NGILMU (NGILMU MAKRIPAT)


NGILMU (NGILMU MAKRIPAT)


Sambetipun ngilmu ka-Allah-an anggelaraken
babaring ngilmu saréngat tarékat saha
khakékat dumuginipun makrifat
makaten ugi wohing makrifat
utawi khakékating makrifat

ingkang ngarang :
MUFTI MUKHAMMADI

Mubalig sarta guru agami pamulangngan Mukhammadiyah
ing Surakarta

ingkang nyadé sarta ngedalaken :
SITI SJAMSIJAH

Boekhandel & Uitgeefster
Taman Moeslimah – Worosoesila
Mamba’oel oeloem
Solo – Java

1344 – 1856
 1926

Kacithak ing pangecapan P. Mukhammadiyah
Surakarta 1926

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Sidoarjo,  25 Januari 2018

@@@

[5]Bismillahi rahmanir rahim

Awit asma Allah ingkang Maha Mirah tur Maha Asih

Sanget suka sukuring manah kula dhateng Pangéran ingkang Maha Agung, déné karangngan kula kitab : ka-Allah-ana (ingkang ddos kawitanipun Kitab Makrifat punika) déréng dangu saking pambabaripun kémawon sampun énggal sanget sumebaripun dhateng saindhengnging tanah Jawi, langkung-langkung tanah Jawi wétan mila inggih boten anéh bilih babaring Kitab : Makripat punika tansah dados pitakénan utawi pangajeng ajengngipun para sadhérék ingkang sampun sami anguningngani suraosipun Kitab : ka-Allah-an awit Kitab : ka-Allah-an wau pancé satunggaling kitan ingkang angrembag prakawis : Allah, utawi : Ngilmu ka-Allah-an ingkang kalayan pratéla sawantahipun.

Wonten ing Kitab ka-Allah-an Kitab Makripat punika kula pratélakaken dados sambetipun Kitab ka-Allah-an, nalika Kitab Ka-Allah-an wau sampun sumebar ing pundi-pundi, sajatosipun Kitab Makripat punika taksih dados pustaka darya, inggih punika taksih salebetipun dados panganngen angening manah. Samangké kalampahan saged kababar kaliyan pitulungnging Allah. [6]Dados pambabar kula  wau dhapur kasesa selak mituruti pamundhutipun para sadhérék kathah ingkang sampun sami anguningngani suraosipun Kitab ka-Allah-an éwadéné senajan makaten kula gadhah pangajeng-ngajeng dhateng sagyaning para maos sadaya, sarana babaring kitab punika insa Allah para maos masthi badhé saged anguningngani kados pundi babaring ngilmu saréngat tarékat saha khakékat miturut Islam ingkang sajatos makaten ugi badhé sgaed anguningngani dunungnging makripat ingkang kalayan salerêsipun miturut sacaraning Islam punapa malih andharaning ngilmu kasampurnan sarta wohing makripat tumrap ingkang sampun kabuka makripatipun.

Wasana pangajeng-ajeng kula Kitab Makripat punika tetepa dados susulang dhateng sadaya manusa ingkang nedya sami ulah kasampurnan sarta ugi dadosa sarana utawi tataraning para manusa ingkang sumedya angungsed dhateng lebet-lebet sarta kajembaraning ngilmu agami Islam, amin.

Wassalama
Pangarang


[7]
Bismillahi rahmanir rahim 

BUBUKA 

Siyasahipun Para Wali

Ing sadéréngngipun agami Islam anga-Jawi, tiyang Jawi sampun sami gadhah kapitadosan ingkang kawastanan : Animisme, inggih punika kapitadosan ingkang netepaken bilih sadaya kawontenan punika sami anggadhahi ruh (nyawa). Ruh wau wonten ingkang saged manpangati, tuwin wonten  ingkang malarati, mila kapitadosan wau lajeng angawontenaken ngamal, ingkang bongsa Jawi sawenéhipun taksih kathah sanget ingkang sami anindakaken wujudipun inggih punika prakawis sasaji sarta kukutug, menggah pikajeng (sasaji utawi kukutug) utawi ngamal ingkang kados makaten punika gadhah suraos :  nyuwun karêksa saking panganiayaning ruh ingkang awon tuwin nyuwun kajangkung panguwaosing ruh ingkang saged manfangati ingkang dumunung ing sadaya kawontenan wau.

Sarêng titiyang Hundhu anga-Jawi, kapitadosan  Animisme [8] wau lajeng karombak kasantunan agami Brhama. Ing agami Brahma angawontenaken kasta, utawi pangkat-pangkat inggih punika manusa punika kapérang dados sakawan pangkat kados ing ngandhap punika :

  1. Bongsa Brahma, inggih punika para titiyang ingkang sami mesu kapandhitan utawi tukang mulang ngilmu kasampurnan,
  2. Bongsa Satriya, inggih punika para titiyang ingkang ngembat ruwet rêntengnging praja, Ahli olah raga, utawi Ahli perang.
  3. Bongsa Wésiya, inggih punika para titiyang ingkang padamelanipun sami nunukang, tatanén sapiturutipun, tuwin :
  4. Bongsa Sudra, inggih bongsa sudra punika titiyang ingkang sami asor-asor, bangsaning kuli sasaminipun.

Agami Brhama anggénipun  mranata ingkang makaten punika saking piwulangnging kitabbipun ingkang kawastanan : Wéda, déné suraosing Wéda  ingkang amangkat-mangkat pangkating tiyang wau kinten-kinten makaten :

Sadurungngé ana manusa, Preja Pethi (Gusti Allah) jumeneng pribadi, ing kono karsa anitahaé manusa, nuli ana manusa kaya ing saiki. Déné para Brahma iku kang dumadi saka ing lésan satriya saka ing bayu, wésiya saka [9] ing weteng lan pupu, lan sudra iku dumadi saka sukuné Preja Pethi mau.

Menggah wontening pangkat-pangkat ingkang makaten punika dumugi sapriki ugi taksih anabeti dhateng bongsa jawi, inggih punika katitik anggénipun sami seneng sanget aminta-minta utawi milah-milahaken sasamining manusa, kadosta : iki bongsa anu, patuté ana ngisor talang. Iku anu, ana kana ……….. salajengngipun, bab punika saya terang malih manawi purun nitik kawontenan ingkang kalampah ing para prayagung luhur, priyantun sasaminipun.

Ing sasampunipun agami Brahma tuwuh wonten ing tanah Jawi, ing ngriku lajeng kadhatengngan agami malih, inggih saking tanah Hindhu, inggih punika agami : Buda, déné agami Buda ingkang sumebar wonten ing tanah Jawi punika awawaton kitab : Kunjarakarna, tuwin  Sang Hyang Kamahiyanaka. Éwa déné kitab kakalih wau wonten ing tanah Jawi ngriki prasasat boten pisan-pisan anglabeti dhateng manah utawi tindakkipun  titiyang Jawi.

Sarêng kinten-kinten wonten ing abad kang kaping : 14, nunten kadhatengan malih agami saking tanah Ngarab inggih punika agami ingkang kaampil ing Kangjeng Nabi Mukhammad SAW dipun wastaniagami Islam, déné ingkang ambekta agami Islam dhateng tanah Ja[10]wi punika, inggih punika Séh Maolana Malik Ibrahim, sarana agami Islam panjenenganipun wau saged angéwahi kapitadosan sarta pangadatanipun para titiyang ingkang rumaket sanget dhateng kapitadosan Animisme utawi agami Hindhu. Déné sagedipun agami Islam sumebar wonten ing tanah Jawi, punika kabantu utawi kalajengngaken déning para mubaligh Islam ing jaman samanten ingkang limrahipun misuwur sinebut para wali. Ngéngeti kamajengnganipun agami Islam wonten ing tanah Jawi kaliyan saged rancag sanget punika para maos masthi lajeng mangertos kaliyan yakin bilih para wali jaman samanten ingkang sanget santosa ambébéraken ngilmu ka-Islaman punika pancen walining Allah sayektos awit ingkang kantondha saking wohing tandang utawi ngamalipun saged ambalikkaken manahipun para titiyang Jawi ingkang sampun kérêm wonten ing kapitadosan Animisme utawi angrungkebi agami Hindhu wau dhateng ing agami Islam makaten punika sanajan raos ka-animisme-nan utawi ka-Hindon punika taksih rumaket ing balung sungsum.

Manawi kula manah-manah para wali jaman samanten punika kénging kula wastani panuntun ingkang wicaksana sarta wasis sanget dhateng kridhaning ngilmu siyasah, awit rêmiting rékadayanipun anggénipun anglebetaken Islam wonten ing pangadatanipun titi[11]yang Jawi ingkang sami ngrasuk kapitadosan Anismisme, labetipun kénging tinitik saking pangadatanipun tiyang Jawi ingkang taksih maujud ing sapunika.

Kawuningngana, nalika jamanipun para wali punika para titiyang Jawi sami tundhuk sanget dhateng Anismisme tuwin ka-Hindon mila manawi prakawis ka-Anismisme-nan tuwin ka-Hindon punika lajeng kapunggel kasirnakaken bokmanawi badhé boten wonten titiyang Jawi ingkang sami Islam, awit saking punika mila para wali jaman samaten wau anggénipun anglebetaken Islam wonten ing kalanganing ka-Anismisme-nan utawi ka-Hindhon lajeng angagem kawicaksanan sarta kawasisanipun inggih punika piwulang-piwulangnging agami Islam lajeng kalebetaken wonten ing telengnging kapitadosan tatacara tuwin pranatan kadosta :

  1. Prakawis Wilujengngan, para maos sampun masthi boten badhékikilapan malih dhateng wujuding ambengngan ingkang mawi sekul golong utawi tumpeng, jajan peken jenang abrit pethak sasaminipun ingkang sadaya wau kanggé ubarampéning wilijengngan, ujubipun mawi : caos dhahar Kangjeng Rasul, memetri Kaki Among, Nini Among, kéblat sakawan ingkang Semara Bumi sasaminipun, ing mongka sajatosipun sadaya wau babar pisan bote[12]n pinanggih wonten ing agami Islam éwadéné sarêng donganing wilujengngan ing ngriku kula lajeng saged amastani bilih punika donga, pancén donga Islam ingkang mongka pandukking donga wau suraosipun namung maligi nyunyuwun dhateng Pangéran piyambak dados boten andadak nyuwun dhateng ingkang Semara Bumi, Kaki Among, Nini Among, sapiturutipun, lah samanten kawasisanipun para wali, ngantos ing salebeting pranatan utawi tatacara ka-Hindhon tuwin ka-Animisme-nan saged kalebetan : donga cara Islam ingkang saé sanget suraosipun.
  2. Wonten ing sangat-sangat kadosta : tanggal sapisan jam : 6, dumugi : 8, Ahmad tutur, kidul wétan jam : 9, dumugi : 10, Jabarail palangan kidul jam : 11, dumugi : 12, Ibrahim pacak kidul kulon jam : 3, dumugi jam : 4, Ngijrail rêja, lor bener.

Prakawis sangat-sangat kados kawontenan ing nginggil punika, ing agami Islam babar pisan ugi boten wonten dados ing dalem Kur’an utawi Hadis sami boten  wonten ingkang nya[13]riyosaken, malah punika kapara dados papacuhing Kur’an awit kados makaten punika kalebet bangsaning Azlam[1] déné ayat Kur’an ingkang nyegah dhateng prakawis Azlam punika makaten : (surat 5 ayat 92) “Satemené (minum) sajeng lan ngabotohan (main) lan Azlam lan brahala, iku kabéh kotoran saka panggawéné sétan mula sira kabéh padha angedohana, supaya padha nemu kabegjan kang langgeng.”

Kapitadosan kados ing nginggil wau, punika saupami para wali jaman semanten punika sumedya sarosa angicali, sampun masthi titiyang Jawi lajeng buyar. Boten wonten ingkang ngrasuk agami Islam mila saking kawicaksananipun kapitadosan ingkang  gumantung wonten ing sangat-sangat wau lajeng kaseselan Islam, wujudipun wonten ing sangat-sangat wau para wali saged amulangngaken asmaning para malaékat sarta para Nabi.

Ca : Wonten ing khakékating sembahyang gangsal wekdal.

  1. Salat Jumungah. Anggénipun anerangngaken makaten : nga[14]dhep idhep sangking pangénanira, kadya kresna amuja semédi, anutupi babahan nawa sanga, angilangngaken poncadriya, karoné dadi sawiji, sanéng sajroning jaja, iku ranipun : kang aran salat Jumungah.
  2. Salat Kaji. anggénipun nerangngaken makaten, adhepé marang Hyang Sukma, datan méngéng, pan namung Hyang Widi.
  3. Salat Kusta. Anggénipun negesi : beningnging angen-angené, tan kawoworan iku amung ati, anama suci.
  4. Salat Ismu Ngalam, anggénipun nerangngaken : tegesé sampun wus anjurungngi ing iman tan mangéran ing liyané, anané atinira, wongkang waspada, sasolahé dadi pangabekti, saobahé wuluné salembar, pan dadi sembahyang kabéh, sapolah tingkahé, tingkahipun pan sadaya dadi pangabekti.
  5. Salat Daim, anggénipun anerangngaken : iku liyepé roh, ing Dzatullah, pan osikké puji, ing Hyang Widi, nanging datan kawedal, yén alungguh, salat wujud neng, yén lumaku salat mutlak yén saré, salat kasrep pan iku, ngrepepek maring Hyang Widi.

Ikulah gér, poma aja ketungkul amanggung salat sembahyang, sayektiné kadya uler mongsa daging garing, datan katingal.

Ing ngriki sadéréngngipun kula anglepatake anggénipun nege[15]si langkung rumiyin kula anujoni dhateng saéning tatembungngan sarta suraosipun anggénipun negesi wau. Bab saéning suraosipun teges punika pancén saé, sarta ingkang kathah-kathah pancén kapethik saking Kitab Tasawuf ingkang inggil-inggil pancen inggih makaten punika kakhétatipun sadaya salat wonten ing ngriki ing wingking badhé kula terangngaken piyambak ingkang sakalangkung terang.

Ra : Wonten ing khakékatipun rukuning Islam.

  1. Shahadat asal saking imanmardut, asal saking Nabi Mukhammad khakékaté sungsum kita nyatané.
  2. Sembahyang, asal saking iman dun asal usul saking Nabi Musa, roh rasa pangrungu kita, khakékaté kulitira nyatané.
  3. Zakat asal saking iman makbul usul saking Nabi Ngisa, roh rasa pangucap kita, khakékaté daging kita nyatané.
  4. Puwasa, asal saking iman maksum usul saking Nabi Nuh, roh rasa pangambu kita, khakékaté daging kita nyatané.
  5. Khaji, asal saking iman hidayat usul saking Nabi Ibrahim roh rasa paningal khakékaté balung [16] kita nyatané.

Kawuningngana, ingkang dipun wastani barang lerês punika barang ingkang samesthinipun (netepi waton), saréhning rukuning Islam punik kados piwulangngipun agami Islam mila anggén kula mastani lerês lepating ngilmi ing nginggil punika inggih mawi wawatoning agami Islam inggih punika sarana Kur’an utawi Khadis dados khakékatipun rukuning agami Islam punika inggih kedah mawi waton dalil kalih prakawis wau, (Kur’an lan Khadis).

Wonten ing agami Islam babar pisan boten mulangngaken khakékating rukunipun Islam kados ing nginggil wau, nanging ing Kur’an lan Khadis netepaken bilih  rukuning Islam gangsal prakawis wau dados pangabektinipun tiyang Islam lahir batos ingkang wajib dhateng Pangéran, katranganipun ingkang cekak makaten :

  1. Shahadat punika aneksékaken dhateng Pangéran lan utusanipun bilih awakkipun sampun pitados dhateng Pangéran lan utusanipun kanthi sumanggem angéstokaken rukuning Islam gangsal prakawis sarta malih sadaya dhawuh-dhawuhing Kur’an lan Khadis.
  2. Salat punika pandamel saha pangucap ingkang dipun kawiti takbir sarta dipun pungkasi salam kanthi sarat rukun ingkang sampun katemtokaken.
  3. [17]Zakat punika nyukakaken saprangan saking barang darbékkipun dhateng ingkang wajib nampéni manawi sampun dumugi ing nisab utawi watesipun.
  4. Puwasa, punika nyegah samukawis ingkang ambatalaken siyam wiwit pajar sidik dumugi seraping surya.
  5. Khaji, punika ngibadah dhateng tanah suci Mekah, wonten ing tanggal kaping : 10, 11, tuwin : 12, wulan Dulhijah, mawi sarat rukun ingkang sampun katamtokaken.

Katranganipun rukuning Islam cekakkan ing nginggil punika sampun nyakup katrangnganing dhawuh Kur’an lan Khadis déné katrangnganipun ingkang lebet badhé kapratélakaken ing wingking wondéné wontenipun kantranganing khakékatipun rukunipun Islam dipun terangngaken tumanduk dhateng badanipun piyambak punika sampun samasthinipun amargi dhasaripun sakawit titiyang Jawi punika sami gadhah kapitadosan bilih Pangéran  punika Ingsun (badanipun piyambak) dados inggih lajeng ngalér ngidul kaliyan katranganing agami Islam, ananging sanajan makaten inggih sampun saged kalebetan piwulang Islam déning  kawasisanipun para wali, inggih punika kapara wali saged anhlebetaken asmanipun para Nabi utusan sarta rukuning Islam wonten ing piwulangnging kasampurnanipun. @@@

[18]Ka : Tuwin sanésipun malih taksih kathah sanget saéngga wonten ing sadaya ngilmi kasampurnan sarta gegebengnganipun saged dipun lebeti piwulang Islam sadaya, bab punika saged katitik wontenipun ngilmi-ngilmi kasampurnan Jawi kina, punika sanajan raosipun raos kasampurnan ka-Hindhon nanging wonten ing tatembungngan ingkang wigatos méh sadaya mawi tatembungngan ngarab ingkang kalimrah wonten ing tatembungan  Islam.@@@

Kawuningana, ing jaman kina kaliyan jaman sapunika, punika béda sanget, ing jaman kina para wali anggénipun angislamaken titiyang Jawi, punika anggalih : parlu sanget ngagem siyasah kados ing ngajeng wau, inggih punika sarananeseli kapitdosan sarta piwulang Islam wonten ing kapitadosan sarta tatacara ka-animisme-nan utawi ka-Hindhon punapa déné wonten ing ngilmi kasampurnanipun, siyasahipun para wali ingkang makaten wau pancén rêmit sanget nanging déréng dumugi ing seja, sampun katilar séda. Éwa déné siysah wau sampun saged andayani : ngantos titiyang satanah Jawi sami angaken dados tiyang Islam sanajan kapitadosan ka-animisme-nan sarta ka-Hindhon wau taksih luméngkét sanget ing balung sungsumipun, déné para panuntun Islam sapeng[19]keripun para wali, sami boten mangertos dhateng siyasahing para wali ingkang makaten wau, mila boten anéh manawi kapitadosan ka-animisme-nan sarta ka-Hindhon punika taksih kandel sanget dhateng ngumuming titiyang Jawi. Malah dumuginipun ing jaman samangké dados akosok wangsul kosok wangsulipun inggih punika ngilmi-ngilmi Islam ingkang lerêsipun kanggé angrembak raos ka-anismisme-nan utawi ka-Hindhon malah lajeng kaolah katerangngaken saha kacocogaken kaliyan ngilmi ka-animisme-nan lan ka-Hindhon kados ingkang badhé kula pratélakaken ing wingking.

Ing saréhning samangké sampun sumerêp bilih siyasahipun para wali anggénipun angrembak raos ka-animisme-nan sarta ka-Hindhon punika nama déréng kasil nanging malah siyasah wau dados pirantos kanggé anerangaken utawi nocogaken kaliyan ngilminipun mila samangké kita titiyang Islam ingkang sampun sami sumerêp papadhangnging Islam wajib sanget sami nilar utawi anyirnakaken sadaya kapitadosan pangadatan sarta tatacara ka-animisme-nan utawi ka-Hindhon ingkang angregeddi sarakking agami Islam punika, awit ing mangké punika sampun jaman terang-terangngan sadaya-sadaya kedah wonten watonipun ingkang apsah, dados manawi pangadatan utawi tatacara, langkung-langkung prakawis kapita[20]dosan ing mongka boten cocok kaliyan warahing Kur’an lan Khadis punika inggih kedah kita tilar utawi kita sirnakaken sanajan punika taksih sami dipun lampahi ing luluhur kita, awit ing dalem Kur’an wonten dhawuh makaten : “Wong-wong padha calathu mangkéné : kula sami narimah anglampahi punapa ingkang sampun dipun lampahi ing luluhur kula. Iku sira wangsulana mangkéné : apa sanajan luluhurira padha ora duwé ngakal lan ora padha oléh pituduh”.

Ing saréhning ing samangké ugi sampun sumerêp bilih ngilmi kasampurnanipun tiyang Jawi punika sanget abakah kaliyan ngilmi ka-Islaman ingkang sajati, langkung-langkung prakawis ngilmi makripatipun ingkang punika katandukkaken  dhateng badanipun piyambak mila ing ngriki kula lajeng parlu amiterangngaken ngilmi makripat kados déné satataning makripat ing agami islam kados ing ngandhap punika .

NGILMI MAKRIPAT

Sadéréngipun kula terangngaken dunungnging ngilmi makripat kados piwulangngipun agami islam langkung rumiyin ing ngriki kula parlu amiterangngaken kados pundi makripat ingkang kawulangngaken wo[21]ten ing paguron-paguron Jawi. Makripat punika wonten marginipun inggih punika wiwit saking saréngat lajeng tarékat dumugi khakékat manawi sampun dumugi ing khakékat lajeng saged makripat, wondéné warnining para guru paguron Jawi anggénipun amiterangngaken punika kados ing ngandhap punika :

Ha :   Sharéngat iku lakuku sadina-dina, tarékat iku pangucapku sadina-dina. Khakékat iku nengku sadina-dina, makripat iku élingku sadina-dina.

Katerangan ing nginggil punika boten cocok sanget kaliyan kateranganing agami Islam sanépanipun kadi déné bumi lan langit dados tebih sanget sung satipun awit punika inggih kalebet sawenéh saking kapitadosanipun tiyang ingkang ngakeni bilih Pangéran punika badanipun piyambak, dados ngilmi saréngat tarékat saha khakékat tuwin makripat wau katandukaken dhateng badanipun piyambak inggih punika dhateng lampah pangucap sarta éngeting badanipun piyambak. @@@

Na :   Saréngat iku tegesé : yén saré wawadiné, tarékat iku tegese : nari garwané, khakékat iku tegesé : nyatané kumpul, makripat iku tegesé : meruhi rasané.

[22]Cobi, kagaliha, punapa boten anganyelaken sanget katrangngan ingkang makaten wau. Mémperipun tiyang ingkang nerangngaken kados makaten punika tiyang ingkang Ahli sahwat.

Ca :    wonten malih ingkang anerangaken sajakka damel dakik-dakik inggih punika mawi amaleri, tiyang boten saged saged dumugi ing makripat manawi déréng mangertos dhateng rapal makna, murat maksud, katranganipun makaten :

Saréngat iku rapal Arab, maknané : lakuning badan muraddé trima temen maksuddé trima apa wetuné. Temené ora goroh.

Tarékat iku rapal Arab, maknané lakuning ati, muraddé : lila legawa. Maksuddé : lila barang ngamalé. Legawa ing pati.

Khakékat iku rapal Arab, manané : lakuning rahsa, muraddé : kendel ngandel kandel kumandel, maksuddé : kendel ora sumelangngan ngandel ora mamang. Kandel ora was-was, kumemdel suméndhé.

Makripat iku rapal Arab, maknané lakuning nyawa, muraddé : neng ning awas éling. Maksuddé, neng : nengnging poncadriya. Ning : ningnging cipta. Awas : [23]awas ala lan becik, éling : éling bener lan luput.

Katerangan ing nginggil punika suraosipun saé, tatembunganipun dakik-dakik nanging manawi saréngat tarékat khakékat saha makripat dipun tegesi makaten punika nama : dudu berasé ditempuraken. Tegesipun dédé gathukkipun dipun gothak-gathukkaken, saéning suraos wau ing agami Islam ugi wonten nanging kadhawuhaken piyambak dados boten kanggé negesi dhateng saréngat tarékat khakékat saha makripat menggahing agami Islam punika wijangngipun makaten :

SARÉNGAT TARÉKAT KHAKÉKAT SAHA MAKRIPAT

Menggah ingkang kawastanan saréngat punika tegesipun anglampahi agaminipun Gusti Allah, wujudipun : inggih punika angéstokkaken sadaya dhawuhipun Gusti Allah tuwin nebihi cacegahipun, ingkang kawastanan tarékat punika tegesipun anglamapahi sadaya prakawis kaliyan pangatos-atos kadosta : wirangi (kikrik) tilar samukawis ingkang nyamar khalal lan kharamipun makaten malih rêmen amesu kasutapan saha anjungkung ing ngibadah. Wondéné ing[24]kang kawastanan khakékat punika wusul utawi dumugining maksud (paneja) tegesipun ing dalem manah apadhang tarawangngan kinarbuka saged waspada anyumerêpi ing tajalining (melok) Pangéran inggih punika makripatullah. Dados manawi titiyang sampun dumugi ing khakékat ing ngriku masthi lajeng saged makripat kaliyan sawantahipun mila sasampunipun makaten masthi lajeng karaos ing dalem manah bilih satindak tanduk solah bawa, tuwin muna-muninipun punika masthi kapurba atas wisésaning Gusti Allah, satemah rumaos ing dalem batos bilih sajatosipun kawula punika boten saged mingsed sacengkang kajawi atas saking pitulungngipun Gusti Allah. lah makaten katerangan cekakkaning ngilmi saréngat tarékat saha khakékat dumuginipun makripat dados pikajengngipun ngilmi sakawan prakawis ing nginggil wau, punika manawi manusa anggayuh dhateng kasampurnan (makripat) punika sarananipun masthi kedhah medal margi saréngat tarékat, tuwin khakékat awit sajatosipun saréngat punika tétéla ingkang anuntun ing kita ing kasaénan lahir, tarékat ingkang sanyata nununtun ing kita dhateng  pangatos-atos sadaya  ngamal déné khakékat ingkang marsudi kasaénan sarta antengnging kabatosan kita, wondéné wijangngipun ngilmi sakawan prakawis ing nginggil wau, punika miturut pangandikanipun Séh Za[25]enuddin ing Kitab Minajul Adkhiyak karangnganipun makaten :

Saréngat kasanépakaken kadi déné baita, tarékat kadi déné samudra, déné khakékat  ingkang minongka sosotya wonten ing telengnging samodra. Dados sinten tiyangngipun ingkang  sumedya mamrih sosotya ingkang wonten  ing telengnging samudra, masthi inggih kedah akanthi baita, lan nuju telengnging samudra ddoning sosotya. Sanépanipun malih makaten :

Saréngat kadi déné sepet tarékat : bathok déné khakékat : kalapanipun, dados tiyang ingkang nedya mamrih kalapa, masthi kedah purun ngrekaos angoncékki ponang sepet tuwin bathokkipun, lah ing ngrikumanawi sampun makaten masthi lajeng saweg kalapanipun : katrangngan ingkang ugi cetha malih makaten :

Saréngat punika katembungaken cara Jawinipun : tindak, wujuddipun inggih punika : tindak tanduk solah bawa muna muni ingkang miturut khukum-khukumipun agami Islam, wondéné khukum-khukumipun agami Islam punika wonten pitu, inggih punika : wajib kharam sunat mekruh, wenang, sah tuwin batal, dados ingkang kawastanan saréngat punika : tindak tanduk solah bawa muna muni ingkang mawi wajib [26] mawi kharam mawi sunat mawi mekruh, mawi wenang, mawi sah, tuwin mawi batal, wijangngipun :

Saréngat sanes tatacara, sanés  kalimrahan sanés pangadatan tuwin sanés : Asbabing ngalam, wijangngipun piyambak-piyambak makaten :

Tatacara, punika tindak tanduk solah bawa muna muni ingkang dipun tata déning praja, wujudipun kadosta : basa, pakurmatan lampah dhodhok nyembah sapiturutipun, dados tatacara terang sanés saréngat.

Kalimprahan punika samukawis ingkang katindakkaken tiyang kathah, wujuddipun kadosta : wilujengngan tahlilan nayuban main kertos wonten ing pajagongngan sumbang –sinumbang, sanjan-sinanjan sapiturutipun, dados kalimrahan inggih terang  manawi sanés saréngat.([2])

[27]Pangadatan punika sadaya prakawis ingkang kerêp dipun  alami ing manusa, wujudipun  kadosta : watuk wahing, angob tuwin sapanunggalanipun , dados pangadatan ugi terang sanés saréngat.

Asbabing Ngalam punika wujudipun kadosta : uwos dipun liwer dados sekul barang teles pé dados garing. Nyambut dhamel mempeng kanthi gemi setiti ngati-ati lajeng dados sugih. Tuwin sasaminipun, dados Asbabing Ngalam ugi terang sanés sangat malih.

Dados ing mangké mirid andharan ing nginggil punika, manawi wonten tiyang ingkang ngucap : saréngaté wong mlaku ana ing ngarêpé wong tuwa iku kudu laku dhodhok menyang ratu kudu nyembah, menyang wong tuwa kudu basa, punika klintu, awit punika sanés saréngat nanging tatacara. Makaten ugi tiyang ingkang ngucap wong teka ora nglakoni saréngat tanggané padha slametan utawa tahlilan dhéwékké teka ora nindakkaké. Wonten malih wong anjagong teka [28] ora nglakoni saréngaté wong akéh, kancané padha botohan teka meneng baé. Yén kancané padha tayuban pra méli. Makaten punika inggih klintu, awit kalimrahan makaten pancén sanés saréngat, makaten salajengngipun.

Tarékat punika cara jawinipun : dadalan inggih punika margi ingkang muruggaken wusul ing Pangéran, wujudipun ngilmu kempaling donya lan Akérat upaminipun kadosta : tiyang ngupados sugih sarana mempeng nyambut damel kaliyan gemi satiti ngati-atoi. Sasampunipun sugih lajeng purun angedalaken bandhanipun miturut margining Gusthi Allah. kqanggé zakat kanggé sadakah, kanggé ambantu dhateng adegging agaminipun Gusthi Allah tuwin sasaminipun, lah makaten wau wujudipun sugih ana ingkang saking ngilmu kempaling donya Akérat saged manpangati awakkipun wonten ing donya, sarta badhé saged manpangati wonten ing akérat, kosok wangsulipun tiyang ingkang ngupados kasugihan medal margi sanés donya Akérat upaminipun gangsaripun anggénipun nyambut damel dipun saranani nyunyuwun dhateng kayuwatu, pasaréyan ngapusi, mitnah, nindhes sapiturutipun, manawi panuju angsal angsal lajeng kumet éman angedalaken bandhanipun dhateng kaperluwan ngumum, inggih kawedalaken tur kathah-kathahan nanging mung [29] kanggé anguja kasenengnganing hawa napsunipun, lah makaten punika dédé tarékat ingkang wusul dhateng Gusthi Allah, nanging dhateng shaetoniyah.

Dados ing mangké ringkesipun saréngat kaliyan tarékat punika kados déné tindak (ngamal) lan kaweruh (ngilmu). Manawi makaten punapa saréngat lan tarékat punika kénging kapisah. Masthi boten awit pipindhanipun saréngat ingkang tanpa tarékat punika kados déné angganing tiyang ingkang wuta maripatipun sanajan sukunipun kénging kanggé lumampah, nanging boten sumerêp ing margi, lah makaten punika punapa boten slura-sluru. Cocoggipun kaliyan upami ing nginggil tiyang saréngat tanpa khakékat punika kadi déné baita ingkang mamrih mutiyara wonten ing telengnging samudra, nanging angemohi ngambah samudra, sayekti inggih tangéh kasiling mutiyara wau. Utawi kadi déné  tiyang ingkang badhé sumerêp raosing klapa, namung purun angoncékki sepetipun nanging boten purun mecah bathokkipun sayekti inggih boten saéstu saged angraosaken gurihing kalapa. Kosok wangsulipun tiyang ingkang tarékat tanpa saréngat  punika inggih boten saged tumindak awit pipindhanipun kadi déné tiyang ingkang boten wuta, nanging ponang suku lumampah boten  saged lumaksana. Yén ta kasanépakna tiyang ingkang badhé mendhet mutiya[30]ra ingkang wonten telengnging samudra, tiyang wau boten purun numpak baita. Kados pundu paran marginipun saged amanggih. Yén ta kasanépakaken  tiyang ingkang  badhé ngraosaken gurihinh kalapa, tiyang wau kajengngipun lajeng amecah kathokkipun ing mongka bathok wau binuntel ing sepet, manawi sepetipun boten sinalumbat rumiyin lah punapa saged lajeng mecah bathokkipun saréngat tanpa tarékat punika boten badhé  kalampahan kosok wangsulipun : tarékat tanpa saréngat punika inggih boten badhé saged kadumugé awit saréngat kaliyan tarékat makaten kadi déné mripat kaliyan papadhang, utawi kadi déné damar lan lisahipun lan kadi déné ngamal lan ngilmu. Ngamal tanpa ngilmu boten dados ngilmu tanpa ngamal inggih boten dados.

Khakékat punika cara jawinipun : kanyatahan inggih punika kanyatahaning anggénipun nindakaken saréngat kanthi tarékat wau, (ngamal ingkang  kanthi ngilmu).

Makripat punika cara jawinipun : ngawruhi, inggih punika angawruhi wiwitan dumugi pungkasan inggih ngawruhi ngamal ingkang kanthi ngilmu, ingkang katindakaken kalayan rampung. Lah kados ing nginggil wau wijangngioun saréngat tarékat saha khakékat dumuginipun makripat ingkang sayektos ye[31]ktosipun menggahing agami Islam.@@@

Kawuningngana : saréngat tarékat khakékat saha makripat punika limprahipun wonten ing ngimu kasampurnan (ngilmu klenik) kamligékaken namung tumuju dhateng ngilmu ka-Allah-an, nanging pamanggih ingkang makaten punika sajatosipun kalintu, lerêsipun ugi saged anumrapi dhateng sadaya ngibadah. Upaminipun tiyang badhé salat khésah kaji, tuwin sasaminipun punika sami kajat dhateng saréngat tarékat khakékat tuwin makripat awit sadaya ngibadah ingkang boten  sarana ngilmu sakawan prakawis wau boten saged sampurna, terangipun makaten :

Upaminipun tiyang badhé nglampahi salat ingkang rumiyin inggih kedah nglampahi saréngatipun salat inggih punika patrap pratikelipun (awit ngangkat tangan kalih :  takbiratul ihrom éngga rukuk sujud sapiturutipun ngantos dumugi salam) bab punika tiyang boten saged anglampahi (saréngating salat) sadéréngipun anglampahi tarékating salat inggih punika margi utawi ngilmunipun salat, manawi tiyang anglampahi salat ing mongka déréng sumerêp dhateng ngimuning (tarékat)  salat lah punapa saged tumindak, kosok wangsulipun tiyang ingkang gadhah ngilmuning salat nanging bo[32]ten nindakkaken salat inggih boten kadunungan salat punapa malih makripatipun, wondéning khakékatipun salat punika kanyataning anggénipun  sampun anglampahi salat kanthi ngilmunipun, lan makripatipun salat punika anggVning sampun nyumerêpi kawitan lan pungkasaning salat kaliyan ngilmu ingkang sampun  katindakkaken, déné wujudipun tiyang salat ingkang boten makripat punika tiyang ingkang nindakkaken salat nanging boten sumerêp (kasupén) dhateng kathah sakedhikking rakangat ingkang sampun dipun lampahi, lah manawi kados makaten  kados pundi angénipun saged makripat, utawi ingkang nama salat boten makripat punika wujuding salat ingkang déréng sumerê dhateng panejaning salat, makaten ugi tiyang ingkang badhé ngibadah khaji, siyam sasaminipun punika sadaya inggih sami déné kajat anglampahi saréngat tarékat khakékat tuwin makripatipun.@@@

Khatah tiyang ingkang sami ngaken sampun dumugi ing makripat nanging lajeng tilar dhateng salat zakat siyam sasaminipun, wondéné anggénipun tilar dhateng salat zakat siyam sasaminipun wau, punika amargi piyambakkipun gadhah panganggep bilih tiyang ingkang sampun dumugi ing makripat punika lajeng boten kuwajiban malih anglampahi prakawis ingnginggil wau (sarénga[33]t) mila tiyang wau asring kawedal pangucapipun ingkang semu nyapélékaken dhateng para titiyang ingkang ahli ngibadah makaten :

Wong-wong kang padha nglakoni salat sembahyang iku harak isih bongsa sarngi (saréngat) dadi isih darajat endhék béda karo wongkang wus makripat salat sebajyang iku wus ora ana perluné, awit wong makripat mono upamané kaya déné wong kang arêp lumebu ing kraton ing nalika wus tumeka ing kraton iku apa iya isih perlu nganggo nglakoni saréngat, iya bener, yén wong kang arêp makripat iku dhisikké kudu metu saréngat nanging yén wus tumeka, apa isih perlu netepi saréngat.

Kawuningana, ucapipun tiyang ing nginggil wau, punika inggih wonten lerêsipun, pancén sampun samesthinipun tiyang ingkang sampun dumugi ing makripat punika lajeng boten parlu nglampahi saréngat tarékat tuwin khakékat malih, namung manawi ngakeni sampun dumugi ing makripat ing mongka kalajeng boten purun nglampahi salat zakat siyam sasaminipun punika wonten rêmbaggipun piyambak.

Tiyang sampun dumugi ing makripat boten perlu nganggé saréngat nanging tiyang dumugi ingmakripat wajib anglampahi sa[34]lat utawi ngibadah sanésipun.

Prakawis ing nginggil punika, saréhning prakawis gawat supados panampinipun para maos saged dhamang boten tuna dungkap kedah amigatosaken lan angemataken ingkang sayektos dhateng katerangngan sarta gelaraning kawruh makrifatullah menggah ing agami Islam kadi ingkang kawahya ing ngandhap punika.@@@

MAKRIFATULLAH

Ing ngajeng sampun katerangaken ing bab warni-warnining pamanggih tumrap anerangngaken dhateng prakawis makripat ingkang ing ngriku ugi sampun wonten katrangngan bilih tembung makripat punika sajatosipun boten namung kusus dhateng makrifatullah, nanging ugi saged mempan dhateng sadaya pangibadah. Déné ing ngriki ugi badhé kula kususaken dhateng makrifatullah.

Makrifat punika tembung Ngarab cara Jawinipun : werih, inggih punika : a. Pamanggih ing manah ingkang sampun kekah; b. nocoggi kaliyan kawontenanipun tuwin; c. Mawi tondha yekti ingkang apsah.

Manawi tigang prakawis wau déréng kacakup punika déréng nama makripat.

  1. Wujudipun pamanggih ingkang boten kekah, punika pamanggih ingkang taksih mamang, utawi namung kinten-kinten upaminipun inggih punika pamanggihipun titiyang ingkang sampun sami kebunten ka[35]wruh kilénan (materialisme) punika sami mamang dhateng ing wujudipun Gusthi Allah, katog-katoggipun amastani bilih Gusthi Allah punika : saged ugi wonten malah ingkangkathah sami boten pitados wondéné kapitadosan ingkang namung kinten-kinten punika kados déné kapitadosanipun para titiyang Ahli ngilmu kasampurnan (garingngan klenik) warni-warni sanget angénipun nginten-nginten dhateng Dzatipun Gusthi Allah. pangintenipun Gusthi Allah punika angen-angen napas ingsun swasana, awang-uwung, cahya tuwin sanés-sanésipun, pamanggih ingkang taksihmamang utawi mungkin ten-kinten kados ing nginggil wau punika déréng kénging kanggé waton wonten ing ngilmu makrifattullah, nanging pamanggih ingkang sampun kekah punika pamanggih ingkang sampun yakin boten badhé éwah gingsir salami-laminipun paribasanipun saking kekahing pamanggih wau, ngantos kadugi sumpahipun, nanging manawi namung kekah thok punika inggih déréng sampurna, mila jangkepipun kedah;
  2. Nocoggi kaliyan kawontenanipun mila kedah nocoggi kawontenanipun awit ugi wonten pamanggih ingkang kekah nanging boten cocog kaliyan kawontenanipun wujudipun inggih punika panganggepipun titiyang dhateng kajeng séla, jimat lan wesi aji, pasaréyan lan sasaminipun punika inggih kekah, nanging kekahipun wau punapa co[36]cog kaliyan kawontenanipun, bab punika para maos saged anggalih piyambak.

Wonten ugi pamanggih ingkang sampun kekah, tur inggih sampun cocog kaliyan kawontenanipun nanging boten saged ambuktékaken punika inggih  déréng nama makrifat nanging dipun wastani : taklid wujudipun kados kapitadosaning laré dhateng wujudipun Gusthi Allah, punika pamanggihipun inggih sampunkekah, cocog kaliyan kawontenanipun nanging saupami kapurih ambuktékaken masthi boten saged awit anggénipun gadhah kapitadosan wau namung saking anut grubyug dhateng ucap-ucapipun tiyang kathah, mila jangkep lan sampunipun makrifattullah, inggih kedah :

  1. Manawi tandha yekti ingkang apsah.

Dados ingkang nama makrifat punika, kapitadosan ingkang sampun nyakup dhateng andaran tigang prakawis ing nginggil wau, inggih punika sampun kekah, nocoggi kaliyan kawontenanipun sarta saged ambuktékaken mawi tondah yekti ingkang apsah.

Kapitadosanipun para titiyang ingkang sami pangajaran (materialisten) tuwin para guru ngilmu kasampurnan punika inggih wonten ingkang saged nyakup dhateng waton tigang prakawis ing nginggil wau, nanging punpa punika inggih saged nama makrifattullah ing[37]kang sajatos punika déréng tartamtu. Awit makripatipun tiyang sangalam donya punika wonten warni kalih, inggih punika makrifat : Dzatiyah, kaliyan makrifat : ngurdziyah. Katrangnganipun kados ing  ngandhap punika :

MAKRIFAT
(Dzatiyah –Ngurdziyah)

Ing ngajeng prakawis makrifat punika sampun kula terangngaken menggahipun ing ngilmu kasampurnan sanajan tembung makrifat punika ugi kénging kanggé mastani makrifat dhateng samukawis kadosta : makrifat dhateng sato kéwan makrifat dhateng tutuwuhan dhateng rêdi sapiturutipun nanging menggah ing ngilmu kasampurnan makrifat punika pancén muhung kakusesaken dhateng Pangéran dados pikajengngipun pancén dhateng makrifatullah. Kawuningngana makrifat menggahing kasampurnan punika ingkang sapérangngan  ageng amastani bilig Gusthi Allah punika asasana utwi dumunung ing jasating manusa. Iktikad ingkang makaten punika béda malih kaliyan  iktikadipun golongngan téyosipi, manawi golongngan  téyosupi punika iktikadipun anganggep bilih badanipun piyambak punika Allah, nanging kathah tunggilipun dados Gusthi Allah makaten boten namung badanipun piyambak nanging sadaya kawontenan punika ugi Allah. terangngipun malih makaten : sadurungngé ana duma[38]di, sing ana mung Allah piyambak Allah banjur gumelar dadi kabéh titah iki. Inggih wontenipun ungel-ungelan  ingkang makaten punika ingkang lajeng  nuwuhaken wontenipun panganggep : bilih titah sadaya punika wujudipun Allah ingkang gumelar. Saréhning kapitadosanipun makaten mila golongngan wau lajeng gadhah tatembungngan :

Allah iku kang gawé, iya kang digawé.

Allah iku kang karsa, iya kang dikarsakaké.

Allah iku kang nitahaké, iya kang di titahaké.

Allah iku kang nglimputi, iya kang di limputi.

Makaten salajengngipun, dados ngéngeti suraosing tatembungngan ing nginggil punika kapitadosanipun golongngan téyosupi punika radi wonten émperipun kaliyan kapitadosanipun kaum dahri (materialisten), awit kaum dahri  punika sanajan boten  pitados dhateng wujudipun Gusthi Allah nanging piyambakkipun gadhah kapitadosan dhateng wontenipun (materie) Dzat ingkang lembut piyambak, inggih materie lan dayanipun  punika ingkang anjalari dhateng  wontenipun gumelaring sadaya dumados, wonten malih golongngan ingkang babar pisan amungkiri dhateng wujuding Dzat utawi sariranipun Gusthi Allah, dados golongnganipun warni-warni sanget kapitadhosanipun manungsa dhateng Pa[39]ngéran ingkang Maha Kuwaos punika. Yén ta kula gelara ing ngriki sadaya, saéstu badhé nelasaken mongsa ingkang sakedhik sanget manfangatipun mila ing ngriki lajeng parlu kula cekap warni-warniming makrifatipun manungsa dhateng Allah Pangéranipun punika wonten warni kalih : inggih punika : makrifat Dzatiyah kaliyan makrifat Ngurdziyah. Wondé katerangnganipun makrifat warni kalih ing nginggil punika makaten.

Kawuningana : ingkang kawastanan makrifat Dzatiyah punika makrifatipun manusa ingkang kumedah-kedah anggambuh kapéngin nyumerêpi dhateng tajalining (melok) Dzatipun Pangéran kanthi pirantosing jasadipun wujudipun : pirantosing wadhag utawi wadhaging alus (sampun katerangngaken ing kitab : ka-Allah-an), dados upami kapingngin nyumerêpi dhateng wujuding barang makaten ngangkah sanget sagedipun sumerêp dhateng makna ageng, wangun lan warnining barang, inggih makrifat ingkang makaten punika ingkang nama makrifat Dzatiyah.

Ing ngilmi kasampurnan wonten ingkang  anerangngaken bilih Gusthi Allah punika badanipun piyambak mila tiyang ingkang kapitadosanipun angajengngi dhateng warahing kawruh wau lajeng kapéngin sanget angudi murih sagedipun sumerêp dhateng badhanipun piyambak, sarananipun mawi semédi, sorogan tuwin malih patrap sanés-sanésipun, manwi sampun saged sumerê[40]p cariyosipun inggih punika ingkang ing bénjing badhé nuntun kasampurnaning pejahipun mila ngilmu wau inggih lajeng wonten warahipun ingkang anedhahaken patrap ngracutanipun saged dipun kapanggih kaliyan badanipun piyambak wau, sarta manawi sampun kapanggih, lajeng kaetut buri ya. Inggih makrifat kados makaten punika ingkang ugi taksih kalebet bangsaning makrifat Dzatiyah.

Wonten malih sawenéhing golongngan ingkang nganggep bilih Pangéran punia cahya ingkang padhang tanpa wayangngan mila tiyang ingkang makaten wau, manawi makrifat  adreng sanget anggénipun kumedah-kedah  nyumerêpi ing wujudipun ing cahya, déné patrapipun anyumerêpi : wonten ingkang kalebet wedaling napas wonten malih ingkang sarana semédi, wonten malih ingkang sarana mandeng ing satunggaling barang, tuwin malih  sanés-sanésipun, makrifat ingkang makaten punika inggih kalebet bangsaning makrifat Dzatiyah ugi.

Golongngan dahri (materialisten) punika angudi sanget dhateng  sumerêpipun Dzating satunggal-tunggalipum matéri. Saking kumedah-kedahipun sumerêp mawi dipun saranani empaning ngilmu kodrat tuwin sanésipun, makrifat ingkang makaten punika ugi taksih kalebet bangsaning makrifat ingkang makaten punika taksih kalebet bangsaning makrifat Dzatiyah.

[41]Angéngeti ing warni-warnining andharanipun makripatipun tiyang ingkang kalebet bangsaning makrifat Dzatiyah ing nginggil wau, ing mangké pranyata bilih makrifat Dzatiyah punika tétéla tangéh yén ta sagedda dumugi. Mila inggih longka sanget sagedipun angiciping makrifat kaliyan sawantahipun, wit sapinten menggah kikiyataning pirantos kawadhagganipun manusa ingkang kanggé anggayuh dhateng Dzattipun Pangéran ingkang Pangéran wau sinebut ingkang Maha Ghaib, jer saweg kanggé anggayuh barang ingkang wadhag-wadhag kémawon sampun aring jémbit, mila manawi manusa punika anggénipun makrifat dhateng ing Pangéran asarana makrifat Dzatiyah, sampun masthi pikantukkipun namung badhé angsal Pangéran ingkang kados déné barang limrah kémawon satemah sasar utawi kalintu makrifatipun, awit saking punika mila ing agami Islam makrifat ingkang kaanggep lerês punika sanés makrifat  Dzatiyah wau, nanging inggih punika makrifat Ngurdziyah. Wondéné katerangnganipun makrifat Ngurdziyah punika makaten :

Wonten tiyang gadhah anak alit saweg dumolan anak wau sakalangkung dinama-dama lan dipun tresnani sanget awit déning anak namung satunggal, panuju dolan ngantos dangu, dipun podas-padosi dangu boten  pinanggih, sarêng pinanggih boten kanyanan sanget déné anakkipun wau jebul kecemplung ing sumur sampun pejah. Dhuh kados punapa polahing biyungngipun la[42]ré wau. Ing ngriku sanajan  sampun sawatawis dinten pisan biyung wau masthi tansah énget kémawon dhateng anakkipun lan nalika sumerêp dolananipun masthi lajeng katongton ing sapari polahipunmanawi panuju dolanan, lah wujuding biyung ingkang nyumerêpi dolananing anakkipun lajeng katongton ing sapari-polahing anakkipun manawi dolanan punika ingkang nama makrifat Ngurdziyah dhateng anakkipun.

Upami malih makaten : tiyang alalayar wonten ing samodra ageng. Wonten tengahing samodra baitanipun wau kabesmi lajeng kérêm, titiyang kathah panunggilanipun piyambak ingkang taksih alémbak-lémbak anut saparaning alun sarana angsal cepengngan kajeng ingkang boten sapintena agengngipun ingkang namung cekap kanggé angambang awakkipun, dhuh nalika punika, punapa kémawon ingkang suwaunipun dipun anggep saged suka wilujeng dhateng awakkipun kadosta : rêca brahalanipun luluhuripun jimatipun sapiturutipun sadaya wau masthi théthél sumingkir tebih boten dipun sambati lan dipun sebuti lan dipun anggep saged suka wilijeng, nanging nalika punika  ing dalem manah masthi lajeng yakin bilih ingkang saged paring wilujeng, mitulungngi lan ngentas awakkipun saking babaya ingkang sinandhang wau, masthi namung Pangéran ingkang maha Kuwaos lan Maha Ghaib kéma[43]won, inggih wujudipun tiyang ingkang lajeng pitados sarta yakin dhateng pitulunganipun Pangéran ingkang Maha Kuwaos wau, ingkang nama makrifat Ngurdzaiyah dhateng Pangéran.

Upaminipun malih : anggagas dhateng kawontenaning sekar. Sekar punika sasampunipun mekar sawatawis mongsa lajeng anggégréggi. Manawi sampun anggégréggi lajeng kados pentil wasana dados woh. Nalika woh taksih mentah, punika warnining kulitipun ijem lan raosing dagingngipun kecut sanget, nanging kados punapa kawontenaning woh wau sasampunipun mateng. Inggih punika kulitipun ingkang suwaunipun ijem lajeng dados jené, lan dagingngipun ingkang suwaunipun kecut sanget lajeng dados legi. Kawontenan ingkang élok makaten punika manawi tiyang purun manah ingkang ngantos lebet masthi lajeng saged manggih Pangéranipun inggih punika Dzat ingkang kuwaos adamel kaélokkan makaten wau. Lah inggih wujudipun tiyang ingkang ngantos dumugi samanten pamanahanipun wau ingkang nama tiyang saged manggih utawi makrifat Ngurdziyah dhateng Pangéranipun.

Upaminipun malih makaten : wimbaning kang surya wanci énjing, amrabani sésining bawana, maratani mamanisé, punang arga kadulu, biru pethah amilangoni, méga ing ngantariksa, pating jlaréh wujud ana kuning biru abang, asrinira narik kacaryaning ngati, lan énget kang kuwasa.

[44]Dhuh kados punapa karaosing manahing wanci énjing, nalika sumerêp asrining wawarnén kados ing nginggil wau. Punika tumrap tiyang ingkang landhep pangraosing manahipun sampun masthi sanalika lajeng saged énget lan makhabbah dhateng Pangéran  ingkang Maha Kuwaos inggih ingkang  kuwaos adamel asrining sasawangngan wau. Inggih wujudipun tiyang ingkang sumerêp asrining sasawangngan ing wanci énjing, lajeng sumerêp dhateng Maha Kuwaosipun Pangéran adamel asrining sasawangngan wau, tiyang ingkang nama makripat Ngurdziyah dhateng Pangéran, mila boten anéh tumrap tiyang ingkang sampun ahli makripat Ngurdziyah dhateng Pangéran lajeng gadhah ungel-ungelan makaten : “man ngarofa napsahu fakod ngarofa robbahu”, ([3]) utawi wonten ingkang anggadhahi ucap-ucapan makaten : “ora ana sapa-sapa kang ana ing sajroning jubah iki, kajaba amung Allah piyambak”, pikajengipun ungel-ungelan  punika sami kaliyan pikajengngipun pangandika ing nginggil tegesipun inggih punika, sinten tiyangngipun ingkang sampun faham sayektos dhateng kawontenan ing salebeting jubah (badan) yekti tiyang punika lajeng saged sumerêp ing Pangéranipun.

[45]MARGINING MAKRIPAT

Katranganing lalantaran ingkang saged narik ing manusa lajeng sasaged makripat Ngurdziyah dhateng Pangran  kados ingkang  kapratélakaken ing nginggil kados sampun anyekapi sanget mila ing mangké ing ngriki lajeng parlu anedahaken margining makrifat kados ing ngandhapp punika :

Kawuningana, ngilmu makrifat dhateng Pangéran ingkang Maha Ghaib punika pancén sampun tumanem ing pribadinipun para manusa, ingkang tumanemipun wau boten  wonten prabédanipun pisan-pisan wonten ing antawising para manusa ingkang taksih asor lan  sampun luhur kawruhipun awit ngilmu makrifat punika pancén ngilmu ingkang bongsa loruri, tegesipun ngilmu ingkang sampun  dados pramasthéyan dumunung wonten manusa. Terangngipun makaten :

Ha : bongsa Cina. Bongsa punika kathah-kathahipun sami nembah dhateng tepikkong. Nanging saupami dipun takéni : sinten ingkang damel bumi langit saisinipun punika. Wangsulanipun masthi sanés tepikkongngipun, lan manawi dipun takéni punapa tepikkongngipun wau saged damel pejah gesang. Wangsulanipun masthi boten, manawi dipun takéni. Lah sinten ingkang saged damel makaten : wangsulanipun masthi Gusthi Allah.

Na : bongsa Jawi, punika kathah ingkang taksih sami nyunyuwun la[46]n ngutuggi kayu watu, mriyem kuburan sasaminipun, ingkang taksih sami makaten wau, punika manawi dipun takéni : punapa ingkang dipun auwun-suwuni lan dipun kutuggi, punika ingkang saged damel bekja cilaka, wangsulanipun masthi dédé. Lan manawi dipun takéni : sinten ingkang sajatosipun saged damel bekja cilaka. Wangsulanipun masthi saged mastani manawi Gusthi Allah.

Ca : bongsa Kristen sami mumudhi lan nyunyuwun panebusaning dosanipun dhateng Gusthi Yésus ananging manawi dipun takéni sinten ingkang damel bumi langit saisinipun punika, sarta sinten ingkang kagungngan  sipat Maha Ngapura : wngsulanipun masthi inggih Gusthi Allah.

Ra : tiyang Brahma lan Buda, punika sami nyembah brahala-brahala. Manwi dipun  takéni : sinten ingkang damel bumi  langit saisinipun wangsulanipun masthi sanés brahala-brahalanipun wau, nanging inggih punika Gusthi Allah. utawi malih sanés-sanésipun wau.

Ngéngeti andharan ing nginggil punika samangké sampun pratéla bilih sadaya tiyang punika pancén sami ngakeni lan pitados manawi ingkang nitahaken bumi langit saisinipun punika Gusthi Allah. awit prakawis makaten punika pancén prakawis  ingkang lholuri, tegesipun anggénipun netepaken wau sarana gampil boten susah mawi  ngempakkaken kanalaran, inggih kawruh ingkang makaten punika (lhoruri) ingkang [47] masthi lerêsipun menggah ing Gusthi Allah lan lerês tumrap kanalaraning manusa mila manawi manusa punika sumeja anggayuh sanginggiling lhorurinipun sampun masthi cepak gampil kalésétdipun, kawuningana : wontenipun titiyang sami sasar lan musrik punika boten sanés inggih jalaran saking tiyang wau sami sanget angajengngi dhateng brahala kajeng séla, jimat akik wesi aji sapiturutipun ingkang sadaya wau sami dipun anggep saged damel sawab munfangat lan khasiyat punapa malih saged dados lalantaran, utawi malih saking anganggep bilih gumelaring ngalam punika Gusthi Allah ingkang gumelar. Lan wonten malih ingkang nganggep bilih ingkang asma Gusthi Allah punika. Angen-angen raos sir, leng, nyut sapiturutipun lah makaten punika ingkang nama malumpat saking lhprurinipun.

Wondéné bukti ingkang anedahaken bilih manusa punika khajat sanget dhateng makrifat tuwin dhédhépé, langkung malih manunggal kaliyan Pangéran punika upaminipun kacetha kados déné angganing babayi ingkang mestas kalairaken saking guwa garbaning biyung. Kawuningngana : babayi punika nalika saweg kalahiraken khajat sanget dhateng ingkang dipun dhédhépéni. Nanging saréhning nalika punika déréng gadhah kikiyatan ingkang cekap mila khajat wau lajeng namung kaéncokkan dhateng pun biyung, ka[48]dos-kados anggénipun angéncokkaken laré wau rumaos boten gadhah panglipur utawi pamarêm kajawi wonten oanggénaning biyung. Nanging kauniingngana, pamarêm ingkang makaten wau punapa saged lastantun boten awit déning laré wau nalika mindhak ageng, lan saya mindhak kikiyatanipun dunungnging panglipur saha pamarêmipun  lajeng pindah boten wonten ing biyung, nanging lajeng wonten ing barang sanésipun ingkang angyungyunaken ing awakkipun inggih punika wonten ing dolanan, lan manawi saya ageng malih lajeng wonten ing tedha, lajeng malih wonten ing kasenengngan minggahipun malih wonten ing snadhang, lajeng dhateng sésémahan sasampunipun lajeng dhateng pakaryan lajeng angudi dhateng kasugihan terus dumugi angudi kawibawan lan kadrajatan, nanging sanajan sampun dumugi samanten punpa punika inggih sampun dumugi ing panglipur utawi pamarêmipun, déréng. Amargi pancén déréng methukki kaliyan ingkang dados dunungnging sajatosing pamarêmipun lah samangké punapa ta menggah ingkang dados keketogganing pamarêmipun manusa punika. Inggih punika manawi sampun makrifatullah.

Kawuningana, nalika manungsa taksih grayah-grayah amadosi dunungnging pamarêmipun awit lahir saking guwa garbaning biyung dumuginipun sepuh kados ing nginggil wau, punika kénging kasanépakaken kadi déné angganing tiyang madosi dhateng ba[49]rangngipun ingkang ical ingkang piyambakkipun wau kasupén dhateng warnining barangngipun, ing pundi-pundi sami dipun padosi lan dipun olak-alik sarta boten wonten ingkang dipun  tatakéni, awit déning awakkipun piyambak boten saged anyariyosakén ………………!!!

 

Sampun dados sunatullah, manawi manusa punika kawekén dhateng satunggaling prakawis Gusthi Allah masthi amadhangngaken kawekénipun, makaten ugi manawi manusa punika sampun kawekén grayah-grayahipun anggénipun makrifatullah, Gusthi Allah masthi inggih lajeng paring pitulung : margi ingkang manusa wau kabuka makrifatipun awit makrifatipun manusa dhateng ing Gusthi Allah punika sanépanipun ugi kados déné tossan brinilan barang pepelikkan utawi daya positief kaliyan négatief utawi kados déné  ngalaming swara kaliyan pamirêng, utawi kados déné ngalaming rurupén kaliyan paningal, terangngipun satunggal lan satunggalipun barang wau boten badhé saged gathuk manawi tanpa lantaran, tossan brini boten badhé saged gathuk kaliyan pepelikkan manawi tanpa daya panarik makaten ugi positief kaliyan négatief, paningan boten badhé saged ningali manawi boten wonten lalantaranipun inggih punika : padhang. Pamirêng boten badhé saged mirêng swara, manawi boten wonten panggandhéngngipun inggih punika swana [50] (ether) makaten ugi ngakaling manungsa, punina boten badhé saged dumugi makrifatipun dhateng ing Gusthi Allah manawi tanpa pirantos.

Kawuningngana, bakaling manusa punika wonten wawatesipun, manawi ngakal wau sampun dumugi ing watesipun punika lajeng boten saged anginggahi malih. Nanging ngakaling manusa punika  ugi ageng sanget kalangkungnganipun sawenéh  saking kalangkungnganipun kadosta : saking dayaning ngakal sanajan manusa punika titah ingkang boten sapintena kikiyatan lan agengngipun éwa déné saged ngeréh lan nyembadani bangsaning sato ingkang ageng-ageng,kadosta : kapal sima, gajah sasaminipun, malih : saking dayaning ngakal manusa saged ngeréh bledhég inggih punika bledhég wau, sapunikanipun kénging ingalap damelipun kadosta : kadamel didilahan electrich, kadamel angratengngi olah-olahan nyletika, ngubengngaken mesin tuwis sanés-sanésipun, inggih sanajan samanten katiyasanipun nanging manawi ngakal wau dipun ketoggaken kanggé anggayuh barang sanginggilipun punika masthi boten saged dumugi, lan ngakal wau  masthi inggih boten gadhah daya punapa-punapa manawi boten gandhéng kaliyan aben-abenipun punika sanépanipun kados déné angganing tossan brini ingkang koncatan ki[51]kiyatanipun utawi kados déné mripat ingkang koncatan papadhang, lan kados déné pamirêng ingkang koncatan swasana. Dados sampun masthi lajeng boten wonten kanggénipun babar pisan, makaten  ugi ngakal punika inggih boten badhé saged anggayuh dhateng makrifatullah, kajawi menika wonten aben-abenanipun ugi. Wondéné ingkang dados aben-abenaning ngakal punika kapérang dados tigang prakawis :

  1. Ngakal kaabenan poncadriya, lajeng kénging kaanggé nindakkaken samukawis pacoba, inggih punika ingkang lajeng dados baboning sadaya kawruh (wetenschap), déné katétéranipun lajeng saged adamel pangéram-éram ingkang samangké saged damel ulaping paninglipun para manusa, wujudipun inggih punika, potrét gramopun tilpun tilgram radhiyo tuwis sanés-sanésipun. Lah samangké sanajan ngakal wau tétéranipun sampun kasumerêpan kados ing nginggil éwa déné ngakal inggih sqaged jémbit dhateng anyumerêpi lalampahan-lalampahanipun tiyang kina, manawi boten kapitulungngan malih serat-serat babad, dados pirantos ingkang kaping :
  2. Inggih punika serat-serat babad (buku-bukunipun tiyang kina). Wondéné menggah dayaning ngakal ingkang angsal aben-abenané poncadriya sarta serat-serat babad wau, punika [52] saged anyumerêpi lan nyoto dhateng lalampahanipun tiyang kina-kina, nanging prakawis punika inggih woten wawatesipun, mila sampun samasthinipun tiyang ingkang ahli weteschap punika saged ugi malah boten pitados dhateng Pangéran lan lajeng boten saged mkrifatullah, awit rumaosipun ngakalipun ingkang sampun kahabenan poncadriyanipun punika sampun cekap kanggé anggayuh ing samukawis, mila tiyang ingkang makaten wau sajatosipun malah bodho sanget awit déning boten nyumerêpi bilih ngakal punika wonten watesipun inggih punika boten saged dumugi kanggé anggayuh dhateng barang ingkang ghaib langkung malih dhateng prakawis Maha Ghaibipun Pangéran, dados cekakkipun  ngakal boten badhé saged anggayuh dhateng Maha Ghaibipun Pangéran kajawi manawi dipun aben-abeni malih ingkang kaping :
  3. Inggih punika pangandikanipun ingkang Maha Ghaib wau. Supados saged terang, ing ngriki kadamelaken upami rumiyin makaten : kawuningana, warni-warnining tiyang ingkang badhé makrifat dhateng Pangéran punika sanépanipun kados déné papanthaning tiyang ingkang sami andhatengngi satunggaling griya, ingkang griya wau ing nglebetipun peteng andhedhet boten kasumerêpan isi tiyang utawi boten, nalika titiyang wau saweg dumugi ing pakawisaning griya, sadaya sami tidha-tidha ing manah dhateng ing wonte[53]nipun ingkang wonten salebeting griya. Tidha-tidhanipun kénging kapérang dados tigang warni makaten : 1. Wonten ingkang nginten bilih salebetipun griya wau boten wonten tiyangngipun; 2. Wonten ingkang nginten : saged ugi wonten, lang ingkang kaping; 3. Wonten ingkang anganggep manawi temen wonten, lah upami ingkang makaten wau, inggih punika gagambaranipun titiyang ingkang déréng murakabah (aniniti) dhateng kawontenanipun ngalam, kawuningana, titiyang ingkang déréng murakabah dhateng kawontenaning ngalam punika tumrap dhateng wontenipun wonten ingkang nganggep manawi Gusthi Allah punika : boten wonten, wonten malih ingkang nginten : saged ugi wonten lan wonten malih ingkang netepaken manawi : temen wonten, salebetipun tiyang-tiyang wau sami tidha-tidha ing salebeting manah, salebetipun tiyang-tiyang wau sami tidha-tidha ing salebeting manah, ing ngriku lajeng marêpekki dhateng sacelakking griya, sarana angempakaken poncadriyanipun, nalika wonten sangajengnging korinipun griya, dipun pirêngngaken boten wonten sabawanipun tiyang, lan nalika dipun injen ugi boten wonten rêgemengnging tiyang ingkang katingalan déning ing nglebet pancén peteng andhedhep mila tumrap tiyang ingkang namung sami angginakaken lan boten pitados bilih salebeting griya wau wonten tiyangngipun awi[54]t poncadriyanipun pancén boten saged dumugi kanggé anyipati dhateng wontenipun tiyang ingkang wonten salebeting griya wau. Dados sanépanipun tiyang wau kados déné kawujudanipun para titiyang ingkang ahli watenschap anggénipun boten pitados dhateng wontenipun Gusthi Allah. kawuningngana titiyang ahli watenschap anggénipun boten pitados dhateng ing wontenipun Gusthi Allah,  punika awit déning Gusthi Allah punika namung nedya pinoncadriya kémawon, saréhning anggénipun boten pitados wau sajatosipun inggih taksih wonten salebeting tidha-tidha, mila titiyang wau lajeng sami angginakaken buku-bukunipun (kawruh wetenschap) nanging makaten punika punapa saged amanggih Pangéran, O, boten sanget, awit cacariyosaning Pangéran  punika pancén boten wonten  ing salebeting buku-buku (kawruh). Mila nalika buku-buku utawi cathetanipun titiyang wau boten saged anedahaken dhateng sisipatanipun tiyang ingkang  wonten salebeting griya, tiyang wau masthi lajeng saya kandel anggénipun boten pitados dhateng wontenipun tiyang ingkang wonten salebeting griya wau. Dados boten anéh manawi kathah-kathahipun tiyang ingkang sami ahli wetenschap punika inggih lajeng amungkiri dhateng  wujudipun Gusthi Allah. awit déning sisipatanipun Gusthi Allah punika boten saged pinanggih wonten ing kawruhipun [55] makaten rumaosipun tiyang ahli watenschap wau. Dados cekakkipun tiyang wau boten badhé saged sumerêp sisipatanipun tiyang ingkang wonten salebeting griya, sadéréngipun tiyang ingkang wonten salebeting griya, sadéréngipun tiyang ingkang wonten salebeting griya punika medhar sabda nyriyosaken sisipatanipun, lah ing mangké lajeng pratéla sanget bilih manusa punika boten badhé saged makripat utawi nyumerêpi sisipataning Pangéran sadéréngngipun Pangéran punika amedhar sabda, ngandikakaken sisipataning Dzat utawi sariranipun, lah pundi wujuding pitedah pamedhar sabdanipun Pangéran punika. Inggih punika Kitab Sucinipun Pangéran (Kuran), inggih Kitab Sucinipun Pangéran punika pamedhar sabdanipun ingkang Maha Ghaib wau. Dados marginipun tiyang saged makrifat  dhateng Pangéran punika boten sanés namung kedah sarana kapitulungngan déning pangandikanipun Pangéran ingkang Maha Ghaib, déné pamedhar sabdanipun Pangéran ing dalem Kitab Sucinipun (Al Kuran) ingkang mratélakaken sawenéh sisipataning sariranipun kadosta :

Surat Almu’min : 63. Mangkono sira kabéh, yaiku Gusthi Allah Pangéranira kabéh kang nitahakén samubarang. Ora ana sesembahan kajaba mung Allah piyambak, ya géné sira kabéh teka padha méngo.

Surat Shura : 11. Ora ana samibarang  kang a[56]ngupaméni Allah. allah iku kang midhanget tur mriksani.

Surat Mulku : 1. Tambah-tambang kaagungngané Dzat kang ngasta karaton iya Allah iku Dzat kang kuwasa ing ngatasé samubarang.

Surat Khujrah. 18. Satemené Allah iku Dzat kang ngudanéni ghaibbé bumi lan langit apa déné  kang priksa kabéh barang kang sira lakoni.

Tuwin malih taksih kathah sanget pamedhar sabdanipun Pangéran ing dalem Kuran ingkang mitedahaken sipat-sipating sariranipun ingkang sipat-sipat punika sawenéhipun malih kados ing ngandhap punika :

  1. Wujud tegesipun : wonten;
  2. Kidam tegesipun : rumiyin;
  3. Bakak tegesipun : langgeng;
  4. Mukhalafatulilkhawasi tegesipun : béda kaliyan sawarnining barang ingkang  énggal;
  5. Kiyamuhu binafsihi tegesipun : jumeneng kaliyan pribadinipun piyambak;
  6. Wahdaniyah tegesipun : satunggal;
  7. Kudrat tegesipun : kuwasa;
  8. Iradat tegesipun : karsa;
  9. [57]Ngilmu tegesipun : ngudanéni;
  10. Khayat tegesipun : gesang;
  11. Sama’ tegesipun : mindhanget;
  12. Basar tegesipun : nguningngani;
  13. Kalam tegesipun : angandika;
  14. Kadiran tegesipun : ingkang kuwaos;
  15. Muridan tegesipun : ingkang karsa;
  16. Ngaliman tegesipun : ingkang ngudanéni;
  17. Khayan tegesipun : ingkang gesang;
  18. Samingan tegesipun : ingkang midhanget;
  19. Basiran tegesipun : ingkang nguningani;
  20. Mutakaliman tegesipun : ingkaqng angandika;

—  @@@  —

Kawuningngana, sipating Pangéran ingkang kasbut ing nginggil punika, limrahipun sami dipun wastani sipat kalih dasa, sarta wonten ing kitab-kitan usul sipat wau satunggal-tunggalipun kalimrah sami kaandharaken ingkang sakalangkung panjang. Sanajan sampun kaandgaraken sanget panjang, éwa déné titiyang ingkang sami nyinau kitab-kitab usul wau, ingkang kathah meksa taksih sami kalintu tampi panyuraosipun inggih  punika dipun kinten manawi ngilmu Usul wau satunggaling kawruh ingkang boten wonten tegesipun makaten kados déné limrahipun pa[58]ra titiyang ingkang sami ngudi ngilmi makrifat inggih punika manawi rumaosipun punika sampun makrifat lajeng sampun sampurna, rumaosipun sampun oncat saking papardénipun sarak anglampahi saréngat sapiturutipun, awit anggepipun bathal kharam sampun kadarbé, déning sadaya-sadaya punika sampun kasarira wonten  ing pribadinipun (nangidzubillah). Lah makaten ugi titiyang Islam ingkang sami nyinau ngilmu usul wau, inggih punika sarampungnging panyinaunipun tarkadhang imanipun dhateng Pangéran malah tipis sanget kaajrihanipun boten wonten ngamalipun saléh sepi, cekakkipun kénging dipun tembungngaken tebih sanget saking anemen-nemeni paréntah lan nebihi cegahipun Pangéran, kang mongka ingkang lerês tiyang ingkang nedya nyumerêpi ngilmi usul utawi nedya makripat punika pancénipun makaten kedah sumedya netepi ing kumawulanipun sarana améstu ing sadaya paréntah lan nebihi cegahioun Pangéran kaliyan temen-temen, lah samangké para maos sampun masthi lajeng anguningngani ing kalintuning serapipun para titiyang ingkang sami nyinau ngilmu usul lan angudi ngilmi makripat wau. Wondéné tumrap ingkang  boten kalintu, ing ngriku sinten tiyangngipun ingkang sampun saged anyumerêpi salah satunggaling sipatipun Pangéran masthi lajeng saged ageng dayanipun inggih punika saged anuntuni dhateng sadaya pakarti ingkang [59] utami, ingkang anununtun dhateng kasampurnan upaminipun kados déné ayat ingkang kula pratélakaken ing nginggil wonten  ing surat Almukmin ayat : 62, wau, Pangéran sampun medhar sabda aparing pitedah dhateng kawulanipun manawi sariranipun punika Dzat ingkang asma Allah, dados Pangéran kita sadaya, sarta ingkang nitahaken samukawis, mila tumrap tiyang ingkang sampun yakin sayektos dhateng pamedhar sabdanipun Pangéran wau, masthi piyambakkipun  lajeng saged tauhid sayektos inggih punika anyawijékkaken dhateng sesembahan inggih maha tunggalipun Allah, satemah piyambakkipun  boten badhé méngo lan musrik, sadaya paréntah lan cegahipun Pangéran dipun pupundhi lan dipun éstokaken sanget langkung kaatasaken tinimbang kaol-kaolipun para ngulami, inggih makaten punika kawujudipun paraning kumawula ingkang sajati.

Wonten ing surat shura ayat : 11 : ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil wau, Pangéran sampun amedhar sabda anedahaken sawenéh sipatipun malih, inggih punika bilih boten wonten samukawis ingkang angupaméni Allah, lan Allah punika ingkang midhanget tur mriksani. Lah manawi tiyang sampun yakin yektos dhateng pitedah pamedhar sandanipun Pangéran wau, inggih punika sampun saged netepaken ing dalem manah, manawi temen boten wonte[60]n satunggaling barang ingkang angupaméni Allah, masthi tiyang punika lajeng saged anetepaken bilih awakkipun piyambak angen-angen sir, leng, nyut sapiturutipun punika sanés Pangéran ananging ingkang asma Pangéran wau satuhu Dzat ingkang Maha Suci  lan sampurna. Maha Sucinipun Pnagéran inggih punika temen manawi Dzatipun boten kénging kinarênteggaken lan cinakra bawa, punapa déné  kinayangapa wonten salebeting batos awit déning sadaya ngalam saisinipun punika pancén boten wonten ingkang angupaméni Allah. inggih makaten punika satuhu tajalining Pangéran ingkang Maha Suci lan sampurna langgeng boten kénging éwah gingsir ing salami-laminipun, lan nalika tiyang  punika sampun yakin sayektos manawi Gusthi Allah punika ingkang midhanget tur mriksani, masthi tiyang punika lajeng sanget angatos-atos ing sadaya solah bawa lan muna-muninipun sarta tindak sapecak miwah rêmbag sakalipah tansah dipun éngeti punapa  punika dados kaparêngngipun Pangéran utawi boten inggih makaten punika wujuding pamukhasabah lan murakhabah ingkang sajati.

Wonten ing surat Mulku : ayat : 1 : ingkang sampun kapratélakaken  ing nginggil wau, Pangéran sampun amedhar sabda anedahaken malih saking sawenéh sipatipun inggih punika manwi Gusthi Allah punika Dzat  ingkang tansah tambah-tambah ka[61]agungnganipun lan kuwatos ing ngatasing samukawis, manawi tiyang punika sampun yakin yektos dhateng kaagungnganipun Pangéran lan kuwaosipun Pangéran punika temen  ing ngatasing samukawis sampun masthi tiyang punika lajeng sumerêp dhateng sadaya kaapesaning  awakkipun satemah awakkipun namung kakonjemaken dhateng kaagungnganipun Pangéran kémawon lan namung dhateng Pangéran  piyambak paraning panyuwunipun pitulung. Sadaya-sadaya punika  apes boten saged punapa-punapa, sami kawisésa ing sipat pamurba wisésanipun Pangéran ingkang Maha Kuwaos, inggih makaten punika empaning taukhid ingkang sajati.

Wonten ing surat khujrah, ayat : 18. Kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil Pangéran sampun amedhar sabda paring pitedah tumrap sipatipun malih, inggih punika manawi Gusthi Allah punika Dzat ingkang ngudanéni ghaib-ghaibipun bumi langit punapa déné ingkang priksa dhateng sadaya barang ingkang kita lampahi. Lah manawi tiyang punika sampun yakti-yektos  manawi Gusthi Allah punika Dzat ingkang ngudanéni ghaib-ghaibing bumi langit punapa dVnV ingkang priksa dhateng sadaya barang ingkang kita lampahi, sampun masthi tiyang wau boten badhé saged badhé tumindak ingkang boten dados kaparêngngipun Pangéran (maksiyat) makaten punika nadyan wo[62]ten ing pasemon, inggih makaten punika kawujudanipun saged sapatemon kaliyan sajatining Gusthi.

Lah kados makaten  agengnging dayanipun tiyang ingkang kinarbuka boten saged kalintu panyinaunipun dhateng ngilmi usul lan ulah ngilmi makripat, saweg ngéngeti sipatipun Pangéran kados ingkang sami kapratélakaken wonten ing ayat pamedhar sabdanipun Pangéran wau, sampun samanten kawigatosanipun, lah punapa malaih manawi tiyang punika tansah énget dhateng sipatipun Pangéran  ingkang kalih dasa wau sapiturutipun sampun masthi tiyang wau satindak-tanduk sasolah bawa, sarta muna-muni pun dadossa ngibadah sadaya.

Prakwis kawontenan ingkang kalih dasa makaten wau gampil dipun tembungngaken nanging sajatosipun angél lampah-lampahanipun, saréhning prakawis  punika pancén angél lampah-lampahan lan gagayuhanipun mila ing ghaib lajeng  nyukani margi saged sipun anjog dumugi kados déné wawarah ing nginggil wau, inggih punika sarana sadaya kawula sami pinardi netepi rukuning Islam gangsal prakawis ingkang cekakkaning katerangnganipun sampun kapratélakaken ing ngajeng (kaca 16) déné katrangnganipun ingkang lebet kadosta ing ngandhap punika :

  1. Ngucapaken shahadat, wontenipun agami Islam majibaken dhateng kita manungsa, supados angucapaken shahada[63]t punika pamrihipun anuntuni dhateng manah, supados manah punika sagedda kuwijén dhadhasar taukhid dhateng kasawijénipu Pangéran lirripun sampun ngantos manah punika gadhah panganggep bilih sanésipun Gusthi Allah punika wonten pangéran utawi sasembahan malih utawi gadah panyana bilih sanésipun Gusthi allah punika wonten barang ingkang saged anglabeti, inggih gadhah daya panguwaos saking kuwaosipun piyambak, satemah sarana manah ingkang sampun dipun tuntun shahadat déning pakecapanipun lésan punika sageda anggadhahi sedya lan paneja, bilih gesangipun wonten ing ngalam donya punika sedya aneja angumawula dhateng Gusthi Allah pribadi, saran mumudhi lan ngéstokkaken préntah tuwin nebihi cacegahipun kalayan manut tuntunanipun Kangjeng Nabi Mukhammad SAW, ingkang dipun karsakkaken Gusthi Allah dados panuntun lan papanutanipun manungsa ingkang sumedya anggayuh ing kasampurnanipun, awit inggih Kangjeng Nabi Mukhammad SAW punika  guru panutaning jagad paparingngipun Gusthi Allah dhateng kita manungsa, supados anununtun dhateng ing sampurnaning gesang.
  2. Anglampahi salat gangsal wedal, wontenipun agami Islam anamtokkaken dhateng kita manungsa supados anglampahi salat gangsal wekdal ing saben dinten punika awit déning manungsa punika tinitahaken Pangéran sami kadunungngan sipa[64]t supé. Manawi manusa boten purun anglampahi salat gangsal wekdal ing saben dinten punika sejatosipun sampun ingepal déning agami, tangéh yén kamanungsa wau sumembaha dhateng Pangéran awit bab punika sajatosipun sampun kanyatahan sanget tiyang ingkang boten purun anglampahi salat gangsal mekdal wau katemahanipun namung nyembah lan andhérék dhateng hawa napsunipun kémawon satemah inggih boten badhé saged énget dhateng Pangéran lan dhawuh paréntahipun, cobi, para maos kula aturi nginten-kinten punapa tiyang ingkang boten nglampahi  salat punika badhé saged énget dhateng Pangéran, O, sampun masthi boten, sampun malih ingkang saged énget apesipun ngantos kaping gangsal ing sadinten lah bok inggih sadinten sapisan kémawon masthi botenipun kajawi manawi panuju kataman suker sakit miwah susah lan coba sarta kikirangngan lah punika sok saweg purun ngadhuh lan sasambat dhateng Pangéran punapa boten makaten lah punapa malih saged langgeng kaéngetanipun sarta badhé anglampahi sadaya paréntah lan cegahipun Pangéran punika masthi saya boten sanget, dados tiyang ingkang sisipatanipun makaten (boten purun anglampahi salat gangsal wekdal) sampun masthi tangéh sagedipun anggayuh ing kasampurnanipun, kajawi [65] punika sarana keterangngan punika para maos samangké masthi saged andorakaken dhateng kasombongngan lan umukkipun tiyang ingkang pangakenipun sampun anglampahi salat daim lan langgeng kakéngetanipun dhateng Pangéran wau.
  3. Netepi zakat inggih punika ngedalaken saprakawan dasaning bandhanipun ingkang apesipun sampun pangaos séket rupiyah, kasukakaken dhateng ingkang wajib tampi (katranganipun mirsanana kitab Hikmah Perintah Agami Islam), wontenipun agami Islam ingkang sampun anggadhahi kasugihan awit watekking tiyang punika manawi boten temen-temen anggéning angéstokkaken paréntahipun Gusthi allah, saben mindhak kasugihanipun sampun masthi malah mindak cethilipun lan mindhak rêmenipun anggénipun angumpuk-ngumpuk bandha, lah manawi tiyang punikapinardi qambek darma ing Pangéran sarana katamtokaken netepi zakat awit saking andarbéni bondha sekét rupiyah, boten purun angéstokaken tangéh sanget tiyang wau saged anggayuh kasampurnanipun, lah tiyang ingkang cethil lan kumathil kanthil dhateng artanipun makaten masthi saya awrat anetepi zakat manawi sampun kasugihanipun saya sanget, cekakipun …. O, cilaka sanget bénjing Akiratipun tiyang ingkang sampun kuwajiban zakat boten netepi zakatipu[66]n punika, awit makaten punika masthi boten badhé saged andumugékaken kasampurnanipun.
  4. Anglampahi siyam ing saben dintenipun wulan ramelan, wontenipun agami Islam anamtokkaken dhateng kita manungsa, supados anglampahi siyam siyam ing saben dintenipun wulan ramalan ingkang siyam wau cinegah dhahar lan ngunjuk punapa déné sarêsmi wiwit fajar sidik dumugi serapipun surya, punika awit déning sanget amurih supados manungsa punika sageda minggah tataraning darajatipun inggih punika awit darajating sato ingkang watekipun rinten dalu tansah nedha lan ngombé punapa déné sacumbana, punika sageda minggah dhateng darajat malaikat ingkang watekipun tansah andhérék lan sumarah dhateng ing sadhawuh lan karsaning Allah, kanthi asih tresna  dhateng fakir miskin ingkang tansah kacingkrangngan boten naté saged nedha  tuwuk ing sadintenipun awit tiyang ingkang anglampahi siyam punika masthi lajeng saged anyumerêpi lan angraosaken rakaosipun luwé, salajengngipun saged anepakaken dhateng angganing para fakir miskin ingkang tansah nandhang karapan, lah manawi tiyang punika boten purun anetepi siyam inggih sampun masthi kémawon tangéh sagedipun badhé saged ulah kasampurnan lan dumugi kasampurnanipun, mila o, cilaka lan asor sanget darajatipun tiyang ingkang boten purun anglampahi siyam punika, [67] langkung asor saking darajating sato.@@@
  5. Ngibadah khaji dhateng tanah suci Mekah wonten ing wulan Dzulijah. Wontenipun agami Islam anamtokaken dhateng umat Islam ing sadonya, ingkang sampun kuwajiban nglampahi khaji dhateng tanah suci Mekah, (katrangnganipun ugi amirsanana Hikmah Perintah Agama Islam) punika ing pamurih inggih anggugulang dhateng kasampurnan lan karukunanipun umat Islam ing sadonya. Terangngipun : agami Islam punika sanget anggénipun amardi supados kita umat Islam punika tansah rukun akekempalan kaliyan satunggal lan satunggalipun katingal sayuk iyeg golong rukun  anggénipun anggluhuraken asmaning Pangéran lan angeungkebi agami Islam, kadosta : ing saben wekdaling sembahyang, punika kita umat Islam sami kuwajiban parlu kifayah angedeggaken salat barjamangah (salat sasarêngngan ing saben wekdaling sembahyang),  wonten ing kampung-kampung, ingkang pamrihipun titiyang Islam ing kampung ngriku sami katingala sayug iyeg golong rukun anggénipun anggluhuraken asmaning Pangéran lan kerêpa sasrawungngan satunggal lan satunggalipun ingkang salebetipun sasrawungngan wau saged wekas-winekas anglampahi khak lan kasabaran. Makaten malih nalika ing dinten Jumungah, wonten ing wekdal luhur, punika para umat Islam (éstri boten) sami [68] katamtokaken salat Jumungahan dhateng masjid ingkang wonten ing ngriku punika kajawi titiyang Islam saking kampung satunggal lan satunggalipun saged nyakup kados maksudipun salat barjamangah ing nginggil ing saben wekdalipun sembahyang, wonten ing ngriku punika katingala raos  democratie inggih sama ratanipun umat Islam ing dalem agami Islam, tegesipun umat Islam punika, ageng alit sugih miskin sasaminipun sami-sami kémawon papangkatanipun ing nalika sami wonten raos : namung Allah piyambak ingkang kagungngan sipat Maha Luhur. Kajawi punika wonten ing masjid salebetipun sadaya sami makidhupuh wonten  ing ngarsaning Pangéran (sadéréngngipun salat Jumungah), parlu ugi mirêngngaken khutbah utawi pituturipun Kya Ki Ketib bab parlunipun ngagesang. Inggih khutbah utawi pitutur salebeting jumungahan wau, minongka pitutur lan pépéling lan angindhakaken saserêpan punapa déné panggigah dhateng para umat Islam supados kamajengnganipun wonten ing donya punika kaliyan umat sanésipun wonten ing ngajeng piyambak, mila boten patut saget dados ketib Kyai Ketib ingkang khutbahipun boten saged adamel labet punapa-punapa kados ing nginggil wau dhateng para umat Islam, ketib ingkang makaten masthi ing bénjing dinangu wonten  ing ngar[69]saning Pangéran inggih punika dinangun ing bab anggénipun dados ahli pitutur wonten ing ngajengnganing umat Islam boten saged angajengngaken nanging malah angunduraken. Makaten malih wonten ing dinten riyaya kalih, ing tanggal kaping : 1, shawal sarta : 10, Dzulijah (besar), para umat Islam ugi sami kautamékaken salat riyaya wonten ing langgar utawi masjid kaliyan damel sosorah utawi mirêngngaken  sosorah ingkang wosipun kita titiyang Islam ing pundi-pundi kampung lan dhusun sumarambahipun sanagari pisan samiya saged nyakup kados déné maksud-maksud ingkang sampun katerangngaken ing nginggil.

Lan boten namung punika kémawon agami Islam anggénipun  tansah murih ing karukunaning umat Islam ing pundi-pundi nagari lan pajajahan nadyan umat Islam sadonya pisan ugi dipun angkah makaten inggih punika wonten ing wulan Dhulijah ing tanggal kaping : 10, 11: sarta : 12, agami islam anamtokaken dhateng titiyang Islam ingkang sampun kuwaos ([4]) supados sami anglampahi ngibadah khaji dhateng tanah suci Mekah, ingkang wosing maksudipun titi[70]ng Islam saking nagari satunggal lan satunggalipun sarawungngan angangsu kawruh, ingkang salajengngipun sasampunipun mantuk ing nagarinipun piyambak lajeng kapencarna dhateng bangsanipun, kajawi punika ugi sagedda ngakup ing sadaya maksud-maksud kados  ingkang samun kapartélakakeb ing nginggil satemah kita umat Islam sajagad punika sami asayuk kaiyeg golong rukun kempal dados satunggal ngaub wonten sangandhaping bandéra : Ashadu alla ilaha illallah (Islam) makaten malih tunggil raos lan tunggil sedya, kekah kados déné abadan lan ruh satunggal ingkang temahanipun dados saumat lan bongsa ingkang mulya.

Lah makaten pamardinipun agami Islam dhateng umat Islam anggénipun namtokaken anglampahi rukuning agami Islam gangsal prakawis ingkang tetep tumindakipun wau ugi sampun nama dados bakuning sawenéhipun wohing makripat ingkang enggel, dados wonten ing agami Islam asiling wohipun makripat punika sajatosipun pancén inggih sampun katemtokaken marginipun inggih punika sarana anetepi rukuning Islam gangsal prakawis wau kalayan samasthinipun awit inggih namung teteping rukunipun Islam ingkang samasthinipun wau ingkang badhé saged ambangkat dhateng lampahing kasampurnan lan dumugi ing kasampurnanipun, ingkang pamurihipun supa[71]dos kita umat Islam sadonya punika sami dumugi ing kasampurnan lan kamulyanipun, mila, dhuh, b dumugi ing kasampurnan lan kamulyanipun, mila, dhuh, bénjing punapa kita umat Islam sadonyaning punapa kita Umat Islam sadonya punika saged anetepi maksud-maksudding agami Islam ingkang dajatos kados ing nginggil wau. Dhuh, Allah mugi Thuwan karsa anarbuka lan paring pitulung dhateng kita umat Islam gumar dumugi ing kasampurnan lan kamulyanipun, mila, dhuh, bénjing punapa kita umat Islam sadonyagahing sedya, sedya anjongka dhateng kasampurnan miturut  satataning agami Islam ingkang sajatos kados ingkang sampun tuwan karsakaken, Amin.

Dumugi ing ngriki pangarang kula kitab : Makripat kula sampuni, lalajengnganipun malih ing wingking isyaallah lajeng kula sambet kitab : Kasampurnan, wasana pangajeng-ajeng kula, kitab punika tetep dadosa susulang lan rarambatanipun para manungsa, ingkang sami nedya anggayuh ing kasampurnan jati, ingkang babaripun  insyaallah badh dumugi ing kasampurnan lan kamulyanipun, mila, dhuh, bénjing punapa kita umat Islam sadonya kula prat dumugi ing kasampurnan lan kamulyanipun, mila, dhuh, bénjing punapa kita umat Islam sadonyalakaken wonten ing kitab : Kasampurnan wau.

Tamat

——————

[1] Azlam punika bangsaning mamethék dhateng bekja cilakaning tiyang ingkang sampun utwai déréng kalampahan (mamethék barang ingkang ghaib).

[2]     Manawi dipun wawas kaliyan saréngat utawi khukuming agami, kalaimrahanipun tiyang punika  ingkang kathah malah dhumawah bidngah utawi kharam wujudipun inggih kalimrahan ing nginggil wau, kadosta :  wilujengngan (milujengngi wetengngan jabang bayi, tiyang sakit tiyang pejah enz) tahlilan punika sami bingah khabikhah, tegesipun rérékan  ingkang malah angregedi dhateng saréngat Islam, déné nayuban main kertos wonten ing pajagongngan punika kharam. Saréhning kalimprahanipun tiyang punika ingkang kathah-kathah malah dhumawh bidngah lan kharam mila ing ngriki ingkang manitra parlu atur pépénget : manawi panjenengngan sadaya nedya netepi kalimrahaning tiyang, punika sampun ngantos netepi kalimrahan ingkang bidngah sarta kharam menggah khukum agami, awit manawi panjenengngan sadaya ngantos maha anetepi makaten sayekti ing tembé (delahan) badhé wonten tatrapanipun Pangéran, makaten malih saréhning kalimprahaning tiyang punika awon saé kénging dipun damel mila ing mangké mongga-mongga sami damel kalimrahan ingkang saé sarta pinuji menggah agami, kadosta : manwi ing dinten Jumungah angathah-kathahkaken sadakah. Manawi tampi arta, ingkang sabagéyan dipun anggé sedhiyan kabetahan ingkang sabagiyan malih dipun céléngngi, ingkang sabagéyan malih dipun  anggé darma dhateng sabilillah (ngiyataken agami), tuwin malih sanés-sanésipun.

[3] Katrangnganipun kula aturi nguningani malih ing Kitab : ka-Allah-an.

[4]     Kadosta : Zakat inggih sampun netepi, sarta cekap sangunipun kanggé mlampah mantuk lan kanggé nilari ingkang sami kantun tur ing margi aman boten wonten pakéwed

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

w

Connecting to %s