KAWRUH SESAJI


KAWRUH SESAJI

Inggih punnika isi kawruh sasarat saha sasaji
sapanunggilannipun ingkang linampahan dénning
para tiyang Jawi, wiwit kina dumugi
sapunnika, kadosta :
wiwitipun bayi  dipun sajénni: dilah, papoh
kelud sapanunggalannipun,
padaringngan mawi dipun sasaji
sekul golong, sasaminnipun,

kaimpun dénning :
Mandra Sastra

ing
SURAKARTHA.

2e DRUK

Kawedalaken saha kasadé dénning:
Than Khun Swi
Ing Kedhiri
1927

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 1 Oktober 2018

_________@@@_________

Isining buku:

  1. Sasajinning tiyang mumuja,
  2. Boten kénging ngetabbaken wawadhah,
  3. Murih kadulurran sandhang pangan,
  4. Sasaji dalah wadhahannipun patannén,
  5. Sasaji malem Jumungah,
  6. Wawaler tumrap wanci dalu,
  7. Pawong lannang ora kenna buka simpennanning somah,
  8. Gecko mentah tumbal tutulakking dannawa,
  9. Sambarénni, nedha dados jampinning lesu,
  10. Sasaji padaringngan,
  11. Wawalw pandékékkipun padaringngan,
  12. Dongannipun tiyang kina,
  13. Sarat murih lulus annannannem,
  14. Rajah kalamuksa jampi kéwan sakit,
  15. Sarat : nyirnakaken ama pantun ing lumbung,
  16. Sarat : minggah dhateng lumbung,
  17. Sarat : nutu mawi kothékkan,
  18. Sasaji lumbung,
  19. Ingkang boten damel pepejah boten prayogi pinnejahan,
  20. Wawales ingkang utami,
  21. Mardikaanipun winantéya,
  22. Wiwittipun wonten peksi gatra jamang susumping,
  23. Gusti wajib ingaji-aji,
  24. Wiwittipun nama sri ngawanti,
  25. Getassan [anggalih getabpan karna, ila-ila awekassan manggih tuna,
  26. Amrih antuk sih,
  27. Boten maélu dhawuhing Déwa manggih sangsara,
  28. Sabda pandhitha rathu,
  29. Nerangaken ingkang winnastan: bannyu yoga,
  30. Pannyepengngipun sawer sawa,
  31. Mannawi tiyang éstri manak ingkang jaler boten kénging tilem wanci dalu,
  32. Sarat bilih bayi bibar lair umur 2 dalu,
  33. Sarat bayi umur 3 dalu,
  34. Sarat: murih bayi tebih saking rêncana, umur 4 dalu,
  35. Sarat: bayi umur 5 dalu, saha ambagékaken minnongka tutulak sarab sawab bayi,
  36. Dipun saénni wajib males kasaénnan,
  37. Padha tisinnang, pecut naga sérang,
  38. Wawaler tumrappipun tiyang sepuh dhateng bayi, amrih rahayu,
  39. Tiyang ingkang tangi ing tengah dalu dumugi byar éstu manggih kabegyan.

_________@@@_________

———1. [1]Lampahipun Déwi Sri kéndel wonten padhusunnan ing Tulyan anjujug ing pawonnipun Buyut Soma, nuju sémahipun Buyut Soma kang annama Kén Swami, saweg angresikki pawon sarêng sumerêp wonten pawéstri dhateng lajeng tinnakénnan wangsullannipun Déwi Sri prasaja bilih putrannipun Prabu Sri Mahapunggung annama Déwi Sri, Nyai Buyut langkung  ajrih dénné karawuhan Gusthi, lajeng anguwuh lakinnipun, Buyut Soma tatakén sampun  jinatosan dhateng sémahipun, Buyut Soma tumnut ajrih. Ingaturran lumebet ing wisma Déwi Anurutti. Nunten Buyut Soma aparéntah dhateng sémahipun kinnén angrukti pasugata, Déwi Sri angandika : wus tan susah sira sugata, ingsun mung aminta kinnang ayu lan kembang boréh, muwah paésan sarta dupa, ingsun arsa amuja sadhéla. Sarêng sampun sinnaossan Déwi Sri lajeng amuja.

———2. Ing satengahipun amumuja Déwi Sri kagét dénné sémahipun  Buyut Soma angetabbaken wawadhah. Lajeng mijil saking paomman sarta angandika, é somahé Buyut Soma, yén sira arêp kadulurran sandhang pangan ajo sok natabbaké wawadhah.

———3. [2]Lan manningngé dén t eberi adudupa, saben sira tangi turu aja dhinginnan tanginning ngayam saben sira arêp mangan  angantiya ing saadhemming sega jangan ing sawussira amangan ajangngira asahanna dénna rêsik aja sok annyinggahaké ajang during ingasahan lan yén sira arêp turu adussa dhingin tanginning turu iya adussa, nuli mijilla maring jabanning wisma, lawang-lawangngira padha wengakna. Telas pangandikannipun Déwi Sri.

———4. Déwi Sri angandika dhateng  sémahiun Buyut bawadtha kang anama Patanni : é Patanni,  ingendi papajangngannira, ingsun teka angrasa arip arsa néndea sadhéla, ananging saréhning papajangngannira arsa ingsun anggosaré, sira rêsikkana, tatannana kasur guling bantal kang mumendhung kendhung, sarta dokokkana diyan sandhingngana kendhi watu isi bannyu, kinnang ayu kembang boréh, jronning pajangngan dupannana, kabéh iku minnongka sasajinningsun mannawa ingsun arsa ngunjuk utawa gantén, Kén Patanni matur sandika.

Déwi Sri lajeng lumebet pajangngan langkung rêsep ing galih. Sarêng sampun saré sakedhap wungu lajeng ngunjuk toya nunten anggantén wedallipun saking pasaréyan sinnaossan dhahar nanging boten karsa, pangandikannipun : ingsun during arsa mangan sajé[3]kenna ana ngarêpping papajangngan kéwala tumpeng iku, ingsun wus marêm angombé bannyu kang ana ing kendhi watu, sayekti dahat pannarimanningsun maring sira, dénné gonningsun turu karasa kapénnak, wewekassingsung maring sira: Patanni, lestarékna anggonnira annata papajangnganira kaya mangkonno mau, malah dokokkana kalasa sisik melik lan bantal barabon minnongka papali, iku kang dadi karanna kapénnakké gonningsun néndra.

———5. Lan saben dinna malem sukra, papajangngannira sira rêsikkana, bannyunné kendhi salinnana, nganggo sajén nana kembang boréh, tumuli dudupaha, iku sing sapa wongngé angéstokaké wewelingngan ningsun mau, ing salawassé tutug jaman wekassan sanadyan ingsun wus badan alus ingsun tedhakki, sayekti kadulurran sandhang lan pangan,

———6. Sarta wekassingsun maring sira, aja angengebuttaké jarik ing wengngi, aja annenapu utawa akekelud paturon sawussing surup surya, sarta rêsikkana dalah jogannira, ésukké sira tebahana mannéh, sarta  annanapuwa sadurungnging metu [4] surya.

———7. [4]Dénné Buyut Bawaddha, ingsun wekas ajo sok ambuka simpennanning somahira, ila-ilanné tarabas kerêp kélangngan, Buyut Bawaddha dalah sémahipun matur sandika.

———8. Kaciriyos Déwi Sri kaliyan Kén Patanni, saréng sumerêp yén Buyut Bawaddha pejah, dahat sami sungkawannipun pangandikannipun Déwi Sri: lah Patanni dénnagé agawéya gecko mentah dokokkenna anénf padonning désa. Kén Patanni lajeng damel gecko mentah sinnéléhaken papadhonning dhusun, saréng padonning dhusun dipun dékékki gecko mentah para dannawa sami bingung pating bilulung, Kalandaru boten kober angambet gandanning Déwi Sri, pijer angambet gandanning gecko  mentah karaos seger badannipun lajeng  paréntah kinnén angupadossi.

———9. Pamarnning Déwa lampahipuh Déwi Sri langkung gancang rêncang boten wonten sangsayannipun, sarêng dumugi ing dhusun Karanglengki, nuju sémahipun Buyut Krama ing Karanglengki saweg musussi uwon wonten  ing lepén, Kén Patanni sampun wanuh kaliyan sémahipun Buyut Krma, awit kala sami anguyang nempur. Kén Patanni lajeng anguwuh, wicantennipun: sambéranna-sambérana, tegessipun : Biyang Samba Biyang Samba, iki Gusthinnira Dé[5]wi Sri tedhak marénné. Sémahipun Buyut Krama ingkang sebut Biyang Samba wau sarêng amiyarsa panguwuhipun Kén Patanni, lajeng sumahur sarta gupuh-gupuh amuruggi. Dumugi ngarsannipun Kén Patanni, lajeng sumahur sarta gupuh-gupuh amuruggi. Dumugi ngarsannipun Déwi Sri, lajeng angacaranni. Pangandikannipi Déwi Sri: sira dhinginna angresikkana wismannira. Biyang Samba lajeng angrumiyinni, awawarti dhateng lakinnipun, Buyut Krama langkung suka lajeng tumut tata-tata. Biyang Samba ing sasampunnipun rêrêsik annata nata salebitting griya lenggah ing salu celak padaringngan mangkana Déwi Sri  sarêng mambet gandanning wos wangén teka badhé karsa dhahar, lajeng angandika dhateng Kén Patanni: é Patanni, ing salawassé ingsun  lunga seka ing praja, lagi ing mengko ingsun  karasa luwé, nanging ingsun wus prasetya yén during katemu lan narinningsun Si Saddhana during sedya mangan, aturripun Kén Patanni : dhuh Gusthi, menggah ing karsa paduka makaten punnika inggih kaluhurran nanging ing ngatassipun saweg kaleson wennang adhaharra ing sawatawis dadossa jampi lesu kémawon Déwi Sri panuju ing galih.

———10. Déwi Sri angandika malih: é Biyang Samba sira olah-olaha kang anuwuhaké segerring sarirannipun iya iku kang ingarannan sega golong pecel pitik jangan mennir, lamun sira during sumurup sega golong iku: sega sa[6]wussé diengi adhem nuli ulig-uliggen samaja-maja gedhénné. Pecel pitik iku: pangang pitik iwakké sira cuwillan, banjur sira cemplungngenna ing sambel kang nganggo bumbu bawang kencur sarta kang dén dokokki duduh santen, jangan mennir iku: bayem utawa gogodhongngan liyanné kinnela, duduhé bannyu tawa ora nganggo santen bumbunné brambang kunci, gula, uyah. Nunten Déwi Sri  dhahar amung sakepel sampun pangandikannipun dhateng Biyang Samba: banget panarimanningsun Biyang Samba enggonnira annyugata, yén sira arêp kadulurran sandhang pangan iya sasajiya sego golong pecel pitik jangan mennir anéng padaringngan  sandhingngan gedhang ngayu suruh ayu kembang boréh, Biyang Samba matur sandika.

———11. Déwi Sri angandika malih: lanningsun takonmaring sira Biyang Samba, apa karananné padaringngannira teka ana ing jaba sarta dén padhangngaké. Aturripun Biyang Samba : dhuh Déwi, , amargi asring dipun tedha ing tikus pangandikannipun Déwi Sri padaringngan ana ing jaba sarta kepadhangngan dénning surya iku, ila-ila boros, yén sira susah dénning tikus damarrira ing padaringngan aja kendhat lan padaringngannira sndhingngana kalungsu [7] sarta kacang wosé. Sarta aja sok annaker beras ing wengi, ila-ilanné katekan salamet, sasampunnipun Déwi Sri angandika makaten lajeng lumebet dhateng padaringngan Biyang Samba tinnimballan, Déwi Sri angandika malih  : é Biyang Samba, wadhahira beras iki teka ana kalobotté. Biyang Samba matur: punnika kula anggé tetengnger yén kalebettan tikus kapirêngnga kumrosak, pangandikannipun Déwi Sri: padaringngan iku sirikkanné aja kongsi kadodokkan kalabot lan sega aking utawa katul ila-ilanné asring katendhaggan beras, Biyang Samba angéstokaken sapangandikannipun Déwi Sri.

———12. Buyud Raddhi Masarêng amiyarsa pangandikannipun Déwi Sri sangsaya kararantan mannahipun lajeng tumengéng tawang andodonga makaten: Hyong hyangi kadaddéng pangempa wasulun | suwawi sira ngakup paméng wkang lalun | rikad wisnyan padhémuta ywa kapilun │ tgessipun: dhuh Déwa ingkang asih ing rathu kawula, mugi-mugi angapuntenna dhateng sang rathu, supados sang rathu angapuntenna dhateng putra anglalu, ing kalih-kalihipun sami émutta sampun kelajeng-lajeng.

———13. Sasampunnipun  Buyut Raddhima andodonga makate[8]n  nunten Déwi Sri ingaturran tedhak ing wismannipun, wangsullanipun Déwi Sri: wus tan susah ingsun maring wismannira, karan ingsun mung mampir kéwala, yén ajaha kesusu binuru ing ditya, sayekti ingsun karasan anéng patamannannira kénné, dénné pepak temen tandurranné, nanging kuciwanné tanpa papali. Patamannan iku, kang dadi papalinné tulussa kang sarwa tinnandur, kudu nganggo sira tandurri andong lawan  puring, sarta yén sira angungundhuh sasajiya sega gimbal sandhingngana kukulubban tinnata wangun urip lawan kembang lung-lungngan untingngana dénna sangkep pakoléhé supaya ora kantrak ing wuri. Buyut Raddhi mamatur sandika sedya angéstokaken, nunten Déwi Sri  pamit,

———14. Déwi Sri lajeng angunus susupénnipun ingkang mawi rajah kalamuksa, pangandikannipun: ali-yaliningsun iki ana rajahé kalamuksa, lah coba kalukunnen ing bannyu tuli, nuri sira ombkna ing raja kayannira mannawa bisa waras, umbul manggala anampénni susupé lajeng kinnaluku ing toya tuli, nunten kaombékaken ing maésa lembu kang sami agring sadaya, umbul manggala saget sukurripun, supé sampun  kaaturraken dhateng Déwi Sri malih. Nunten Déwi Sri  lumebet dhateng wisma sampun sinnaossan dhadhaharran warni-warni, nanging [9] Déwi Sri boten karsa dhahar sekul amung dhahar pisang pulut sauler, nunten Déwi Sri amannonni ungker kaliyan sigi sumelap lajeng dangu dhateng umbul manggala: é manggala, iki ana ungker lan sigi sumelap apa somahira angantih lan anenun, umbul manggala umatur: dhuh Sang Déwi, sémah kawula sampun pejah, dénten ungker punnika mentas kapendhet bennangngipun bennang kaliyan sigi kadamel sarat anebihaken dhingkel Déwi Sri  angungun lajeng angandika: lah umbul manggala, pira bara ing tembé yén ningsun bisa mulih maring praja, yén ana bocah ingsun kang dadi sennengngira sayekti ingsun dhaubbaké, ing mengko ingsun aterrênna marang medhang wantu.

———15. Pangandikannipun Déwi Sri: é petangngan arannira iku padha karo aranning ratu bubuk bang, yén sira inguwuh marang lakinnira Buyut Warahas iku ratunning bubuk bang marasa annak putunné. Lamun sira kinnongkon maring lumbung, iku ratunning bubuk bang saannak putunné iya tumuli maring lumbung, karana yén sira inguwuh utawa kinnongkon ing lakinnira, pannarkanné ing mengko mennawa sira karonné anyondhongngi, prayoga sira angaliha aran Kén Marttanni, Buyut Warahas a[10]ngaliha aran Buyut Muksala, mannawa dadi sarana pangruwatting sarêmet bubuk bang. Buyut Warahas kaliyan Kén Pitengngan matur sandika sami angéstokaken, nunten Déwi Sri amulang montra makaten: ong palacat murcaca ruwat kala suha, ong sri mandel mangurên tela maswaha. Déwi Sri angandika malih: montra rong kandhan iku wacakenna ing kembang sulasih, sawurrênna maring pari kang kapangan ing bubuk bang. Buyut Muksala kaliyan sémahipun lajeng sami angéstokaken ing sadhawah piwulangngipun Déwi Sri, sarêmet akaliyan bubuk brit sami sirna sannalika.

———16. Déwi Sri angandika malih: é Muksala sarta sira Kemmarttanni, mannawa sira munggah maring lumbung kudu dinupannan, lamun sira arêp andhudhah pari ing lumbung, nganggo sasajiya suruh ayu gedhang agung kembang arum sarta  dudupa, nuli tembungngen marang kang  rumeksa ing lumbung mangkenné: aranné sang sri hunna sang sri hunni. Sungngana ameng ngamengngan kalungsu kamiri lawan kérék bolong miwah kakendén myang kékéhan, telas pangandikannipun Déwi Sri. Buyut Muksala kaliyan Nikén Marttanni sami amituokaken, nunten Déwi Sri ingaturran lumebet ing wisma, [11] sinugata warni-warni, nanging Déwi Sri dérénf  karsa dhahar, namung anggantén kaliyan angunjuk kéwala.

———17. Mangkana Buyut Wangkeng lajeng angacaranni dhateng Déwi Sri ingaturran lumebet ing wisma. Pangandikannipun Déwi Sri: lah iya Bapa rêsikkana wismannira dhingin ingsun lagi dhemen angrungu swaranning kokothékkan teka ambungahaké ati. Buyut Wangkeng lajeng lumebet ing wisma, angresikki sawarninnipun rêrêged Déwi Sri angandika dhateng Ken Sanni: lah bibi, ing sajronné ingsun anéng kénné, lamun  sira anutu wekassana kokothékkan supaya dadi pangimurring sungkawanningsun,

———18. Lan palesungngan niki dokokkana aub-baub sarta ing saben dinna malem sukra rêsikkana dupannana. Kén Sanni matur sandika.

———19. Buyut Sondong wicanten dhateng  Buyut Wangkeng: menggah dannawa punnika punnapa boten prayogi pinnejahan sadaya mupung sami wuta. Wangsulanning Buyut Wangkeng: réhning dannawa boten adamel ing pejah kula, dados ajrih dudukanning Déwa, lamun amejahana ingkang boten amrih pejah, mapan sampun  sami wuta yén kalerêssan kados sami annemahi pejah saking solahipun piyambak,

———20. [12]Paksi Wilmuka muwus malih: lah ditya kalandaru, yén mangkana sira iku kenna daya ing pangupaya, rahayunné bagya kamayangan temen sira katemu lan ningsun wus pinnasthi karsanning Déwa, katemu ing putu padha tulung tinulungngan éyang ngingsun Sang Hyang Anthaga, ing ngunni angemong éyang ngira Sang Hyang Kala, katemunning wuri mangkya ingsun kalebu ing babaya luwar seka ing sira, dadi wus bennerré labet pangemong iku ing wuri annemu pangéman, labanning ngéman dadi  annemu kautaman iya marmanné ingsun iki arsa males kautaman maring sira, karana sira branggah arowa nanging kuciwanné nétrannira wuta. Upamanné sira waluya  akaya ing ngunni sayekti utama. Wangsullannipun dtya kalandaru: éh iya manu ingsun tulungngana tumuli, selak sedhih temen tyassingsun pijer anumbuk-numbuk mangkénné.

Sasampunnipun para ditya sami waluya lajeng sami kalempakkan wonten panggénnannipun ditya kalandaru, sami rêmbag amadossi Déwi Sri malih. Paksi Wilmuka annambungngi wuwus: seka pangrasanning tyassingsun wus tan susah sira angupaya Déwi Sri, luhung padha muliha marang medhang kumuwung kéwala, ingsun kang bakal atutulung ngupaya Déwi Sri, ing ngendi enggonné katemu ingsun samberré nuli ingsun gawa marang medhang kumuwung, ingsun a[13]turné marang ratunnira, supaya padha katrimanné, lamun sira prapta dhingin iya maturra maring ratunnira, kang dadi lakonnira saréhira dinuta, kongsi tumekanning kasaguhanningsun angupaya Déwi Sri. Lamun ingsun kang prapta dhingin sayekti anganti ing satekannira, supaya ora katambuhan ing laku, sarta ora kapedhottan wikalpa.

———21. Yata wonten paksi  garudha annama Winanthéya, tegessipun : tedhakking paksi  Winatha, punnika kalangennannipun Sang Hyang Wisnu ingkang anganglang ing ngawang-ngawang, yén wonten durlaksana ing gagana paksi garudha Winanthéya ingkang angrabasa.

———22. Sasampunning tata lenggah, Sang Hyang Naraddha ngandika wawartos dhateng Radén Saddhana, ing lampahannipun Déwi Sri sadaya, miwitti malah mekassi. Radén Saddhana andheku dahat pangungunnipun, nunten praptannipun Garudha Winantéya, Déwi Sri  kagyat andharodhog awit saking anganji mentas kasamber ing paksi Wilmuka. Sang Hyang Naraddha sumerêp yén Déwi Sri ajrih, lajeng angandika: lah iku si Garudha Winanthéya kang atutulung maring sarira, mangkana Garudha Winanthéya matur dhateng Sang Hyang Naraddha, yén paksi Wilmuka sampun sirna boten kantennan, Sang Hyang Naraddha gumujeng sarwi angandika dhateng Radén  Saddha[14]na akaliyan dhateng Déwi Sri lah ing mengko sira kapotangngan aranné, prayoga padha angganjarra marang si Garudha Winanthéya, karana iku kalangennanné éyangngira dhéwé. Nunten Radén Saddhana angganjar jajamang. Déwi Sri angganjar susumping, lajeng inganggé dhateng Garudha Winanthéya. Mila yén wonten  paksi mawi gatra jamang susumping, tondha tedhahhing Garudha Winanthéya.

———23. Buyut Sondong atatakén ésmu bendu dhateng sémahipun: éh Sademmi, ingsun  iki atatakon marang sira, apa karannanné ing dalem telung dinna iki ulattira teka suntrut kéwala, ora nganggo ana lejarrira sapandurat baé, apa sira angesula engnningsung kadhayohan iki. Ing mongka dhayoh ingsun  dudu sawiyah uwong, iku gurunningsun sarta kadangngingsun tunggal guru kabéh. Saupama sira angresula awong ora kukurangngan apa-apa. Mannawa sira kesukerrana lagi pirang dinna dhadhayoh ingsun iki, ingétung  lagu andungkap patang dinna enggonné anéng kénné, isih lawas duk kadhayohan Radén Saddhana ingngunni, dénné kongsi wolung dinna ulattira lejar kéwala, sarta angluluwihi enggonnira annyuba-nyuba, iku paran kang dadi wadinné. Wangsullannipun Kén Sa[15]demmi: dhuh guru laki kula, sampun andika kalintu serêp salah pannarka darbé panginten kang boten boten, menggah anggén kula annyuba nyuba dhateng Radén Sanddhana  punnika kawarti putranning naréndra, lamun yekti putranning natha saéstunnipun punnika Gusthi, saking mannah kula yén Gusthi punnika kedah kaaji-aji, pakantukkipun amberkatti. Dénné ing mangké anggén kula suntrut kéwala, saréhning tamu andika kathah ingkang rondha, sandéyanning mannah kula mennawi kinnamaru.

———24. Ing nalika punnika wana ing Medhang Ngagung ingkang dipun dhekahi dénning Déwi Sri kaliyan Radén Sanddhana sampun katingal gemah aripah, miwah karta arja dados dhusun ageng, lajeng winnastan padhekahan Sri Ngawanti.

———25. Ing ngriku raja dibya Pulaswa lajeng adhadhawah dhateng Patih Kalasuba, kinnén annindhihi wadya bala kang samo babarissan raja dibya Puaswa arsa amunnah kang annama Radén Saddhana. Aturring patih: Gusti kula boten amrayogakaken amargi kalamun énggal-lénggal lan getassan panggalih getappan karna, ila-ilannipun awekassan tunna, mila babasannipun sampun ngantos gita  lamun déréng  unninga ing gatinnipun, mannawi kaparêng ing karsa natha prayogi anglampah[16]aken duta pannalika rumiyin yén sampun gennah ing prennahipun sampun kantennan pangénnannipun sampun cetha kandhannipun sampun tétéla tulénnipun punnika sedheng tindak pribadi, dados ing semu boten kuciwa, telas aturring Patih Kalasuba.

———26. Pathih Mudha bathara  apirêmbaggan kaliyan Aryya Soddha,  wuwussipun: annak Aryya Soddha, mungguh prayoganné ing laku iki unggahé marang  ing pratapan becik padhatan pawadya, ngemungna ingsun lan sira kéwala. Dénné sagungnging wadya bala padha tinninggal anéng kénné, kinnén angantiya ing saudhunningsun supaya ora  gawé gitanné Déwi Rukmawathi, karana wong amrih sih iku yén agawé gita kang angegét-egétti asring tan antuk gati, yén ingsun  lawan sira kéwala kang marêk maring Déwi Rukmawathi, kaya-kaya luntur sih awekassan ingsun pituduh kang sanyata.

———27. Sang Hyang Naraddha rawuh, adhadhayoh dhateng Déwi Sri kaliyan Radén Saddhana, yén karsanning Sang Hyang Jagadnatha, sakaliyan sami kinnén umantukka dhateng Purwacaritha, awit sungkawannipun kang rama ibu andadossaken gara-gara: ing Suralaya tansah aruhara. Anangnging Radén Saddhana akaliyan Dé[17]wi Sri meksa sami mopo. Sang Hyang Naraddha angandika ésmu duka: éh bocahwangkod sapa kang sira idhep dénné sira ora angéstokaké dhawuh pangandikanné Sang Hyang Jagadnatha, yén mangkana aja ketanggungngan luhung katemu padha kadang, dadi boya kaliya. Déwi Sri kaliyan Radén Saddhana sami matur boten kadugi anglampahi. Sang Hyang Naraddha angandika malih: ingsun wus sumurup karêppira karo, Nini Sri kudu dadi Widdhadari, Kaki Saddhana kudu dadi Déwa, iya kalilan dénning Sang Hyang Jagad Pratingkah, nanging durung mangsanné. Ing mengko saréhning sira ora amaélu dhawuhé Déwa, dadi sira bakal padha nemu sangsara. Déwi Sri kaliyan Radén Saddhana andheku. Sang Hyang Naraddha lajeng muksa.

———28. Prabu Sri Maha Pungglung sarêng amidhanget ing ngaturring aryya Nithiradya dahat rudahing wardaya, pangandikannipun: dhuh putranningsun Sri Saddhana, teka padha kapati-pati temen enggonnira amutungngi wong ngatuwa, apa sira esri ngarah anglungsungngi kaya ula sawa, si Saddhana apa dadak kongsi anusuh kaya sriti. Pangandikannipun Prabu  Sri Maha Pungglung ingkang makaten punnika, boten pisan yén  angesottaken dhateng ingkang putra, amung saking kakenning panggalih, ananging babasan sabda pandhitha ra[18]tu, ingkang kasambadan awit saking lebdanning tapa brata, karsanning Déwi Sri lajeng dados sarpa sawa, Radén Sanddhana dados paksi sriti. Ing nalika  dadossipun anuju tengah dalu, taksih sami salebetting annendra, sarêng bangun énjing mangsannipun anglilir, Déwi Sri akaliyan Radén Saddhana sami salah paningal pakarangannipun katingal wana, titiyangngipun katingal sato kéwan lajeng késah sowang-sowangngan tambuh ingkang sinnedya.

———29. Ing mangké Déwi Sri ingkang kacariyossaken rumiyin lampahipun kalunta-lunta tanbuh ingkang sinnedya ngantos dumugi talatah ing nagari Wiratha, kéndel wonten  ing pasabinnan ing dhusun Wasutira angleker satengahing pantun, dhusun ing Wasutira punnika pangagengngipun ing Tuwaburu, sémahipun  annama Kén Sangki, anuju  saweg wawrat sepuh. Ing ngajeng Tuwaburu Kyai Wrigu punnika puruhita dhateng Rêsi Wisama, sarta winneling makaten wuwussipun: é Wrigu, sira uga bakal pinnaringngan annak dénning Déwa, lamun kabennerran anggawa begja, sarana iki kalukunnen ing bannyu yoga, kang aran bannyu yoga iku papat: 1. Bannyu saka bumi, 1. Bannyu saka langit, [19] 3. Bannyu saka cucukullan, 4. Bannyu saka kang ngasipat nyawa, winnore dadi  siji kinnarya angaluku sarana iki, nuli inummen lan somahira, lamun karatima somahira bisa anggarbinni.

———30. Sarêng ing ngantawis Kén Sangki sampun anggar binni, Kyai Wriguha kaliyan sémahipun lajeng sami sowan ing Rêsi Wisama, Rêsi Wisama amangsit dhateng Kyai Wrigu, pangandikannipun: é Wrigu. Wruhannira kang anéng wetengngan iku Widdhadari panukmanning Déwi Tiksnawathi ing kunna. Kang aran Déwi Tiksnawathi iku kadadiyanning Rêtna Dumilah, dadi mengko sira antuk begja aranné, nanging lamun ora kabennerran andadékake sungkawannira, karana wetunning bocah iku anganti wetunning Sri, awit ing ngunni wus anunggal kahanan ananning Sri iya ananning Tiksnawarthi, ananning Tiksnawathi iya ananning Sri, kaya satu munggéng rimbaggan, dénné kang dadi marganné katemunning Sri lan Tiksnawathi sira angupayaha ula sawa kang agatra susumping pari sawuli, yén wus antuk sira rêksaha kang abecik sarta gumaténnana, aja kongsi mati, yén ula iku mati sutannira nututti. Telas pangandikanning pun Rêsi Wisama, Kyai Wrigu matur sandika pamit mantuk sampun kalilan, dumugi griya lajeng ngupados sawer sawa, ngantos pinten-pinten dinte[20]n boten amanggih, sarêng anuju tanggal sapisan ning mongsa  padrawana, Kyai Wrigu sanget sayah kéndel ing pépéréng lajeng ketilemman ing ngriku angsal wisik mennawi sarpa sawa ingkang kaupadossan wau boten tebih panggénnannipun sampun manggén wonten sabin kang saweg merkatak pantunnipun nanging boten kénging yén cinepengngan, kedah namung kapasangngan gelarran énggal sinnasabban lawon pethak sarta sinnebarran sekar arum kinnepyurran gonda wida, mannawi sarpa sawa sampun wonten ing gelarran lajeng ginulungngan kaprennahana ing pangénnan kang arêsik, telas ujarring wangsit, Kyai Wrigu tangi lajeng mantuk mendhet gelarran énggal sarta lawon miwah sekar konnyoh, kabekta dheteng sabin pinnasang kados welingnging wisik, sarêng sarpa sawa mambet gandanning sekar konnyoh lajeng muruggi ngaleker wonten ing lawon nunten Kyai Wrigu nembah majeng aririh anggulung gelarran kabekta mantuk kaprennahaken ing patannén,

———31. Mangkana ing dalu Kvn Sangki karaos annyakitti lajeng darbé laré medal éstri, Kyai Wrigu langkung suka. Dupi ing ngantawis sampun sami rêsikkipun jabang bayi akaliyan Kéng Sangki, srunning sayah Kyai Wrigu tilem, ing ngriku sarpa sawa amarimpénni: ingsun iki aja sira sasaji kodhok sa[21]jén nana suruh ayu kembang arum gonda widdha, sarta adheppana dupa kalawan diyan aja kendhat yékti andadékaké kabegjannira. Lan wekassingsun maring sira, sutannira iku aran nana sira Kettan, ing dalem pitung dinna sira aja turu ing wengi, turu wayah rahinna kéwala, iku minongka pangreksanning sutannira supaya dadiya kalis ing béka rêncana, telas wangsitting sarpa.

———32. Kyai Wrigu nuju tilem siyang, sarpa sawa amarimpénni : V Wrigu, ing mengko surup surya ana kang ngrancana marang sutannira, Sang Hyang Kala dadi asu ajag iku tulakkana, sagungnging lawang obongngana walirang, sajronning wisma oborrana balarak kaping telu sawengi, sarta sasajiya sega punnar iwak ati saundhuh, sajékenna daganning sutannira. Dokokkana gantal pasangngana paéssan lawan kelud sapu, pawon sandhingngenna, damarrira aywa kendhat mengko surup sira angubengngana wismannira, amatekka montra: ukala nama siwayeh. Ing sawengi mengko sutannira sayekti nemu rahayu.

———33. Siyangngipun Kyai Wrigu nuju tilem malih, sarpa sawa marimpénni: é wrigu, wruhannira mengko ratri wayah sirêp wong ana prapta mannéh, Sang Hyang Brhama dadi sapi gumarang, ar[22]sa angrencana marang sutannira, ingkonno tulakkana: sagungnging lawang pangsangana godhong nanas linondhéngan agus lawan apu, sarta obongngana kulit barambang. Sajronning wisma oborrana balarak mannéh kaping telu sawengi. Daganning sutannira sajénnana sega abang lawuhé kukulubban dokokkana gantal kinnang paradan pasangana paéssan lawan pawon sapu. Kelud sandhinganna, damarrira aywa kendhat, angubengngana wisma mannéh, matekka montra: ong Brahmarasioyéh maswaénu. Sutannira sayekti nemu rahayu.

———34. Kyai Wrigu nuju tilem siyang sarpa sawa amarimpénni: é Wrigu, ing mengko tengah wengi Sang Hyang Wusnu prapta dadi céléng, iya arsa angrencana sutannira, tulakkana: sagungnging lawang-lawang pasangngana eri widura sarta obongngana ronning tanjung. Oborrana balarak mannéh sajronning wismannira ping telu sawengi, daganning sytannira sajénnana sega irêng lalawuhan iwak loh. Aywa kari  gantal kinnangngayu kembang ngarum sarta paéssan lawan papon kelud sapu sandhingngenna. Damarrira dénna padhang. Wismannira oboorrana mubeng nganggo amatekka montra: um wasuya namar tthaswa namaswaha. Sutannira yekti nemu rahayu.

———-35. Siyangngipun Kyai Wrigu nuju tilem sarpa sawa amarimpénni malih: é Wrigu, mengko ratri wayah bangun Sang Hyang Maéswara tumedhak dadi kukila, para Déwa akéh kang tumurun umiring padha anuksma dadi sato kéwan, Sang Hyang Maha Déwa dadi wedhus parugul Sang Hyang Yama dadi Kidang Ujung, Sang Hyang Brahma dadi Kalagumarang, Sang Hyang Nuwéra dadi Tikus Jinnada, Sang Hyang Prit Anjala dadi manuk emprit, Sang Hyang Siwah dadi Menjangan Ranthi, Sang Hyang Kala dadi Walang Anggas Sang Hyang Wisnu dado Céléng Damalung, Sang Hyang Bayu dadi Kebo Andhannu, Sang Hyang Naraddha dado Kodhok Pas Sang Hyang Basuki dadi Ula Lannang, Sang Hyang Condra dadi Kucing Condramawa. Kabéh iku iya padha arsa ngrencana maring sutannira, tulakkana kaya kang wus kalakon kabéh, sarta wismannira kendhengngen lawé bennang mubeng, ing sawengngi mengko sira aja kongsi turu, annekakkenna tongga pawong mitrannira ajakken melék, stutannira oja kongsi kaséléhaké, sanadyan turu iya pinanggkuwa. Pagerring wismannira semburrana daringo, bawang, benglé dén warata, sira amatekka montra, ong Hyang Hyang siwah boja abuyana kita martthaswana maswaha. Sutannira sayekti nemu rahayu, ayu sa[24]isinning wismannira kabéh. Lan manningngé ing mengko bengi aywa sira mamaténni, sabarang ingkang katon aja sira wanni-wanni anukarttha, karana iku alad-daladdé Sang Hyang Maéswara ing nalika arsa tumedhak andhinginnaké sasawur kala kuthana, iya iku ratunning wisa saka ing yamani, dadi sarab sawan arupa salwirring dumadi. Ing samasanné ana katon sabarang rurupan sanadyan rupa alemud ing sapapadhanné, mongka kongsi sira paténni, sayekti surtannira bakal kenna rinancana, saratté iku bagékenna kaping telu sawengi, sabatten aranning kala kuthana, kang nalika iku anganakaké ratunning sarab sawan telu, kang sawiji tekanné ing nalika surup surya, bagékenna manghkénné: A-ang kosong nuriswa, tkang késdya ayu, akwi ki hya ngayu, muli angko sakarêng, tkan tatanna mawa, lung anta ywang gawa. Kang sawijinné teka ing nalika tengah wengi, bagékenna mangkénné: a-ang kosang niris tkang késdya ayu, akwi ki hya ngayu, muli angko sakarêng, tkan tatanna mawa, lung anta ywang gawa. Kang sawijinné mannéh teka ing nalika  byar rahinna, bagékenna mangkénné: A-ang kosang naris tkang késya ayu, akwi ki hya ngayu, muli angko sakarêng, tkan tatanna mawa, lung anta ywang gawa. É Wrigu, lah poma dénna éling enggo[24]nnira ambagékake iku, kaping telusawengi dhéwé-dhéwé aranné,kang dhingin Sang Nuriswa, nuli Sang Niris nuli Sang Naris iku padha kadadiyanné kala kuthana kang angratonni sarab sawan yén sira ambagékaken dén santak kaya wong anggetak ing konno sagungnging sarab sawan amesthi padha lumayu, nora nana wanni marêk dadi sutannira nemu rahayu.

———36. Nunten para Widdhadari amaripih dhateng Déwi Sri, purunna kabekta dhateng Kahyangngan sarêng kalayan lampahipun para Widdhadari, dahat ing pamundhi panuwun kula, saking gungnging rumentah ing sih kawelassan paduka ingkang sampun dhumawah dhateng jasad kula, ananging saupami sutanning Wrigu kula tilarra, andadossaken sandéyanning mannah kula, bokmannawi kénging rinnancana ing Déwa temahan pejah, saiba susahing yayah rénnannipun mongka ing ngagesang punnika kalamun rumaos katupiksa wajib ambau rêksa, lirripun kula punnika rumaos dipun opénni, wawales kula inggih angapén-napénni. Telas aturripun Déwi Sri. Para Widdhadari sami kéndel dipun raos yén lerês aturripun Déwi Sri. Ing nriku wonten Widdhadari satung[36]gal annama Déwi Narithi, arinning Bathara Naritha, Bathara Naritha wau amangsit dhateng Déwi Sri, yén sutanning Wrigu punnika panjanmanning Déwi Tiksnawathi, mila rinnancana ing Déwa awit Déwi Tiksnawathi anggénnipun anjanma tanpa papaliwara, andadossaken dudukannipun Sang Hyang Jagad Natha. Wangsullannipun Déwi Sri: Sang Hyang Jagad Natha punnika sayekti sipat mirah lan asih, kawasa amisésa nanging boten karsa amarwasa tanpa dosa, karanten punnapa dhawuhing kamirahan lamun botenna lawan papasihan kados pundi patrapping pangawasa teka badhé amirosa, lampahing wisésa teka karsa amarwasa, yén makatenna Sang Hyang Jagad Natha  punnika punnapa sipat aru-biru, mannawi Sang Hyang Jagad Natha  aru-biru, amasthi titahipun sami aru-ara. Déwi Narithi kédel rumaos  kaluhurran sabda,lajeng muksa dalah para widdhadari sadaya.

———37. Ing ngriku Déwi Sri sampun lega ical sumelangnging galih, wangsullannipun inggih amung sandika andhérék karsanning Déwa, nanging nyuwun kapethuk padhati sinnang ingkang apangirid lembu gumarang, apepecut naga sérang. Nunten para widdhadari muksa malih sami matur ing Sang Hyang Jagad Natha.

———-38. Déwi Sri angandika: sutannira sira kettan dilatta[27]na embun-nembunnanné, lan wudellé sarta épék-képékké karo, awit saka kiwa. Miwah dalamakkanné karo uga awit saka kiwa, enggonnira andilatti padha ngaping telu, sarta sira kudu karo wuwuda, sutannira sayekti nemu rahayu, lan wekassingsun maring sira, lamun sutannira turu aja sira ambung. Lamun durung pupak untunné aja sira ciwelli pipinné. Lan aja  sira émperraké kang wus  ora nana, ila-ilanné ora tulus lamun sira  lakonni ing saweerkassingsun iki, sayekti  widada tutug ing pangemongngira.

———39. Nunten para widdhadari sami prapta  malih ambekta padhati sinnang ingkang apangirid lembu gumarang apepecut naga sérang, para widdhadariandhawuhaken timballannipun Sang Hyang Jagad Natha: é Sri, sira nyuwun padhati sinnang kang apangirid lembu gumarang apepecut naga sérang, kang sira aranni naga sérang iku naga sarana kang dadi kathongnging wiji rijeninning manungsa, dadi tegessé sira nyuwun kawasa andum kabegyan marang sarupanning manusa ing ngarcapada, lan ing sapanuwunnira, awit ing saben tengah wengi tekanning byar rahinna, sira anganglangnga jagad anunggangnga padhati sinnang kang apangirid lembu gumarang, apepecut naga sérang, ing nalika sira mecuttaké sa[28]yekti sabarang wiji metu saka ing konno, dadi kabegjanné manusa kang atangi wektu iku. Dénné yén wus ebyar rahinna, iku genti bubuhanning Sang Hyang Surya kang anuwuhaké sarupanning wiji iku, dén akebat sira manjingnga wisma kang wus menga lawangngé, yén wus surup surya sira munggaha maring kahyangngan mannéh, ing samongsa tengah wengi sira anganglangnga jagad kaya kang mau.

********* TamaT *********

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s