alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WEWULANG


SERAT WEWULANG

 

Pupuh I dhandhanggula

  1. // [1] Wontên pasal mangke kang winarni / caritane sujalma utama / kang wus akèh luwangane / mêmulang anak putu / dèn anggèa kang wuri-wuri / padha sira rungokna / ing pitutur ingsun / lêlèjême wong sujana / lan wong wirya wiwitan lara prihatin / amatèkakên raga //
  2. // Raganira dèn sumêdya êning / êningêna lan nalaring kathah / dadi wong jêmbar budine / budi digdayèng tuhu / tuhu têrus lan islam batin / laire dhasar tapa / batine aputus / tan keguh dening bêbeka / iya iku têpane wong padha mukti / angati-ati tapa //
  3. // Tapa tapi tap-tapaning ati / atènira tan kêna ing lombang / malar têkaa sêdyane / ingkang sinêdyèng kayun / rahayune sajêge u[2]rip / manggiha suka wirya / wiryaning tumuwuh / mundhak kawuwus sujana / sujanane angluwihana sêsami / sêsamaning manungsa //
  4. // Iya iku kang manut sayêkti /sayêktine anut suka wirya / saking lara prihatine / karane wêkasingsun / anak putu kang wuri-wuri / padha sira laria / lampah kang pinunjul / punjul sêsama ing jalma / malah mandar oleha sapangat nabi / wali mukmin sadaya //
  5. // Sadinane sira aja lali / limputêna mring nêpsu kang ala / lêlimpenên sakarêpe / karêping nêpsu iku / anusupi panggawe bêcik / rêricikaning basa / binubrah binuwur / karane sira yitnaa / yèn wus yitna tan ana ala lan bêcik / pintanên ing wardaya //
  6. // Yèn wus bisa minta ala bêcik / pan kalêbu rêrêsiking [3] janma / kataman tuman têmêne / nêlat kang sampun luhur / kaluhuran kang sampun êning / angêningakên nala / nala mrih sumunu / kang sumunu wus gumawang / lan kawang-wang kèh ing janma ala bêcik / katitik kang tênaga //@
  7. // Tênagane kang dipuntitèni / wus kapusthi èsthining wardaya / katara dèning solahe / solah muna lan laku / wus kacêtha osiking ati / atènira wus pana / paham ing pangrungu / wruh saosiking buwana / bapa iku sawabe wong brangtèng Widhi / widigdèng ing ngawirya //
  8. // Prabawane wong wani prihatin / yèn wus mukti nyawabi sadaya / mring sanak wong sakadange / nadyan liyane rawuh / amuwuhi dahulat prapti / tur ta mundhak suwara/ kaprawiranipun / sugih rowang sugih [4] donya / beda lawan wong nora gêlêm prihatin / barang sinêdya tuna //
  9. // Nanging ana ujaringsun kaki / mring kang maca tuwin kang miyarsa / gêdhe cilik tuwa anom / tan kêna sira guru / sok sapaa dadi priyayi / anut sikuning janma / gandar solahipun / sarta takdiring Hyang Suksma / yèn wong iku takdire dadi wong tani / pan balubut kewala //
  10. // Nadyan bagus sagandare singgih / yèn pasthene pêpancène bangsat / pasthi kumêsat ujare / ujar nêka alungguh / anglungguhi ujar priyayi / amrih aja katara / polahe kang mawut / sawênèh ingkang sujanma / gandar ala dêgsura atine gingsir / gingsiring barang karya //
  11. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar ala nylêkuthis semunya / [5] sarta dhêndhêng cêlukane / sinêmon datan wêruh / dipun sarah datan udani / kinêras datan êsak / ginêbug malupuh / sawênèh ingkang sujanma / api kêras nyêngangas ungas yèn angling / nyaliwing ing wardaya //
  12. // Kang sawênèh sujanma puniki / bêg sujana pangucap miyarsa / lèjême wali dèn amè / Jawa Arab wus putus / ing sarengat tarekat kaki / makripat kang cinêtha / ing kandhêg pamuwus / kayêktène nora nana / ambag lomba sêmbrana tan bêtah ngêlih / trocoh rusaking bala //
