HIKAYATUL ARWAH


HIKAYATUL ARWAH

Anyariyosaken lampahanipun roh ing salebetipun
ngalam kubur, inggih ingkang kawastanan
ngalam Barzah ingkang sakéca lan
ingkang nampi siksa.

Kapethik saking Kitab Ihyak Ngulumiddin
Déning : Mas Ihsanuddin
Pangulu Khakim
ing kitha Sragen

1e DRUK

Boten kénging katurun kasantunan tembangngipun
kacithak malih, kajawi angsal lilahipun inkang
ngimpun ingkang ngedalaken

ingkang nyadé sarta ngedalaken :
BOEKHANDEL AB. SITI SJAMSIJAH
SOLO 1927

Uitgeefster : Worosoesilo Almanar
en Noeroe’l Islam

Kacithak ing pangecapan wersa
Tuwan Mukhammadiyah Surakarta

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir

Sidoarjo,   21 Januari 2018

@@@

[3]Bismillahir-rohmanir-rohim

Para maos sami ngretosa, bilih piyandeling manungsa tumrap lampahanipun sasampuning pejah (pecating nyawa saking ragamipun) punika mawarni-warni. Nanging piyandel-piyandel wau kathah ingkang namung panyakrabawa ingkang lepat (nyimpang utawi sasar) saking garising ka-Islaman, mila ing ngriki kula manah parlu sanget anggelaraken bab punika, ingkang supados lajeng kawuningngan (dipun mangretosi), pundi piyandel ingkang lepat lan pundi ingkang lerês temahan saged milih ingkang lerês sarta nampik (sumingkir) ingkang lepat.

Piyandel Ingkang Lepat Saha Ingkang Lerês

  1. Sawenéhing golongan sami gadhah piyandel bilih manungsa ing sasampuning pejah, punika sampun lajeng cuthel baoten manggih lampahan punapa-punapa. Babasan sirna tanpa lari, [4] lir angganing sirnaning latu ingkang sampun pejah, utawi sirnaning ijeming lombok sasapuning jumedhuling abrit, lan ugi kasamékkaken pejahing sato. Tegesipun saoncating nyawa saking raga, nyawa wau lajeng sirna lap, inggih kados makaten punika piyandelipun tiyang ingkang sami sasar, boten pitados ing wontenipun Pangéran lan wontenipun dinten kiyamat.
  2. Sawenéhing golongan malih wonten ingkang gadhah piyandel manawi saoncating roh saking raga wau, lajeng boten gadhah raos rumaos punapa-punapa. Anggénipun makaten wau ngantosn bénjing dumugi dinten kiyamat inggih punika mangsaning roh wau sami wangsul ing raganipun malih, dados titiyang ingkang gadhah piyandel ingkang makaten wau, boten pitados ing wontenipun ngalam Barzah (kubur) mila inggih taksih terang menggahing kalepatanipun.
  3. Sawenéhing golongan malih sami gadhah piyandel manawi sapecating roh saking raganipun punika inggih taksih tetep wujudipun sarta ugi gadhah lampahan, nanging ing saréhning abadan alus mongka ingkang saged angraosaken sakéca, sakit asrep bentér punika badan wadhag mila manawi roh wau sampun boten gadhah prabot badhan wadhag masthi boten badhé ngraosaken sakit utawi sakéca. [5]Cekakkipun inggih lajeng dados kahanan ingkang boten gadhah raos punapa-punapa. Titiyang ingkang gadhah piyandel makaten wau, cetha boten ngandel ing badhé wujuding dinten bangas (tangining manusa saking kubur) sapiturutipun mila inggih kagolong tiyang ingkang taksih sasar piyandhelipun.
  4. Lan sawenéhing golongan malih wonten ingkang gadhah piyandel manawi pecating roh saking raganipun punika pindhah ing raga sanés lajeng gesang ing ngalam donya malih.anggénipun makaten wau, ngantos marambah-rambah. Inggih makaten punika piyandelipun agami Hindhu. Menggah piyandhel ingkang makaten wau, agami Islam mastani ugi kalintu (lepat).

Kajawi golongan a, b, c, d ing nginggil wau, taksih kathah golongan-golongan ingkang taksih sami lepat menggah piyandelipun ing gesangnging roh, sapecating saking raganipun, déné ingkang sampun kaanggep lerês déning Islam kados ing ngandhap punika :

Piyandel ingkang lerês menggah ka-Islaman ingkang sampun dipun ajengngi déning ngakal ingkang suci, sarta ingkang sampun mawi wawaton ayat Kur’an lan Khadis punika makaten : sayektosipun ingkang pejah punika namung éwah (pindhah) ing roh saking satunggiling panggénan (jasadipun) dhateng panggénan sanés (ngalam Barzah). Déné kahanan wujuding roh wau [6] boten éwah babar pisan, mila wontenipun roh ing papanipun énggal wau, inggih taksih gadhah raos sakéca, utawi rêkaos (saged nampi kanikmatan utawi pasiksan) pundi ingkang pinasthi ing piyambakkipun, boten bédha akaliyan ing nalika taksih manggén ing jasadipun, namung kémawon ing sasampunipun oncat wau, lajeng boten gadhah (boten saged) amréntah ing badanipun wadhag margi sampun pisah saking ngriku. Ing nalika roh taksih manggén ing jasad piyambakkipun punika dumunung dados pangagengngipun (pangréh) badan, sadaya pirantosing badan punika, sampun masthi miturut punapa saparéntahing rohipun, kadosta : nyerat mawi pirantos tangan, ningali mawi pirantos paningal (mripat) mirêngaken mawi pirantos kuping, makaten sapiturutipun, nanging saréng roh wau sampun oncat saking jasadipun (raga) sampun masthi kémawon préntahanipun ingkang makaten wau lajeng ical, sanadyan makatena kawaskithan utawi kawicaksananipun roh punika taksih lestantun (boten éwah), mila makaten amargi roh saged gesang sampurna nadyan tanpa pirantos badan wadhag, rêkaos sabab saking kataman ing lalampahan ingkang pakéwed, (kasangsaran) tuwin ugi saged angraosake[7]n bingah, lan seneng margi saking anawung ing lampahan ingkang adamen senengngipun, malah-malah manawi kita manah yektos sipat bingah, lan susah, punika sajatosipun harak boten dumunung ing jasad wadhag nanging harak namung dumunung ing roh, nadyan nalika roh wau taksih manggén jasadipun, cekakkipun sadaya tingkahipun roh ingkang temtu ing piyambakkipun kadosta : pangraos kapinteran kawaskithan kabingahan kasusahan sapanunggalipun punika taksih pepak dumunung ing roh wau, nadyan sampuna oncat saking jasadipun, namung kémawon sadanguning roh wau oncat saking badan sampun masthi lajeng boten saged nindakkaken ing tindakkipun ingkang kedhah mawi pirantos badan wadhag kados nalika taksih manggén ing badan wadhag wau.

Ing mangké sampun terang, menggah piyandel ingkang lerês roh masthi gesang ing ngalam kubur, sarta taksih gadhah raos rumaos, déné sakéca, utawi rêkaosing lalampahanipun punika miturut punapa katarimah utawi kautaméning ngamalipun ing rikala gesang ing ngalam ramé (donnya) ngriki.

Para ngulami taksih sami sulaya ing pamanggih. Nalika roh ing ngalam Barzah, punika punapa taksih sok nganggé (wangsul) ing jasadipun punapa boten, ingkang lerês Wallahu A’lam, ananging wangsuling roh ing jasadipun bénjing ing dinten kiyama[8]t (pangadilan) punika kita wajib  kedhah pitados masthi wangsulipun, awit sampun dipun dhawuhaken ing Kur’an lan Khadis ingkang beten kénging  dipun ungkiri utawi dipun mamangngi malih. Déné salajengngipun  gesang kita ing ngalam akhérat punapa lastantun mawi jasad wadhag punapa namung alusipun para ngulami inggih sami sulaya ing pamanggih malih (Wallahu A’lam).

Ing sasampunipun kita tetep kapitadosan kita, ing gesang roh wonten ing ngalam Barzah, lajeng manah kados punapa menggah lalampahanipun roh ing ngriku wau. Lah kados ing ngandhap punika jéréngnganipun.

Dhuh para sedhérék kula muslimin inggih prakawis punika wau, ingkang boten kénging boten kitakedhah ngénget énget ing dalem gesang kita, yén ngantos talompa (kasupén) sampun masthi badhé anemahi dhawah sangsara ingkang tanpa wates, nanging manawi tansah kita éngeti, lan kita ihtiyari kanthi tawajuh ing Gusthi Pangéran ingkang asipat welas sasih, hambok manawi angsal kamirahan  saha ganjaran ugi ingkang tanpa wates angungngipun.

Kawuningngana para sadhérék pecating roh saking raganipun lajeng pindhah ing ngalam Barzah, punika lajengnging lalampahanipun namung kalih warni, inggih punika manggih sangsara lan ruwed pa[9]kéwed utawi manggi kamulyan suka parisuka, éca lan sakéca. Kalih-kalihipun wau sami tanpa wates menggah mangsanipun, déné prakawis ingkang nemahi, sangsara, utawi nemahi mulya, punika boten wonten malih kajawi saking bubudén kalakuwanipun roh kita piyambak rikala gesang ing ngalam wadhag (ing donnya punika). Déné menggah jérénganipun makaten : ing nalika kita taksih sami ing ngalam arwah, sadéréngnging tumitah ing ngalam donnya ngriki punika sampun anampi ing dhawuh timbalanipun Gusthi, bilih kita badhé tinitahaken gesang ing ngalam kawadhaggan ing dalem mongsa ingkang namung sakedhap sanget yén tinimbang gesang kita ing ngalam kalanggengngan, mila gesang kita ing ngalam kawadhaggan wau, sampun pisan-pisan kasengsem (kérêm) ing kawontenanipun ingkang gumelar ing ngriku (kadonyan) nanging tansah tawajuh (madhep) lan éngeta ing Gusthi. Yén kita ing ngalam wadag wau ngantos kesengsem ing kadonyan utawi ngantos kasupén énget kita ing Pangran lah inggih makaten punika witing badhé kasangsaran kita ing ngalam kita ingkang sejati (kalanggengngan), dhawuh timbalaning Gusthi ingkang Makaten wau para manungsa sampun sami nyandikani. Mila ugi kalampahan saking kodrat saha iradating Gusthi, kita lajeng tumitah yektos gesang ing ngalam ramé punika. Ing ngriki kita ginadhuh ambadan wadhag ingkang sarwa saé, sarwa sampurna, ngungkuli sadaya titah sanésipu[10]n, lan ugi pinaringan papan (ngalam) ingkang pepak kanggé praboting gesang. Punapa déné roh kita wau taksih kalastarékaken gadhah kawaskithan (kawicaksanan), ananging ugi dipun  kanthéni hawa napsu (Pépénginan), dhasar gesang kita punika dumunung nglampahi cobining Gusthi, katodhi saged netepi prajangji punapa boten, mila kita kedah tansah énget manawi samubarang ingkang ginadhuhaken ing kita punika masthi boten badhé lestari, nanging masthi sirnanipun utawi oncat saking kita (roh kita) margi déning barangngipun ingkang ngoncati, utawi roh kita  ingkang sampun wancinipun pecat saking barang-barang wau (pejah). Déné kawontenanipun barang-barang wau ginadhuhaken ing kita, punika karsaning Pangéran namung maligi kita naggéya prabot sumungkem kita, sarta énget lan madhep ing Gusthi. Boten pisan-pisan kénging upami kita anggé ngladosi ing hawa napsu kita. Mila manawi prabot-prabot wau lajeng kita naggé ngladosi ing hawa napsu kita, sampun masthi kémawon kita lajeng kérêm utawi kesengsem rêmen sanget ing prabot-prabot wau. Samongsa sampun makaten lajeng owel sanget saupami prabot-prabot wau oncatta saking kita. Nanging pikajengngan kita sagedda awét lastari kénging kita anggé seneng-seneng salami-laminipun ing ngalam wadhag punika. Lah punapa pikajengngan kita (roh) ing[11]kang makaten wau saged sinembadan tangéh lamun balik manawi sampun titi mangsaning oncat masthi kalampahanipun boten saged wurung malih lan boten kénging dipun semadosi. Amila manawi sampun dumugi titi mangsaning donya, (kalebet badan kita) punika oncat saking kita (roh), inggih punika pecating roh saking  raga, ing mongka kita taksih tresna sanget dhateng kadonyan wau, lah lajeng kados punapa kémawon raos lan pangraos kita, ing ngalam ingkang nembé kita ambah (ngalam Barzah). Sampun masthi tansah getun owel lan nalongsa, susah, angresah ingkang tanpa wates agengngipun sarta tanpa telas mangsanipun, cobi kamanaha ingkang wening. Ing nalika kita gesang ing ngalam donya ngriki, saged maréntah ing saranduning badan kita wadhag kanggé prabot ing kasenengngan kita sakarsa-karsa, lan saged maréntah samubarang isén iséning jagad ugi kanggé pirantosing anguja ing hawa napsu kita. Mongka saweg mangsaning seneng-seneng lajeng kapeksa kita oncati sakala sirna babar pisan boten saged panggih pinanggih malih. Dhuh gék kados punapa kémawon raos kita. Masthi inggih sakit sanget, inggih makaten punika yektining pasiksan ing ngalam Barzah, ingkang kabasakaken naraka Jakhim, awit kawontenan kita ing ngriku namung ajeg panalongsa, ingkang tanpa pedhot-pedhot sarta tanpa wate[12]s mangsanipun, inggih tumancebing raos ingkang makaten punika ingkang kabasakaken naraka ingkang langkung déning sanget benteripun, mila poma dipoma kita nalika gesang ing ngalam ramé ngriki, sampun ngantos léna, satemah dhumawah kacilakan ingkang saklangkung déning ageng wau. Inggih punika kasengsem ing kadonyan ngantos dumugi pecating roh kita. Lah cilaka punapa  ingkang pinanggih lamuna pinasthi kados makaten wau. Mongka manawi sampun kalajeng makaten badhé boten angsal lintu kalonggaran utawi kasenengngan sanés-sanésipun malih. Inggih lampahan ingkang makaten wau ingkang sampun dhinawuhaken ing dalem ayat Kur’an : “Ing dina iki wus cukup enggonira anampani ing pangadilaning Pangéran”, menggah patrapan ingkang agengngipun samanten wau, saweg patrapanipun anggén kita kasengsem rêmen ing kadonyan déreng patrapaning anggén kitra mréntah ing gadhuhan kita, dhumateng tindhak ingkang  dédé masthinipun (tindhak awisaning Gusthi), lah punika ingkang langkung agung, lan angigirisi sanget, déné katranganipun kados ingkang badhé kula andharaken ing wingking.

Déné menggah lampahanipun para ingkang sampun saged zuhud sumingkir saking rêmen ing kadonyan [1] nanging namung sumungkem sa[13]ha tawajuh ing Gusthi punika akosok wangsul kaliyan lalampahan ing nginggil wau, awit rikala ing donya ngriki, rumaos anggadhahi sasanggeman ingkang awrat sanget tur wajib kedah linampahan ajeg boten kénging méngéng sarambut pinara séwu. Inggih punika tansah mepeg hawa napsunipun sarta ngeréh supados madhep lan angéstokaken dhawuh prajangjining Gusthi ingkang saklangkung awrat sanget sasanggemanipun, mila gesangngipun ing donya ngriki namung tansah nawung prihatos lan kuwatos raosing manah : baya kapan bisaku koncatan saka ngalam kang sarwa éwuh lan pakéwuh iki, banjur bisa bali marang ngalamku lawas kang sarwa nikmat lan mulya. Makaten raosing para ingkang sampun ngambah ing kawruh kasunyatan, inggih punika kawontenanipun ing donya ngriki namung rumaos ribet lan pakéwed mila tangéh lamuna rêmen utawi kasengsem ing kadonyan nanging malah akosok wangsul punika nyata.

“Gusti Allah, makaten malih anggénipun mempeng ngudi kadonyan nedya kanggé laladi dhateng sabilillah, sarta manawi sampun mangsanipun zakatipun inggih dipun wedalaken yektos punika boten kalebet rêmen donya, balik nama saged sumungkem ing Pangéran kaliyan bondha kadonyanipun.” (Penulis. Wara Susila)

Réhning para sarjana wau sampun anggadhahi pangraos ingkang makaten wau, boten anéh lamun kaoncatan (u[14]ncat) saking donyanipun baoten gadhah raos anggetuni utawi owel, ananging malah gadhah raos sokur, lan bingah, amargi saking lajeng saged oncat saking sasanggén ingkang saklangkung déning awrat lajeng pindah ing ngalam ingkang mardika, tur éca lan sakéca, ingkang tanpa wates ageng sarta mangsanipun inggih punika manggén ing swarga pangayunaning Gusthi. Wangsul ing papanipun ingkang asal, mila kabasakaken bilih pejahing para mukmin sejati, punika lir angganing medalipun tiyang ingkang kinunjara ing pakunjaran ingkang saklangkung peteng, lajeng kaumbar ing papan ingkang saklangkung nyenengngaken, utawi kados angganing bayi ingkang procot medal saking tlanakan pindhah ing ngalam donya. Mila kaselak mokal sanget upami taksih angémut-émut angengngipun taksih anggetuni ing papanipun lami, angengngipun malih niyat badhé wangsul punika katangéh lamun sanget, nanging wontenipun namung bingah sarta sokur ing Pangéran déné oncat saking papan ingkang rupeg lan peteng, lajeng kaparingngan papan ingkang padhang bawéra tur nyenengngaken, mila inggih sampun layak kémawon para Ahli kawruh kabatosan sanget anggénipun sami mung sinau, utawi nglalantih sagedipun amisah saking kadonyan ngantos mawarni-warni marginipun, jer ageng sanget badhé pangundhuhing uwohipun, sawenéhing para Ahli kasunyatan anggénipun a[15]mbudi ngoncati kadonyan sampun saged kasil wiwit rikala taksih sugengngipun ing donya, tegesipun : nadyan ing lahiripun taksih mangen ing donya, nanging menggah kabatosanipun rumaos sampun oncat saking ngriku, jalaran saking sanget konjeming manahipun anggénipun madhep tawujuh ing Gusthi, dados sadaya kahanan ing donya, dalah saranduning badanipun pisan punika sampun kaanggep sirna (ngadam) namung Dzating Pangéran ingkang dipun pandeng ing adinten-dinten, inggih ingkang makaten wau, ingkang antepi dhawuh ing dalem Khadis : “mutu qobla an tamutu”. Sira kabéh padha matiya,  ing sadurungngé tekaning pati. Inggih punika ingkang kabasakaken pejahing salebeting gesang. Tiyang ingkang sampun saged anglampahi makaten punika, ing nalika pecating  rohipun saking raga, boten kraos babar pisan ngantos kacariyosaken kados angganing dinudutipun rambut ingkang dipun lisahi. Tegesipun angler (sakéca), boten kagét babar pisan, langkung-langkung manawi sampun dumugi ngalam barzah, rumaos ludhang saking papredén nanging namung gesang seneng mardika, kaumbar sakarsa-karsa, boten wonten ingkang ngriridhu, utawi mraduli. Amila wontenipun namung suka parisuka, éca lan sakéca, ingkang boten saged kininten-kinten, inggih makaten punika ingkang kangibarataken : darussalam (suwarga).

[16]Wewahan Saking Pangimpun
Methik Saking Kitab Ngilmi Tasawuf

Ingnginggil kaprtélakaken manawi anggénipun para Ahli Kasunyata anjongka ing kamulyan jati ing ngalam kasunyatan punika mawarni-warni tarékatipun (lampah), sawenéhing ngulami wonten ingkang tarékatipun sarana amesu budhi, ing lahir dalah batosipun tegesipun kajawi amemekak ing hawa napsunipun taksih mawi ulah raga, riyalat (ambanting raga) ngirangngi nedha, tilem saha khalwah (sumingkir saking manungsa), satemah saged katarimah dados walafanak kasupén ing samudayaning kahanan wadhag punika kalebet raganipun piyambak ugi sampun boten kalebet manah. Margi saking konjem ing makrifattullah. Mila ing ucap lan solah bawaning lahir, lajeng saémper kados tiyang éwah (gingsir) akalipun, inggih makaten punika ingkang limprahipun kawastanan majenunullah. Ananging para wali ingkang makaten punika déréng kaanggep luhur sanget, jer lajeng namung ing sariranipun pribadi, boten ing ngalap faédahi umuming manungsa. Déné ingkang luhur piyambak  inggih punika wali ingkang netepi makom bakok, lirripun ing lahir taksih anglampahi ing kalimrahaning ngakathah, (saréngat) tegesipun inggig gigriya, salaki rabi, anak-anak amarmakruf mangga[17]ot, sarta ngibadah, anetepi khukuming saréngat Islam nanging nanging menggahing kabatosanipun sampun saged sumingkir saking kadonyan babar pisan dados sadaya ucap lan solah bawanipun punika sadaya namung tumuju ing Gusthi, boten pisan-pisan amrih ing kadonyan, mila khasiling anggénipun manggaot, salaki rabi, enz wau, boten rumaos babar pisan yén ta dados darbékipun nanging dados kagunganipun Gusthi sadaya, sariranipun namung dumunung anggadhuh, mila namung lega lila (kapara sokur bingah) lamuna kapundhut ing samongsa-mongsa, jer rumaos lajeng suda kuwajibanipun (rêrêksanipun) inggih tiyang ingkang saged makaten punika ingkang kabasakaken khayun pinda raina (gesang ing papan kalih) ugi ateges gesang mulya ing donya lan ing akhérat, awit ing lahir taksih netepi ing kadonyan nanging batosipun ing ngalam akhérat (p).@@@

¤¤¤

Amangsuli Pasiksan lan Pakewed ing Ngalam Barzah

Pasiksan ingkang sampun katrangaken ing nginggil tumrap para Ahli kubur ingkang boten kalerêsan tindakipun punika saweg patrapanipun anggénipun kasengsem ing kadonyan déréng patrapanipun anggénipun gesang nindakaken samubarang tindak lahir batos ingkang boten netepi dhawuh. Lah pu[18]nika ingkang langkung awart sarta kathah sanget menggah warni-warninipun awit saben kalepatan satunggal wonten patrapipun satunggal, kantun ngétang. Lah gék pinten éwu kalepatanipun sampun masthi badhé ngraosaken ing patrapanipun sadaya. Ing ngriki kénging lajeng kula ringkes menggah wujuding patrap wau, inggih punika kosok wangsuling lalampahan kita ing ngalam ramé ngriki. Kados ta : upami kita ing donya purun masésa ing sasamining tumitah, ingkang dédé masthinipun punika ing ngalam ngriku (barzah kita inggi lajeng rumaos kawasésa ingkang tikel maéwu-éwu, tinimbang lan pamasésa kita ing donya wau. Kita ing donya sampun purun anrajang maksiyat ingkang murih senengnging hawa napsu kita, punika ing ngrikanipun lajeng kuwalik rumaos aningali ing kahanan ingkang anggigilani, sarta angajrih-ajrihi, malah ugi saged adamel pisakit ingkang ngantos boten kénging kinenten-kinten agengngipun, kita adamel wirangnging sanés inggih lajeng nampi patrapan kawirangngan ingkang tikel maéwu-éwu, yén tinimbang anggén kita damel kawirangngan wau, tuwin sasaminipun, inggih patrapan ingkang makaten punika ingkang kangibarataken kados wawarnén sawer, klabang, kalajengking, cacing, uler, dahana angalad-alad sapanunggalipun.

Ingkang sampun ing dalem Khadis saking sakhabat A[19]bi Huradaroh, Gusthi Kangjeng Nabi ngandika makaten : sarupané wong-wong kang padha mukmin iku nalika ana ing dalem ngalam kuburé, panggonané iku dijembaraké nganti 70 (pitung puluh) asta pasagi, lan padhang terangwangan kaya padhangngé wengi purnamasidi, yén mengkono apa ta sira kabéh  padha suwé panemu yén wong Ahli kubur mau rupeg ing panguripané.  Para sakhabat amunjuk, kula sadaya boten saged manah, namung Gusthi Allah lan utusanipun ingkang langkung ngudanéni tinimbang kula sadaya. Kangjeng Nabi nglajengngaken ing dhawuh pangandikanipun : déné patrapaning para wong kapir ing dalem ngalam kuburé, iku mangkéné : ing kono (kubur) ana tanin 99 iji. Sira apa wus mangreti kang diarani tanin iku. Yéng durung ngreti, iya iku ula kang duwé endhas pitu kang padha tansah nyokoti, lan anglarani marang wong kang siniksa mau tanpa kendhat-kendhat sira kabéh aja gumun mungguh akéhing cacahé ula samono iku, amarga pancén wus pinasthi kapadakake  cacahé alaning kalakuwané kang siniksa iku. Kaya ta : gumedhé, riya sosongaran) panastén (drengki) nguneg-uneg ala, ambawur, lan sapapadhané. Siji-sijining klawkuwan iku banjur cawang-cawang, nganti padho karo cacahing endhasé ula kasebut ing dhuwur mau (99 X 7 = 693) mungguh panyokot utawa pangantuping ula-ula mau ora padha mungguh [20] kukuwatané, nanging ana kang luwih mandi, ana kang sangisoré. Mangkono iku miturut gedhé cilikking dosané kang siniksa. Déné dhawuhingsun mangkono iku tumrap wong kang binuka paningal atiné, bisa weruh terang lan cetha ing kahanané, lan bisa terang ing sababbé, pasiksan kang mangkono mau.

Dhawuh dalem Kangjeng Nabi kasebut  ing nginggil punika, tumrap para ingkang Ahli kawruh mukhashafah, (ingkang kebuka paningal manahipun ing ngalam ghaib) sampun masthi lajeng sumerêp awéntéh-wéntéh ing kawujudan wau, akaliyan paningaling manahipun, saéstunipun Khadis wau nadyan mirid lahiripun punika dhawuh ingkang walaka, nanging ugi mengku ing rahsa ingkang samar, lan werid, mila tumrap kita ingkang d Hadisr Hadisng sumerêp ing kawruh mukhashafah, boten k Hadisnging lajeng maiben nanging wajib kedah pitados lan pasrah. Tegesipun boten susah mikir-mikir cundhukkipun kaliyan akal kita. Jer panc Hadisn barang ingkang ginaib boten gaduk upami ginayuh akaliyan kawontenan lahir, (natir).

Upami wonten ingkang mabeni makaten : kula sampun nyatakaken akaliyan prabot kula lahir (poncadriya kula) ing ngriku pakuburanipun tiyang kapir teka boten wonten kawujudan ingkang kadhawuhaken wau. Lah kados pundi anggén kula [21] pitados ing barang ingkang kula nyipati piyambak (kasat mata).

Pitakénan ing nginggil punika, jawabipun makaten, “Iman” (pracaya) Khadis dhawuh dalem Kangjeng Nabi ing nginggil punika kapinta-pinta dados tiyang pangkat ing ngandhap punika :

Pangkat I : inggih punika ingkang langkung gampil tur langkung pratéla. Boten susah manah-manah, balik namung kedah pitados bilih sadaya wau, inggih wujud yektos kados walakaning dhawuh. Ananging kita boten saget sumerêp akaliyan ngasat mata. Amargi kawujudan wau sadaya wonten ing ngalam Malakut (arwah) sampun samasthinipun mripat kita wadhag punika boten saged mempan (sumerêp) ing kahanan wau. Kawuningana, sadaya cariyos ingkang asambet ing kawontenan akhérat (kalanggengngan) punika masthi dumunung ing ngalam Malakut, kita harak saged amanah ing kapitadosanipun para sakhabat ing sowaning malaikat Jabrail ing ngarsaning Kangjeng Nabi ingkang parlu maringngaken ing wahyuning Pangéran, mongka para sakhabat wau ugi sami boten sumerêp ing wujuding sang malaikat balik amung Kangjeng Nabi piyambak ingkang priksa. Nadyan makatena, kapitadosanipun para sakhabat wau, ugi nama sampun apasah. Makaten ugi prakawis sadaya wau, kita boten sumerêp (ngasat mata) ing kawujudan wa[22]u, nanging boten mokal upami kawujudan wau dipun sumerêpi déning ingkang sami kataman (mayit), makaten ugi kita saged manah manawi malaikat punika sanés jinising manungsa (anak) Adam mila ugi saged manah manawi sawer, klabang ing ngalam kubur punika inggih sanés bangsaning sawer, klabang, ingkang sami katingal ing donya punika.

Pangkat kaping II : kitaq saged ngalap ngibarat (pipindhan) ing tiyang tilem ingkang supena rinidhung ing barang ingkang ngajrihi (kagum). Ing salebetipun supenan awakkipun inggih rumaos akaraos sakit capé, androdhog, trekadhang inggih gero-gero, polah ngantos dumugi nglilir saking tilem tabeting anggénipun kagum wau déréng ical malah wonten sacelakking ngriku boten sumerêp punapa-punapa. Awit saking punika pasiksan tumrap Ahli kubur, saged ugi inggih wujud kados pipindhanipun tiyang supena wau.

Pangkat kaping III : kita masthi mangretos manawi kawontananipun sawer ing donya ngriki punika boten saged damel sasakiting badan dénéingkang anjalari damel sakit punika wisanipun, yén kasaring malih, wujuding wisa punika ugi boten saged damel sakit nanging ingkang damel sakit punika sayektosipun dayaning wisa, awit saking nalar ingkang makaten wau [23] Khadis kasebut ing nginggil wau kénging rinaos ingkang kangendikakaken sawer sami nyakoti wau, boten wujud sawelakaning sawer, nanging namung dayaning wisaning sawer-sawer, ingkang tumama dhumateng para ingkang kataman siksa wau. Dados Khadis wau lajeng kénging dipun wudhari makaten : wong kang dosa nglakoni papacuh. Takabur, riya, sapituruté, iku ing ngalamé barzah bakal nompa patrapan kaya-kaya cinokot ula 693 kang padha mawa wisa mandi-mandi, tur babarêngngan pangroyokké (panyokoté). Lah, cobi sami kagaliha, sampun kados punapa raosipun tiyang ingkang kacakot sawer mandi ingkang saweg satunggal utawi sapisan kémawon,? Amansthi inggih sampun sakit saget kang mongka lajeng sakit wau lajeng katikellaken ping 693 tur ajeg ing jaman ingkang tanpa watesan laminipun, iba kados punapa kémawon rêkaosipun.

Tutuping pangimpun kula punika, anglairaken ing pandonga dhuh Gusthi Allah, kawula nyuwun ing Tuwan mugi karêksaha saking siksa kubur, lan saking siksa naraka, tuwin rineksaha saking pitnahing ngagesang, lan ing sampuning pejah kawula, punapa déné rineksa saking pitnahing maséh (dadjal) Amin yarobal ngalamin,@@@.

— tamat —

Lalampahan sasampuning pejah,
tambahan saking penulis, Warasusila.

Sawisé katekan ing pati (wong kang ora pracaya) padha ngucap : dhuh Pangéran kula panjenengan wangsulaken supados saged nindakaken ngamal saléh ingkang kala rumiyin boten kawula tindakaken, ora, mangkono iku pangucaping wong iku, ing saburiné ana aling-alingngé barzah nganti tekaning dina ditangékaké : Kur’an XXIII : 98, 99.

Ayat ing nginggil punika  nerangaken bilih tiyang ingkang pejah, punika rohipun boten badhé tumimbal lahir malih utawi nitis dhateng donya. Nanging lajeng tetep dudunung ing ngalam barzah, makaten punika saéngga dinten bangas inggih dintenipun manungsa sami katangékaken saking pejah parlu badhé kaimpun ing Pangéran wonten ing dintening wawales, kados punapa kacélikkipun tiyang ingkang sami boten pitados lan sami gadhah panganggep bilih sasampuning pejah, rohipun punika lajeng nitis utawi tumimbal lahir malih dhateng donya, punika para maos saged anyumerêpi wonten ing ayat wau, inggih  punika tiyang wau lajeng nyuwun dhateng Pangéran supados kalahiraken malih dhateng donya, parlu badhé nindakaken ngamal saléh ingkang kala rumiyin boten anindakkaken, ingkang makaten wau  tinulak ing Pangéran awit tiyang wau sawikingngipun sampun kalingngan ngalam barzah makaten wau éngga dumugi dintening dipun tangékaken, (awit sapunika punapa kita boten parlu ngamal sapunika?).@@@

¤¤¤

————–
[1] Tiyang ingkang pangudinipun kadonyan saged anetepi ing kukum kukumipun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

w

Connecting to %s