alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

LAYANG SASMITA WRINITYA


LAYANG SASMITA WRINITYA

Mratélakaké sasmitané wong arêp nemu pakolih
utawa kapitunan kawistara saking semu,
tumrap tangkebbing sarawungan.

Purneng gita ing Surakarta
Warsa cinondra sangkala :
Madyaning Satata Angésthi Condra
(1858)

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ “DEBLIKSEM”

SOLO 1927

Kasalin saking aksara Jawi
Ing aksara latin déning :

Mas Kumitir

Sidoarjo, 15 Januari 2017

@@@

———————————————————–

[3]SASMITA WRINITYA

Sasmita, tegesé : Ngalamat.
Wrin, tegesé : Weruh.
Nitya, tegesé : Semuning ngalamat.
Dadi : Sasmita Wrinitya, karêpé : ngalamating kawistra saka pasemoning kono. Babaraké pratélakaké ing ngisor iki :

Sarawungan

Awit saka sadina-dina manungsa tansaha niniténi, samubarang kang tinemu ing dalem uripé, iku bisa nuwuhaké ungahing pangraita, tumrap sarawunganing manungsa. Sarawunganing iku yén kapatitisaké pamawasé, dadi ngalamat ala becikking lalakon kang bakal makoléhi utawa mitunani, katon saka tanggap tanduking patrap lan pangucap utawa tangkebing sapatemon, jéréngané mangkéné :

  1. Titikan.

Kang tumeka ing surasané muwuhi rijeki utawa panemu apa ngelongi. Yén muwuhi ngalamat bakal pakoléh, sanadya muwuhé mau ngandhut pangarah. Yén ngelongngi ngalama[4]t bakal ora pakoléh, sanadyan kalongé mau bakal anduwéni kaundhakan sabab séjé mongsa iku bisa gawé owah gingsiring pamikir, iku wis kalebu ing babasan : dhék wingi lan sésuk iku kalah karo saiki. Dadi kang perlu iku ya saiki, sarta manéh sanadyan paguting gunem sajak nyenéngaké, iya durung kena katetepaké, awit tandukking patemon iku mung lagi kondha, éwadéné yén wis cundhuk karo kira kirané, sarta nganggo wawaton kang patang prakara : kandha iku kalah déning tondha, tondha kalah déning nyata, nyata kalah déning yekti, upamané mangkené :

Ana wong kondha bisa gawé klambi, tandhané prigel ambedhahi, sarta baut andondomi bakal nyatané bisa kalakon dadi klambi, yektiné kena dianggo kalawan kapénak, kang mangkono dadi titikan ngalamat bakal pakoléh, déné bedané nyata karo yekti iku kayata mangkéné : Si Suta saiki wis Sugih, tandhané goné nganggo sandhangan sarwa becik lan murwat jarité tigas klambiné sutra a[5]nyar, ali-aliné mripat inten, tétéla yén sugih, nyatané nganggo-anggo srwa becik nanging bareng kayéktékaké ali-ali mau jebul silihan, kang mangkono durung dadi wawatoning pangandel, prakara iki ora nuntuni marang cupeting pangandel malah marsudi marang kawiwekan kaprayitnan lan kasujanan, patemon wau kudu katitik kahananing lair, bathi dhisik apa kari, yén bathi dhisik iya becik wis genah pakoléh, yén bathi kari durung mesthi, mesthiné yén wis tumeka ing wanci, awit wosing surasa iku, kena  kawawas saka kawaspadan yaiku nyumurupi pada lungsining karêp kanggo paugeran suméléhing gunem.

  1. Tumeka.

Kang tinekan tangkebing patemon rêna apa ora. Manawa rêna, rênané mau samudana apa pasaja. Yén pasaja iya nbakal pakoléh, yén samudana iya bakal kapitunan, déné panitiké samudana lan pasaja, kena kalalar saka nalar-nalaring kono, nyebal naro kahanané apa ora. Yén nyebal iya samudana, yén nétési iya pasaja. Mungguh kang nyebal upamané mangkéné :

Wong kang mengku balé omah gedhé sarta patut barangngé [6] sapirang-pirang. Prabot pirantiné becikbecik mangkono banjur anduwéni kondha kang nelakaké kamlaratané, ing sadina-dina, ga : pangan ga : ora, sumelang yén katempuhing panembung wong kang luru butuh, nganti dibandani kandha kang anggawa praja, liré : gawé kusut marang awaké dhéwé, iku tétéla mung ulas-ulas, kosok baliné wong kang kahanané ora mejaji, banjur anduwéni kondha anggarap dhuwit éwon tur sugih pametu, iku iya mung gelar kanggo api-api baé, kang mangkono bakalé ora makoléhi.

  1. Kapethuk utawa patemon ana ing dalan.

Patemoné rêsep apa kemba, tanggap apa tumembuh. Yén rêsep sarta tanggap iya bakal pakoléh. Yén nemba sarta tumembuh, iya bakal ora pakoléh. Sanadyan tanggapa utawa rêsep, yén mung anggunem sarta mokaléhaké perluné dhéwé, iya bakal ora makoléhi, éwadéné yén padha  ngrasakaké kangdadi perluné saka loron iya bakal makoléhi, kajaba kang patemon mung sadléréngan.

[7] 4. Srawungngan karo batih.
(kang dadi ingon nunggal saenggon)

Ulating bojo peteng apa padhang. Yén padhang sarta turut-tinurut ing panemu, iya bakal gangsar, gampang kang kaarah. Yén peteng sarta cengkahing batin sabab saka sulaya ing karêp iya bakal siyal kangélan kang kaarah, sebel pangudiné marang pakoléh. Apa manéh tumrap marang anak kang wis diwasa, manawa ora ambangun turut iya bakal ora pakoléh. Kang tumrap marang batur, manawa kurang sregep sarta kurang tumemen iya bakal mitunani. Déné kang bakal mitunani manawa kabéh padha runtut ora ona kang pasulayan iku bakalé pénak sarta makoléhi, amarga padha nunggal laras ora ana kang saléca karêp wekasan anggampangaké sedya kang kaudi.

  1. Srawungngan lan sanak sadulur utawa akrab.

Yén tangkebing patemon isih rumaket ora nganggo sika-siku, iya bakal pakoléh. Yén wis kumliya sarta kurang rêsep iya bakal ora pakoléh. Rumaketing lair iku béda karo rumaketing batin manungsa bisa ngra[8]sakaké gelar gulunging gunem kang sejati.

  1. Srawungngan lan tongga.

Yén labuh linabuhing kabutuhan sarta mathuk padha ngudi kasenengan iya bakal pamér-paméran ngandakaké ajiné duwékké dhéwé, sarta ora anggunem kacingkrangnganing tatanggan iya bakal ora pakpléh, selawasé tansah kumliya.

  1. Srawungngan lan kanca.

Yén bantu-binantu padha ambirat pakéwuh, sarta gelem tulung-tinulung ing karibedan iya bakal pakoléh. Yén mung amburu kacukupé dhéwé, iya bakal tanpa gawé.

  1. Srawungngan lan wong kang durung wanuh.

Yén tangkebing patemon nyambung rembugan kang kalawan kapénak sarta [9] methuk padha jongngé pakoléh. Manawa ora mathuk ora pethuk iya bakal ora mathuk dadi tangkebing patemon mung lamis-lamis lambé baé, ing wekasan tanpa gawé.

  1. Srawungngan lan wong kang wis wanuh.

Sapisan, kawawas sasemoné. Kaping pindho, pangangoné genep sarta rêsik tembungé katon rêna, tondha prayoga, bakal mahanani bungah. Déné manawa pasemoné memelas pangangoné kurang pantes tembungé ngasih-asih, wong mau tandha ngandhut prihatin, bakal mahanani ribed.

  1. Srawungngan lan pawong mitra.

Yén nelakaké kangén sarta wuwuh rumaketé, iya bakal pakoléh. Yén ora mangkono, sarta tangkebé rada kemba, iya bakalé ora makoléhi. Apa manéh yén wis ora rumeksa marang karikuhané mitra, malah ngalamta bakal pedhot.

  1. Srawungngan lan sapadha-padha.

Yén tangkebing patemon kanthi anoraga, sarta mengani jembar[10]ing polatan liré : padha nimbang endi kang kepénak linakon tumrap pangudining pakoléh, iya bakal pénak, yén tangkebing patemon tanduking deksura, sarwa ora sumedya nyambung kabutuhan iya bakalé ora pakoléh.

  1. Srawungngan lan sapadha-padha.

Gelar wutuhé kapriyé. Yén ambaledak katon ora ngéman  bondha, tandha bakal mahanani kabungahan, déné manawa wong sugih mau nanjakaké pétung, tumraping sarawungan nganti katon angguthil iku tandha bakal ora makoléhi.

  1. Srawungngan lan wong mlarat.

Kawawasa kang dadi tékadé, yén sumarahing pangréh, ambangun-ambangun turut sarta ora ngémung bau suku, tandha bakal mahanani kauntungan, déné yén wong mlarat mau adol umuk sarta kamélikané kadokok ing ngarêp nganti katon enggoné anduwéni pamrih, tandha bakal mahanani kapitunan.

  1. Srawungngan lan wong mejana.
    (liré : ora mlarat ora sugih)

Yén gunemé seseg angrembug pangawéyan utawa ngrembu[11]g liya-liyané kang nélakaké pakoléhé, tandha bakal mahanani kauntungan, déné manawa bakal nuntuni kapitunan.

  1. Srawungngan lan wong pinter.

Kang mawas kawruhé, yén ulah ngélmi kabatinan kang kalayan yekti, tandha bakal mahanani karaharjan, déné yén wong pinter mau kawruhé mung kawruh kalahiran sarta di sasapi gelar, samudana lalamisan tandha bakal mahanani karusakan.

  1. Srawungan lan wong busuk.

Yén mangan wuruk sarta anggatékaké ing pitutur, tandha bakal mahanani kabegjan sabab wong kang mangan wuruk mau calon dadi dandanan kena pinitaya ing panggawé yén gedhé. Déné manawa wong bodho mau gunémé doso dhasar ambrengkelo, sarta ngugemi panemuné, dhéwé, tandha bakal ambubraha kétata, sarta ngrusakaké cara.

  1. Srawungngan karo dhudhuwuran utawa panggedhé.

Yén patemoné manggung mituturi, utawa wulang wuruk [12] sarta tansah gawé ririgen apa déné, paring pratikel kang kapénak iya bakal pakoléh, yén ora rumengkuh ora anggapé, iya tanpa gawé, tegésé ora sumedya nuntun marang sor-sorané, wekasan ora makoléhi.

  1. Srawungngan karo karéréhan.

Yén karéréhané ngepék-epék sarta sumusup apa déné sumarah marang dhudhuwurané tumraping pangluruh, iya bakal pakoléh. Yén malah ladak sarta sumengguh, iya bakal kangelan pangarahé marang pakoléh, terkadhang mung nuwuhaké éwaning panggedhé baé.

  1. Srawungngan karo bongsa luhur.

Kudu kawawas sarasaning karsa, yén tansah anggunem kautaman lan kasubratan tandha bakal dadi pangauban sarta kena di susupi. Déné manawa bongsa luhur mung manggung anggunem lalangen kamuktén sarta kawibawan tandha bakal mahanani kamlaratan apa déné anggégéndang ing ngakéh.

  1. Srawungngan karo wong ngisor.
    (bongsa kawula)

Kang kawawas karêpé kang adakan yén katon waléh, [13] liré : mung masajakaké kangdadi wosing sedya, tandha bakal mahanani kamayaran, déné manawa wong ngisor mau ancéngkok sarta kakéhané onggok ora anglungguhi enggoné dadi wong ngisor, tandha bakal ora maédahi.

  1. Srawungngan lan satru utawa mungsuh.

Yén srawungngané isih munget-munget semu-sumengit sarta laladak iya bakal ora kapénak, yén wis sirêp sarta sarêh, iya bakal pakoléh.

  1. Srawungngan karo wong julig.

Wondéné srwungngané karo wong kang nandukaké gelar kajuligan liré  : ing lahir ngemohi, nanging ing batin ngarêpi, ing lahir pradah, nanging ing batin ngarah, sapapadhané, iku kudu kawawas sasantosaning atiné, samongsa onya, tandha ora pasaja iku bakal mahanani pasuwalan kang mangkono sarawungané, aja nganti dadi sengit, prayoga di kendhoni, supaya wudhar.

——— @@@ ———

 

Déné panitih kabéh mau, ora liya mung katon saka ing pasemon patrap lan pangucap, iku kang nela[14]kaké rasaning ati, janji wis kacandhak wosé, dadi ngalamat bakal wusanané.

Wong srawungan iku wis andudut rasaning pamikir, terkadhang nuwuhaké seneng, terkadhang nuwuhaké gela lan éwa. Kang nuwuhaké seneng, iku dudungkapan rasané kena kang kinira cundhuk lara rasané kono, yaiku condhong, condhong tetembungané, condhong pratingkahé, sarta condhong lagon lagéyané, kayata : padha dhemené ginunggung, padha demené diajéni, kang sinarawung ora condhong yén dialem, kang sumarawung dhemen diajéni, kang sinarawung ora kapengin oléh pakurmatan dhemené mung barés lan pasaja dadi nampik marang tindak lalamisan nanging saréhning isih dhemen marang tata krama, dadi panampikké mung binatin baé. Tarkadhang manéh, kang sinarawung dhemen diwéwéhi, nanging kang sumarawung dhemen sapadha-padha, wéwéh winewéh, tulung tinulung, sarta ora gawé kapitunaning liyan, dadi wis tétéla banget wong kang lagi sarawungngan baé, wis nuwuhaké dudungkapan warna-warna, [15] apa manéh yén sapatemon kanthi wawan gunem rasaning pamikir saya warna-warna banget nanging saréhné warnaning petemon iku ora kena cinacahaké, sarta ora kena binastu, dadi mung anjupuk wawaton kang dadi gaprukké baé kapriyé, ora liya kang surasané sasmita wrinitya, kang wis kapratélakaké ing ngarêp, déné manawa srawungngan utawa sapatemon karo wong kangtansah langkahing pangucap kuminter, gumuna, dhumukun gumuru, gumedhé, kumingsun sarta kumasura, apadéné tansah ngumukaké becikké dhéwé, nyaritakaké alaning liyan utawa ngumukaké sawijining wong,  tumrap ala becikké, sugih mlaraté, bodho pinteré, lan bener luputé wong kang diumukaké mau, iku aja agé-agé ginugu, kudu ngenténi tandha yekti kang dadi sahing katemenan, luwih manéh yén spatemon karo wong kang sir pikiré, saya ora perlu kalebokaké ing ati. Iku bakal migunani, apesé oléh wuwuh panemu, pirang bara oléh raja braja sarta oléh kapénakking awak kang mang[16]kono pantes kaudi kalakoné, déné pangudiné ora liya mung sarana tindakking kabecikan kang kalawan saboboté.

Ing wusana surasaning piwulang kang kamot ing Layang Sasmita Wrinitya iki, muga andadekna kapénakking tindak tumrap kang padha sarawungan minongka pambirating karibedan mung kariya nemu karaharja.

=== @@@ ===

Versi pdf-ipun saged dipun unduh wonten mriki.
versi naskah aslinipun saged dipun unduh wonten mriki.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: