SERAT PRALAYA JATI


SERAT PRALAYA JATI
Pipiridan saking wasiyating para wali,
ngewrat wewejangnganning kawruh ingkang
saklangkung melok  tanpa warana, gegebengngannipun
bongsa Jawi ingkang agami Islam winastan: ilmu kasampurnan.

Impunnannipun ingkang sinandi
ing praja dalem
Ngayugyakartha Adiningngrat
1939

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 1 September 2018
@@@

[3]Bebuka

Kula nuwun saking kayakinnan kula, bongsa Jawi punika sami nengennaken saget dhateng ilmu kebatosan inggih ilmu kasuciyanning jiwa raga, ingkang kuwasa mahannani tata tentremming bawana.

Kula piyambak sanadyan tsksih catho-catho sanget dhateng bab punika, nanging kabekta saking imam punika wau, mila kala mongsa saselaning pakaryan inggih meksa-meksa sering angraos-raossaken sarana mendhet pipiriddan saking wewulangngipun para sarjana utawi oliya ing jaman kina, ingkang sami kapacak wonten ing dalem serat-serat.

Anuju ing satunggalling dinten ingkang boten kinenten-kinten kula manggih serat wonten ing simpennan kula piyambak, kula basakaken manggih, sabab kula sampun kasupén bilih anggadhahi serat punika. anggén kula nampi serat wau wonten ing salebetting taun 1911, asallipun saking satunggalling ngulama bongsa Arab (Sayid) ingkang dedunung ing Losarang (Indramayu). Dados serat punika 28 taun dangunipun dados gadhahan kula.

Serat punika aksara Arab limrahipun kawastannan aksana pégon sarta wonten titi mangsaning ongka taun, nanging ongka taun ingkang nomer kalih saking wingking (wingking tumrap aksara Arab) sampun boten cetha. Dados yén boten taun 1225 inggih 1235. Déné titi mongsa punika temtu miturut étangnga[4]nning ongka taun Arab kasebut taun hijrah. Amargi serat punika ingkang ngrumpaka ngulama ing wewengkon tanah Jawi kilén, kacihna saking tembung tuwin ukuranipun pinanggih kathah basanipun ingkang taksih limrah kaanggé pawicantennanning tiyang ing tanah Cirêbonutawi banten ing jaman samangké. Para nupiksa badhé aneksénni, amargi tembung tuwin ukaranipun serat punika kula lagokaken kémawon tanpa kula éwahi sakedhik-kedhik. Tumrap ing tanah Jawi kilén pétangngan angkaning taun taun Jawi (saka), punika boten dipun sumerêppi. Mekaten ugi pétangngan rarangkeppanning dinten inggih punika: legi, paing lan sapanunggillannipun malah kénging kawastannan boten kasumerêppan babar pisan, saking katrangngan ingkang makaten punika, cetha bilih titi mongsa sawau nganggé pétangngan angkaning taun hijrah. Sabab saupami nganggéya pétangnganné taun maséhi, ugi sangsaya boten saged kadadossan awit lajeng  pinanggih pépétangngan dangunipun langkung saking pitung atus taun  dumuginipun ing samangké, ing wektu samanten ing tanah Jawi taksih jaman Kabudan, ing samangké nglerêssei hijrah ing taun 1835, dados yén  makaten serat wau dumugi wawatessanning sirn amargi prelu ambabar kawontennan énggal pépétangngannipun sampun umur 123 utawi 133 taun laminipun, samanten dangunipun mémper kémawon margi sanajan serat punika dlancang gendhong (dlancang panaraga) lan ngangé [5] mangsi Jawi, sarta panyerattipun sarana kalam (kalam = sadaharén) éwa déné serattannipun sampun kathah ingkang katingal lamat-lamat, saupami serat wau boten angsal rimattan saé, temtu sampun boten kalap babar pisan,

Miturut kodratting jagad sadaya kawontennan mesthi badhé sirna, déné sirnanipun margi betah ambabar kawontennan énggal, dados anggén kula  ngonangngi serat punika ingkang sarana boten kakinten kinten asung samita bilih sampun badhé dumugi titi mangsaning oncat margi sampun lalu mongsa. Mila boten katalompén lajeng kula tanggappi ing sasaged-sageddipun inggih punika kawontennan ingkang sampun lalu mongsa wau, perlu kula sampurnakaken kawangsullaken ing ajal kamulanipun supados tumunten santun sipat énggal ingkang sruwa-sruwi sembada. Déné sanyatanipun ingkang santun punika, ibaratting tiyang naming raganipun kémawon sukmanipun = swaranipun = raossipun tetep boten  éwah gingsir, jer sukma punika sajatosipun pancén tan kénging risak langgeng ing salaminipun, sanadyan makatenna, ing lair inggih kawantannan barang énggal sarta namanipun inggih énggal, saréhning nama punika asring kapiriddaken miturut saking kawontennannipun dados yén makaten cundhukkipun kedah kanamakaken : Pralaya Jati.

Ing sapunika taun 1929, inggih wanci lairripun Sang Pralaya [6] Jati wonten ing marcapada. Wanci wau nyarêngngi jumedhulling lintang mustari katingal wonten ing  ngantariksa, inggih lintang ingkang dados ratu-ratuning para lintang, ingkang kuwasa ambrastha sadaya dahuru tuwin rêrêntengnging lalampahan ing jagad raya. Pramila bénjing diwasaning Sang Pralaya Jati, kasawabban ing ratu-ratuning lintang wau tuwin kaidénnan ing Pangéran kuwasa dados sarananing kayuwanan kabegjan katentremman lan sasaminipun dhateng para  ingkang sami sarawung.

Nyumanggakaken,

PunPangimpun.

— @@@ —

[7]Bab I
Sarasilah Guru Kang Mijénni Ilmu

Punika sarasilah patarékan guru, guru kita sakabéh. Pundi-pundi ingkang karêp ing sapangatting Nabi, yaiku kang antuk  sih kanugrahanning Allah Kang Maha Luhur, kang asih  ing dunya teka ing ngakérat saha dén ngapura dosané kanga gung lang kang cilik,

Utawi iku turunnan saking guru. Mangkana amuruk Gunsti Kanjeng Nabi Mukhamad rasullullah, salalahu ngalaihi wasalam ing putra mantu : 1. Sayiddina Ngali. Mongka Sayiddina Ngali nuli muruk dhateng putra, 2. Sayid Kasan Kusén, nuli muruk :

  1. Jénal Abidin,
  2. Imam Mukhamad Bakir.
  3. Séh Rukaniyah Iman Japar Sidik,
  4. Sultan Rukaniyah, iya Sultan Aripin Abiyadibus Ami.
  5. Séh Mukhamad Mahgribi.
  6. Séh Ambiya Jidil Iski.
  7. Séh Abdul Mampar Maolana Tajeki ing Tursi.
  8. Khatib Abikasan,
  9. Séh Kuda Kalimawa Nabari.
  10. Séh Sayiddin Mukhamad Asik,
  11. [8]Séh Sayiddina Mukhamad Asip,
  12. Séh Abdullah Satari.
  13. kalisatarani.
  14. Séh Idayatullah, ing Sarmani.
  15. Khaji Kalori.
  16. Sayid Mukhamad Gos,
  17. Sayid Wajealladi, ing ulubi.
  18. Sultan Aripin iya Sayid Sibgatallahu.
  19. Sayid Muwaib Abdullahu Ahmad ing Senawi.
  20. Séh Ahmad,
  21. Sayiddina Kasan ing Kurdi negarané, kang misuwur ing juri. Mongka nuli ngalih ing Madinah teka wafatté ing jeroné Madinah.
  22. Sayiddina Rohkhim,
  23. Séh Maolana.
  24. Sultan Kiyan ing Cempa.
  25. Nulih Séh Maolana amuruk para wali kang abongsa  Jawa, hingga ing jaman samangké punika masih lestari, saha yakin ngélmu mau nora bakal padhem (1) tiyasa dianggé ing manusa sampé ing jaman akir.

Bab II
Pepacuhé Wong Bebaruk

Anapon saratté wong bebaruk kang jinanjékaké ing [9] guru lawan murid mongka guru kudu aneteppi 6 prakara :

  1. Guru kudu welas asih ing murid,
  2. Guru kudu memuruk ing murid nora kena bosen,
  3. Guru nora wenang kumbi kawruhé marang murid,
  4. Guru nora wenang ngalap anak rabiné murid,
  5. Guru nora wenang sak serik lan sawektu-wektu guru kudu andedongakaken maring murid supayané manggih basuki.
  6. Guru kudu iklas ing dalem atiné, krana wis tunggal rasa, tunggal nyawa lawan murid.

Anapon ingkang dadi guru, lamun nerak ingkang salah sawijiné kadi pepacuh 6 prekara mau, iku kukummé kupur pitung madhab tegessé dijabakaké umatté Gusti Kanjeng Nabi Mukhamad rasullullah, salalahu ngalaihi wasalam,

Ana déné murid ingkang  jinanjékaké uga 6 prakara :

  1. Murid kudu welas asih sartané kudu gawé hurmat ing guru, krana wis tunggal rasa, tunggal nyawa.
  2. Murid nora wenang bosen jaluk piwulang ilmu ing guru.
  3. Murid nora wenang kumbi ilmuné ing guru.
  4. Murid nora wenang ngalap bojo ing anakké guru.
  5. Murid nora wenang sak serik atiné ing guru.
  6. Murid nora wenang nacad ing ilmuné guru, lan nora wenang miriddaken ing ilmuné lamun during antuk palilahing guru, utawa mu[10]rid kudu iklas atiné mring guru.

Mongka lamun ana murid kang wani nerak salah sijiné papacuh kadi 6 prakara mau, ing kono kukummé munafék tegessé munafék iku, senadyan pinter ngélmuné, iya nora tinemu ing dalem  sakaratil maot.

Anapon ingkang rinilan angamalaken sapangatting Kanjeng Nabi Mukhamad salalahu ngalaihi wasalam mugi-mugi antuk sih nugrahanné Pangéran Kang Maha Luhur, ing dunya tumeka ing akirat pisan, ya Allah kang rahman rokhim mugi-mugi ngasihana ing kawulané kang diparingngi tetep imanné, saha ingkang taat sapangatting Nabi.

Bab III
Tekaddé Para Wali

Utawi ing sabener-beneré, Allah iku ananingsun Dattullah iku wujud ingsun roh ilappi iku sirringsun rasullulah iku rasaningsun jisim iku badanningsun, sartané kang dé aranni sahadat iku inggih awak puniki. Apa déné kang dén aranni tokid inggih awak puniki rupané, yaiku tuduh maring dadiné rasa loro.
Ashadu, iku tuduh maring kumpulling rasa loro.
Allah, iku tuduh maring samarring rasa loro.
Illalah, iku tuduh  maring bibitté rasa.
[11]Waashadu ana mukhamaddar rasullullah, iku alippé, iya tuduh maring si biyung.
Ajejuluk Mukhamad yén batinné rasullullah.
Ana déné manusa iku sejatiné mukmin lan lairré kanga ran mukmin iku wong anut rasullullah. Lamun sabener-benerré, iya ingkabatinnanné, manungsa kabéh iku iya sajatiné rasullullah.
Lamun during weruh ing asallé ana sahadat iku during oléh sajatiné Islam iya tetepping Islam kang sanyata.
Ashadu, iku tibaning rasa.
Allah, iku kumpulling rasa.
Illaha, iku jatining rasa.
Illollah, iku patemonning rasa, iya rasa, iya rasullullah. Mukhamad jatining rasa, nanging Mukhamad iya sajatining wujuddolah.
Ashadu, iku wungkulling sahadat,
Allah, iku lenyepping tunggal,
Illa, iku lairing sahadat,
Allah, iku lungguhing urip,

Rarasan iki poma-poma dén padha éling, ingkang tetep ing tekad aja pindha karya, para sanak sanak kabéh, nanging tuma[12]nemma ing batinnira baé, ing lairré kudu manut apa kalumrahanné. Sabab pinterra ilmuné, teteppa tékaddé, lamun wong iku  nora nganggo kalumrahanning ngakéh manut agamané, utawa nora nganggo tata angger-angger papacakking praja, wong iku bakal nora tinarima ing ilmuné, malah-malah bakal nompa sapu dendhaning Pangéran.

Bab IV
Khakékatté Bismillah

Napon khakékatté bismillah ing ngisor iki padaha dén rasakna kang kandhas tumuka ing batinnné atinira.
Bis iku semuning wujuddingsun,
Mil iku ananing wujuddingsun,
Lah, iku namaning wujuddingsun iki.
Rohman iku pangucapping wujuddingsun iki.
Nir, iku pangrunguning wujuddingsun iki, iya pakumpullanning suwara kabéh.
Rokhim iku pakumpullanning rupa kabéh iya iku pakumpullanning urip sakabéhé.
Bis iku tulissing ngati, iya iku iman aranné.
Mil iku pancerring ati, iya iku tokid aranné.
Lah, iku namaning wujuddingsun iki.
Rohman iku pangucapping wujuddingsun iki.
Nir, iku pangrunguning wujuddingsun iki, iya pakumpullanning suwara kabéh.
Rokhim iku pakumpullanning rupa kabéh, iya paningngalling wujuddingsun iki, iya iku pakumpullanning urip sakabéhé.
Bis iku tulissing ati, iya iku iman aranné.
Mil iku pancerring ati, iya iku tokid aranné.
Lah, iku urubbing  ati, iya iku makripat aranné.
Rohman iku sirring ati,, iya iku aranning dat,
Nir, iku nyataning badan kang alus anapon badan kang nyata iku  Mukhamad aranné, iya badan kita iki.
Rokhim iku jenengnging ati, iya iku  mulyaning dat ing badan kang gaib iya roh ilapi iku aranné, iya iku sampurnaning bismillah.

Bab V
Musawaratan Para Wali Padha Nglairrké Ing Tékaddé Dhéwé-Dhéwé

Mongka angandika Sunan ing Ngampél Gadhing, é, sanak-sanak kabéh, kaya paran ing karsa nira ing basa oléh-oléhan ing tembé. Yén ingsun anané wit saka putba, mulih maring purba, anapon  purba bali sejatiné kang iki.

Mongka angandika Sunan Bénang, yén karsa amba, wit saking sukma, mulih maring sukma, anapon sukma bali sejatiné kang iki.

[14]Mongka angandika Sunan Giri Gajah, yén karsa amba, wit saking wisésa, mulih maring wisésa, anapon wisésa bali sejatiné kang iki.

Mongka angandika Sunan Kalijaga, yén karsa amba, wit saking karsa, anapon karsa bali sejatiné kang iki.

Mongka angandika Pangéran Kajoran yén karsa amba, wit saking ora, mulih maring ora, anapon ora bali sejatiné kang iki.

Mongka nuli angandika sesarêngngan lamun kabéh iku nunggal misah, ing batinné empun cocok dadi wus nunggal rasa, nunggal nyawa sakabéhé.

Ana déné bali sejatiné kang iki, artiné kang tiningan lan wujud puniki, poma aja salan surup teteppé uga kalawan gaibbing Pangéran, mangkana lajeng sami gumujeng suka, sartané sami sukur ing Pangéranné.

Mongka angandika malih Sunan Ngampel Denta, é, sanak-sanakkingsun kaya paran ana karêppira ing oléh-oléhan ing tembé iku. Yén ing karsa ingsun dén kadi uyah dinunu.

Mongka sumambung Sunan Bénang, lamun karsa amba, dén kadi kranjang tinunu.

Mongka sumambung Sunan Sunan Giri, lamun karsa amba, dén kadi dami binesmi.

Mongka sumamabung Sunan Kalijaga, lamun karsa amba, dén kadi kunir ka[15]terappan panida.

Mongka sumambung Pangéran Kajoran lamun karsa amba, dén kadi kapuk piyak katerap api.

Mongka nuli angandika malih Sunan Ngampel Gadhing, é, sanak-sanak manira kabéh, sanadyan mangkonoha, tpi poma kudu ngawruhi ing lampah, krana lampah iku aja nganti ora linakonnan salah sijné kadi 3 prakara, yaiku : boga, latri, sahwat, boga artiné cegah pangan latri, artiné cegah saré,sahwat artiné cegah cumbana.

Bab VI
Plawangan Sakaratilmaot

Iki plawangan anyatakaken i-dalem sakaratilmaot dén padha kinawruhana, krana iku pambégal sakabéh.

Ana déné sirnané kijab pipitu (2) iku ana ing jabar janu ing dén aranné, mongka kanga ran jabar janu dén iku sakabéhing jop-jop sakéhing bolongnganning salira (3). Anapon jabar janu dén iku kadi surya rupané, mungguh sirnané jabar janu dén iku ana  ing lokiyat aranné (4). Anapon kanga ran lokiyat iku tegessé kang ora lega, ora sesak yaiku sapa jati sampurna tingal paningal, mila poma dén bisa nokiddaken ing Allah tangala.

[16]Anapon tuduhé suwarga iku ana 4, sapisan: janatul pirdos kapindho: janatul érap katelu: janatul naim kaping pat: janatul adnin, nanging kalebu mung rong golongngan,

Ana déné janatul pirdos iku jagaddé bangsané silemman cahyané ijo. Mungguh kana ran silemman iku bangsané Jim utawi iwak kang ana banyu kabéh gedhé cilik déné suwargané aranné janatul naim cahyané irêng. Krana sanadyan bangsaning Jim utawi bangsaning iwak kang ana banyu, tan prabéda ana kang kasinungngan kamulyanning urippé. Poma aja kandheg ing kono, iku aran bégallan sanadyanna dumunung ing suwarga, ugi tan prayoga, marga ora bisa bali sajatiné kang iki.

Ana déné janatul érap iku jagaddé Sélumman cahyané kuning. Mungguh kanga ran Sélumman iku bangsaning Jim utawi sato ing dharattan gedhé cilik kabéh. Déné suwargané dén aranni janatul adnin cahyané putih. Krana sanajan bangsaning Jim kang ana ing dharat utawi bangsaning sato, uga ana  kang di paringngi mulya ing urip ora prabéda kalawan manungsa. Poma aja kandheg utawa karêm ing kono, marga panasarran bakan nora bisa balik sajatiné iki.

[17]Bab VII
Sunan Kalijaga Mejang Sunan Kudus

Mangkana angandika Sunan kalijaga, é, Pangulu Kudus pundi kang dén aranni alam kubur iku, lamun ing sajroning kaluwat dén aranni alam kubur, salah temen pangawruhé iku, krana sajroning kaluwat iku ing dunya  dunungngé, ing mongka ujarré carita, manungsa iku lamun mati, saking dunya ngalih ing ngakérat, lan kados pundi Ki Pangulu Kudus menggah sampurnaning alam kubur, lan malihé siksa kubur niku kang dén siksa punapané, jasatté punapa rohé. Lamun ujaré sarak kang siniksa iku rohé lan jasatté. Lamun mangkono panampané, é, Pangulu Kudus sasar temen ing ngélmuné iku. Krana jasatté ana ing kaluwat iya ing dunya kéné dunungngé. Lamun ngaranni kang siniksa rohé, saya langkung  sasar malih ngélmuné ika. Krana roh, nyawa, utawa suksma, iku kalis déning samu kawis tan kena rusak tan kena cacad utawa tan wonten ingkang tiyasa ngrusak langgeng ing kahannané tan owah gingsir.

Mongka nuli sumungkem Sunan Kudus ing sampéyanné Sunan Kalijaga kalawan anelongsa, nyuwun mugi kajaténnan. Mongka nuli ngandika Sunan Kalijaga, é, Ki Pangulu Kudus piyarsakna kang te[18]men-temen ing dalem  atinira, sajatiné kanga ran alam kubur iku iya ing ngalam dunya iki, mongka dén aranni alam akirrat tegessé iya ing alam kaluwatté iku (5), dadi kang dén aranni alam kubur sarta alam akirrat (6) inggih ing alam dunya puniki dunungngé. Sartané kang ana ing dalem  alam kubur iku, sajatiné sakabéhé solah tingkah, muna-muni, awon atanapi saé pekennira dhéwék, lamun saé manggih jembar kuburré, artiné manggih basuki, tentrem atiné. Lamun awon tumindak ing samubarang salah, bakal siniksa, tansah kasurang-surang, nora tentrem atiné. Lamun manungsa wus weruh kalawan yakin ing dalem batinnira, mungguh dunungngé alam kubur lan siksa kubur iku, sanyata wus lepas paningallé, sampurna makripatté, tan kasamaran malih. Ana déné kang siniksa iku paningallé lan ciptané, iya paningal lan ciptané marang Allah, lamun mangkono, manungsa iku mung kebak ing kabingungngan, apa déné samubarang panindakké mung tansah mawa pamrih pangarêp-parêp suwarga lan ganjarran apadéné apa déné keliwat takutté marang naraka. Dadi panindak mangkonoiku  sanyatané mung pamrih badanné, nora pisan-pisan sumungkem bakti ing Allah, sarta nora pisan-pisan pamrih ing Allah, suméndé ing Allah, mula tansag semang-semang, nora duwénni kateteppan atiné, nora jenjem atiné, nora percaya tékaddé, amarga nora ngawruhi Pangéranné.

Anapon manungsa kang wus lepas paningallé, dudu iku kang sinedya, [19] suwarga lan naraka wus padha baé, ganjarran tannapi siksa uga nora béda. Dén ganjar nora bungah, dén siksa nora susah, kabéh-kabéh mung sarwa sukur. Déné kang sinedya nora ana manéh kajaba mung parêkké lan suksmané, lah iya iku sajatiné kanga ran alam akirrat artiné kang bisa sapatemonkalawan Pangéranné. Ana déné manungsa iku  arang banget kang bisa  sapatemon kalawan Pangéranné. Angéllé ngluwihi gajah lamun arsa maning lénging semut pétungnganné sayuta kethi nora tinemu siji. Lamun wong iku durung banget-banget sengsemmé ing dalem atiné, kaya déné bongsa lelaki kang kayungyun marang wanita, kang nganti nglalékaké sabarang gawé, laliné mau marga ing dalem atiné mung tumuju siji marang wanita mau. Mangkono iku mungguh daérahé manungsa lamun arsa sapatemon lan Pangéranné. Anapon ing ngatassé kayungyunné marang Pangéranné, lamun durung tikel sayutané karo kayungyunné marang wanita, tangéh lamun kasembadanné. É, Pangulu Kudus tumemenna gumelengnga tumujunira marang Pangéranné dhéwék di nganti nglalékaké samubarang dunya, lamun wus lali ing samubarang mau, ing kono banjur tuwuh élingngé, iya éing siji wungkul mung madhep marang Pangéranné dhéwék, tegessé éling, iku krasa, iya weruh, mulané weruhmarga wus sapatemon mulané sapatemon marga wus lali nora mreduli ing sakabéh, artinéwus no[20]ra kabonda ing gumebyarring kadunyan wus nora ngarêp-arêp ganjarran utawa swarga naraka, bungah susah wus kapungkur, anané mung tansah sawiji nglindhung ing  Allah tangala. É, Pangulu Kudus dadi lamun manungsa iku durung antuk guru kang sajati, iya guru kang ana ing dalem atinira dhéwék iku manungsa durung weruh kang aran alam akirrat, sanyatané pilih-pilih manungsa kang meruhi alam akirrat ing dalem batinné. Mulané Ki Pangulu Kudus supaya nora kasurang-surang marga tansah siniksa ing alam kubur, prayoga dén sampurnakna ing ilmuné, wicaranen kelawan batinnira kang temen-temen aja tan nora, away nganti salah wéng-wéng. Ki Pangulu Kudus tumuli nyungkemmi ing sampéyanné Sunan Kalijaga sarwi matur nuhun, amin.

Bab VIII
Pangéran Pajunan Mejang Pangéran Cerbon

Mangkana angandika Pangéran ing Pajunan: illa mas allahu. Yén tuwan precaya dhatang amba, sami aliman mutakaliman, mongka angandika PangéranCerbon inggih anut ing sabda tuwan amba nyuwun manjing murid kupur amba inggih saking kilap amba, mugi tuwan andasihna ing amba.

Mangkana angandika Pangéran Pajunan yayi, mugi kaidénnan ing Allah. Samangké mungguh jandika, sahadat punika punapa. Mangkana tumungkul Pangéran Cerbon sarwi nyuwun  mugi kabrekaha[21]na. Pangéran Pajunan angandika: yayi, dén tilingna  kang titis sarta kang wening ing dalem batin jandika. Anapon sahadat inggih awak puniki rupané, iman inggih awak puniki, waktu, inggih awak puniki, inggih punika kang dén aranni ilmu. Mangkana Pangéran Cerbon nyathet ing batin sarta sakalangkung  bingah sarwi sukur ing Pangéran sarta matur nuwun, Pangéran Pajunan angandika malih, yayi, jandika tanpénni ujar amba ing wiyossipun: yayi, latipping Allah, iku sipattullah, sirrullah, wujuddullah, inggih sipat Allah. Kang Aran Allah, iku inggih awak sabatinné. Yayi, poma sampun semang-semang, inggih punika ingkang ingarannan sahadat tékat sahadat gih andika iman tanpa ngandel tokid tanpa tunggal makripat tanpa ningalli, inggih ingarannan salat tanpa waktu, ilmu tanpa laku, yaiku sajatiné rasa, inggih kang ingarannan ilmu rasa. Yayi, kula titip poma dén rêmpit ing rarasan iki, sampun kawedhar ing liyan kajaba kula lan andika, krana sampun tunggil jisim tunggil nyawa, tunggil rasa. Pangéran Cerbon matur nuhun sarta badhé nuhonni punapa sapiwelingnging guru. Sarta Pangérang Cerbon angandika nyuwun lajengngipun malih.

Mangkana Pangéran Pajunan angandika: anapon ing sanyatané, yayi, jandika punika geih kang wening, tegessé kang ngamurba, inggih getih kang putih ing antaranné kulit lawan daging, milané a[22]jejuluk getih Mukhamad yaiku Allah jatining aran ingkang sajati. Ajejuluk prabu samawati Anggradiningrat yaiku kanga ran: nyawa, suksma. Tegessé suksma, iku urip sajronning Allah, ing date, lan ing sipatté Allah tangala. Arrtiné awak jaba jeroné inggih punika urip kang sabener-benneré, jandika yayi sampun semang-semang, inggih punika ilmu iladuni, inggih sajati jatining ilmu. Amin,

Bab IX
Isim Kasirnan Iya Sampurnaning Sebut

Apa déné padha dén  kawruhana manéh, rêncanané ing dalem sekaratil maot krana pati iku luwih angel mula akéh tiba sasar, tiba kapir.

Anapon lamun wus parêk lawan wektuné sakaratil maot mau, nuli ing batinira macaha isim kasirnan yaiku sampurnaning sebut mangkéné uniné: lailaha illallah, hu, nur putih bersih jisim jasmanni, ingsun Mukhamad hu, kang suci bakalling Mukhamad iku badan gusti, hu, celak rapet les sampurna, bakalling manungsa iku tegessé gusti. Ya ingsun wujud tunggal, sejantiné manungsa  kang gumulung suci.  Kang meneng putih iya ingsun  ingsun iya sehatiné dattolah, kang mengkonni sipatté Allah kabéh.

Bab X
Sahadat Pangleburran

Mangkana nuli macaha kalawan batinnira sahadat pangleburran uniné: ashadu, sadat roh, badan roh, nyawa roh, sahadat pangleburran kang nglebur sakéhing dosa, sakéhing siksa, sakéhing poncabaya, sirna, muksa, ilang, dénnapura déning Pangéran kang kumalendhang ilang, kang kasampar pegat kang kédekkan putung, kang peteng dadi padhang, ana siksa pepitu pinanah déning dat sipat temah dadi suwarga.

Bab XI
Sahadat Rangkad

Mangkana nuli macaha kalawan batinnira sahadat rangkad iya iku sahadat gawa, uniné: ashadu, sahadat gawa badan, badanning gawa unni-unni, gawa badan mulyaning dhiri. Sahadat gawa badan nur rasa manjing rohilapi, roh ilapi manjing gusti, kawula tan kari, mulih marang kodrattollah.

Bab XII
Sahadat Sepi

Mangkana nuli macaha kalawan batinnira sahadat sepi, uniné: sir rasa sejatining rasullullah, sir éling sejatining urip pangucap se[24]jatining Pangéran ingkang luwih sampurna. Ingsun salat sajroning rasa, rasa urip tan kena lara, tan kena pati, bur rasa kang luwih sampurna. Sah sahadatté sepi, kang langgeng sahadatté. Sahadat sepi pulang marang sepi, sepi kawengku ing gaib gaib kawengku ing luwih. Luwih kawengku ing sampurna. Hu, ya ingsun Allah kang luwih sampurna.

Bab XIII
Sahadat Sakaratil Maot

Mangkana nuli macaha kalawan batinnira sahadat sakaratil maot uniné: sir ning manjing slira ening, tetep langgeng ening angen angen tansah kawula iku kapurba ing Pangéran énak tan karasa, hu, urip ing dhéwékké. Hu, urip ing dhéwék ingsun.

Bab XIV
Sahadat Sampurna Jati

Mangkana sarampungngé maca kalawan batinnira sakabéhé mau, nuli dén sampurnakaken uga ing dalem batinnira baé, iki wacanné sahadat kasampurnan jati iku: sasra ludira lungguh ing kencana mulya, angen-angen lungguh ing lulut inten napas nyatané, keplas katut saragané, ambet-ambu ajana kéri, jisim jasmanni sampurna, kuku rambut yén ana awuluné salembar tan nana kéri, wujud iya kulit rupané. Cahyaning bumi ilang rasané bumi. [25]Ilmu iya daging rupané. Cahyaning angin ilang rasané angin, nur iya getih rupané, cahyaning geni, ilang rasané geni. Suhur iya balung. Rada sampurna. Badan sampurna déning nyawa, nyawa sampurna déning rasa, rasa sampurna déning cahya, cahya sampurna déning urip jagat rat tan nana kari.nyat-nyet peksi mabur kurungnganné aja ana kari, sirna muksa ilang, ilang katut rimbaggané pisan ilang katut pakanné pisan nur dat nur sat dat les cat les asup nagara musna, nur dat nur sat dat les cat les kum wadhah badan lawan nyawa, lebur papan lawan tulis, nur dat nur sat nur kad kérad méh rad musna, dat les cat les angles,

Bab XV
Palayaran Mancat Ing Dalem  Sakaratil Maot
Murih Unggul Nora Tiba Sasar

Mangkana anapon pratondha tekaning wanci sakaratil maot nuli kapiyarsa jagad agreng gurnita, bumi genjot gonjang-ganjing, peteng dhedhet érawati ngakak iya ing kono tekané kang poncabaya, iya prang sabil  aranné (7). Ana déné lamun wus mangkono dikebat sumekta tata-tata, patrappé teturon suku karo kang lurus asta sidhakep lathi mingkem dhamis mripat karo merêm nanging nétranira  kang sajati poma poma dén elékna kalawan mawassa pucukking grana, iya iku ardi tursina [26] aranné, iya kang dén unggahi Kangjeng Nabi Musa rikala ngarêppaké séda. Anapon dunungngé paningal sajati iku ana ing antaranné nétra lro, yaiku papasu aranné (8).

Ana déné ing wektu iku puji donga wus kapungkur tan migunanni, krana iku jemparing pangabarran aranné, wus nora tumama katamakna ing mungsuhé, kajaba mung kari siji jemparing pamungkas mula énggal tumpangna ing langkappé, embat-embatten kang patitis pangincengngé, kang kalawan tatag teteh tanggon nora was sumelang. Lapallé: mangalatan binalatin jarwané: pullet pinulettan artiné yaiku: panjing wijilling uswanira, katataha kang saréh lakuné, kalawan éling panyebutté ing dalem cipta : hu, Allah, (9), iya iku pucukking sasara lungit jumbuh kalawan lésan blas tumempuh (10) ing warana piyak  sumeblak temah kang kagungngan warana melok angléla tanpa aling-aling, iya iku kang  sipat ana, sipat dhihin tan nana kang dhinginni, sipat langgeng tan kena owah gingsir. Mangkana panah, langkap lan lésan wus nunggal jumbuh dadi siji, artiné: urip kang ngurippi, lan kang gawé urip wus jumeneng tanpa warana, wengku winengku, ringkessé mung kari nikmat mupangat,

[27]Katrangngan Sawatawis  Bab Panyuraossing

Serat Pralaya Jati, Saking pamanggihipun pun pangimpun,

  • Ing kaca : 8. Padhem jarwanipun pejah.
  • Ing kaca : 15. Kijab = sangkrip jarwanipun aling-aling = tetébéng, ugi kasebut langit sappitu, bumi sappitu. Déné tegessipun : rasa pangrasa = cipta, lan sasaminipun, inggih saking cipta punika ingkang lajeng memetengngi kajatén,
  • Ing kaca : 15. Jabar janudén tegessipun : bebundhellanning rasa, inggih telengnging rasa. Ing kawruh Hindhu, kawastanan padma, ateges wadhahing gesang, ingkang ugi dados tataran inggah medhakking napas wiwit saking;
  1. Ing sanginggilling jubur, sansekrittipun Adara.
  2. Ing antawissing wudel lan pajalerran sansekrttipun Adistara.
  3. Ing wudel sansekrittipun Manipura.
  4. Ing manah sansekrittipun Anahata.
  5. Ing gorokkan sansekrittipun Wisudi.
  6. Ing antawissing alis kiwa tengen sansekrittipun Ayana.
  7. Ing sirah sansekrittipun sahasrana.

[28]Ugi ksebut sapta prawata.miturut kawruh Hindu larassan jawi (pustaka raja purwa) kawastannan sapta rêngga, inggih wukir ratawu, padhépokkannipun Sang Palasara (tembung: Palasara = wohing rasa) sadéréngngipun jumeneng nata ing Ngastina. Saha ugi dados padhépokkannipun Sang Wiyasa (Abiyasa), sasampunnipun léréh mengkonni kaprabon ing Ngastina. Déné ingkang muwarni dhédhépok ing wukir sapta rêngga, kalerês éyang buyuttipun Sang Palasara, apeparab Begawan Manu manongsa, inggih Bathara Prawa. Bab panjarwanning suraos saklangkung panjang, badhé kaandharraken ing serat wawasan condra sangkala.

  • Ing kaca : 15 = lokiyat ing kadis kasebut lintang juhar, dumunung ing puserripun Kanjeng Nabi Mukhamad SAW inggih ingkang murba masésa jabar janudén inggih telengnging rasa (raos) kados kasebut ing nginggil,

Ing kawruh Hindhu, kasebuttaken puserripun Sang Hyang Wisnu tuwuh sekarripun tunjung. Saking tunjung punika wedallipun Sang Hyang Brahma ingkang lajeng anggelaraken jagad punika.

Tembung : puser, boten ateges wudel, nanging pikajengngipun amastanni: teleng = tlanjer, sekar tunjung = traté, kanggé pasemonning gesang. Dados pikajengngipun telengnging gesang, inggih ingkang murba masésa : telengnging raos (tembung murba ma[29]sésa, mathissipun kedah samad sinamaddan, mila Sang Hyang Wisnu ajejuluk Pamanaba, tegessipun wudel sekar tunjung, pikajengngipun inggih : Telengnging gesang.

Dados tembung : jabar janudén lan lokiyat = Mukhamad lan lintang juhar = Brahwa lan Wisnu, punika tegessipun : Telengnging raos lan telengnging gesang. Déné raos lan gesang, loroning ngatunggal, nyataning gesang wonten ing raos mila raos lajeng kasebut wadhahing gesang. Sarta wontenning raos margi saking gesang. Mila Wisnu, lajeng kasebut déwaning pangreksa, inggih pangreksaning gesang, ugi kasebut dados babonning gesangngipun sagung dumagi.

Murih langkung terang malih makaten andharrannipun: lokiyat = lintang johar = Padmanaba = wudel sekar tunjung, inggih puserripun Sang Hyang Wisnu, ing basa latin kasebut Plexus Solaris, utawi Center Gravity, ing basa Inggris inggih Middelpunt ing basa walandi. Middlespunt punika yiyit ingkang kagolong bangsaning utek nanging éncer, rupinipun bening akinclong-kinclong, as asana wonten ing salebetting sungsum inggih ing ula-ula dunungngipun, déné sungsum wau ingkang lajeng andayanni wontennipun sakathahing telengnging raos ingkang lajeng kuwasa mahananni lampahing napas ébahing keteg jantung tu[30]win ugel-ugel lan sanés-sanéssiun, makaten ugi lampahing rah angiderri sumarambah ing badan sakojur, ateges ingkang mahananni sampurnanning gesang, mila lajeng kasebuttaken dados babonning gesang. Inggih kawontennan ingkang makaten punika ingkang kasebut sejatining Mukhamad (lintang juhar), inggih Sang Yesus Kristus putraning Allah, utawi kasebut  Sang Hyang Wisnu (wudel sekar tunjung), inggih bibitting (bakalling) Adam lan Hawa, sarta ingkang lajeng kuwasa ngebakki jagad raya punika. (Serat Rama nyebuttaken makaten : Jagad jugatan pasama, Narpati Rama sayekti, sosotya rêtnaning jagad amumpunni jayéng bumi, miwitti abguwitti, ing bumi Bathara Wisnu, babonning sabuwana, barang tumitah kumelip datan liyan mijil sing Wisnu Bathara. Ngéndraloka Janaloka, mung Wisnu nuragéng bumi, bumi langit angin mega, wukir-wukir jalanidhi, jurang lan kali-kali, alas lan saisinipun lintang baskara wulan tan lyanning Wisnu murwanni, nadyan suket garinting lan kalamenta. Sangkané ana tumitah, Wisnu babonné sayekti ………….).

Punapa ingkang kajarwa  ing nginggil wau, inggih kawontenaning Middelpunt (tlanjerring gesang), déning sadaya bongsa lajeng kadamellaken pipindhan wontenning lintang, sarta lintang wau kapetha ing gambar ingkang mawa sorot gangsal inggih punika: saking titik tengah sumonar manginggil lerês satunggal, mangiwa lan manengen kalih. Mangandhap ugi kalih, nanging lampahing sonar amengkang.

[31]Saking wontenning gambar lintan kapetha sorot gangsal para maos saged wuninga kanyatahanning sorot gangsal wau wonten ing salebetting séla ingkang kawastannan saffier, dados kinten-kinten ing sakawit pagambarring lintang asorot gangsal ingkiang minongka pralampitaning gesang, émperripun kémawon mendhet pipindhanning sorot ing salebetting saffier wau. Déné saffier punika wonten gangsal warni rupinipun, ingkang warnipethak kawastannan saffier, abrit kawastannan blauw saffier = manilem, ingkang rupinipun kados mripat kucing, kawastannan gijrosol saffier, ugi katelah séla mata kucing. Ijem kawastannan smaragd = jumerut, kawontennanning saffier gangsal warni, sanajan sadaya wau ugi sami mawa cahya, nanging ingkang sumunar amangun lampahing garis naming dumunung ing saffier ingkang arupi pethak utawi abrit, yé dumunung ing saffier pethak lajeng kawastannan ster saffier, déné yén abrit kawastannan gewoon saffier, ingkang abrit kawastannan robijn.

Wondéné ster saffier tuwin ster robijn punika wonten ingkang mawa sonar 3, 5 utawi 6. Ingkang pinilala sarta awis sanget pangaossipun punika wontennipun ster robijn (mirah dlima) ingkang mawa sonar garis 5, inggih ingkang lajeng  kanggé jejer pangambarring lintang asorot gangsal ingkang sampun umum dipun akenni dé[32]ning sadaya bongsa bilih kanggé pepindhanning gesang.

Dumadining saffier punika milih papan ing lerêssing garis lini, kasebut aequator utawi chatulistiwa ing arabbipub, déné ingkang kathah piyambak wonten ing tanah Mesir, inggih ing buwana Aprikah dunungngipun, saking kawontennan ingkang makaten wau, mratandhanni bilih saffier punika, sanyata ngandhung datting srengéngé langkung kathah, amargi papan padunungnganning saffier wau, tansah kaserêng déning Hyang Diwangkara. Pramila saffier kagolong bangsaning séla ingkang atos (kiyat).

Sadaya kawontennanning pepelikan bangsaning séla ing jagad raya punika, déning para ahli kawruh scheikunde miturut atosipun kapérang dados 10 golongan, déné ingkang nomor 1. Inggih ingkang atos piyambak kawastannan Diamant, déné saffier, ingkang dhawah nomor 2. Nanging saffier ingkang rupinipun ijem ingkang lajeng kawastannan Smaragd = Jumerut punika kalebet goliongnganning séla nomor 4, margi atossipun boten sami kaliyan saffier sannéssipun kapara langkung empuk, séla punika saya atos saya gumebyar, jalarran ngandhung datting srengéngé langkung kathah. Saya empuk datting srengéngé inggih kirang, mahannani kirangnging gumebyarripun, gumebyarripun wau, margi datting surya ingkang wonten ing séla kuwawa medal jalarran kasorottan ing surya, dados ateges tempukking dat sami dat inggih datting surya [33] punika wau. Saéning séla, inggih ingkang langkung awis rêginipun punika manut saking gumebyarripun ateges manut atossing séla.

Ing nginggil sampun kasebuttaken  bilih séla ingkang atos piyambak punika kawastannan Diamant, déné limrahipun kasebut Briliyant = barliyan utawi Paset = inten, nama barliyan utawi inten punika sanyatanipun namaning gosokkannipun (potongngannipun, sabab Diamant manawi déréng kagosok tuwin dipun oncékki rumiyin déréng saged ngedallaken sonarripun, déné ingkang dipun wastanni barliyan punika wangun gosokkanning (potongnganning) Diamant ingkang ing pérangngan nginggil kagosok awangun létér kados déné méja, mila lajeng katelah tafel namanipun inggih ingkang minongka raining barliyan, gosokkan sanessipun dumunung sakubengnging tafel, trappipun sami éncong-éncongngan kawastannan faseta, kathah sakedhikking faseta wau, miturut ageng alitting Diamant, tuwin saking kawasissanning juru panggosok, saya kathah faseta-nipun saya gumebyar ujwalanipun, faseta inggih gosokkan ingkang sami éncong-éncongngan tuwin gosokkan  ingkang awangun tafel, gemblengngipun (wetahipun) lajeng kawastannan Paviljoen, sangandhapping barliyan tumanceppipun ing emabannan kawastannan Rondische da[34]dos barliyan ingkang kaembannan miturut damellan kina, ingkang katingal naming wates Rondische sapanginggil inggih ingkang kawastannan Pavilyun kados kasebut ing nginggil, déné yén embannan cara gagrak énggal kasebut ayeur, ing sangandhapping Rondische, inggih ingkang kawastannan Culas saged katingal, nanging kénging kawastannan tanpa wonten gosokkannipun kajawi ing ngandhap pisan ingkang ugi kagosok saémper tafel, nanging gosokkannipun awon lan aut (ciyut) sanget kawastannan Collete, samanten wau manawi barliyan saé (1e utawi 2e kwaliteit). Déné yén barliyannipun awon (3e kwaliteit sapangandhap) Collete-nipun wau naming trimah kawangun lincip lah inggih gosokkan wangun makaten punika ingkang kawastannan barliyan, déné Diamant ingkang boten kagosok wangun makaten kawastannan inten (paset), nanginging sanyatannipun taksih wonten wangun gosokkan sanéssipun malih, ingkang kawastannan half steen, dik steen, potret steen lan sapanunggillannipun nanging awis awis wontennipun dados boten kasumerêppan ing umum mila ing ngriki boten katerangngaken.

Diamante (barliyan utawi inten) punika sami-sami bangsaning pepelikkan séla, kapétang séla ingkang saé piyambak saénipun wau saking gumebyarring solattipun mila pangaossipun awis sanget, séla sanéssipun sanajan kadps punapa kémawon saénipun (gumilangngipun) nanging [35] bilih katandhing kaliyan barliyan utawi inten sonarripun wau sanyata boten pisan-pisan yén miribba.

Diamante punika pinanggih langkung kathah wontennipun tinimbang kaliyan séla séla sanéssipun ingkang sami kanggé rêrênggan pangadining busana. Déné wontennipun séla séla wau kadosta : Maasteen, Bloedsteen, Kristal, Topaas, Granaat, Turkoois, Amethist, Smaragd, Robijn, Saffier, Ster saffier, Ster robijn, lan sanés-sanéssipun, saking sadaya séla-séla wau, ingkang sakedhik piyambak wontennipun inggih punika Ster rohijn ingkang asorot wangun garis gangsal kados kasebut ing nginggil inggih ingkang lajeng pinetha ing gambar lintang asorot gangsal ingkang lajeng kanggé pralampitaning gesang. Margi saking sakedhik piyambak wontennipun mila Ster robijn wau, wonten kalamangsannipun pangaossipun wau saged kalampahan langkung awis tinimbang kaliyan ajining barliyan ingkang le kwaliteit. Awit saking punika, kabekta séla-séla wau pancén kirang sanget wontennipun sarta boten nyekappi kanggé nyembadanni kasenengnganning manungsa, amila manungsa lajeng ambudidaya sami andamel séla tiron (immitatie), ing sakawit séla tiron wau kathah kuciwanipun, nanging saya dangu sangsaya langkung sampurna, dumugi samangké kénging kawastannan sampun sampurna yektos, awit atossipun (kiyattipun) sampun sagednya ménnika liyan séla ingkang tulén (echt). Ing nginggil sampun katerangngaken bi[36]lih saénipun séla inggih mancurring ujwala, punika gumantung wonten ing atossipun saréhning séla tiron wau atossipun sampun sagednyamenni, mila rupi tuwin gumebyarripun inggih kuwasa nyamenni ugi. Nanging saminipun wau tumrapa ningalli para ingkang déréng lebda sanget dhateng bab punika, dados sanyatanipun inggih naming nyarupi (nyamar) kémawon ateges boten saged sami sayektos, kawontennan ingkang makaten wau nama boten anéh, sabab ing jagad raya kodratting Pangéran ingkang mawarni warni tan kénging pinétang  kathahipun sanajanna tumrap ingkang nunggil warga pisan (nunggil dhasar), ijén-ijénning kawontennan wau sanyata boten wonten ingkang sami sayektos inggih tumrapping wangun tumrapping rupi lan sasaminipun, menggah dedamellaning manungsa inggih makaten ugi, langkung-langkung pandamel kawontennan titironning kodrat saking pakartining manungsa, tangéh lamun saged nyaménnana. Déné para lebda anggénnipun saged mastanni tiron utawi tulénning séla wau, punika saking atossipun utawi rupinipun nanging saged katitik saking dhedhasarripun, sageddipun nyumerêppi wau kajawi saking pasinaon ugi margi saking kulnanipun kabkta dumindakking pakaryan, yén boten kacencang déning pakaryannipun sajanan mersudiya panyinaunipun kinten-kinten angel kasembambadannipun sageddipun nyumerêppi. Sasaminipun kita boten badhé saged nyumerêppi rasu[37]kkan punika damellannipun (potongngannipun) greji sinten bilih kita boten dados greji piyambak,

Saréhning séla mirah dlima ingkang tulén punika awis rêginipun ing mongka sampun kathah tetironning séla wau ingkang sanyata nyamar sanget amili murih boten saged kelintu angsal séla tiron blih  badhé mundhut tumbas séla mirah dlima wau, langkung prayogi kasemantakaken dhateng ingkang sampun  kulina tuwin  lebda bab kawruh punika, utawi dhateng kantor pagantossan gupermen margi ing ngriku wonten pirantossipun ingkang nyekappi kanggé niti priksa séla séla ingkang tiron wau. Éwa semanten paniti priksanipun inggih boten gampil, 

Ing samangké badhé ngandharaken bab wontennipun séla séla ingkang sampun umum manjing dados piyandel bilih séla séla wau sami gadhah kasiyat tumrap dhateng manungsa, jalarran saking daya prabawanipun, déné ing ngriki ingkang bahdé katerangngaken naming séla Ster robijn ingkang limrahipun kawastannan mirah dlima, jalarran séla wau ingkang kacariyos ageng piyambak dayanipun tumrap manungsa. Ing rikala pun pangimpun manggén wonten ing laladan tanah Cirêbon inggih margi kasurung déning pakaryan ingkang wajib kalampahan gangsal taun laminipun pangudi kula seserêppan bab punika, sarana narutus pitakén dhateng para ingkang kula anggep lebda dhateng bab kawruh séla punika. Déné ingkang kula udi inggih punika : 1. Tumrap awon sa[38] éning séla, 2. Tiron utawa tulénning séla, 3. Bab kasiyattipun séla séla wau. Menggah angsal angsallanning pangudi, bab 1 lan 2, sanajan nama déréng sampurna nanging sampun luwung katimbang kaliyan ingkang boten patossa mangudi tuwin nindakkaken pakaryan punika. Nanging ingkang kasebut ing bab 3, kénging kawastannan tanpa who babar pisan, déné sababipun punapa inggih jalaran kirang piandellipun utawi jalarran saking déréng saged manggihaken séla ingkang pancén wonten kasiyattipun sayektos punika mengeng. Ing mangka boten sakedhik cacah I séla mirah dlima ingkang kula cobi marambah-rambah. (ing Cirêbon kénging kawastannan dados kedhungnging séla séla, boten béda kados ing Batawi). Déné panyobi kula wau miturut punapa sacariyossipun kadosta : bilih mirah dlima wau kaekum ing toya, toyanipun kaombé saged maluyakaken padharran ingkang saweg kraos sakit, yén katémpéllaken ing tatunning tiyang ingkang kacakot ing sawer mandi, tiyang ingkang sampun sumarambah ing badan sakojur anut lampah rah, saged kaserot wangsul déning séla mirah dlima wau. Yén kaanggé kuwasa boten tedhas kataman lumarapping punglu. Bilih badhé nyatakaken minongka cobén-cobén  séla mirah dlima wau kakalungna ing guluning ayam ing ngriku kacariyos ayam wau temtu kuwawa nolak jumedhérring sanjata, makaten sapanunggillanni[39]pun, sadaya cariyossan wau sampun naté kula cobi wongsal wangsul, kula piyambak kalerês sakit padharran lajeng tumunten  kula ombénni kum-kummanning toya mirah dlima wau, kawusananipun tanpa wonten antawissipun punapa-punapa. Nengganni laré kacakot sawer mandi, ingkang ugi tabetting tatu katémpéllan mirah dlima, pun laré meksa pejah tanpa sambat, ing rikala pacobén nyenjata ayam ingkang kakalungngan mirah dlima, inggih lerês sampun naté kalampahan ayam wau kasejata ngantos rambah kaping kalih boten barang-barang. Nanging sarêng kula tumandang nyenjata piyambak nyarêngngi jumedhérring sanjata ayam wau pejah sektan panglabakki. Déné  ing sawau anggénnipun kénging ngaken,

Mirah dlima punika ugi kacariyos bilih kacemplungngaken ing toya, toyanipun wau dipun wau lajeng dados abrit, cariyos makaten punika ugi kaladuk, déné nyatanipun ingkang sampun kula sipatti makaten : ing nginggil sampun kasebuttaken bilih ster ribijn (mirah dlima) punika anggadhahi sonar wangun garis 3. 5. Utawi 6, saking womntenning sonar wau ingkang lajeng ngawontennaken cahya ing salebettting toya ingkang kaclemplungngan  séla mirah dlima wau.  Kadossan makaten punika bilih mirah dlima wau kacemplungngaken ing toya ingkang ukur-ukur kémawon wotennipun kadosta: kacem,plunfgngaken  ing toya  ingkang wonten ge[40]las sangkir, wajib lan sapanunggilannipun, nanging yén kacemplungngaken toya ing kulah (jedhing) utawi ing sumur, sampun temtu mirah dlima wau tanpa ngawontennaken cahya punapa-punapa.

Awit saking panyobén kula bab kasiyatting séla-séla inkang sarana lampah rupi-rupi, meksa cabar déréng pinanggih kayekténnipun amila piandel kula dhateng wontenning kasiyatting séla mirah dlima tuwin séla sanés-sanéssipun ing samangké sampun kula larung wonten ing saganten kidul, saya sarêng angundurri wanci kathah ing umur, bilih piandel wau boten agé-agé kasirnakkaken wontennipun naming badhé memethengngi dhateng pangangen-angen ingkang lajeng  ngapessaken dhateng badan pribadi, punapa déné lajeng kirang kandel kumandellipun dhateng Pangéran ingkang murbéng ngalam, amargi sayektossipun sadaya sadaya wau boten liya muhung saking kersanning Pangéran piyambak, pramila saupami gadhaha ster robijn (mirah dlima) kaalappa pénining sasawangngan kémawon sanajan asor ujwala kaliyan barliyan nanging mirah dlima wau menang ngengreng sarta menang édi péninipun dados ster robijn (mirah dlima) wau sanyata musthikanning séla, inggih ratu-ratunning sadaya sarwa séla. Amila boten anglengkara bilih ajinipun langkung unggul punapa déné saking anggénnipun mawa sonar garis gangsal  ingkang sumorot wau ingkang  lajeng kuwasa kaanggé dados pralampitaning gesang.

Wodéné lintang anggénnipun kagambar asorot gangsal sarta me[41]dhet saking wontenning ster robijn, ingkang lajeng kanggé pipindhanning gesang – menggah pikajengngipun  makaten Plexus Solaris = Center Gravity = lintan juhar = padma naba  (padma = sekar traté, pikajengngipun gesang. Naba = nabi = tapel = pudel = navel) inggih tlanjerring gesang ingkang as asana ing ula-ula, punika nyumorot manginggil kawastannan : librah, andayanni raossing badan wiwt saking sanginggilling cethik sapanginggil dumugi sirah. Nyumorot manginggil lajeng mangiwa lan manengen kawastannan pirgo lan picin andayanni raossing suku kalih pisan,

Sorot wau, inggih ingkang nyonanrri ing badan sakojur, boten kikiyatannipun sabab: badanning manungsa punika kadadossan saking : babakallan = anasir = element, sekawan prakawis brama, toya, angin (hawa) lan siti. Inggih ingkang makaten punika ingkang kawastannan jodho utawi tetimbangngan tegessipun béda utawi kosok wangsul kadosta: jaler lan éstri, benter lan asrep abrit lan pethak, kempalling kawontennan éngal upaminipun: abrit lan pethak mahannani jambon, anging yén abrit lan abrit panggah abritté mawon makaten salajengngipun.

[42]Awit saking punika wau, pramila Middel punt, anggénnipun nyonarraken sorottipun méngetti gathukkipun jodhoning aben-abennannipun, inggi punika: sorot ingkang kasonarraken manginggil dumugi sirah, punika sorot dayaning brama, amargi ing ngriku kadadossan saking anasirring toya lan angin, sumunar manginggil mangiwa manengen sorot dayaning toya, amargi tangan kakalih kiwa tengen punika kadadossan saking anasirring brama. Déné ingkang sumunar mangandhap amengkang ugi mangiwa lan manengen inggih dhateng suku kekalih, punika sorot dayaning toya lan brama, margi suku kakalih punika kadadossan saking anadirring siti asallipun.

Saking kawontennan ingkang makaten punika, lajeng mahananni sampurnaning raos ing badan sakojur, inggih raossing gesang. Ananging déréng sampurna, jalarran raos wau déréng makarti, inggih margi déréng diwasa.

Ing nginggil sampun kaandarraken bilih tlajerring gesang inggih Middel punt, punika anggadhahi pagedhongngan ing ula-ula dunungngipun, déné menggah tlajerring raos  boten béda, ugi anggadhahi pagedhongngan piyambak inggih punika kajawi mangén wonten ing: sanginggiling jubur, antawissing wydel lan pajalerran wudel manah, gorokkan antawissing alis kiwa tengen lan ing sirah, kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil menggah ingkang dados te[43]lengngipun as asana wonten ing salebetting wiji gesang ingkang dumunung ing utek tuwin ing pasta purusa tumrap tiyang jaler, yén éstri, wonten ing salebetting wiji gesang ing tigan pranakkan, pagedhongngan kakalih wau kawastannan kadhaton utawi maligé ing basa Arab, ingkang dumunung ing salebetting utek kawastannan guruloka, utawi baitulmakmur. Déné ingkang dumunung ing salebetting pasta purusa, utawi ing tigan pranakkan kasebut janaloka, utawi bétalmukadas ing Arabbipun.

Middlepunt, kajawi tansah nyonarraken sorottipun tumandhuk dhateng dunungnging raos pitung panggénnan kados kasebut nginggil ingkang lajeng mahananni lampahing napas ébahing keteg jantung tuwin ugel-ugel lan sanéssipun punapa déné lampahing rah sumarambahing badan sakojur, inggih ingkang lajeng andadosaken  sampurnaning rasa, middlepunt ugi tansah andayanni dhateng malig btalmakmur tuwin btalmukadas, jalarran middlepunt inggih tlajerring gesang tansah mindeng angilkaken kempallanning daya anasir 4 prakawis awujud yiyid bangsaning utek ingkang bening akinclong dhateng ing salebetting wiji gesang ing utek lan ing salebetting wiji gesang ing pastu purusa, punapa déné ing salebetting tigan pranakkan tumrapping wanita. Makaten ing salajengngipun andadosaken diwasaning rasa saged makarti saya dangu sangsaya diwasa, wusana lajeng nuwuhaken wontennipun pangrasa. [44] Inggih ing ngriku punika jumenengnging rasa pangrasa, artossipun sampun nunggal pakarti.

Miturut kawruh Hindhu, sampurnaning rasa pangrasa punika bilih laré sampun wiwit umur 14 tahu, inggih temtu kémawon ingkang kanggé ukurran tumrap bongsa Hindhu piyambak, déné sanés bongsa saged ugi wonten ingkang boten sami. Sabab rahing satunggal-tunggalling bongsa punika béda-béda, makaten  ugi dayaning swasana satunggal-tunggalling bawana inggih boten sami. Nanging tumrap bongsa Jawi, rahipun utawi dayaning swasana ing pulo Jawi lan bongsa Hindhu ing tanah Hindhu, tinten-tinten méh sami kémawon ing kawontenannipun, pramila bilih laré Jawi bilih sampurna umur 14 tahun yén laré jaler kawastanan jajaka, (tegessipun = metu, ka = wiji = kama. Tembung: jajaka, pikajengngipun: kama medal katungka ilining kama ingkang badhé medal ugi. Yén nyata pambendungngipun wau pancén boten sembada, artossipun kita boten kuwawa, supados boten andamel rubéda, prayogi kawedallaken margi punika sampun kajengnging kodrat, déné ingkang lajeng andadossaken bencana lan sambékala, punika bilih angedallaken ingkang mesthinipun boten medal, ingkang makaten wau jaragan namanipun prelu naming miturutti kasengsemman, mila bonggannipun piyambak bilih lajeng Mnggih rubéda ing wawingkingngipun). Dvnv yvn laré éstri kawastannan: prawan tegessipun: pra = pa[45]ngarêp wan = luwih. Utawi tembung = praban = praba, tegessipun sorot, déné andaranning panjarwa sakalangkung panjang, ing ngriki naming kula ringkes kémawon inggih punika: menggah pipindhanning sekar makaten sampun katingal mekar, ngatiwassi inggih asung sasmita bilih sampun mongsa kuwawa ambabar pala.

Mangsulli bab wontenning Middelpunt inggih tlajerring gesang. Yiyid ingkang bening akinclong kinclong wau kailékaken dhateng salebetting wiji gesang ing utek andadosaken gesangnging rasa katuwuhan pangrasa, ingkang lajeng makarti sasarêngngan inggih ingkang lajeng kuwasa mahananni piker, budi, cipts, angen-angen lan saminipun (nama-nama wau ingkang sanyatanipun sami kémawon nanging lajeng dipun  tegessi piyambak-piyambak mila lajeng ambingungngaken). Saking makartining rasa pangrasa inggih piker punika wau, lajeng mahananni kasageddan rupi-rupi manéka-néka, déné kababrripun sarana tandangnging anggota, ateges mawujuddipun wau mesthi kedah sarana pakarti kapinterranning piker lan tandangnging anggota (kapikir, katandangngan). Déné ingkang kailékaken dhateng salebetting wiji gesang ing pasta purusa tumrap tiyang jales, tuwin ing salebetting wiji gesang ing tigan pranakkan tumrap tiyang éstri, kuwasa mahananni wontenning kabirahén inggih kabirahénning priya wanita. Inggih ingkang makaten punika  sajatining Adam lan Hawa, inggih minongka dados lalantar[46]ranning Hyang Kang Murbéng Bawana ambabarraken ananning kodrattipun minongka isén-isénning jagad raya punika.

(5) Ing kaca: 18, tembung kaluwat saking ingsedding tembung Arab kalwat jarwanipun: dhéwé. Tapa ngaluwat (ngluwat) tegessipun: tapa dhéwé (andhéwé) pikajengngipun meper pakartinning; amarah, supiyah lan sasaminipun murih manunggilling raos pangraossipun kaliyan ingkang Murbéng Ngalam, déné kalampahannipun wau sarana tafakur, kasebut tapa yoga ing kabudannipun inggih samadi angenangiken cipta amurwéng pandulu, ugi kasebut sastra jéndra yuningngrat pangruwatting diyu, pikajengngipun amastanni kawruh kawilujengngan utawi katentreman (tegessipun: sastra = kwruh. Jéndra yu = wilujeng = sumarah =éling =tentrem ngrat = nyampurnakaken = malihaken, diyu = buta = danawa = raksasa = asura lan sasaminipun utawi kasebut  sétan Ijajil lanat ing Arabbipun inggih wontennipun Amarah, supiyah lan sasaminipun punika wau). Saréhning diyu inggih Sang Ijajil Lanat wau tansah naming anggegodha angaru biru, amila kedah karuwat kalepassana sanjata pasopati, utawi sanjata cakra supados badhar tanpa dados pangaru birunipun, tegessi[47]pun cakra = landhep = bundher. Lapallipun mangalatan binalatin jarwanipun ubengngan = pullet pinulettan, bilih sampun kuwasa mrawasa (ngruwat) Sang Ijajil Lanat ingghih punika ingkang nama tetepping sajatining Islam mangertossipun sampun  kuwasa dhéwé, rinilan ngabyantara dhateng pangayunnannipun Pangéran ingkang sipat rohman lan rahkhim,

(6) ing kaca 18, tembung akirrat tegessipun Akir = pungkassan, rat = jagad = dunya = jaman dados tegessipun: pungkassanning jaman inggih marcapada punika, ingkang ugi kasebut jaman kaliyuga. Wondéné jaman punika wonten sakawan kawastannan: kretayuga, tirtayuga, dwarayuga, tuwin kaliyuga. (katrangngan kayata andudunungngipun satunggal tunggalling jaman kawrat wonten  ing serat paniti buwana).

Jaman sekawan punika inggih alam kita, mangertossipun sadaya wau sampun naté sami kita enggénn. Sipat gesang ing marcapada inggih ing kaliyuga, temtu ngambah rumiyin wonten ing  jaman: kretayuga, tirtayuga lan  dwarayuga. Déné kaliyuga jaman ingkang pungkassan kasebut jaman akirrat, amila bilih oncat saking ing dunnya (pejah) boten kabasakaken késah. Nanging kawastannan wangsul inggih wangsul dhateng ing ajal (asal) mula-mulanipun (ing nguni-uni), inggih ing jaman kretayuga puni[48]ka wau, inggih ing jaman kasuciyan.

(7) ing kaca: 25, prang sabil ing kabudannipun kasebut prang baratayuda, tegessipun papranganning darah barata, inggih paprangnganning sadhérék (darah barata, tegessipun darahing Prabu Barata. Déné Prabu Barata punika putranipun Prabu Dusanta, patutan saking Déwi Sakintala putra Bagawan Wiswamitra, déné Déwi Sakuntala  patuttan saking Widadari nama Déwi Ménaka. Tembung barata = barêt = brata jarwannipun pakéwed = awrat = rêkaos, mila para kurawa sawadya balanipun sadaya sami sirna gempang lebur wonten salebetting prang baratayuda). Makaten ugi pandhawa, kajawi Prabu Baladéwa, tuwin Sadyaki, para putra sarta para wadya bala ugi sami tiwas wonten ing samadyaning rananggana.

Déné anggénnipun kasebuttaken paprangnganning sadhérék sami sadhérék pikajengngipun amengku kalih prakawis, sapisan : merangngi hawa napsunipun piyambak ingkang kasérénnan watak siya, dhustha, cidra, angkara lan murka. Kaping kalihipun amastanni dhatengnging papesthén pamuruddipun dhateng ing yamaloka, inggih paperangngan  ing wektu sakaratil maot punika. Menggah ageng-ageng pacoban punika boten kados badhé nilar ngalam donnya, sanajan sampun dumugining pikun pisan ingkang ugi sampun sorwa-sarwi kirang sembada anggota tuwin pérangnganning poncadriya, parandé[49]né tansah éngkél-éngkellen, saupami kéngingnga makaten temtu nyuwun inah rumiyin, awit saking makaten punika wau, mila lajeng  kasebut paprangngan ingkang langkung pakéwed utawi ingkang sakalangkung awrat, amargi tumrapping tiyang gesang ingkang kuwasa kalis déning pusaraning donya, ingkang boten kapéncut ing kabingahan kanikmattan kamuktén lan sapanunggalannipun ateges saged luwar saking bingah sisah, darbékkipun naming anglenggahi ulah katentreman bingah lan sisah, mulya lan papa, kancana lan wingka, sampun kaangep sami kémawon lah pakarti ingkang makaten punika, sanajan tumrapping para sujana, oliya tuwin para pandhita, sanyata angel pinanggihipun jalarran panindak ingkang makaten wau kathah ingkang sami kandheg ing margi. Déné ingkang sami kenceng gagayuhannipun nanging rumaos bilih kirang sembada, kanggé ngéthéngngaken sawatawis boten kirang kirang ingkang lajeng sami sumingkir saking praja dhateng rêdi utawi wawana, prelu angindhanni gumebyarring donya ingkang ménginnaken punika, pipindhannipun kados déné  ambingahi urubbing sekar api manéka warni ingkang anggagana cumalorot ing ngantariksa, tiwan dipun sengsemi kepati-pati, déréng sapintenna sweg sakedhépping nétra dangunipun wusana sirna tanpa lari.

(8) Ing kaca 26, pasu = papasu, sansekrittipun caksu = wicaksu = wicaksana = jaksa = bijaksana, jarwanipun: padhang narawang = boten kasamaran = sumerêp sadéréngngipun winarah = waspada. Tembung: waspada = awas pada, awas sampun jarwa, pada = pantog = mandheg = rampung = wekassan = pungkassan, dados pikajengngipun tembung: wicaksana utawi waspada, inggih punika: awas ing sangkan paran = awas kahanan jati. Déné ingkang awas inggih paningallipun sajati, inggih kasebut pasupati (sanjata pamungkas pusakanipun Sang Arjuna). Tembung pasupati, ugi ateges: retuning paningngal = éling, inggih éling dhateng ingkang murbéng bawana = awas dhateng ingkang murbéng jagad = nunggil kaliyan  ingkang murba misésa = jumbuh ing kahanan jati.

(9) Ing kaca 26, panjing wijilling uswa (napas) ingkang sarana panyebut: hu, Allah, (Arab), yén Hndhu utawi Jawi: hu, ya. Ing kadis kasebut: ambeggan ngetokaké mutiara, tegessipun bondha ingkang agung, inggih bondha ingkang kénging kanggé sangu ing wektu sakaratil maot, déné angsallipun mutiara wau, temtu kaklempak saking sakedhik, mangertossipun lampah wau kedah katindakkaken ing sadangunipun ge[51]sang, kawastannan; salat daim tegessipun langgeng, inggih lumintu salattipun tuwin ajeg panembahipun inggih mangastuti iangkang tanpa kendhat, makaten punika lampahing para wali,  Nabi, utawi para pandhita, margi inggih naming lampah makaten punika  ingkang saged adamel kawilujengnganning jiwa raga ing dunya dumugi ing delahan, jalaran lajeng kuwasa mahannani padhangnging angen-angen inggih padhangnging piker, punapa déné tentremming manah. Mila salat daim wau ugi kawastannan: yu (yo)ga = titah = andamel = andadossaken = angwontenaken inggih ngawontennaken kanugrahan ingkang mikantukkaken punapa salirring gagayuhan, punapa déné ingkang kuwasa ngabyantara sumengka pangawak braja dhateng pangayunnanning Pangéran Ingkang Murbéng Ngalam.

Tembung Arab: daim sanskrittipun daiwan jarwanipun langgeng, utawi panjang tanpa ujur. Punapa déné tembung: daim ugi kasebut tri pandurat jarwanipun tri = telu, pandu = dawa, rat = jagad pikajengngipun mastanni badan, tembung: tri pandurat datan angandika, mangertossipun: tanpa ngandika amargi saweg manjangngaken uswanipun minggah dumugi salebetting wiji gesang ing utek tuwin medhak dumugi salebetting wiji gesang ing pastu purusa utawi tigan pranakkan prelu pados wewenganning galih, inggih padhangnging pangangen-angen, bilih katarimah, saéstu sakala angsal sasmita. Déné anggénni[52]pun kasebut tri pandurat sarta boten kasebut catur pandurat utawi ponca pandurat lan sanés-sanéssipun sabab: mranata nginggahaken  lampahing uswa dumugi ing bétalmakmur, tuwin ngendhakkaken dumugi ing bétalmukadas punika kuwawinipun naming kaping tiga, (tigang rambahan) samanten punika nyata minggah medhakkipun wau, muluk tuwin kandhas saéstu ngantos dumugi telengnging maligé kakalih kasebut ing nginggil punapa déné ugi sinartan aring sarwa saréh. Yén makaten punapa cekap naming tigang rambahan kémawon?, boten tur sanget ing nginggil sampun katerangngaken langgeng utawi ajeg, mangertossipun kaliyan tilemman lenggah, lumampah, sarta sanajan kaliyan nyambut damel pisan inggih kedah ajeg panatanipun  panjing wijilling uswa sarana panyebut wau. Déné murih lampahipun boten ngongsrong amenggéh menggéh, ing saben minggah medhak tigang rambahan lajeng kaaskaken sarta kapapannaken ing telengnging bétalmukadas, artosipun ngaso, boten ambeggan (menggeng uswa), déné dangunipun manut sakuwawinipun katindakna ing sadangunipun gesang ingga dumugi bénjing wektuning prang sabil inggih patempukking prang baratayuda jaya binangun inggih ing mongsa pungkassanning kéndelling uswa.

Inggih medhakking uswa tigang rambahan wau, ugi kasebut kemputting tri bawana = triloka = jagad titiga. Tumrap kawruh [53] kabatosan badan kasebut jagad alit déné jagad ageng, inggih wontenning jagad gumelar punika. Ing Arabbipun kawastannan Alam Sahir lan Kabir. Bab punika gandhéng kaliyan pakartining Plexus Solaris, inggih Middlelpunt kasebut ing nginggil margi punika ingkang dados pokokipun,

Tembung: daim dipun jarwanni: panjang tanpa ujung, utawi langgeng, punika ugi gadhah maksud mastanni wontenning napas inggih wahananning gesang. Nyataning gesang, napas minggah lan medhak kawastannan ambeggan, tanpa napas ateges tanpa nyawa, kawastannan pejah, tegessipun risak, déné ingkang risak  raganipun, napassipun inggih nyawanipun boten barang-barang, tansah anglimputti jagad raya punika.

(10) Ing kaca 26, ing salebetting prang baratayuda, Bagawan Sampwanni muja nyulap Sang Jayadrata, katrimah pamujanipun Sang Jayadrata arupi satus, pangajappipun Bagawan Sampwanni, Sang Jayadrata lepatta ing pati. Sanjata ingkang ngenénni, ngemungna mring Jayadrata sulap, amila ingkang majeng ing pabarattan naming susulappannipun kémawon, déné Jayadrata ingkang saéstu, kasingiddaken wonten salebetting gedhong waja, sarta jinagi pipit rapit déning para kurawa sami asikep sawarnining dadamel, mila makaten awit Bagawan Sa[54]mpwanni kesupén yén kasupén yén pamongnging pandhawa punika Srinata Kresna sanyata tan kénging pinaéka. Agal lembat sanajan ing telénging jagad pisan Sri Kresna saéstu boten badhé kasamaran, mila sanajan Jayadrata arupiya séwu, boten badhé lepat ing antakanipun,

Mangkana naréndra Kresna, sarêng surya sumiwang lingsir, mongka Jayadrata déréng pinanggih, anunten pasang gelar, surya tinutuppan cakra dén anggang-anggang, baskara katingal asirat jenar, cakra katetepaken sanalika surya katingal kados sampun surup, para wadya bala pandhawa sami alok Arjuna badhé obong lebu ing wongwa. Para kurawa sakalangkung suka, margi badhé ical mengsahipun ingkang sekti montra guna. Saking sukanipun ngantos kaoncattan ing wiwéka, lajeng sami ningalli badhé obongngipun  Arjuna. Sang Jayadrata ugi tumut aningalli medal saking salebetting gedhong waja. Solahipun andingkik-dingkik amping-ampingan para kurawa. Kocap Sang Naréndra Kresna, lah ing ngriku botn kasamarran dhateng solahipun Sang Jayadrata ingkang mangédrajala. Sang Arjuna jinawil sarta jemparingngipun pasupati cinénéng kalerêssaken pernahipun Sang Jayadrata, sang Arjuna anjijing sampun wuninga, tan saranta blas lumepas kang sanjata pasupati, cumundhuk ing jangganipun Sang Jayadrata, tugel bet pejah kapisannabn sampurna jati.

Andharran ing nginggil punika, saged dados panggalihannipun para nupiksa ing bab palayarran sakaratil maot inggih [55] prang baratayuda jaya binangun, awit ing ngatassing Sang Arjuna  ingkang sampun kacikna prajurit ingkang langkung pinunjul ing kadibyannipun tut kinasihan ing pra jawata, parandéné boten kuwasa anyirnakaken Sang Jayadrata bilih tanpa Sri Nata Kresna.

Kasigeg,

— @@@ —

Lepatting panyithak
Kaca 18, ngawruh ing = ngawruhi;
Kaca 29, raos lan tenglengnging = raos lan telengnging;
Kaca 43, saletetting = salebetting; pastupurusa = pastapurusa;
Kaca 46, angen ngingken cipta = angeningngaken cipta;
Kaca 48, tuwin satyaki = tuwin santyaki;

 

2 thoughts on “SERAT PRALAYA JATI

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s