alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT CINGKARA DEWA


SERAT CINGKARA DÉWA

Jarwa sarta sekar macapat
Anyariyosaken piwulangipun Papatih Raja Sukatha,
dhumaten Ratunipun Sanghyang Cingkaradéwa
ing Giling Wesi, inggih punika anjumbuhaken
dhateng kawruh raos ingkang ugi winastan
kasampurnaning ngagesang.

saha :

Anerangaken lampah gangsal prakawis puja brata,
Tapa brata, lampahing badan (raga) manah,
(poncadriya)  tuwin jiwa,
sarta lampahing praja.

Mawi rinengga ing gambaripun : Sang Sri Bathara Wisnu.

 

1e DRUK

1925

ALGEMEENE JAVAANCHE BOEKHANDEL
“TRIMOERTIE”
TAMBAKSEGARAN – SOLO.

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin

dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 Agustus 2017

ѺѺѺ

[1] Punika cariyosipun nalika, Hyang Cingkara déwa badhé jumeneng natha binathara wonten ing nagari. Giling Wesi, dipun aturi déning Patihipun nama : Patih Raja Sukatha, kados ing ngandhap punika :

  1. Paduka kedah angngabekti ing jawatha, tegesipun anyirnakna pakartining poncadriya. Ingkang dipun wastani poncadriya punika, bangsanipun napsu, kadosta. Cengil, éwan, panastén kemérén dahwén kumingsun, sengit, cekak, rupak, lan sasaménipun, bongsa kinten-kinten punika kedah boten katandukaken ing budaya.
  2. Paduka kedah ajrih ing rathu, ingkang dipun wastani rathu punika, ati. Ati punika rathuning badan, kalampahanipun, tata, titi, teteg, ngatiyati. Dados anggénipun ngasta pangadilan makaten wau, badhe kaendel ing ngakathah, wekasan dipun ajrihi ing sasami[2]nipun tumitah.
  3. Paduka kedah angngidhep ing ngibu rama, tegesipun anucéni roh. Kalampahanipun, eneng, ening. Awas, éling. Angicalaken sakathahing hawa nepsu, anggawontenaken murah lan asih. Ingkang maten wau saéstu badhé kinédhepan ing sesaminipun.
  4. Paduka kedah mituhu angger ugering guru, tegesipun raos, kalampahanipun wanuh. Wani. Uninga. Angicalaken pakartining pangraos, ingkang makaten wau, saéstu badhé pinituhu dhateng ing sasamining manungsa.
  5. Paduka kedah asih ing manungsa, supados kinasihan ing jawatha, saéstu lajeng pinaringan pangkat, dados natha binathara.

Déné kalampahanipun sadaya wau, sami saking tapa brata, utawi puja montra, déné ingkang dipun wastani tapa brata wau, gangsal prakawis kados ing ngadhap punika :

  1. Angngirangi dhahar, sarananipun panarimah, senanjan cegaha dhahar, yén boten narimah sawontenipun inggih [3] gagar.
  2. Anyuda saré, ingkang pinandeng énget, sanadyan nyuda saré, yén sinupé-supé, katrangipun nyuda saré punika makaten manawi sampun ambaliyut sampun ngantos koyup dhateng pakartining ambaliyut.
  3. Angngawissana sanggama, sarananipun, rila, pakartining nyuda sanggama, makaten, yén lajeng, sampun ngantos kalajeng kaajakka ambujeng rahayu.
  4. Angngampeta pangandika, tegesipun, panggagas, inggih punika pangandika ingkang tanpa damel, kalampahanipun saking santosa. Sanajan boten ngandika , yén taksih mengku karsa, inggih sandéya.
  5. Angngicalna duka cipta, sarananipun saking martha, tegesipun marta, angngresepi ingkang sami suméwa, sanajan boten duga cipta, manawi kirang marta, inggih boten widada.

Amratélakaken lampah kawan prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. [4] Lampahing badan, yén kataman coba. Kedhah angésthiya, trima. Temen.
  2. Lampahing manah, yén kataman panguwah, kedhah angésthiya, rila. Legawa.
  3. Lambahing jiwa, saréhning jiwa punika sampun alus tuwin sukci, kedah angésthiya, ngandel, kumandel.
  4. Lampahing rahsa, saréhning rahsa punika sampun mulya, kedhah angésthiya, awas, émut.

Menggah lampahanipun ing ngagesang punika, saéstu mawi kadunungan suka, tuwin sungkawa, punapa déné bekja, tuwin cilaka, wondéning ingkang dipun wastani ageng-agengnging kabekjan punika, kawan prakawis, kados ing ngandhap punika :

  1. Gunawan, tegesipun, kalantipan.
  2. Wiryawan, kaluhuran.
  3. Hartawan, kasugihan.
  4. Barayan, sugih putra.

Kasebut kawan prakawis wau, sampun tampu, tétéla, da[5]dos panggayuh golongnganing ngagesang, punapa malih sadaya, botenipun sageda kalampahan ing salah satunggal, éwa semanten kathah ingkang boten kalampahan, jalaran boten kuwawi ananggulang pakartining ponca wisaya, mongka punika dadossa sepuhing badan, tuwin sesangnglingnging budi, menggah sangitanipun makaten, badhé tumamaning sedya punika, sampun tamtu mawi sangsara, sapira gedhéning sangsara, dadi dalaning nugraha, sangsara mau yén tinampan sajatiné amung dadi coba.

  1. Rogarda, tegesipun sakiting badan.
  2. Sangsalarda, rêkaosing badan.
  3. Wirangharda, sakiting manah.
  4. Cuwarda, rêkaosing manah.
  5. Durgarda, pakrêweding manah.

Menggah gangsal prakawis punika, sarananipun makaten :

  1. [6] Yén kataman sakiting badan, angngésthiya, rila, temen trima, legawa.
  2. Yén ketaman rêkaosing badan,angngéthiya, betah, ngangkah, lembah, memanah.
  3. Yén ketaman sesakiting manah, angngésthiya, tata, titi, teteg, ngatiyati.
  4. Yén kataman rêkaosing manah, angésthiya, eneng, ening, awas, éling.
  5. Yén kataman pakéweding manah, angésthiya, ngandel, netel, kumendel.

Ingandhap punika lampahing ngagesang, wonten : 7 prakawis :

  1. Tapaning badan, anorraga. Jakatipun taberi olah pandamel saé.
  2. Tapaning manah, anarima. Jakatipun angicalaken panginten pandamel awon.
  3. Tapaning nepsu, rila. Jakatipun sabar coba ing bilahi.
  4. Tapaning nyawa, temen. Jakatipun boten dahwén muna[7]sika.
  5. Tapaning rahsa, utama. Jakatipun kandel analongsa.
  6. Tapaning cahya, sukci. Jakatipun ening.
  7. Tapaning atma, awas. Jakatipun émut.

Ing ngandhap punika lampahing badan, wonten 7 prakawis :

  1. Tapaning nétra. Cegah saré, jakatipun lumuh anunggali sawarninipun pamrih.
  2. Tapaning karna. Cegah hawa nepsu, jakatipun lumuh angngingsep tuwin amirêngaken wiraos awon.
  3. Tapanipun grana. Cegah ngunjuk, jakatipun lumuh angisep ingsepan damel awon.
  4. Tapaning lésan, cegah dhahar, jakatipun lumuh ngraosi awoning liyan.
  5. Tapaning ngasta. Cegah nyolong, calimut, jakatipun lumuh angeban marang asta.
  6. Tapaning dakar. Cegah sahuwat, jakatipunlumuh anglampahi bandrék jina.
  7. [8] Tapaning suku. Cegah lumampah, pandamel awon, jakatipun rêmen lumampah istirakattan.

Ingkang dados pangésthining manungsa punika, kathahipun : 7 prakawis kados ing ngandhap punika :

  1. Kasuran, tegesipun kapurunan tuwin kawanteran, pamrihipun kéringan witipun saking kasektén kalampahanipun saking cegah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén anjejodho, tuwin anganiaya.
  2. Kagunan, tegesipun kasagedan, pamrihipun kinédhepan, witipun saking puruhita, kalampahanipun saking cegah néndra, kadadosanipun saking  ataberi, nanging ingkang dados sambikalanipun yén lampah rêsah, tuwin sungkanan.
  3. Kabegyan, tegesipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan witipun saking anggaot, kadadosanipun saking gemi nastiti, sarta angngati-ati. Nanging ingkang dados sqambikalanipun yén lérwéh sarta [9] angumped.
  4. Kabrayan, tegesipun sugih putra wayah, pamrihipun kopén linamulén, witipun saking sih, kalampahanipun saking ambisu, kadadosanipun saking montra, lan sarana, nanging ingkang dados sambikalanipun yén para sengit an lan sumelangan.
  5. Kasigihyan, tegesipun kaluhuran pamrihipun kajén kinurmatan, witipun saking nastapa, lan téki-téki, kalampahanipun saking puja, lan ngabekti, kadadosanipun saking anorraga, nanging ingkang dados sambikalanipun, yén lomba angkara murka.
  6. Kayuswan, tegesipun panjang yuswanipun, pamrihipun kinandel, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking cegah sahuwat, kadadosanipun saking setya tuhu, nanging ingkang dados sambikalanipun yén dora lan cidra.
  7. Kapidakdan, tegesipun kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cegah minum, kadadosanipun sang[10]king utami, lan paramarta, nanging ingkang dados sambikalanipun, yénistha, lawan sugih duka.

Sadaya wau kedah mawi empan-papan, empan wau, manawi mongsa dalu, andulutur bukaning kalbu, kabuka saking sarat saréh sarékaning karsa.

Tegesipun, amuriha papan ingkang samun, anyirnakna songga runggi. Songga runggi punika kinten-kintening manah, ingkang tanpa wekasan, wasana ambebawur pamoring Gusthi kawula.

Menggah kasebut mulang nginggil punika bilih dipun lampahi, kaliyan tetep, utawi irib-irib bok manawi saged dhumawah ing kasaénan, tuwin karaharjan, kasarasan, sarwa wilijeng. Thithi tamat.

Kasambet Sekar Sinom Sawatawis.

Rarasing wéni winudhar, dénya arsa yéng tyas mamrih, la[11]kuning sujana tama, linuwihing nguni-yuni, tatarana mrih dadi,ingkarsa mongka  sasepuh, kluhurané ing sedya, raharjeng ngangga binudi, andalejet yayah pangangnglanging praja.

Panggayuh ésthining jlma, pitung prakara punika, inkang rumiyin kasuran, kagunan kang kaping kalih, kabegyan kang kaping tri, kabrayan kaping patipun, kasinggiyan ping lima, ayuswan kanemiréki, kawidadan jangkep ping kacipta sapta.

Wijang-wijangé jinawa, ran kasuran dén tegesi, kakendelan pamrihira, kinéringnganing sasami, saking kasaktén kang wit, cegah bukti lakunipun déné kadadéyanya, saking santosa ing budi, sambékalayya jajodholaniyaya.

Ping kalih aran kagunan liré kapinterana mrih, kinédhepaning sasama, saking anguguru kang wit, lakuné cegah guling, déné kadadéyanipun sing taberi ing karya, sambékalané puniki, yénna laku rusuh,  kesétan sungkanan.

Kaping tri aran kabegyan liré kasugihana mrih, kinalulutaning kathah, saking anggaota kang wit laku nariméng ngati, déné kakdadéyanipun  sing gemi nastityéka, sambékalané puniki, yénna lérwéh lana ngumped darbékira.

Kaping [12] pat aran kabrayan liré sugih wayah siwi, mrih kopén kinemulanan puniku witing saking sih, lakuné mepeta ngling, déné kadadéyanipun, sing montra lan sarana, sambékalané puniki, lamun para sengitan lan sumelangan.

Ping lima ran kasinggihan, liré kaluhurana mrih, kaajén lan kinurmatan wit sing nastapa tétéki, déné lakuniréki, puja lan ngabekti ngéstu, kadadéyané saka, sila krama anoragi, sambékala yén coba angkara murka.

Ping nem mé aran kayuswan, liré panjang yuswanya mrih, kinanadelaning sasama, witing saking sadu budi, laku cegah sarêsmi, déné kadadéyanipun, saking tuhu susetya, sambékalané puniki, yén na laku doracara lawan cidra.

Ping sapta ran kawidadan liré kayuwanana mrih, kinopamaning sasama, pirayaté saking sukci, lakuné cegah warih, minum; dé kadadyanipun iku saking utama, lan para martha ing budi, sambékala yén nistha lan sugih duka.

Nihanta genti wicara, wawarahé sawusing dika, apan manungsa kang bisa, dadya wengkuning sasami,ingkang bisa nglakoni, pangéstu lima kéhipun tinetepan kalawan margawéng tyas tan saka serik, [13] iki liré dunungé paangéstu lima.

Ingkang sapisan sing sapa, manungsa tansah ngabekti, mring Alah kang sipat murah, iku puwarané mesthi, kinabektén sasami, ping ro sapa puniku, ajrih ing rathunira, iku wekassane yakti, kinajrihan wong ngiku maring sasama.

Kang ping telu sing sapa, ngedhep marang yayah bibi, sayekti wekasanira, kinédhepaning sasami, ping pat sing sapa yekti, mituhu marang ing guru, prapténg don katemahan pinituhu mring sasami, kaping lima sing sapa asih sasama.

Kadadéyané sanyata, kinasihan ing sasami, wus jangkep pangéstu lima. Iki ana warah maning, sabdané Sang Maharsi, Poncabratha aranipun, tegesé laku lima, ingkang sapisan winardi, wadhah nyuda mangan ingkang winadhahan,

Iya iku panarima, sanadyan pasa upami, kalamun noranarima, saanané kang binukti, yekti kurang prayogi, wit ing tyas gresah mawelu, kapindho wadhahira, nyegah anyunyuda guling, iya iku éling ingkang  winadhahan,

Nadyan silih datanéndra, lamun sinamur sinambi, mét suka kurang prayoga, karana rêknaning ngati, wéh lalining pangésthi, déné ingkang kaping telu, wadhah nyunyuda sahwat, [14] tata ingkang dén wadhahi, nadyan arang sahwat yén sanggama rêsah.

Bandrék jina sasamanya, sayektiné kurang adi, wit tinggal tata prayoga, kaping pat wadhahiréki, nyunyuda serêng runtik santosa ingkang pinuntu, nadyan sabar darana, yén dahwén sendho nyampahi, tan prayoga wit jroning tyas nemu duka.

Dumadi nora santosa, ping lima wadhahiréki, nyunyuda wijiling sabda, panlongsa kang dén wadhahi. Nadyan bisu tanangling, yé mangsih mengku karsa duka wit tanpa panalongsa, temah tan marta martani, dén nastiti mawas rasaning surasa.

 

— tamat —

 

 

 

Advertisements

1 Comment

  1. agus wahyudi sigtpranotodhimedja

    matur nuwun saged dados piwulang..

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: