alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT BABAD TUBAN


SERAT BABAD TUBAN

Anyariyosaken sujarahipun para Bupati
ing Tuban wiwit panjenenganipun
Sang Prabu Banjaransari, Narêndra Binathara
ing nagari Pajajaran

citakan ke III

diterbitkan dan dijual oleh
BOEKH. TAN KHOEN SWIE
Kediri 1936

Kasalin saking aksara Jawa
lan kalatinaken déning :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 3 Februari 2017.

———@@@——–

[3] Sajarahipun para Bupati
ing Nagari Tuban

Ingkang kadamel purwaning gitaya : nalika panjenenganipun Sang Prabu Banjaransari, Narêndra Binathara ing Nagari Pajajaran punika kagungan putra : kathah, ananging ingkang badhé kula anggé ugering cariyos wau; muhung para putra wayah ingkang nedakaken para Bupati ing Negari Tuban kémawon aluranipun kados ing ngandhap punika :

  1. Sang Prabu Banjaransari puputra : Radén Arya Methaun.
  2. Radén Arya Methaun puputra : Radén Arya Randhu Nuning, punika lajeng lalana mangétan kanthi palilahipun ingkang éyang Sang Prabu Banjaransari, sarêng tindakipun prapta ing saléripun ardi Kalak Wilis distrik Jenu, (Tuban) lerêp wonten ing ngriku, watawis dinten lajeng Babad ara-ara nama Sri Bandhi, dumunung wonten pinggir pasisir sacelakipun ardi Nalak Wilis trus mangidul badhé kinarya nagari, awit saking adrengnging karsanipun Radén Arya Randhu Nuning : sariranipun kapéngin sanget ngasta pusaraning praja jumeneng dadya Bupati, pambabating ara-ara wau lami-lami lajeng dados praja, kaparingan nami Lumajang Tengah. Radé Arya Randhu Nuning pindah asma Kyai Ageng (Kyai Gedhé) Lebé Lonthang. [4]
    Kacariyos sajumenengipun Kyai Lebé Lonthang ing Lumajang Tengah, akarya gemah raharjaning nagari, lit boten kikirangan sandhang tedha, maésa lembu tanpa kinandhangngakén durjana sami ketes mingprin daruna saking kataman prabawanipun ingkang Bupati. Awit salugonipun Kyai Lebé Lonthang : sekti mondra guna, saged majing ajur-ajér, mancala putra mancala putri, ing tyas pasthi kamanik mahambek budi rahayu, pramila para abdi karéréhanipun sami ajrih  asih mituhu sapangrehipun Kyai Lebé Lonthang anggénipun ambawani praja Lumajang tebah laminipun 20 taun.
  3. Kyai Ageng Lebé Lonthang kagungan putra kakung satunggal kadibyanipun anglangkungi ingkang rama, asma Radén Arya Bangah, (sanés Arya Bangah putra Prabu Brawijaya), Radén Arya Bangah wau tuhu pinunjul ing wani, kathah para wanodya ingkang sami kasmaran, ananging sarêng ingkang rama séda boten karsa angentosi, saking karsanipun badhé yasa nagari piyambak, pramila lajeng tindak mangidul para wadya punggawa sami andérékaken sarêng tindakipun dumugi ing éreng-érengngipun rêdhi Réngel lerêp sawatawis lajeng babad wana ingkang badhé kinarya nagari, boten watawis lami dados praja, kaparingan nami nagari Gumenggeng. [5]
    Saking kawontenaning nagari Gumenggeng ugi raharja, tanpahé ing praja Lumajang tebah, menggah nagari Lumajang tebah samangké dados dhusun nami dhusun Bonang, distrik Jenu Tuban.
  4. Radén Arya Bangah : kagungan putra kakung satunggal : asma Radén Arya Dhandhang Miring, ing warna yayah ayang-ayangnging Bawana, sarêng Radén Arya Bangah anggénipun mangréh praja Gumenggeng angsal 22 taun lajeng séda.Radén Arya Dhandhang Miring nalika sugengipun ingkang rama : tansah anggénipun amesu raga, ing mongsa kala alalana ing Unggyan ingkang samun muhung maneges pamoring kawula Gusthi, ingkang kaésthi : bénjing satedhak turunipun sageda dadya Bupati prajurit sarta nagari ingkang badhé karéhaken wau widada-ha ing salajengngipun.Saking sanget pamesuting raga : temahan saged katarima Shang Hyang Kaneka Putra anedhakki, awit ngemban sabda pangandikanipun Shang Hyang Jagad Pratingkah, inggih punika bénjing sasurutipun ingkang rama sariranira boten kalilan jumeneng Bupati wonten ing nagari Gumenggeng, awit badhé boten saged kadumugen sedyanipun nanging praja wau muhung kanggé panjenenganipun pribadi. Wangsul bénjing tanayanipun kémawon punika ingkang kaweca saged andhatengngi kados ingkang da[6]dos panuwunipun, nanging sarananipun kedah babad wana ing Papringan yén sampun dados kedah kawastanan Tuban awit kajaba badhé dados nagari ingkang kaloka ing Tri Bawana, ing wingking badhé dados asri mau tapi pasaréyanipun para Wali utawi Aoliya saking tanah Arab bilih sampun dumugi mongsa kalanipun, Radén Arya Dhandhang Miring matur nyandikani, Shang Hyang Kaneka Putra lajeng mukswa. Pramila sarêng ingkang rama  Radén Arya Bangah séda, boten karsa jumeneng Bupati gentosi ingkang rama wonten ing praja Gumenggeng, lajeng para wadya punggawa sami kadhawuhan babad wana  ngalér-ngilén wana ingkang kababadan wau nama wana Ancer-ancer, sarêng sampun dados praja : kaparingan nama nagari Lumajang menggah nagari Gumenggeng : samangke dados dhusun nama dhusun Gumeng, distrik Réngngel (Tuban).