  13. // Basanira ambêg kumaluwih / saru lamun nênggih amicara / manggung agrayuk basane / baya manut ing siku / pasêmone angulêr sêrit / dene bataling drajad / wit pangucap rusuh / amimi wus sabên dina / nalarira arupè[6]k sêsêg kacêpit / kajêlit dèn tingala //
  14. // Satêngahe malih kang sujanmi / pan ambulus malih ambêkira / alus ngaluwus semune / solahe nyanyak-nyunyuk / kadi munyuk tan wruh ing krami / krama kinarya entra / jatine lir badhut / balubut kataning basa / kang mangkono angèl dadia priyayi / pasthi dadi urakan //
  15. // Aja dumèh yèn ala puniki /gandarira yèn dhasar pasaja / sarta kathah kawignyane / lan wênês sêmonipun / kathah ingkang dadi priyayi / dene ugêring janma / ing tindak lan tanduk / lan têtêp mantêp ing basa / sabobote ana kamuktène ugi / tinimbang lan wong ala //
  16. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar alus solahe prasaja / lèjêm priyayi dènangge / ing solah bawanipun / [7] pan rineka-reka priyayi / nanging tan bêtah tapa / sarta untungipun / arang kang dadi dangdanan / ewuh têmên pratingkahe wong aurip / riptanên ing wardaya //
  17. // Nanging ana masalahe malih / yèn wong iku anggêgulang tapa / yêkti ana pamalêse / mungguh ing Hyang puniku / nora samar solahing dasih / saosiking wardaya / Hyang Suksma wus mêngku / Pangeran asipat rahman / luwih murah ya rabil kang luwih asih / asih mring wong nastapa //
  18. // Nadyan silih saliring kumêlip / kabèh iku ya sinungan murah / sapancène dhewe-dhewe / nadyan mancia iku / ora kaya wong mangun tèki / kinacèk ing sêsama / ing daulatipun / iya ta lawan kangelan / [8] kangèlane pan wus lina kang kariyin / anyêgah pangan nèndra //
  19. // Karantêne dènaemut sami / kang wong anom anganam-anama / sakèhe kawigyan kabèh / kabèh ungsêdên iku / kaprawiran lair lan batin / batinira dèn tata / tap tap-tapaning têmbung / têmbung-têmbunge ing basa / basaning wong wangwangên dipun kalingling / dêlingêna ing nala //
  20. // Nalarira dèn sumêdya rampid / rampidana lan udanagara / iku kang dadi ugêre / ugêrirêng tumuwuh / aja lali tata lan titi / dêduga lan prayoga / poma aywa limput / ringringa lawan wetara / angsal sira lalia kang nêm prakawis / tan wande manggih cèla //
  21. // Upamane rêraga puniki / yèn praua kang aran prayoga / [9] iku minangka dhayunge / wêtara satangipun / kang dêduga iku kêmudhi / reringa iku layar / poma dika etung / pradadaning ing sarira / kabèh iku lamun ora dèn kawruhi / mangsa sira arjaa //
  22. // Nadyan ikêt bêbêd lawan kêris / lamun ora bênêr panganggonya / dadya cêlaning awake / karane ing tumuwuh / ewuh têmên angangkah budi / nganggea sawêtara / poma wêkasingsun / sabarang ingkang prakara / aja lali wiwiting ala lan bêcik / rêrêsikên wardaya //
  23. // Nadyan ngucap sakêcap puniki / nadyan laku wong iku satindak / yèn ora bênêr patrape / nadyan silih dêdulu / yèn tan bênêr agawe wèsthi / karane ing a[10]gêsang / sangkanana ayu / amrih rahayuning bala / witing ayu andhap asor aja lali / iku patrap pusaka //
  24. // Lawanana kang pusaka malih / pusakane ing ngèlmu punika / angkat-angkatên karepe / dadya ngajia ngèlmu / yèn tan bisa kalimah kalih / ujare wong ulama / têksir ngèlmunipun / dening pusakaning tapa / kang tawêkal marang Hyang kang Maha Suci / asrah aja ambèka //
  25. // Dene ingkang pamuwus sayêkti / sok niyata wong iku nastapa / kang sarta osike dhewe / wus lumrah ing tumuwuh / sok janmaa kapengin mukti / tapane ora ana / apa marganipun / yèn wani mêsu sarira / sakarêpe Hyang Suksma iya nuruti / sawêtaraning lampah //
  26. // [11] Ing wong anom padhaa angreti / dening witing wong tapa punika / angkat-angkatên karêpe / kalamun sira mêsu / nêpsu hawa ngiwa pribadi / lan sartane èngêta / sira ing tumuwuh / yèn wong ora potang tapa / dadya angèl sabarang kang dèn senêngi / anggayuh-gayuh tuna //
  27. // Karantène wong urip puniki / kêdhik kang mukti kang dama kathah / awêdi luwe wêtênge / yèn esuk kudu muluk / lingsir wetan amangan malih / yèn bêdhug dharêdhêgan / surup thêkul bêskup / datan kêna towong iwak / karantêne wong urip arang kang mukti / nuruti budi hawa //
  28. // Budi awak angèwuh-ewuhi / amakewuh nèng sajroning nala / dadya arusuh nalare / witing hawa puniku / doyan mangan lan doyan guling / lan ora bisa nyêgah / ujar [12] kang tan patut / karane wêkas manira/ ing wong uripe angêta tutur kang bêcik / rêrêsik jroning nala //
  29. // Basa rinicik ingatik-athik / anggènên saprapataning basa / linaras ala bêcike / lamun bêcik rinasuk / lamun ala dipun singgahi / nanging ta tintènana / gêgêlitanipun / manawa kaworan ala / lamun ora matêng denira nitèni / akèh karoban basa //
  30. // Basa basan dènengêt ngawruhi / dèn kalingling delingna ing nala / nalar wit lan wêkasane / ana wiwit rum-arum / têngah onta wêkasan pahit / paekaning sujanma / kathah margènipun / sami lan margining pêjah / sajatine pari puniku sawiji / wiji-wijining karsa //
  31. // Karsa ala lawan karsa bêcik / dèn katitik clêkuthiking basa / kang ala lan basukine / kinira-kira kalbu / bu[13]dèning wong sawiji-wiji / tan kajajah sadaya / kanyata anipun / nadyan wasising carita / yèn tan ana yêktine kang dènrasani / yèku janma dol nama //
  32. // Aja kagèt yên sujanma wêgig / nadyan lantip pintêr amicara / yèn tan katêmu yêktine / titènana ing kalbu / bêbudène sawiji-wiji / ana kandhêging solah / kandhêging pamuwus / maluwus angawus basa / kang satêngah kumètes èthês yèn angling / amrih kadêlingêna //
  33. // Amrih kèringan sêsami sami / tur yêktine bêbudèning bangsat / mila kumêsat ajare / satêngah wong puniku / sampun tuwa ambêke rêsik / tur rêsik jroning nala / nalare arusuh / kapatuh kumêd ing donya / satêngahe ana karêthel mujati / jatine tan sêmbada //
  34. // Basan sê[14]mbada têgêse ugi / yèn wong gulang jatining sarira / kang têrus lair batine / batin ambêg rahayu / lairira andhaping krami / suka lila ing donya / tan grantêsing kalbu / iku wong wrêksa cêndhana / jaba sarèh tètêla wigya ing krami / ngramani ing sêsama //
  35. // Sêsamanya akèh padha asih / sih ing basa basuki tètêla / tètèh titih pambêkane / iku wênang tiniru / ginurunan tinulur tuwi / sênadyan wong nonoman / angsring ana muwus / muwus amrih kaluhuran / sarta nyata yêktine kang dènrasani / wênang yèn tinirua //
  36. // Aja dumèh wong tuwa puniki / yèn tan bêcik kalakuanira / poma aja sira angge / dene sayêktinènipun / basa ala puniku ugi / wong gulang gagêmbyakkan / gêgo[15]njakan udud / dhadhu kêplèk kècèk kêmpyang / iya iku pucuking ala sayêkti / yèn tan tajêm ing manah //
  37. // Yèn wong karêm wêwadonan angsring / yèku kabèh dadi pêpancadan / yèn tan mikir pambudine / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom prasami / aywa pêgat gêgulang / budi kang mrih puguh / amrih kukuh jroning nala / nalarira rampidên lan ngèlmu jati / amrih aywantuk cêla //
  38. // Jawanira basa ngèlmu jating / sajatine iya raganira / akèh ana wilangane / jaba jro ngisor dhuwur / apadene kanan lan kèring / sajroning pamicara / ana kang amêngku / pangambu myang pamiyarsa / jroning tingal jroning ati dèn jagani / marang butaning suksma //
  39. // Ana dene kang angel pribadi / sratènane kang nèng jroning ra[16]ga / tigang prakara kathahe / arang kang bisa ngangkus / ati irêng abang lan kuning / puniku kaprakosa / jroning raga iku / ping sakawan ati pêthak / iya iku mung ingkang mulas pribaddi / amrih arjaning praja //
  40. // Nanging arang kang bisa ngrêtèni / marang ati putih kang utama / amung sandhing tongga bae / iku upamènipun / beda lawan ati kang kuning / abang irêng punika / sadaya angrangkul / sakèhe kang sipat janma / padha ngakêt ati abang irêng kuning / mila kathah wong ala //
  41. // Mila katah wong bêgal amaling / cêler juput brandhal lawan nayap / lannang wadon dadi lonthe / tuwin wong ngapus-apus / kêplèk kècèk dhadha lan bêlit / lawan ja sêsumbungan / manggung gulang udut / lan kèkere aning pasar / lan wong climut balurut lawan wong ngutil / [17] wit sangking ati abang //
  42. // Ati kuning anggung mêmalangi / samabarang karêm mring raharja / sami ingadangan kabèh / amrih bubuning laku / tuwin janma arsa prihatin / nuli binatalêna / amrih aja tutug / dene ati irêng ika / kawasane asangêt sabarang runtik / andabra ngambra-ambra //
  43. // Iya iku kang ngadhang-ngadhangi / marang kosiking amrih raharja / dene kang abang gawene / sakèh panganan iku / lan panganggo kang adi-adi / milane ingkang lamba / sujanma puniku / wit sangking tigang prakara / arang ingkang wong iku bisa nyratèni / marang ati têtiga //
  44. // Tur ta lamun gêlêm angêmasi / marang ati kang tigang prakara / yèn tutut langkung mbune / ati putih bèn ugung / iya iku sujanma luwih / angluwih[18]i sêsama / ing dahulatipun / karane wêkas manira / mring wong anom dènawas cirining ati / karêpe kawruhana //
  45. // Pan wus titi wirayating tulis / mring kang maca tuwin kang miyarsa / dèn padha èstokna kabèh / sabarang ungêlipun / jroning tulis kang amrih bêcik / dene kang amrih ala / gêgêlitanipun / iku padha yêktènana / poma-poma sira dèn padha nastiti / wirayat mrih prayoga //
  46. // Lamun ora nana kang niteni / ingkang maca tuwin kang miyarsa / dadi wong ngurakan bae / pasthi pancène buruh / tur katutuh lumuh ing becik / dadi janma katula / tula alanipun / dene kang sumarah ingkang / amiyarsa amaca kang durung bakit / wong anom mêksih mudha //
  47. // Basa jêjaka dipun maknani / jaja ngarêp ênggone [19] maknanya / panganggone ing ngarepe / liring pangarêp iku / dipun bisa abasa krami / yèn wus kapanggih tuwa / tuwuk ing pangawruh / wruhing ngèring subasita / aja kaya jêjakaning jaman mangkin / pangarêp ati lamba //
  48. // Basa lamba iku angêlebi / angêlebi wêtêng kêbak sêga / dadi grangsang sakarêpe / dadi wong abêburuh / munmuk radèn ing ngaranêki / daya lamun rosaa / wong iku mêmikul / wus têlas wêkas manira / poma kaki dèn padha anêstitèni / lêlèjêming sujana // 

Pupuh II Dhandhanggula 

  1. // Sun amurwa atêmbang artati / caritane sujanma utama / kang tate ngêmbani rajèng / anênggih wastanipun / ajejuluk Sèh Tèkawrêdi / salamine mandhita / nênggih anèng gunung / Maligèrêtna wastannya / du[20]k nom titi tatal ngêrèhkên nagari / nagri Garbasumandha//
  2. // Pambêkkane Ki Sèh Tèkawrêdi / salamine nèng Maligè rêtna / amêmulang pakaryane / dhatêng kang para wiku / kang ginêlar kang sabda gati / artine wong nèng donya / yata kang tinutur/ dening kang para satriya / kang ginêlar lêlungid udanagari / pepeka anèng praja //
  3. // Miwah ingkang wayah-wayah nangkil / sakathahe wong Garbasumandha / têngah tuwuh sêpuh anèm / sampun pêpak sadarum / angandika Sèh Tèkawrêdi / sakèhe putuningwang / kang anom kang sêpuh / padha sira pirsakêna / pratingkahe ngawula lan olah ngèlmi / tan beda pangarsanya //
  4. // Ingkang anom sun wulang kariyin / liring anom iku maksih tuna / durung kathah wulangane / beda lan kang wus sêpuh/ liring sêpuh iku nyêpuh[21]i / nyêpuhi têgêsira / nyawabi sadarum / milane jênêng wong tuwa / liring tuwa awênang tinuwi-tuwi / mring anak putunira //
  5. // Lamun ora mangkanaa kaki / ora jumênêng aning tuwa / dadi têtuwan arane / basa tuwuhan iku / ngandêlakên tuwane ugi / iku wong tuwa ampas / liring ampas iku / wastaning raga punika / raganira wus cape luwas ing kardi / mangka ing jro suwunga //
  6. // Iya iku wong cupêt ing buddi / duk anome tan purun têtannya / ngandêlkên kuwat rosane / tan etang ulah ngèlmu / kabakitan tan dên kawruhi / amung eca mêmangan / esuk nyamuk-nyamuk / tan ngetang wêkasing gêsang / kang kaetang mung nikmat pucuking pêrji / lan nikmat pucuk ngilat //
  7. // Datan nêdya angling jroning ati / yèn wong gêsang wêkasane pêjah / [22] nèng donya sêsanjan bae / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom ta kaki / padha sira estokna / ing pitutur ingsun / aywa pêgat atêtannya / mring wong luwih barang kaluwihan kaki / padha sira gulanga //
  8. // Anadene yèn wus luwih kaki / olêhira gêgulang kawigyan / anadene romahane / nanging pangarêpipun / andhap asor tan kêna lali / sabarang karêpira / yèn tan lali iku / angajia ngawulaa / amêrtapa andhap agong aywa lali / wêkasan dadi guna //
  9. // Nadyan guna yèn ora tabêri / gunanira pan maksih kuciwa / dadya kurang utamane / lan malih wêkasingsun / panggrahita gulangên kaki / iku minongka wungkal / anglungiding sêmu / sêmu bêcik lawan ala / upamane ling adu pucuking [23] êri / yèn wong alul sasmita //
  10. // Sinaua nganam-anam kaki / lan dèn bisa sira mardi guna / lan nglanggana pakèwuhe / dèn bisa têngkas nambung / lan anukma ing agal alit / ya ulah kridhaningrat / sarjana kawêngku / jana sêmu sarsadhela / yèn wus nyandhak lêlungiding ala bêcik / sinêbut wong sujana //
  11. // Basa sujana puniku luwih / angluwihi sêsamaning janma / dadi sujana arane / karane putuningsun / aja wirang atèki-tèki / wong wirang têmah nganggrang / liring nganggrang suwung / liring suwung iku sirna / liring sirna budi istiyare kênting / dadi wong tanpa karya //
  12. // Kang mêksih nom ana kang dipunprih/ mikul rosa kinongkona kêbat / yèn wus tuwa kang ya priye / tapa ingkang tinêmu / raga cape atine sêpi / têgêse sasêpi sêpa / [24] tanpa ngrasa iku / dadine wong tuwa bangka / iya bangka tegese bangka sayekti / kumlêkêr tanpa sila //
  13. // Karantène gulang êntas mangkin / sakathahing kawigyaning janma / mumpung sira maksih anom / ingkang wayah umatur / inggih lêrês sabda sang yogi / nanging panuwun kula / dhumatêng sang wiku / pratingkahe wong ngawula / mung punika kawula suwun rumiyin / ingkang amrih utama //
  14. // Angandika sang Sèh Tèka Wêrdi / luwih angèl kaki wong ngawula / nanging aluwih gampange / puniku basa ewuh / liring èwuh durung mangrêti / basa mangrêti ika / ngawruhi sêdarum / sabarang karsaning nata / iya iku panêngêran kang janmadi / widigdèng cipta maya //
  15. // Maya iku utusaning kapti / kapti suka lawan kapti duka / anèng netra sasumuke / lair wrêma lumaku / lair iku utusan batin / angsa[25]l sira kaduga / ujar kang puniku / supaya yèn katrimaa / ing angèle yèn sira durung mangrêti / barang karsaning nata //
  16. // Nanging ana bedanipun kaki / angawula ing sang prabu tuwa / kalawan satriya anèm / sabarang karsanipun / ing satriya anom puniki / karya prêlu lan sunat / sami patrapipun / upami dipun popoa / karya prêlu kalawan kang nora gati / sami sih asatira //
  17. // Nanging ana pamère kêdhik / angawula ing satriya mudha / kang tahan dèn sêmu age / sabarang karyanipun / dene akêbat cukat têrampil / sabarang kaduk kêbat / trampil yèn umatur / cêgaha pangan lan nêndra / jurungana ing puji sarta sêmèdi / amrih dhanganing karta //
  18. // Yèn angadhêp gustinira runtik / poma kaki sira dèn prayitna / aja mapasi karsane / nênggih upa[26]mènipun / ing satriya anom yèn runtik / pan kadya banjir bandhang / sing katrajang larut / balikkan dèn angrerêpa / nêtyanira dèn adoh asêmu wêdi / amrih dhangani duka //
  19. // Yèn ingutus dening gusti runtik / tan wukira dèn matra kilata / amrih lêmpêra dukane / yèn aturira tambuh / dadi sira kasabêt runtik / ingkang sangsaya dadra / dukane sang prabu / lêlakonira dèn kêbat / jroning kêbat akanthia ngati-ati / manawa kawadaka //
  20. // Pèn wus prapta denira tinuding / aturira kaki dèn tètêla / dèn asru asêmu sarèh / yèn sêngak sira matur / dadi sira mêwahi runtik / yèn asru esmu lêmbah / trustha sang aprabu / pan wus kocaping saloka / satriya nom sabarang kang dèn karsani / anggampangakên mongta //
  21. // Pan wus kocap wirayating tulis / ingkang aran satriya taru[27]na / basa taruna têgêse / taru godhong puniku / na pituduh maknane ugi / mungguh caraka basa / iku têgêsipun / liring tuduh barang karta / karya prêlu kalawan kang nora gati / kandêl tipis dèn padha //
  22. // Basa taru artine winarni / kaya godhong upamane ika / yèn lagi ana gaweane / kalangkung ajènipun / nora kètung mitung sukoni / tur ta amung sadina / gawene kang prêlu / yèn uwis dadi sarahan / iya iku maknane taruna kaki / kang wus kocap carita //
  23. // Benèh lawan prabu tuwa kaki / liring tuwan pan ora anasar / kang bangsa nasar artine / sabarang karsanipun / nora supe akathi uwit / wit bêcik lawan ala / kapyarsa sadarum / ngranggoni jênênging tuwa / basa jênêng artine iku jênêngi / jênêngi nora pisah //
  24. // Beda lawan basa anom kaki / liring a[28]nom maksih nganaman-nam / sabarang ing kawigyane / yèn wus kapanggih sêpuh / nuli bisa anamba iki / karsa bêcik lan ala / kapirsa sadarum / milane ana wong ngucap / sapa bisa wonge amrangkani kudhi / ngabdia ratu mudha //
  25. // Iya iku wong cupêt ing budi / ingkang purun angucap mangkana / dadi wong cupêt kawruhe / beda kang sampun luhung / kang wus wêruh ing ala bêcik / ngawula ratu mudha / ing ibaratipun / sira ngêmban rare mothah / lamun wigya ngarih-arih anyindhèni / kèndêl lajêng anèndra //
  26. // Yèn anglilir bocah dèn sandhangi / kêkêmbangan kuning ngabang-abang / bungah lêngêh-lêngêh bae / iku upamanipun / angsal sira bisa ngladèni / marang satriya mudha / ing sakarsanipun / yèn olèh sih lan dêrajad / sarta olèh satriya kang ambêg jugig / ngranggoni galih tuwa //

— @@@ —

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: