NGILMU ka-ALLAH-an


NGILMU ka-ALLAH-an


Anggelaraken kawruh makrifat dhateng Pangéran, pangarangipun
awawaton kitab suci Kuran katandhing kaliyan iktidad
sanésipun kadosta : Kristen téyosapi, ngilmu klenik
tuwin sanés-sanésipun, dados serat punika ugi
anggelaraken panganggep : tri murti
menggah ing agami Kristen manunggal
menggahing téyosopi, makaten
ugi kekeraning para guru
ngilmu klenik, sadaya
wau katandhing
kaliyan mét
Islam.

ingkang ngarang :
MUFTI MUKHAMMADI

Mubalig sarta guru agami pamulangngan Mukhammadiyah
ing Surakarta

ingkang nyadé sarta ngedalaken :
SITI SJAMSIJAH

Boekhandel & Uitgeefster
Worosoesila & Noeroe’l – Islam
Mamba’oel oeloem
Solo – Java

1347 – 1859
1928

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir
Sidoarjo,  25 Februari 2018

@@@

[5]Bismillahi rahmanir rahim

 

Awit ingkang asma Gusthi  Allah Pangéran  ingkang Maha Mirah ing donya sarta  Asih ing akhérat.

Sadaya puji kagunganipun Gusthi Allah. salam sarta rahmat dalem Gusthi Allah mugi tetepa ing panutan kita Kangjeng Nabi Mukhammad SAW, nurul Islam sakula warga sarta para sakhabat sumarambahipun  dhateng para umat ingkang sami dados pandérékipun sadaya. Amin.

Sasasmpunipun ingkang kadya punika, nuwum mugi kawuningana : sampun dados kalimprahanipun sadaya manungsa, sanadyan ageng utawi alit punika saben-saben angucap : Allah, nyebut : Allah, nyuwun énget maring : Allah, tobat maring : Allah, sapiturutipun, ananging manawi kula waspaosaken ingkang sayektos awis sanget tiyang  ingkang manuh utawi sumerêp dhumateng ing Gusthi Allah. Mila karangan ingkang ceka[6]k punika mugi-mugi maédahi  utawi anggambelangngaken dhumateng para sadhérék ingkang sami taksih kapetengngan ing bab punika.

Sajatosipun angrembag prakawis : Allah, punika satunggiling babagan ingkang sakalangkung gawat manawikapléséd dados sasar utawi musrik inggih punika dosa ingkang ageng. Awit saking punika, mila manawi para maos maham dhateng ngilmu punika kedah sarana kaemataken kanthi weningnging panggalih.

Sajatosipun ngilmu ka-Allah-an punika warni-warni sanget para ngulami anggénipun sami nerangngaken, katerangan wau wonten ingkang maligi rarambatan dhawuhing Allah wonten malih ingkang kacundhukaken kaliyan ngakal, wondéné pirantos ingkang badhé kula anggé nerangngaken ing mangké punika, saking ayating Kuran inggih punika ayat ingkang kula serat wonten ing nginggil ungelipun :  Biismialla-h arrakhma-ni arrakhi-mi, lajeng kula runtutaken kaliyan katerangan ingkang bongsa ngakal (ngakliyah).

Ayat ing nginggil punika wonten gangsal tembung, inggih      punika :

  1. Bi tegesipun : kalawan atas awit,
  2. Ismi tegesipun : asma, jeneng.
  3. Alla-h tegesipun Allah, sesembahan ingkang sajatos,
  4. [7]Arrakhma-ni, tegesipun : Kang Maha Murah.
  5. Arrkhi-mi, tegesipun : Kang Maha Asih.

Saréhning kitab punika ingkang langkung parlu ngrembag prakawis Allah, mila ingkang kula terangngaken langkung rumiyin lafal ingkang kaping tiga, inggih punika : Allah.

Pitakénan :

  1. Allah iku sapa.
  2. Rupané kaya apa.
  3. Gedhéné lan ukurané sapira.
  4. Cacahé pira. Lan;
  5. Kapriyé kahanané.

Pitakénan gangsal prakawis ing nginggil punika awis-awis sanget tiyang ingkang saged anjawab, tarkadhang inggih wonten ingkang anjawab ananging angél katampi kaliyan ngakal, wonten sawenéhing ngulami anjawab makaten : Man ngarafa nafsahu fakad ngarafa rabbahu, cara Jawinipun : sing sapa weruh marang awakké, yekti weruh marang Pangéranané. Jawaban ingkang makaten punika sajatosipun patitis sanget amung kémawon kathah-kathahing panampinipun manungsa sami klintu, inggih punika sami nganggep bilih awakipun punika Allah. Allah punika badanipun piyambak déné rasul : rahsanipun piyambak, anggé[8]nipun mardéni makaten punika rékanipun inggih  mawi methik wawatonipun agami Islam mawi negesi shahadat, anggénipun mardéni makaten : ingsun anekséni, ora ana sesembahan kajaba panjenenganingsun lan ingsun  anekséni satuhuné Mukhammad  iku rahsaningsun.

Inggih makaten wau ingkang nuwuhaken tiyang gadhah iktidad Gusthi Allah punika : sun ingsun inggih ingsun badanipun piyambak,  katranganipun makaten : upami kula kapejahan anak dipun ungel-ungeli awon utawi dipun undhat-undhat ing ngasanés punika sinten ingkang susah, punapa wadhag kula. Punika sanés nanging ingkang susah wau inggih punika ingkang kawastanan : ingsun, limrahipun dipun wastani : Allah. ingkang makaten punika klitu sanget, tiyang ingkang gadhah kapitadosan makaten punika  ingkang kathah lajeng  tansah rékadaya anggénipun madosi ingsun sarana patrap ingkang warni-warni. Patrapipun wonten ingkang sarana kapéjét mripatipun dipun wastani soroggan, wonten ingkang sarana semédi sapiturutipun tur anggénipun madosi  sampun mawi ubarampén ingkang boten sakedhik wragadipun éwadéné anggénipun sampun ngilmu khak ing mongka sajatosipun namung saweg panyana. Déné panyana punika [9] boten kénging pisan-pisan katetepaken utawi kanggé papathokan.

Panyana punika saweg kanggé nyawa barang wadhag kémawon kerêp sanget kaplésédipun punapa malih kanggé  nyanyana  barang ingkang ghaib yén ta boten kaplésédda. Katranganipun makaten.

PANYANA KAWON KALIYAN : NYATA

Cariyos : ing ngalam donya punika ingkang misuwur ramé nagari Paris, ing  kitha ngriku pangtgénan tukking modhél-modhélipun panganggé cara kilénan, wanita sami misuwur éndahing warni. Kasenengngan ingkang anyenengngaken bongsa ném-néman boten kirang. Kithanipun rêja, marginipun saé sarta dipun tir (jobin) ingkang ngantos cemeng gilap manawi tiningalan, saurutipun pinasangngan dilah daléktris ingkang pajar sanget, ing pinggir rétép griya gedhong ingkang inggil-inggil, kathah sanget karéta motor ingkang langkung wonten ing ngriku. Wonten trémmipun ingkang alampah daléktris, saking kathahipun kréta motor ingkang langkung, boten kénging dipun cariyosaken : rêkaos sanget saupami tiyang saking sisih kiwa lumampah dhumateng ing sisih tengen.

Para maos punapa mangretos ingkang kula kajengngaken ing [10] cicriyosan kula ing nginggil punika. Kawuningngana : punika cariyos nyariyosaken kawontenanipun kitha paris, — para maos punapa sampun naté pirsa nagari Paris, — panginten kula déréng pirsa.

Ananging sanajan déréng pirsa,  sarêng kula nyariyosaken kawontenanipun kitha Paris kados makaten wau, para maos tamtu lajeng anggraita, sarta ing salebeting panggalih masthi lajeng anggambaraken utawi amujudaken wontenipun kitha Paris tarkadhang angunandika makaten : kayakké kutha Paris iku kaya mangkéné, kaya mangkéné ……….. salajengipun, sadaya tiyang ingkang maos cicriyosanipun kitha Paris ing nginggil punika tamtu ing manah inggih kacithakkan gambaring kitha Paris kados cicriyosan ing nginggil wau.

  • Satunggal-satunggaling para maos punapa sami anggénipun anggambar-gambaraken ing nginggil punika.
  • Sampun tamtu béda-béda.
  • Béda-bédaning panyana, panyananing para maos punika punapa saged plek kaliyan ingkang dipun gambar-gambar utawi dipun kandhakkaken wau (nagari Paris).
  • Punika tamtu boten sami, tamtu sulaya kaliyan nagarinipun Paris, manawi maibén kénging kantakkaken, [11] …………. tangéh yén samiya.

Katrangan ing nginggil punika wau kados sampun terang sanget bilih tiyang mirêng cicriyosan punika lajeng nyana wujuding barang wau, ananging panyana wau masthi sulaya kaliyan kanyatananipun, tur punika saweg kanggé anyana ingkang wadhag-wadhag kémawon punapa malih kanggé anyana manungsa sajatos mongsa dumugiya. Pancén manungsa sajatos punika golongan prakawis gaib.

Para maos ambok manawi inggih sampun naté mirêng utawi pirsa, kados pundi kawontenanipun ngilmu kasampurnan rak inggih warni-warni sanget tur punapa punika inggih lerês déréng tamtu. Malah kanggé kula malah saged netepaken tamtu kathah ingkang lepat amargi makaten wau sami kaliyan nalika para maos angandhak-andhakaken kawontenaning kitha Paris, punapa pangondha-andhanipun para maos  anggVnipun ngandhak-andhakkaken kitha Paris (ingkang déréng naté dipun sumerêpi) saged sami kaliyan kithanipun sampun tamtu boten, dados ing mangké terang sanget  bilih ingkang limrah dipun wastani guru kasampurnan punika sajatosipun inggih déréng sumerêp : Sun, déréng sumerêpipun sami kaliyan anggénipun déréng sumerêp kitha Paris ingkang déréng naté dipun sumerêpi. Dados manawi lajeng angondha-andha, sampu[12]n tamtu béda-béda, tur béda-bédanipun wau boten cocog kaliyan kawontenaning : Sun (manungsa sajat), sami kaliyan bédaning pangondha-ondha kita dhateng kitha Paris anggénipun boten saged angeplekki kaliyan kitha Paris.

Andharan kula ing nginggil wau wosipun kita sadaya boten kénging netepaken satunggaling prakawis ingkang mawi pathokan : panyana.@@@

Miturut ngilmu-ngilmu, sami amiterangngaken kawontenaning manungsa rinangkep badan kalih, inggih punika badan wadhag tuwin badan alus, badan alus asring dipun wastani : manungsa sajati, inggih ingkang limrahipun dipun wastani : sun inggih ingkang asring dipun sebut Gusthi Allah déning limrahipun tiyang ingkang sampun maguru dhateng guru, ingkang limrahipun dipun wastani : guru kasampurnan, ……. ananging wonten awisan ing ngatasipun guru ingkang mulangngaken punika, inggih  punika boten kénging nyebut : Sun punika Gusthi Allah, awit punika dados awisanipun para Nabi wali. Makaten sengadinipun.

Kathah sanget para bongsa kita Jawi ingkang kasasar kawruhipun klintu anggénipun mastani Gusthi Allah, tur manawi dipun lerêsaken terkadhang mastani dhateng ingkang nglerêsaken : bilih piyambakkipun (ingkang nglerêsaken) punika déréng dumu[13]gi, taksih cethék anggepipun anggénipun mastani : upami tiyang dhateng kraton déréng dumugi sitinggil, ingkang anggumunaken punika déné teka saged damel sirikan mawi nyariyosaken sirikanipun para Nabi Wali  barang, punapa sirikanipun para Nabi Wali punika makaten, ing mongka dhateng ingkang dipun wastani Nabi Wali kémawon déréng mangretos, manawi makaten punapa boten  namung panyana kémawon.

Wonten malih sadhérék kita Jawi ingkang kasasar ing margi, angsal wejangngan bilih Gusthi Allah punika : angen-angen para titiyang ingkang mangéran dhumateng angen-angen sirikan sanget mastani utawi ngucap : Ngen (ngapepet sigeg : na). Awit manawi ngantos angucap ingkang makaten panyananipun kanggep : nyamah dhateng asamanipun Gusthi Allah. Mila manawi nanggori tiyang  ingkang ngucap  ngen tiyang wau lajeng uluk salam ping tiga, anggénipun uluk salam wau inggih saking pakening gurunipun, manawi tiyang ingkang dipun ulukki salam wau ngantos kaping tiga meksa taksih nékad angucap ngen lajeng kapurih késah, amargi tiyang wau tétéla déréng tunggil guru (déréng naté maguru). Sajatosipun ingkang makaten wau manawi para maos karsa nyatitékaken anggujengngaken saget amargi akén uluk salam ana[14]nging babar pisan déréng mangretosipun : uluk salam ingkang mejang déréng mangretos ingkang dipun wejang inggih déréng mangretos, punapa makaten wau boten kalebet ing babasan : anut grubyuk weruhing rêmbug.

Wonten malih angen-angen dipun cariyosaken : leng. Dados tiyang ingkang sirikkan  mungel leng, manawi mungel : lengnga : boten purun lajeng kagantos lisah ………. salajengngipun, dhuh teka sajak dakik-dakik timen.

Wonten malih ingkang nerangngaken sampurnaning pejah, bilih bénjing sapecating nyawa saking badan wadhag punika ing ngriku lajeng wonten titiyang ingkang plek kaliyan badanipun piyambak lajeng kapurih ngetutaken, inggih namung makaten punika ingkang dipun anggep sampurna. Déné manawi badhé nyatakaken wujudan ingkang badhé kaetutaken punika kénging, kapurih ningali ing manik ing ngriku masthi wonten wujudan ingkang plek kaliyan badanipun piyambak sumerêpipun sarana pangilon.

Wonten malih ingkang nerangngaken : ing bénjing manawi sampun badhé pejah badhé kadhatengngan tiyang ingkang ing bathukkipun wonten cirinipun Alilmutaklimun wakhid inggih punika ingkang badhé nuntun ing kasampurnan.

Saya angujengngaken malih punika, manawi angerangngaken tembung Nga[15]rab tarkadhang mlésedipun tebih sanget dados kalintu, nanging anggepipun sampun sampurna, kadosta : nerangngaken panggénanipun Gusthi Allah wonten bétalmakmur, bétal mukharam bétal mukadas.

  1. Bétal makmur, tegesipun : jaman karaméyaningsun panggénanipun wonten ing utek.
  2. Bétal mukharam jaman pasengkeraningsun pangénanipun wonten ing jajantung.
  3. Bétal mukadas jaman pasuciyaningsun panggénanipun wonten santawising pringsilan.

Tegesipun ingkang makaten wau, punika manawi para maos anggatosaken langkung-langkung manawi sampun mangretos dhateng basa Ngarab sampun tamtu lajeng  gumujeng kapingkel-pingkel ingkang boten kéging kaampet, déné teges ing nginggil wau anggénipun nerangngaken makaten : nalikané manungsa mikir. Ingkono Allah lagi jumeneng ana ing bétal makmur. Tegesipun : uteg punika kangg nampi utawi mikir-mikir ramé, mila lajeng kawastanan : Allah jumeneng ana ing karaméyaningsun, manawi manungsa pinuju ngunandika, Allah mangandhap jumeneng ana pasengkeraningsun, anggénipun  damel pasaksén : manawi manungsa pinuju ngunandika, punika tarkadhang dipun celukki inggih boten mirêng, awit boten pinuju wo[16]ten ing bétal makmur, nanging pinuju jumeneng wonten  ing bétal mukharam, manawi manungsa pinuju sepen pamikir tuwin sepen pangunandika, Allah wonten ing pasuciyaningsun inggih punika wonten ing bétal mukadas, prakawis punika inggih lerês kawontenanipun pancén inggih makaten ananging anggénipun anggathuk-gathukkaken punika ingkang kalintu, paribasanipun : dudu-dudu berasé ditempuraké. Dudu gathuk-gathukké, digothak-gathukkaken. Kalintunipun : baital dipun wastani bétal, bait tegesipun panggénan almakmur, tegesipun : ramé. Punika lerês nanging panggénanipun sanés ing utek dados kalintu. Baital makmur, punika panggénan kiblatipun para Malaikat kalebet golongngan ngalam ghaib dados snés ing utek, manawi dipun tegesi wonten  ing utek punika klintu, sarta ing utek punika pancén sanés pangénanipun Gusthi Allah.

Bétal mukharam punika klintu, lerêsipun : baital mukharam, baital mukharam punika panggénan ingkang dumunung ing tanah Mekah, dados kiblitipun  titiyang Islam manawi sembahyang. Sapunika taksih, sarta kénging kanyatakeken dados manawi kategesan : jantung, punika klintu. Kajawi punika baital maukharam wau ugi sanés panggénanipun Gusthi Allah. Nanging [17] limrahipun sinebut baitullah. Tegesipun ingkang lerês : manawi baital mukharam ateges panggénan ingkang sinucékaken manawi baitullah ateges panggénan kagungnganipun Gusthi Allah.

Béntal mukadas punika klitu, lerêsipun : baitul mukaddas punika panggénanipun taksih, wonten ing tanah Syam (Juroesalem) kénging kanyatakaken sarta inggih sanés panggénanipun Gusthi Allah malih.

Cekakipun manawi ita purun angraosaken wejangnganipun para guru-guru wau, ingkang ngakenipun dados guru kasampurnan masthi kita lajeng saged nyumerêpi piyambak bilih wejangngan-wejangngan wau kathah-kathahipun sami lepat, lepatipun : déné sapisan andhosok tembung Ngarab kaping kalihipun anggénipun maléncéngngaken dhateng suraosing tegesipun tembung Ngarab wau. Dados namanipun boten anglenggahaken wonten ing panggénanipun piyambak-piyambak, mila para maos inggih kedah ingkang ngatos-atos sampun ngantos énggal-énggal angajengngi dhateng wejangngan ingkang akukudhung mawi tembung Ngarab, ngéngetana bilih sajatosipun para guru kasampurnan ingkang kaajak rêrêmbagan inggih déréng mangretos dhateng te[18]bung Ngarab, mila wasananipun sakalih-kalihipun inggih lajeng sami sasar.  Ingkang prayogi punika manawi ngrembag tembung Ngarab inggih kedah kaliyan tiyang ingkang mangretos dhumateng tembung Ngarab supados angsal papadhang. Éwadéné katrangngan ing nginggil  punika manawi kacocogaken kaliyan guru ngilmu kasampurnan rak inggih taksih saged mangsuli : kaya mangkono iku rak isih saréngat yén aku ora kaya mangkono, amarga aku bongsa khakékat dadi wus bongsa dhuwur. Iyah, kados laré, anggénipun boten purun kawon, saya mangké manawi ngrembag prakawis khakékat saya katingal banyunyak-benyunyukkipun amargi saweg ingkang nama saréngat kémawon lugunipun pancén déréng sumerêp, mila kula inggih gumun saget déné prakawis ingkang makaten kémawon teka sampun kaaggep ngilmi ingkang dakik-dakik sarta dados gegebengngan ingkang kineker sanget.

Para guru ngilmu kasampurnan punika manawi mejang pancén lerês sanget kadapur cangkrim-cangkriman makaten wau supados para muridipun sami anggregut dhateng ngilmunipun, nanging manawi sampun kawejang, pun murid kedah tutup mulut liripun boten kénging pitakén, manawi wonten ingkang pitakén lajeng kadumuk déréng dumugi, taksih cethék amrgi panampinipun kirang su[19]ci, mila para murid-muridipun ingkang kathah, déréng tampi utawi déréng mangretos kémawon cariyosipun sampun mangretos awut manawi boten makaten kuwatos ambok bilih dipun wastani cethék ……….. bodho, sapiturtipun, manawi sampun tampi, boten kénging kawedharaken dhumateng ngasanés kajawi ingkang tunggil guru. Punika wadosipun pun Kyai guru wau mindhak pejah tedhanipun awit manawi ngantos kawedharaken ngasanés tamtu lajeng boten wonten ingkang maguru dhumateng piyambakipun déning cekap lajeng angsal pitedah saking murid-muridipun, lah, lajeng nama mejahi sadéyan géndis téh.

Woten sawenéhing guru kasampurnan mastani Gusthi Allah punika : telu-teluning ngatunggal utawi : Tri Murti, inggih punika : Allah, Mukhammad rasul, Allah Mukhammad rasul punika boten kénging kapisah. Anggénipun angegesi :

  • Allah, tegesipun : urip inggih punika urip utawi gesang kita piyambah.
  • Mukhammad tegesipun : wujud inggih punika wujudipun piyambak.
  • Rasul tegesipun : rahsa, inggih punika rahsa kita piyambak, jumenengngipun gesang, anggénipun nembungaken : lembut ora kena jinumput agung angébekki jaga[20]d boten kajaba boten kejero, dzatipun anggénipun mastani : élok boten akontha, boten awarni, boten rupi, boten arah, boten enggén ……… salajengngipun.

Wawardén wau sajakipun anggénipun damel tatembungngan angracik sajak ngilmu ingkang inggil dakik-dakik gléthék pethélipun namung : hawa. Namung manawi nyebut hawa punika : Allah, punika boten kénging, anggénipun mastani sanés : hawa. Manawi dipun wastani suwung, anggénipun mastani : sajatiné isi. Harata, makaten punika punpa boten damel bingngung, tur punika lepat sanget anggénipun negesi tembung Ngarab, mila wejangnganipun para guru ngilmi klenik punika manawi dipun gega, rumaos kula katemahanipun malah adamel pejahing ngakal, déné tegesipun ingkang lerês tur barés kurés makaten :

  1. Allah, Mukhammad rasul punika sajatosipun tigang tembung. Allah : tembung Ngarab asal saking tembung : ilahun Jawinipun sasembahan, al-ilahu, kang disembah, pakecapanipun : Allah. dados Allah punika satunggaling dzat ingkang dados sesembahanipun makhluk, katrangnganipun ing mangké badhé katerangngaken ingkang sakalangkung panjang.
  2. [21]Mukhammad punika : asma, asmanipun Nabi ingkang dados utusaning Allah. Ingkang puputra Sayid Ngabdullah. Miyosipun wonten ing negari Mekah, kautusipun ing Pangéran kakarsakaken supados dados panutanipun tiyang sangalam dumugi ing dinten kiyamat.
  3. Rasul punika tembung Ngarab cara Jawinipun utusan.

Dados manawi Allah dipun tegesi urip, Mukhammad wujud: Rasul: rahsa, punika lepatipun terang kesangetan mila wejangnganipun guru ingkang makaten punika ngawur, tur numbuk-numbuk, boten mangretos punapa-punapa. Sawenéhipun guru, Mukhammad Rasulullah, punika dipun wardéni : Tri Murti (Drie éénheid, punika inggih ngawur malih. Tetembungngan ing nginggil punika saminipun : Mas Ngabéi Karyaduta gandhékké Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun, punapa punika kénging kawastanan tiga kempal dados satunggal (Tri Murti). Boten amargi wujudipun mung satunggal inggih punika namung : Karyaduta, ingkang dados utusanipun Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun.

Punapa Karyaduta kaliyan ingkang Sinuhun punika satunggal, klintu sanget, Mukhammad Rasulullah, punika cara jawinipun : Mukhammad utusané Gusthi Allah, wujudipun inggih namung satunggal : Mukhammad; thok, wondéné [22] Rasulullah, ingkang Jawinipun : utusané Gusthi Allah, punika dados katranganipun : Mukhammad, sami ugi kaliyan : gandékké Ingkang Sinuhun dados katyranganipun : Mas Béi Karyaduta.

Kados sampun sawatawis cekap anggén kula miterangaken sawatawis saking kekeraning gegebengnganipun para guru kasampurnan ingkang kekeran wau saged dipun kawedhar, manawi saweg wonten ingkang sumedya anjéréng mori pethak dalah uparampénipun.

Kawruh kekeraning para guru klenik (ingkang limrahipun dipun wastani guru ngilmi kasampurnan) punika wontenipun parlu kula beber ing ngriki, amargi pangangkah kula supados lilimbangngan yektos kaliyan sajatosipun ngilmu ka-Islam-an awit manawi kita sampun sumerêp yektos dhateng sajatining ngilmu ka-Islam-an ing ngriku kita masthi lajeng saged sumerêp kalepatanipun sadaya golongngan ingkang angrungkebi sanésipun agami Islam, kawuningngana, agami Islam punika angemot ngilmu ingkang inggil sarta dakik-dakik sanget, inggilipun wonten sanginggiling sadaya ngilmu, punika tumrap ngilmu punapa kémawon, dakik-dakikkipun déné anyakup tumraping lahir batos, para guru utawi Kyai ingkang ngakenipun dados guru ngilmu kasampurnan punika sajatosipun nganggé [23] ngilmu ingkang awur-awruan sarta boten nyata, satunggal lan satunggalipun manawi mejang kados  ménco ingkang angocéh boten wonten tegesipun, sadaya ngilmunipun ngilmu panyana, boten wonten nyatanipun, saking dayaning panyana, sampunmasthi kémawon ngimunipun para guru kasampurnan wau warni-warni. Rékanipun badhé anuju kasampurnan nanging sadaya-sadaya namung adhadhasar panyana, ingkang boten kénging kanggé pathokan, mila pangajeng-ngajeng kula dhateng para maos mugi sami ngungsed mempeng nyinau ngilmunipun agami Islam inggih punika ngilmu ingkang khak, lerês boten kénging kabantah. Sinten ingkang ambantah masthi kémawon awit ingkang ambantah boten nyata. Sapunika kados sampun wancinipun kula nerangngaken ngilmu Islam anegesi pangandikanipun ngulami ing ngajeng wau.@@@

MAN NGARAFA NAFSAHU FAKAD NGARAFA RABBAHU
(Sing sapa weruh marang awakké, yekti weruh marang Pangérané)

Islam ngilmu nyata, ngilmu khak ngimu kang cocog karo ngakal.

Pitakén ingkang kawitan : Allah iku sapa.

Badhé anjawab pitakénan punika, langkung rumiyin kula [24] kedah aniti badan kula ingkang nastiti, boten kalangkungngan, kula punika sinten cobi katakékaken dhateng sinten-sinten, mangké ingkang pratitis masthi amangsuli : kowé iku wong utawi manungsa. Pitakén malih : wong utawa manungsa iku apa. Kadadéyané saka apa. Wangsulanipun : manungsa iku titah kang tumitahé asal saka barang satétés kang anggilani, yaiku kang metu saka ing bapa. Banjur kalahiraké ing biyungngé. Mulané manungsa iku diarani : anakké bapakné lan embokné. Dadi manungsa iku asal saka bapa lan biyungngé. Miturut katrangngan ing nginggil punika sampun céplés bilih manungsa punika dadamelanipun bapa tuwin biyungngipun.

Wangsulan punika punapa para maos sampun marêm
(tafakkur sakedhap)

Para maos kita sadaya kedah angginakaken ngakal saha pikiran, manawi wonten tiyang ingkang ngucap : manungsa iku gagawéyané manungsa, punika lepat tur sanget, terangngipun makaten : saupami manungsa sasaged damel anak sampun masthi lajeng saged milih, batosipun : dak gawé anak lanang, sing bagus sing ambangun turut sing pinter, sing baut ngaji ………… sapiturutipun sakathahing …… sing ……!. Ananging punapa saged kadumugén O…, boten, ingkang kathah masthi [25] sulaya kaliyan pangontha-anthanipun, tarkadhang lah kosok wangsula.

  1. Kathah sanget tiyang ingkang nrajang agami, alampah jina. Nalika lampah makaten wau, pangangkahipun masthi sampun ngantos gadhah anak, éwadéné dumadakan lajeng wawrat, mkaten punika kalajeng terang amrantandhani bilih manungsa boten saged damel anak, ringkesanipun : boten kajeng gadhah anak dumadakan wawrat lajeng manak.
  2. Kathah sanget tiyang ingkang kajat gadhah anak ananging boten gadhah anak.
  3. Kathah sanget tiyang ingkang kajat gadhah anak jaler, nanging dumadakan sarêng gadhah anak : jebul medal éstri. Dados ing mangké sampun pratéla bilih manungsa sapunika boten saged damel anak.
  4. Manungsa sami kajat anak bagus ayu …………. éwadéné ingkang kathah sami nglairaken laré ingkang sulaya kaliyan ingkang dipun kajengngaken.
  • Sinten tiyang ingkang boten kajat dhamateng putra ingkang bagus utawi ayu, pinter, wasis prigel sapiturutipun.
  • Punapa sampun masthi kalampahan kajat wau. Punika awis sanget, tarkadhang malah nglahiraken ingkang ako[26]sok wangsul, saupami manungsa saged damel anak punika tamtu gadhah pamilih sakajeng-kajengngipun saminipun tukang badhé damel méja, punika tamtu lajeng damel wangun ingkang sakajengngipun punpa bunder, punapa pasagi, punapa alus sakajengngipun tamtu saged kalampahan awit saged andamel, sarêng manungsa punapa inggih makaten.

Sapunika kados sampun séléh, bilih kita manungsa sampunika sanés damelanipun manungsa. Lah, lajeng sinten ingkang damel badan kita punika, punapa wit ingkang ageng. Punapa brahala, punapa kuburan, O, punika apes sadaya, boten  saged damel, dumugi samanten manungsa lajeng mupus judheg boten saged anglajengngaken.

Sarêng sampun dumugi samanten kajudhegganing manungsa, ingkang damel manungsa saha angutus satunggaling manungsa ingkang kakarsakaken paring pitedah (rasul) kanthi pangandika makaten : Allah iku kang ngetokaken sira kabéh saka guwa garbaning biyung ngira, ora sumurup barang-barang. Ing kono Allah nuli masangngi pangngrungu, pandeleng lan ati, mangkono iku supaya sira kabéh padha sukur. Lah,  makaten pitedahipun rasul (Kangjeng Nabi Mukhammad) miturut pangandikanipun Pangéran ingkang [27] kasebut  ing dalem Kuran dados ing mangké pratéla bilih ingkang damel utawi nitahaken manungsa punika : Gusthi Allah, bilih Gusthi Allah punika ingkang menggah tiyang Paris mastani : Khudaya, tiyang Eropah mastani : Gods, tiyang Hindhu mastani : Pejaperti, tiyang Yahudi mastani : Yeuwah, tiyang Cina mastani : Thian, tiyang Malayu mastani : Tuhan, lan tiyang Jawi mastani : Pangéran kang sinembah sajati.

Ing mangké kados sampun terang sanget suméléhipun bilih ingkang damel kita manungsa punika asmanipun : Gusthi Allah. wondéné bapa biyung ing ngatasipun wujud kita, punika namung dados pirantos utawi lantaran kémawon, ing ngriki kula lajeng anjawab tuwin miterangngaken pitakénan ingkang kaping kalih, makaten :

GUTHI ALLAH IKU RUPINÉ KAYA NGAPA

Pitakénan ing nginggil punika  kénging kajawab kados ing ngajeng, makaten : Man ngarafa nafsahu fakad ngarafa rabbahu, yekti weruh marang Pangérané. Mila kénging  kajawab makaten amargi manawi manungsa badhé nyumerêpi rupinipun Gusthi Allah, punika cekap nyumerêpi dhateng badanipun piyambak, ing ngajeng sampun kula terangngaken bilih manungsa punika sanés damalanipun manungsa, nanging damelanipun Gu[28]sthi Allah. langkung rumiyin ing ngriki kula badhé anjéréng kawontenaning badhan kita. Kawuningngana, kita manungsa punika inggih kénging kapérang makaten :

  1. Badan wadhag;
  2. Wadhagging alus;
  3. Badan alus, tuwin;
  4. Alusing alus;

Badan wadhag punika kénging kaprinci-princi makaten : anggota, sirah, tangan suku, gembung …………,. Ugi kénging kaprinci-princi malih makaten : kulit daging, balung, manah, jantung, wadhuk rêmpelu, usus urat-urat ………… salajengngipun, pérangan punika kénging ningali saking kawruh bab manungsa, sajatosipun manawi manungsa punika namung makaten kémawon tamtu déréng cekap inggih punika masthi déréng saged ambédakaken awon lan saé, inggih boten saged susah, boten sagéd serik boten gadhah pamilih. Dados ingkang dipun betahi  (dipun kajati) punika masthi namung bongsa wadhag, ing mongka manungsa rêmen sanget dhumateng ngilmu ingkang bongsa alus-alus, punapa punika ingkang nampi inggih badan wadhag, tamtu boten, dados manungsa taksih wonten alusipun malih. Mila wonten ingkang  mérang malih ngantos sakawan prakawis kados ingkang sampun kasebut ing nginggil wau. Déné badan wadhaging alus limrahi[29]pun dipun wastani : jiwa. Jiwa inggih taksih kénging  kaprinci-princi malih makaten : kontha, warna, ambu, rasa, pangrasa, cipta, ripta, budi, angen-angen akal nalar, pikir, krenteg ………… salajengngipun, inggih pirantos kalih warni ( wadhag tuwin wadhagging alus) punika ingkang saged anggarap utawi nyumerêpi sadaya prakawis.

Manungsa dalasan pérangnganipun punika dadamelanipun Gusthi Allah dados ingkang sampun katerangngaken ing ngajeng. Lah, ing mangké lajeng sampun dumugi ingkang kula kajengngaken inggih punika : ingkang damel kaliyan damelanipun punika kedah béda.

  • Tukang kajeng saged damel méja. Méja punika tamtu boten sami kaliyan tukang kajeng.
  • Ingkang damel jam punika rupinipun masthi boten sami kaliyan jamipun, enz.
  • Makaten ugi ingkang damel manungsa, inggih punika Gusthi Allah, punika tamtu inggih boten sami kaliyan manungsa.
  • Ngalam saisinipun punika dadamelanipun Gusthi Allah. Gusthi Allah tamtu inggih béda ugi (boten sami) kaliyan ngalam saisinipun sadaya.

Ing mangké saya sampun terang malih, bilih kita punika sajatosipun  boten saged angandhak-andhakaken wujudipu[30]n Gusthi Allah. awit sadaya pirantos-pirantos ingkang dumunung ing manungsa, punika sadaya kalebet dadamelanipun Gusthi Allah.

Poncadriyaing manungsa punika saged saha pinter sanget saged aningali, abrit cemeng. Saged ngambet : wangi, banger, kecing. Saged mirêng sadaya suwara. Saged ngraosaken bongsa tetedhan, pedhes pait asin legi. Saged ngraos : bentér, asrep kasar, alus sapiturutipun, lah, ing mangké Gusthi Allah punapa inggih kénging kagrayang sarana poncadriya, tamtunipun boten awit ingkang kagrayang déning poncadriya dalasan poncadriyanipun pisan punika kalebet dadamelanipun Gusthi Allah.

Gusthi Allah béda kaliyan poncadriya, tuwin béda kaliyan ingkang dipun gambaraken poncadriya.

Makaten ugi pirantosing jiwa, punika saged anyipta, ngangen-angen angandhak-andhakaken samukawis ingkang langkung saking poncadriya. Punapa Gusthi Allah inggih sami kaliyan ingkang kagarap ing piprincéning badan alus punika kalebet dadamelanipun Gusthi Allah. Dados sapunika masthi inggih boten sami kaliyan Gusthi Allah.

[31]Manawi Gusthi Alah punika kénging kagrayang sarana poncadriya saha piprincénipun badan wadhagging alus tiyang ingkang damel arit rupinipun kedah kados arit.

Lah, ing mangké sampun kados terang, bilih kita punika sajatosipun boten  saged angambar-gambaraken nyipta, ngontha, ngangen-angen utawi manah-manah dhateng wujuding Dzat utawi sariranipun Gusthi Allah, amargi kita manungsa punika pancén boten dipun paringngi pirantos ing Gusti Allah. Sanajan makaten éwadéné anggén kita boten saged sumerép dhateng wujuding sariranipun Gusthi Allah, punika inggih boten nama apes jer kita pancén  sampun kapasthi makaten, anggénipun kapasthi boten  saged mabur, sarta peksi boten boten saged ngaléthak awit sima pancén inggih boten kasinunungan suwiwi ingkang mongka sarananing mabur, sarta peksi pancén boten kaparingngan siyung utawi bab ingkang kiyat kanggé angalethak.

Putusan, manungsa boten apes déning boten sumerêp dhateng Dzat utawi sariranipun Gusthi Allah sarana pirantos siyung.

Awit saking andharan ing nginggil punika, mila kita sampun ngantos karaya-raya kapéngin nyumerêpi ing sariranipun Gusthi [32] Allah, Jer Gusthi Allah punika sariranipun pancén boten kongang sinumerêpan déning pirantosing manungsa, ing khadis dhawuhipun Kangjeng Nabi Mukhammad (SAW) ugi wonten dhawuh panyembah makaten : Tafakkaru – pikhakilla-h, wala – tafakkaru – pi – dza – tih. Cara Jawinipun : mimikir-mikira titahing Allah, lan aja mikir-mikir marang sarirané. Ngéngeti dhwuh ing khadis punika saya terang malih, bilih sawantahing dzatipun Pangérang punika pancén  nyata boten  saged kasat mripat.

Ing mangké sasampunipun  kita anyumerêpi yakin bilih  dzat utawi sariranipun Pangéran punika boten kongang tiningalan utawi ginadug ing poncadriya kaliyan sawantahipun mila inggih anggén kita boten saged sumerêp dhateng dzat utawi sariranipun Pangéran kaliyan sawantahipun punika, wujuding makrifat kita kaliyan sajatosing makrifat ingkang sawantahipun.

Awit saking punika, mila manawi manungsa karaya-raya anggénipun mikir dhateng  sariranipun Gusthi Allah, punika tiwas nelas-nelasaken wekdal tur tamtu boten  dumuginipun, malah manawi wonten tiyang ingkang ngakeni : nyumerêpi dhateng sariranipun Gusthi Allah, mawi pirantos kados ingkang sampun kula terangngaken punika tétéla sasar, inggih makaten wau wujudipun tiyang ing[33]kang angegeggi panyana. Awit sifatipun Gusthi Allah punika : la-yukhayyafu, tegesipun : ora kena kinaya ngapa. Dhawuhipun Pangéran ing dalem Kuran makaten : laisa kamislihi syaik cara Jawinipun : Allah ora ana suwiji-wiji kang madhani. Dhawuhipun malih makaten : walam yakullahu kufuwan ahad cara Jawinipun : lan ora ana suwiji-wiji kang madhani Allah.

(Tafakkur sakedhap)

¤¤¤

 

 

RINGKESAN

Pitakén : Gusthi Allah iku sapa.
Wangsulan : Gusthi Allah iku kang anitahaké manungsa lan kabéh kahanan.
Pitakén : kaya ngpa rupiné Gusthi Allah.
Wangsulan : manungsa ora duwé piranti kang kanggo nyumurêpi rupiné Gusthi Allah, dadi ora weruh.
Pitakén : sapira gedhé lan ukurané Gusthi Allah.
Wangsulan : manungsa ora bisa ngirak-kirakaké marang kawontenané Gusthi Allah, awit manungsa pancén ora duwé piranti kanggo ngukur marang sarirané Gusthi Allah, dadi ora bisa.

Gusthi Allah wajib wontenipun manawi déréng terang, prayogi kawangsulan anggénipun maos katrangngan ing nginggil.

¤¤¤

CACAHING ALLAH

Tiyang Brahmana anékadaken bilih Gusthi Allah punika tiga :
Ha. Brahma, (Schepper) tegesipun : ingkang andadosaken.
Na. Wisnu (Onderhouder) tegesipun ingkang ngreksa.
Ca. Siwah (Verdelger) tegesipun : ingkang ngrisak.

Katranganipun makaten : sadaya kawontenan punika kawontenanipun tamtu boten mrojol saking tingang prakawis punika, liripun masthi karêgem ing ngatasipun tigang prakawis wau. Miturut kapitadosan punika, Gusthi Allah punika tiga. anggénipun damel upami makaten : manungsa punika waunipun boten wonten lajeng wonten, ingkang wontenaken inggih punika : Brahma. Sasampunipun wonten tamtu kajat dhateng ingkang ngreksa. Ingkang ngreksa inggih punika  Wisnu. Manawi sampun dumugi jangjinipun manungsa lajeng pejah (risak), ingkang mejahi tuwin ingkang ngrisak punika Siwah. Supados cetha kula pendhetaken upami malih makaten : sekar punika waunipun boten wonten lajeng wonten, ingkang ngawonten saha megaraken punika : Brahma. Salebetipun megar pu[35]nika kajat utawi betah dhumateng ingkang ngreksa, inggih punika : Wisnu. Manawi sampun dumugi titi mangsanipun lajeng anggégréggi. Ingkang anggégréggaken punika : Siwah namanipun, katrangngan punika sajakkipun plek pancén inggih makaten punika wontening sadaya prakawis inggih punika : sakawit déréng  wonten lajeng wonten, lastantun wonten sawatawis mongsa lajeng risak, ananging kawontenan ingkang kados makaten wau, punika menggah ing agami Islam sajatosipun : ingkang andadosaken ingkang angreksa, ingkang ngrisak punika namung satunggal, inggih punika Gusthi Allah piyambak, makaten ugi kawontenaning manungsa dipun wujudaken punika tamtu inggih wonten ginanipun makaten ugi anggénipun lastantun gesang sawatawis taun dumuginipun lajeng pejah, punika tamtu inggih wonten hikmah saha ginanipun, ing ngriki khikmah utawi pigunanipun wau, boten parlu kula terangngaken jer kawontenaning sekar punika ing ngatasing kapitadosanipun tiyang Brahman inggih sampun cekap kula anggé amiterangngaken malah punika ingkang saged gampil dipun tampi, kadosta : sekar punika sakawit déréng  wonten lajeng wonten, sawatawis mongsa lajeng megar. Sasampunipun megar, let sawatawis mongsa malih lajeng lajeng anggégréggi. Salebetipun makaten wau, sadaya masthi wonten khikmahipun inggih punika :

[36]Ing salebetipun sekar megar, pentil calon woh ingkang maksih kinemulan ing roning sekar, punika punika pancén taksih kajat sanget karêksa ing roning sekar wau, awit ing saupami pentil calon woh punika boten mawi kinemulan ing roning sekar langkung rumiyin masthi pentil wau boten saged badhé widada dados uwoh, awit boten saged kawawa nahan bentéring surya.

Ing nalika pentil calon woh sampun diwasa, inggih punika sampun kawawa nahan bentéring surya, ing ngriku ponang roning sekar lajeng anggégréggi. Inggih  anggénipun roning sekar lajeng anggégréggi punika ingkang anjalari pentil wau lajeng saged lastantun widada saged dados woh.

Miturut andharan ing nginggil punika ing mangké sampun terang sanget bilih dumadosing sekar, lestantuning megar tuwin anggénipun lajeng anggégréggi, punika saged aruntut gagandhéngngan (harmonis), mila kawontenan ingkang makaten wau ( déréng wonten lajeng wonten lestantun wonten lajeng risak) mratandhani bilih ingkang damel utawi ingkang nitahaken punika boten kalih utawi tiga, nanging namung satunggal, awit manawi langkung saking satunggal masthi malah lebur boten dados, kawontenan tiga sami kuwaosipun anguwaosi barang satunggal punika boten saget tumindak aw[37]t karsanipun tamtu cengkah. Satunggal andamel satunggal kajat angreksa, satunggalipun kajat angrisak punika punapa saged rukun, manawi rukun kedah wonten ingkang ngrukunaken, punapa boten makaten, dados cekakkipun : Gusthi Allah punika namung satunggal thil inggih ingkang angreksa sarta inggih ingkang angrisak, katitik saking kawontenaning sadaya dumados punika sami runtut agagandhéngngan, Gusthi Allah  babar pisan boten kajat kawulang utawi karukunaken , awit panjenengnganipun  namung satunggal tur ingkang Maha Kuwaos, dhawuh ing dalem Kuran makaten : kul huwalla-hu  akhad alla-hu samad lam ya-lid walam yu-lad walam yakullahu-kufuwan akhad, cara Jawinipun : (dhawuha Mukhammad) sajatiné Allah iku mung siji. Allah iku kang sineja (kang disuwuni samubarang) ora puputra lan pinutrakaké, lan ora ana sawiji wiji kang madhani (nyakuthoni) Allah. @@@@

¤¤¤

KAPITADOSANIPUN TIYANG KRISTEN
DHUMATENG GUSTHI ALLAH

Ing mangké kula nedya anglajengngaken niti-niti dhumateng kawontenanipun manungsa, kula tandhing kaliyan titah sanés-sanésipun, ing ngriku kula lajeng saged anetepaken bi[38]lih Gusthi Allah punika pancén Maha Adil sayektos kadosta : tiyang ingkang dumunung ing panggénan asrep inggih punika ing Eropah sisih lér, kaparingngan kapinteran ingkang cocok kaliyan panggénan ngriku. Makaten ugi kéwan ingkang dumunung ing papan ingkang asrep wau, kadosta : Abir, Baruwang lan sapanunggalanipun kaparingngan wulu kandel makaten punika supados saged sakéca utawi kuwawi gesang wonten ing panggénan ngriku. Kosok wangsulanipun tiyang  ingkang manggén wonten ing hawa bentér, kadosta : ing tanah Aprika, sami kaparingan kulit ingkang kandel sarta cemeng, makaten punika supados saged  kiyat ugi manggé wonten ing panggénan ngriku. Makaten ugi kéwan-kéwan ingkang dumunung ing panggénan bentér, kadosta : lembu, maésa, unta sasaminipun sami kaparingngan wulu ingkang awis-awis (pandhes) paédahipun  punika inggih  kajengngipun saged prayogi manggén wonten ing panggénan ngriku. Ulam toya ingkang abadan empuk sami kaparingngan kulit wulet utawi sisik ingkang kiyat, ulam mangsi ingkang ringkih kaparingngan panulak babaya, inggih punika mangsi. Samongsa wonten  ulam ageng ingkang andhatengngi, ulam wau lajeng ngedalaken mangsi ingkang saged ambuthekkaken toya, satemah mengsah boten saged angarubiru. Ulam ingkang wonten ing dhasaring saganten ingkang ing ngriku sampun bote[39]n kadhatengngan soroting surya, kadosta : Zee salamander, punika boten kaparingngan mripat ananging kaparingngan sungut (tas torganen) ingkang saged nyumerêpaken ing ngatasipun ulam wau. Pirantosing manungsa ingkang wonten salebeting badanipun manungsa,kadosta : utek punika pirantos ingkang rêmit sanget manawi ngantos kalebetan barang sakedhik kémawon manungsa saged ugi éwah éngetanipun, saking ngadilipun Gusthi Allah, Gusthi Allah ugi sampun amageri utek wau kaliyan pager ingkang kiyat sarta  santosa, inggih punika thothok (balung cumplung). Sajawining thothok akukulit wuled sarta katukulan rambut kajengngipun santosa. Jantung punika inggih satunggaling pirantosing manungsa ingkang rêmit sarta kados déné gumadhul ing ngriku inggih kalambaran pirantos ingkang empuk inggih punika kebuk kapageran malih balung iga ingkang  kiyat  supados manungsa saged prayogi gesangngipun, talingngan punika  pirantos ingkang parlu sanget manawi ngantos kalebetan punapa-punapa tamtu andadosaken kasangsaranipun manungsa. Ing ngriku sampun kaparingngan curak ingkang saged amejahi kéwan alitalit ingkang dumunung wonten ing ngriku. Mripat punika inggih pirantos ingkang parlu sanget tumrapipun manungsa, saréhning mripat punika ugi ringkih saget mila panggénanipu[40]n wonten ing rai, manggén wonten ing padhekokkan kajagi idep, samongsa mripat kénging rêrêged manungsa lajeng saged kedhép sarana idhepipun wau, dados angél kéngingngipun rêrêged, lan malih mripat wau sanginggilipun kapasangngan alis, déné alis punika kénging kanggé anulak samongsa wonten rêrêged ingkang bongsa toya, kringet upaminipun, cekakkipun manawi kula  ngandharaken hikmahing piprincéning manungsa saha titah sanésipun punika nelas-nelasaken  panggénan, wonten ing ngriku kula lajeng  saged netepaken pancén ingkang nitahaken  sadaya kéwontenan punika (Gusthi Allah) Maha Adil Maha Wicaksana, Maha Mirah tur Maha Asih. Mirah lan asihipun Gusthi Allah, déné kita kaparingngan pirantos ingkang kados makaten kawontenanipun, ing mongka kita boten rumaos damel saha boten rumaos nyuwun, wondéné ngadil saha wicaksananipun Gusthi Allah wau, punika anggéning anitahaken kawontenan ingkang mathis utawi cocok kaliyan mongsa tuwin panggénanipun kados katrangngan ing nginggil.

Sawenéh saking ngadil saha welas asihipun Gusthi Allah anggénipun paparing, inggih punika anggénipun boten ambédakkaken antawising kulit utawi bongsa. Sadaya bong[41]sa inggih sampun kaparingngan rusul (nabi utusan) dhawuh ing dalem Kuran makaten : wa lakad bangasyna – pi kulli Ummatin rasu – la –  (wa laqad ba’athna fi kulli ummatin rasulaan), cara Jawinipun : lan satemené Ingsun wus  angutus utusan ana ing saben-saben umat, para rusul wau ingkang anununtun dhumateng para umatipun supados para umatipun sami manggiha margi ingkang lerês ingkang tundonipun anarik  dhumateng kamlyan, kawontenanipun para umat inggih kathah ingkang nurut sarta lajeng tresna dhumateng  para rusul punika warni-warni sanget wonten ingkang kaladuk wonten ugi ingkang kirang. Para titiyang Kristen anganggep dhumateng nabinipun (Kangjeng Nabi Yésus of Ngisa Ngasa) kaanggep Gusthi Allah, inggih punika ingkang anjangkepi tiga-tiganing ngatunggil Yésus kaanggep Sang Putra.([1]) Samanten kaladukkipun.

Kawuningngana rusul punika kathah sanget sipating karusulanipun inggih sami. Éwadéné para titiyang Kristen lajeng ananacad dhumateng para rusul sanés-sanésipun kajawi Kangjeng Nabi Yésus piyambak, wonten malih rusul ingkang  malah boten kaaken kanabéyanipun inggih punika : Kang[42]jeng Nabi Mukhammad, panganggepipun Kangjeng Nabi Yésus suci piyambak sanésipun sami dosa. Ing mongka rusul punika, tumrap tiyang Islam anggénipun nganggep kanabéyanipun sami kémawon kasebut ing dalem Kuran makaten : la – nuparrinu baina akhdin min rusu – lih (laa nufarriqu baina ahadin min rusulih) : cara Jawinipun : kita ora ambédak-ambédakké rusulé Pangéran, dados Kangjeng Nabi Ngisa (Yésus) punika sami kémawon kaliyan para Kangjeng Nabi sanésipun.

Ing ngriki kula badhé anerangaken batalipun Kangjeng Nabi Ngisa (Yésus) anggénipun kaanggep  : Allah, ing para titiyang Kristen, kawuningngana, ingkang kasebut asma Allah punika kedah kagungngan sipat sakawan prakawis :

  1. Gusthi Allah punika satunggiling Dzat ingkang wajib kasembah, nanging boten nyembah dhateng sinten-sinten.
  2. Gusthi Allah punika kuwaos ing ngatasipun sadaya samukawis.
  3. Gusthi Allah punika ngilmunipun anglimputi ing sadaya kawontenan.
  4. Gusthi Allah punika boten ambetahaken dhateng samukawis.

Punapa Kangjeng Nabi Yésus punika kagungngan sifat ingkang kados makaten punika. Miturut Bibelipun tiyang Kristen piya[43]mbak Kangjeng Nabi Yésus punika boten kagungngan salah satunggil sifat sakawan prakawis wau. Tandhanipun :

  1. (Matéyus : 27:46) Watara wayah jam sanga mau Yésus anguwuh-uwuh seru, aturé : Eli, Eli, lama sabakhtani. Jawané : dhuh Allah kawula, dhuh Allah kawula, punapa thuwan anegakaken dhumateng kawula.Miturut cariyosing Injil Mathéyus ing nginggil punika terang sanget bilih Kangjeng Nabi Yésus punika sanés Gusthi Allah, awit mokal saget manawi Gusthi Allah teka taksih kagungngan betah, sarta susah manawi kategakaken.
  1. (Lukas : 5:16) Anangimh Yésus sumingkir menyang ara-ara samun andodonga.
    Miturut cariyos ing nginggil punika saya terang malih, bilih Gusthi Yésus punika sanés Gusthi Allah. punapa inggih Gusthi Allah taksih sumingkir, sarta andodonga. Gusthi Allah mokhal sanget bilih sumingkir saha andadodonga.
  1. (Lukas : 6:12) Nalika semono iku Yésus tindakmenyang ing gunung andonga, kongsi sawengi natas pamujiné marang Allah.Miturut ing nginggil punika saya terang gamblang, bilih Kangjeng Nabi Nabi Yésus punika pancén sanés Allah. Punapa inggih, Allah teka tindak dhumateng rêdi, andonga saha amumuji. [44]Manawi Gusthi Allah taksih andonga saha amuji, punika tamtu taksih kagungngan kabetahan mokal sanget manawi Gsthi Allah kagungngan kabetahan, Gusthi Allah bonten ambetahaken dhateng ing snés.
  1. (Yokhanan 5:30) Aku ora bisa apa-apa kang metu saka karêpku dhéwé, oléhku ngadili iku mirid saka pangrunguku, sarta adilé oléhku angrampungngi, awit kang dak gugu dudu pakarêpanku dhéwé, nanging karsané kang ngutus aku.Injil Yokhana ing nginggil punika nerangngaken bilih  Kangjeng Nabi Yésus punika sanés : Allah, nanging utusaning Allah. Sarta miterangngaken bilih anggénipun Kangjeng Nabi Kangjeng Nabi Yésus angadili saha angrampungngi  prakawis punika, sanés saking Kajengngipun piyambak nanging saking karsanipun ingkang ngutus inggih punika Gsthi Allah. kajawi punika ayating Injil punika ugi anedahaken bilih karusulanipun Kangjeng Nabi Yésus punika ugi sami kémawon kaliyan para rusul sanés-sanésipun, Kangjeng Nabi Mukhammad ugi sampun kapangngandikakaken Pangéran kados  ingkang kasebut ing dalem Kusran makaten : wama – yantiku nganil hawa – in huwa illa – wahyun  yu – ha (wama yantiqu anil hawa in huwa illa wahyun yuha). Cara Jawinipun : Mukhammad iku ora ngandika saka hawané, kajaba saka wahyu [45] kang wahyokakaké. Sapunika manawi Kangjeng Nabi Yésus punika kaanggep Allah, punapa inggih Allah dipun utus dipun wucal, kawuningngana, Allah sajatos punika boten wonten ingkang ngungkuli kaluhuranipun dados mokal manawi Gusthi Allah dipun wucal saha dipun utus.
  1. (Yokhanan 12:27) Ing saiki aru-hara bawaku, mongka becikké aku munjuk apa, apa munjuk : dhuh rama, thuwan mugi angentas kawula saking waktu punika. Nanging iku beneré enggonku ketekan ing waktu kang mangkéné iki.Miturut ayating Injil ing nginggil punika Kangjeng Nabi Yésus kajat dhumateng pangentasan sarta ngandhut kasamaran, punapa inggih Gusthi Allah kajat pangentasan saha kasamaran, Gusthi Allah punika nguwaosi ing samukawis, mokhal sanget manawi Gsthi Allah kajat dhateng ing sanés sarta ngandhut kasamaran.
  1. (Mathéyus 20:22, 23) Nanging Yésus mangsuli pangandika mangkéné : kowé padha ora sumurup apa kang kojaluk iku, apa kowé bisa ngombé ing tuwung kang bakal dak ombé, sarta anglakoni ing babtis kang bakal kapatrapaké marang aku. Unjukké sadulur loro mau : inggih saged.

    [46]
    Ngandikané Yésus : tuwungku iya bakal padha koombé, sarta babtis kapatrapaké marang aku, kowé iya bakal padha nglakoni, samono iku bakal angwenangngaké lungguhing kiwa tengenku, iku ora kawengku ing aku, ngakang bakal kaparingngan iya kang cinadhang déning ramakku.

Ayating Injil ingkang kasebut ing nginggil punika amiterangngaken malih, bilih Kangjeng Nabi Yésus punika ngunjuk utawi badhé ngunjuk sarta Kangjeng Nabi Yésus wonten prakawis  ingkang boten kawengku. Lah makaten punika punapa inggih Gusthi Allah. O…. sanés Kangjeng Nabi Yésus sanés Gusthi Allah, awit mokal sanget manawi Gusthi Allah taksih badhé ngunjuk punapa déné boten amengku sadaya samukawis.

