripun tiyang jaler satunggal lan tiyang estri satunggal, sami awewuda. Sacelakipun tiyang estri menika wonten wit-witan ageng, wit menika dipun pulet ing sawer ageng. Sawer menika semunipun abebisik dhateng wanita menika.

Menapa ingkang dipun bisikaken, menika ingkang dados jalaranipun priya lan wanita wau lajeng sami katundhung saking ngriku, dhawah ing Arcapada.

Sadherek wau nerangaken makaten : “Iki lo gambare Kahyangan sejati!! Ya iki sing diarani Suwarga. Wong lanang iki Nabi Adam, wanita iki Baba Hawa”.

Samangke gentos kula ing gumujeng : “Ana suwarga kok kaya ngono! Gek ana ing ngendi dununge? Apa dadi siji karo Kahyangan kae?”.

Coba samangke para sadherek kula aturi nedahaken pundi gambaripun Kahyangan ingkang temenan : Kahyangan sajati? Mangke rak inggih namung dipun gegujeng.

Sinten ingkang nedhahaken gambaring Kahyangan utawi suwarga, temtu namung badhe ngundhuh dipun gegujeng ing sanes, kelair utawi kabatos. Awit kahyangan lan suwarga menika ugi boten saged pinanggih ing cipta (pinanggih ingnalar) kanthi sampurna. Nanging pun raos nampi.

  1. Nyipta Ka-Indran.

Sareng kula dipun tedahi gambar suwarga makaten menika wau, kula lajeng kengetan bilih ing cariyos ringgit purwa ugi wonten suwarga, inggih menika Ka-Indran.

Ing ngriku papan panggenanipun ka-endahan lan ka-nikmatan. Inggih papan panggenanipun para widadari ingkang endah-endah warninipun. Dewi Supraba ingkang dados tetunggulipun. Menika ayuning ayu. Bathara Indra ingkang dados ratuning Ka-Indran ngriku garwanipun Dewi Wiyati.

Mangga sami sesarengan kula nyipta Ka-Indran!!!

Patrap lan sanes-sanesipun sami kaliyan nalika kita nyipta Kahyangan.

Cipta kula sampun dados. Inggih nedahaken wewujudan kados nagari ing bumi ngriki. Kula tambahi wujuding wanodya boten kantenan kathahipun. Sadaya endah, arum, pating galebyar. Sakeplasan katingal kados wonten ing ringgit tiyang yen pinuju sripen menika.

Panggung katingal endah. Para wanita sami jejogedan…….!!

Sakeplasan malih katingal wewujudan kados Harem ing kadatonipun Prabu Harun Al-Rasyid ing dongeng 1001 dalu. (Harem punika karang kaputren).

Daning sanalika kula kok namung nedhaken panggenan ingkang kebak wanita endah kemawon. Pramila lajeng kula bucal, kula gantos panggenan endah klebah tetaneman lan sekar-sekaran ingkang sarwa elok lan endah temenan. Katingal kados kebon raja ing Bogor menika.

Makaten gegambaran ing cipta kula. Lha cipta panjenengan sami kados menapa? Kok boten wonten ingkang sami kaliyan gambar ing cipta kula? Yen beda-beda makaten, lajeng kados pundi? Mangka Ka-Indran rak namung satunggal, ta?!

Bok manawi gambar ing cipta kula menika ingkang boten leres. Nanging sinten ingkang saged ngleresaken utawi nglepataken? Rak boten wonten ta? ………. menika mbuktekaken bilih gambar-gambar ka-Indran ing cipta kita menika wau dede gambar ing Ka-Indran ingkang temenan, dede gambaring Ka-Indran ingkang sejati.

Samanten wau upami Ka-Indran menika boten saestu……?!

  1. Fantasi (enthan-enthan).

Entah-enthan, asal saking tembung tanduk negntha-entha. Para sadherek, dumugi ngriki ingkang kita cipta sampun wonten 7 rupi, inggih menika :

  1. Wedhus lemu;
  2. Jaka Kendhil;
  3. Werkudara;
  4. Dewa Ruci;
  5. Para Dewa sanesipun;
  6. Kahyangan;
  7. Ka-Indran.

Ingkang katingal cetha, kados-kados namung angen kita nyipta menda. Upami kita wadhagan kadamel gambar ing delancang utawi reca, kathah ingkang saged nedahaken kekiranganipun, awon saenipun, memper botenipun. Sebab ubarampenipun sampun cetha saestu lan nyata saestu, kasumerepan ing ngakhatah, wadhag wewenthan, ingkang menika : menda.

Upami pun Jaka Kendhil, pun Werkudara, pun Dewa Ruci, manapa dene para Dewa sanesipun, lan Kahyangan, lan Ka-Indran, menika sadaya katingal cetha wewentehan makaten, cipta kita inggih katingal cetha, apesipun boten kasangetan anggenipun geseh, ngyawara.

Kajawi menika, manawa sarwa cetha uba-rampenipun, temtunipun inggih kathah tiyang ingkang saged nekseni leres utawi botenipun.

Terangipun makaten :

Menawi kita kepengin nggadahi cipta ingkang saged sineksen ngasanes leres lepatipun, prayoginipun kita nyipta ingkang sarwa wadhag wewentehan kemawon kados wedhus lemu menika wau.

Cipta ingkang polanipun boten katinggal wewentehan ing alam wadhag, cipta ingkang polanipun namung kita piyambak ingkang nyumerepi, cipta ingkang polanipun namung pinanggih ing salebeting angen-angen kita piyambak, cipta ingkang leres lan lepatipun namung kita piyambak ingkang saged nekseni, cipta-cipta ingkang makaten menka nama : fantasi utawi enthan-enthan.

Dados cipta boten sami kaliyan enthan-enthannyipta botrn sami kaliyan ngentha-entha. Nadyan pakartining nalar sami. Nadyan patrapipun ugi sami.

Fantasdi menika ageng sanget dayanipun tumrap ngagesang. Kados-kados kita sadaya gesangipun sami wonten salebeting fantasi kita piyambak.

Lare umur 2 – 7 taun, langkung-langkung ingkang saweg wonten salebeting umur 3 taun, menika saweg nedheng-nedhengipun wonten salebetipun fantasinipun, pramila kerep gineman piyambakan, kerep gegujengan piyambak, kados dene wonten kancanipun makaten. Mangga kula aturi namataken ingkang putra piyambak.

Riyasanipun, lare saweg umursemanten menika fantasinipun sarwa seger lan ngremenaken sanget, kawastanan “rematu-ratu” utawi “remaja putra”. Endah-endahing manusa menika inggih ingkang saweg umuri semanten menika.

Saya wewah umuripun saya kirang endah fantasinipun. Ugi lajeng saya kirang endah pasemonipun. Langkung-langkung manawi boten angsal tuntunan ingkang sae.

Manapa sababipun dene fantasi wau kok saya boten sae, yen saya mindhak umuripun?

Sababipun : boten liya, namung margi kenging pangaribawaning kawontenan, lelampahan (pengalaman) awon, ingkang asal saking alam lair menika. Awit saking menika, fantasi perlu sanget kajagi saenipun.

Ingkang ageng piyambak pengaruhipun utawa pangaribawanipun menika fantasi ingkang sumimpen ing dongeng. Pramila sampun gumampil ndongengi lare!!

Wulang kebatinan menika sadaya kados fantasi, kados dongen. Ageng temenan dayanipun tumrap ngagesang. Pramila manawi kirang ngatos-atos, gesang kita saged bibrah, saged risak namung margi saking anggen kita kenyut ing fantasi, ing dongeng : ingkang sampun ing wulang kebatinan menika wau.

Ngudi kebatinan saged adamel risaking gesang kita ……….. !!. Mangga kila aturi mbuktekaken :

Ngudi kebatinan kok malah rusak uripe ngono kuwi gek priye, ta???

Dene patrap kita damel fantasi sami kaliyan yen kita nyipta. Liripun : lenggah tuwin pakartining nalar, sami.

  1. Nyipta Nabi Budha.

Kula nyipta Ka-Indran sampun dados, sampun kula gambar menapa. Anggen kula nggambar kula peng temenan. Sareng kula tedahaken tiyang sanes jebul dipun-gegujeng ……. “Ka-Indran” kok kaya pasar ngono, makaten tembungipun.

Sareng anggen kula nedahaken boten menawi gambar nanging namung mawi tembung kemawon, ingkang mirengaken sami mesem kaliyan manggut-manggut. Bokmanawi sami wicanten ing batos : “

Apa iya Ka-Indran kaya ngono?”

Wosipun, sadaya menika suka sumerep dhateng kula, bilih gambar ing cipta kula boten sami (geseh) kaliyan ciptanipun tiyang sanes? Menapa saged?

Menawi cipta, angel sagedipun cocog. Nanging yen gambar ing cipta, kados-kados saged. Samanten wau yen ngangge pola. Upaminipun nggambar “Nabi Budha” ing cipta, ngangge pola : reca.

Temtu kemawon boten cocog plek 100 persen, nanging saperangan ageng, cocog.

Nyipta mawi pola makaten menika, yen sesarengan, saged  nuwuhaken daya langkung kiyat, tinimbang yen piyambakan. Pramila ing kalangan agami-agami ingkang nggadahi keyakinan dhateng wontenipun daya makaten menika, sami ngawontenaken pola ingkang dipun wastani altar (Agama Budha lan Kristen).

Samangke kula badhe nyobi nyipta Risang Maharsi Budha Gautama.

Kula patrap dyana mudra, mawas pola reca Budha ingkang linggih ing padma-sana.

Wiwitipun : sadaya wewujudan ingkang penting jaredul sami ngetingal menika : kula singkiraken tumunten. Kantun sang pola kemawon ingkang katingal ing batin. Menika kula cepengi, sampun ngantos wonten ingkang njejeri. Terus kula wawas ngantos katingal cetha malela, boten nyut ical, gek jedhul ketingal malih.

Menawi sampun saged ketingal cetha malela ngantos dangu, boten ewah gingsir, nama sampun dados panyipta kita Risang Maharsi, mawi pola menika wau. Mangga kula aturi nyobi……!!!!.

  1. Nyipta Nabi Ngisa.

Nyipta Nabi Ngisa menika gampil, jalaran  polahipun kathah sanget, sumebar ing pundi-pundi panggenan. Caranipun sami kemawon kaliyan anggen kita nyipta Nabi Budha menika, awit sami dene mawi pola.

Namung kula ngaturi  penget : sabaen kita saweg ngeningaken cipta makaten menika sampun ngantos gadhah raos kesesa, kuwatos lan ajrih.

  1. Nyipta Nabi Muhammad.

Ing kalangan ka-Islaman wonten awisan ageng, inggih menika para kaum Islam boten kenging pisan-pisan ngawontenaken gambaring sesembahan lan gambaring para Minulya ingkang sinuwun-suhun, kados Nabi. Jalaran yen dipun wujudaken warni gambar, nadyan namung wonten ing batin pisan, nama nembah brahala. Langkung-langkung manawi dipun wujudi reca, kados ing kalangan ka-Hindon, ka-Budhan, lan ing kalangan Kristen menika wau.

Dados bab nyipta Nabi Muhammad ing ngriki, kajeng kula namung kangge upami tumrap para sadherek ingkang wonten saknjawining kukuban ka-Islaman.

Patrapipun boten beda kaliyan manawi kita nyipta Nabi Budha lan Nabi Ngisa menika wau. Namung kemawon radi langkung angel, margi boten wonten polanipun. Kita namung medhet waton, utawi namung ngengeti cariyosipun kemawon. Inggih menika :

“Manungsa lanang, kang abagus, mencorong cahyane kaya srengenge. Bangsane bangsa Arab, bangsa Rasul, bangsa Kurais” makaten kirang langkungipun, ingkang dipun tembangaken yen pinuju sami puji-pujian menika.

Yen sampun mujudaken “wong lanang” menika kanthi cetha, tetep, boten nyut ketingal nyut ical, nama sampun dados panyipta kita.

Nanging sampun pisan kagungan panginten, bilih Kanjeng Nabi Muhammad menika plek kados ingkang wonten salebeting cipta panjenengan menika citranipun.

  1. Nyipta salah satunggaling Guru Gaib (meester).

Para sadherek ing kalangan Theosofie, ingkang dipun sebut : para Theosoof (Theosuf) sami ngadhahi keyakinan, bilih Guru Gaib utawi messter menika wonten, sami asarira alus, kala-kala kepareng kersa medhag ngetingal, ngantos dipun sipati ing siswanipun. Inggih menika para suwargi ingkang linangkung (para tokoh ing kalanga paheman Thepsofie) kadosta : Ny. H.P. Blavatsky, Dr. A.Besant tt. Jinarayadasa lan Leadbeater. Tuwin kersa wawan sabda lan paring serat.

Patrapipun nyipta salah satunggiling Guru Gaib menika sami kemawon kaliyan anggen kita nyipta Nabi Budha lan Nabi Ngisa, awit sami dene ngangge pola.

Kacariyos para Guru Gaib menika wonten 60 cacahipun. Ingkang kerep kocap lan wonten gambar potretipun : sanga. Para sadherek Theosoof temtunipun sampun sami wuninga asma lan potretipun wonten ing Lage-loge Theosofie.

  1. Nyipta tepangan, sadherek, mitra lsap.

Ugi nyipta para leluhur (bapa biyung kaki nini) ingkang taksih sami jumeneng lan ingkang sami mantuk dhateng alam kalanggengan, sami kemawon kaliyan nyipta tepangan, sadherek lan mitra menika.

Sadaya ingkang badhe kita cipta menika sami dados pola, pramila gampil panyipta kita. Saya mawi wonten gambar utawi potretipun.

Patrapipun nyipta sami kaliyan ingkang sampun kula aturaken wongsal-wangsul, ing ngajeng.

Menawi sampun katingal cetha amalela, ngantos dangu boten ewah gingsir wonten salebeting cipta kita, menika panyipta kita sampun angsal damel.

Menawi kita kecalan sanak …………. manawi kita kangen ………… manawi kita kangen ………… manawi kita kenyut, gandrung ……… manawi pinuju makaten menika, tiyangipun ingkang nilar kita, ingkang kita kangeni, ingkang kita gandrungi : sami ketingal wewentehan wonten ing batos, malah boten mawi kita cipta menapa. Destun kita dipun weling sampun ngantos sanget-sanget ngenget-enget, saged-saged kasingkirna saking cipta kita.

Weling makaten menika pamrihipun supados kita sampun ngantos, kedangonan nandhang sisah, nandhang kangen, nandhang gandrung. Boten kadosa sisah sedhihipun tiyang ingkang pinuju manggih panandhang tigang warni menika wau.

Cetha, bilih manawi kita pinuju nandhang makaten kita sampun ngantos dumunung ing kasisahan, kita sisah jalaran katilar biyung utawi sanak ingkang kita tresnani. Kita sisah jalaran dangu boten saged kepanggih biyung utawi anak semah, ngantos kangen. Kula sisah, jalaran ingkang dados kumalaning manah : nilar kula ngantos dangu.

Awit saking menika, kados atur kula wau, kita sami dipun engetaken sampun ngantos kita sami kenyut, sampun ngantos kumanthil-kanthil dhateng menapa kemawon.

Nanging kenging menapa kok wonten paken (dhawuh) bilih kita kedah enget (ngenget-enget) dhateng :

  1. Wontenipun Pangeran;
  2. Wontenipun para Malaikat;
  3. Wontenipun para Nabi dalah para sekabatipun;
  4. Sarak rukuning agama;
  5. Pepali lan pepenget,……lsp;
  6. …………. taksih kathah sanget panunggilanipun.

Menapa yen kula ngenget-enget sedaya ingkang kasebut menika, kita boten lajeng sami nandhang sisah ugi? Langkung-langkung yen kita kapurih ngenget-enget bab wontenipun : hukuman lan ganjaran, wot Sirotol-mustakim, naraka barang menika …….. kula lajeng ajrih sanget dhateng pejah.

Mangka ngenget-enget menika tegesipun sami kaliyan kumathil-kanthil menika wau.

  1. Nyipta ngangge pola sami kaliyan ngenget-enget.

Para sadherek, nalika kula nyipta Kahyangan, nyipta Ka-Indran, menika kula nyipta temenan. Nanging nalika kula nyipta para Dewa, Dewa Ruci, Jaka Kendhil, wedhus lemu, Nabi Muhammad, Nabi Budha lan Nabi Ngisa, menika sampun dede nyipta sajati, jalaran kilap ageng alitipun, kilap cetha lan botenipun, sadaya menika sampun ngangge pola.

Langkung-langkung nalika kula nyipta Nabi Budha lan Nabi Ngisa, saha nyipta sanak sadherek, menika sadaya dede nama nyipta malih, nanging namung ngenget-enget.

Ingkang kula enget-enget : wujuding gambar utawi reca, saha wujuding tiyangipun (sanak sadherek wau) piyambak : dados rupining pola.

Nyipta mawi pola makaten menika sami kaliyan ngenget-enget.

  1. Nyipta Gusti Allah.

Sadaya manusa ingkang sampun tangi nalaripun, temtu sami nggadhahi cipta utawi gambaranipun Pangeran. Namung rumaos kaliyan boten.

Sapinten luhuring bebudenipun,  inggih semanten menika luhuring gambaranipun Gusti Allah.

Gusti Allah menika sesembahan kita ingkang luhur piyambak, boten wonten pepindhinganipun. Tiyang wanan nggambar sesembahanipun kados memedi sawah, utawi wujud sela, wujud wit-witwn ageng. Jalaran luhur-luhuring bebudenipun saweg samanten menika.

Tiyang ingkang nggilut agami, mujudaken sesembahanipun kados ingkang dipun tedahaken ing agaminipun. Memper boten memper, inggih dipun memper-memperaken. Liripun : upami ing batosipun nggadhahi kapitadosan bilih wujuding sesembahanipun : beda kaliyan ingkang katedahaken ing agaminipun, ewa dene boten wani nedahaken (nglairaken) dhateng ngasanes, kuwatos bok bilih dipun wastani murtad. Dados ciptanipun piyambak dipun singkiraken rumiyin, dipun tutupi rapet.

Nanging biyasanipun, ciptanipun piyambak menika langkung kiyat tinimbang cipta titipan. Wasana anggenipun mituhu manembah dhateng Pangeran ingkangkagambar ing agamanipun menika namung wonten ing lair kemawon. Ing batin manembah Pangeran ingkang pinanggih ing ciptanipun piyambak menika wau. Pramila ing jaman samangke boten sakedhik titiyang ingkang nglampahi agami namung kangge”tulak sepata” kemawon. Liripun : simpen cipta piyambak, simpen keyakinan wujuding sesembahanipun piyambak, nanging boten nilar gambar titipan saking agamanipun.

Conto : agami kita Islam nerangaken bilih Pangeran menika asipat 20 : wuju, kidam, baka, lsp, kula nyobi wongsal-wangsul madosi Pangeran ingkang asipat 20 menika wonten ing salebeting cipta, nanging boten kepanggih ing cipta. Wusana lajeng kula pupus sakepanggih-kepanggihipun : uger luhur piyambak.

Sareng gambaran kula menika kula lairaken, jebul wonten ing nyendhu (ngelokaken) : kula boten kenging nggadhahi cipta utawi nyimpen ing cipta gambaraning Pangeran (sesembahan), mindhak lajeng nama : manembah brahala.

Awit saking menika kula lajeng boten wani nyipta malih. Nanging nalar kula meksa badhe nyipta kemawon. Awit saking menika, nadyan ing lahir boten nyipta boten barang, nanging ing batin meksa nyipta kemawon. Nyipta boten kejarag. Nyipta boten kasengaja.

Nyipta boten kejarag makaten menika, sampun dados lageyan utawi kabiyasanipun manusa. Kabiyasanipun tiyang gesang.

Ingkang kula aturaken “Nyipta Gusti Allah” ing ngriki (No. 44) menika dede nyipta boten kajarag makaten. Nangingnyipta ingkang dipun ingkang dipun peleng temenan.

Rehne Gusti Allah menika sesembahan ingkang luhur piyambak, pramila ingkang kula cipta inggih menapa ingkang luhur piyambak, sagaduging nalar kula.

Cobi, manapa ingkang luhur piyambak pinanggih ing cipta kita ……?

Rak boten sami. Ingkang pinanggih luhur piyambak ing cipta kula, boten sami kaliyan ingkang pinanggih ing cipta panjenengan.

Manawi kapurih nyamekaken, kita boten purun. Upami puruna inggih namung wonten ing lair kemawon, ing batin …… nyepengi ciptanipun piyambak-piyambak, kados katerangan kula ing nginggil wau.

Manawi dipun peksa kapurih nyamekaken, inggih lajeng nuwuhaken cengkah, daredah. Sami-sami daredah boten wonten ingkang nyameni sangetipun daredah ing bab gambaraning sesembahan, ing bab gambaraning Gusti Allah.

Nengeti ingkang mekaten menika, anggen kula ngaturaken bab “Nyipta Gusti Allah” wau namung kula sumanggakaken, dede dhapur pangajak…..!!!

Wondone patrapipun sami, inggih menika “dyana Mudra”. Nunten meleng menapa ingkang sampun kita tampi ing manah, saking sawarnining katerangan-katerangan, utawi saking sawarnining gambaran-gambaran. Warni-warning gambaran wau kita pilih pundi ingkang luhur piyambak. Luhur-luhirng gambaran ing cipta, kangge kita para manusa, inggih namung gambaring para manusa.

Manawi kita badhe nggambar Dewa, wujudipun inggih kados manusa, nanging dipun wewahi sandhangan utawi agem-ageman ingkang kangge nedahaken bilih martabatipun langkung inggil tinimbang manusa, kadosta : dipun dekeki tangan langkung saking kalih. Dipun dekeki suwiwi, rehne Dewa menika kabaripun saged mabur, mangka sagaduging manah kita, ingkang murugaken saged mabur menika namung margi nggadahi suwiwi menika. Dipun anggeni sepatu utawi snela, minangka pasemon bilih para Dewa menika boten sami ngambah siti kados para manusa menika. Makaten sapiturutipun.

Samangke manawi kita badhe nggambar Gusti Allah, menapa inggih kados …….. manusa? Temtunipun makaten. Namung kemawon mawi kita wewahi samudayanipun sarwa langkung, sarwa Maha. Maha Kuwasa, Maha Luhur, Maha Mirah, Maha Welas Asih, Maha Suci, Maha Mulya, Maha Adil, lsp.

Lha kados pundi menika wujudipun…..?

Sasumerep kula, luhur-luhuring manusa menika : ratu. Pramila Gusti Allah inggih kula …….. gambar kados ratu. Samudayanipun sarwa langkung ping boten kantenan.

Guti Allah ngandika, tegesipun : Gusti Allah kula gambar wonten salebeing cipta kados manusa menika ingkang …… sami wicanten.

Gusti Allah paring dhawuh, paring ganjaran, paring ukuman, nyadhiyakaken suwarga lan neraka, menika sedaya, margi sagaduging cipta kula namung makaten menika. Ratu kang luhur banget, kuwasa banget, adil banget …… Lha menika wujudipun kados makaten.

Lenggahipun wonten ing pundi inggih? Kula kewran madosi panlenggahanipun Gusti Allah. Menapa Bale Mercukandha, menapa Bale Kencana ingkang sakanipundhomas menika? (Manut cariyos ing Pedhalangan).

Bale Marcukandha menika cariyos ing pedhalangan dumunung wonten ing langit kaping pitu. Saya bingung anggen kula nyuraos. Sakecanipun kula nyipta piyambak kemawon. Inggih menika dhampar kencana ingkang boten kantenan edi-peninipun, lan Bale Agung : kedhaton, ingkang boten kantenan endah lan edinipun, ngungkuli sakathahing gambar kadhaton ingkang nate kula tingali lan ingkang nate kula pireng cariyosipun.

Samangke gambaring Pangeran dalah palenggahanipun, menapa dene kedhatonipun, tuwin para Nayakaningrat sampun katingal wonten ing cipta, pari purna. Dene langit ingkang kaping pitu menika, temtunipun inggih wonten ing nginggil sanget, satelasing nginggil menika. Kok ragi marem roasing manah …..!! (Dmugi ngriki kula aturi kendel rumiyin punapa pamaosipun, wonten 1 – 2 menit, perlu kangge ngraosaken menapa ingkang nembe kula aturaken menika, lan kengge ngleremaken panggalih).

Kula sampun matur wongsal-wangsu bilih Pangeran menika boten kenging kinaya ngapa, dados inggih boten kenging dipun cipta menapa menika, lan boten kenging ginambar ing tembung, dados boten kenging dipun cariyosaken. Ewadene kuka kok meksa nyipta makaten.

Menawi ciptan kula menika lajeng dados sesembahan kula, menika kula lajeng kawastanan tiyang menembah berhala, nadyan cipta menika boten katingal wujud melok. Manembah brahala ingkang namung woten ing cipta makaten menika dipun wastani manembah pratika. Manembah brahala ingkang wujud kasat-mripat kawastanan menembah pratima. Kalih pisan kirang prayogi. Menika tumrappara ingkang sampun ngertos.

Kauninga, ingkang kula rembag ing ngriki, dede bab “manembah”, nanging bab “nyipta”. Nyipta makaten mardika, kenging nyipta menapa kemawon waton saged lan wani. Sinten ingkang saged ngalang-alangi?

Para sedherek, kula ngaturaken satunggaling sanepa ingkang mirip kaliyan anggen kula nyipta Pangeran menika wau :

Kula nyepeng upet ingkang taksih gesang. Menika kula ubeng-ubengaken. Ketingal wonten buwengan utawi gelangan (lingkaran) menggangah, sae temenan. Buwangan menika gek ageng, gek alit, gek ageng sanget, manut angen kula ngubengaken pun upet.

Kejawi ngawontenaken buwengan, kula saged damel gambar sagendhing kula, manut kasagedan kula ngubengaken utawi molaheken pun upet menika. Namung kemawon, wontenipun sadaya gambar wau namung sadangunipun kula ngubengaken pun upet. Yen kendel anggen kula ngubengaken, sakathahing gambar ingkang kula sipati menika wau….. honya,….. ical…..!!!

Wonten lan icaling gambar menika sami kaliyan wonten lan  icaling gambar ingkang pinanggih ing cipta kula. Manawi panyipta kula kendel ….. honya gambaripun.

Boten namung gambaring Pangeran kemawon, ingkang honya, nanging sadaya gambar.

Boten namung gambar ing cipta menika kemawon, kula piyambak, ….. malah jagad gumelar menika inggih honya, yen kendel ing panyipta….!!!

IX. P E N G E T.

  1. Penget I.

Sasampunipun panjenengan maos “tutunan” menika, keparengan ngengeti atur kula ing ngajeng, bilih tuntunan ingkang kula aturaken menika dede pepacak mutlak ingkang kedah dipun anut, ingkang sae piyambak, ingkang leres piyambak. Dede ….. !! namung lumayan kenging kacobi. Menawi wohipun boten munpangati, sampun kalajengaken panyobinipun. Lan kula boten badhe wegah nampeni paringipun duka.

Manawi munpangati, kula tumut bingah lan mujisukur, dene atur kula menika kok dede omong kosong. Namung kemawon, tiyang ngundhuh uwohing tetaneman menika rak boten saged tumunten, liripun dinten menika ceblok nanem, benjing enjing sampun saged ngundhuh. Temtunipun kedah ngentosi sawatawis dangunipun.

Makaten ugi yen badhe ngunduh wohing “linggih mendel” : sampun kesesa. Kula aturi nyrantosaken salebetipun sawulan utawi 7 dinten X 3. Dangu-dangunipun : tigang wulan utawi 7 dinten X 9. Saha salebetipun nglampahi, sampun nggege mangsa, sampun pedhat-pedhot pangudinipun. Upamanipun dinten menika semedi, benjing enjing boten. Menawi nggege mangsa lan pedhat-pedhot makaten inggih, boten dados-dados menggaha tiyang nggambar makaten.

Ingkang kula wastani wohing ulahmanah munpangati, menika makaten :

Upamanipun : waunipun kula yen nggarap menapa-menapa kemawon kerep lepat utawi klintu, samangke sasampunipun “Ulah manah” ± 3 – 5 wulan : awis-awis lepat, samangke sarwa anter, nanging boten ngalentar. Waunipun kerep muring …… samangke awis-awis ngamuk. Waunipun tansah ngandhut raos muta-watos, trataban, ajrih, isin kepethuk tiyang, samangke boten. Waunipun samukawis ingkang kula sipati adamel muring kula, samangke jagad dados suwarga. Makaten salajengipun.

Cekak : waunipun sarwa boten sakeca wonten ing nalar lan manah, samangke dados sarwa nyegeri.

Menika tumrap semedi mbangun watak.

  1. Penget II.

Sedaya cipta, sadaya gambar ing cipta menika dede barang nyata. Ingkang nyata namung anggenipun wonten (anane), kados dene buwengan ingkang kagambar ngangge upet gesang dipun ubeng-ubengaken menika. Kados dene wewayangan ingkang katingal ing pangilon.

Boten saged kasade, boten saged katumbas. Nanging sadaya wonten paedahipun, wonten ginanipun. Inggih menika kangge sarana. Sarana ngayahi pandamelan, inggih pandamelan menapa kemawon.

Rehne dede barang nyata makaten, pramila sampun ngantos dipun gandhuli sanget-sanget. Wontenipun daredah,  wontenipun memengsahan, wontenipun “kekejaman” (mentalan), margi namung anggenipun sami gandhulan ciptanipun.

  1. Penget III.

Ungel-ungelan utawi semboyan. Kala-kala cipta dipun wadhagaken utawi dipun lairaken mawi tembung ingkang lajeng dados ungel-ungelan utawi semboyan menika.

Boten beda kaliyan cipta, semboyan-semboyan menika inggih kerep kemawon dipun gandhuli. Kadadosaken cepengan, kangge agul-agul. Rumaosipun yen sampun saged mungel makten menika sampun beres. Boten dipun suraos sarana kemawon : sarana nyelaki gegayuhan.

  1. Penget IV.

Kangge ngiyataken  atur penget kula ing angka II lan III nginggil menika, keparenga ngaturaken sabda wasitanipun ingkang linangkung Risang Krishnamurti, ing serat “De Vrijheid va het Bekende” kaca 9 kirang langkung Jawinipun makaten :

“Donya ingkang tanpa cipta, mila langkung begja, awir ing ngriku badhe wonten daya kekiyatan rupek, ingkang meksa kita nglampahi pakarti kirang prayogi. Saminipun donya ingkang boten isi wulang-wulang suci ingkang badhe langkung utami tinimbang ingkang kebekan wulang suci ingkang kerep kemawon kangge kekudhung : nutupi lampah dur, sarana tembung muluk-muluk.”

  1. Penget V.

Bingung panyuraosipun? Boten maiben. Awit ing ngajeng dipun terangaken : tanpa cipta donya honya (ical), wasana Penget angka IV nerangaken : cipta gawe donya cilaka.

Gek pundi ingkang kedah dipun ugemi (dipun gega, dipun cepengi).

Kalih pisan!! Jalaran “tanpa cipta donya honya” menika kangge kita : titiyang ingkang taksih lelumban salebeting kadonyan. Wangsul “Cipta agawe donya cilaka” kangge para ingkang sampun kentas saking kadonyan.

.50. Penget VI.

Sasampunipun boten bingung (mirsani No. 49), keparenga kula ngaturi penget malih, magepokan bab memanah ingkang leres,manut sabda wastanipun ingkang linangkung Risang Krishnamurti ingkang kawrat ing serat “De Vrijheid va het Bekende” ugi, kaca 8, ingkang Jawanipun kirang langkung makaten :

“Manah utawi memikir leres menika boten gumantung dhateng uwobipun utawi kepanggihipun, ugi dede cundhukipun (cocogipun) pamanggih kaliyan conto utawi kupiya, nadyan conto utawi kupiyanipun menika adi luhung kados menapa. Memanah utawi memikir leres menika tuwuh saking weruh dhiri pribadi. Memanah utawi memikir  leres menika margi saking anggenipun sumerep dhateng dhiri pribadi. Manawi dereng weruh dhiri pribadi, sadaya ciptanipun tanpa waton. Manawi mdereng weruh dhiri pribadi manapa ingkang kamanah …….. boten nyata, goroh, dudu”.

Sok sampuna pirsa.

ATUR WASANA

Atur kula bab “tuntunan samadhi” dalah penget-pengetipun pisan, cekap samanten kemawon rumiyin. Kula ngajeng-ajeng sanget paringipun wawasan para maos. Sukur manawi kersa mewahi menapa kekiranganipun, lan nyingkiraken menapa ingkang kirang maedahi.

Dene ingkang kula aturaken ing serat menika, langkung prayogi menawi wonten ingkang kepareng nocogaken kaliyan beberan ing serat-serat :

  1. P Blavatsky “De Steman de Stilte” (Swaraning ngasonya);
  2. Annie Besant “De Oude Wijsheid”;
  3. Krishnamurti “De Vrijheid van het Bekende”;
  4. W. Leadbeater “Verbogen zijde der dingen!!!

Mugi-mugi serat menika kadumugekaken sedyanipun, inggih menika: udhu pepadhang ing sakadaripun.

Makaten pangajapipun.

INGKANG NGLANTARAKEN.

Yogyakarta, 19 – 10 1959.

———@@@———-

Versi pdf-ipun saged dipun unduh wonten mriki.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: