SERAT PITUTUR JATI


SERAT PITUTUR JATI

Babon asli saking swargi Kangjeng Pangéran Harya Purba Nagara,
Bupathi Wadana monca nagara Kadhiri

Serat punika amitedahaken pratrap tindakkipun
Manungsa gesang wonten ing dunnya, miturut
Dhawuh wawarahipun Kangjeng Nabi
Mukammad Kangjeng Susuhunnnan
Bonnang, tuwin Sri Bathara Wisnu
Dhateng para sakabattipun .

Cithakkan kaping kalih

Kawedallaken sarta kasadé dénning:
Toko buku : Tan Kun Swi
Ing Kadhiri
1923

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 15 Agustus 2018

@@@ 

SERAT PITUTUR JATI

PUPUH I
ASMARADANA

  1. Kasmaran wiwit amuji, anebut asmanning Allah, kang murah ing dunnya mangké, ingkang asih ing Akirrat kang pinuju tan pegat angganjar wong kawlas ayun angapura wong kang dosa.
  2. Sawusnya muji Hyang Widdhi, muji Jeng Nabi Mukhammad dalah sakula warganné, sakabat sakawan pisan kang dhingin Abu Bakar, Umar Ngusman malihipun bangéndha Ngali patnya.
  3. Ingkang pinurwa ing tulis laku-lakunning manungsa, urip néng ngalam dunya, nistha madya myang utama, becik kalawan ala, anut ing timbalannipun Gusti Kanjeng Nabi Mukhammad,
  4. Dutannira ing Hyang Widdh, lawan Jeng Susuhunan Bonnang, waliyullah wawarahé, myang dhawuh wawarahira Risang Wisnu Bathara, mring para sakabattipun mangkana ing wuryannira.
  5. Manungsa urip punniki, wajib padha anggayuha, laku tindak ingkang saé, bisaha tumiba madya, kaluwihan utama, away kongsi tibéng kojur, anistha papa sangsara.
  6. Sarannanné antuk margi, miturut kang wus kawahya, sasrta puniku puniki pituhuhé, Fatsal pisan pangopénnya, laré alit puuika, miturut wawarahipun Kangjeng Susuhunnan Bonnang;
  7. Waliyullah tannah Jawi. Laré jalu myang wanita, baba[4]yi lamun umurré, wus jangkep sapuluh dinna, saben ing bangun énjang, yén wus tangi gonné turu, dén bunnaken maring latar.
  8. Awit hawa bangun énjing, akarya seger lan kuwat mring babayi sasaminné, bayi prapténg aran bocah, aja dinublag sega, tannapi dinulang bubur, miwah sadhéngah pangannan,
  9. Angemungna dén susonni, tannapi inya pan wus karsanning Hyang Manon urippé bayi punnika, saking sinuson biyang, éwa mangkana kalamun katon durung marêm bocah.
  10. Prayoga dipun slundhingngi, tajinnira bubur beras sayekti dadi marêmmé, wit banyu susu punnika, kalawan tajin beras wus mawa rijeki luhung, karya pikuwatting badan,
  11. Lawan sumuruppa sami, kang dadya dhasarring bocah, ikun saka sapihanné, yén uwis wanci diwasa, ing laku solah bawa, katon kalakuwannipun becik atannapi ala.
  12. Wangenné laré sinnapih, anom ngumur pitung wulan ing wolung wulan sanganné, sadasa sawelas rolas jangkeppé tiga welas pat belas limalassipun nembelas pitu walulas,
  13. Marma patrappé anyapih, winnatessan pitung wulan prapta wolulas wulanné, wit kudu nganggo pikirran agal [5] alitté bocah, bagas kuwarasannipun tannapi sring nandhang lara.
  14. Lamun agal wujudnéki, seger kuwat kuwarassan yogya kang nom sapihanné, dénné yén alit wujudnya, sring lara datan rosa, saréhnya panyapihipun anganti sabagassira.
  15. Nanging dén arah ywa kongsi, langkah kalih tengah warsa, kasépnyapihnya, luwihé saka rong taun prapta telu patang warsa.
  16. Iku tetep dé aranni, katuwan susonning biyang, cinnatur gedhénné laré, yén wus darbé budi akal gennep éngetannira, kang wajib mardiya gupuh, anglakonni puruhita.
  17. Mring guru ingkang prayogi, angaji turuttan Kuran guguru sabarang gawé, ing kawruh lawan kawignyan lamun nom kang sapihan tuladdanné luwangngipun landhep lantip ingkang manah.
  18. Wekel taberi nampénni, maring sagungnging piwulang, teka apadhang atinné, tan kéwran kawruh kawignyan ing basa miwah sastra, tata cara unggah-ungguh, sampurna ing saniskara.
  19. Putus wulang kang kaésthi, diwasa ngupaya karya, dilalah gampang oléhé, pakaryan kanggo sarana, antukké sandhang boga, begja dau[6]latté agung, samarganné teka gampang.
  20. Katuwuhan budi mursid karêm panggawé raharja, karêm maring agamanné, ambeg darma martotama, doh panggawé maksiyat tarlén mung nedya rahayu, tutulung samanning janma.
  21. Yén katuwan susonnéki, kinnon agaji turuttan guguru sabarang gawé, ing kawruh lawan kawignyan tuladdan luwangngira, tannahira akéh kathul akesed gayuh piwulang.
  22. Sagung wulang tanpinniki, dadinné amung ngalendhar, sumebar tanna cumanthél tansah peteng budinnira, bisanné mung watra, wasannané datan putus gonné sinnau kawignyan,
  23. Kalamun wus nora ngaji, diwasa ngupaya karya, dilalah angél oléhé, nyandhak luput gayuh tunna, rijeki kang dén arah, begja daulatté mamprung, angindhar samya lumajar.
  24. Tuwuh ing klakuwannéki, akéh kang nedya culika, mring janma sapapadhanné, budhi nasar ambalasar, karêm ulah maksiyat adreng ki jail calimut mentala karya piala.
  25. Akéh ingkang karêm guling, nadhah nginum ngabotohan ana nyerét candu tiké, srobo sabarang pinnangan amrih agengnging tinja, yéku wong budhug amumuk mekar juburré omba[7]ha.
  26. Tannana ingkang pinnanggih, laré katuwan seseppan saking acubluk keblukké, dadi tunna budi akal lamun darbéya akal, akal alinyok gadebus tansah anerak ing sarak,
  27. Marmanné sagung sujanmi, padha wajib ngélingngana, Jeng Sunnan Bonnang warahé, lamun darbé suta wayah, wus wanci kuwat waras sinnapiha dén agupuh, aja kasép ingkang mongsa.
  28. Ywa kongsi malang tumolih, melas marang suta wayah, dén éklas ing lahir batos yén wiwit sinnapih lumrah, anangis ngayang-ayang, rêm-rêmmen tajin mau, lan dinulang bubur sega.
  29. Panyapihé laré alit sayekti dadi dhasar, becik tannapi alanné, sadurungngé dipun ajar, kawignyan lan pakaryan dhasarré kedhah rumuhun dimén tuk marga utama.

Pupuh II
DHANDHANGGULA

  1. Lir sakarsa Fatsal kaping kalih, sagung manungsa ing ngalam dunnya, iku kabéhing ananné, kudrattira Hyang Ngagung, saking ora maring dumadi, dinnadékaken janma, tuwuh manggonnipun dumunung néng ngaam dunnya, sinung rahmat nikmat manpangngat prihatin bungah begja sangsara.
  2. Anannira kahannan lir kadi, suryo condra kalawan kartika, hawa ala miwah saé, angin genni myang bannyu, sipat wujud tan mo[8]bah mosik séla krikil pelikkan sipat urip sagung, tannem tuwuh amawarna, sipat nyawa pitik iwén kebo sapi, buron toya myang wana.
  3. Sagung kahanan mawarni warni, kang kawahya ing nginggil punnika, iku kabéh sajatinné, kamurahan Hyang Ngagung, mring sakéhing manungsa urip maidahi sadaya, marang urippipun dadya manungsa punnika, sasaminné titah aluhur pribadi, tannana kang mamadha.
  4. Nanging yén dén aku iku sirik lan kajarah tur asiya-siya : maringragannira dhéwé, marma manungsa among, wajib padha awas lan éling, dén agung sukurrira, mring Hyang Maha Luhur, ingkang murba amisésa, ragannira ing réh mobah lawan mosik sarta lawan nugraha.
  5. Anut dhawuh wawarahing Gusti : Kangjeng Nabi duta nayakéng rat jumbuh lawan wawarahé, Sang Sri Bathara Wisnu, wong ngaurip ing dunnya iki, jalu miwah wanita, dhingin wajib gayuh, muga raga kasinungngan seger kuwat bagas kuwarassan kalis saliring ponca baya.
  6. Akarana sanadyan wus olih, kawir yawan sugih bondho arta, putus ing réh kawignyanné, samekta karsannipun nanging tansah anandhang sakit tan bagas kuwarassan barang karsannipun sayekti [9] tansah kacuwan angarasa rasanné gonnira sakit was-uwas temah maras,
  7. Sarananné jinurung ing kapti, saben wancinnipun laju siram ingkang utami, lajeng amlampah lampah, sakuwawinnipun prayoganné ingkang rikat tan wacana sjronning tyas amumuji, minta rahmatting suksma.
  8. Seger kuwat kwarassanning dhiri, kasinungan begja lan daulat amrih utama urippé, tumekanné byar ésuk ajo kongsi anéndra malih, dén ajeg lampahira, jaba na tengadur, awit wanci bangun énjang, pira-pira rahmating Hyang kang pinnaring, manungsa ngalam dunnya.
  9. Lawan hawa bumi bangun énjing, karya segar kuwatting sarira, ing manungsa sasaminné, khéwan buron wana gung, pitik iwén kebo myang sapi, miwah iber-riberran marmannira sagung, peksi pitik iwén samya, sasahurran munnya saben bangun énjing, ngrasa segerring raga.
  10. Thuthukullan tatanemman sami, tuwuh seminnira wanci énjing, kakayon karang kitrinné, sapanunggillannipun kasamaddan hawa kang becik mila sagung manungsa, mkang ajeg lumaku, énjing  molahaken raga, nuntummaken sasgung otot ageng alit [10] balung sungsum myang erah.
  11. Dadi bakuh sukunnira kalih, lawan sinung padhang ingkang manah, tan kéwran sabarang gawé, sakarsanné kacukup, angupaya kang sandhang bukti, yaiku aran begja, tumrap wong tumuwuh, kalamun siran-nira, segar kuwat bagas kuwarasan minti, rijeki ingkang prapta.
  12. Marma perlu kwaarasannning dhiri, pan wus kathah tuladdan luwangnya, ing kunna prapténg samangké, janma lit miwah agung, ingkang kuwat raganniréki, guwaya bang sumringah, rijeki dumulur, yekti padha sranannira, kadidénné kang wus kawahya ing nginggil sirama amlampah-mlampah.
  13. Tondha saksi kasat mata sami, wong padésan jalu myang wannita, kang adol ing pametunné, jronning padésannipun marang kutha pasar kang tebih, angkattira sing wisma, durung bangun ésuk amikul gendthong pamedal mlampah rikat prapténg pasar maksih énjing, binnorong bakul dhasar.
  14. Murwat anggonnira antuk bathi, nadyan ora ajeg lapahira, éwa mangkana badanné, seger kuwat apuguh, awit wanci ing bangun énjing, asring mlampah gagawa, abot bobottipun kasamaddan hawa jagad dadya rosa kuwat sabarang pakarti, awis kataman lara.

Pupuh III
KINANTHI

  1. Kinanthi [11] fatsal ping telu, wus kinudrat ing Hyang Widdhi, manungsa ing ngalam sunnya, kasinungngan sandhang bukti, sarana anambut karya, kang gumelar anéng bumi.
  2. Marma manungsa puniku, jalu kalawan pawéstri, tannapi laré sadaya, kang wus darbé akal budi, prayoga padha tangiya, saben wanci bangun énjing.
  3. Asusuci badannipun nganggo siram kang utami, laju arêrêsik wisma, ngeblakken jandéla kori, darapon santun kang hawa, ingkang manfangatti dhiri.
  4. Laré batih anak putu, sami kinon anandhangngi, pakaryan sajronning ngomah, dimén lantih nambut kardi, awekel nora sungkanan nhlakonni karya kang becik,
  5. Nalikanné bangun ésuk apa pakaryan kang kenni, ginnarap luwih prayoga, awit wong anambut kardi, lamun wiwit wanvi énjang, antuk kathah ambrekatti.
  6. Wong nambut karya punniku, yén siyang gonnira wiwit pakantukké nora kathah, lawan kurang abrekatti, dadya wong garap pakaryan prayoga yén wiwit énjang.
  7. Manungsa urip punniku, wajib padha angupadi, sandhang pangan asarana, nambut sabarang pakarti, karya iku rupa-rupa, endi ingkang dén sennengngi.
  8. Sagadugging budinnipun miwah kaconggah ing ngati, pinasra[12]t kuwatting badan karsa alussing pakarti, yén wus kaconggah dén gita, nanggappi karya kang becik,
  9. Pakaryan dunnya punniku, kathah tur warni-warni, dhingin anggaor dagang, kadi wong ing ngatassangin Turki Mesir Bahdad Ngarab kathah baton lampah grami.
  10. Karana Nabi panutup Mukhammad rasullullahi, sadéréngira diwasa, asring karsa lampah gramai, dhateng ing nagari Ngesam sinudarsana ing dhasih.
  11. Gaot dagang punniku, kinnarya unggul pribadi, yén panuju tindakkira, antuk rahmatting Hyang Widdhi, babathénné éwon leksan énggal dadya sugih linggih.
  12. Ingkang kaping kalihipun anggayuh drajad priyayi, asuwita ing Naréndra, miwah kumpeni walandi, , asuwita liyannira, saka conggahé kang dhiri.
  13. Winnawrat bot éndhéngngipun pakaryan kang dén lakonni, kaconggah ing ragannira, kang tuhu setya ing ngati, wekel taberi ing karya, lawan rahayu ing budi.
  14. Mrih katrima karya darapon inggah tumili, amulur ingkang darajad pira bara dadi inggil raonné linuluttan drajad kang wus dén tampénni.
  15. Lulus sapanginggillipun dumlundung ingkang rijeki, akalis ing sambékala, kaping ti[13]ga amongtanni, nananem néng sawah tegal nganggo bondha kebo sapi.
  16. Sagung wong tanni kang sampun andérbénni  wajib siti, pategallan pasawahan away kongsi anggagampil dinno lan lempung kéwala, utawi dipun sramanni.
  17. Sinrahken panggarappipun marang wong kang anyramanni, kang darbénni sawah tegal mung tompa palihannéki, ora angétung pitunna, iku dudu laku tanni.
  18. Lakunné wong keséd kebluk tan purun ngolah pribadi, dadya mung antuk pamedal sapalih nora nyukuppi, bayar pajeg kanggo mangan iku bératten kang tebih,
  19. Wajibbé wong tanni iku, ywa kongsi kalong sacuwil wekel taberi ing karya, lamun unnon ingkang sabin,
  20. Ginnarappa saben taun kaping kalih nandur pari, aran gadhulan rêndhengngan lamun tadhahan kang sabin mung saben rêndheng kéwala, bisanné anandur pari.
  21. Katiganné sabinnipun kudu ginnarappa malih, tinnandurran palawija, endi ingkang makantukki, katimbang bésérring jawah, dadya pangolahing sabin,
  22. Kaping kalih saben taun kalamun garap kang tegil kaa[14]raha saben warsa, bisaha kaolah ping tri, utama kaping sakawan ya kudu nganggo ngupadi.
  23. Umur wiji kang tinandur, génjah saben telung sasi, wus panen ngundhuh wohira, rêkasanné ywa kapikir, wekassanné antuk begja, akéh pamedallé bumi.
  24. Anggarap bumi punniku, kang wekel ywa kendhat mamrih, dhayungngipun kang gadhangngan dimén lema tanemnéki, tabéri pangopénnira, amatun danger ngresikki.
  25. Yén anggarap wiwit ésuk kasamaddan hawa énjing, datan karasa rêkasa, akathah pakatuknéki, buminné ingkang ginnarap dilalah gung brekatnéki.
  26. Tuwuhing tannemman subur, ijo riyo-riyo radin mentes landhung ulénnira, dadya kathah wedalnéki, lulus datanna ama, sambékalannira kalis,
  27. Sagung wong tanni punniku, yén atuk rahmatting Widdhi, pannénnira kamedal lan dén abisa anggemenni, rijeki paringnging Allah, dén arah cukup binukti.
  28. Anak rabi brayattipun nganthi pendhak pannén malih, lawan kudu ngéngéhana, pari kang monongka wiji, saturahé dén edolla, lawan rêga kang mantessi.
  29. Aja nganti pétung, nuruti hardanning ngati, pari miwah palawija, dén dol kabéh nganti rêsik [15] pangedollé murah-murah, tan welas mring anak rabi.
  30. Kang sakawannipun gaot kemassan graji, pandhé undhagi bakullan candhak kulak sawarninning, dhagangngan mawarna-warna, kakéhan lamun ginusthi.
  31. Pakaryan ingkang kasebut kaping sapisan myang kalih, kaping tiga ping sakawan kadi kang kawahya nginggil tindak kudu ngarah-arah, aja ngongsan tukké bathi.
  32. Dimén dadya dumalundung, pangaotan bisa dadi, bathinnira mundhak-mundhak pira bara dadi sugih, madyanné tan kekurangngan sandhang pangan jronning ngurip,
  33. Manungsa lamun wus antuk kamurahanning Hyang Widdhi, atukul rijekinnira, sanadyan among sakedhik jalarran gonné adagang, gonnira dadi priyayi.
  34. Saking candhak kulak bakul miwah saking laku tanni, kang agedhé sukerrira, nampénni paringnging Widdhi, tinnata dén gemén nana, mamrih cukuppé binukti.
  35. Narima sahannanipun tilar lumrahing ngaurip béngkas maring pépénginnan réhning rijeki mung kedhik ingirid mamrih kacekap kanggo nyandhang lawan bukti.
  36. Yén pamedal kedhik cukup wewah pamedallé malih, yekti saya kacukuppan lama-lama lamun olih, pamedal ingkang akathah, luwih cukup da[16] dadi sugih.
  37. Dadya yén sakawittipun nampénni pamedal kedhik korang-karéng kekurangngan saking kurang ngirid-irid nadyan mundhak kang pamedal maksih kurang anyukuppi.
  38. Kagawa ing waunnipun wus kabanjur pothar-pathir, nyandhak ngemping nyelang utang, matuh kepatuh alantih, bubuhira kekurangngan nora tentrem uripnéki.
  39. Dénné kalamun wus antuk kamurahan bisa sugih, bondha atannapi arta, lamun banjur kumet cengil mung ngésthi undhakking bondha, ywa kongsi kalong sadhuwit,
  40. Datan welas atutulung, marang ing wong pekir miskin nora kanggo kalumrahan yekti kurang barêkatti, dadya tansah kalong-longngan tuna datan oléh bathi.
  41. Upama kali binendung, pepet ilinné kang warih, nora nganggo saréwéhan ilinning bannyu sakedhik lama-lama dadya dhadhal bubrah blawah morat-marit,
  42. Marma manungsa kang sampun sinung rahmatting Hyang Widdhi, sugih bondha lawan arta, kudu rukun anulungngi, pekir miskin kang kasrakat tutulung marang sami-sami.
  43. Nanging aja kongsi limut kudu gemi lan nastiti, aja ngebréh aterabas lamun dana ing sasami, miwah marang kadang warga, ywa ting[17]gal dugi prayogi.
  44. Aja nganti andelarung, gurulemman tanpa piker, murka ingkang ranné dadra, datan nganggo nolih dhiri, iku ngrusakkaké bondha, dadya mawut pongar pangir.
  45. Ywa kongsi kadi punniku, manungsa kang wus antuk sih, sugih bandha lawan arta, wajib kudu angélingngi, yén bondha iku gadhuhan paparingngira Hyang Widdhi.
  46. Dimén tulus dénnya gadhuh, tumerah mring wayah siwi, ing sajronning urippira, raketta ingkang rijeki, cukup nora kekurangngan iku madyanné wong urip,

Pupuh IV
SINOM

  1. Sinnommé fatsal kaping pat sagung umatté Jeng Nabi, Mukhammaddinil Musthapa, jalu kalawan pawéstri, kang umurré aki: balég ing sadayannipun wajib padha Islamma, anut ing réh Kangjeng Nabi, rukun islam lilima kang kawarnaha.
  2. Dhingin angucap sahadat salat ingkang kaping kalih, ping tri jakat lawan pitrah, ping pat pasa ramlan sasi, ping lima munggah kaji, mring mekah kalamun cukup sangunnira ing marga, lawan kanggo anilarri, annak pomahningkang kantun anéng wisma.
  3. Salat iku asembahyang, ngibadah maring Hyang Widdhi, sujud sumungkem nrussing tyas dalem sadina sawengi, limang wektu kang dhingin ingarannan sa[18]lat subuh, ing wanci bangun énjang, tangi nulya asusuci, utamanné lamun bisa nganggo siram,
  4. Nuli anglakonni salat amumuji ing Hyang Widdhi, karana wektu punnika, ing wanci ingkang prayogi, amadhangngaken ati, akéh rahmat kang dhumawuh, kasembuh hawa jagad seger nguwattaken dhiri, prating rina aja ambalénni néndra.
  5. Sabubarré bedhug siyang, antarané ejam siji, salat luhur sawussira, kenna lamun nedya guling, satengah papat tangi, nulya salat ngasarripun laju datan anéndra, prapta diwasanning ari, surup surya nuli salat mahrib nama.
  6. Sawussira dénnya salat muji rahayunning dhiri, karana wektu punnika, wanci ngeningngaken ati, nganti praptanning wanci, salat ngisa kudu banjur, nglampahi salat ngisa, nuli mumuji mring Widdhi, mung antara  sakuwatté badannira.
  7. Marma winnajibken limang wektu saben ari, karsanné Jeng Nabi duta, pamrihira ananangi, manahé umatnéki, lan aja kakéhan turu, ing ratri miwah ing siyang, dimen datan pegat éling, maring Allah kanga sung mikmat manfangat,
  8. Karana sakéhing umat yén tansah éling Hyang Widdhi, adoh panggawé maksiyat durjana angkara drengki, tuwuh budi[19]nné mursid karêm ing tindak rahayu, tutulung ing sasama, sasaminnira sujanmi, mung anedya legawa tyassé ngumala.
  9. Liya salat gangsal wekdal salat jumungah mring masjid babarêngngan lan wong kathah, ana ingkang angimammi, kabéh mung makmum sami, wancinnira wektu luhur, cacahé wong atussan luwihé langkung  utami, nora esah kurang saka kawandasa.
  10. Kajaba saking punnika, lakunné sarak agami, maksih kathah warna-warna, nora kajarwa ing tulis sajronné srat punniki, kang kalebu mung kang perlu, karana sunat wenang, batal mekruh miwah najis sasaminné wus kasebut jronning kitab,
  11. Marma sagungngé wong Islam kang sampun bangit neteppi, sakéh parentahing sarak agama Islam sayekti, barêkat néki, ing sajronning urippipun terkadhang kasinungngan ing panningal ingkang gaib iya iku kalebu janma utama.
  12. Saréngat lakunning badan tarékat lakunning ngati, kakékat lakunning nyawa, makripat lakunniréki, ing rahsa dén pakéling, kawruhanna lakunnipun nanging aja atilar, ingsaréngat iku klahirran lakunnira wong ngaurip kang padha [20] agama Islam yekti padha aneteppi, sarakké Kangjeng Nabi, Mukhammad ingkang rinasul kayata tanah Jawa, ing tanah Ngarab lan Mesir, tanah Turki kalawan ing tanah Bahdad.
  13. Ing tanah Pérsi kalawan tanah Hindu lawan Keling, tanah Sumatra Makasar, tannapi ing tanah Burni, myang tannah liyannéki, isinninné manungsannipun jalu miwah wannita, kajabanné tiyang bumi, pan akathah warna-warna bangsannira.
  14. Wongngé kang padha agama, Islam anut Kangjeng Nabi, Mukhammaddinnil Musthapha, gonnira sami nglampahi, sarakkipun agami, geleng gumolong gumulung, tannana bedannira, gonnira sami neteppi, sarak Nabi kang wus kasebut ing kitab,
  15. Dénné tatacarannira, ing tannah sawiji-wiji, sayektinné béda-béda, kayata ing tanah Turki, Pérsi Ngindhu myang Keling, wangun rêngganning kedhatun myang wismanning kawula.
  16. Sastra basa kang busana, tata krama adat nagri, sawiji-wijinning praja, anut caranné pribadi, ing tanah Jawi ugi, nama pasebuttannipun natha Santana padya, atannapi kawula lit iya padha anut tata adat Jawa.
  17. Wangun rêrêngganning pura, kadhatonné Sang Sri Mulki, [21] anulad kadhatonnira, Sang Hyang Éndra du king ngunni, kang munggul anéng wukir, gapuranné undha pitu, lun-nalun wringin kembar, elor kidul myang sitinggil iku kabéh anulad ing Suralaya.
  18. Sastra basa kang busana, iya padha cara Jawi, manganggo iket bebeddan klambi sabuk nganggo keris dinalem malbéng puri, kulukkan anganggo kampuh, dé tata krama mannira, tata adatté nagari, padha nganggo tatacara adat Jawa.
  19. Lalangen alénggot bawa, lagu gendhing sekar kawi, badhayan topéng wayangngan binnarung pradongga sami, iku among ngluluri, laku adatting luluhur, ing kunna-kunna mula, kang wus minulyakken Widdhi, awibawa kawasa mangréh bawana.
  20. Prawira amondrsguns, putus ulah krama niti, mumpunni sagung kawignyan tan kéwran ing agal alit waskitha marang gaib wicaksana mbek rahayu, darma marta utama, punjul samanning dumadi, iya iku para déwa para natha.

Pupuh V
PUCUNG

  1. Sekar pucung fatsal ping lima winuwus janma lamun néndra, ing wayah rinna lan wengi, kadi dénné kajarwa ngandhap punnika.
  2. Laku patrappira lamun padha turu sawengi sadinna, pat likur ejam winnilis yén anéndra sapratélannira pétang.
  3. [22]Dadi wolung ejam sadinna sadalu, lamun bisa kuwat ageng pahalanniréki, wus kalebu wiwilangnganné janma kas.
  4. Dénné nora kekathen dénnya turu, yén turu rainna, bubar luhur ejam siji, wayah asar kudu tangi dénnya néndra.
  5. Yén kasorén tanginnira dénnya turu, jam papat jam lima, nganti surup maksih guling, tan prayoga karya peteng jronning manah.
  6. Bliwur blawur akuwur éngettannipun awit surup surya, wayahing wong angabekti, ngeningken tyas aminta rahmatting suksma.
  7. Wanci bedhug awan miwah wanci surup aja nambut karya, kathak sambékalannéki, marma kudu nglérénken sakéh pakaryan.
  8. Patrap turu siyang atannapi dalu, yén ngalor ulonnya, watak minti kang rijeki, yén mangétan watak medottaké rahmat,
  9. Kinurangan sabarang rijekinnipun yén ngidul ulonnya, dumadak rupek kang pati, yén mangulon watak panjang umurripun.
  10. Lawan away murih kapénakking turu, kudu sabillana, tyas kang arda maring guling, wanci bangun énjing kudu atangiya.
  11. Anucénni raga utama yén adus laju asembahyang, akathak pakantuknéki, mannah padhang ngrasa seger ingkang badan,
  12. Saking dénning kasamaddan hawa é[23]suk banjur ngrakit tata, pakaryan kang dén lakonni, mangkat dagang mangkat dodollan mring pasar.
  13. Miwah mangkat nambut karya liyannipun kathah yén winnarna, lakunné wong nambut kardi, marma janma kang atangi bangun énjang.
  14. Tuhu lamun antuk barêkat kanga gung, yén anambut karya, rijekinné teka minter, samarganné metu saka padha jamna.
  15. Séjé lawan kang keséd kebluk angepluk Sang Hyang Bagaskara, wus inggil maksih aguling, nora becik barubuh ing namannira.
  16. Datan antuk ing rahmattira Hyang Ngagung ngrandhattaken sedya, ngedhohken nalar Kag becik temah dadya tuna budi akallira.
  17. Nunggal fatsal ping lima ingkang winuwus lamun bukti ana, ing wismannira pribadi, dipun ajeg wancinnira dénnya nadhah.
  18. Sahannanné warnanné cawissannipun banjur dén buktiya, aja kongsi angulatti, ing sabarang lawuhan kang datan nana.
  19. Dadi nrima sahanannira ing ngriku, dén éling ywa lupa, iku paparingngé Widdhi, saben mangan sabarang ingkang pinnangan,
  20. Kudu ngarah arah away kongsi kaduk nadyan amirasa, énnak legi lawan gurih, yén kaladuk temah sebah dadi lara.
  21. Marma aja jurungngi kamurkannipun aluamahira, dén ririh amurih [24] lantih, tutumannen dimén tumannem ing manah.
  22. Bubar nadhah lamun ana sannak asung, lawuhan pangannan, ingkang warna adi pénni, aja agé-agé nulya dipun dhahar.
  23. Saréhenna dhingin sawatarannipun rêrêmming padharan aja kuwarêggan bukti, dénarah arahi ngarah tumiba madya.
  24. Wénnehana manungsa kang darbé kayun anglampahi pasa, cegah sega miwah mutih, cegah ulah tannapi iwak ambekkan,
  25. Niyattipun dénnya anglampahi wau, mung watara dinna, tannapi watara sasi, yén wus tutug wawangen niyat ambruwah.
  26. Jibar jibur angugung luamahipun sabarang pinnangan rinnampet tan nana kari, kuwarêggen padharanné kongsi sebah.
  27. Tuhu dahat tanpa karya lakunnipun malah anangsaya, ing ragannirapribadi, dénné nora ajeg isinning padharan,
  28. Kang prayoga janma kang tan kendhat laku, amasuh sarira, ngirangngi dhahar lan guling, bangkit ngampah murka angkaranning mannah.
  29. Hamamayu hayunning lampah rahayuh, rahayunning raga, budiman marta utami, alegawa ngunguwung tyassé ngumala.
  30. Iya iku kang aran tapa satuhu, ing samargannira, rijiki mintir kang prapti, pan wong tapa tinnemu barang sinedya.
  31. Wong ngagu[25]nna waskitha sajronning kalbu, antuk kawiryawan liyanné darah narpathi, dadalanné ingkang kathah saking tapa.
  32. Nadyan silih bondha artannira agung, awirya wibawa, datan kurangngan sakalir, yén tan tapa watakké nora widada.

Pupuh VI
PANGKUR

  1. Sekar pangkur kang winarna, fatsal ping nem laranganné agami, Islam ingkang luwih perlu, sapisan nginum madat tike candu cekakik tannapi apyan nadyan ora sinerétta, ingombé ngultal tan kenni.
  2. Awit madatti punnika, nadyan keséd kebluk sungkannan kardi, budinné rusuh anguthuh, saén datan wirangngan lama-lama kuru aking badannipun kusi pucet kang guwaya, biru lambé ngandhap nginggil,
  3. Saben ari senengngira, kalékaran sinambi lawan jeblis anggebeg beduddannipun sinabi ngombé wedang, lawan mangan panganan nyamikkannipun pangrasanné datan nana, kasenengngan kang madhanni.
  4. Manungsa kang nginum madat nora nana pakolihé samennir, mring badannira sakojur, mung amborossi arta, saben ari kinarya atuku candu, datan kanggo tuku pangan ika manfangatti dhiri.
  5. Lamun wus tan darbé arta, kanggo tuku candhu miwah cekakik ketagihan awak lesu, tuwuh culikannira, nyeler juput barang du[26]du darbékkipun temahan dadi durjana, nistha papa kang pinanggih.
  6. Kapindhonné nginum arak sasaminné bén-ombén kang ngendemmi, nora na pakantukkipun tan manfangatti badan tarlén among jurungngi budi tan arus bébéngkrakkan sukan-sukan wus mesthi wong nginum awis,
  7. Lamun ala endemmira, lunjat-lunjak lir péndah gayuh langit tan nana babaya kétung, bawur ingkang panningal tanpa subasita ing pangucappipun kaduk wani kurang duga, lalai marang tatakrama.
  8. Lamun saé endemmira, angalumpuk nir daya tanpa budi, lali solah bawannipun kang wus katon ing kathah, dadya limut marang ing Hyang Maha Luhur, apata ing becikkira, wong lali marang Hyang Widdhi.
  9. Lawan manungsa punnika, away karêm madon éstri kang lanji, léjéh jinnamah ing kakung, nadyan listya kang warna, luwih mannéh pedhottan lédhék punniku, yekti wus ngandhung lalara, ingkang babayanni dhiri.
  10. Dadya wong anginum arak lawan madon pawéstri ingkang lanji, tan nana pakantukkipun marang ing ragannira, tarlén among ambarossi artannipun tan manfangat malah karya, badan lungkrah lesah nglentrih.
  11. Lamun kabanjur mangkana, lampahira nora se[27]dya marénni, bérat angkaranning kalbu, lama-lama atemah, dadya rusak ing sajronné petengngipun sumarambah maring badan adhakkan kataman sakit,
  12. Ngerês linu kang ros-rossan kadhang mati badannira sapalih, sukunnira kalih apus yogya laku punnika, singgahana supadi away kabanjur, yén kabanjur temahira, nistha papa kang pinanggih.
  13. Kaping tri angabotohan keplék gimer ngadu gemak kemiri, tannapi angaben sawung, kertu lima slikurran péisekila iku sasaminnipun akéhé totohannira, kaduk wanni tanpa dugi.
  14. Mung anut adrengnging karsa, ingkang murka angkara dénnya murih, kathahé pamenangngipun gonnira ngabotohan datan kenna dén sélakki, kayata upamannira, pametunné skeet ing saben sasi, uwis kalah nganti satus maksih dalu ya dadra, ambanjur ken gonnira amain kertu, anuttutti dénnya kalah, nora niyat anguwissi.
  15. Nadyan prata rong dinna, maksih laju nurut panassing ngati, temah tinggal karyannipun kang dadya wajibbira, datan pisan tolih marang ragannipun pawitannira wus telas imbuh u[28]tang anyinyilih.
  16. Bubar badannira lungkrah, lesu lesah sinembuh ati sedih, anon annak rabinnipun tannana kang pinnangan, anempuh byat nindakken laku kang dudu, culika mring kadang warga, sannak karuh dén apussi.
  17. Tindak kang kadya punnika, kang ingaran wong botohan sayekti, dé tan nganggo unggah ungguh, murka anggarannira, kang andlarung ingumbar tansah jinnurung, temahanné ragannira, nistha papa kang pinnanggih.
  18. Dénné kalamun manungsa, ngadu gemak sawung miwah kemiri, péiceki saminnipun totohanné mung samadya, ana kang totohan kedik.
  19. Nganggo duga lan prayoga, dipun wawrat kéhé pamedalnéki, yén kalah nora gegetun dadya datan kabrannang, bubarranné pinnapanten wancinnipun nora ngrusakkaken bondha, maksih rumaksa ing dhiri.
  20. Iku duduran botohan among kenna dén aranni wong main kasukan ing tegessipun angénggae-énggar karya senneng ing sajronning urippipun kang mangkonno nora dadya, laranganné sarak Nabi.
  21. Kaping pat wong Islam samya, aja mangan daging céléng myang babi, apata pa[29]idahipun amangan daging karam daging babi asring ana wisannipun kang awarna cacing cacing pita, ambabayanni mring dhiri.
  22. Prayoganné amanganna, daging ingkang sami kalal binukti, yaiku dagingnging wedhus sapi miwah maésa, jaran kidang manjangan dagingnging manuk pitik bébék lawan bannyak iwak loh kali jaladri.

Pupuh VII
DHANDHANGGULA

  1. Amangsulli sekar gula milir, fatsal kaping pitu kang winarna, manungsa away kongsi darbé, karêmman kang kadulu, miwah swara kang kapiyarsi, kang gumelar néng dunnya, kathah warninnipun lire aja karêm bondha, miwah arta sosotya nawa rêtna di, kang umancur gumilang.
  2. Aja karêm wanodya kang warni, éndah mannis gapyak awiraga, ywa karêm tumbak kerissé, aja akarêm kwruh, myang kawignyan kang langkung luwih, aja karêm pradongga, lagu gendhing arum aja karêm ngabotohan ajja karêm turongga myang suka ngenting, kang luwih saking ngekat,
  3. Aja karêm nadhah lawan guling, sasaminné karêmman mawarna, tan widada ing ananné, kang aran karêm iku, kang kaesthi ing siyang ratri, among karêmmannira, tumannem ing jantung, gumantung tung-tungnging driya, tansah katon linnali tan kenna lali, cumenthél anéng netra.
  4. Dadya janma ingkang andarbé[30]nni, pakarêmman ing dunnya mawarna, tan becik kadadéyanné, pakarêmman punnika, karya limut ing tysséréki, aneng enengnging cipta, mring Hyang Maha Luhung, kang murba amisésa, ragannira bangkit mobah lawan mosik nikmat miwah manfangat.
  5. Prayoganné ngaurip punniki, nadyan silih darbé kasengngngan aja kalimput ing tyassé, wit suka bungah iku, pinnaringken sagungnging urip marma wennang abungah, senneng mannahipun nanging mung kudu samadya, dimén lulus suka senenneng jronning urip kalis ing poncabaya.
  6. Paripurnanning ingkang ginupit kang kawahya ing serat punnika, mangkana riringkesanné, manungsa ingkang sampun anneteppi dénnya nglampahi, ing pituduh punnika, tan riya tekabur, tuladdanné luwangngira, sinung seger kuwat waras ingkang dhiri, lan malih tumrappira.
  7. Bongsa luhur bongsa agung sami, awidada tulus kaluhurran tan nana sambékalanné, tumrap nangkoda agung, atannapi nangkoda alit lulus samya kaharjan bathinné lumintu, tumrap janma kang suwita, carik mantri widada rijeki mintir, tandurranné kang néng sawah tegal tulus akéh [31] pametunné, kalis ing ama sagung, tanpa sambékala sademi, tumrap wong nambut karya, candhak kulak bakul kemassan greji myang kriya, sasaminné pakaryanné wong ngaurip sinung lulus raharja.
  8. Alumintu dénnya antuk bathi, sawussira tinutur sadaya, pituduh saananné, ihtiyar namannipun wajibbira manungsa urip ping titah.
  9. Marmannipun ngaurip punniki, ing sajronné urip anéng dunnya, kudu becik klakuwanné, laku tindak rahayu, rukun tresna asih sasami, puwara mung kumambang, pandomming Hyang Ngagung, lir sarah munggéng lauttan mobah molah anut ombakking jaladri, iya walahu alam.

@@@

 

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s