 

  1. (Mathéyus 11:19) Balik tenakaning putraning manungswa nganggo mangan lan ngombé, ing kono calathuné : hara ta, wong grangsangngan kang karêm ngombé anggur, mitrané juru mupu béya lan wong dosa. Ananging kawicaksanan iku inganggep déning para putrané.Ing ayat nginggil punika miterangngaken malih, bilih Kangjeng Nabi Yésus punika dhaang. Mila manawi ngéngeti ayat ing nginggil punika, punapa boten saya cetha lepat manawi Kangjeng Na[47]bi Yésus punika kaanggep Allah. punapa inggih Gusthi Allah dhahar. Ah, mokhal.

    Manawi Kangjeng Nabi Yésus punika Gusthi Allah, tamtunipun rak inggih pirsa ing samukawis ing mongka Kangjeng Nabi Yésus piyambak sampun angakeni dhateng kaapesaning sariranipun piyambak inggih punika :

  1. (Markus 13:32) Déné mungguh dina lan wayah iku ora ana wong kang sumurup, sanadyan para malaékatkang ana ing suwarga iya padha ora sumurup, sanadyan kang Putra samono uga, kajaba mung Rama.Pancén sipatipun manungsa punika boten sampurna, sanés tatadhingnganipun manawi katimbang kaliyan Gusthi Allah. Sadaya prakawis punika ingkang pirsa langkung sampurna namung Gusthi Allah piyambak, ing Kuran ugi sampun andhawuhaken makaten : innahu – bi kulli syaiin basir –, cara Jawinipun : sanyatané Pangéran iku ngudanéni samubarang.

Samangké punapa ing dados wawatonipun pra titiyang Kristen anggénipun ngimanaken ka-Allah-anipun Gusthi Yésus, manawi para titiyang Kristen angimanaken bilih Kangjeng Nabi Yésus punika Allah, lah punapa boten nama titiyang ingkang boten netepi kitabipun piyambak amargi ing kitabipun sampun anerangngaken bataling ka-Allah-anipun Kangjeng Nabi Yésu[48]s, wonten ingkang nyariyosaken bilih Kangjeng Nabi Yésus punika Allah ingkang asasira manungsa. Punapa punika boten mokal ing ngatasipun Allah. Allah mokal saupami asarira manungsa. Awit manawi maketn Gusthi Allah manggén ing manungsa, ananging mokal manawi angalap enggén, manawi Kangjeng Nabi Yésus punika anggep : Allah ingkang sasira manungsa, yén makaten kitan kedah kénging netepaken : Gusthi Allah séda. Punapa Gusthi Allah kuwaos séda. Kuwaos séda, nanging mokal manawi Gusthi Allahapes lajeng punapa bédanipun kaliyan kita manungsa. Harak sami kémawon, tumrap titiyang islam boten purun mangéran kawontenan ingkang apes.

Cariyosipun tiyang Kristen : mungguh kang mangan lan kang ngombé iku harak manungsané, nanging Allahé harak ora. Ingkang makaten punika  lajeng punapa bédanipun Kangjeng Nabi Yésus kaliyan kita manungsa, ingkang kita manungsa punika inggih sapat manungsa, tegesipun inggih nedha lan ngombé, tilem sakit …….. enz. Ananging punapa roh kita inggihmakaten, dados manawi para sadhérék Kristes ang[49]génipun netepaken ka-Allah-anipun Kangjeng Nabi Yésus mawi wawaton ingkang makaten wau, boten kénging boten para titiyang kedah netepaken bilih kita sadaya punika Gusthi Allah.

Bok manawi para titiyang Kristen anggénipun netepaken ka-Allah-anipun Kangjeng Nabi Yésus punika, mawi waton ayat-ayating bibel ingkang anget sanget katampi kaliyan ngakal kadosta :

(Yokhanan 1:1) Nalika Sang Sabda ana, sarta Sang Sabda dumunung ing Allah, tuwin Sang Sabda iku Allah.

Cobi kagalih ingkang sayektos :  ungeling Injil Yokhanan makaten punika, punapa boten ambingungngaken, miturut katrangngan ingkang kasebut Sang Cabda punika : Gusthi Yésus, Gusthi Yésus dumunung ing Allah, nanging teka lajeng kasebut : Gusthi Yésus (Sang Sabda0, lah, punika punapa saged pinanggih nalar. Miturut ing nginggil punika Sang Sabda kaliyan Allah, punika harak piyambak-piyambak tegesipun Sang Sabda punika sanés Allah, sarta Allah sanés Sang Sabda. Punapa kita kapurih ambingungngi : Sang Sabda punika Allah, sarta Allah inggih Sang Sabda. Pancén ayating bibel punika kang ambingngaken, saweg saayat kémawon tarkadhang sampun pasulayan piyambak.

[50]PANGANGGEP TRIMURTI MENGGAHING AGAMA KRISTEN
(Telu-teluning Ngatunggal)

TRINITEIT OF TRINITAS

Titiyang Kristen sami nekadaken bilih usthi Allah punika satunggal thil nanging hauknum tiga, mila Allah lajeng kawastanan telu-teluning ngatunggal utawi satunggal hauknum titga. Dados manawi wonten tiyang ingkang sanés Kristen amastani bilih Allah-ipun titiyang Kristen punika tiga, punika dipun lepataken awit Allah namung satunggal nanging hauknum tiga.

Sadéréngngipun Gusthi Yésus (Ngisa) manjanma, ajujuluk : kalam (Sang Sabda). Sasampunipun Sang Sabda kalahiraken  dhateng ing donya, lajeng ajujuluk Yésus, Yésus punika tegesipun : panebus dosa. Anggénipun titiyang Kristen mastani makaten wau, miturut ungeling prajanjiyan énggal makaten :

(Yokhanan 1:1-3) Nalika purwa Sang Sabda ana, sarta Sang Sabda dumunung ing Allah, tuwin Sang Sabda iku Allah, iku nalika purwa dumunung ing Allah, samubarang kabéh dumadiné déning Sang Sabda. Lan samubarang kang dumadi, ora ana sawiji-wijiya kang ora didadékaken déning Sang Sabda. – Malih :

[51](Mathéyus 1:21) Sarta Maryam bakal ambabar putra kakung, iku konamakna Yésus amarga  iku kang bakal ngentas bangsané saka ing dosané. – Kajawi punika ugi ngalap paseksén saking prajanjiyan lami makaten :

(Nabi Yesayah 9:5) Déné ana bayi miyos pinaringngan kémarang tiga, ana putra siji pinaringngankémarang kita, pamisésa ingampil ana ing midhangngané, sarta asamané kasebut : juru pirêmbag Allah kawasa, rama langgeng, Rathu Salom.

Mirid punika mila titiyang Kristen lajeng netepaken bilih Kangjeng Nabi Yésus punika sampun kawecakaken wonten ing prajanjiyan lami, badhé kasebut : élok juru pirêmbag Allah kawasa, rama langgeng, Rathu Salom, kajawi punika titiyang Kristen ugi anyebut : roh dhateng Kangjeng Nabi Yésus makaten punika mirid :

(Purwaning Dumados 1:2-3) Bumi iku worsuh, sarta tanpa isi, tuwin telengngé kalimputan  ing pipeteng, mongka rohing Allah angrem ana dhuwuring sakéhé banyu. Allah tumuli ngadika : ana apapadhang. Banjur ana papadhang.

Awit saking punika mila titiyang Kristen lajeng nganggep Allah : telu-teluning ngatunggal inggih punika : Allah, Sang Sabda tuwin Roh. Utawi : Sang Rama, Sang Putra tuwin Roh Suci. A[52]wit prajanjiyan lami warta énggal wau boten amiterangngaken : Allah tiga, nanging Allah hauknum tiga. – Makaten punika kados :

(Mathéyus 28:29) Mulané kowé  padha lungaa, sarupané para umat padha anjingna murid amarga padha dibaptissi mungguh asmané kang Rama, kang Putra lan Roh Suci, kambiya padha diwurukki anetepi apa sabarang kang  wus dak paréntahaké marang kowé.

Ngéngeti ayat-ayating Bibel ing nginggil wau mila titiyang Kristen lajeng cariyos makaten : pancéna wong-wong Islam iku harak wis kudu ora mamang manéh marang iktikadé wong Kristen kang mangkono iku.  Apata wong-wong Islam ora angélingngi yén kahanan kita iku iya saka kumpuling badan wadhag nyawa lan pikiran, cobata, kasatitékna, iku rak iya telu, nanging dadi siji. Ora kena kapisah. Lan manéh wong-wong Islam padha mamang marang prakara telu-teluning ngatunggal iku apa ora jeneng nyulayani marang kitabé dhéwé (Kuran), ta, ing Kuran iya wus nyebutaké lan mupakati marang unén-unéning Bibel mau. (Zei Kuran surat waqiah ayat 60) Nahnu qoddarna baina kumul mauta wama nahnu bimas buqina, Ingsun bakal masthi pati ana ing antarani[53]ra kabéh lan Ingsun bakal ora kadhisikan, mirid ayat Kuran iki, apa wong Islam ora ngélingngi tembung : nahnung kang ana ing ayat  iku, awit nahnu ing kono iku jaman (meervoud) cara Jawané : aku kabéh, utawa yén ing tembung Malayu : Kita lan ing tembung Walanda : Wij. Nahnu jaman ing ngatasé tembung Ngarab iku sathithikké kudu wilangan telu. Mulané apa ora anggumunaké, yén Gusthi Allah iku ngandikakaké sarirané ngagem tembung : Nahnu. Yén nyata Allah iku amung siji thil harak ing ayat mau ora nganggo tembung : nahnu nanging : Ana, awit tembung ANA iku  cara jawané : AKU utawa Ingsun (mung siji). Yén mengkono ayating Kuran dadi uga wus pratéla netepaké, yén Allah iku telu, yaiku: Sang Rama, Sang Putra lan Roh Suci, awit mangkono iku katitik anggoné Allah ngandika ngagem tembung nahnu. ([2])

JAWABAN SAHA KATRANGAN

O, weruha, anggoné wong-wong Islam padha ora ngarêpi panganggep kang mangkono iku, jalaran wong Islam wus katog anggoné maham lan ngolak-alik tinemuning [54] pangolak-alikké, ing sajroning ayat-ayating Bibel iku akéh kang padha pasulayan sarta ora tinemu nalar. Apa iya, kitab kang ayat-ayaté akéh kang pasulayan iku isih sinebut, suci. Lan apa anggoné wus akéh kang padha pasulayan iku, ora jeneng wus diowahi déning manungsa. Saya cetha manéh : kitab prajanjiyan anyar iku jebul di pratélakake pipiridan kayata : mirid saking panganggitipun Yokhanan Mathéyus Lukas lan Markus, dadi yén mangkono bibel iku harak ora jeneng tus (tulén) saka Kangjeng Nabi Yésus nanging saka karangngané wong-wong mau kang banjur kapirid manéh.

Prakara telu-teluning ngatunggal iku babar pisan ora bisa tinemu ing nalar. Anggéné wong-wong Kristen padha nganggep telu-teluning ngatunggal mau, wong Islam ngarani : kaya déné kapeksa, déning ing Bibelé ana kang mratélakaké pituduh : telu-teluning ngatunggal awit saupama wong-wong Kristen iku gelem angempakkaké ngakalé, masthi ora bisa tompa.

Saupama Gusthi Allah iku aoknum telu, tamtu apes amarga kasebuté : Allah, gumantung telung prakara iku (Sang Rama, Sang Putra lan Roh Suci). Dadi saupama gothang saka salah [55] sawijining oknum banjir bathal anggoné sinebut : Allah, lan manéh dhéwékké iku harak ora ngélingngi. Lan Sang Putra iku uga dudu Sang Rama, lan dudu Roh Suci.

Wong Kristen ana kang gawé upama kaya déné : wadhag nyawa lan pikiran, iku satemené iya ora mathuk amarga iku uga kena kapisah, (déné boten telu-teluning ngatunggal), coba, manawa manungsa mati, iku bakalan pikirané apa isih dumunung ing wadhaggé. Masthi ora. Sarta manéh iku iya ora kena yénta diarani : telu-teluning ngatunggal, awit wadhag iku dudu nyawa, lan wadhag iku uga dudu pikiran, mangkono uga pikiran iku uga dudu nyawa.

Apa ora angguyokaké manéh, barêng nganggo methik ayating Kuran banjur benyunyak-benyunyuk kaya ing ngarêp mau, awit anggone negesi tembung nahnu ing ayating Kuran mau satemené kliru. Siré mengkono karêpe kanggo netepaké kapracayané kang kliru iku, ing mangko katrangngane tembung nahnu kang diagem ing Pangéran ing ayat mau mangkéné :

Tembung nahnu ing ayat Kuran mau, iya bener jamag utawa utawa meervoud. jamag utawa mervoud ing ngatasé tembung [56] Ngarab sathithikké kudu wilangngan telu, iku iya bener, nanging iku harak ing ngatasé tembung nahnu kang tegesé : aku kabéh, Kita utawa Wij, balik tembung nahnu mau kanggo tetembungnganing dhawuh (saking paprérahan) dadi tembungnahnu ing ayat mau ora ateges kudu wiwilangngan telu, nanging tetep siji, kaya déné bongsa luhur kang nyebutaké sarirané marang ing sor-sorané. Mangkono iku upamané kaya déné : Sang Rathu ngandika marang  kawulané, iku iya ngagem tembung : nahnu Kita utawa Wij, bab iku wus kaseksén ing bau sastra karangngané Tuwan H. C. Klinkert yéntembung : nahnu Kita utawa Wij, iku ora ngemungngaké ateges aku kabéh baé. KITA. 1K. Wannermen uit hoogte spreekt of in brien aan gelijken.

Mrid katrangnganing bausastra karangnganing Tuwan H. C. Klinkert iku, dadi Gusthi Allah ngandika ngagem tembung : nahnu, iku wus samasthiné, jalaran Gusthi Allah iku Dzat Kang Maha Luhur.

Sumurupa, Gusthi Allah iku mung sawiji, sarirané ora pépérangngan lan uga ora wiwilangngan utawa ora aoknum,         awit :

  • Samongsa Gusthi Allah iku apépérangngan dadi Gusthi Allah masthi gumantung ing pérangngan-pérangngan mau. Kang mangkono iku mokal banget.
  • [57]Samongsa Gusthi allah wiwilangngan karsané tamtu cengkah.
  • Samongsa Gusthi Allah aoknum dadi Gusthi Allah banjur gumantung ing oknum-oknum mau. Kang mangkono mau iya mokal.
  • Samongsa kahanan iku dumadiné gumantung ing liyané, iku banjur nyababaké yén kahanan iku apes ………. lah yén mangkono Gusthi Allah apa iya apes, ora pisan-pisan, lan apa kita kena ngarani Gusthi Allahé wong Kristen iku apes.

Gusthi Allah wus dhawuh ana ing Kuran mangkéné : kul huwallahu ahad : (dhawuha mukhammad) Allah iku mung siji. Dhawuha mané : lau kana fihima alihatun illallahu lafasa data fasubhanallahi robbil arsyi ‘amma yasifuna : saupama ing bumi langit iki ana Pangéran-Pangéran saliyané Allah, masthi bumi iki rusak, awit saka iku Maha Suci Allah kang mangérani ngaras saka anggoné nipati wong  kang padha musrik, dhawuhé manéh : watakhazu min dunihi alihatan la yakhuluquna shaan wa hum yukhulaquna wa la yamlikuna li anfusihim duarran wa la nafaan wa la yamlikuna mautan wa la ha[58]yatan wa la nusuran – wong akéh padha gawé pupundhén saka saliyané Allah,pupundhén mau ora bisa gawé apa-apa, malah digawé. Sarta pupundhén mau ora padha gawé kamlaratan lan ra bisa  awéh manfangat lan ora nguwasani pati, lan ora nguwasani urip sarta ora bisa nangékkaké.

Menggah katrangan jawaban ing nginggil punika kados sampun  cekap mila mugi dipun gatosna ugi déning para sadhérék Kristen.

TEYOSUPI LAN ISLAM

Ing tiyang golongan teyosupi sami ngakeni, bilih teyossupi punika lugu namung kawruh. Teyossupi punika saking kalih tembung : inggih punika saking téyos lan supi. Téyos tegesipun : Panéran (Allah), supi, tegesipun : ngilmu. Dados tembung téyossupi punika tegesipun ngilmunipun Gusthi Allah.

Sampun samesthinipun sadaya ahli agami punika sami anggondhélli kekah dhateng agami sarta kapitadosanipun piyambak-piyambak kadosta : titiyang agami Kristen punika masthi gadhah panganggep lepat dhateng para ahli agami sanési[59]pun makaten ugi titiyang agami Buda, punika masthi inggih anglepataken dhateng ahli agami sanésipun ugi, lan titiyang Islam  sampun masthi inggih makaten, enz éwadéné wawasan saking téyosupi makaten :

Pasulayan prakawis : iktikadding agami punika boten prayogi sanget amargi titiyang ingkang sami pasulayan prakawis punika, tétéla manawi déréng  sami dumugi ing sajatosing khakékat,  makaten punika kénging kaupamékaken : titiyang ingkang sami ningali surya, angnganggé kaca mripat ingkang warni-warni, tumrap tiyang ingkang nganggé kaca mripat biru, punika sampun masthi surya ingkang dipun tingali wau, inggih katingal biru, makaten ugi titiyang ingkang nganggé kaca mripat ijem suryanipun inggih katingal ijem makaten sapiturutipun, ngengeti punika terang bilih titiyang ingkang sami ahli agami punika pancén déréng dumugi sadaya, inggih punika taksih kandhek wonten  ing kaca mripat déréng dumugi sajatosing khakékat uthak-utheh namung taksih wonten ing saréngat, dados saupami carakan makaten déréng dumugi : nganipun, ing saupami para ahli agami punika purun ambikak kaca mripatipun sampun masthi sumerêpipun dhateng surya. Lajeng boten biru utawi ijem nanging pethak, punapata ingkang saged ambirat kaca mripat wau.  [60]Boten sanés namung kawruh teyossupi. Mila boten nama kaladuk bilih kawruh teyossupi wau kawastanana : ngilmu kasunyatan utawi kasampurnan, awit saking punika, mila inggih namung ngilmu teyossupi punika ingkang saged ambikak utawi angresikki sarta nyaring sadaya agami.

Téyossupi punika kanggé sadaya bongsa tuwin sadaya agami wonten ing pundi-pundi jaman sarta panggénan, lah makaten wawasanipun golongngan  téyossupi.

Kawuningngana, ing ngajeng golongngan téyossupi punika miterangngaken bilih  téyossupi punika : ngilmunipun Gusthi Allah, dados tétéla golongngan téyossupi punika sadaya namung adhadhasar kawruh. Boten gadhah wawaton (kitab suci) ingkang maton, menggah wawasanipun para ahli agami, agami punika ingkang dados delegging sadaya kawruh, mila sadaya kawruh punika sampun masthi kawengku ing agami, boten teka kawruh ingkang mengku agami. Terangngipun malih : agami punika mengku sadaya kasunyatan utawi kasunyatan punika winengku ing agami.

Golongngan téyosupi  cariyos malih, bilih sadaya agami punika sami, lirripun sami nuju dhateng kasuciyan tuwin dhateng Pangéran, cariyos ingkang makaten  punika manawi ingkang cariyos punika tiyang ingkang sampu[61]n nyumerêpi dhateng sisipatanipun sadaya agami, punika saged tumindak wangsul golongngan téyossupi boten makaten, saweg : hanacaranipun agami satunggalé mawon déréng wanuh, punapa malih sadaya agami. Éwadéné  anggepipun sampun dumugi ing khakékatipun sadaya agami. Mila panganggepipin dhateng  ahli agami, kawistara sanget anggénipun nyapélékaken.

Sajatosipun manawi dipun waspaosaken sayektos anggénipun golongngan téyossupi gadhah cariyos kabéh agama iku padha baé, punika harak namung tabet saking ngaling-alingngi anggénipun  sedya boten angajengngi dhateng sadaya agami. Bab punika nyata ananipun saged katondha dhateng satunggal-satunggalipun golongngan téyossupi , inggih punika boten wonten agami satunggal kémawon ingkang dipun lampahi.

Déné golongngan téyossupi anggénipun cariyos : kabéh agama iku becik padha nuju marang  Pangéran punika inggih lerês nanging piyambakkipun boten angéngeti bilih panganggepipun para ahli agami dhateng Pangéran punika sami béda-béda. Malah golongngan téyossupi piyambak punika ugi sampun béda anggénipun anyipati kaliyan para ahli agami.

[62]Sawenéh saking cariyos malih. Téyossupi punika dipun anggep : ingkang ngempalaken  sadaya agami. O, punika kacélik sanget : yén tétossupi punika nipisaken imanipun para ahli agami dhateng agaminipun punika kapara nyata. Tandhanpun kathah sangét bongsa kita Jawi (Islam) ingkang suwau purun anglampahi ngibadah, nanging sarêng kalebetan kawruh téyossufi lajeng sungkan, kajawi punika kapara ahli agami ugi sami gadhah wawasan bilih golongngan téyossufi punika sajatosipun malah mewahi wicalaning golongngan, yén ta golongngan téyossufi punika gadhah panganggep bilih téyossufi punika ingkang ngempalaken sedaya agami. Para ahli agami piyambak inggih gadhah panganggep bilih namung sarana agaminipun piyambak-piyambak punika, ingkang saged angempalaken sedaya golongngan, makaten ugi tuwuhipun agami Islam pancén makaten punika dhasaripun, bab punika kénging katitik ing Serat Babad Islam ing nalika angeng-agengngipun titiyang Yahudi kaliyan Nasara (Kristen) panuju darêdah prakawis agami.

Lan malih golongngan téyossufi ugi gadhah ucap-ucapan makaten : kabéh agama bisa klebu marang téyossufi. Tumrap agami sanés punika ku[63]la boten sumerêp éwadéné kula inggih jadhah kayakinan bilih agami ingkang sanésipun Islam kadosta : Kristen punika pasthi boten saged kalebet ing téyossufi, makaten punika kadon (kados) déné agami Islam anggénipun boten saged kalebet ing ngriku, awit manawi tiyang Islam  kalebet ing ngriku, punika lajeng kapeksa kedah nékadaken : wontenipun tumimbal lair, ing mongka ing agami Islam (Kristen ugi) sami boten angwontenaken kapitadosan : tumimbal lair. Déné kapitadosan Islam : gesang punika namung sapisan  pejah inggih namung sapisan, manawi gesangngipun wonten ing donya sapisan punika boten saged netepi khakékatipun Islam pejahipun inggih badhé cilaka, langgeng ing salami-laminipun, saya manawi ngantos manahipun kalebetan : iktikad tumimbal lair, punika lajeng pecat imanipun, amargi iktikad tumibal lair punika léréggipun amukirri dhateng wontenipun suwarga naraka (ingkang sampun dipun nas ing kitab suci Kuran) sarta badhé angéca-éca anggénipun ngamal.

Dumugi samanten kados cekap panjawab kula dhateng masalahipun golongngan  téyossufi anggénipun  angéngingngi golongngan Islam, mila boten parlu kula panjangngaken malih, awit bakuning wigatosipun serat punika : praka[64]wis : ka-Allah-an, wondéné kados pundi ka-Allah-anipun golongngan téyossufi, punika para maos badhé saged pirsa piyambak kados pundi dunungnging kawruh panunggal ingkang badhé kula aturaken ingkang ing ngriku dados pagedhonganing ngilmu : ka-Allah-anipun.

MANUNGGAL UTAWI KEMPALING KAWULA GUSTHI
(Menggahing Téyossupi)

Ing sakdéréngngipun kula anerangngaken manunggal menggahing téyossupi, langkung rumiyin ing ngriki kula parlu nerangngaken tegesipun tembung Ngarab Al-wikhdah sarta Al-kulul:

Kawuningngana : Alwikhdah, punika tegesipun campur dados satunggal upaminipunkados déné campurring sarêm ingkang  kacemplungngaken ing saganten, déné ahkhulul punika tegesipun ingkang satunggal angaslupi satunggalipun upaminipun kados déné sajeng ingkang wonten  ing gelas punika manawi kasawang saking ing jawi, ical gelasipun dados ingkang  katingal wonten  namung sajengngipun.

Menggah katerangnganipun tembung manunggal punika warni-warni, miturut buku-buku karangnganipun ahli panunggal punika sami gadhah kapitadosan kados ing ngandhap punika :

  1. Ing sakdéréngipun ngalam punika gumelar, punika ingkang [65] wonten namung lebu ingkiang sakalangkung lembat (protoplasma) lebu punika dipun wastani dzat, inggih dzat punika ingkang dipun anggep dados kamulaning sadaya ngalam, mila anggénipun Gusthi Allah anitahake ngalam punika, babakalanipun inggih  saking dzat wau. Dumadosipun kanthi pangandika : KUN, dados sanajan Gusthi Allah piyambak manawi miturut kapitadosanipun tiyang ingkang gadhah gegebengngan makaten punika, inggih boten saged anitahaken barang tanpa babal Maskipun Allah, ta’ bisa menitahkan barangyang zonder bakal ([3])Sanajan Dzat sarta Allah punika sami wonten piyambak-piyambak nanging kalih-kalihipun punika dados satunggal, awit saking punika para ahli panunggal wau lajeng mastani : Dzat sarta Allah punika : Sang Satu utawi Sang Hyang Tunggal, mila manawi dipun pitakéni : Manakah zat Ilahi itu? Wangsulanipun : “Adapun Zat Illahi itu gumelarnya alam dunia ini.”

    Saréhning Dzat Ilahi punika kaanggep kempal dados satunggal dados manawi barang punika pecah, punika ing saben pecahan kedah wonten ahlinipun, lah makaten  punika punapa boten mokal.

    [66]Sawenéh ing guru ahli panunggalan wau makaten : ngainama – tara – dza – tuma – la – tara -. Jawinipun balagerré kang siro tonton iku dzatté kang ora sira tonton, sawenéhnipun guru ahli panunggal malih, nglepataken utawi anggorohaken dhateng titiyang ingkang gadhah panganggep bilih ingkang gumelar punika kados Allah. nanging sarêng wonten ngulami ingkang mitakéni : lah sing goroh iku sapa.lajeng kéndel (boten saged mangsuli). Kajawi punika titiyang ingkang anggadhahi kapitadosan makaten wau, ugi anglepataken dhateng titiyang Kristen lan tiyang-tiyang ingkang nyembah brahala. Anggénipun anglepataken : déné teka ingkang dipun anggep Pangéran punika namung Yésus utawi namung brahala kémawon ing mongka sadaya barang ingkang gumelar punika : Pangéran.

    Ngéngeti kapitadosanipun golongngan punika, dados sanajan barang ingkang saru utawi anggigokaken punika inggih : Allah, Allah, awit punika ugi nunggil kaliyan : Allah. manawi makaten dados barang ingkang makaten wau, pancénipun inggih kedah dados sasembahanipun.

  1. Ing Serat Rama Kresna nyariyosaken makaten : ……………. iku ora ana bédané karo rêca uyah kang ginawé, paksa arêp anjajaggi piro jeroning sagara. Sa[67]jroné nglakoni pakarti iku, awakké luluh dadi banyu sagara, temah sirna sipating arca. Mangkono uga wong kang arêp ngawruhi kahananing Allah, wus masthi bakal sirna sipating kamanungsan banjur nunggal dadi siji karo Allah.Mirid cariyos ing nginggil punika, dados tiyang ingkang boten marduli dhateng kawontenaning Allah, punika inggih déréng nunggil saedzat kaliyan Pangéran, mila para titiyang ingkang ngudi dhateng Allah ing sadéréngngipun bebles punika inggih déréng nama : manunggal, dados manawi makaten lah, sinten ingkang nitahaken manungsa. Manawi titiyang ingkang anggadhahi kapitadosan makaten punika mangsuli : Allah …….., lah, punapa toya saganten damel rêca saking sarêm.

    Kawuningngana, sumebaring kapitadosan ingkang makaten punika, punika ingkang sajatosipun anjalari : titiyang lajeng sungkan ngibadah, sart boten  amraduli dhateng batal lan kharam awit rumaosipun  sampun sampurna, sampun dados Allah, bathal kharam sampun kadarbé.manawi pangakenipun wau pancen nyata, nanging kénging punapa déné piyambakkipun teka namung nindakkaken barang ingkang  dados pakarêmaning hawanipun kémawon, lan kénging punapa manawi kataman suker sakit teka taksih ngadhuh sarta sasambat dhateng Gusthi Allah. ing mongka Allah inggih badhanipun piyambak.

  1. [68]Rama Kresna anyariyosaken malih : Jiwa kang kinunjara iku : manungsa. Kang wus luwar, ora ditaléni manéh, iku Allah.Ngéngeti cariyos punika, lah, sadéréngngipun manungsa punika tumitah, Allah dumunung wonten pundi, punapa saweg kakalangngan makaten ugi sasampunipun jiwa luwar boiten tinangsulan, amargi wonten paran kedah wonten sangkan, kajawi punika wawarah wau anerangngaken bilih Allah punika wonten déné ingkang kawastanan Allah, punika jiwa ingkang sampun oncat saking badan wadhag, manawi makaten punapa Allah lajeng wiwilangngan miturut cacahing manungsa. Manawi pitakén punika dipun wangsuli : sadaya jiwa badhé dados satunggal lah sadéréngngipun jiwa sadaya uwal saking kunjara, punapa Allah déréng sampurna.
  1. Dongéngngipun tiyang téyossupi saking Pérsi : wonten tiyang madosi Allah, pinanggih wonten ing manahipun piyambak, mila tiyang wau lajeng anyakem ungel-ungelan Ngarab : kalbul mukmin baitullah. Dipun jawékaken : ati wong mungmin iku padalemané Gusthi Allah. teges makaten punika netepaken : Alkhulul boten : Alwihdhah (manunggal), manawi dongéng punika dipun tampi walaka, netepaken bilih Allah punika [69] manggén ing mongka lerêsing pikajengngipun tetembungngan Ngarab wau makaten : tiyang mukmin punika sadaya tandang tandukkipun namung tansah dados kaparêngngipun Pangéran.

Ing ngajeng sampun kula terangngaken bilih panunggal punika warni-warni, nanging ingkang umum amastani : bilih ingkang asma Allah punika gumelaripun ngalam saisinipun punika, makaten wau mirid ungel-ungelan basa Inggris makaten :

SPEAK NOT ILL THA UNIVERSE, I AM THE UNIVERSE. Jawinipun : aja nacad sakabéhing kahanan, Ingsun iki sakabéhing kahanan, déné ungel-ungelan  kados makaten punika, anggénipun anggabaraken kadi déné ombaking saganten, kita punika ombakipun déné Gusthi Allah : sagantenipun.

Wawarh ing nginggil punika manawi katampi walaka genah lepatipun Gusthi allah, katitahaken mawi khikmah ingkang inggil tur tata lan saé. Sanajan lahiripun wonten ingkang awon (menggah manungsa) nanging punika sajatosipun saé (menggah ing Gusthi Allah). dados manawi kita mastani awon dhateng salah satunggaling titah, punika saking anggén kita déréng sumerêp dhateng khikmahipun Gusthi Allah.

[70]Lafadz : la – ilaha illallah, punika tegesipun : ora ana Pangéran kajaba Gusthi Allah. lafadz ingkang wonten ing Kuran kados makaten punika, menggah ing tiyang ahli panunggalan dipun lepataken awit panggepipun lafadz ingkang makaten punika taksih mengku teges bilih sanésipun Allah, punika taksih wonten malih Pangéran sanésipun, déné menggah titiyang wau, lafadz wau lerêsipun : laisa illallah, tegesipun ora ana, kajaba Allah. Harata, tiyang ahli panunggalan wau harah malah  anglepataken Kuran (kalamullah), pangandikaning Pangéran, (nangudzubillahi mindzalik) dhuh Allah mugi Thuwan nebihaken ing kula saking prakawis punika.

Awit saking ahli panunggalan wau, anganggep bilih lafadz la – ilaha illallah punika lerêsipun  laisa illallah, dados titiyang ingkang makaten wau manawi dzikir, kawitaning dzikirripun inggih : laisa. Mila titiyang wau lajeng kawastanan ugi golongngan laisiyah.

Manawi andharan ing nginggil wau kapratitisaken yektos kanthi lalambaran kalerêsaning budi landheping pangraos  masthi lajeng pratéla bilih gegebengngan ingkang makaten wau tétéla abakah (sulaya) kaliyan wawarahing  agami Islam, agami Islam sampun nerangngaken bilih ingkang gumelar punika sa[71]nés Allah, nanging titahioun.

Dumugi samaten pangarang kula Kitab Ngilmu ka-Allah-an kula sampuni, lalajengnganipun malih inggih punika ka-Allah-an jilid kaping kalih, nama Kitab Makripat anggelarraken  babaring ngilmi saréngat Tharékat saha khakékat makaten ugi wohing makripat tuwin sanés-sanésipun, wasana mugi kitab punika lajeng dadosa susulang ing ngatasipun sadaya manungsa, ingkang nedya sami ulah kasampurnan satemah samiya angungsed dhateng ngilmu sanyata, inggih punika ngilmuning agami Islam ingkang minulya, terang suci saking Allah tangala. O.

Tamat

[1]   Titiyang Kristen sami gadhah kapitadosan bilih Gusthi Allah punika tiga-tiganing ngatunggal inggih punika : Sang Rama, Sang Putra tuwin Roh Suci.

[2]     Mirsanana serat kabar Pertandaan Zaman │Serat kabaripun tiyang Kristen│ No.3 ingkang medal wulan Maret 1925 taun XIV, kaca 26-27 sarta 28.

[3] Mirid buku Ilmu kenyataan karanganipun R.M. Koesoemodirdjo,  Djokerta Loge, bladz. 8

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s