SERAT ISLAM KAWICAKSANAN


SERAT ISLAM KAWICAKSANAN

Amarahaken gégéyongngan ingkang premati,
panyakupipun saking kawicaksanan
adadalan kawaskithan dumugi
ing kasampurnan

karanganipun :
PRAWIRA ATMAJA

Ing
Surakarta

Warsa cinondra sangkara
Nengnging Rasa Ngésthi Jati
(1860)

Cap-capan ingkang kapisan
1930

BOEKHANDEL “KALIMASADA”
SOLO

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :

Mas Kumitir
Sidoarjo,  23  Januari 2018

@@@

[5]BUBUKA

Wahyaning wawarahipun serat Islam Kawicaksanan punika, miturut wedharing pitedahanipun Kyai Sujana Sastra. Déné ingkang sisilih nama Kyai Sujana Sastra punika, satunggaling priyantun ing Surakarta, ingkang sampun misuwur rémen angimpu serat serat Jawi, saha rémen marsudi kawruh kasuksman tuwin kawruh praja. Ing samangké kapéngetan sarta kadhapur serat piwulang, kanamakaken serat  Islam kawicaksanan kajengngipun anedahaken gégéyongngan ingkang nama : Islam ananging muhung sarana kawruh kawicaksanan tegesipun muhung kapendhet wossipun ingkang kaanggep wigatos kémawon dados boten kados kaislaman ingkang sampun kalimrah kaangep lerés ing ngakathah. Saréhning ingkang méngeti boten sumerép wawatoning pitedahanipun punika punapa, saking panuwunipun prayogi kaanggep namung kados déné maligi satunggaling kawruh, ingkang tuwuh saking pamanggih limrah kémawon, sanadyan upami wonten émperipun sajak medal saking wawarahing Buddha, sampun kaanggep saking Buddha. Upami wonten émperipu[6]n sajak medal saking Islam sampun kaanggep saking Islam, dados boten wonten raos gugon-gugonen utawi emoh-emohen, awit ingkang prayogi punika kedah katiti priksa, kawawas ing dugi-dugi tuwin pamatawis kapatitisa kenyatanipun, ing ngriku badhé manggih karampungngan saged mastani : lerés utawi lepat awon utawi saé, nyata utawi boten, awit adegging gesangngipun manusa, sami kasinungngan budi kanthi prabot ingkang nyekapi kanggé ulah titi pariksa. Manawi boten dipun  empakaken éman-néman sanget badhé kados pedhang landhep ingkang namung tansahh kasimpen boten naté kawedalaken boten sandénahi, anemahi risak tanpa guna. Awit saking punika, mila bokmanawi wonten ingkang karsa nganggep dhateng suraossipun serat punika, sampun ngantos kagem garan para paben manawi wonten ingkang anglepataken prayogi ingkang saged anuju panggalih, tinimbang kaliyan rémen nyulayani, kalaiyan lerés punika kawon kaliyan limrah, ingkang parlu ing batos anggén nanggen kedah prayitna, ngantepi tancepping panggalih ingkang kaanggep lerés, namung punika a[7]turipun ingkang méngeti. Pangracikkipun salebeting warsa cinondra sangkala : nengnging rasa ngeésthi jati.

Ingkang mangripta :
Prawira Atmaja

¤¤¤

[9]GÉGÉYONGNGAN

Ngagesang punika kedhah gadhah gégéyongngan minongka pangreksaning kawilujengngan lan katentremanipun awit ing ngalam dunnya punika kawontenanipun supé, sakit sisah, lan risak utawi pejah, sakathahing sabab sabab ingkang anjalari wontenipun kawan prakawis punika, kaupamékaken kados déné jagad punika anjemblong, manawi manusa déréng gadhah gégéyongngan saéstu dhawahing bilahi, nanging manawi sampun gadhah gégéyongngan  ingkang santosa, saéstu saged wilijeng boten dados punapa. Manwi sampun gondhélan gégéyongngan ingkang santosa, dados sampun sumerép bilih badhé langgeng kawilujengnganipun boten wonten baya pakéwed ingkang ambilaéni, sampun boten gadhah uwas kuwatos punapa-punapa, sampun boten gadhah ajrih ing punapa-punapa, kados sampun saged tentrem santosa, inggih punika ingkang nama sampun angsal wahyu dyatmika, sampun waluya maha mulya tanpa kara-kara. Mardika, boten wonten ingkang dados réncana.

[10]ISLAM

Islam : punika ; gégéyongngan ingkang santosa. Sadaya tiyang punika wajib anggayuh sagedda tetep : Islam ingkang sajati. Sadaya agami punika nuntun dhateng manusa supados sagedda : Islam, dados sadaya agami punika kénging dipun wastani Agami Islam, agami tegesipun tata, Islam tegesipun wilujeng utawi tentrem dados agami islam ateges “tata ingkang anjalarri wilujeng lan tentrem”. Mugi dipun prayitna, ingkang wajub kedah dipun gayuh punika Islam ingkang dados gégéyongngan ingkang santosa, dédé namung waton sampun nama : Islam dédé namung waton sampun kalebet dados golongnganing tiyang  Islam dédé namung waton sampun anglampahi pranataning agami Islam sawatawis boten namung kandheg samanten tegesipun sanadyan sampun lumampah ing marginipun manawi déréng muksis tegesipun déréng  sampurna lampahipun punika déréng saged dumugi ing yakti, yakti tegesipun nyata, temen ingkang wigatos sapunika wosipun saged dumugi ing yakti Islam inggih punika : wilujeng, tentrem santo[11]sa, tan sangsaya. Mila mawi katerangngaken makaten amargi wonten ingkang anginten Islam punika kacekapna mung waton sampun angucapaken sahadat kalimah kalih. Wonten ingkang anginten namung waton sampun purun kawengku ing pranataningagami Islam ingkang ameksa dhateng ingkang sampun kawengku, kados ta : pranatan prail inggih punika pambagéning raja darbé, sapanunggalanipun, wonten  ingkang anginten namung waton sampun anglampahi paréntah-paréntahing agami, ing sawatawis ingkang adhakkan kasumerépan kémawon, cegah dhateng sadaya  ingkang cinegah, boten mawi mrihatinaken anggénipun déréng saged kecepeng  punapa ingkang mesthinipun  kedah saged kecepeng, inggih punika : wilujeng, tentrem santosa, tanpa sangsaya. Dados kados déné boten gadhah pambudi utawi tanpa panjangkah punapa ingkang mesthinipun kedah kabudi utawi kajangkah.

Manawi manusa sampun sumerép dhateng ingkang mesthinipun kedah kajangkah, saha pancén sampun gadhah panjangkah, gadhah prihatin anggénipun déréng saged kecepeng ingkang jinangkah, tamtunipun lajeng sedya nyumerépi punapa sababipun déréng saged kejangkah, kados pundi marginipun saged kejangkah, wasana lajeng amba[12]ngun lampahipun kabenakkaken kapatitisaken, kalayan derêngnging sedya, kencengnging pangudi, ngantos kalampahan saged muksin lampahipun ing ngriku saweg saged kecepeng ingkang sinedyakaken tetep nama Islam sajati, inggih punika sampun sampurna.

PIKEKAHING NGÉLMI

Pikekahing ngélmi punika wonten kawan prakawis inggih punika : 1. Iman; 2. Tokid; 3. Makripat; 4. Islam, lirripun manawi kawan prakawis  punika sampun kasarisa sadaya, kawruhipun sampun kekah, lajengngipun sampun lerês sampun jangkep sampun annyekapi kanggé gégéyongngan.

  1. Iman tegesipun ngandel.
  2. Tokid tegesipun muhung satunggal.
  3. Makripat tegesipun waskitha.
  4. Islam tegesipun wilujeng, tentrem.

Kawan prakawis punika iman ingkang dados wittipun saking iman anunten dhateng tokid saking tokid anunten dhateng makripat saking makripat dados islam, tegesipun [13] wittipun saking ngandel inggih punika ngandel dhateng pitedah, utawi ngandel ing kawruh, anjalarri lajeng muhung mangéran dhateng Gusthi Allah. awit saking muhung mangéran satunggal Gusthi Allah, anjalarri waskitha dhateng Gusthi Allah. awit saking waskitha dhateng Gusthi Allah. anjalarri wilujeng lan tentrem.

IMAN – TOKID

Iman ingkang anuntuni dhateng tokid punika, inggih muhung ngandel dhateng pitedah bilih boten wonten Pangéran kajawi Gusthi Allah piyambak kados suraosipun sahadat tokid : la ilaha illallah, tegesipun : ora ana Pangéran amung Allah. suraos makaten punika mengku pitedah : bilih namung mangéran  dhateng Gusthi Allah : ingkang saged amanggih mulya, manawi angroro Pangéran utawi boten mangéran dhateng Gusthi Allah, malah namung mangéran dhateng sanés Gusthi Allah, tamtu manggih sangsara. Awit saking gadhah piyandel makaten wau, mila lajeng ketuntun manahipun dados nedya namung mangéran dhateng Gusthi Allah kémawon boten mangéran dhateng sanés-sanésipun.

[14]TOKID -MAKRIPAT

Tokid ingkang nunten dhateng makripat punika manawi sampun tetep wiranngi ing Pangéranipun wirangi tegesipun suci, inggih punika ingkang sampun saged tetep nama kantun mangéran dhateng Gusthi Allah, boten mawi mangéran dhateng sanés-sanésipun tegesipun sampun boten mawi gadhah rêmen dhateng punapa-punapa sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, sampun mungkur dhateng sadaya, muhung madhep dhateng dhateng Gusti Allah, sampun atilar dhateng sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, kalayan éklas tegesipun rila, sanadyan saranduning gesangngipun piyambak manawi ingkang dédé Gusthi Allah, sampun mungkur dhateng sadaya, muhung madhep dhateng Gusthi Allah, sampun atilar dhateng sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, kalayan éklas tegesipun rila, sanadyan saranduning gesangngipun piyambak manwi ingkang dédé Gusthi Allah inggih kaungkuraken katilar karilakaken dados ingkang wonten kantun Gusthi Allah piyambak awit bioten wonten ingkang saged atilar dhateng sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, kajawi Gusthi Allah piyambak saben sampun saged atilar dhateng sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, ingkang taksih inggih muhung kantun Gusthi Allah piyambak cocohg kaliyan ingkang kasebut ing daliling Kur’an ungelipun makaten : “Inna lillahi wa inna ilaihi rojingun” jarwanipun  manusa iku saking Pangérané, ing tembé bali marang [15] Pangéran, ing ngriku kawontenanipun sampun boten aningali bptenipun tiningalan boten mangéran  boten pinangéran awit sampun  mungkur dhateng sadaya-sadaya, kantun madhep dhateng pribadinipun pribadi, amung ton-tinonton pribadi, Pangéran pinangéran pribadi tanpa rowang, inggih punika sampurna pamoring kawula Gusthi, tunggil Dat Sipat Asma Apngal papasihan tan pantara, mila waskitha tanpa warana, inggih waskitha dhateng Gusthi Allah, inggih waskitha dhateng gesangngipun pribadi, kados satu lan rimbaggan tunggil patra liru nama, upami roning sedhah, prabédanipun  amung manawi tiningalan saking lumah kaliyan saking kurêbipun nanging ginigit saéstu satunggil raosipun.

Mila kedah boten rêmen dhateng punapa-punapa ingkang dédé Gusthi Allah, amargi manawi taksih mawi rêmen dhateng sawiji-wiji, inggih nama taksih mangéran dhateng punapa-punapa ingkang dipun rêmeni wau. Tomdha yaktinipun  sampun boten rêmen punika kedah sampun kadugi nilara kelayan rila, kaunggkuraken sanadyan saranduning gesangngipun piyambak manawi dédé Gusthi Allah inggih kedah katilar kaungkuraken, amargi manawi dédé Gusthi Allah mongka dipun tresnani dipun gondhéli, dado[15]s taksih angroro Pangéran, awit saking sampun saged angungkuraken dhateng sadaya ingkang dédé Gusthi Allah, kantun madhep dhateng Gusthi Allah, dados waskitha, tanpa warana, amargi ingkang dados warana punika adhepipun lan wuninganipun dhateng ingkang dédé, punika ingkang angundhukki utawi angalingngi ing rasa jati.

MAKRIPAT – ISLAM

Makripat dados Islam inggih punika wilujeng lan tentrem awit sampun sumerêp bilih gesangngipun inggih ananing Pangéran ingkang sipat kidam ajali abadi, kadim tegesipun dhihin ajali tegesipun kamulan abadi tegesipun salami-laminipun kajengngipun  santosa langgeng boten kénging éwah gingsir, boten kénging risak, mila sampun wilujeng lan sampun tentrem, inggih punika sampurna.

PANGANDIKANIPUN PANGÉRAN
INGKANG MAHA SUKCI

Manawi manusa sampun dumugi ing makripat kados ingkang [17] sampun kasbut ing ngajeng, ing ngriku tamtu lajeng mirêng ngandikanipun Pangéran ingkang Maha Sukci, inggih pangandikaning rasajatinipun pribadi, pangandikanipun kados ing ngandhap punika suraosipun :

“Sajatiné ora ana apa-apa,awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun ora ana Pangéran anging ingsun sajatining Dat kamaha Sukci, anglimputi ing sipatingsun anartani Asmaningsun amratandhani Apngalingsun”.

Mila pangandika punika mawi sajatiné, ateges wonten ingkang  dipun dorakaken ingkang dipun dorakaken manusa anggénipun gadhah panganggep wonten punapa-punapa, inggih punika kahanan ngalam dunnya, manusa gadhah panganggep wonten begja, cilaka, untung, tuna, dados mawi bingah sisah sapanunggilanipun, nanging manawi sampun dumugi ing makripat lajeng santun panganggepipun panganggep mangkana wau kaanggep makaten wau ingkang kaangep dora, sulapan boten nyata, manusa kénging dipun apusi déning kawontenan ngalam dunnya amargi saking taksih ngadam tegesipun taksih suwung déréng gadhah ka[18]wruh, manawi sampun makripat nama sampun  isi kawruh, boten  kénging dipun apusi, mangretos manawi sajatosipun boten wonten punapa-punapa, kawontenan ngalam dunnya punika namung kados déné impén kémawon sakedhap saged ngimpi dados ratu, sakedhap saged ngimpi sugih, sakedhap ngimpi rabi putri ayu linuwih, sajedhap ngimpi dhumawah ing sudra papa cintraka dados kére papa riman ngulandara, sarêng  sampun tangi saweg mangretos manawi sajatosipun boten punapa-punapa. Mila manawi saged dumugi makripat lajeng sampun saged angludhangngaken panandhangngipun sampun saged angéklasaken kawontenan ngalam dunhnya, sampun saged ical was-wasing manah sampun ical girisipun dhateng warni-warnining bilahi, sampun ical pépénginanipun dhateng warni-warnining kabegjan sampun kalis saking sedhih lan prihatin, inggih punika kasunyatan wujudipun sampun saged oncat saking sangsara, utawi kasunyatan wujudipun sampun saged ruwat saking panandhang. Dunungnging manusa anggénipun angéndhani susah sangsara bilahi. Dados gégéyongnganing ngagesang. Inggih punika sampun sampurna.

PANUTUP

Sampun tamat wedharing wawarahipun Sera Islam Kawicaksanan aturipun ingkang anurut namung samanten kéngetanipun bokmanawi wonten kalintuning pannyakup anjalari kalintuning pangracik ingkang anurut nyuwun pangaksama. Amargi antawisipun anggéning tampi wasita kaliyan agéning anuruti punika sampun  antawis lami. Namung kinten-kinten kirang boten kathah, wewaha inggih namung sakedhik uda kawis boten  dados punapa, kénging kasaring  sarana kacundhukkaken kaliyan serat-serat sanés ingkang pancén marsitakaken kawruh kasunyatan babagan kawicaksanan bab gégéyongnganing ngagesang. Wusana ingkang anurut namung matak mantrastuti :

“Rahayu wa sagung dumadi”

— titi —

¤¤¤

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s