SERAT WANITA USADA


SERAT WANITA USADA

Kaimpun déning
Dwi Djanma

Ingkang ngedalaken
Toko boekoe MAHA DEWA
Ing Ngajogjakarta Hadiningrat
1940

Kasalin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 24 Agustus 2018

@@@

Serat wanita usada, punika petikan saking Primbon Jawi, ngewrat jejampining wanita murih kinasihan ing priya, tuwin jejampinipun tiyang ingkang kepéngin kagungngan putra, punapa déné tiyang nggarbini lan sasampuning nglahiraken putra lan sanés-sanvsipun. Déné tembung tuwin ukaranipun kalugokaken miturut babonipun, saha nganggé ngoko.

Bab I.
Usadaning Wanita Murih Kinasihan Ing Priya

  1. Kembang dlima putuh yén oléh kang sungsun luwih becik, empu kunir, jinten ireng, kapipis binanyonan sarta diuyahi sajimpit mbanjur kaombé.
  2. Gandarukem, isi jambé, cengkéh, pala, mesoji, tlutuh sana, endoh gambir, jenitri, kapipis binanyonan jeruk pecel, mbanjur kaepé nganti garing kakempelaké, déné pandaharé disisir mbaka satitik mabnajur katelen.
  3. Kala mangsa lan luwih prayoga yén bisa sabén dina, nginanga nganggo suruh tangis sajodo, suruh temu rosé, jambé wangén, gambir, enjet, cewngkéh, kapulaga. Dubang sapisan kudu kaulu, yén kaulu sasepahé luwih becik.
  4. Dahar rujak utawa lotis uga becik, déné kang dirujak utawa dilotis yaiku: pentil salak, pentil lo, babal, gedang klutuk kang nom, empol cengkir, mandingan kang nom durung ana isiné, sanajan ana, nanging kang ijih cilik-cilik banget, bumbuné miturut apa limrahé, mung baé ora kena pedes-pedes, lomboké mung kanggo sarana baé.
  5. Yén ing bengi mentas salulut, ésuké prayoga jejamu kang ginawé: betotan nanas, suket jarem, godong adem-adem ati, godong gagan-gagan, kunir putih, temu giring, temu ireng, temu lawak, empu kunir, jeruk pecel, uyah, kencur, kapipis binanyonan sapantesé mbanjur kaombé.

Bab II
Usada Kapéngin nDuwé Anak

  1. Yén kabener dina anggara kasih (Slasa Kliwon) utawa Jumungah Kliwon, goléka kemongga kang ngendog, jupuken wetengé lan wndogé, mbanjur katelen nganggo gedang emas. Ananging ing sadurungngé kudu tetamba disik rupa: temu ireng gedéné sa endas pitik, kapipis binanyonan sawatara kéhé di uyahi dajimpit, mabnjur kaombé, déné pangombéné ing saben dina Rebo lab Saptu, sauwisé adus wuwung.
  2. Pala satungel, katu timur, asem, kabéh kabakar, mbanjur kadeplok, kanggo tapel ing padaran sapangisor, anggoné napelaké nganggo kapuk. Luwih becik yén priya lan wanita mau kaurutaké marang kang ngerti kahanané urat bayu.
  3. Leoning pakél, bonggol nampu, kausapaké ing purusané kang priya, kapipis mbanjur kadahar ing wanita.
  4. Benglé, bawang putih, jongrahab, manis jangan, kencur, suruh, kapipis binanyonan satitik mabnjur kaombé.
  5. Cabé, lempuyang, jaé, kapipis satitik, mabnajur kaombé, ampasé diwedakaké ing padaran lan sikil karo.

Bab III
Usada Yé Anggarbénini

  1. Yén nggarbini sasi tumeka 3 sasi. Jejamuné: dringo, benglé, temulawak, sintok, mesoji, cabé, bawang putih, kamukus, seprantu, lempuyang, godong cukilan, kembang wora-wari bang, kapipis binanyonan sampantésé, mbanjur kaombé.
  2. Yén nggarbini 3 sasi tumeka 7 sasi prayoga jejamu wejah, yaiku: godong sinom, pupus dadap srep, pupus jambu klutuk, pupus jambu dersasa, pupus betotan nanas, godong meniran, sémbukan, krema, temugiring, temu ireng, lempuyang, kunir, sawanan, kadeplok binanyonan sawatara. Mbanjur kaombé, yén arep kaombé banyuné kecerana jeruk pecel satitik, jejamu mangkono iku ing saben dina Senén Kemis.
  3. Yén nggarbini luwih 7 sasi tumeka 8 sasi, ing saben dina Senén lan Kemis, jejamu ombén-ombén kang ginawé saka: kayu legi sadriji di dedegi, kerikan secang pengaji saprapat duwit, di kum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwéné mabnjur kaombé. Déné ing saben dina Rabo lan Saptu jejamu ombén-ombén kang ginawé saka: cabe 3 iji, lempuyang 2 rampang, di deplok binanyonan, di uyahi sajimpit mbanjur dikeceri jeruk pecel satitik, ing ngudak mabnjur kaombé.
  4. Yén nggarbeni ngancik 9 sasi, ing ndalem saminggu sapisan jejamu sorog, yaiku: ketumbar sajimpit, godong trawas rong lembar, seprantu siji binuwang isiné, jinten ireng sajimpit, jongrahab, ajar, mesoji satitik, totok mimi sacuwil, kulit urang kabakar, kapipis binanyonan di uyahi satitik, mbanjur kaombé.
  5. Yén nggarbeni ngancik 9 sasi, kajaba kasebut ing duwur, uga prayoga jejamu komplang, yaiku: temu lawak watara saendas jago diparut, mbanjur diperes diwori lengo klentik saséndok téh kurang satitik, mbanjur diombé. Pangobéné ana ing tengah lawang, sarta jamu mau pangobéné di wadahi godong lumbu.
  6. Lan uga yén nggarbini ngancik 9 sasi, uga luwih becik yén jejamu: cabé lempuyang, di campuri lenga klentik kang isih anyar saséndok téh kurang atitik, mbanjur kaombé. Kajaba iku, longkangé dina kanggo jejamu apa kang kasebut ing duwur mau, wiwit nggarbini nom tumeka tuwa, luwih prayoga yén mbanjur jejamu kaya kasebut ing ngisor iki:
  7. Kang kerep ngobé cabé lempuyang, lan ora dicampuri lenga klentik.
  8. Ngombé banyuné godongan kacang ijo, ambasé uga luwih prayoga yén kadahar.
  9. Déné kang di enggo boréh, yaiku: gagang suruh lan kacang ijo di godog gagangé suruh di wejeg (di dedeg) disik, di campuri lenga wangi mbanjur kaborehaké ing padaran.
  10. Yén nggarbini ora bisa mbebuwang kang samestiné, padarané tapelana, godong semongka, godong jarak ijo, godong rasa, brambang, adas pulo waras, temu putih, dlingo benglé, lempuyang, kabéh kapipis, mbanjur di tapelaké ing padaran lan sakiwa tengené.

Bab IV
Usada Yén Nglahiraké Bayi Kasuwen

  1. Tampanging jala (timbalé) kang wus kanggo, di kum ana ing pinggan, banyuné di ombékaké kang lagi nglarani, sarta sadurungé di ombékaké, mau diwacakaké surat An-Ngam disik, sarta kadamu kaping telu, mbanjur kaombékaké. Déné uniné Surat An-Ngam mau mangkéné : Latul rikuhul adaru, wahuwa yudrikuhul absaro, wahuwa latiful khobier.
  2. Utawa banyu kakumbahané tungkak sikilé jing lanang (tungkak sikilé kudu di wisuhi kang resik disik), banyu kekumbahan tungkak mau winadahan pinggan, uga di wacakaké Surat An-Ngam disik, banyu kekumbahan mau mbanjur kaombékaké kang lagi nglarani, déné pratikelé kang kang kasebut ing duwur.

Bab V
Usada Ari-Ari Ora Metu

  1. Tambanana: dangkél kélor, adas kapipis binanyonan wédang, banyuné kaombé.
  2. Utawa tambanana: babakan tétér, bawang putih, kapipis binanyonan, mbanjur kaombé.

Bab VI
Usada Sauwisé Nglahiraké

  1. Wedakana beras kencur ing saben ésuk sore, lawasé nganti sapasar.
  2. Utawa mbanjur wedakana: temutis, benglé, kunci, lempuyang emprit, godong poo, kencur, seprantu, godong lan kulité jeruk purut, kayu angin, sintok, mesoji, cabe, bawang, brambang, cengkéh, pala, adas, pulawaras, jinten ireng, jinten putih, waron, sari, mungsi, dringo, kembang tapén, mrica putih, kabéh kapipis binanyonan saprayogané mabanjur kanggo wedak.
  3. Ngobéa jamukang digawé: laos, bawang putih, uyah goréng, kapipis binanyonan mbanjur kaombé.
  4. Ngobéa jamu parem kang ginawé saka : katumbar, mungsi jawa, ada pulawaras, jinten ireng, cengkéh, kemukus, kapulaga, sidawayah, sukmadiluwih, kembang pulu, (kembang sumba), kayu legi, kayu angin, kedawung pala, kencur, kunir, temugiring, temu lawak, asem ireng, kabéh mau diepé, yén wis garing mabnjur dideplok dadi bubukan, yén arep jejamu njupuka saperluné binanyonan diuyahi satitik mabnjur kaombé.
  5. Tapelé, kembang kenanga, benglé, jongrahab, katumbar bolong, kapipis banjur ditapelaké.
  6. Utawa suruh benglé, katumbar bolong, jongrahab, kapipis binanyonan satitik, mbanjur ditapelaké ing padaran.
  7. Pilisé, yén ésuk nganggo godong turi, jongrahab, katumbar bolong, brambang, kapipis mbanjur kaplisaké, yén ora bisa kreket binanyonan satitik.
  8. Utawa ngonggo pilis singgul, yaiku : dringo benglé kunir, jinten ireng, lempuyang, ketumbar, mesoji, jénggot anyar (kayu angin), isi seprantu, kapipis mbanjur kapilisaké, yén ora kreket binanyonan satitik.
  9. Lan uga wewedaka : dingo, benglé, kunir, jinten ireng, lempuyang, kemukus, mesoji, kayu angin, kayu timur, sere, tegari, kencur, kemukus, cengkéh, sintok, cendana, mbanjur kadeplok dadi siji kaolet, diglintiri cilik-cilik, sarta kaepé nganti garing, saben ésuk sore wewedaka iku nganti sa-ssi lawasé, déné panganggoné dijéri nganggo banyu mabnjur kanggo wedakan.
  10. Yén wis oléh 40 dina, jejemuné yaiku : mungsi, cabé, klabet, jinten ireng, kemukus, kayu jang-jang, kedawung binakar, kembang pala, podi sari, murmak daging, sintok, seprantu, getah pelang, pilasari, kayu legi, godong trawas, jenitri, kembang lawang, kapipis binanyonan mbanjur kaombé.

Bab VII
Usada yén mentas terag (kluron)

Godong simbar bajing, empu kunir, adas pulasari, jeruk pecel, ginodog binanyonan sapantesé banyuné kakérékaké separo, mbanjur kaombé kanggo wédangan.

Bab VIII
Usada payudara supaya deres wetuning
banyu susu lan yén kena lelera

  1. Oyot pari, oyod kangkung, adas pulawaras, keninggar, kapipis lembut, mbanjur kawedakaké ing payudara, supaya deres wetuning banyu.
  2. Temulawak diparut, godong karuk, tawas, ragi, kayu legi, brambang, kapipis mbanjur kawedakaké ing payudara supaya deres wetuning banyu.
  3. Payudara sandanen, tambanana godong kacubung, adas, pulawaras, brambang, kembang abu, kapipis binanyonan cokak jawa, yén arep kanggo di-enget nganti manget-manget, mbanjur diwedakaké ing payudara.
  4. Payudara metenteng abang krasa lara utawa abuh, tambanana pala digodog, sarta kuliting dlingo kapipis, mbanjur ditutul-tutulaké kang krasa lara nganggo gombalan jarik.

Bab IX
Usada tapel lan pupuking bayi

  1. Jeruk pecel 1, enjet, lenga putih, diulet mbanjur ditapelaké.
  2. Adas brambang, kedawung binakar, kayu angin, kayu ulet-ulet (kayu ules), temu lawak, godong lampes, godong sémbukan, asem ireng, kapipis kanggo tapel.
  3. Yén ésuk pupuké: godong krema, temu giring, brambang, kapipis mbanjur kanggo pupuk.
  4. Yén sore pupuké: dringo, benglé, brambang, kunir, kapipis mbanjur kapupukaké. Déné anggoné mupuki saben dina nganti bayi umur 14 sasi.

Bab X
Rencanané bayi lahir

Kang anggoda para Déwa utusané Sanghyang Siwa yén bayi lahir lagi oleh:

  1. Sawengi: kang angrencana Batara Kala rupa asu ajag, tekané surup srengéngé, tulaké lawang-lawang obongana welirang, sajronning omah oborana blarak sawengi ping telu, sajené sega punar iwak ati saunduhan, kinang, pengilon, kelut, sapu gerang, kendi papan damar néng daganing bayi, bapaké bayi ngubengana omah lan mudi mangkéné : Akala nama Siwa.
  2. Rong bengi: Kang ngrencana Batara Brama rupa sapi, tekané sirep wong, tulakké lawang-lawang didékéki godong nanas dilonténgi putih ireng, ngobong kulit brambang, sajroning omah obarana nganggo blarak sawengi ping telu, sajéné: sega abang lawuhé kuluban, kinang, pengilon, sapu gerang, papan kendi, damar néng daganing bayi, bapaké bayi ngubengana omah lan muji mangkéné : Hong Brama mara sira janma swa hé
  3. Telung bengi: Kang ngrencana Batara Wisnu rupa céléng, tekané tengah bengi, tulaké lawang didékékana ri widara, lan ngobong godong tanjung sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu. Sajéné: sega ireng, iwak banyu, kinang, menyan madu, kembang boréh, kelut (sapu), papan pangilon, sapu gerang néng daganing bayi, damar, bapaké bayi ngubengana omah lan muji mangkéné: Oma sujana mantan slano slaha.
  4. Patang bengi: Kang ngrencara Batara Guru rupa manuk perkutut, lan Batara Maha-Déwa rupa wedus, Batara Yama rupa sanggira, Batara Brama rupa sapi, Batara Kuwéra rupa tikus, Batara Lodra rupa sapi Handini, Batara Surya rupa ula, Batara Candra rupa kucing. Tetulaké omah di kentengi lawé wenang mubeng, sawengi ora kena pada turu, ngundanga sanak karuhé supaya pada ngréwangi melék, bayi kudu di pangku sawengi muput, dabag omah di semburi dlingo benglé lan bawang, pujiné: Hong hong, ywan-ywan, Siwah boja buyanaki tamar swana maswaha.

Ing bengi iku ora kena maténi kutu-kutu walang ngataga, semut, tinggi, lemut banget uga ora kena dén paténi. Kang pada ngrencana mau sawengi kudu bi bagékaké kaping telu, sambat arané Sang Kala-katung, mangkéné mantrané :

Sapisan : Ing wektu suruping srengéngé, mantrané: Ahang kona ristikané sedya ayu, sunya harja, muliha mengko pada tekamu tan anggawa ala, lungamu uga aywa anggawa ala.

Kapindo: Ing wektu tengah bengi, mantrané: Ahang komis mateka ing kéné sedya harja, ingsun iki iya harja, muliha bareng tekamu, tekamu ora anggegawa, mulihmu uga aywa anggegawa.

Kaping telu: Ing rahina, mantrané: Ahang kanuraswa rawuh sedya ayu, sunya harja, muliha bareng saiki, tekamu ora anggegawa, mulihmu uga aywa anggegawa.

Anggoné mantrani kang soru kaya déné wong nyentak.

Bab XI
Panulaké bayi sumeng sarta kekidunganné

Yén bayi sumeng bapak ibuné pada ndilatana mbun-mbunané, épék-épéké karo pisan, lan dlamakané karo pisan, anggoné ndilati wiwit saka sisih kiwa.

Déné kikidungané kaya ing ngisor iki:

Dangdanggula

  1. Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputing lelara, luputing bilahi kabéh, jin setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawé ala, gunané wong luput, agni atemahan tirta, maling adoh tan ana perak ing mami, tuju guna pan sirna.
  2. Sakéhing lara pan samya bali, sakéhing ama samya miruda, welas asih panduluné, sakéhing braja luput, kadya kapuk tibaniréki, sakéhing wisa tawa, sato galak tutut, kayu agung lemah sangar, songing landak guwané wong lemah miring, kadi pakipon merak.
  3. Pagupakaning warak sakalir, pan winaca ing segara asat, temahan rahayu mangké, dadya sarira ayu, ingideran pra Widadari, rineksa Malahékat, lan sagung pra rasul, pinayungan ing Hyang Sukma, ati Adam utekku Sang Nabi Hessis, pangucap Nabi Musa.
  4. Pan napsuku Nabi Ngisa luwih, Nabi Yakub pamiharsaning wang, Dawud suwaraku mangké, Nabi Brahim nyawaku, Nabi Sléman kasektén mami, Nabi Yusup rupéng wang, Nabi Dris rambutku, baginda Ngali kulit wang, Abu Bakar getih daging Ngumar singgih, balung bagénda Ngusman.
  5. Sungsumingsun Patimah linuwih,kang minangka rajayuning jasad, pan Yakub sungsumku mangké, sakéhing wulu tuwuh, sampun dadi sarira Nabi, nétraku ya Muhamad, panduluku Rasul, pinayungan Adam Kawa, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadi sarira tunggal.

Kekidungan yén bayi réwél

Kinanthi

  1. Yén nangis bayi puniku, léla-lélanen anuli, supaya jrih kang lelara, sarap sawané alari, tan wani anyedakana, saking sawabé Hyang Widi.
  2. Winacaa puji iku, jin sétan lumayu gendring, sarap sawané anyimpang, panca bahya pan sumingkir, kala-kalané akésah, datan wani amarani.
  3. Pitik tulak pitik tukung, tetulaké jabang bayi, si tulak tunggu néng marga, si tukung mangungkung margi, cacing racek samya ilang, kruma kremi pada mati.
  4. Anak kinjeng tangis mabur, améncok néng séla hardi, miréng tangisé si jabang, arsa nyuwuk anjampéni, jabang bayi wis menenga, wis turua aywa nangis.
  5. Sapa manglong-manglong iku, apa sira maling sekti, ing lor kidul kulon wétan, dén kongkon aguna maling, amburu si asu ajag, di poma dén kongsi mati.
  6. Maling aguna siréku, kalawan si bajing kikik, miwah si aji palampang, reksanen si jabang bayi, mburu jinada Jantaka, lawan si gumarang sapi.
  7. Miwah si céléng demelung, tundungen dimén angalih, yén wus nora katingalan, sira balia dén aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun jabang bayi.
  8. Sawengi ajana turu, dimén adoh kang bilahi, sumingkir ingkang lelara, tan ana wani nyedaki, muliha aywa nggegawa, si jabang amales becik.

Bab XII
Usada bayi lara gabag lan lara cacar banyu

  1. Yén lara gabag, godong pencing (godong so) lan ada pulawaras, kapipis binanyonan satitik mbanjur di wedakaké ing badan sakojur tumeka sirah.
  2. Yén lara cacar banyu, kemladéyan kélor lan adas pulawaras dipipis binanyonan satitik mbanjur diwedakaké ing badan sakojur tumeka sirah.
  3. Déné ombén-ombén lara gabag lan lara cacar banyu mau, yaiku: madu lan banyuné degan ijo diudak mbanjur kaombékaké kira-kira kéhé
  4. Déné paduhané lara gabag lan lara cacar banyu mau yaiku: téla gantung kang ijih nom, (katés, uga kang ngarani gandul) ing duwur sangisoré gagang diketok perlu kanggo bolongan anggoné mbuwangi isiné, sawisé isiné dibuwangi nganti resik, mbanjur diiséni: gabah oték, jagung, botor, ketan ireng, kacang ijo, bata, wedi, beling, krikil, geréh, péték, ketokan katés mau mbanjur ditangkepaké manéh kang kenceng prelu kanggo nutupi bolongan mau, supaya kabéh kang wis diisékaké aja nganti pada metu (wutah), katés mau mbanjur kabenem nganti mateng banget. Sawusé mangkono mbanjur kabuwang ing kali, déné yén adoh kali, buwangen ing sumur baé, sadurungé dibuwang kudu muni mangkéné: héh si gabag lan si cacar banyu, sira aja pati-pati tukul, yén paduhan kang sun buwang kakélékaké ing kali (kang kacemplungaké ing sumur) durung tukul, sawusé ngucap mangkono mbanjur kabuwang kakélékaké ing kali utawa ing sumur.

Bab VIII
Usada bayi utawa wong tuwa, lara cacar watu (cangkrang)

  1. Jinten ireng, mesoji, dlingo, benglé, angkup jambé kang enom 1, brambang1, suruh kang temu rosé 3 l3mbar, kapipis binanyonan satitik, kasaring mbanjur kaombékaké.
  2. Yén wis mlentung, brambang lan kunci kamamah, mbanjur kasemburaké ing mripaté saben ésok sore, nanging mamahan mau aja nganti ngenani (nyiprati) mripat, dadi mung hawané baé bisané Déné yén arep nyemburaké kudu dimantrani disik mangkéné: Bismillah hirohman nirrokim kanjul ngaras, kanjul ngalam, bagus karang aja parek-parek marang aku, pan aku anak putuné Sayid Pangéran Bujang Galiman aja uruk sudi gawé marang aku, pan aku anak putuné Bagus Karang, Lontang-lanting Nyai Ira Kidul awéh gabag cacar lan plenting 10, 9, 8, 7, 6, 5, 4, 3, 2, 1, siji baé trima-trima, saking kersané Allah.

Katrangan: lara gabag lan lara cacar banyu kaya kasebut ing Bab XII, uga disemburi lan dimantrani mangkono.

Bab XIV
Usada bayi lara sawan

  1. Godong inggu, gagang suruh, dlingo, bawang, pinipis binanyonan satitik, di uyahi satitik, banjur kaperes di saring, banyuné di cekokaké.
  2. Godong legundi lan brambang kapipis, binanyonan satitik, kaperes di uyahi satitik mbanjur di cekokaké.
  3. Pucuking dlingo 3 iji di bakar nganto gosong lan adas pulawaras di pipis, mbanjur diwor karo jeruk pecel, kayu angin, oyod bayem, kéh satitiké sapantesé, mbanjur diwadahi ing kriyuk di banyoni rong mangkok di godok, banyuné di kérékaké samangkok, di ombékaké, sadina ping pindho, nganti 3 dina.
  4. Oyod brambang, oyod suket lulangan, adas pulawaras, secang, batok kambil laut, kapipis binanyonan, banyuné kacekokaké, ampasé di boréhaké.
  5. Godong sikil sawit, ganti, mesoji, jinten, majakan lempuyang, dimamah kang lembut, nuli disemburaké kang warata.

Bab XV
Usada bayi kembung

  1. Adas sajimpit, brambang siji, kedawung sajodo di bakar nganti mateng, kapipis kanggo tapel ing wetengé.
  2. Godong inggu satekem lan brambang, kapipis, mbanjur di wori lenga putih, kanggo tapel ing weteng.
  3. Yén bocah mau grajangé panas, mbanjur tapelana godong dadap srep kang ijih sumuruh pinusus, mbanjur di tapelaké.
  4. Oyod lembong 1 wit, adas pulawaras, nyajimpit brambang 1, kayu legi sajentik, kapipis binanyonan di uyahi satitik, banyuné dicekokaké.
  5. Bocah kembung prayoga ada di dusi, sarta sikilé kiwa tengen, dlamakan, tangan kiwa tengen, épék-épék pada di gosok brambang karo lenga klentik.

Bab XVI
Usada bayi lara panas

  1. Dlingo sapucuk jentik, benglé sairis, ketumbar sajimpit, brambang siji, mesoji sapucuk jentik, jinten ireng sajimpit, seprantu sacuwil, jenggat anyar sajentik, kunir sajentik, di kumbah kang resik, di pipis binanyonan cokak jawa satitik lang lenga putih, nuli di bloyokaké awake sakojur tekan sirah, lan mbanjur di krukuh.
  2. Yén diantarakaké mangka panasé ijih ajeg, nuli tambanana godong jinten satitik, brambang rong iji, karemed di wori cokak jawa, mbanjur di kompresaké ing sirahé, aja lérén-lérén yén durung sirep panasé.
  3. Dénéjamuné oyod garut rong wit, adas pulawaras nyajimpit, brambang siji, kayu legi sadriji, di kumbah kang resik, kadeplok, binanyonan stitik, kaperes kaombékaké warata saséndok mangan.
  4. Godong dadap srep 5 lembar, upa (sega) watara sapulukan, mbanjur karemed, binayonan sawatara, banyuné kasaring kaombékaké watara saséndok mangan.
  5. Bonggol puspanyidra rong jempol, adas pulawaras nyajimpit, kayu legi sajimpit, di deplok binanyonan, mbanjur kaperes di saring, di uyahi,mbanjur di ombékaké watara sasendok mangan.
  6. Yén mbanjur lara hulu atiné, tambanana: kulit dalima putih, godong poo, kembang pala, kapipis nuli tapelna ing hulu atiné.
  7. Godong lampes, godong sembukan, godong trawas, botor putih, kedawung, katumbar, brambang, beras sajimpit lan uyah, di pipis mbanjur kanggo tapel.

Bab XVII
Usada bayi mutah-mutah ising-isingen

  1. Godong uncang lan godong poo sapantesé kapipis binanyonan sawatara, mbanjur di pupukaké ing mbun-bunan, sarta ing sikilé, dlamakan, tangan, épék-épék lan godohing kuping kawedakana.
  2. Kembang suruh 5 iji, tuma 3 iji, kawejed binanyonan satitik, mbanjur di cekokaké.
  3. Yén muntah-muntah lan ising-isingen woh pala sakembangé, santen kanil, jinten putih, kulit dlima, jaé 3 iris, pinipis, di banyoni anggur, nuli di popokaké pulung atiné.
  4. Yén wetengé mbededeg semburana brambang lan adas.

*********@@@*********

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s