SULUK PALAYARAN


SULUK PALAYARAN


Amedharaken pralambangnging ngagesang punika,
kaupamékaken layar ing saganten rahmat,
saha amedharaken wawarah patraping lampah
alayar, ngener dhateng wekasaning
samodra tanpa tepi

1e DRUK

UITGEVRIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ “DE BLIKSEM”
SOLO 1933

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir

Sidoarjo,  20 Januari 2018

@@@

[3]SULUK PALAYARAN

Sekar Dhandhanggula

  1. Déné kabéh-kabéh kang tinulis laku-laku miwah sangat-sangat miwah dina lan tanggalé, myang ukur sadayéku, ingkang ala lawan kang becik miwah naas lan sangar, taliwangkénipun miwah ta kang ringkel jalma, sampar wangké dhungul lan kudhu mabéki, sapa padhané uga.
  2. Dina ala lawan becik lamun tamban bisa ngarah-arah, ingkang becik kang piniléh, yén kasusu ing laku, kaya priyé goné amilih, ala becik tinrajang, aja wasing kalbu, pasraha marang Pangéran pati urip lara waras lawan malih, begja lawan cilaka.
  3. Iku dudu gawéyaning jalmi, mapan atas ingkang murbéng jagad ingkang manci [4] sakabéhé, aja sakserik kalbu, dén kumambang sisésa Widhi,  manungsa mapan darma, obah osikipun pan pitulungnging Pangéran ora ana daya kuwasan kuwaté pribadi, nanging pitulungnging dzat.
  4. Dén kumambang wisésaning Widi, upamané badaning manungsa, linarah néng lautané, saparané pan anut, mring ombakking sagara yekti, iku mapan sanépaning manungsa iku, mulané ana babasan wong kakéhan sakarat iku sayekti, pan kabéh ing manungsa.
  5. Duk uripé donya puniki, sadina-dina pan wis sakarat, miwah sawengi-wenginé, manggung sakaratipun, melék turu sakarat ugi, mila ngarat sakarat, wong néng donya iku, déné ta ing laminya, urip iku néng donya tan pegad déning, layar sagara rahmat.
  6. Naglor ngidul ngétan ngulon neng[5]gih, goné layar pan ora tumeka, iya marang dharatané, mila tanana manggih, ing dharatan déning jaladri, tanpa tepi punika, prandéné kang weruh, layar sadhéla tumeka, ing dharaté kang sagara tanpa tepi, suprandéné ya ana.
  7. Ing tepiné garitanen ugi, déné wus ngaran iku sagara, tanpa tepi suprandéné, kayana tepinipun élok temen basa puniki, kapriyé yén kenaha, kinira ing kalbu, dinuga-nuga watara, saking kira-kira mapan datan keni, kajaba kang wus wikan.
  8. Ing tepiné ingkang jalanidhi, sagara rahmat mang tanpa ombak nanging gumleger aluné, lamun ngamudi dinulu, sawangané rêsik tur wening, mila kang sami layar, tan nganggo parahu, nyana tanna pakéwuhnya, yén tinrajang telengngé kéh parang curi, mila arang kang prapta.
  9. Ing tepiné ingkang jala[6]nidhi, déné alayar tan mawi palwa, alongka teka pinggiré, barakkané punika, kathah kérêm kantanggor suri, mila ayun waspadané, mring pakéwuhipun iya ing sagara rahmat mapan akéh poncabaya jro jaladri, mila arang kang prapta.
  10. Mapan arang iya angawruhi, ing prenahé ing sagara rahmat tur sadina sawengingé, wong anéng donya iku, alalangén anéng jaladri, jroning sagara rahmat prandéné arang wruh, saking kalingngan ing tingal, kalimputan poncabayaning ngaurip, mila arang waspada.
  11. Lamun arsa layar ing jaladri, sagara rahmat mawiya palwa, sarta lawan kamudhiné, pandoman sampun kantun myang layaré dipun abecik miwah sanguning marga, ywa kirang dén agung, yén tan mangkono tan prapta, ingka tepiné iya sagara rahmati, [7] pan mundhak akangélan.
  12. Baitané pan eningnging galih, kamudhiné pan anteping tékad, sucining kalbu layaré, pandomané puniku, pituduhing guru sayekti, sanguné ngélmu risa, lakuning parahu, kalawan murahing nge-dzat, yén tumeka anéng tepining jaladri, iya sagara rahmat.
  13. Dadi bodho wong puniku singgih, milanipun bodho wong punika, déné tan wruh ing dhéwékké, pan suwung jatinipun[1] gih puniku, kang wus udani, wruh tepining samodra, kaélokkan tuhu, lungguhipun Akadiyat duk layaré Wahdat lungguhipun nenggih, angkaté Wakidiyat.
  14. Iya dipun kawruhana malih, iya sagara patang prakara, iki [8] ta wiji-wijiné, ingkang rumiyin iku, sagara dzat namanéréki, ping kalih pan sagara, sipat naminipun ping tiga sagara Asma, nama nira kang kaping patipun nenggih, aran sagara Apngal.
  15. Yén ta durung wong iku udani, ing dunungngé kang sagara papat, prenah wiji-wijiné, durung sampurna iku, ing kawruhé maksih sak serik, sayogya ngupadosa, tatakon kang luhung, aja mupus barang karya, mapan wenang mungguh wong urip puniki, bubuhané istigar.
  16. Krana abot babo wong ngaurip, mapan nampik milih iku wenang, yén milihana wong kuwé, dadi wong tanpa kusur, yén namungnga milih kang becik iku, pan asungkan lamu ana, yén milihana sungkang nganggo becik, wong nasar ambalasar.
  17. Dipun sami marsudi [9] ing budi, punika lambang wong kuna-kuna, pinrih graitané dhéwé, génta kita-kita wruh, aja lawan pakon liyaning, pinrih marsudi akaling tyas dén karaus sampun ngamungngaken tedah, tedah guru pribadi ingkang marsudi, darapon kapanggiha. @@@, i.

=== tamat ===

 

[10]WEWAHAN

Pethikan saking serat papalinipun Kyai Ageng Séla

  1. Apan kathah békaning ngaurip dénya amrih pakolih ing badan amrih kuncara ngélmuné, (………..) melékna sben dalu, tansah dénnyaacegah bukti, andhap asor kaliwat ésemé lir wuyung, ulat manis ati sabar, dadi gendam ilaté guna wiranti, (ananging) enengngé salah cipta.
  2. Tan mangkana ingkang wus sayekti, badan ingkang mapan kadi sarah, anéng lautan paminé, apa ombakking ranu, sarah anut ilining warih, ikan jeneng kawula, tan darbé karséku, anging purbaning Pangéran mawarna saka limput marang sa[11]wiji, wus kerêm ing sagara.
  3. Nora nana kang dén paraniti, pan wus liwung tan darbé Pangéran wus suwung jati kawruhé, tan dulu tan dinulu, tanna panggih nora pinanggih, tan paran tan pinaran wus tumekéng suwung, sasolahé pan asamar, nora nana kang kaduga angarani, liwung kadi wong édan.

¤¤¤

__________
[1]    Kacundhukna kaliyan papalinipun Kyai Ageng Séla, ingkang awrat ing wewahanipun serat punika

One thought on “SULUK PALAYARAN

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s