    Radén arya Dhandhang Miring puputra kakung satunggal asma Radén Arya Dhandhang Wacana, tuhu bagus ing rupi, digdaya mahambek wiku tama mila tinuladan ing sasama. Nagari Lumajang ugi saged ayem tentrem gemah raharja, para wadya bala sami suka, Radén Arya Dhandhang Miring jumeneng Bupati Lumajang laminipun 20 taun lajeng séda. Sadéréngipun séda : sampun paring wasiyat pangandika dhateng ingkang putra Radén Arya Dhandhang Wacana, supados anyungkemana pun sasmitani[7]pun Shang Hyang Jagad Pratingkah kados ingkang kawahyon ing nginggil, ingkang putra matur nyandikani. Pramila sarêng ingkang rama séda, Radén Arya Dhandhang Wacana lajeng utusan wadya punggawanipun babad ing Wana Papringan (bokmanawi ing wekdal punika wau wana kathah : tanemanipun Pring = deling.) sarêng sampun dados nagari kaparingan nami : “TUBAN”.

    Sayektosipun kajawi netepi dhawuh sasmitanipun Jawata : ing praja wau pancen kathah sumbering toya, toyanipun beninga asrep dados nami nagari Tuban wau : kénging kawredenan = (dipun tegesi) Tuban = metu banyu = tubanyu = (Tuban).

    Sajumenengipun Radén Arya Dhandhang Wacana ing purak sa-Tuban nagari katingal raharja, datan wonten para durjana ingkang nandukaken ardaning cipta, pramila para punggawa samya suka ingkang datan pipindha.

    Sarêng anggenipun jumeneng Bupati pikantuk : 3 taun lajeng iyasa pasangrahan kanan kering kinubengan ing lépén miwah sendhang. Sapinggiring sendhang tinaneman kajeng gurda maripit pramila saged ayom asri, angres pateni.

    Pasanggrahan utawi sendhang wau kaparingan nama : Beti, punika saking wawancahaning tembung pangabekti, awit bilih panjenenganipun, Radén Arya Dhandhang Wacana ngalerêsi cangkrama utawi ameng-ameng ing ngriku, para abdi karerehanipun lajeng sami so[8]wan mangabekti, samangke wau pasanggrahan utawi dhusun ngriku kasantunan nami : Bekti Harja.

    Radén Arya Dhandhang Wacana ugi lajeng gumantos asma : Kyai Ledhé Papringan, anggenipun jumeneng Bupati angsal 30 taun lajeng séda, kasarekaken ing kali gunting, dhusun prunggahan (Tuban), wangsul pasaréhanipun para Bupati angka : I, II, III, IV sampun kula udi katranganipun boten saged pinanggih. Menggah nagari lumajang sangké dhados Dusun nami dhusun Bancar.

Amrih gampiling pangetang : mélahi Bupati Tuban ingkang sapisan dumugi pungkasan punika kula damel angka urut Jawi. Ingkang nganggé ongka : 1. Inggi punika Radén Arya Dhandhang Wacana, = (Kyai Ageng Papringan) awit punika kang murwakani iyasa nagari Tuban, wondéning para Bupati ingkang kasebat ing nginggil (nganggé ongka rum I dumugi IV) punika namung kanggé susuluh purwaning cariyos dados cicriyos saged turut boten nama jugag, pramila sampun kalintu ing panampi.

  1. Kyai Ageng Papringan puputra kalih :
    1. 1. Nyai Ageng Lanang Jaya;Nyai Ageng Ngeso;
    1. 2. Nyai Ageng Lanang Jaya puputra jaler satunggal Radén Arya Ronggalawé. [9]
    Nyai Ageng Ngeso ugi puputra jaler satunggal asma Radén Arya Kebo Nabrang.
  2. Sasédanipun ingkang éyang (Kyai Ageng Papringan) ingkang gumantos mangréh ing praja Tuban inggih punika ingkang wayah Radén Arya Ronggalawé.
    Radén Arya Ronggalawé sarêng jumeneng Bupati Tuban dalem Kabupaten pindah wonten ing sakilénipun guwa gabar, praja Tuban ingkang wiwitan wau samangke dados 3 dhusun, a. Trowulan; b. Prunggahan Kulon; c. Prunggahan Wetan, para wanita ingkang wedalan saking tigang dhusun kasebut ing nginggil asring pinanggih sami éndah ing warni, miwah dekik pipinipun prasasat widadari angéjawantah, pramila pantes pinilala kinarya garwa.

Boten watawis lami Radén Arya Ronggalawé jumeneng Bupati : nagari Tuban karêbat déning Radén Arya Kebo Nabrang, prangngipun ramé, ngantos gangsal dinten papanipun prangngan dumunung saleripun Rawa Beron akarya kathahing pepejah, wangké sungsun matimbun wutahing rudira yayah samudra bena, badhé pungkasanipun perang, kuda titihanipun Radén Arya Ronggalawé kawaos déning Radén Arya Kebo Nabrang, kenging andhemanipun sanalika ambruk trus pejah wonte ing sakilenipun dhusun Talun (pinggir [10] margi ageng) samangké maujud séla, saéstha kapal akarya eraming manah. Radén Arya Kebo Nabrang lajeng kawales dipun lantari waos déning Radén Arya Ronggalawé kenging jajanipun lajeng pejah, kawanda mukswa : malih dados uling pethak lumajeng tambuh ingkang sinedya.

Manut cariyos Serat Damar Wulan Radén Arya Ronggalawé tuhu digdaya sekti mondra guna, tan wonten braja tumama, sédanipun tatkala magut prang kaliyan Prabu Uru Bisma, layon rinebat para wadya prajurit kabeta kundur ing Tuban lajeng kasarékakén dhateng astana Kajongngan.

Radén Arya Ronggolawé jumeneng Bupati laminipun 30 taun kagungngan putra jalu satunggal asma Radén Arya Siralawé, ananging ing Serat Damar Wulan tuwin Serat Melajeng ingkang nami “Hikayat tanah Jawi” nerangakén putranipun Radén Arya Ronggalawé wau kakalih, 1. Radén Bantaran; 2. Radén Watangan, mongka ing babon sejarah : namung kasebut kagungan putra satunggal asma Radén Siralawé wau bokmanawi Radén Buntaran awit putra pambajeng tur saged gumantos jumeneng Bupati. [11]

  1. Sarêng Radén Arya Ronggalawé séda, ingkang putra Radén Siralawé gumantos jumeneng Bupati, laminipun 15 taun lajeng séda.
  1. Radén Arya Siralawé puputra kakung satunggal asma Radén Arya Sirawenang, (Radén Arya Wenang) sarêng Radén Arya Siralawé séda, ingkang putra Radén Arya Sirawenang gentosi ingkang rama jumeneng Bupati, Radén Arya Siramewenang Bupati laminipun 42 taun.
  1. Radén Arya Sirawenang puputra Radén Léna, sarêng ingkang rama séda : Radén Arya Léna gentosi jumeng Bupati, laminipun ngantos 52 taun ananging dalem Kabupaten lajeng kapindah ing kampung Sida Mukti. Puputra kakung satunggal asma Radén Arya Dikara.
  1. Sasédanipun Radén Arya Léna, ingkang putra Radén Arya gumantos jumeneng Bupati laminipun 18 taun lajeng séda.Radén Arya Dikara kagungan putra putri kakalih, 1. Radén Ayu Arya Téja; 2. Kyai Ageng Ngraséh. Radén Ayu Arya Téja wau kapundhut garwa  dhateng Shéh Ngabdurrahman putranipun Shéh Jali = Shéh Jalallodin (Kyai Makam Dawa).Sarêng Radén Arya Dikara kagungan putra mantu Shéh Ngabdu[12]rrahman : panjenenganipun ingkang Bupati lajeng lumebet agmi Islam inggih mélahi ing wekdal wau ing negari Tuban kataneman wiji Agami Islam.
  1. Sasédanipun Arya Dikara : ingkang angentosi jumeneng Bupati ingkang putra mantu Shéh Ngabdurrahman lajeng pindah asma Radén Arya Téja, jumeneng Bupati laminipun : 41 taun lajeng séda.
  1. Radén Arya Téja kagungan putra kakung satunggal asma Radén Arya Wiltikta, punika ingkang jumeneng Bupati gentosi ingkang rama, laminipun 40 taun lajeng séda. Radén Wiltikta, puputra Radén Said inggih lajeng Susuhunan ing Kalijaga.
  1. Sasédanipun Radén Arya Wiltikta ingkang angentosi Bupati Tuban Kyai Ageng Ngrashéh, sarêng Kyai Ageng Ngrashéh sampun jumeneng Bupati, lajeng krama angsal putranipun Radén Arya Wiltikta, (dados kaprenah wayah kaponakan) jumeneng Bupati 40 taun lajeng séda.
  1. Kyai Ageng Ngrashéh puputra kakung satunggal patutan saking putri putranipun Radén Arya Wiltikta kasebut ing nginggil asma Kyai Ageng Gegilang, jumeneg Bupati Tuban laminipun 38 taun lajeng séda.
  1. Kyai Ageng Gegilang kagungan putra satunggal [13] asma Kyai ageng Bathabang. Sasédanipun Kyai Ageng Gegilang : Kyai Ageng Bathabang ingkang gentosi ingkang rama jumeneng Bupati, laminipun 14 taun lajeng séda.
  1. Kayai Ageng Bathabang kagungan putra kakung satunggal asma Pangéran Arya Baléwot sasédanipun Kyai Ageng Bathabang : ingkang putra Pangéran Arya Baléwot ingkang angentosi ingkang rama jumeneng Bupati, laminipun 56 taun lajeng séda.
  1. Pangéran Arya Baléwot kagungan putra kakung 2 ingkang : 1. Asma Pangéran Sekar tanjung; 2. Asma Pangérang Ngangshar.Sasédanipun Pangéran Arya Baléwot ingkang angentosi jumeneng Bupati ingkang putra pambajeng, inggih punika Pangéran Sekar Tanjung.Ngaléresi ing diten Jumuwah Pangérang Sekar Tanjung salat ing masjid sarêng nembe rukuk lajeng kacidra : kaprajaya saking wingking déning ingkang rayi Pangéran Ngangshar, kaliyan wasiyat dhuwung tilam upih wasta Kyai layon kawat gata ing gigir terus ing jaja lajeng séda. (Menggah wau Kyai layon samangke taksih kasimpen kangge pusaka dhateng ingkang ngarang punika serat) Pangéran Sekar Tanjung jumeneng Bupati [14] laminipun 22 taun kagungan putra kakung kakalih, asma : Pangéran Arya Pamalad; 2. Arya Salempé, nanging wekadal ingkang rama séda : taksih sami timur.
  1. Sasédanipun Pangéran Sekar Tanjung, ingkang gentosi jumeneng Bupati, inggih ingkang rayi : Pangéran Ngangshar, sarêng angsal 7 taun lajeng séda.
  1. Sasédanipun Pangéran Ngangshar, ingkang gumantos jumeneng Bupati, Pangéran Pamalad. Sarêng jumeneng Bupati Tuban lajeng krama, angsal putri putranipun Kangjeng Sultan Panjang, (Radén Jaka Tingkir) laménipun ngasata pusaraning praja : 38 taun lajeng séda. Pangéran Arya Pamalad kagungan putra kakung satunggal asma Pangéran Dalem nalika Pangéran Arya Pamalad séda : Pangéran Dalem taksih timur.
  1. Sasédanipun Pangéran Arya Pamalad ingkang gumantos jumeneng Bupati ingkang rayi : Arya Salempé angsal 32 taun lajeng séda.
  1. Sasédanipun Arya Salempé, ingkang jumeneng dados Bupati, Pangéran Dalem, ing ngriku dalem Kabupaten lajeng kapindah ing kampung Dagan sakidulipun watu tiban, watawis taun lajeng yasa masjid pagen banon [15] yasa béténg sajawining kitha, dumunung ing guwa gabar mangétan tus mangilen.Kacariyos nalikan Pangéran Dalem iyasa béténg, wonten satunggal bagiyan ingkang dereng rampung, garapan bagiyanipun Kyai Muhkhamad Asngari, Modin Majagung asal saking nagari Cempa. Sarêng kapirsan déning Pangéran Dalem Kyai Muhkhamad Asngari lajeng kadhawuhan segeda inggal angrampungaken garapanipun bilih boten inggal rampung badhe tampi duduka ingkang sanget Kyai Muhkhamad Asngari ngeningaken cipta nutupi babahan hawa sanga, mamalad samadi (semadi) ening, nunuwun dhateng Gusthi ingkang murweng dumadi, ingkang dados sasangemanipun punika saged rampung : saged rampung, tur pelag anglangkungi garapanipun para nara karya ingkang sami sinung pakaryan iyasa béténg.Pangéran Dalem sanget rêna ing galih dupi mariksani wau béténg, pramila lajeng kaparingan nami Béténg  Kumba Karna, awit katingal ageng inggilipun béténg kados Radén Kumba Karna. Saha ing wekdal wau titiyang ing nagari Tuban sami sumerêp bilih Kyai Muhkhamad Asngari : aoliya (Pandhita tama). [16]

    Kacariyos lami-lami Kangjeng Sultan ing Mataram midhanget pawarti : bilih Pangéran Dalem badhé baléla ing panjenganipun awit katingngalan saking adheging béténg Kumba Karna. Pramila panjenengnganipun Kangjeng Sultan ing Mataram utusan prajurit wasta Jyai Randhu Wathang, alapah sandi ing nagari Tuban salebeting lampah sandi : Kyai Randhu Wathang lajeng nancepaken wit randhu wana sapasang, kanggé cagak ganter, randhu wana sapasang, kanggé cagak gantar, randhu wana sapasang tersami gesang.

    Kasbut Serat Purwalalana wau agengenipun datan patimbang, satanah Jawi boten wonten ingkang nyaméni, dumunung ing kampung Kajongan kitha Tuban ananging sampun : 50 taun ngantos sapunika, sampun rêbah. Lampahipun Kyai Randhu Wathang ugi pikantuk katerangan kaliyan nyata, bilih Pangéran Dalem lerês badhé ambaléla ing Ratu, pramila Kyai Randhu Wathang lajeng inggal wangsul caos udani dhateng Mataram.

    Kangjeng Sultan sarêng mirêng aturipun Kyai Randhu Wathang sanget duka, lajeng utusan prajurit wasta Pangéran Pojok kinanthenan wadya punggawa : 1900, anglurug ing nagari Tuban, Pangéran Dalem sarêng mirêng kabar manawi badhé pinreping ripu, lajeng mepak wadya punggawa prajurit anjagi dhatengnging mengsah. Sarêng Pangéran Pojok sawadyanipun dateng lajeng campuh prang, mé[17]lahi tiyang Tuban unggul yudanipun ananging dangu-dangu kaseser ing yuda, awit keroban tandhing, Pangéran Dalem lolos magétan ing pulo Baweyan ananging boten lami lajeng tindak ing dhusun Rajeg Wesi, ing wekdal punika ing Rajeg Wesi dérêng dados nagari, awit taksih karéh ing Jipang, (Panolan), angsal : 5 taun lajeng séda, kasarékaken wonten ing kampung Kadipaten (kaprenah ing sawétanipun Kabupaten Bojonegara) ngantos sapunika pasaréyan wau katelah nami : Buyut Dalem. Sabedhahipun nagari Tuban wasiyat mariyem nami Kyai Sido Murti ingkang wonten ing Kepoh Dhéndhéng (kampung Sido Mukti) lajeng musna tanpa krana. Sarta Pangéran Pojok lajeng utusan caos atur ing Mataram : bilih nagari Tuban sampun bedhah, Bupatinipun lolos, saking pangandikanipun ingkang sinuhun Kangjeng Sultan Pangéran Pojok kalilan anggentosi jumeneng Bupati ing Tuban,

  1. Lestantun Pangéran Pojok jumeneng Bupati. Nglarêsi ing dinten garêbêg Mulud taun Dal para Bupati ing satanah Jawi sami sumiwi ing Mataram Pangéran Pojok ugi sumayos ananging sarêng tindakkipun dumugi ing kitha Blora : gerah kedadak lajeng séda, layon kasarékaken wonten ing sakidul alun-alun Blora. Pangéran Pojok jumeneng Bupati laminipun [18] : 42 taun, sasédanipun Pangéran Pojok putra taksih timur, pramila boten saged anggentosi ingkang rama.
  1. Ingkang angentosi jumeneng Buppati rayinipun Pangéran Pojok wasta : Pangéran Anom antuk : 12 taun lajeng kalérehaken saking Mataram saleréhipun Pangéran anom lajeng kataneman umbul kémawon ing wekdal wau ing nagari Tuban lowong boten wonten Bupatinipun wondening umbul wau : 4 panggénan inggih punika :
    • Wong sapraja, manggén wonten ing Jenu.
    • Wong saita, manggén wonten ing Gisik.
    • Wong sacakra, manggén wonten ing kidul ngardi.
    • Yuda patra, manggén wonten ing singgaha.
  1. Boten lami lajeng dipun gentosi Bupati saking Mataram wasta : Arya Balabar, inggih Arya Blender, dalem Kabupaten lajeng pindhah ing kampun Naibon kaprenah sakiduling kuburanipun Kyai Kusén angsal 39 taun lajeng séda.
  1. Sasédanipun Arya Balabar : lajeng dipun gentosi dheteng Pangéran Sujanapura, Bupati Japan (Majakerta) dalem Kabupaten lajeng pindah ing dhusun Prunggahan [19] Pangéran Sujanapura jumeneng Bupati laminipun 10 taun lajeng séda, kasarékaken ing dhusun Brutuh.
  1. Pangéran Sujanapura kagungan putra kakung satunggal wasta : Pangéran Yuda Nagara, sasédanipun ingkang rama : Pangéran Yuda Nagara ingkang gumantos jumeneng Bupati, laminipun 15 taun lajeng séda ing Giri, layon kasarékaken ing Giri.
  1. Sasédanipun Pangéran Yuda Nagara, ing gentosi jumeneng Bupati Radén Arya Sura Adiningrat Bupati saking Pakalongan, Radén Arya Adiningrat jumeneng Bupati Laminipun 12 taun lajeng ka-amuk dhateng Radén Arya Dipasana, kanthi tiyang Madura wasta Kyai Mangunjaya, Radén Arya Sura Adiningrat séda ing paprangan.
  1. Sasédanipun Radén Arya Sura Adiningrat Radén Arya Dipasana ingkang gentosi jumeneng Bupati ing Tuban, angsal 16 taun lajeng prang akaliyan tiyang Madura, wonten ing dhusun Singkul (Sedayu) Radén Arya Dipasana kasambut ing ngadilaga, séda kasarékaken ing dhusun Singkul ugi.
  1. Sasédanipun Radén Arya Dipasana ingkang anggentosi jumeneng Bupati inggih punika papatihipun wasta : Kayai [20] Reksa Nagara, sarêng sampun jumeneng Bupati lajeng pindah asma Kyai Tumenggung Cakra Nagara, sarêng anggenipun jumeneng Bupati angsal : 47 taun lajeng séda, kasarékaken wonten ing dhusun Dagangan dhistrik Singgahan (Tuban), saking lami saha kathah jasa utawi kasaénanipun dhateng nagari, kaparingan sasebutan Adipati.
  1. Sasédanipun Kyai adipati Cakra Nagara ingkang anggentosi, jumeneng Bupati ingkang putra kakung wasta : Kyai Purwa Nagara, sarêng angsal 24 taun lajeng perlop ing Demak awit gerah, boten watawis lami séda, kasarékaken ing Demak ugi, saking tetembungan perlop wau bangsa kita Jawi anggenipun mastani lajeng éwah dados perlos, Tumenggung Perlop éwah dados Tumenggung Perlos.
  1. Sasédanipun Kyai Purwa Nagara, (Tumenggung Perlos) ingkang gentosi jumeneng Bupati : Kyai Adipati Lider Sura Adi Nagara, jumemeng Bupati angsal 3 taun lajeng séda.
  1. Sasédanipun Kyai Adipati Lider Sura Adi Nagara ingkang gumantos jumeneng Bupati : putranipun kakung, wasta Radén Surya Adi Wijaya, (Radén Tumenggung Surya Adi Wijaya) angsal : 12 taun lajeng léréh, dalem Kabu[21]paten kapindhah ing kampung Gowah, manut ing pengetan rampungnging pandamelipun dalem Kabupaten nalika tanggal 1 Juli 1814.
  1. Saléréhipun Radén Tumenggung Surya Adi Wijaya ingkang gumantos jumeneng Bupati : Kangjeng Pangéran Citra Soma ingkang kaping VI Bupati Japara, (uruting petang kaping VI wau saking Japara, sanés saking Tuban bilih kapétang saking Tuban nembe Citra Soma kaping I) watawis 6 taun lajeng pindah ing nagari Lasem, watawis 3 taun lajeng pindah ing Japara malih.
  1. Salajengipun Pangéran Citra Soma ingkang kaping VI ingkang gumantos jumeneng Bupati Kangjeng Pangéran Citra Soma ingkang kaping VII (kapetang saking Tuban Citra Soma kaping II) angsal 20 taun lajeng séda.
  1. Sasédanipun Kangjeng Pangéran Citra Soma kaping VII ingkang gumantos jumeneng Bupati Radén Adipati Citra Soma ingkang kaping VIII, (kapteng saking Tuban Citra Soma kaping III) angsal 30 taun lajeng pensiun.
  1. Salaréhipun Kangjeng Radén Adipati Citra Soma ingkang kaping VIII ingkang gumantos jumemeng Bupati : Radén Tumenggung Panji Citra Soma ingkang kaping IX (kapetang saking [22] Tuban Citra Soma kaping IV) angsal 22 taun lajeng pensiun.
  1. Saleréhipun Radén Tumenggung Citra Soma ingkang kaping IX ingkang gentosi jumeneng Bupati : Radén Mas Tumenggung Suma Brata, (1892) angsal 4 taun lajeng séda kasarékaken ing daganipun astana Kangjeng Susuhunan Bonang.
  1. Sasédanipun Radén Mas Tumenggung Suma Brata, ingkang gentosi jumeneng Bupati : ing putra mantu Radén Adipati Arya Kusuma Digda, (1893) angsal 16 taun lajeng séda, kasarékaken ing astana makam Pathi (Tuban).
  1. Sasédanipun Radén Adipati Arya Kusuma Digda, ingkang gentosi jumeneng Bupati ingkang raka wasta : Radén Tumenggung Pringga Winata, patih Rembang (1911) saha nalika dinten Saptu Wage tanggal ping 11 Oktober 1919 : séda, kasarékaken wonten ing makam Pathi : Tuban.Ing sarehning nagari Tuban sampun angsal 35 jumenengan Bupati, bokmanawi satanah Jawi boten wonten ingkang nyameni lulusing nagari kados ing praja Tuban lan malih taun 1920 ing nagari Tuban mélahi kalampahan sepur N.I.S. ingkang makaten wau mahanani bilih saya lami nagari tambah arja. Lajeng saged anyakra bawa : bilih nagari Tuban [23] badhé saged widada ing salami-laminipun saha saged kagagas sarana alusing budi, benjing akiripun dalem karésidhenan Rembang saged dumunung wonten ing Tuban awit sapunika sampun kawistara : Senening praja saged anggédéng wahyunipun kadrajatan nanging sadaya wau taksih kawengku wonten ghaibing Gusthi, kita manungsa boten kenging ambuka kekeraning Bawana, punika awisa ageng tumrap dhateng ingkang Ahlul kasunyatan dados panyakra bawa kula ingkang kasebut ing nginggil wau : nama ketlajeng, boten langkung nuwun samodra gung pangaksaménipun para maos.Sapunika kula badhé anerusaken cicriyos utawi dodongéngan mirit saking wawaton buku, utawi mirêngaken saking cariyosipun Bapa kula nami : Mas Ngabéhi Prawira Rêja, Mantri Guru ing Tuban nalika taksih gesang, kawontenanipun saged mathuk pramila lajeng kula terangaken kados ing ngandhap punika :

@@@

Bab Pasaréyanipun para Aoliya
Tuwin para luluhur ing Nagari Tuban

  1. Ingkang sinerat ing Astana Kauman :
    • Ingkang kilén Kyai Ageng maloko, ipénipun Kangjeng Susuhunan ing Bonang. [24]
    • Kangjeng Susuhunan Bonang.
    • Kyai Ageng Gugilang, (Bupati Tuban ongka 10.)
    • Kyai Ageng Bathabang, (Bupati Tuban ongka 11.)
    • Kyai Ageng Ngraséh, (Bupati Tuban ongka 9.)
    • Pangéran Arya Baléwot, (Bupati Tuban ongka 12.)
  1. Ingkang sinaré ing Astana Majagung (ingkang sisih kilen)
    • Shéh Muhkhamad Asngari, (Modin Majagung ingkang kasebut iyasa béténg Kumba Karna, kalawan jenengnganipun Pagéran dalem Bupati Tuban ongka 17.) punika Shéh Muhkhamad Asngari putranipun Shéh Mahmuddil Kybra, ing nagari Palémbang, lajeng kapundu putra déning Sang Prabu Cingkara Déwa, ratu ing nagari Cempa, dhatengipun Shéh Muhkhamad Asngari ing tanah Jawi asasrengan akaliyan putra Cempa wasta Radén Arya Abu Huraérah, inggih Kyai Ageng Kapasan (Surabaya) dalah sagarwa putra.
    • Shéh Ngabdurrahman inggih Kangjeng Susuhunan Majagung, (putra ratu Cempa.).
    • Nyai Ageng Pambayun, (garwa ratu Cempa.).
    • Nyai Ageng Panengah, (putra ratu Cempa).
    • Nyai Ageng Waruju, (putra ratu Cempa. [25]
  1. Ingkang sinaré ing Majagung Tapakan.
    • Pangéran Pangulu.
    • Kebayan Tuhu.
    • Kyai Sudimara.
  1. Ingkang sinaré ing astana Kajongan.
    • Radén Arya Téja, (Bupati Tuban ongka 7).
    • Radén Ayu Arya Téja, (garwa Bupati Tuban ongka 7).
    • Radén Arya Panular, inggih Radén Arya Dikara, (Bupati Tuban ongka 6).
    • Nyai Ageng Manila, (ingkang ibu Kangjeng Susuhunan Bonang).
    • Nyai Ageng Rondha Kotha, (inggih Bak Ayu Kangjeng Susuhunan Bonang).
    • Kyai Ageng Ngadusi.
    • Kyai Ageng Marwati.
    • Kyai Ageng Gusniyah.
    • Kyai Ageng Wanapala.
    • Kyai Ageng Bathularé.
    • Radén Arya Ronggalawé, (Bupati Tuban ongka 2).
    • Radén Arya Shira Lawé, (Bupati Tuban Ongka 3).
    • Radén Arya Shira Wenang, (Radén Arya Wenang, Bupati Tuban ongka 4). [26]
    • Radén Arya Lena, (Bupati Tuban ongka 5).
  1. Ingkang sinaré ing makam dawa, kampung Sido Mukti.
    • Shéh Jali inggih Shéh Jalallodin.
  1. Ingkang sinaré ing cungkup makam agung (makam Sgung) punika wonten tiga :
    • Cungkup ingkan kilén Shéh Maolana Mahuler, asal saking Pacé (Cempa).
    • Cungkup ingkang tengah, Shéh Maolana Madu Mayang Mekar, saking nagari Palembang.
    • Cungkup ingkang wétan, Shéh Maolana Mayang Mekar, sadherékipun Shéh Maolana Madu Mayang.

Tiga-tiganipun wau sami sakabatipun Kangjeng Susuhunan Bonang. Ingkang sinaré sajawining cungkup Shéh Maolana Japati, (putranipun Kyai Ageng Ngrashéh, (Bupati Tuban ongka 9) santrinipun Shéh Maolana Mauler. Ingkang sinaré ngandhapipun Kangjeng Imba, punika Shéh Prang Wadana.

  1. Ingkang sinaré ing astana Panyuran Nyai Ageng Mayura putra Kangjeng Susuhunan Ngampel (ingkang Bak Ayu Kangjeng Susuhunan Bonang).
  1. Ingkang sinaré ing atana Gesik distrik Rêmbés. [27]
    • Shéh Ibrahim Asmara, saking nagari Cempa, ingkang éyang Kangjeng Susuhunan Bonang.
  1. Ingkang sinaré ing astana Bendhongan Shéh Ngabdul Satari, inggih Pangéran Pager Warih dalah ingkang garwa.
  1. Ingkang sinaré ing astana Panitikan dhusun Brondongngan (Batu Retna) Radén Jaka Mukri, ingkang rayi Kangjeng Susuhunan Kudus.
  1. Ingkang sinaré ing pasaréyan Tundhung Mungsuh (Klamber) inggih punika Radén Gagar Manik putranipun Kangjeng Sultan ingkang kaping II ing Mataram.
  1. Ingkang sinaréing Gedhung Maolana (Majagung Lor).Shéh Maolana Iskak.
    • Ingkang garwa.
  1. Ingkang sinaré ing Kali Gunting, dhusun Pronggahan, inggih punika Kyai Ageng Papringan (Bupati Tuban ongka 1).
  1. Ingkang sinaré ing gedhung dhusun Gedhondhong, (Gedhong omba).
    • Shéh Lemahbang sarimbit.
    • Ingkang garwa, (putranipun Kyai Ageng Tegal Omba).
  1. Ingkang sinaré ing astana Atas Angin (Gedhong omba).
    • Cungkup ingkang ler wétan Prabu Brawijaya Pamungkas.
    • Cungkup ing wétan Pangéran Atasangin. [28]
  1. Ingkang sinaré ing gedhong Pakuncén (Brondongan) nami Radén Arya Déwa Bratha, putra Kangjeng Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinare ing Kajaranom (Slema = Sukalilo) Shéh Mahmud ngulama saking nagari Pahang.?
  1. Ingkang sinaré dhateng pasaréyan Pasekan Nyai Ageng Langgeng, putranipun Kangjeng Susuhunan Ngampel.
  1. Ingkang sinaré ing Pasaréhan kampung Kingking Kidul wonten 3 :
    • Cungkup ingkang kilen : Kyai Samadiyah.
    • Cungkup ingkang tengah : Kyai Marom.
    • Cungkup ingkang kidul : Kyai Mahmud.
  1. Ingkang sinaré ing makam Pathi (Kebonsari) putra saking Pathi wasta Radén Surangga, nyakabat dhateng Susuhunan Bonang.
  1. Ingkang sinaré ing makam Kusén kampung Kali Bon punika juru seratipun Prabu Brawijaya Pamungkas wasta Radén Sabar.
  1. Ingkang sinaré dhateng dhusun Prungahan (sakidulipun Majagung Tapakan) punika Radén Barat Katiga.
  1. Ingkang sinaré ing sjawining astana Kangjeng Susuhunan Bonang, Pangéran Arya Pamalad (Bupati Tuban ongka 15).
  1. Ingkang sinaré ing Tajung Awar-awar distrik Jenu (Tuban).
    • Shéh Fakir Miskin.
    • Dewi Asariyah, (putra Kangjeng Sultan Banten) [29]
  1. Ingkang sinaré ing dhusun Kepoh (sukolila) punika Pangéran Andong Wilis asal saking Pacangngan (Madura).
  1. Ingkang sinaré ing cungkup Kaliuntu, distrik Jenu, Shaid Madrus Amad Ibdu Kajan saking nagari Ngadan.

Cungkup ingkang kidul Kyai Ageng Shawo : sarimbit putra Kangjeng Susuhunan Ngampel.

Cungkup Jene ingkang wétan pyambak : PangéranAlas inggih Shéh Muhkhamadinul Ngarifin putranipun Pangéran Kara Welang.

  1. Ingkang sinare ing Cungkup dhusun Nambangan.
    • Pangéran Gambangan.
    • Ménak Cliring.
    • Kyai Ageng Ngeso
  1. Ingkang sinaré ing Jojogan (Nglirip) inggih punika Pangéran Kusumayuda, nami Kyai Abdul Jabar, putra Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinaré ing distrik Réngel punina Pangéran Purbaya, putra Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinaré ing dhusunPekuwon distrik Réngel punika Pangéran Dhandhang Kusuma, putra Sultan pajang nami Kyai Pasu. [30]
  1. Ingkang sinaré ing dhukuh Dringo, dhusun Jegula distrik Réngngel inggih punika Kangjeng Ratu Ayu, putra Kangjeng Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinaré ing dhukuh Karang Kali, dhusun Mentoro distrik Réngngel Pangéran Pringgadani.
  1. Ingkang sinaré ing dhusun Sundhulan distrik Réngngel inggih punika Kangjeng Ratu Ayu, putra Kangjeng Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinaré ing dhusun Pucangan Onder distrik Montong, punika Pangéran Ngisa, putra Sultan Pajang.
  1. Ingkang sinaré ing Dagangan distrik Sanggahan Kyai Adipati Cakra Nagara, Bupati Tuban ongka 25; wondéning Kyai Adipati Purwa Nagara (Perlos) sinaré ing Demak.
  1. Ingkang sinaré ing Majagung wétan ingkang Lér, Kangjeng Pangéran Citra Soma kaping VII.
  1. Kangjeng Radén Tumenggung Citra Soma kaping VIII, sinaré ing Majagung wétan ingkang kidul.
  1. Kangjeng Radén Tumenggung Citra Soma kaping IX, sinaré ing Majagung wétan ingkang kidul.
  1. Kangjeng Radén Mas Tumenggung Sumo Brata sinaré ing Daganing astana Bonang.
  1. Kangjeng Radén Adipati Arya Kusuma Digdaya, sinaré ing makam Pathi.

Versi pdf-ipun saged dipun unduh wonten mriki.
versi naskah aslinipun saged dipun unduh wonten mriki.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: