SERAT SANDI JENAR


SERAT SANDI JENAR

Anggelaraken wawadosing cariyosipun
Séh Siti Jenar, punapa malih babadipun
para wali sanés-sanésipun jaman
karaton Demak nalika wiwit
sumebaripun agami Islam
ing tanah Jawi

anggitanpun :
J. Driyawongsa, lan
Jayéng Sudarma

ing
Ngayogyakarta

Kabesut lan kaecap lan kawedalaken
Ing pangecapan Mardi Mulya
Ngayogyakarta

Kaecap ingkang kaping II
1 Juli 1928

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Sidoarjo,  Januari 2018

@@@

[3]BUBUKA

Para maos temtu sampun priksa dhateng kawontenanipun serat serat cariyos utawi babad Jawi, yasanipun para pujongga ing jaman kina. Serat-serat wau sami anengsemaken dhasar kathah tutuladan saé saha pipiridanipun warni-warni, maédahi tumrap ingkang sami anggilut suraosipun, namung kuciwanipun pandhapukipun ragi keladukken pasemon utawi perlambang, angantos tumrapipun pamaos umum ragi ngawatosi bok bilih lajeng sami kalintu pamanggih. Kajawi punika ugi saged angodhengngaken manah, kadosta : tiyang amikut baledhég cacing malih dados manungsa, lalaran mawi baita beruk sasaminipun teksih kathah sanget panunggilanipun.

Makaten wau manawi katampi salugunipun tartamsu sulaya lan kukum ngadad lan boten cundhuk kaliyan kukumipun agami. Sisib sembiripun manawi anggegeggi wontenipun sadaya kaélokkan wau saged andrawasi tumraping gesangngipun, tur mekaten wau  ugi ngicalaken jejering cariyos.

Saking wawasanipun ingkang nganggit serat punika, anggening para pujongga angripta serat-serat wau, terang boten mardika raosipun amargi racakkipun sami ngawula ing para na[4]ta, pramila ajrih amiyak sadaya wawados ajrih angeblak ing samukawis cariyos, sinembuh senengnging ulah raos ulah semu, punapa déné inggiling kasusastranipun yayasanipun serat lajeng boten sawantahipun, sadaya ros-ros ingkang sakinten dados awisan lajeng sinamun ing pasemon kados kawontenanipun sadaya serat-serat ingkang pinanggih samangké punika, ingkang sami winaos ing tiyang kathah.

Lairipun serat : Sandi Jenar : punika, saking pikajengnganipun ingkang nganggit sagedda ngudhari sadaya wontenipun pasemon-pasemon salebeting babadipun Séh Siti Jenar saha sadaya para wali jaman karaton Demak amurih sagedipun dados susuluh anguningani lajering cariyos ingkang sejati, sampun ngantos kelajeng-lajeng kalintu pamanggih, anggega ingkang boten-boten, awitraos gugon tuhon punika sampun terang namung bahdé ameper sadaya lampahing kamajengngan, wondéné ingkang dados babonipun anggelar sadaya  perlambang utawi pasemon salebeting babad wau, inggih serat babad ingkang langkung lajer, ingkang déréng sami kapisan ing kathah,margi teksih kadamel widos, kajawi punika ugi mawi wawaton ngélmi kukum ngadad kukum ngakal saha kukum agami.

Ngayogyakarta, 1 Rêjeb 1858
Pangripta.

— @@@ —

 

[5]SANDI JENAR

Nalika teksih jejeripun karaton Majapahit bongsa Jawi teksih sami angidhep angami Buda.jaman semanten Daropah lan Asiyah ingkang sisih lér lan kilén  sampun sami kambah agami Islam, sarêng abad ingkang kaping 13 tahun maséhi, tanah Jawi wiwit kadhatengngan bongsa Arab ingkang sami badhé mencarakenagaminipun, nanging sadéréngngipun anjujug tanah Jawi, tanah Malakah saha tanah Sumatra sampun kaambah rumiyin ing ngriku sampun sami wiwit  ngrasuk agami Islam,  bongsa Jawi ingkang Ahli among dagang sarana lalayaran sampun sami wiwit manjing agami Islam margi kathah sasrawungnganipun kaliyan para dagang sanés-sanésipun  utawi tempuk kaliyan tiyang Arab wonten ing nagari Cempa (Malakah), jer jujugganipun sakawit inggih ing ngriku punika.

Bongsa Arab dhatengngipun  ing tanah Jawi boten sasarêngngan tiyang kathah, tumaruntun satungal-satungal lan ingkang kajujug inggih tanah-tanah palabuhan urut pasisir.

Sinebut ing dalem kondha, kala samanten Sang Prabu Brawijaya, ingkang jumeneng ing Majapahit pinuju kémeng nganbadra irawan, peteng panggalihipun margi pakéwed anggénipun ngrancang putra ingkang badhé kaangkat gumantos natha. Sang Prabu kagungngan garwa [6] putra saking Cempa, lan garwa paminggir katempah nama Putri Wandhan apuputra kakung tinengeran asma Bondhan Kejawan, kajawi punika Sang Prabu kagungngan garwa malih putri Cina, ingkang nalika panglamaripun mawi prajanjiyan samongsa putri Cina wau patutan  kakung, kedah katetepaken ingkang calon gumantos natha. Ing mangko garwa putri Cina sampun lajeng anggarbini sayektos Sang Prabu sanget kémengngan panggalih, manawi katagih punapa ingkang dados prajanjiyanipun ngajeng, manawi ambabar kakung. Putra Radén Bondhan Kajawan nunten kasingidaken dhateng dhusun Tarub, éwa samanten Sang Prabu meksa sanget boten sakéca panggalih dalem kados pundi saupami putra ingkang miyos saking putri Cina saéstu kedah kajumenengngaken, wasana pinanggih ing nalar, garwa putri Cina kakintunaken  dhateng Palémbang, katrimakkaken dhateng Arya Damar. Nanging kéngingngipun kagarwa  manawi sampun ambabar. Dados wosing rêmbag Sang Prabu Brawijaya niyat cidra ing janji. Wawados makaten wau  konangngan ing tiyang Arab ingkang sami angajawi mencaraken agami Islam, nedya kanggé dadamel manawi kala mangsanipun sampun dhateng.

Kala samanten tiyang Islam saking tanah monca ingkang smi mencar-mencaraken agaminipun sampun sawatawis kathah, kadosta : Séh MaolanaMaggribi, Maolana Iskak Maolana Malik Ibrahim (inggih Sunan Giri), Séh Rahman (Sunan Nga[7]mpél), Sunan Bonang (putra Ngampél). Kajawi punika wanten malih ingkang sami mangén ing Cirêbon sapangilén ngantos dumugi ing Sumatra. Sarêng cacahipun tiyang Islam ing tanah Jawi tansah saya mindhak-mindhak kathahipun para tutunggul wau lajeng ngupados rékadaya, sagedda agami Islam tumunten sumebar satanah Jawi.

Kocapa, putri Cina ingkang katitipaken ing Palémbang éstu ambabar kakung, kaparingngan  asma Radén Patah. Saréng  sampun diwasa, Radén Patah angajawi, suwita dhateng Sunan Ngampél malah lajeng kapundhut mantu pisan, saking dhawuhipun Sunan Ngampél Radén Patah andikakaken tutruka wonten ing dhusun Bintara, inggih dhusun  ingkang ing tembé dados karaton Demak punika. Lamining lami dhusun Bintara saya rêja lan  kathah tiyangngipun inkang sami maning agami Islam , angantos Radén Patah katimbalan dhateng Majapahit inggih gegayutan prakawis  punika. Sang Prabu Brawijaya ugi sampun amarêngngaken  Radén Patah kalilan manggén ing Bintara anglestantunaken tutruka lan mencaraken agami. Nanging salugunipun salebeting panggalih angandhut kuwatos bok bilih Radén Patah saged ngendhih karaton Majapahit, éwa samanten panggalih makaten wau  saged kaendhakkaken awit sampun pirsa bilih salugunipun Radén Patah punika putranipun piyambak pra[8]mila inggih boten  kamunasika babar pisan punapa satindakkipun Radén Patah.

Sarêng Radén Patah wonten ing Bintara katawis sangsaya ageng dayanipun para ngulama rumaos angsal margi anggénipun badhé anjebaraken  agaminipun Islam, Radén Patah kinarya lantaran manawi piyambakkipun sampun saged gumantos ratu, lan saged angislamaken Sang Prabu Brawijaya, tartamtu sadaya tiyang Buda ing tanah Jawi lajeng sami ngrasuk agami Islam sadaya. Para ngulama lajeng  ngebang dhateng Radén Patah : manawi saged agentosi kaprabon sarana nagih prajanjiyanipun Sang Prabu Brawijaya nalika nglamar  ingkang ibu, lan manawi saged angislamaken Sang Prabu, badhé kaangkat dados Amirul Mukmin, ingkang makaten wau Radén Patah anyagahi.

Para ngulama rumaos sampun saged nyepeng punapa ingkang sinedya, anunten pados bongsa Jawi ingkang saged kawruh prajan ngertos sadaya wawadosipun papréntahan kajawén lan ingkang ageng dayanipun, wasana saged manggih sayektos tur dhasar teksih darah karaton inggih punika Radén Sahid inggih katelah  nama : Lokajaya. Kasebut ing dalem cariyos Radén  Sahid wau putra Tumenggung Wilatiktha ing Tuban.

[9]Radén Sahid dipun rêmbagi para ngulama, dipun jaksa sarêngngan andhapuk praja islam sampun anyagahi, nunten lumebet agami Islam, ing tembé Radén Sahid kaangkat dados wali, katelah nama : Sunan Kalijaga. Sadaya lampah wau sarwa winados saben-saben musawaratan manggén ing samadyaning saganten amurih sampun ngantos kapirêng tiyang, punapa ingkang katindakkaken.

ASAL USULIPUN  SÉH SITI JENAR

Salebeting Serat Walisana utawi Babad Tanah Jawi ingkang limrah kawaos tiyang kathah, prakawis lalampahanipun Séh Siti Jenar boten kacariyosaken salugunipun sadaya mawi perlambang, mawi pasemon, kadosta wonten ing Walisana makaten :

Nalika Sunan Bonang musawaratan kaliyan Sunan Kalijaga, angrembag prakawis wados kacriyos numpak baita alit menggah sedyanipun Sunan Bonang badhé mejang kawruh kakékat dhateng Sunan Kalijaga. Dumadakkan baitanipun borot lajeng kawelahan minggir badhé kapopok siti. Dilalah sitinipun ingkang kanggé mopok katutan cacing. Baita lajeng menengah malih, Sunan Bonan nunten amiwiti pamejangngipun ka[10]wruh kasidan jati. Sunan Bonang lan Kalijaga sami dedreg saraséhanipun ngélmi.

Kocapa, saweg ramé-raméning saraséhan kapirêng swraning tiyang, nanging sumerêp sadaya suraosing wejangan wau. Sunan Bonang lajeng ngandika sira dadi manungsa. Saking angengnging kramatipun Sunan Bonang, cacing saged malih warni, makjleg dados manungsa sayektos, salajengngipun manungsa malihan cacing wau kaangkat dados wali, dados jangkepipun para wali, saha kanamakaken Séh Siti Jenar.

Déné salebetipun Babad Tanah Jawi Siti Jenar Punika boten asal saking cacaing, pancéng inggih manungsa sayektos, gancaraning cariyos : para ngulama pinuju  musawaratan badhé anetepaken para wali. Wasana angsal sasmitaning Pangéran kinén nyigar semongka kaedum dados 8 (wolu). Wasana sarêng irisan semongka kaedum teksih wonten tirahanipun satunggal, sarêng Sunan Kalijaga nginguk medal ing jawi wonten tiyang satunggal kalerêsan kaajak malebet dipun sukani irisan semongka ingkang tirah, dados gunggungngipun wonten wali 8 (wolu) lan satunggal, pramila limrahipun sami amastani wali punika wolu, sanga tinari.

[11]Nitik suraosipun Serat Walisana lan Babad Tanah Jawi wau, terang sanget punika dédé cariyos salugunipun kajawi boten pinanggih nalar, badhé cengkah kaliyan kawontenan kodrat déné luguning cariyos ingkang boten sinawung pasemon makaten :

Nuju satunggaling wekdal ing wanci dalu para ngulama Islam nedya pirêmbagan kaliyan Radén Sahid inggih punika Sunan Kalijaga, babagan prakawis ingkang gawat lan wados, ingkang badhé amedharaken rêmbagipun Sunan Bonang. Kacariyos anggénipun rêmbagan wonten salebeting baita alit ingkang nglampahaken baita wau satunggiling pambelah bongsa Daropah (inggris). Déné ingkang karembag ing ngriku prakawis anggénipun badhé amencaraken agami Islam dipun sangkani saking kraton Majapahit Sang Prabu Brawijaya saputra sentananipun kedah lumebet agami Islam, warni-warni lampah lan rékadaya ingkang gegayutan bab punika rinembag mateng. Sarampungnging rêmbag Sunan Bonang sumelang ing panggalih, bok bilih wados wau saged kajodheran awit salebeting rêmbagan wonten tiyang ingkang nyumerêpi, lan mangertos sadaya rêmbag wau, inggih punika pambelah baita kasebut, wasana pupuntoning pamanggih boten sanés kajawi pambelah wau keah tumut ang[12]grombol mriku.  Pambelah dipun rêmbagi, lan kaebang badhé kadadosaken sunan lajeng amituruti punapa sapanedhanipun para ngulama. Ing tembé pambelah wau saged kaangkat dados sunan sayektos katelah : Siti Jenar.

Dados salugunipun  Siti Jenar punika pancén dédé malihan  cacing, pancén inggih manungsa, kados ingkang kasebut ing Babad, pramila Siti Jenar wau kaupamékaken cacing, awit asalipun  namung saking pambelah, kajawi pamedal sakedhik kala samanten kagolong panggaotan ingkang dalajadipun asor sanget.

Pramila pambelah wau lajeng katelah nama Siti Jenar, pambelah wau lajeng katelah nama Siti Jenar, awit sasampuning ngertos wawadosipun para ngulama Islam anggVnipun badhé nungkulaken Majapahit pambelah lajeng kaganjar siti mardikan ing tanah abang (Betawi), supados kekah anggénipun ngandhut wados.

Pasemon baita borot baita punika perlambangngipun wadhah, inggih wadhah wawados antawisipun Sunan Bonang kaliyan Sunan Kalijaga. Sarêng borot katutup siti, liripun sarêng wadosipun kapirêng ing pambelah, pambelah dipun golongngaken dados warga, sarana dipun sukani siti. Kala samanten ing Betawi sampun kathah tiyangngipun monca, pramila anggénipun angganjar siti wonten sacelakkipun ngriku.

[13]Prakawis wejangnganipun Sunan Bonang dhateng Sunan Kalijaga bab ngélmi kakékat punika dédé kakékat ngélmi gaib awit mejang ngélmi gaib boten perlu kuwatos kajodheran lan boten perlu ngupados papan satengahing saganten. Nitik Serat Babad katingngal cetha, bilib parêpatan wau  boten ngrembag ngélmi punapa-punapa, namung ngrembag lampah warni-warni lan kuwajibanipun para ngulama wolu, amila dipun perlambangi angiris semongka dados wolu. Jer semongka pancén pasemoning praja, kadosta : nagari sinigar semongka. Dados ingkang kinajengngaken semongka wau nagari lan praja ing tanah Jawi.

LALAMPAHANIPUN SUNAN KALIJAGA

Miturut Serat Babad ingkang kalimrah kawaos tiyang kathah, Sunan Kalijaga punika ing ngajeng asma : Lokajaya, utawi Radén Sahid, nanging asal-usulipun boten patossa terang, sawenéh mastani putra Tumenggung Wilatiktha Tuban sawenéh netepaken putra Majapahit.

Kacariyos Radén Sahid punika tiyang ingkang saklangkung mursal pandamelanipun mandung, nga,pak ngécu, bégal rêmen ngabotohan aben sawung, puyuh lan samukawis pandamel awon sanés-sanésipun.

[14]Nuju satunggaling dinten Radén Sahid pinuju ambébégal salebeting talatah Kudus kapapag Sunan Ngampél pinuju lalana, ambekta cis sarta beruk, Sunan Ngampél kabégal boten  lenggana, nanging kuciwanipun boten ambekta punapa-punapa. Manawi Radén Sahid kapéngin kasugihan Sunan Ngampél sagah nedahaken panggénanipun  donya brana. Sunan Ngampél nuntun nudhingngi wit arén ingkang wonten sakiwa tengenipun ngriku, sadaya sami malik dados jené (emas). Sarêng Radén Sahid sumerêp sadaya wit arén sami malik dados jené, sandé anggénipun ambégal sanalika nungkul dhateng Sunan Ngampél sarta nedya puruhita.

Cekakking cariyos Radén Sahid sampun saéstu dados muridipun  Sunan Ngampél lajeng dipun jak mider-mider dhateng saés nagari. Wonten satunggaling nagari Radén Sahid kadhawuhan kéndel ing ngriku, dipun tilari teken katancebaken siti, mawi kaweling boten kénging nilar papan ngriku, manawi boten wonten tiyang ingkang ngajak piyambakkipun, Radén Sahid mituhu punapa dhawuhipun guru.

Gancaring cariyos lamining lami Sunan Ngampél rawuh ing papan ngriku malih, teken ingkang katancebaken siti malih dados waringin ageng. Ing ngriku Radén Sahid tampi dhawuh malih supados martapa wonten ing lépén ing témbé lépén wau dado[15]s kedhung alebet boten antawis lami Sunan Ngampél ngrawuhi malih. Radén Sahid pinanggih badanipun saklangkung asrep jalaran tansah  wonten sanginggiling toya. Anunten dipun jak pindhah papan ing ngriku dipun byakki rumput aking, nunten kaobong, amurih icala asrepipun, sabakdanipun makaten Radén Sahid kaajak késah malih. Margi martapa ing ing sanginggiling lépén wau, Radén Sahid sarêng kaangkat dados Sunan lajeng katelah asma Sunan Kalijaga. Slajengngipun Radén Sahid dados wejangnganipun Sunan Bonang, kados ingkang kacariyos ing ngajeng.

Miturut cariyos ingkang lugu, wekdal samanten para ngulama Islam saweg ambetahaken trah kraton ingkang saged lan kendel supados ambiyantoni punapa ingkang dados sedyanipun, kalerêsan ing Tuban wonten tiyang kaloka, tur inggih teksih darah kraton saking  kalokanipun ngantos katelah nama : Lokajaya, pancen sampun misiwur menangngan ageng dayanipun wonten ing kiwa tengenipun dhusun ngriku.

Sayektos Lokajaya dipun panggihi lan dipun rêmbagi punapa sedyanipun para ngulama. Mawi pangarêm-arêm manawi Lokajaya kaleksanan purun ambiyantoni, ing tembé badhé kaangkat dados sunan, Lokajaya anyagahi, awit pancén  inggih kapéngin minalya gesangngipun, [16]Sunan Ngampél kabéhal punika wantahipun dipun tog prajanjiyan utawi kasagahanipun, nudingngi wit arén dados jené (emas) sadaya, punika kasagahan badhé andadosaken sunan lan badhé mulyakkaken gesangngipun Lokajaya. Lokajaya sarêng sampun pitados dhateng kasagahanipun Sunan nGampél lajeng anyagahi. Salebeting pasemon kacriyosaken teluk lajeng puruhita. Sarêng Lokajaya sampun terang manteb lajeng dipun  parabi Sahid tegesipun labuha mami.

Sasampunipun makaten Radé Sahid katilar, dipun dhawuhi nengga teken ingkang katancebaken siti, ingkang ing tembé lajeng tuwuh dados waringin ageng. Teken kajengipun  pitedah, inggih punika pitedah badhé lampah-lampahipun mencaraken agami Islam katanem ing siti, liripun katanem ing dalem batos sampun kawedhar ngakathah rumiyin, teken dados waringin ageng, kajengngipun saking temen lan kamempengnganipun Radén sahid wonten ing ngriku agami Islam saya ngreda, saya mindhak jembar tebanipun, papan ngriku dados pangaubanipun pinten-pinten tiyang Islam.

Radén Sahid tampi dhawuh tapa sanginggiling toya, punika boten sanén namung kadhawuhan anglébaraken agami [17] Islam kados déné lampahing toya. Lépén lajeng malih dados kedhung ageng alebet punika kakajengngipun Radén Sahid lajeng misuwur dados kedhungnging ka-Islaman.

Nalika samanten Radén Sahid  sampun rumaos asrep panggalihipun amargi sampun kathah  ingkang angguyubi, lan sampun marêm anggénipun gadhah tékad, Sunan Ngampél ngéngetaken déréng kénging ngayem-ayem teksih wonten  kuwajiban ingkang saklangkung gawat lan awrat ing ngatasipun tumindak mencaraken agami islam teksih kedah mawi toh jiwaraga. Pramila salebeting  pasemon Radén ahid karaos atis badanipun nunten dipun byukki rumput aking lajeng kaobong, ngantos ical asrepipun.

Lamining lami, sarêng Radén Sahid sampun tétéla ngrungkebi agami Islam sayektos lan terang setya tuhu dhateng agami Islam lajeng kaangkat dados Sunan dipun paringngi jujuluk Sunan Kalijaga. Tegesipun anjagi ilining toya lépén inggih punika pasemon sumebaripun agami Islam ingkang kaupamékaken toya amili. Radén Sahid sasampunipun kajumenengaken wali lajeng wiwikka ajag ngrebag prakawis  ingkang gawat-gawat lan winados panggénanipun wonten satengahing saganten kados ingkang  sampun kacariyos ing ngajeng.

Anglajengngaken cariyos Sunan Kalijaga sasampuning mudheng sa[18]yektos dhateng sedyanipun para wali sadaya, anggenipun mencaraken agami Islam sangsaya dipun sengkut wasana kathah sanget ingkang lajeng sami anggilut agami Islam, sarêng agami Islam katingngal sampun jembar tebanipun mongka saben dinten mindhak-mindhak cacahipun ingkang sami lumebet Islam para ngulama lajeng ngrancang badhé anjumenengngaken Amirul Mukmin inggih punika pangangengnging agami Islam sarana kapilih ing sadaya bongsa mukmin kala samanten ingkang  kepilih radén Patah. Jaman jumenengngipun Radén Patah dados Amirul Mukmin tiyang Jawi pecah dados kalih golongngan inggih punika golongan Kabudan lan golongan Islam makaten ugi prakawis pangawulanipun dhateng rathu ugi boten nunggilpramila Majapahit  lajeng ajeng-ajengngan kaliyan Bintara.

Nunggil wekdal wau para wali niyat  badhé sami yasa mesjid minongka pépénget adegipun agami Islam ing tanah Jawi. Boten kacariyos  rêroncénipun sarêng pirantos-pirantos sampun ngalempak mesjid nunten badhé dipun deggaken, ing wanci dalu sadaya ngulama lan tiyang Islam  sami tumandang angedeggaken mesjid kacariyos Sunan Kalijaga kabagéyan yasa saka guru satunggal nanging pandamelipun boten saking kajeng ageng, tatal dipun kempalaken katangsulan ing duk.

Kocapa, sarêng mesjid sampun ngadeg para ngulama nunte[19]n sami pradondi prakawis  rêmbag lerêsing kéblat ngantos ramé sulayanipun rêmbag lerês, Sunan Bonang anyuwuk pabenan sami kaprayogakaken nunuwun dhateng Pangéran pundi kéblatipun  ingkang lerês, sarêng wanci lingsir dalu, sadaya sami kaget acingak sumerêp Kakbatullah Mekah katingal awéla-wéla. Boten dangun Sunan Kalijaga menyat saking  palenggahan jumeneng ambergagah majeng mangidul asta kiwa nyandhak mustakanipun mesjid Demak asta tengen ngranggéh mustaka mesjid Mekah, nunten kagathukaken kéblatipun mesjid Demak kasipat lerês, sasampuning lerês kéblatipun mesjid Mekah ical belas boten katingal malih.

Sadaya umat Islam sami suka sukur, déné mestas angsal pitulunganipun Pangéran ingkang Maha Agung. Ing wanci énjing para wali lan para ngulama salad Subuh, sabibaripun slad Subuh, sadaya sami cingak aningali cahya gumebyar kalerês ing saka pamidhangngan sisih kilén, sarêng kawaspadakaken ing ngriku wonten bungkusan wacucal méndha gumadhul, Sunan Bonang, imamipun para wali wau, dhawuh mendhet barang ingkang gumandhul wau. Dipun priksani nglebet wonten rasukanipun salebeting rasukan wonten  seratipun mungel : punika rasukan onta kusuma, lungsuranipun Kangjeng Nabi Rasul kaparing[20]ngaken anggadhuh dhateng Sunan kalijaga. Awit saking punika rasukan lajeng kaparingngaken dhateng Sunan Kalijaga.

Miturut cariyos  ingkang salugu,  adegipun mesjid wau babar pisan boten kasipat kaliyan mesjid ing Mekah. Ingkang dipun semoni  kaingar-ingar kéblatipun wau sejatosipun kala samanten tiyang-tiyang déréng sami tetep pangdhepipun dhateng agami Islam ananging sarêng dipun dunung-dunungngaken ing Sunan Kalijaga lajeng sami tetep mantep anggénipun angrungkebi agami Islam boten béda kaliyan  pangidhepipun tiyang-tiyang ing Mekah dhateng agami Islam, jalaran saking lalabet ingkang samanten wau Sunan Kalijaga katarimah anggénipun  saged amencar-mencaraken  agami Islam, saking katarimahipun ngantos kairib-iribaken lalampahanipun Kangjeng Nabi Rasul nalika ngasta pusaraning papréntahan Islam, pramila lajeng kasanépakaken : Sunan Kalijaga anggadhuh agem dalem rasukkan Kangjeng Nabi  Rasul.

ADEGIPUN KARATON DEMAK

Gentos cinariyos saadegipun mesjid Demak para wali saha para Ngulama sadaya sami musawaratan nedya nglajengngaken maksudipun, radén Patah  kaaturan sowan  Sang Prabu Brawijaya, kasuwunaken parêngngipun tumunten maning agami Islam, Radén Patah inggih lajeng minangkani. Ananging  sang Prabu Brawijaya me[21]ksa teksih déréng karsa malebet agami Islam sanajan ing batosipun sampun ragi anglokro. Kajawi punika Sang Prabu katawis keduwung anggénipun sanget leja dhateng ingkang putra Radén Patah, anggénipun tansah ngelar agaminipun Islam amargi saya dangu katingal saya ageng panguwaosipun angantos sanajan déréng tetep jumeneng nata, sadaya tatanan ingkang tumrap tiyang Islam sampun boten béda kaliyan tatanan praja. Pramila para mantri Bupati sampun lajeng sami kadhawuhan pépénget saged ugi radén Patah angrebat kaprabon dalem.

Salénseripun Radén Patah saking Majapahit  sadaya para ngulama sami kawekén déné Sang Prabu Brawijaya meksa déréng keparêng manjing Islam, saking putusaning rêmbag meksa prayogi kasrantosaken rumiyin amurih sampun  ngantos saged nuwuhaken darêdah ingkang saged damel karisakkan.

Nalika samanten Radén Patah rumaos sangsaya karibedan déné Sang Prabu Brawijaya teksih kekah pangidhepipun agami Buda. Éwa samanten saréhning notol sanget anggenipun nedya mencaraken agami Islam ngantos lampahipun boten sinamu dana. Gedering kabar jawi Radén Patah saéstu badhé ngrebat  kaprabon. Sarêng Sang Prabu midhanget  pawartos ramé makaten  wau, lajeng dhawuh samekta baris pendhem [22] hambok manawi parang muka saéstu andhatengngi. Éwa samanten Sang Prabu ugi rumaos  ribed panggalihipun punapa déné  malih saklangkung lingsem saupami ngantos campuh aprang kaliyan putra, pramila Sang Prabu lajeng lolos sumedya ngusi dhateng Bali. Sarêng para putra santana, mantri bupati, saha wadya bala sadaya sumerêp Sang Prabu lolos sadaya sami jajabang mawinga-winga, boten sanés ingkang katutuh namung Radén Patah. Golongnging rêmbag nedya anempuh perang, mengsah Radén Patah. Lah ing ngriku kadadosan campuh perang antawisipun tiyang Buda lan tiyang Islam.

Miturut Babad Tanah Jawi perangngipun Demak mengsah Majapahit wau boten sapintena. Para putra santana ingkang boten purun manjing agami Islam sami kaplajeng dhateng tanah jawi wétan sabagéyan wonten ingkang lajeng nungkul lajeng sami lumebet Islam, golongngan Islam wonten ugi ingkang tuwas ing pabaratan inggih punika Sunan Ngudung.

KAÉLOKKANIPUN SUNAN BONANG LAN SUNAN GIRI

Kacariyos wadya bala majapahit punika kéngseripun margi saking kadigdayanipun Sunan Bonang, Sunan Giri, lan pethi kintunan saking Arya Damar, ingkang kabikak ing samadyaning paprangngan.

[23]Ramé-raméning perang, Sunan Bonang angirabaken badhongngipun medal tikus maéwu-éwu, angebyuk wadya bala Majapahit sami ngrikiti ngrisak-ngrisakkaken dadamel saha praboting perang, angantos wadya bala majapahit sami giris sadaya.

Déné Sunan Giripura angunus dadamelipun wangkingngan nama Kyai kala munyeng, ingkang kadadosaken saking kalam panyeratan salebeting paprangngan kalamunyeng medal tawonipun mayuta-yuta, sami ambujeng angentupi mengsah, ngantos gusis sadaya wadya bala Buda.

Pethi kintunan saking Palémbang, sarêng katikak (kabikak) ing madyaning paprangan nyuwanten jumegur, angebekki papan paprangngan, saking dayaning swara jumegur wau, wadya bala Majapahit sami kagét sadaya pating balulung, kekes manahipun.

Miturut cariyos ingkang lugu, Sunan Bonang punika pancén baut sanget anggéning mencar-mencaraken agami Islam saged adamel marêmipun ingkang sami dipun rêmbaggi, bilih agami Buda punika sampun boten jaman lan anggénipun angluhuraken agami Islam saged mranani sayektos pramila ing pundi-pundi papan lan sinten kémawon pinanggih lajeng sami purun manjing agami Islam, makaten wau sinemonan badhongngipun medal tikus maéwu-éwu, ingkang anjalari nungkuling mengsa.

[24]Makaten ugi Sunan Giri, ugi saklangkung saged lan landhep anggénipun amencar-mencaraken agami Islam,ngantos sadaya ingkang pinanggih, manahipun mesthi kapranan lan kakéngingngan kaupamékaken kados kaentup tawon, boten béda lampahipun para winasis jaman samangké anggénipun mencaraken agaminipun warni-warni, dhasar wasis anengsemaken.

Déné pethi pusaka saking Palémbang punika pikajengnganipun wadhah wawados prajanjiyanipun Sang Prabu Brawijaya, nalika mundhut putri Cina, ingkang lajeng katrimakaken dhateng Palémbang, kados ingkang sampun kacariyos ing ngajeng. Prajanjiyan wau kabikak lan kadunung-dunungngaken dhateng para nara praja utawi wadya bala Majapahit sarêng sadaya sami kangétan lajeng rumaos kapeksa anglerêsaken Radén Patah anggénipun kumedah gumantos keprabonipun ingkang rama. Pramila sadaya lajeng sami anjurungngaken, sumebaripun prajanjiyan wau tumrap umum adamel orêggipun ingkang sami paprangngan pramila pasemonipun : sarêng pethi saking Palémbang kabikak anyuwanten jumegur angébekki papan prangngan.

Miturut kabatosanipun sabda pandhita ratu, boten saged éwah gingsir. Pramila sampun samesthinipun Radén Patah gumantos ngasta pusaraning praja, atas prajanjiyanipun Sang Prabu piyambak, dados risakkipun Majapahit punika salu[25]gunipun inggih sampun wonten ngalamatipun nalika Sang Prabu sanget kasengsem dhateng putri Cina ngantos kasupén kawiyos prajanjiyanipun ingkang dédé-dédé. Makaten punika nama kirang mungguh lenggahipun dados pandhita ratu, pramila inggih saklangkung lingsem saupami anglawana putranipun ingkang anetepi wajibipun nagih prajanjiyan.

PEJAHIPUN SÉH SITI JENAR

Anglajengaken cariyosipun séh Siti Jenar, saadeggipun kraton Demak sadaya para wali sami ketetepaken dados pangulu agami, lan ugi nyepeng papréntahan praja. Siti Jenar makaten ugi, nanging piyambakkipun boten purun babar pisan anglampahi sarébgat pramila atilar salad jakat pasa sapanunggalipun utawi boten purun bajamangah dhateng mesjid Demak kados déné para wali sanés-sanésipun, prakawis punika kapidhanget ing Sang Prabu, Séh Siti Jenar kasuwur anggénipun namung angrungkebbi kakékat malah sampun dados paguron ageng. Kathah murid-muridipun ingkang  ugi sami nilar saréngat, ingkang makaten punika saréng kasindikkaken kepara nyata, pramila para wali utawi Kangjeng Sulthan ing Demak sami anguwatosaken manwi Séh Siti Jenar wau saged ambribrah tatanipun saréngat agami islam, awit saking punika sarêng Séh Siti Jenar  tita [26] boten saged anetepi pranatan saréngat lajeng dipun lunasi wonten ing mesjid Demak.@@@

Bab punika kacariyosipun walisana ngalér ngidul kaliyan Babad Tanah Jawi. Walisana anerangngaken pejahipun Séh Siti Jenar margi nglalu kajengngipun piyambak, jinajahipun lajeng dipun gantosi bangké segawon.

Manawi salugunipun cariyos : Siti Jenar pancén nyulayani agami Islam lan ugi boten purun barjamangah kados wali sanés-sanésipun amargi Siti Jenar punika pancén bongsa daropah, tur agaminipun inggih dédé Islam, wontenipun kajunjung dados wali punika, boten sabab saking agami Islam namung sabab nyumerêpi sadaya wawados nalika Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga musawaratan  angrembag panyebaripun agami Islam, kala samanten  piyambakkipun ingkang dados pambelah baita. Saadeggipun karaton Demak para wali lajeng sami katetepaken kuwajibanipun piyambak-piyambak sami dados panguluning agami. Ananging sanajan Siti Jenar sampun katetepaken dados wali, lan kedah mangagengngi agami, meksa boten  purun lumebet agami Islam, awit saking badhé wangsul dhateng tanah wutahrahipun, dangu-dangu sarêng sampun tita  Siti Jenar boten  purun ngrasuk[27]k agami Islam Siti Jenar lajeng boten  kalilan mangagengngi agami, sarta kalungsur saking pangkat lan sesebutanipun dados wali.

Kocapa, sarêng Siti Jenar kajabel pangkatipun rumaos mérang manggén ing tanah Jawi, ing wasana Siti Jenar lajeng wangsul dhateng siti wutahipun sayektos, lalampahan makaten  punika ingkang kasamun Siti Jenar dipun  pejahi, utawi Siti Jenar nglalu, kakalihipun sami moncokkipun déné Siti Jenar  kalungsur kalenggahanipun lan lajeng mérang angoncati tanah Jawi.

Dumugi samanten kados sampun cekap katrangan bab wawadosipun Séh Siti Jenar saha para wali-sanés-sanésipun makaten ugi bab dumadosipun mesjid Demak, lalampahanipun  para wali jaman samanten pancén inggih gawat sayektos lan pantes sami  kawuningngan para muslimin sabab punika ingkang babad-babad mencaraken agami Islam ingkang sakawit, kuwajibanipun boten namung miridaken kawruh agami, ugi mranata sadaya ruwed rêntengngipun praja Islam, makaten ugi mesjid Demak pantes dipun pupundhi, amergi punika tetenger adeggipun karaton Islam ingkang kawitan.

Saréhning Serat Walisana, utawi babad sanés-sanésipun punika kathah ingkang nawung pasemon lebet terkadhang dipun le[28]beti pikajengipun ingkang mangripta, kanggé mencaraken kawruhipun piyambak pramila saking pamanahipun ingkang nganggit Serat Sandi Jenar punika perlu sanget babad wau kaganjarna salugunipun amurih gambelangngipun utawi boten damel kalintu tampinipun para maos.@@@

Inggih ing nginggil wau babaraning pamanggihipun pangripta, kagathukkaken kaliyan kukum agami, kukum ngadad utawi Serat Babad ingkang lugu. Wasana sumongga para maos.

=== tamat ===

 

Advertisements

One thought on “SERAT SANDI JENAR

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

w

Connecting to %s