alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT ILADOENI


SERAT ILADOENI

Anyariyosaken dhateng wawadosing
lalampahan ingkang winadi,
pipiridan saking kitab
adamakna

2E DRUK 1928

Anggitanipun :
M.Ng. MANGOENDIDJOJO

WONOGIRI (SOLO)

Diterbitkan dan  dijual oleh :
TAN KHOEN SWIE
KEDIRI

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo,  15 Mei 2017

ѺѺѺ

[5]BUBUKA

Nuwun wiyosipun anggénkula ngimpun kawruh pétung Iladuni, punika wigatining sedya boten pisan miminihi utawi nununtun dhateng bongsa kula titiyang Jati angantepi kawruh tawang tuwang tanpa wawaton sayektosipun namung angluhuraken dhateng sujana ingkang kagungan anggit sapisan adhuh, saiba angélipun sampun sawastu wonten wawadosipun ingkang winadin. Manut ombaking jaman para durjana ing wekdal punika saya sengkut anggénipun angudi amrih luhuring kaswaskithanipun ingkang anjalari para nara praja bingung anggénipun angulir budi : ambudi sageda amikut dhateng para ingkang ambek durta wau.

Saréhning watakkipun bongsa kula tiyang Jawi taksih luméngkét dhateng balung sungsum anengenaken dhateng pétang awon saéning dinten sarat masrut punapa déné pasatoan sapanunggilanipun sanadyang ingkang sampun kadunungngan kawruh sumungkir dhateng watek gugon tuhon inggih taksih nganggé pétang wau punika, déning sampun dados kalimprahan tuturutan saking Panejenganipun Ratu Jawi, bilih kagungan damel mikrama[6]kaken putra sapanunggilanipun sarta yayasan punapa punapa :  taksih sami mundhut pétangngan dinten saé dhateng Kangjeng Radén Adipati (Papatih Dalem) sarta mundhut sangat wanci ingkang saé dhateng Radén Pangulu, punapa déné dhawuh masang tutumbal sarat masrut dhateng Nyai Adipati Sedhah Mirah. Dadosé pétangngan awon saéning dinten wau kalebet kabetahanipun  bongsa kula tiyang Jawi, mila bab ngélmi Iladuni wau kula wontenaken sapepakkipun, ananging kuciwa  sanget déné punika  serat boten kula cithakkaken jalaran saking ajrih kula : sarta angaji aji saking suraosipun wau serat babonipun punika ngélmi pétang Iladuni asal kagunganipun ingkang minulya kangjeng Susuhunan ing Maja Agung (Bejagung).

Pamelenging cipta pajampuwa pangajaping sedya : amrih para ingkang sami lampah durta wau sagedda brastha daruna kataman saking ancas tuwis larasipun serat Iladuni punika.

ѺѺѺ

[7]BAB : I
Pamilihipun Pasitén

Manawi tiyang badhé angadhéggaken griya, langkung rumiyin kedah amiliha siti ingkang saé, sampun pisan angenggéni pasitén ingkang awon saking awon saéning siti wau saged dipun kasumerêpan kedah ningali saking lumahing siti, katrangnganipun kados ing ngandhap punika :

  1. Bilih wonten siti miring mangétan punika nami Rêtna Kencana, saé, sinten ingkang ngenggéni pikantuk barkah ageng, kathah rêjekinipun ageng begjanipun.
  2. Bilih wonten miring mangidul punikna nama Kalasalaba, awon sinten ingkang ngenggéni tansah nandhang sisah, sarta asring kapejahan.
  3. Bilih wonten siti miring mangilen punika nami kalabencana, awon sinten ingkang ngenggéni tansah nandhang prihatos lan asring kenging ing sasakit.
  4. Bilih wonten siti miring mangaler, punika nami retna supudya, sae, sinten ingkang ngenggéni pikantuk kamulyan sarta lumintir sandhang tedhanipun.
  5. Menawi wonten siti miring ngaler ngetan punika nami [8] kalamurka, awon sinten ingkang ngenggéni asring kecalan lan cendhak umuripun.
  6. Manwi wonten siti miring ngidul ngetan punika nami kala drubiksa, awon sinten ingkang ngenggéni tansah kasorang-sorang.
  7. Menawi wonten siti miring ngidul ngilen nami kalageni, punika awon sinten ingkang ngenggéni asring kobongan.
  8. Menawi wonten siti miring ngaler ngilen punika nami retna muncur, sae, sinten ingkang sinung raja brana.
  9. Manawi wonten siti kantingal waradin punika nami retna pakaja, sinten ingkang ngenggéni kathah anakkipun sarta sugih emas picis.

BAB KAPING : II
Amrih Rahayu Ingkang Pinanggih.

Manawi ngadani andamel griya utawi angalih griya, (boyongan) punika kedah nganggé petung kados ing ngandhp punika :

Neptuning dinten lan pekenan punika kakempalaken lajeng [9] kadhawahaken pétang : guru, ratu, rogoh, sempolong, tegesipun makaten :

  1. Guru : saé, badhé sinung darsana, ginuronan lumintir sandhang tedhanipun tebih ing sambékala, cepak begjanipun.
  2. Ratu : langkung saé, kinajrihan ing sasami, tebih sambekalanipun lumintu rijikinipun.
  3. Rogoh : awon asring kepandungngan.
  4. Sempolong : langkung awon asring nandhang sisah sarta asring sasakiten kémawon.

Neptuning Dinten :
Jumuwah : 7, Saptu : 8, Ngahat : 6, Senén : 4, Selasa : 3, Rébo : 6, Kemis : 5.

Neptuning Pekenan :
Kliwon : 8, Legi : 5, Paing : 9, Pon : 7, Wagé : 4.

BAB KAPING : III
Sarat Masrut Anumbali Griya.

Tiyang ingkang andamel griya kedah waspada dateng sarat masrut tu[10]mbaling griya, supados sampun ngantos kapandungan awit kapitunan ing wingking badhé dados sanggemanipun pribadi, wondéning tumanjaning sarat masrut tutumbal wau kula terangaken kados ing ngandhap punika :

Bilih saka guru sampun ngadeg ing dalu wanci jam 1 pojokking griya sakawan pisan kedah dipun isingi, manawi dhawah malem dinten Jumuwah jam 1 pojokking griya sakawan pisan wau kedah dipun pendemi tigan ingkang wukkan kawiwitan saking pojok lér wétan ngantos kemput dhateng sekawan pojok wau. Saben wau tigan kapasang, kedah ngungelaken japa montra makaten : “Alif bé, bé, bayan bayan ora ana penggawé, padha wurung bébaé baé”. Kaungelaken kaping tiga tanpa ambegan sasampunipun lajeng mendhem wau tigan ngantos sarampungipun sakawan pisan. Manut pangandikaning Kangjeng Susuhunan ing Bejagung dhateng ingkang wayah Nyai Ageng Mruwun Dwander Dhistrik Kanor, Dhistrik Pelem (Sumberja) Bojanagara, sarat masrtu tuwin tutumbal wau supados kasumerépan dhateng para putra wayahipun awit supami katindakkaken kanthi tumemen sarta kandel kumandelling tékad ing salaminipun boten pisan badhé kénging dipun pa[11]ndungi utawi dipun lebetti déning durjana kampak utawi kécu,awit sinten ingkang badhé lampah awon manawi sampun lumebet dhateng pekarangan lajeng santun paningal griya ingkang badhé dipun lebetti : punika katingal wana ageng utawi saganten.

BAB KAPING IV
Daya Sarana Saged Angicalaken Lemut utawi Jingklong

Manawi kapéngin tilem sakéca jalaran pun lemut utawi jingklong boten purun manggén wonten salebeting griya : punika kedah anindakaken daya sarana kados ingkang kula pratélakaken ing ngandhap punika :

  1. Boten kénging ura-ura, utawi omong-omong kosong, kajawi rérémbaggan bab tumindakipun andamel utawi nindakaken pakaryan ingkang dipun lampahi.
  2. Boten kénging udud (rokok) nginang utawi madhang jajan wonten salebetipun griya ingkang nembé kagarap.
  3. [12]Manawi badhé sarapan madhang, ngombé utawi sasaminipun kedah sumingkir saking griya ingkang kagarap ngriku.

Manut papacuhipun ingkang minulya Kangjeng Susuhunan Rathu ing Giri : sinten ingkang nindakaken dhateng daya sarana wau, pun lemut utawi jingklong sampun dipun papacuhi boten kénging pisan-pisan lumebet dhateng griya kados ingkang kasebat ing nginggil wau.

BAB KAPING V
Saged nyumerépi barang ingkang ical
punapa ical saéstu utawi botenipun.

Manawi badhV nyumerepi barang ingkang ical punapa ical saéstu utawi botenipun punika petanganipun makaten : uwit epang, godhong, kléyang, terangipun makaten :

  1. Manawi dhawah uwit punika barang boten ical sanadyan icalla inggih saking pangrékadayanipun ingkang gadhah griya utawi ingkang gadhah barang piyambak pramila manawi dhawah [13] ing pétang uwit paranara praja, (priyantun utawi pulisi) kedah prayitna, pamariksanipun ingkang salesih. Sampun kesesa, kawawas ulat utawi solah bawanipun ingkang gadhah barang utawi griya, awit sadaya solah muna lan muni : dados pratondha panengerraning batos jer salugunipun wau barang boten ical sayektos.
  2. Menawi dhawah pétang: epang, ingkang mendhet wau barang taksih sanakipun ingkang gadhah griya utawi barang.
  3. Menawi gadhah pétang: godhong, ingkang mendhet wau barang tetepanganipun ingkang gadhah griya utawi barang : nanging saking éstri, kénging ugi mambet sanak nanging sampun tebih.
  4. Manawi gadhah pétang: kléyang , ingkang mendhet wau barang tiyang sanés.

BAB KAPING VI
Saged nyumerepi dhateng barang ingkang ical énggal
pinanggih utawi botenipun

Menawi badhé nyumerépi dhateng barang ingkang ical punapa saged pinaggih utawi boten punika kedah nganggé pétangngan pal sakhabat rasul ingkang sampun kaagem dhateng panjeneng[14]anipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ananging sarananipun kedah kapétang nganggé arta katahipun : 40 : iji, wau arta kedha ingkang sami, upaminipun rupi sén inggih sén sedaya, menawi kethip sadaya, asal gunggungngipun wau arta jangkep : 40. Wau arta lajeng katumpuk dados satunggal tumunten kawacakna dhateng donga atining surat Angam rambah kaping : 3 : ugi tanpa ambegan sasampunipun wau artalajeng kapendhet sakajengipun kadhawahaken dhateng pal sakhabat rasul kados ingandhap punika :

  1. [15]Manawi pungkasanipun arta wau dhawah Mukammad barang ingkang ical wau mesthi énggal pinanggih, ananging sarananipun kedah slametan sekul wuduk bumbu sapikajenganipuningkang ngolah, ingkang kinurmatan Kangjeng Nabi Mukammad donganipun kabulla lan selamet.
  2. Manawi dhawah Abubakar, barang ingkang ical boten saged pinanggih.
  3. Manawi dhawah Ngumar, barang ingkang ical wau ugi saged pinanggih: ananging radi lami, sarananipun kedah slametan sekul punar, bumbu sakeparéngipun ingkang kinurmatan sakhabat Bagendha Ngumar, donganipun slamet.
  4. Manawi dhawah Ngusman barang ingkang ical wau enggal pinanggih, sarananipun kedah slametan sekul golong, pecel ayam ingkang kinurmatan sakhabat Bagéndha Ngali, donganipun slamet.

Wondéning atining surat An Ngam wau makaten: Latuddriku [16]  huwa Absaru, wahuwa yuldrikul Absara, wahuwallatiful khabir.

BAB KAPING VII
Saatting lumampah ngupados katrangan

Manawi badhé bidhal ngupadoskatrangan kedah manut lan miturut dhateng saatting dinten ingkang kula terangaken kadhos ing ngandhap punika :

  1. Dinten Akad kedah lumampah wiwit wanci ngasar.
  2. Dinten Senén kedah lumampah wiwit wanci palethékking surya.
  3. Dinten Slasa, kedah lumampah wiwit wanci énjing.
  4. Dinten Rêbo, kedah lumampah wiwit wanci palethékking surya.
  5. Dinten Kemis kedah lumampah wiwit wanci lingsir wétan.
  6. Dinten Jumuwah, kedah lumampah wiwit wanci lingsir kilén.
  7. Dinten Saptu, kedah lumampah wiwit serapping surya.

Sadéréngipun limampah: langkung rumiyin kedah maos dhateng atining surat An Ngam (Bab kaping : VI, kaca : 13) badheé jumangkah medal saking korining griya kedah angyektossi [17] lampahing napas ingkang medal saking léngnging grana, manawi lampahing napas benten ingkang kanan ingkang jumangkahlangkung rumiyin kedah suku ingkang tengen manawi lampahing napas banter ingkang kéring: ingkang jumangkah inggih  kedah suku ingkang kéring. Sarta kedah mangésthi punapa ingkang sinedya, katokidna gampang éwuh: satemenipun botén wonten jalarran sadaya punika sampun kawengku sarta kawasésa dhateng gesang kita, pramila sandyan éwetta inggih  badhé dados gampil.

BAB KAPING VIII
Punika pétangngan ingkang kagem dhateng Kangjeng Susuhunan ing
Bondhang (?) nganggé wawaton saking dinten.

Manawi wonten tiyang kécalan ing dintenipun siyang utawi malemmipun dinten :

  1. Jumuwah: tiyang ingkang mendhet dedeggipun réspati, rambutipun kathah, darijining asta cendhak kaken ingkang tingkah polah, kasenenganipun asring kékésahan utawi saba ing tongga, griyanipun wonten salér wétanipun tiyang ingkang kécalan barang ingkang kapendhet: kadelikaken wonten ing longan utawi sacelakking sumur, amrih pinanggihi[18]pun kedah slametan sekul ulamipun dagingnging kéwan suku sakawan kaolah sapikajenganipun ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Mukammad donganipun Rasul.
  2. Saptu: ingkang mendhet sagriya utawi sapakarangan dedeggipun pideksa, rambutipun cemeng, darijining asta ckapan barang ingkang kapendhet wau taksih kadhelikaken wonten salebeting griya, prenahipun wonten ing lér, supados éenggal pinanggih kedah slametan sekul golong, jangan menir, ulam pecel sawung, ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Saléh, donganipun kabulla.
  3. Akad: ingkang mendhet tepanganipun watakkipun lamun kékésahan seneng anyanyangking, kulit bambang awak griyanipun salérripun ingkang kécalan barang ingkang kapebdhet kabekta késah mangidul amrih pinanggihipun sagedda slametan sekul punar, ulamipun lembaran ayam ingkang dipun urmatti Kangjeng Nabi Ngisa, donganipun slamet.
  4. Senén: ingkang mendhet kempal sagriya, rambuttipun lemes lan lemes tingkah polahipun kupingipun panjang amprih énggaling pinanggih kedah slametan sekul wuduk ulamipun eloh, ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Dawud donganipun kubur.
  5. [19] Slasa: ingkang mendhet manis ulatipun kulitipun bambang ngawak rambutipun akas irungipun cendhek (pésék, dungik) barang ingkang kapendhet kadelikaken wonten ing pakarangan utawi wana, amrih pinanggihipun kedah nganggé slametan kupat: 40: bumbu kados adat ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Suléman donganipun slamet.
  6. Rêbo: ingkang mendhet rupinipun kuning, lemes rambutipun lan tingkah polahipun wau barang ingkang kapendhet dipun delikaken wonten sangandhaping kakajengan prenahipun ing kidul kilén amrih pinanggihipun kedah slametan  sekul golong, pecel ayam janganipun menir, ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Yakub donganipun kabulla.
  7. Kemis: ingkang mendhet sanakkipun piyambak dedegipun cekapan rupinipun kunin, juwéh pangucapipun nglading bauning asta, lemes tingkah polahipun kasenenganipun asring raraosan dhateng lalampahan saé. Amrih pinanggihipun kedah slamettan bubur bacingah, (abrit, pethak, cemeng) ingkang kinurmattan Kangjeng Nabi Ibrahim donganipun kubur.

[20] Pépénget bilih ngupadossi katrangan saking Bapa (?) punika, manawi dinten Jumuwah, Saptu, Senén sarta Rêbo, sampun kasupén ingkang kempal sagriya, saperangan utawi tongga tepalihipun awit punika ingkang badhé dados jalaran pinanggihipun wau barang.

BAB KAPING IX
Punika pétangngan ingkang kagem dhateng Kangjeng Susuhunan
Rathu ing Giri, nganggé  wawaton saking pekenan

Menawi wontwn tiyang kécalan saking pekenan :

  1. Manis (legi): ingkang mendhet wau barang rupinipun pethak griyanipun wontening wéten amrih pinanggihipun kedah slamettan buceng, ulamipun ayam pethak mulus ingkang kinurmattan Kangjeng Susuhunan ing Ngampél donganipu rasul.
  2. Paing: ingkang mendhet wau barang rupinipun pethak sarta abrit griyanipun wonten ing kidul amrih pinanggihipun kedah slamettan sekul golong pecel pitik jangan menir, kang dén mumulé Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, donganipun kunut.
  3. [21] Pon: ingkang mendhet wau barang rupinipun kuning, griyanipun ing kilén amrih pinanggihipun kedah slamettan sekul ulamipun sawung abrit ingkang dipun kurmati Kangjeng Susuhunan ing Kudus donganipun slamet.
  4. Wagé: ingkang mendhet rupinipun cemeng, griyanipun ing lér, amrih pianggihipun kedah sklamettan sekul wuduk ulamipun ayam cemeng, ingkang kinurmattan Kangjeng Susuhunan ing Giri, donganipun kabul.
  5. Kliwon: ingkang mendhet rupinipun bambang awak griyanipun wonten ing tengahing kampung utawi dhusun amrih pinanggihipun kedah slamettan sekul punar, ulamipun sawung blorok abrit.

BAB KAPING X
Punika pétangan ingkang kagem dhateng
Susuhunan Siti Jenar, nganggé wawaton sastra Arab

Manut kawruhipun Kangjeng Susuhunan Siti Jenar: naminipun tiyang ingkang lampah durjana punika sampun kapathokkan mesthi nganggé sastra Arab sastra wau dumunung wonten salah satunggiling wanda [22] namanipun tiyang wau, katranganipun kados ing ngandhap punika :

  1. Dinten Akad naminipun tiyang ingkang mandung wau wonten satranipun Kaf barang ingkang kapendhet kabekta mangalér, ingkang kajujug ing panggénan utawi ing dhusun ingjang rêja (ramé).
  2. Dinten Senén naminipun tiyang ingkang mendhet wau barang ugi wonten sastranipun Kaf barang ingkang kapendhet kabekta mangidul.
  3. Dinten Slasa, naminipun tiyang ingkang mandung barang wau wonten sastranipun: Sin barang ingkang kapendhet kabekta mangidul.
  4. Dinten Rêbo, naminipun tiyang mandung barang wau wonten sastranipun , utawi Ra, barang ingkang kapendhet kabekta mangétan.
  5. Dinten Kemis naminipun tiyang ingkang mandung wonten sastranipun Ga, barang ingkang kapendhet kabekta mangalér.
  6. Dinten Jumuwah, naminipun tiyang mandung wonten sastranipun Jim barang ingkang kapendhet kabekta mangilén.
  7. Dinten Saptu, naminipun tiyang ingkang mandung wonten sastranipun Sin barang ingkang kapendhet kabekta ngalér ngétan.

ѺѺѺ

[23] Wondéning bab prakawis Iladuni punika kajawi ingkang kasebut ing nginggil wonten malih  miturut katranganipun Bagus Ngarpah, ngulama dalem ing Surakarta Adiningrat kados ing ngandhap punika :

Pétung Iladuni iku tabnsah dadi parêbuttan  déning sulayaning panemu, siji ngarani tiba pati, sijiné: katekan sakarêppé, iba sulayané, mongka witting pétung mung siji saka dina pipitu.

Kangjeng parétah gedhé andangu marang Bagus Ngarpah, aturé:

Menggah Iladuni warni kakalih punika sami lêressipun sanadyan sulaya dhawah ing pétang awon saéning dinten nanging pancen dhasar makaten amargi Iladuni punika ingkang kacirénan aksara (a) anggitanipun pandhita ajujuluk Empu Hartati ing Wiratha, ingkang kacirénan aksara (b) anggitanipun Ajar boten terang naminipun.

[24] Awit saka iku kang sayoga milih dina becik
kang tumbuk tibané pada becik.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: