alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PRAMANASIDI


SERAT PRAMANASIDI

Inggih punika péngetan  nalika Prabu Aji Jayabaya
ing Kadhiri puruhita kawruh jangkaning jaman
saha puruhita ngélmi kasampurnan
saking agami Islam dhateng
Sang Raja Pandhita Maolana Ngali Samsujén
saking ing tanah Ngarab.

CITAKAN KE II

Diterbitkan dan dijual oleh :
Boekhandel TAN KHOEN SWIE, Kediri
1935

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir

Sidoarjo, 25 Desember 2017

@@@

BUBUKA

Serat Pramanasidi punika anyariyosaken nalika Sang Prabu Aji Jayabaya puruhita dhateng Sang Maolana Ngali Samsujén Raja Pandhita dibya ing tanah Ngerum bab ngélmi kasampurnan tuwi kawruh jangkaning jaman ing ngajeng tembung kawi, ingkang jawékaken Raden Ngabéi Yasadipura, sapisan Kaliwon Pujongga ing nagari Surakarta. Nanging babonipun kathah ingkang lepat panyeratipun tuwin suraosipun wonten ingkang nalisir saking jejeripun kados saking sembrananipun ingkang nedhak rumiyin ing mangké sampun kalerêsaken sedaya déning ingkang nedhak sapunika, inggih punika Mas Ngabéi Mangunwijaya ing Wanagiri, mila samangké sampun katanggel lerêsipun.

Saha mawi kasambetan ingkang jumeneng natha ing sajaman-jamanipun wonten ing tanah Jawi, wiwit ratu sapisan inggih punika  Prabu Maha Déwa Bupaddha, ngantos dumugi Sampéyan Dalem Ingkang  Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang Kaping X ing Surakarta. Tahun 1935 – 1866.

— @@@ —

 

[5]Awiyos anenggih ingkang kacariyosaken nalika panjenenganipun Sri Bathara Aji Jayabaya katamuwan Sang Raja pandhita ing tanah Ngerum awasta, Sang Séh Maplana Ngali Samsujén rawuhipun Sang Raja Pandhita wau sakalangkung kinurmatan lajeng pinanggihan wonten  sanggar palanggatan ngantos sawatawis dinten laminipun.

Sarêng amarêngngi ing dinten sukra manis sang Séh Ngali Samsujén ambuka kitab musarar.   Tembung Ngarab Sang Prabu Aji Jayabaya andangu menggah kitab makaten punika anyariyosaken punapa. Aturipun Sang Maolana. Punika kitab jangkaning jaman ingkang sampun tuwin ingkang déréng kalampahan Sang Prabu sakalangkung kapéncut saha éram ing galih, wasana lajeng angandika. Ingkang tiyasa  jongka punika  ing ngajeng sinten, Sang maolana mangsuli. Kacariyos Sang raja  ing Ngerum ingkang ajujuluk Sultan Algabah, kasusra ratu-ratuning jagad panengngen sadaya, sanadyan ing pangiwa ugi wonten jangkanipun ngantos dumugi wekasaning jaman.

Ing ngriku Sang Prabu sakalangkung kapéncut ing galih, lajeng nedya badhé puruhita supados sumerêp dhateng raosing jongka. Wangsulanipun Sang Maolana makaten bab punika sinuhun sayekti boten prayogi, manawi Sang Natha déréng wuningnga dhateng gaibbing Pangéran ingkang sajati, inggih punika kasajatining [6] kahanan kénging kabasakaken karumiyinan tuwuh, adat ingkang sampun kalampahan badhé anyupet dhateng panjenengnganipun piyambak.

Ing ngriku Prabu Aji Jayabaya sakalangkung ajrih, wekasan umatur : menggah ingkang winastan gaibbing kahanan punika punapa Serat Jitapsara. Bab turuning kahalusan punapa widya pramana. Punapa sastra harjéndra. Punapa sastra cetha, punapa buddha gotama.

Wangsulanipun Sang Séh aolana : dhuh sinuwun saréhning kula punika boten sapanengngen dados déréng sumerêp makaten punika, coba kacariyosna ringkesanipun kémawon, supados saged ombér ing jajahanipun manawi sampun jangkep badhé anggepokki, malah kalerêsan badhé saged dados  balabaran.

Ing ngriku Sang Prabu Jayabaya lajeng anggelaraken suraos riringkesaning Kitab Jitapsara makaten :

  1. Menggah Jitapsara punika gaibbipun bongsa Jin awit ing ngajeng Sang Hyang Nurcahya kawejang mara sepuhipun punika Ratuning Jin ing tanah Maldéwa, mekaten wijangnganipun.
    Ing sadéréngngipun wonten punapa-punapa, punika ngalam suwung, dipun wastani jagad sunyaruri, ing ngalam ngriku boten wo[7]nten prenah lér, kidul wétan kilén kajawi cahyaning Pangéran ingkang murup angkara-kara, awujud latu ingkang ngalad-dalad warnénipun abrit jené, biru, dipun wastani Sang Hyang Dahanan kacariyos punika  gesang piyambak boten wonten ingkang  gesangngi, dangu-dangu latu wau medal awanipun awujud kadi déné tiyang kalih, dipun wastani Sang Hyang Mertya Jiwa, inggih punika tegesipun gesang, mertya jiwa wau dangu-dangu kumukus kukusipun kasarêng  jumeneng saadegging manungsa akondha badaning janma, dados cahya latu wonten salebeting kukus kadi déné  dilah kurung asarira cahya, lajeng kawasa amicara, ingkang cahyanipun abrit tuntung biru, winastanan Sang Hyang Damaring Dyah, inggih karan Marijah, punika lajeng kempal dados jodho, sasampunipun makaten Sang Hyang Jan Marijah, lajeng mosik masenenan cahyaning latu ingkang abrit kempal lawan cahyaning latu ingkang jené, ingkang biru ngempal  ingkang gedhah, awekasan cahya abrit dados kalih sami mawi biru gedhah. Cahya anakkan wau sarêng adeggipun sami, Sang jan Marijah wau lajeng kondha wandaning janma, inggih sarira cahya, sarta saged sabawa micara, ingkang cahyanipun abrit sorot biru wujud jaler, dipun wastani Sang Hyang Bahniji, ingkang [8] cahyanipun jené sorot gedhah awujud éstri, karan  Sang Banincah, karanipun kalih wau Sang Banujan dados wontenipun kalih sebutan : Jan Banujan  ing saben osik masenenan Marijah wau inggih  lajeng mahanani rupa, ing wekasan asusuta baranahan wujudipun warni-warni, wonten ingkang warni manungsa, wonten ingkang warni iber-iberan wonten kang warni bangsani sato kéwan wonten kang warni bangsaning ulam loh.
    Déné Sang Jan wau sakembaran dados uyun-uyunaning para sutanipun lajeng ajujuluk Raja Darma Adiyan inggih karan Sang Raja Marijan sakalangkung anggénipun mukti wibawa. Déné Sang Hyang Banujan lajeng anjodhok-jodhokkaken asal bangsanipun piyambak-piyambak satemah lajeng susuta  baranahan turunipun sadaya lajeng dipun wastani Sang Alijan Jankaran Ahlijan, sang Ahlijan susuta baranahan dipun wstani Adiyan karan Jin dados wontenipun karan kawan prakawis Jan Banujan Alijan Jin.
    Sang Jin wau susuta  kembar jaler, awujud sipat manungsa, ingkang satunggal cahyanipun jené, dipun watani Sang Andajali, lajeng ajujuluk Sétan tegesipun pethak sasampunipun diwasa lajeng sinung jodho piyambakipiyambak.
    Sang Idajil wau sakalangkung onjo piyambak ing sabangsani[9]pun ing satemah  murtat boten purun angratu dhateng Raja Marijan wekasan dados darêdah amemengsahan inggih punika wiwitanipun wonten perang, Sang Idajil sabangsanipun unggul nalika samanten dadamelipun amung pangabarran latu. Ing ngriku Sang Jan Banujan Alijan sami kawon satemah sirna mantuk dhateng asal kamulanipun latu, Sang Idajil lajeng jumeneng natha, angentosi Sultan Marijan ajujuluk Sultan Abumarah, tegesipun bapakkané para Sétan cekakipun Sang Raja Abumarah wau lajeng abebésanan kaliyan kadangngipun ingkang awasta Sang Hyang Andajali, dados bangsaning siluman sadaya, déné ingkang taksih tusipun bangsaning darahipun Sang Jan punika, anurunaken para Jawatha, wekasan janma manungsa, dumugi sapunika.
    Twlas cariyos gancaraning Jitabsara. Awit gesangnging manungsa punika saking napsu, ingkang dipun wastani sirna punika manawi pejah nepsunipun lajeng boten pejah ing salaminipun kéndel samanten pangandikanipun Bathara Aji Jayabaya.
    Sang Raja Pandhita Ngali Samsujén umatur, dhuh Sang Natha, menggah suraosing Jitapsara ingkang paduka gelaraken punika, déréng montra-montra yén magepokkan dhateng gaibbing Pangéran awit punika teksih sami dhadhapuran yén sampun wonten  dhapuripun saéstu inggih sampun wonten ingkang [10] dhapuraken.
    Ing ngriku Sang Prabu Jayabaya mangsuli, manawi makaten punapa badhé mangéran dhateng alam suwung.
    Wangsulanipun Sang Raja Pandhitha, dhuh Sang Prabu sayekti sanés sampun paduka wastani Alam teka kawastanan Pangéran.
    Ing ngriku Prabu Jayabaya lajeng anyariyosaken reringkesaning Serat Widya Pramana, ingkang dhateng asaling manungsa, mekaten menggah pangandikanipun.
  2. Widya Pramana, anyariyosaken sadéréngipun wonten gelaraning jagad punika ngalam suwung, ingkang ingkang wonten rumiyin 2. amun-amun dipun wastani wasana; 2. Lintang; 3. Rêmbulan; 4. Srengéngé, punika lajeng sami kumaringet karingetipun lajeng dados saganten sasampunipun lajeng dados bumi, lajeng wonten turuning wiji kaweningngan wasta Manik Ismaya, lajeng saking surya wasta manik mulat warninipun pethak cemeng, abrit punika lajeng dados satunggal lajeng warni biru semu ijem lajeng winastan tri murti wau anjujug samadyaning tawang, lajeng ajuju pramana, lajeng agatra manungsa, wekasan anak-anak baranahan tela raringkesaning widya pramana, ingkang ngasalaken dhateng manungsa.
  3. Wondéninng raringkesaning sastra arjendra punika wonte[11]n sasebutan kawan prakawis  menawi tiyang punika asal saking kawan prakawis ugi. 1. Swasana; 2. Lintang; 3. Rêmbulan; 4. Srengéngé, sampurnanipun wonten sasebutanipun kawan prakawis atas titas tatas putus, 1. Atas punika jinarwan luhur; 2. Titas punika pramana; 3. Tatas punika jinarwan rampung; 4. Putus punika jinarwa babar pisan, wonten kawan prakawis malih, sampurna, lengit layat luyut; 1. Sampurna tegesipun pulih; 2. Lengit tegesipun alus; 3. Layat tegesipun jinarwan rampung; 4. Luyut tegesipun ilang, dados pikajengipun sapurnaning manungsa punika kedah mulih ing ngalus pulih ing ngalus sirna, sirnanipun dhateng babar pisan tatas dhateng pramana, pramana dhateng ingkang Maha Luhur.
  4. Wondéning raringkesaning Budha Gutama kacariyos makaten.

1). Wonten sasebutan tiga, 1. Nur; 2. Rahsa; 3. Urip; Nur tegesipun cahya, Rahsa tegesipun wijining rah, Urip tegesipun  urup.
2).  Wonten malih tigang prakawis, 1. Jiwa; 2. Jasat; 3. Jisim, Jiwa tegesipun inggih gesang, Jasat tegesipun garinganing teles, Jisim tegesipun teles kang garing.
3).  Wonten malih tigang prakawis, 1. Eroh; 2. Sa[12]rira; 3. Raga, Eroh tegesipun banyu suci, Sarura tegesipun sariraning banyu, Raga tegesipun roh agal.
4).  Wonten malih sesebutan tiga , 1. Rah; 2. Sari; 3. Sungsum, Rah, tegesipun banyu suci, sari, tegesipun rasa. Sungsum tegesipun banyu rasa.
5).  Wonten malih sesebutan tiga. 1. Jasat; 2. Bumi; 3. Alam, Jasat tegesipun adegging urip, Bumi tegesipun ambah-ambahan, Alam tegesipun barang lawas.
6).  Wonten malih sebutan tiga, 1. Wening; sudi; 3. Terang. Wning tegesipun sumorot, Suci punika rêsik, Terang punika padhang.
7).  Wonten malih  sebutan tiga, 1. Uwong, Jalma, Manungsa. Uwong tegesipun wujud Jalma punika erah, Manungsa punika tegesipun banyu wewijén dados pikajengngipun inggih gesangnging manungsa punika wijinipun awarana wujud erah, tela raringkesaning budha gutama.

Ingriku Sang Maolana Ngali Samsujén sarêng miharsa warnining bodhagutama, sakalangkung lega panggalihipun  wekasan lajeng umatur : ingkang makaten punika  inggih sakalangkung prayogi Sinuhun ananging sadaya wau taksih warana kémawon tegesipun aling-aling, punik asok asring kéndel wonten pocapan kémawon sadaya wau wondéning [13] sesebutan ing ngandhap punika.

Menggah gesangnging dunya punika kodhok ngemuli léngngé, gesangnging wekasan kodhok kinemulan ing léng, punika Sinuwun paduka pilih ingkang pundi, utawi nyatanipun ingkang pundi, awit manawi milih ing nglebet sirik, manwi milih  ing jawi sasar.

Ing ngriku  Sri Bathara Aji Jayabaya saklangkung legeg rumaos kasoran mila lajeng ngandika supados kadunungna ingkang kalayan salerêsipun.

Sang Séh Maolana lajeng umatur andunungngaken makaten menggah aturripun dhuh Sinuwun prakawis ngélmi satunggal punika sakalangkung werit tur agawat sabab manawi kawastanan lembat déné angébekki jagad manawi kawastanan ageng déné boten anglabeti, wondéné  ingkang sampun putus punika saged anggulung tuwin anggelar. Manawi kagelar boten wonten  singgetanipun manawi kagulung boten wonten antawisipun awit Pangéran punika boten arah boten enggén boten gatra, boten satmata, ananging pasthi wontenipun ananging datan kénging  dinumuk utawi boten kénging pineleng wonten  ing panggénan satunggal dumunungngipun namung wonten ingkang sampun waskitha ing budi, pramila paduka kedah kula cariyosi rumiyin.

Kauningngana Sinuwun kula punika tiyang Ahli kitap [14] putus dhateng suraosing Kuran ananging punika déréng  anggepokki, dados sadaya wau taksih sami pralambang kémawon, punika manawi dipun encepi sayekti taksih dados lepat manawi boten dipun ajengngi sayekti kirang jajahan mila sadaya pralambang punika kedah dipun kempalaken manawi sampun kempal lajeng kasuraos kajengngipun punika wonten pralambang saking dalille Kuran makaten.

Duk awang uwung Pangéran anitahaken ragangnganing Alam pikajengngipun makaten sadéréngipun wonten isi, wadhah kawontenaken rumiyin inggih punika : biyung, dipun  wastani baka, inggih punika wadah ing jabang bayi, badhé minongka cacithakanipun inggih sadéréngipun isi sampun wonten.

Lajeng ragangngan wau kapanjingngan  atma pramana, saged gesang, dipun wastani wonten alam baka. Ing dalil Kuran dipun wastani wonten alam sawarga, tegesipun sawarga, badan dados teksih  sarira garbaning biyung, ing dalil dipun wastani, kawa, tegesipun kadasosaning gesang punika saéstu saking jaler éstri, salebetipun  wonten ing dalem sawarga kawalerran sampun ngantos dhahar wohing kuldi, menggah wohing kuldi idham-idhamanipun jabang bayi, utawi ing ngriku kontening sawarga sirineksa ing naga, utawi peksi merak, kontening sawarga punika tegesipun inggih kontening badan, inggih punika lésa[15]ning biyungngipun, déné peksi merak punika sajatosipun pepénginanipun inggih punika kajengnganipun taksih lumantar ing biyungngipun dumunung wonten  ing ngari-ari, awit jabang bayi wau lajeng anesep ari-ari. Déné naga, ngibaran wontenipun aluamahing jabang bayi, lajeng kasbut Adam Kawa gadhah mengsah  Idajil inggih punika jabang bayi sampun  kadunungan poncadriya, lajeng kepvngin dhahar  woh kuldi, inggih punika jabang bayi kepéngin nusu, sarêng dumugining mongsa  lajeng lair. Punika ingkang dipun  pralambangngi Adam Kawa katundhung saking sawarga, lajeng kapisah enggénipun déné ing sanalika ngriku mantun nesep ari-ari. Lajeng nesep susu. Déné Éblis Merak Naga, sami katundhung dhateng ngalam dunya, punika tegesipun kakajengnganing jabang bayi, tuwin awaning jabang bayi sampun dipun anggé piyambak saya angeng misah saking susu, inggih punika hawaning jabang bayi saya angrebda. Makaten Sinuwun wiwitipun dados manungsa.

Amangsuli nalika awang uwung, ngawontenaken cahya wasta nur Mukamad punika wujudipun pethah amaya-maya, dumunung wonten kayu dipun wastani kayu sajaratulyakin inggih sajaratulmustaha, tegesipun kayu ingkang nyata, inggih punika la[16]fal latakyun kalawan nyata, sasampunipun makaten cahya (kayu sajaratil wau lajeng gadhah pang sakawan) dados warni wau lajeng wujud sakawan cahya sakawan warni, pethak jené, abrit cemeng. Déné ing dalil Kuran cahya wau kasebutaken Pangéran ayasa Malékat sakawan, 1. Jabarail; 2. Ngijroil; 3. Ngisrail; 4. Mingkail déné pangipun kayu wau ngibaratipun kéblat sakawan, lor, kidul wétan kilén, Malékat wau sajatosipun napsu sakawan prakawis punika. Ingkang cahya pethah dipun wastani napsu Mutmainah,  cahya jené napsu Supiyah, cahya abrit napsu Amarah, ingkang cemeng napsu Luamah, punika lajeng praboting Adam Kawa sadaya, inggih punika dipun wastani, madi, wadi, mani, maningkem empanipun wonten ing : pangonda, pamirsa, pamiyarsa, pangraos lajeng dipun rangkepi ungel-ungelan sakawan kondha, warna, ambu, rasa.

Wondéné dunungipun kawula Gusti punika, wonten ing solah bawa, kawula punika wonten ing solah, Gusti punika wonten ing bawa. Dados punika winastan badan budi, papangkatan kalih dados satunggal ing donya delahanipun mawi tarik-tinarik lajeng wonten sasebutan kawan prakawis bumi, geni, angin banyu, punika gesangnging Ala[17]m dunya, ingkang bumi dados daging, geni dados napsu, angin dados napas banyu dados rahsa.

Déné gesangnging delahan kawalik pétang urutipun banyu, angin geni, bumi, dados rahsa, napas napsu, daging, wijangipun makaten menawi badhé anuwuhaken gesang, hawa tatedhan rumiyin  awit wekasan dados daging, lajeng angedalaken napsu, inggih punika cumbana, lajeng ngingsep-ingsep lajeng angedalaken rahsa, dados gesang.

Menawi dumugi pejah wijangipun makaten, ingkang rumiyin sudaning rahsa, kaping kalih sudaning napas kaping tiga sudaning napsu, kaping sakawan sudaning daging, dunungipun makaten kadosta:1. sudaning maripat aningali katingal bawur, boten kados saben-saben; 2. Sudaning pamiyarsa, manawi mirêngaken boten cetha; 3. Sudaning pangonda, manawi angonda boten pramana; 4. Sudaning rasa, manawi nedha bpten éca.

Dados sajatosipun dununging Pangéran punika wonten ing bawa. Tembung Ngarab “kun” dununging kawula wonten ing  rasa, roh utawi : sir, mila dipun pralambangi kados pamoring mas lan tembaga, tegesipun suwasa. Inggih punika wosing siji, dipun upamékaken pindha cahyaning emas lan tembaga, wujudipun abrit tungtung jenar, ingkang abrit cahyaning raga, ingkang jenar cahyaning suksma, dados ananing suksma ing[18]gih ananing raga, pecahipun wonten sasebutan sekawan 1. Dat; 2. Sipat; 3. Asma; 4. Apngal, Dat tegesipun kondha utawi wujud tuwin janggerêngnging gesang, Sipat tegesipun tulis utawi cahya. Asma tegesipun aran, Apngal tegesipun panggawé, menggah wijangipun makaten:
Dat punika sajatosipun gesang sajati;
Sipat punika sejatosipun cahya sajati;
Asma punika sejatosipun nama sajati;
Apngal punika sejatosipun  panggawé sajati, inggih punika napas amengku pangrasa.

Sadaya wau Sinuwun manawi sampun priksa saéstu sampun putusing kawruh jati, priksa manawi sajatining Pangéran punika anunggil kawula.

  1. Mila kasbut Pangéran Jati, tegesipun Pangayoman;
  2. Mila kasbut Maha Kawas, tegesipun Pangageng;
  3. Mila kasbut Maha Luhur, tegesipun inggih luhur, déné dados tuturutaning kadosan;
  4. Kasbut Sang Hyang Suksma, pikajengipun sipat samar, wijangipun Suksma, punika jero awas urup inggih urip;
  5. [19]Kasbut Sang Hyang Wisésa, pikajengipun wenang;
  6. Kasebut Sang Hyang Esa, pikajengipun tunggal.

Kéndel aturipun Sang Pandhita Maolana Ngali Samsujén Sang Prabu lajeng winisik jatining gesang. Ing ngriku Sri Bathara Aji Jayabaya, sakalangkung suka anarima, rumaos manawi sampun tetep kamanungsanipun ing bathos ngésthi wuwulangnging guru, ing tembé saged dados sor-soraning kakarah ing tekanipun Sang Pandhita Raja wau, lajeng aminta kaparingngana saserêpan kawontenaning jongka.

Ing nalika samanten Sang Séh Ngali Samsujén lajeng anggelar kitapipun musarar, jongka wiwitipun tanah Jawi kaisénana manungsa sapisan ngantos dumugi jagad pralaya, jongka wau kasbut nama tri kali, tegesipun  tigang jaman ageng. Pratélanipun kados  ing ngandhap punika :

I. Ingkang rumiyin kawastanan Jaman Kaliswara, lerêsipun Kalihiswara, tegesipun jaman nginggil inggih jaman luhur. Ing salebetipun jaman kalihiswara wau umuripun manawi taun surya : 700 warsa, manawi taun condra : 721warsa, mawi amengku jaman pipitu awasta : kala : sami umur : 100 warsa, taun surya, taun condra : 103 warsa, kados ing ngandhap punika :

  1. Kawastan jaman Kalaroga, tegesipun jaman kasakitan awit tiyang tanah Jawi sami nandhang kasakitan amargi saking kateluh ing séluman, dados tanah Jawi saweg umur : 100 taun;
  2. Jaman Kalakukila, tegesipun jaman peksi, awit déréng wonten cara, teksih kados peksi kémawon, umuripun tanah Jawi saweg 200 taun;
  3. Jaman Kaladwara, tegesipun jaman pawalangngan awit tiyang Jawi kala samanten teksih awas-awas amargi taksih kacelakkan Déwanipun tanah Jawi umur : 300 taun;
  4. Jaman Kalatirta, tegesipun jaman toya, déné wekdal punika tanah Jawi wiwit wonten banjir ageng karya keleming dharatan tanah Jawi umur : 400 taun;
  5. Jaman Kaladyyara, tegesipun jaman kemokalan déné ing wiwit punika ing tanah Jawi sami angudi ingkang gaip-gaip amargi kathah para Jawatha ingkang sami angéja wantah, tanah Jawi umur : 500 taun;
  6. Jaman Kaladratha, tegesipun jaman karusuhan déné wiwit punika para Natha tanah Jawi angén jajahaning mengsah, anjembaraken bawah tuwin polatan , tanah jJawi umur 600 taun;
  7. Jaman Kalapurwa, tegesipun jaman wiwitan déné tiyang Jawi ing kala punika wiwit sami angencengngaken agamini[21]pun dhateng para Déwanipun piyambak-piyambak, tanah Jawi umur 700 taun.

II. Ing Jaman Kaliyoga, tegesipun jaman papatut inggih punika jaman tengahan salebetipun jaman Kaliyoga punika, umuripun manawi taun surya : 700 warsa, manawi taun condra : 703 warsa, sarta ugi amengku jaman pepitu malih :

  1. Kawastanan Jaman Kalabrata, tegesipun jaman lampah, déné wiwitanipun tiyang ing tanah jawi sami ulah lampah angésthi Déwanipun, tanah Jawi umur : 800 taun;
  2. Jaman Kalawrata, (Kaliwignya) tegesipun jaman limrahipun, awit tiyang tanah Jawi wiwit punika, sami anglimrahaken kawruhipun, tanah Jawi umur : 900 taun;
  3. Jaman Kalayuddha, tegesipun perang, déné ing tanah Jawi wiwit punika kathah perang, tanah Jawi umur : 1000 taun;
  4. Jaman Kalawisésa, tegesipun jaman wenangngipun pinyambak-piyambak andadosaken sudaning pangadilan ingkang sampun maton tanah Jawi umur : 1100 taun;
  5. Jaman Kalawisaya, tegesipun Kalawisuna, wiwit punika ing tanah Jawi kathah wisuna, andadosaken darudah ing kathah. Tanah Jawi umur : 1200 taun;
  6. [22]Jaman Kalajongga, tegesipun jaman nguja angga, ing mongsa punika titiyang ing tanah Jawi sami bujeng raganipun piyambak-piyambak tebih dhateng sanak sadhérék tanah Jawi umur : 1300 taun;
  7. Jaman Kalasakti, tegesipun jaman kasektén awit tiyang ing tanah Jawi, ing mongsa punika sami ulah kasektén amargi rêbat piyangkuh piyambak-piyambak, tanah Jawi umur : 1400 taun.

III. Ingkang kaping tiga, Jaman Kalisangngara, tegesipun jaman wekasan ing salebetipun jaman kalisangngara, umuripun manawi taun surya , inggih : 700 warsa, manawi taun condra, 727 taun, ugi amengku jaman pipitu, kados ing ngandhap punika :

  1. Jaman Kalajaya, tegesipun jaman kaunggulan déné tiyang ing tanah Jawi sami ulah kadhirén tuwin edak adigung, para ageng sami ulah kamuktén  para alit sami ulah kadhirén tuwin ambek kaunggulan tanah Jawi umur : 1500 taun;
  2. Jaman Kalabendhu, tegesipun jaman Draduka, déné wiwit punika tanah Jawi tiyangipun sami angsal dudukaning Pangéran awit boten wonten ingkang ulah pangabekti, tuwin ing ngriku karaton pecah dados kalih, manahipun tiyang sami u[23]ra, boten rukun jalaran angugemi kawruhipun piyambak-piyambak tanah Jawi umur : 1600 taun;
  3. Jaman Kalamarta, tegesipun jaman kaasrepan déné tiyang ing tanah Jawi manahipun sami tentrem amargi ratunipun ambek paramarta, angupakréng wadya, kasebut ratu adil tanah Jawi umur : 1700 taun;
  4. Jaman Kalaasmara, tegesipun jaman kasengsem awit ing tanah Jawi wekdal punika tiyangipun sami kasengsem manahipun ratunipun bagus rêmen ulah lelangen, tanah Jawi umur : 1800 taun;
  5. Jama Kalabrasma, tegesipun jaman kapanasan déné manahipun tiyang tanah Jawi sami parungsang, awit ratunipun uncat sangking pangadilan tanah jawi umur : 1900 taun;
  6. Jaman Kalasinela, tegesipun jaman kaselan awit ing tanah Jawi kaselan ratu sanés darahipun ratu Jawi, inggih punika ratu sabrang ing nuswa sarênggi, (saking sabrang ngatas angin) wekasan andadosaken susahing tiyang alit tanah Jawi umur : 2000 taun;
  7. Jaman Kalatinata, tegesipun jaman tinata, inggih jaman tata, awit mongsa punika, ing tanah Jawi sakalangkung tata, awit ratunipun sakalangkung saé, wekasan anuwuhaken datan prayogi, anyirnakaken agami kina-[24]kina, nuwuhaken agami inggal ing ngriku wekasan dipun wastani dinten kiyamat dhatengnging dabbatularli aprang lawan Iman Mahdi, umuripun tanah Jawi sampun : 2100 warsa surya, taun condra : 2163 warsa.

Tegesipun dinten kiyamat punika, sirnaning agami Mukhamad dados sampun boten angawontenaken salat sembahyang, boten ulah brata, pitekur puja. Ing ngriku kacariyos Kangjeng Nabi Ngisa tumurun inggih punika kanggé pasemon dados ing jaman wekasan sampun sami angrasuk agami Kristen sadaya.

Telas aturipun Sang Maolana Ngali Samsujén  Prabu Aji Jayabaya sakalangkung suka anarima.

Sang Séh Maolana Ngali Samsujén lajeng nyuwun pamit mantuk dhateng Ngerum Sang Parabu Jayabaya sakalangkung hurmat saha angétokaken sarta atur jumurung sampurnaning lampah.

Tamat cariyosing Serat Pramanasidhi.

— ¤ —

 

Lajeng kasambetan déning ingkang nedhak (Mas Ngabéi Mangun Wijaya) inggih punika, ing dalem sajaman-jamanipun ingkang kasebut ing jongka wau, sami kaisénan ingkang jumemeng natha. Pethikkan  saking Serat Sajarah Karaton kados ing ngandhap punika.

[25]Tanah Jawi umur, 100, taun déréng wonten ingkang jumeneng ratu.

Sarêng salebeting umur : 200 taun inggih punika nalika ing taun : 144 sinangkalan, sukci caturing ngumulun inggih punika ingkang wiwitan jumeneng natha, Sang Hyang Guru, jumeneng wonten ing nagari Mendhang Kamolan ajujuluk Prabu Maha Déwa Buddha. Angsal : 30 warsa muksa.

Sarêng taun : 75 sinangkalan pandhawa sabdaning nyata, ingkang jumeneng natha putranipun Sang Hyang Guru, sakawan :

  1. Sang Hyang Samba jumeneng wonten ing nagari Mendhang Prawa, ajujuluk Prabu Sambodhana.
  2. Sang Hyang Brahma, wonten ing Mendhang Gali, ajujuluk Prabu Sri Maha Sundha.
  3. Sang Hyang Éndra, jumeneng wonten ing Mendhang Gona, ajujuluk Prabu Sri Maha Sakra.
  4. Sang Hyang Bayu, jumeneng wonten ing Mendhang Gora, ajujuluk Prabu Sri Maha Raja Bima. Jumenengngira antuk : 30 warsa, Prabu 4 wau lajeng sami muksa. Sarêng taun 300 sinangkalan : tanpa samar ing paningal ingkang jumeneng natha ugi putranipun Sang Hyang Guru, nama Sang Hyang Siwah, inggih Sang Hyang Kala, jumeneng wonten ing nagari Mendhang Siwanda, ajujuluk Prabu Sri Maha Raja Balwa, antuk 25 warsa muksa.

[26]Sarêng ing taun 225 sinangkalan buta kalih aningali. Ingkang jumeneng natha Sang Hyang Brahma malih, jumeneng wonten ing Mendhang Siwanda, ajujuluk Maha Raja Buddhawaka, angsal 2 taun muksa.

Sarêng taun 227 sinangkalan wiku kalih manganjali. Ingkang jumeneng natha Maha Raja Déwa Buddha. Saking Séwanda jengkar dhateng Mendhang Gili, kawastanan nama nagari Giling Wesi, angsal 30 warsa muksa.

Sarêng taun 252 sinangkalan, ningali danawa perung. Ingkang jumeneng natha : Sang Hyang Wisnu malih, wonten ing nagari Mendhang Kamulan kapindhah nama nagari Purwacarita, sarêng watawis angsal  sadasa warsa, Empu Bramadha linimbangngi jumeneng  natha wonten ing Giling Wesi, jumenengipun dipun sangkalani nembah kaswarêng  asta, antuk sangang warsa muksa, sarêng kaliyan Prabu Buddha Kresna.

Sarêng ing warsa 272 sinangkalan dwi pandhita manembah. Sang Hyang Rodra jumeneng natha wonten ing nagari Giling Wesi, ajujuluk Maha Raja Dewa Ésa, antuk kawan dasa nenem warsa (46), muksa.

[27]Sarêng ing warsa 308 sinangkalan, angésthi pati ing geni. Ingkang jumeneng natha putraning Prabu Maha Raja Desa Ésa, saking praméswari, nama Radén Pakukuhan ajujuluk Maha Raja Kanno. Angsal 30 warsa, kagentosan putra mantu, nama Prabu Kandhihawa, wonten ing nagari Purwacarita, sarêng lan ari natha nama Prabu Érya Narodra, jumeneng wonten ing nagari Giling Wesi, angsal 28 warsa, séda. Prabu Kandhihawa angsal 4 warsa séda, duk jumenengngipun natha sinangkalan : ngésthi sucining nala. (348), Prabu érya Narudra angsal 38 warsa séda.

Sarêng ing taun 371 sinangkalan : sujanma mring ngardi brama. Ingkang jumeneng natha putranipun Prabu Kandhihawa, anama Radén Rêspati, ajujuluk Prabu Palindriya, wonten ing nagari Medhang Gelé, kapindhah nama Mendhang Kamolan angsal 14 warsa séda.

Sarêng ing taun 385 sinangkalan pandhawa angésthi guna. Ingkang jumeneng natha  Prabu Sélacala, inggih Prabu Watugunung, wonten ing nagari Giling Wesi, antuk 39 warsa séda.

[28]Ing taun 392 sinangkalan sirna tingaling samodra, Sang Hyang Wisnu lajeng jumeneng malih wonten ing Medhang Gelé, asisilih nama Prabu Wisnupathi. Sapang kaliyan jumenengngipun Sang Hyang Brama wonten  ing Giling Wesi, ajujuluk Prabu Brahma Raja, sarêng angsal 31 warsa, natha sakaliyan wau sami muksa.

Sarêng ing taun 451 sinangkalan janma lima caturan ingkang jumeneng natha putranipun Sang Hyang Brama, nama Prabu Brahmana Raja, wonten ing nagari Giling Wesi. Sarêng kaliyan putranipun Sri Wisnupathi, kakalih, ingkang pambajeng nama Radén Sri Gathi, jumeneng wonten ing Medhang Kamolan jujuluk Prabu Sri Maha Punggung, ingkang rayi jumeneng wonten ing Wiratha nama Prabu Basuratha, sarêng angsal 37 warsa sami muksa.

Nalika ing taun 46 sinangkalan, tanpa obah kang jaladri, putranipun Prabu Watu Gunung , nama Radén Sindhula, jumeneng natha wonten ing Mendhang Galungngan angsal 15 warsa muksa.

Sarêng ing taun 475 sinangkalan buta nabda wau dadi, [29] ingkang jumeneng natha putranipun Prabu Sindhula, nama Prabu Cingkara Déwa, wonten ing Medhang Galung, kapindhah Medhang Kamulan angsal 37 warsa muksa.

Sarêng ing taun 477 sinangkalan, pandhita tumutur kéblat, putranipun Brahmana Raja, gentosi jumeneng natha wonten ing Giling Wesi, nama Prabu Tritrustha, antuk 36 warsa muksa.

Sarêng ing taun 489 sinangkalan bremara angésthi catur, putranipun Prabu Basuratha, nama Prabu Basupathi, anggentosi ingkang rama antuk 36 warsa, pindhah karaton dhateng ing Ngandong Wilis inggih Wiratha énggal angsal 7 warsa séda.

Sarêng ing taun 512 sinangkalan tumingaling atma jara seksa. Ingkang jumeneng natha Sang Hyang Brahmanawisa, wonten ing Medhang Kamolan ajujuluk Maha Raja Wisuka, antuk 2 warsa muksa.

Sarêng ing taun 514 sinangkalan caturing janma lilima. Ingkang jumeneng natha, putranipun  Prabu Sri Mahawan ingkang se[30]puh nama Prabu Sri Wahaka, antuk 3 warsa séda.

Sarêng ing taun 515 sinangkalan  diyu sutaning raseksi. Ingkang jumeneng  natha, putranipun Prabu Sri Tritrustha, nama Prabu Parikenan wonten ing Giling Wesi, antuk 6 warsa séda.

Sarêng ing taun 516 sinangkalan rasaning wong mingis-mingis, ingkang jumeneng natha putranipun Prabu Sri Mahawan ingkang aném nama Sri Kala, angentosi karatoning rama, angsal 5 warsa séda.

Sarêng taun 521 sinangkalan janma karo yaksa. Ingkang jumeneng natha, putranipun Prabu Basupathi, nama Prabu Basumurti, wonten ing  Wiratha, angsal 12 warsa séda.

Sarêng ing taun  543 sinangkalan bahni érnawa maruta. Ingkang jumeneng natha, ari natha, nama Prabu Basukésthi, angsal 28 warsa séda.

Sarêng ing taun 573 sinangkalan sikara nabda raseksa. Ingkang jumeneng natha , putranipun Prabu Basukésthi, nama Prabu Iswara, anggentosi ingkang rama. Angsal 19 warsa séda.

Sarêng ing taun 591 sinangkalan janma sanga asisiyung. Ingkang jumeneng natha, Radén Basukethi. Gentosi ingkang rama, nama Prabu Basukéswara kaping kalih, antuk 67 warsa séda.

[31]Sarêng ing taun 640 sinangkalan sirna caturing mamanis Sang Bagawan Palasara, jumemeng natha wonten ing Ngastina, ajujuluk Prabu Dipakiswara, antuk 15 warsa séda.

Sarêng ing taun 658 sinangkalan angésthi tata mamanis, Bagawan santanu jumeneng natha wonten ing Ngastina, sarta dados paran para, wenang jumenengngaken natha, mila nalika samanten Prabu Santanu anjumenengngaken natha wonten ing Wiratha, inggih punika Prabu Mataswapathi, putranipun Prabu Sukethi. Antuk 7 warsa, Prabu Santanu séda. Déné Prabu Mataswapathi, jumenengngipun natha wonten ing Wiratha ngantos 100 taun sawek séda.

Sarêng  ing taun 665 sinangkalan barat ngobahken mamanis ingkang jumeneng natha wonten ing Ngastina, Radén Abiyasa, jujuluk Prabu Kresna Dipayana, antuk 21 warsa, séléh kaprabon dhateng putra, nama Radén Pandhu, jujuluk Prabu Pandhu Déwanatha, Prabu Kresna Dipayana lajeng magawan wonten ing wukir sapta arga. Jumenengngipun Prabu Pandhu Déwanatha nalika taun  686 sinangkalan obah angésthi mamanis antuk 24 warsa séda.

Sarêng ing taun  710 sinangkalan nengéng condra ing ngardi. Ingkang jumeneng natha  Raka natha, ajujuluk  Prabu Drestharatha, angsal 6 warsa, séléh dhateng putra pambajeng, nama Ra[32]dén Kurupathi, jujuluk Prabu Suyudana, jumenengngipun nalika taun  716 sinangkalan obahing bumi kasapta. Angsal 39 warsa séda prang bratayuda.

Sarêng ing taun 755 sinangkalan  pandhawa lima nabda. Ingkang jumeneng natha wonten ing Ngastina, putranipun Pandhu Déwanatha, ingkang pambajeng nama Radén Puntha Déwa, ajujuluk Prabu Yudhisthira. Angsal 5 warsa, lajeng séléh kaprabon dhateng wayahipun Radén Harjuna, putranipun Radén Abimayu, nama Radén Parikesit ajujuluk Prabu Dipayana, jumenengngipun nalika ing taun 760 sinangkalan samar oyagging ancala. Angsal 36 warsa séda.

Sarêng ing taun 796 sinangkalan lindhu terusan prawata. Ingkang jumeneng natha , putra natha, ajujuluk Prabu Yudhayaka, angsal 3 warsa séda.

Sarêng ing taun 799 sinangkala terusing gapura pitu. Ingkang jumeneng natha, putra natha , ajujuluk Prabu Gendrayana, antuk 25 warsa, jengkar saking Ngastina, pindhah dhateng nagari Mamenang, inggih Kdhiri. Ari natha nama Radén Sudarsana, gentosi wonten ing Ngastina, ajujuluk Prabu Yudayana. Jumenengngipun nalika nalika ing taun 834 sinangkalan catur tumingngaling  ésthi. Angsal 16 warsa séda.

Sarêng ing taun 839 sinangkalan terusing wuna wo[33]wolu. Ingkang jumeneng natha wonten  ing Mamenang, putra Prabu Gendrayana, nama Prabu Aji Jayabaya, antuk 47 warsa, séda.

Sarêng ing taun 840 sinangkalan tanpa caturing  pangésthi. Ingkang jumeneng  natha wonten ing Ngastina, putranipun Prabu Yudayana, ajujuluk Prabu Sariwahana. Sarêng angsal 8 warsa pindhah dhateng Malawapathi, wonten ing ngriku putra kakalih sami jumeneng sami jumeneng natha. Ingkang sepuh ajujuluk  Prabu Aji Darma, wonten  Malawapathi. Ing ném jujuluk Prabu Astra Darma, apaparab Prabu Purusangkara, jumeneng wonten Ngastina. Adeggipun Narédra kakalih wau nalika taun 860 sinangkalan tanpa rasaning babaya.
Prabu Aji Darma antuk 6 warsa séda.
Prabu Asrea Darma antuk 8 warsa séda.

Sarêng ing taun 886 sinangkalan rasa ngésthi barhamana, Prabu Jayabaya muksa : putra gentosi wonten wonten ing Kadhiri. Jujuluk  Prabu Jayamijaya, antuk 6 warsa séda.

Sarêng taun 890 sinangkalan sirnaning gapura wolu. Putra Prabu Jayamijaya, sumilih kapraboning rama,nama Prabu Jaya Miséna. Sarêng putranipun Prabu Astra Darma ugi anggentosi kapraboning rama, nama Prabu Angling Darma. Prabu Jaya Miséna, antuk 27 warsa séda.

Prabu Angling Darma antuk 30 warsa séda.

Taun 932 sinangkalan tumingngaling welut sanga. Putranipun Prabu Angling Darma, ugi jumeneng wonten ing Bojanagara.

Putra ingkang ném nama Danurwénda, jumeneng wonten ing  Kartanagara. Antuk 8 warsa, natha kalih wau séda sarêng.

Sarêng sataun putra Prabu Angling Kusuma, nama Prabu Gonda Kusuma, jumeneng  wonten ing Malawapathi. Sarêng angsal 8 taun lajeng ngidhep  dhateng Mamenang.

Sarêng ing taun  941 sinangkalan maé tala pinrapat terus putra Prabu Jaya Miséna, nama Prabu Sumawicitra, sumilih kaprabon wonten ing Mamenang. Sarêng angsal 9 taun jengkar dhateng Pengging, antuk 4 warsa séda.

Sarêng ing taun 953 sinangkalan gunananing rêksa sasanga. Ingkang jumeneng natha wonten  ing Pengging Radén Citrasoma, anggentosi ingkang rama, ajujuluk prabu  Citrasoma, antuk 8 warsa séda.

Sarêng ing taun 961 sinangkalan  bumi obah ping sanga. Ingkang jumeneng  natha putranipun Prabu Citrasoma, nama Prabu Poncadriya, antuk 21 warsa séda.

Sarêng  ing taun  983 sinangkalan sika rastha trusthi. Ing jumeneng  natha putranipun Prabu Angling Driya.

[35]Ing taun 999 sinagkalan gapura bolong sanga. Wonten ingkang jumeneng natha malih wonten ing nagari Galuh, ajujuluk Prabu Sindhula.

Sarêng ing taun 1000 lajeng wonten danawa jumeneng natha wonten ing Prambanan nama Raja Karungkala. Angsal 15 warsa léna.

Ing taun 1015 sinangkalan tata janma nirtama. Ingkang madeg natha wonten ing Prambanan nama Prabu Baka. Angsal 3 warsa léna.

Sarêng ing taun 1019 sinangkalan trusing ngati ner sedya, Prabu Angling Driya ing Pengging, séléh kaprabon dhateng putra mantu, nama Prabu Darmayasa, angsal  sataun séda. Prabu Angling Driya Jumeneng jumeneng malih, antuk 2 séda.

Sarêng ing taun 1023 sinangkalan welu dwi sirnéng ngendhut putranipun Prabu  Sindhula jumeneng natha wonten ing Mendhang Kamolan nama Prabu Déwatha Cengkar, angsal 7 warsa séda.

Sarêng ing taun 1030 sinangkalan tanpa kukus tumenga ing sasi. Ajisaka. Ngendhih kaprabon ing Mendhang Kamolan antuk 14 warsa muksa.

Sarêng ing taun 1044 sinangkalan sucining toya tumengéng rupa. Putranipun Prabu Angling Driya kakalih sami jumeneng [36] natha, ingkang sepuh nama Prabu Suwélacala jumeneng wonten ing Mendhang Kamolan ingkang ném nama Prabu Pandaya Natha jumeneng wonten  ing Pengging, angsal 5 warsa sami séda.

Sarêng ing taun 1046 sinangkalan raséng toya tanpa karya. Putranipun Prabu Déwatha Cengkar nama Radén Danéswara, jumeneng natha wonten ing Purwacarita, ajujuluk Prabu Sri Maha Punggung, angsal 15 warsa séda.

Sarêng ing taun 1061 sinangkalan jaka ngrasa nir budaya. Putranipun Prabu Suwélacala, nama Jaka Kandhuyu, jumeneng natha wonten ing Purwacarita, ajujuluk Prabu Sri Maha Punggung ingkang kaping kalih. Angsal 23 warsa séda.

Sarêng ing taun 1084 sinangkalan cathur ésthi nir karsa. Putranipun Prabu Sri Maha Punggung nama Radén Kandhihawa, gumantos kaprabon ajujuluk Prabu Jayalengkara. Antuk 13 warsa séda.

Sarêng ing taun  1097 sinangkalan sabda trus tanpa karya. Parbu Theja Lengkara jumeneng wonten Majapura, antuk 3 warsa séda.

Sarêng ing taun  1100 siangkalan tumengéng wiyat basonta siki. Putranipun Prabu Teja Lengkara, nama Prabu Téjakara gumantos ingkang  rama, angsal 20 warsa séda.

Sarêng ing taun  1119 sinangkalan trusing bumi ku[37]mondhang ing jagad, Sang Rêsi Gathayu, putranipun 5 ingkang pambajeng wanodya nama Déwi Kilisuci, mandhitha wonten ing guwa Séla Mangléng Kapucangngan.

Ongka : 2: Panenggak kakung jumeneng natha wonten ing Jenggala, ajujuluk Prabu Lembu Amiluhur.

Ongka : 3: Pamadya kakung jumeneng natha wonten ing Kadhiri, ajujuluk Prabu Lembu Peteng.

Ongka : 4: sumendhi, kakung jumeneng natha wonten ing Singasari, ajujuluk Prabu Lembu Mijaya. Antuk 24 warsa, natha sakawan sarêng muksa.

Sarêng taun 1144 sinangkalan wésuci rupa wujud, putranipun Lembu Amiluhur, nama Panji Ino Kartapathi, jumeneng natha wonten ing Jenggala, ajujuluk Prabu Surya Amisésa, angsal 17 warsa séda.

Sarêng ing taun 1161 sinangkalan bumi obah sajagad wiryawan, putranipun Prabu Surya Amisésa, nama Radén Kuda Laléyan sumilih kapraboning rama, jujuluk Prabu Surya Amiluhur, antuk sawarsa jengkar saking Jenggala, pindhah dhateng Pajajaran sarta santun jujuluk Prabu Panji Maésa Tandraman angsal 2 warsa séda.

Sarêng ing taun 1183 sinangkalan tri murti lawas rupané. Putranipun Prabu  Maésa Tandraman gumantos kapra[38]boning rama, nama Radén Banjaransari, sarêng angsal 3 warsa, jengkar saking Pajajaran pindhah dhateng Galuh, angsal 20 warsa séda.

Sarêng ing taun 1206 sinangkalan rasa nir anembah sudarma. Putranipun Prabu Banjaransari sumilih kapraboning rama, nama Prabu Sagala. Angsal 18 warsa séda.

Sarêng ing taun 1224 sinangkalan suci asta anembah bapa. Putranipun  Prabu Sugala. Sumilih kapraboning rama, nama Prabu Déwa Mantala. Angsal 4 warsa séda.

Sarêng ing taun 1229 sinangkalan trusing tingal anembah narédra. Ingkang rayi Prabu Sagala, jumeneng wonten Pajajaran nama Prabu Mundhing Sari, antuk 12 warsa séda.

Sarêng ing taun 1241 sinangkalan rupa wédwi prabu. Putranipun Prabu Mundhing Sari sumilih kaprabon nama Prabu Mundhing Wangi, antuk 9 warsa séda.

Sarêng ing taun 1230 sinangkalan tanpa siyung nembah raja. Putranipun Prabu Mundhing Wangi, nama Radén Gonda Kusuma, gumantos ajujuluk Prabu Sri Pamekas antuk 33 warsa séda.

Sarêng ing taun 1283 sinangkalan tri murti nembah sudarma. Putranipun Prabu Sri Pamekas ingkang aém nama Radén Siyung Wanara, gentosi jumeneng natha, ajuju[39]luk Sang Prabu Sakti, antuk sataun séda.

Sarêng ing taun 1284 sinangkalan catur ngésthi nembah raja. Ingkang raka Prabu Sakti, nama Radén Susuluh, jumeneng wonten ing Majapait ajujuluk Prabu Brawana. Antuk 14 warsa séda.

Sarêng ing taun 1299 sinangkalan bolong sanga nembah raja. Putranipun Prabu Brawana gumantos nama Prabu Brama Kumara. Antuk 3 warsa séda.

Sarêng ing taun 1320 sinangkalan wulandoh braméng jagad putranipun Prabu Brama Kumara nama Radén Adaningkung, gumantos ajujuluk Prabu Brawijaya kapisan (I) antuk 15 warsa séda.

Sarêng taun 1316 sinangkalan turon madé tiga anunggil putranipun Prabu Brawijaya ingkang kapisan ingkang pambajeng putri : gumantos ajujuluk Ratu Ayu. Inggih punika ingkang anggarwa Radén Damar Wulan : antuk 4 warsa séda.

Sarêng ing taun 1320 sinangkalan  sirnéng ngasta kumukusing bumi. Arinipun ratu Ayu, nama Radén Hayam Wuruk gentosi. Ajujuluk Prabu Brawijaya ingkang kaping kalih (II) antuk 36 warsa séda.

Sarêng ing taun 1356 sinangkalan karasa ing siyung pu[40]yikaning bumi. Putranipun Prabu Brawijaya kaping II nama Radén Lembu Misani jumeneng, ajujuluk Prabu Brawijaya ingkang kaping III antuk 15 warsa séda.

Sarêng ing taun 1371 sinangkalan lék sabda guna purun, putranipun Prabu Brawijaya kaping III gumantos nama Prabu Brawijaya ingkang kaping IV antuk 4 warsa séda.

Sarêng ing taun 1375 sinangkalan buta sapta osik wani. Putra Prabu Brawijaya ingkang kaping IV gentosi, nama Prabu Brawijaya ingkang kaping V.

Sarêng ing taun 1406 sinangkalan osik sirna sucining nabi. Putra Prabu Brawijaya kaping V nama Radén Pathah, jumeneng Adipathi wonten  ing Demak Bintara, amurwani agama Islam.

Sarêng ing taun  1440 sinangkalan nir suci catur janma, Adipathi Bintara, jumeneng  natha ajujuluk Sultan Sah Ngalam Akkebar.

Sarêng ing taun 1500 sinangkalan nir ilang marganing bumi. Karaton Demak sirna.

Sarêng taun 1503 sinangkalan dahana sirna tataning ngaji. Radén Jaka Tingkir jumeneng wonten ing Pajang, ajujuluk Sultan Hadiwijaya, angsal 35 warsa séda. Putranipun nama Sultan Banawa jumeneng sakedhap lajeng séda.

[41]Sarêng ing taun 1530 sinangkalan ngalumpuk catur tataning raja. Panembahan Sénapati jumeneng wonten ing Matawis angsal 13 warsa séda.

Sarêng ing taun 1553 sinangkalan , guna pandhawa tataning ngaji, putranipun  Panembahan Sénapati jumeneng natha nama Panembahan Krapyak katelah Sinuwun Séda Krapyak angsal 13 warsa séda.

Sarêng ing taun 1564 sinangkalan tata rasa marganing bumi. Putra Sinuwun Seda Krapyak jumeneng natha, ajujuluk Sinuwun Sultan Agung. Angsal 17 warsa séda.

Sarêng ing taun 1578 sinangkalan  bremana swara anata jagad, putranipun Sinuwun Sultan agung jumeneng, anama Sinuhun Mangkurat Agung. Katelah nama Sinuwun Séda Tegal Arum.

Sarêng ing taun 1600 sinangkalan sirna ilang rasaning ngrat Kartasura kabedhah Trunajaya, Sinuwun  jengkang lajeng séda Tegal Arum wau.

Tunggil warsa kaliyan  sédanipun Sinuwun Tegal Arum ingkang putra jumeneng wonten  ing Tegal Arum ajujuluk Sinuwun Mangkurat II.

Sarêng ing taun 1601 sinangkalan rupa sirna rêtuning bumi. Trunajaya sirna wonten ing Kadhiri.

[42]Sarêng ing taun 1603 sinangkalan  lir ngumbara ngrasa wani. Sinuwun Mangkurat ngedhaton ing Karthasura.

Sarêng ing taun 1604 sinangkalan dadi sirna rêtuning bumi. Pangéran Puger teluk dhateng Karthasura, antuk 27 warsa Sang Prabu séda.

Ing taun 1627 sinangkalan wiku boja rasaning ngrat, ingkang putra Sinuwun Mangkurat II jumeneng, ajujuluk Sinuhun inggih Mangkurat IV ambekipun angkara. Pangéran Puger dipun siya-siya.

Sarêng ing taun 1629 sinangkalan trus paksaha ngrasa wani. Pangéran Puger jumeneng natha wonten ing Samarang. Ajujuluk Sulthan Puger.

Sarêng ing taun 1630 sinangkala nir guna angrasa tunggal, Sulthan Puger ngadhaton ing Karthasura, ajujuluk Sinuwun Pakubuwana I Sinuhun Mangkurat  Mas kéndhang. Sinuwun Pakubuwana angsal 13 warsa séda.

Sarêng ing taun 1642 sinangkalan  boja warna rasaning ngrat putranipun  Sinuwun Pakubuwana I jumeneng natha, ajujuluk Sinuwun Prabu, angsal 19 warsa séda.

Sarêng ing taun 1651 sinangkalan putra pandhawa angoyag jagad, putranipun Sinuwun  Prabu jumeneng, a[43]jujuluk Sinuwun Pakubuwana II.

Sarêng ing taun  1667 sinangkalan pandhita nenem angoyag jagad Karthasura bedhah, Sunan Kuning jumeneng natha.

Sarêng ing taun 1668 sinangkalan brahmana nenem winayang ing ngrat, Karthasura bedhah gentos Sinuwun Pakubuwana II jumeneng malih.

Sarêng ing taun 1670 sinangkalan nir sapta rasaning ngrat Sinuwun Pakubuwana II pindhah kadhaton dhateng Sala, inggih ing Surakarta.

Sarêng ing taun 1675 sinangkalan tata gora nemaning ratu. Sinuwun Pakubuwana II begawan lajeng séda. Ingkang putra jumeneng, ajujuluk Sinuwun Pakubuwana III, Pangéran Mangkubumi jumeneng ratu wonten ing Pambaggan.

Sarêng ing taun 1683 sinangkalan  bujongga ngrasani bumi. Sultan Mangkubumi, jumeneng wonten ing Yogya, ajujuluk Sinuwun Hamangku Buwana I lajeng palihan nagari. Tuwin Pangéran Mangku Nagara, tundhuk dhateng Surakarta.

Sarêng ing taun 1714 sinangkalan dadi raja swaraning ngrat ingkang Sinuwun  Pakubuwana kaping III séda, ingkang putra jumeneng natha ajujuluk Sinuwun Pakubuwana kaping IV.

[44]Sarêng ing taun 1718 sinangkalan sarira putra nitihjagad Kangjeng Sultan Hamangku Buwana I ing Ngayogya séda, ingkang putra jumeneng, ajujuluk Kangjeng Sultan Hamengku Buwana II.

Sarêng ing tahun 1739 sinangkalan wadana tiga swara tunggal nagari Ngayogya bedhah, Sultan kaping II kéndhang. Ingkang putra jumeneng natha, ajujuluk Ingkang Sinuwun Kangjeng Sulthan Hamengku Buwanak kaping III inggih Sulthan Raja.

Sarêng ing taun  1741 sinangkalan rupa warna wiku aji. Kangjeng  Sulthan Hamengku Buwana kaping III ing Ngayogya séda, ingkang putra yuswa 13 : gentosi, ajujuluk Kangejng Sulthan Hamengku Buwana kaping IV.

Sarêng ing taun 1747 sinangkalan pandhita catur amuni tunggal, Ingkang Sinuwun Pakubuwana kaping IV ing Surakarta séda.

Sarêng taun 1748 sinangkalan sarira dadi winulang karajan, ingkang putra gumantos ajujuluk Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kapingh V.

Sarêng taun 1750 sinangkalan surut pinaré magiri tunggil, Kangjeng  Sulthan Hamengku Buwana kaping IV ing Ngayogya séda. Ingkang putra sawek yusawa 7 wulan kajumenengaken natha, ajujuluk Kangjeng Sulthan Hamengku Buwa[45]na ingkang kaping V.

Ing taun kasebut ing nginggil Kangjeng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V ing Surakarta surud.

Sarêng taun 1751 sinangkalan putra winisik winulang krajan ingkang putra anggentosi, ajujuluk Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI.

Ing taun 1751 Pangéran Dipanagara, ngraman, taun 1757 teluk.

Ing taun 1754 Sulthan kaping II ingkang kakendhang dhateng Ngambon kondur. Taun 1755 séda.

Ing taun 1757 sinangkalan pandhita lilima munya tunggal Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI tedhak nyalamur dhateng Imagiri, lajeng kendhang dhateng Ngambon ingkang rayi inggih punika Kangjeng Pangéran Adipathi Purubaya. Jumeneng kaping VII.

Jumenengngipun Sinuwun Pakubuwana ingkang kaping VII taun 1757; jumeneng 30 taun séda.

Taun 1786 Sinuwun Pakubuwana VIII jumeneng. Angsal 5 taun séda.

Taun 1790 ingkang sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX jumeneng. Inggih punika putra kaping VI angsal 33 taun séda.

Taun 1822 Sahandhap Sampéyan Dalam Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ingkang kaping X jumeneng natha, dumugi sapunika taun 1865; dados jumeneng dalem dumugi titi masanipun serat punika, sampun 46 taun.

Rampungnging panedhak ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 21 Rabingulakir, ing warsa Dé : 1852 sinangkalan karnan nata murtining ratu.@@@

— Tamat —

 

Sapunika para maos sampun saged anyundhukkaken kaliyan ingkang kasebut ing jangkan sajaman-jamanipun kasebut ing nginggil bilih ing taun samanten ingkang jumeneng natha ing nuswa Jawi Prabu anu, ing taun samanten Sinuwun anu, ngantos dumugi  taun 1865 punika prabawaning natha satungal-tunggal kados pundi, sampun saged anggagapi.@@@

Ing wusana kula amung nyumanggakaken.

Kula ing methik
Mangun Wijaya

—- &&&—-

Advertisements

2 Comments

  1. serat ingkang endah

  2. Matursuwun sanget mas.Nambah sesrepan..

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: