alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

LAYANG SASMITA TITIKA


LAYANG SASMITA TITIKA

Mratélakaké sasmitané wong arêp : metu
seneng utawa sedih, katekan utawa ora katekan
sedyané, nemu bungah utawa susah,
nemu begja utawa cilaka, dawa utawa cendhak umuré,
kabéh mau katitik saka patitising kawruh titikan,

purnéng gita ing Surakarta

Warsa cinondra sangkala :
(1858)

1e Druk

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ ‘DE BLIKSEM’
SOLO 1927

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo 10 Januari 2017

@@@

SASMITA TITIKA

 

[3] Sasmita, tegesé : ngalamat utawi pasemon.
Titika, tegesé : Kawruh titikan.
Dadi : Sasmita titika, karêpé : Pasemon kang kapariksa saka ing kawruh titikan, babaré kapratélakaé ing ngisor iki.

1. Sasmitané wong arêp nemu seneng utawi susah,
katitik saka rasaning awak.

Sadina-dina rasaning awak kapriyé, kapénak apa ora. Manawa énthéng sarta dhangan apa déné ana kang karasa lara, ngeres, linu, ngelu, mules sapapadhané, iku aran pénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu seneng, senengnging ati nélakaké anggawa pakoléh.

Kosok baliné, manawa rasaning awak abot aras-arasen ngaléntroh mung tansah kusu turu baé, sarta tansah laranen, iku aran awak ora kapénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu sedih, sedih ing ati nélakaké anggawa kapitunan, yén anduwé[4]ni rasa kang kaya mangkono, sakéhing kakarépan kaendhakaké dhisik, mulané manawa krasaa ora kapénak sathithik baé, prayoga nuli kasirnakna sarana totomba, aja nganti kabanjur-banjur, awit lalara iku manawa kaeningaké, watakké saka angrebda. Luwih manéh manawa arêp lulungan adoh, sadurungé mangkat mamalaning awak kudu di rêsikki disik kang nganti bagas kuwarasan apa urus-urus apa adus kramas apa kethok-kethok kuku, lan liya-liyané, kang ora andadékaké pakéwuhing lulungan aja kongsi nemu lalara ana ing paran supaya ora nuwuhaké ribeding pamikir, kajaba yén lunga tirah.

2. Sasmitané wong arêp katekan utawa ora katekan sedyané,
katitik saka kahananing lalakon.

Titikané wong duwé kakarêpan sanadyan kakarêpan tumrap sadhéngah, manawa sarwa gampang, utawa ora kangelan bakal kalakoné, sarta ora kena ing sambékala lan rubéda, apa déné adoh ing godha rêncana, iku ngalamat bakal kadadiyan sarta makoléhi, kayata : wong [5] duwé karêp kapéngin duwé gawé mantu, nganggo pasamuwan mongka jodhoné ana kang gangsar, (panjenengan dalam Nata isih ngagem pétung kang ambiyantu akéh, wong tuwa utawa padha rujuk sanak sadulur sayuk bocahé padha mathuk, kang mangkono nélakaké bakal kadadiyan wekasan kang di mantokaké iya dadi ambangun turut goné bobojowan padha asih atut runtut temah bisa nurunaké anak putu babranahan rijekiné tansah sempulur ora kendhat nganti kakén-kaén ninén-ninén.

Kosok baliné, manawa kakarêpan kang grag-greg nunggal-nunggil ikras-ikris ora kentheng-mantheng sawiji, iku iya dadi ngalamat bakalé ora pakoléh. Kayata : wong arêp lungan luru pagawéyan pikiré mangu-mangu ga arêp mangkat ga ora, dumadakan lakuné dadi kangélan ana baé pangkalané. Barêng dilakoni nembung pangawéyan marang sawijining panggedhé, diwangsuli séjv dina baé sabab saiki durung ana garapan bésuk sasi ngarêp baé kapurih bali. Kang luru pangawéyan kapeksa ngarantékaké, bareng tumekaning mongsa semayané di baléni, jebu[6]l wis dileboni wong liya, batiné kang nyarantékaké : ora genah anané, adoh-adoh diparani jebul ngoyani, pancén sembrana temenan gawé kangelaning laku baé. Kayata manéh : wong ajak-ajak prakara remeh, yaiku yén anjagong menyang tanggané diajak barêng, wangsulané kang diajak :  Kamanah rumiyin, iku uga nélakaké ora kadadiyan, kang di wangsuli gremengan ing batin : prakara gampang-gampangan baé kathik kangelan temen pamikiré, wong diajak barêng anjagong rak mung gelem lan ora, dadak semaya dipikir dhisik kabangeten temen goné ahli pikir, apa pikiré kuwi ora tahu dianggo mimikir, sabab wis angel dadi mung mangkat anjagong dhéwé-dhéwé.

Sanadyan ing donya ana lalakon kang wiwitané gampang, wekasané ora kalakon babasan : othak-athik di bethot angel, utawa wiwitané angel wekasané gampang, babasan thik-pril, kaya diné gebyos wadhah lénga wangi, kang tutupé rapet adu seret karo wadhahé, di bukak miring angélé pecat mati, wusanané barêng tu[7]tupé di thithik miring bisa mingar sathithik gréwél banjur menga.

Éwadéné gampang angélé mau kudu kadungkap sambung karo wekasané apa ora, yén sambung iya untung, yén ora sambung iya suwung.

3. Sasmitané wong arêp nemu bungah utawa susah,
kathithik saka kaconggahing budi.

Katitik saka kaconggahing budi,
utawa rasaning poncodriya.

Wong arêp nemu bungah, iku wis anggawa ngalamat kang ngantarani bakal tumeka, yaiku manawa :

  1. Ora duwé lalayan prajanji, kasaguhan semayan lan sanggeman kang kasangsitan dening liyan.
  2. Ora anduwéni butuh anjaluk pitulunganing liyan.
  3. Ora anduwéni kamilikan marang darbéking liyan.
  4. Ora kepingin oléh pangaji-aji saka pakurmataning liyan.
  5. Ora kapingin nulad kang dadi lakuning liyan.
  6. Ora kapingin methik kawruh kang dadi panemuning liyan.

Samubarang tindak kaconggah nglakoni sarta ngrasakaké dhéwé. Sawisé saka rasa mangkono, nuli anduweni ka[8]éngetan yén kabungahan iku nganggo watara, ora ambanjur tanpa andhegan nganti gawé lali marang apesing manungsa. Kang mangkono wis ngantarani cedhakking mangun kabungahan.

Kosok baliné, wong arêp nemu susah iku uga wis angawa ngalamating ngantarani tumeka, yaiku manawa :

  1. Rasaning ati tansah kumelap ora karuwan jalarané.
  2. Pangucapé ora patitis tansah anggladrah tanpa tuménja.
  3. Pratingkahé ambalasak tansah ora jujur.
  4. Lakuné tansah saléwéngan.
  5. Linggihé moyég tansah ora jenjem.
  6. Poncodriyané tansah moyar, ora maton kayata, manawa :
  7. Pangepokkaning awak ora nanggor, yaiku yén : nyénggol nyampé, nyampar, nyandhung, sapanunggalané, padha ora di rumasani.
  8. Pangandané ora landhep ora bisa ambédakaké wangi lan arum [9].
  9. Pangenyamé ora énak ora bisa ambédakaké gurih lan anyir.
  10. Pangrunguné ora dhamang, ora bisa ambédakaké cumenthéng lan kemlénthéng.
  11. Panduluné ora pramana, ora bisa ambédakaké putih lan maya-maya.

Yén wis kaya mangkono manungsa kudu yitna, ngandheggi karêpê, aja nglalu kabanjur lali, balik di enggal adusa gebyur, ésuk soré aja nganti kendhat supaya bisa ngungkad ngenteling kaéngetan, rumasaha yén manungsa kasinungan apes mulané kang prayoga banjur tobat nalongsa nyuwun pangapura sarta pitulunganing sukma.

4. Sasmitané wong arêp nemu begja utawa cilaka,
katitik saka woworané.

Kabegjan iku uga ana ngalamaté, kang dadi titkané dumunung ana ing woworan yén manggung woworan lan wong sugih kagunan, sugih kapinteran, sugih raja brana, sugih pangaotan, sugih kawruh mengku pangkat gedhé, sarta rahayu ing budi, apa déné ora karêp woworan li[10]yané kang kasebut ing dhuwur, iku, kanthi kadhasaran watak patang prakara :

  1. Ana duwéni kawekelan.
  2. Ana duwéni kalantipan.
  3. Ana duwéni kuwanthen.
  4. Ana duwéni katemenan.

Munggug kang baku sajeroning woworan manawa wong mau wis ora ngetung kangelané bahu suku sarta pamikir, karêpé mung marang kasucen nganti ora gelem katémpélan regéding ati salugut karêpé mung kudu mulus lan murni, sanadyan ana kamélikan kang melok anggawa kauntungan kang gedhé, janji ora rêsik iya katampik, kang mangkono dadi ngalamat bakalé oléh kabegjan kang linuwih.

Kosok baliné, kacilakan iku iya nganggo ngalamat titikané uga ana ing woworan yén manggung woworan karo wong dhemen anglakoni bébéngkrahan nuruti karêpan kang ngambra-ombra tanpa tumanja, ngumbar angkara murka, nguja hawa napsu tanpa duga watara, dhasar kang winoworan utawa awaké dhéwé, ora anduwéni kawruh, ora anduwéni kapinteran ora anduwéni [11] kagunan anduwéni kawekelan ora anduwéni katemenan apa déné ora anduwéni lalabetan becik kang kaésthi mung thenguk-thenguk nganggur ngathekur, tansah ngulah kapénakking awak doyan mangan tanpa planggeran watoné mung janji arêp baé, sudhing tumandhang ing gawé, sudhing mimikir marang kabecikan sarta ora niyat oncat saka ing woworané kono, mongka woworané mung dhemen anggung-ginunggung, ambek dumukan gumuru, gumaib gumagus gumagah, lan kumasura, wis ora ngéngéh-ngéngéh, nganti ngorakaké marang kekendelaning liyan dhemen ubyang-ubyung kang tanpa kucur, dhemen saba balasakan kang ora patut-patut lakuné, karêpé mung amberung lan ambekunung, ora doyan marang wulangnging wong tuwa, ora maélu marang susulangnging liyan, sakehing pitutur wis padha kasingkur, kang di tekadi mung amburu pakarémané dhéwé. Wong kang mangkono ora wurung katularan saka woworané, utawa genti nulari marang kancané kang padha sara wungon, iku dadi ngalamat bakal nemoni ka[12]cilakan.

Kang baku dadi titikan manusa wong mau kasinungan bongkéngpikiré, wis dadi ciri ana kena ditambani, karêpé mung kudu miala marang sesama, malak marang kamilikan arêp urip dhéwé, ora ngétung saru siku, ora nolak dosa lan duraka. Kang mangkono dadi ngalamat ora lawas wong mau bakal nemu kacilakan.

.5. Sasmitané wong arêp dawa utawa cendhak umuré,
katitik saka rowa utawa mringkusing karêp.

Yén manungsa isih gedhé panggalihé, sanadyan wis wayah tuwa, manawa isih anduwéni rasa jembar tebané, mintir pamikiré, isih kapingin anjajah paran kasonggah lunga menyang ngendi-endi, kapingin mengku kasugihan kasingihan kagunan sarta kapinteran opa déné isih kapingin anglakoni kaluwihaning ngakéh, duwé gawé mantu, tetakan sunatan lan liya-liyané, kang karêngga lawan tatanggapan kanthi semuwa nganti onjo, awit wong mau rumasa durung kalegan pikiré. Kang mangkono dadi ngalamat [13] nelakaké yén isih dawa umuré.

Kosok baliné, sanadyan isih nom-noman manawa ngalundhung karêpé, ora anduweni panggayuh kang kaé-kaé, ora ngudi kuwarasaning badan ora sumedya nengkaraké pamikir, nurunaké wiji, anak-anak, puputu, sapituruté, wis ora karaskaké babar pisan apa déné angayuh babagan kang abot-abot sarta kang angél-angvl saya ora kaconggah pikir, sarta maneh ora kapengin sumuruping papan pamikiré muthek bola bali mung menyang tongga teparoné, utawa menyang sanak saduluré kang padha duduning ing cedhak kang manggon ing adoh babar pisan wis ora dirasani. Kang mangkono kena diarani rupak jagadé. Apa maneh yén nuju kataman ing lalara, katitik ing pucuk irung soroté wis katon semu putih, polatané wis katon jrabangan bulé kaya ulesé jaran napas iku dadi ngalamt nélakaké wis nyedhaki cendhak umuré.

Awit saka mangkono, sabisa-bisa manungsa aja dhemen ngunder, supaya pikiré ora ngendhel becik kang karêp kakaring  lulungan saka ing omah, dadi oléh padhang hawa, kata[14]man soroting srengéngé, wekasan bisa mentheraké pamikir. Parangbara gelem sarawungan lan pawong mitra padha gosokan kawruh, kang anjalari ngrebdaning budi, iku sya luwih déning prayoga, amarga bisa anjembaraké kaéngétan nanging goné sarawungan kudu milih kang nunggal larasan sarta padha jongngé, apa déné kang dhadhasar rahayu ing budi mangko iku bisa kapénak.

Mungguh sarawungan mau, ora kudu milih kang lamak wayahé, sanadyan nom tuwa utawa lanang wadon janji gawé bombongé pikir utawa muwuhi pakoléh, iya becik rinaket kang nganti supeket awit senengnging ati bisa ngawétaké umur, sanadyan tumiba ing pati, nanging wis muput uripé ana ing donya, ora kawung gela ing sambékala lan rubéda, kang mangkono kena diarani muwuh kautipané.

Kabicara : yén  mangkono dawa cendhakking umur apa kena pinardi, déné isih nganggo sarana di seseneng.

Wangsulan : dawa cendhakking umur, bener ora kena pinardi, sarta wis pinanci marang kang gawé urip nanging iku tumraping kawruh kabatinan mungguh tumraping kawruh lahir bisa béda, pati iku kena karuda peksa, kayata : yén nuju perang [15] amuk-amukan manungsa ora sumurup pepesthéning pati ana ing ngendhi, wong katrajang lumaraping mimis lumrahé mesthi mati. Mangkono uga kauripan iya kena kaupakara supaya dadi awété, kayata : kaati-ati tindhaké, kaseger awaké, kabobot kukuwatané, sarta kaseseneng pikiré. Awit senengnging pikir nununtun bagasing badan mangkono panggula wentahing ngaurip kang wis katata lan iku bisa mutuhaké kauripan.

Ing wusana sakéhing piwulang lan susulang, kang kamot ing layang iki kabeh, muga andadékna kapénakking laku, mung kariya nemu suka lan rahayu.

— titi —

 

 

 

 

 

 

Advertisements

1 Comment

  1. Mantappp ommm… sangat berguna utk panggilut budaya

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: