alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SASMITA RASA


SERAT SASMITA RASA

Tegesipun : Pralambanging rasa,
medharaken ébah osiking pangraos
ingkang badhé mahanani begja cilakaning manungsa,
tumraping lalampahan, titikanipun para bijaksana
ing cipta sasmita, duking jaman kina.

Winangun gita ing Surakarta
Warsa cinondo sangkala :
Ngesthi Gati Slira Ngudi
(1858)

2e DRUK

UITCEVERIJ EN BOEKHANDEL
SROOMDRUKKERIJ “DE BLIKSEM”

SOLO 1927

Kasalin saking aksara Jawa
ing aksara latin dening
Mas Kumitir

Sidoarjo, 1 Januari 2017

———@@@———

—————————————————————————————-

Isinipun serat punika :

Ha   :   Pénget tumanggaping budi;
Na   :   Panengeran wong kang bakal nemu bebenduning Sukma;
Ca   :   Panengeran kang bakal nemu sih pitulunganing Sukma;
Ra   :   Panengeran kang bakal nemu kasusahan.
Ka   :   Laku kamungguhan;
Da   :   Laku kalantipan;
Ta   :   Laku kagunan;
Sa   :   Laku kaprawiran;
Wa  :   Laku kadibyan;
La   :   Laku kawapadan;

[5]Ha
Pénget Tumanggaping Budi

Lamun ana osik kiréng galih, dén sami waspaos obah osik ana pinangkané, kaungkiha dén kongsi kapanggih, kang saréh kang ririh, ngarah mrih rahayu.

Sakehing osik iku titikané, katerangané sawatara kapratélakaké kaya ing ngisor iki.

Osik iku dumunung ana ing kaélingan mungguh kang diélingngi dudu prakara kang kagusthi ing sadina-dina, yaiku prakara kang tuwuh ana saburining pamikir, tumekané mung kalayan dadakan kayata : éling goné tumitah urip éling goné bakal nemahi pati, éling kahananing lalakon kang bakal tinemu ing awakké, tumiba ala utawa becik kapénak lan ora kapénak kang mangkono iku diarani : osik déné ananing osi tuwuh saka meneping budi, kena ingaran : Wahyaning Cipta Sasmita.

Osik mau dadi penengeran manawa duwé osik éling sumedya nglakoni becik ing ngalamat bakal nemu kapénak manawa duwé osik éling sumedya nindakakéala , iku uga dadi ngalamat bakal nandhang ora kapéna[6]k uripé ana kang donya tumeka ing delahan dadi wosé osik iku warna loro, prakara iku karêpé padha ngarah luru énak lan kapénak énak iku rasaning pangenyam kapénak iku rasaning pratingkah.

Iki pépéngét kang bangét-bangét muga aja lali ing pamusthi. Mulané wong urip kudu nyumurupi obah osiking kang budi, amarga kanggo pandoman lakuning cipta, pakoléhé bisa nuntuni kauripan kang katitik katon becik déné becikking kahanan nuwuhaké kasembadan ing wekasané muka senengngan.

Na
Panengeran Wong Kang Bakal Nemu Bebenduning Sukma

  1. Gumuyu kang tumeka, luwih saking katon kena sinayutan, kayata : kapranan pqangrasané, sebab saka kacondhongan pamikiré, yaiku ngrasakaké sadhengah kacucutan kang andadVkakV latah. Utawa maneh nyukuraké kojuring mungsuh, goné kaweléh tansah ginagarap nganti andadé[7]kaké bangeting kaduga kang ora kira-kira, ora ngalingi sisikuning batin yén panguguk iku kalebu bungah-bungah, watakké kerep lali marang kabatinan wekasan antuk bebenduning sukma, saka lirwaning tindak kang andaluya.
  2. Napsu kang tumeka, luwih saking katon kena sinuyutan, kayata : kadadak kabrananging pikir, jalaran duwé panganggep marang sarawungngané, rumasa kaina kadiksuran kaéwanan kang gawé kagét sarta nuwuhaké untaping pikir, nganti ora ngélingngi rusakking karuntikan kalah menang padha nandhang kapitunan.
  3. Arip kang tumeka, luwih saking katon kena sinayutan, kayata : rina wengi tansah ngantuk kudu turu, ésok awan soré, mung tansah ambaliyut jalaran kadadak ing sabab saka kendhoning otot dadi pancering mrimat nganti ora ngélingngi marang pangupakaraning raga kang ora ajeg iku andadékaké owah lakuning getih, ing koro kerep wuwuhé kalalara.[8]
  4. Derênging karêp kang tumeka, luih saking katon kena sinayutan, kayata : banget kapinginé kani (kanthi) hawa napsu kang marangasmara marang kang nyulayani, yaiku sadhéngah kang ora bisa anduwa hardaning sedya, nganti ora ngélingi, yén derêngnging hawa napsu iku, ora bisa dadi rahayu, beneré kudu pineggak supaya ora andadékaké rusakking tedhak.

Pepali kang wali-wali, muga aja lali marang pamusthi, mulané wong urip kudu nyumurupi sasmitaning bebendu, supaya tandhuk kang nuwuhaké susah, padha ginedhongnga ana papan pasaréhan tegésé : sinaring karêgen binuwang, kang resik rinasuk, pamrihé nyunyuda duka, pirang bara sirna antuk pangaksama, wekasan widada panawunging sukma. Papali iki becik nuli dilakoni, ing mangko bakal sumurup tandha yekti kang dadi basuki.

Ca
Panengerané Wong Kang Bakal Nemu Susah Pitulungané Sukma.

  1. Kaélingan kang tumeka, kongsi mijilé kéwaspa, kayata : rumasa apes kawul, cu[9]peting panemu, ring kehing raga, sarta tan bisa widada.
  2. Jatmika kang tumeka, kongsi mijilaké panalongsa, kayata : rumasa kasluru utawa kaliru, ora patut salah ora kaprah, pinter durung bener, ongéh dadi goréh, wekasan nuwuhaké antengnging pameleng.
  3. Warek kang tumeka, kongsi mijilaké pamarem, kayata : panarima jalaran saka nyirêp pangongsa, ngiwakaké karsa, ngung kuraké murka, ngarepaké legawa, nengenaké darma.
  4. Sokur kang tumeka, kongsi nijilaké panarima, kayata : ngluhuraké sukma, karana sakehing titah iku, kawula dadi kanggepa sapadha-padha, kabéh padha anduweni sedya kang becik déné ana kang nuwuhaké piala, iku jalaran saka pé[10]peting pakéwuh, sarta cupeting kawruh, mergané kudu sumarah lan sumanggem sahagnyaning sukma.

Wantu-wantuning pametik muga aja lali ing pamusthi. Mulané wong urip kudu nyumurupi sasmitaning pitulungan supaya bisa numusi kalakoné, marmané disantosa ing cipta, aja pisan-pisan kongsi katuwuhan tetenger kang dadi kosok baliné sih, iku bisa nuwuhaké sedih, yén widada kadunungan tandha  utama, pakoléhé tan kasangsaya, ing wekasan dadi mulya.

Ra
Panengerané Wong Kang Bakal Nemu Kasugihan

  1. Luh kang mijil tanpa karana, ingaranan : Udrasa, kayata : Karasa rumasa ora sembada, ngangkat ora kuwat tadhah ora kaconggah, mangsah tansah kalah wanter kalah pinter, kalah rosa kalah santosa karo sapadha-padha, nganti andilalah tanpa pangarah, ora sumedya nunuman marang tahan ora maju marang laku.
  2. Wicara kang kalédhon tanpa karana, ingaran : Cara Méda, kayata : Pikir ura, o[11]ra bisa menang, jalaran ngrasakaké kang sanadyan di kandhani ora dilakoni, ora ngréwés pitutur kang bares tinenggenaké mung bongsa paés.
  3. Mambu ganda ala tanpa karana, ingaran : Durganda. Kayata : mambu kang pating klenyit ora ana wanginé, sapanunggalané, sarta ora sumedya ambudi sirnaning gagonda kang ana ing padunungan kono, sanadyan nganti gawé lalara meksa ora grinahita.
  4. Ati naratab kang tanpa karana, ingaran : Nala Wigina. Kayata : keteg andharêdheg tansah dheg-dhegan rumasa uwas kuwur kalanthur ngawur.
  5. Sarira uyang kang tanpa karana, ingara[12]n : Naga Noma. Kayata : ngolang-ngaling gulasaran linggih orajenak turu or kap uyang kang tanpa karananak mangu-mangu kang panemu, sabarang kurang kuwagang.

Pangkon kang banget maton muga aja lali ing pamusthi. mulan uyang kang tanpa karana wong urip kudu nyumurupi samitaning kasusahan supaya ora nganti kataman marmané aja pisan-pisan anglulusaké, kaya kahanan kang wis kalakon iku, kudu sinalin lagon sarana pasinaon mungguh kang dadi pakoléhé, samongsa wis bisa atul banjur butul tegésé : ngolong narondhong marang pamawasing kasusahan kang bakal tumeka, ing wekasan bisa dhangan kanthi karaharjan.

———@@@———

Sawisé niteni panengeran kang ginawé andungkap kahananing sasmita rasa, luwih prayoga manéh nyumurupi kahananing laku kang pramati, supaya kena ginawé pipiritan utawa kanggo paugeran tumrap kang padha sumedya ing gugulang laku, awit sarupaning bebendu iku tuwuh saka kaliruning laku, kosok baliné, sarupaning nugraha tuwuh saka tindak kang utama, mungguh pratélané kaya ing ngisor iki. [13]

Ka
Laku Kamungguhan

  1. Sumeh ing pasemon yaiku ora nuwuhaké ulat rêgu, welu, anjabrut anjekutrut marêngut ambaesengut peteng, nyurêng, sirung lan anjebrung, mung tansah padhang kang nanarik rênaning panyawang.
  2. Saréh ing pangucap yaiku aris manis patitis genah, prenah padhang, gamblang, terang, wijang, cetha, tétéla, nganti ora andadékaké kodhenging panampa, apa déné ora brahok ora santak ora sengap ora cindhula, ora dhosa, ora songol ora kasar, sarta ora saru.
  3. Alusing solah tanaga, yaiku ora diksura, ora tranyakan ora calundhangngan ora plandhingngan sarta ora langkah ing pratingkah.
  4. Jatmikaning palungguhan ora rongéh ora goréh, ora nolak noléh ora édhég ora andgangak ora canguhgukan tansah jenjem sarta jinem nganti nganti katon mandhawa[14]ni, ora ngurawani.

Da
Laku Kalantipan

  1. Bisa nampani surasa, yaiku sumurup laraping ukara, nyandhak tanggap tanduking basa, mulat ulahing solah, tanpa lérégging swara, sarta pana séléhing sedya.
  2. Lebda mangsuli pangandika baut ngulihaké pethukkaning basa, ora nalisir karo dhadhapukané, mungguh kang dhapur carita, korup kocap lan kecapé, déné kang dhapur pitakon winangsulan pituduh lan pitutur, kayata : pitakon jenéng, tembungé : sapa. Pitakon katetepan tembungé : apa. Pitakon rupaning barang utawa araning papan tembungé : éndi. Pitakon dunung, tembungé : ngendi, pitakon cacah, [15] tembungé : pira. Pitakon angkataning mongsa, tembungé : kapan, pitakon katurangan tembungé : kapriyé. Mangkono lan liyan-liyané.
  3. Nyandak marang sasmita, yaiku sumurup maring ulat liring, kedhap kilat solan-salining kahanan sarta laraping saloka.
  4. Ngerti marang wawadi, yaiku ngunci samubarang kang ora kena winedhar, rumeksa marang kawiragan, nutupi marang karikuhan.

Pangiri kang wanti-wanti, muga aja lali kang pamusthi. Mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kalantipan supaya awas ing pamawas ora andadékaké kandhegging pangancas pakolehé bisa buntas waluyaning jiwa raga bisa nunggal ing sasana.

Ta
Laku Kagunan

  1. Wingiting pasemon yaiku antengnging praupan ora réséh ing prtingkah, ora juwéh ing calathu, sarta ora réméh ing kakarêpan.
  2. Rigena ing tindak yaiku ngacakki sakéhing la[16]ku, samu barang rampung ramping, ora céwét ora kéthér, sarta ora rêmben apa déné ora rondhé endhé, sarwa sumurup kang dadi wosing wigati.
  3. Saronto ing sedya, yaiku ngatusaké panemu, samongsa durung pana ora sadaya-daya ing sedya, ora agé-agé kang tanpa gawé, ora grusa-grusu kang dadi kasluru, ora andadak kang nuntuni rusak sakehing tindak nganggo ngumbar sabar nguja darana.
  4. Membating pambudi, yaiku memes ora kaku ora kau, ora cukéng ora buteng, ora derêng, ora serêng, ora nyereng, ora angrangsang, ora murka, ora ngongsa, awit budi membat luwih kuwat unggahing darajat.

Pangarêp-arêp kang tetep, muga disanggem ing pangregem, mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kagunan supaya kaduk kadunungan sarana lawan mantra, marmané ana linanggana, balik kaudiya di nganti pana, pakoléhé ora kawekén lan ora kéwran ing pajongka, ing wekasan bisa karêgem ing asta. [17]

Sa
Laku Kaprawiran

  1. Wanthen yaiku wani sapatemon, wani caturan wani nembung. Wani anjawab sarta wani saba ing teba.
  2. Tatag yaiku ora miris ora wedi lara kangélan ora kagét ginetak ora nulak panantang, sarta ora sumelang tununggulan.
  3. Tangon yaiku mantep sarta tetep ora mingser saka ing papan ora oncat saka ing padunungan ora mingguh marang pakéwuh, ora milih marang mungsuh, ora mundur karoban ing lawan ora mlencing sumengka ing tandhing, sarta ora watak ngucira tinggal galanggang colong palyu.
  4. Tekat yaiku tahan sarta kuwat apa déné kelar dinadhar, sanadyan pinarwasa meksa santosa.

Pangudi kang banget binudi muga disanggem ing pangregem, mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kaprawiran supaya katut katularan marmané aja sinirik malah kaucik kang nganti becik pakolehé bisa kajn lan keringan ing wekasan dadi pangayoman. [18]

Wa
Laku kadibyan

  1. Arang calathu pamrihé melêngaké pamesu, pakolehé anggedhékaké prabawa, ing wekasan bisa kasumbaga.
  2. Arang kedhep pamrihé pramana marang karêntegging cipta, pakolehé sumurup wosing sedya, ing wekasan kajuwara ing jana.
  3. Ora mundhur pamrihé ora mayang tumoleh, pakolehé ngawakki kahananing rasa kang sinerang, ing wekasan bisa gawé ludhang samubarang.
  4. Ora samabat yaiku ora angresah, ora ngersula, ora watak anjaluk pitulung, samubarang kudu linakon pribadi, pamrihé kanggonodhi budi, pakolehé dadi mondra guna sura sekti, ing wekasan bisa nampani bulu bekti.

Pitutur kang luwih luhur muga disanggem ing pangregem, mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kadibyan supaya luhur kamanungsané, genep pirantiné, tata uripé, pakolehé sinuhun suhun ing wekasan bisa dadi tutunggul nyénaphaténi ing bawana. [19]

La
Laku Kawaspadan

  1. Nyunurupi wong sedya sarana panalika, yaiku nganglangngi obahing budi, sarta anjajah surasaning karsa.
  2. Nyumurupi wosing warana, yaiku aling-alingnging karsa lan aling-alinging jiwa. Aling-alinging karsa, liré : nindakaké samudana ulas-ulas api-api réka-réka, sapapadhané. Déné warananing jiwa yaiku raga, sok sumurupa ragané iya sumurup jiwané, sok sumurupa lahiré iya sumurup batiné, wekasan bisa titi marang sajati.
  3. Nyumurupi wosing pakarti, sarana niniling warta kang sajati utawa ninilas lalabuhan kang wis karuwan mungguh pakolehé niteni bédaning ala lan arja, wekasan nisa ngepakaké pangaribawa.
  4. Nyumurupi wosing rubeda, sarana kawiwékan karayitnan sarta kasujanan yaiku ngepakaké dudungkapan kalawan matengnging duduga lan papatara, wekasan bisa resik tanpa sisik melik.

Piweling pangéling-éling, uga aja lali ing pamusthi. [20] Mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kawaspadan supaya ora mamang marang samubarang, ora samar marang gelar, ara talompa marang gaé, ora léna marang panggodha, sarta ora cawuh marang kawruh, wusana nuntun mulya lan raharja, ing donya tumeka pangayam-ayaming laya.

———@@@———

Purwaning pariwara rinenggep
kang sarêgep kanti anteping ati
kang tetep supaya nuwuhaké
kasembadaning karêp.

Versi pdf-ipun saged dipun unduh wonten mriki.
versi naskah aslinipun saged dipun unduh wonten mriki.

serat_sasmita_rasa

Advertisements

1 Comment

  1. mdazmishah

    aslmkm wr wb..
    bgmn sy baca baca semua articledl dsini dlm bahasa indonesia?
    saya tdk mengerti Bahasa Jawa.
    mohn maaf.
    wasalam
    azmi

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: