SERAT PARAMA CIPTA


SERAT PARAMA CIPTA

Tegessipun:  kaluwihanning cipta.
Nerangngaken sulangnging kawruh tumrap
prakawis wontennipun: cipta, rasa tuwin suksma.
Punapa déné medharraken gegebengngannipun pandhita
ing jaman kina, inggih punika kawruh panunggal
kasampurnanning ngagesang.

1e. DRUK

SOLO
BOEKHANDEL M. TANOJO
1923

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 1 Desember 2018

@@@

 Isinnipun Serat Punika:

  1.  Purwaka.
  2. Wuryyanning Serat Parama Cipta.
  3. Pepecahannipun manah.
  4. Karêp ingkang
  5. Karêp ingkang kanthi pamikir.
  6. Karêp ingkang céthé
  7. Karêp ingkang lebet.
  8. Karêp ingkang ageng.
  9. Karêp ingkang kanthi budi.
  • Cariyossipun tiyang wignya. (bab kawruh sajati)
  • Carakanning pameleng. (tumrap lampah marginning panunggal)
  • Wawarahing panggayuh. (ambuka naronthongnging budi ngados wicaksana)
  1. (panganggep)
  • Nerangaken dayanning cipta. (bab pamuja)
  • Nerangaken dayanning rasa. (bab pamusthi)
  • Nerangaken daya kuwasanning suksma.
  1. Teteppipun panunggal pamorring kawula gusti.

(mengku suraossipun kawruh nyakra magilingngan panitissan tuwin kawruh kawusanan inggih punika: kasampurnanning ngagesang).

  1. Pangruwat ruwetting lalampahan.

@@@

PURWAKA

Wiyossipun sampun dangu anggén kula sumedya ngiket Serat Parama Cipta punika, nanging tansah kapambengngan ruwetting prakawis donnya ingkang kula tingalli, temah andadossaken pangendhé endhénning sedya. Saya dangu ruruwet wau boten wudhar-wudhar malah saya bundhet ing mangké sumedya kula jéréng sagadugging manah, bokmanawi saged ragi katingal bundhellannipun supados ruruwet  wau kénging kaurus, menggah urusannipun kaupamékaken wanci badhé unculling surya, sanadyan taksih rêpet-rêpet nanging sampun ragi katingal sumirat sorottipun pinten bangi lajeng malethék byar padhang sumilak saged nyunarri sakathahing kahanan, saiba bingahing manah kula prasasat kadhawahan wahyu jati. Wusana amung samanten atur kula.

Ing Surakarta Adinningngrat tinengerran: gunanning indriya angraga suksma.

————-@@@————

        [7]WURYYANNING SERAT PARAMA CIPTA

Parama, tegessipun: babon tuk langkung, linangkung, kaluwihan putus utawi suci.
Cipta, tegessipun: manah, budi utawi sir.
Dados Parama Cipta, kajengngipun: tukking manah, utawi kaluwihanning cipta.
Menggah pamanggih Jawi, ingkang dados gagaman tumindakking manungsa punika dumunung wonten ing manah, ingkang timbang kaliyan kikiyatanning poncadriya utawi sarandunning sarira, déné manah wau kathah sanget pepecahannipun, sawatawis katerangngaken kados ing ngandhap punika.

PEPECAHANNIPUN MANAH

  1. Osik: inggih punika krenjetting manah.
  2. Cipta: inggih punika sirring manah.
  3. Karêp: inggih punika kepénginning manah.
  4. Pikir: inggih punika panimbangnging manah.
  5. [8]Budi: inggih punika ulahing manah.
  6. Anggit: inggih punika pangubahing manah.
  7. Gagassan: inggih punika pangathik-athikking manah.
  8. Éget: inggih punika padhangnging manah.
  9. Supé: inggih punika petengnging manah.
  10. Ngretos: inggih punika tumampinning manah.
  11. Gathékkan: inggih punika landhepping manah.
  12. Samar: inggih punika kethulling manah.
  13. Sisah: ribedding manah.
  14. Bingah: inggih punika bombongnging manah.
  15. Gandrung: inggih punika semsemming manah.
  16. Moyar: inggih punika risakking manah.
  17. Tentrem: inggih punika jenjemming manah.

Saréhning sadaya-daya ugerripun wonten ing manah, sarta ngombra-ombrannipun wonten ing kakajengngan (karêp) ngados ingkang perlu sanget manungsa kedah rumeksa  dhateng kakajengngannipun ingkang kalayan santosa, supados neteppaken pamanggih sarta ngencengngaken lampah. Menggah ingkang kanggé rumeksa boten liya inggih namung pamikirripun piyambak, déné wawatonning [9] pamikir kedah mendhet pipirittan saking kawontennanning ngagesang.

Ingkang perlu sanget manungsa kedah:

  1. Nedha, amrih kuwagang.
  2. Nyandhang, amrih aji.
  3. Saras, amrih ganggas, katetepaken,
  4. Tumandang, amrih pakantuk,
  5. Ngaso tilem, amrih saké

Gangsal prakawis punika sampun dados adat tatacaranning manungsa wonten ing donya. Nanging sadaréngipun saged tumidak piyambak kedah dipun tuntunni saking ingkang mengku, kapardi ingkang ngantos ajeg saha atul, dados sadinten-dinten kedah ngudi adhakkanning tedha, budi kasarassan ngudi sandhang panganggé, budi tumandangnging damel tuwin ngudi prenahing pangaso. Makaten punika kedah boten  kendhat sarta boten dipun sarêngngi kakajengan liyannipun, amargi gangsal prakawis wau kanggé ing manungsa sadinten-dinten, bilih boten  makaten tiyang gesang sawarni sirna pikekahipun, déné antawissipun gangsal prakawis wau ingkang baku piyambak namung ngudi prakawis tedha, punika boten kénging boten manungsa kedah sadiya tedha. Sanadyan taksih kathah kabutuh[10]anning manungsa ingkang kedah kaudi, kados ta: ngudi kasageddan kagunan kawruh ingkang linangkung, tuwin kajéng kéringngan éwa déné taksih kungkullan liyan ngudi tedha. Awit sajatossipun samongsa manungsa sampun kraos ngeléh, sakathahing tatacara bibrah sadaya, sabab ngeléhing padharan boten kénging dipun lintonni liyannipun boten pasah dipun lebetti piwulang, boten ébah dipun  iming-imingngi warga, boten mundur dipun ajrih-ajrihi naraka. Tiyang ngeléh tékaddipun gumolong sanget sanadyan wontenna lalampahan ingkang ambabayanni meksa katrajang purun awit saking nglabetti raossing ngeléh. Déné wonten ingkang saged murukki ngantos tharik-tharik punika boten bokmanawi kabekta saking sampun gadhah tatadhonning tedha, utawi déréng kapépét dhumawah apessing manungsa. Tegessipun: taksih saged anjembarraken ing kabudidayan, boten sumelang bilih badhé anglentéré. Nanging tiyang ngeléh ingkang sampun rupak budinnipun tamtu boten kénging kaendhakkaken sedyannipun ngudi tedha, mendhannipun samongsa sampun dipun sukanni tedha. Nanging sinten ingkang nyukanni tedha, sinten ingkang rumeksa kasarassannipun sinten ingkang  nyukanni sandhang panganggé, sinten ingkang [11] nyukanni padamellan sarta sinten ingkang nyukanni prenahing pangaso, kajawi namung awakkipun piyambak sarana ngempakkaken kakajengngannipun ingkang sampun kasaring dénning pamikir. Déné kakajengngan punika warni-warni sarta tundha-tundha, prayogi sami dipun sumerêppi pundi ingkang mempan kanggé anggayuh kabutuhanning ngagesang.

KARÊP INGKANG WALAKA

Karêp ingkang walaka punika tanpa ngraossaken badhé kadadossannipun, kados ta: badhé nedha, badhé tilem bahdé kékésahan tuwin liya-liyannipun namung waton kalampahan, boten mawi  pamikir ingkang panjang, bab panedhannipun wau éca punapa boten, tilemmipun sampun prenah punapa déréng. Késahipun dhateng pundi, kapanggih kaliyan sinten sarta badhé gadhah perlu punapa, méh tanpa gagasan babar pisan, menyat janji menyat boten mawi mékanni bilih nyényénggol utawi anggepok barang-barang. Wicanten janji mungel boten mawi kowa-kawi, sarta boten ngreto[12]s unggah-ungguh. Ambebekta inggih janji ambekta, boten mawi mékanni bilih mrucut utawi rêntah ingkang andadossaken katiwassan, nenegor inggih janji negor, boten mawi mékanni bilih kaplathok makaten sasaminnipun, mila kakajengngan ingkang walaka wau kerêp kadrawassan jalarran tanpa pangatos-atos, tanpa pangangkah tuwin tanpa panggayuh, punika tebih saget saking kamanungsan tegessipun: tiyangingkang énget sinungan budi tamtu ngempakkaken budi-dayannipun supados saged anjejerraken kamanungsannipun ngangkah merta sami, bale griya jangkep sapirantossipun sarwa saé. Dados kakajengngan ingkang walaka punika namung waton tumandang. Éwa déné  inggih sampun saé sarta lowung tinimbang kaliyan ingkang boten purun gumrégah babar pisan.

KARÊP INGKANG KANTHI PAMIKIR

Karêp ingkangkanthi pamikir punika sampun mawi panimbang rêsik sarta sampun karaossaken kalayan lerês, samu barang ingkang dipun pénginni mawi kamanah ingkang andadossaken sake[13]canning lampah, nedhaha, tilemma, kékésahan, tuwin liya-liyannipun mawi pangangkah ingkang pakantuk, pakantukking nedha, miraos, pakantukking tilem prenah papannipun, pakantukking kékésahan angsal damel makaten sasaminnipun, punnapa dados sadéréngipun  tumindak sampun karaossaken rumiyin déné tumindakkipun kanthi pangatos-atos malih, sampun manggih tiwan utawi kapitunan sarta sampun ngantos damel sak serik tuwin kapitunanning liyan bilih makaten nama kakajengngan ingkang mempan kaliyan papanipun, ing saben-saben gadhah kajeng inggih mawi katuntun déning pamikir.

Wondéné kakajengngan ingkang mawi pamikir punika kapéreng dados kalih prakawis, sapisan dhateng piawon, kaping kalih, datheng kasaénnan, menggah sababbipun boten perlu kandhar.

Karêmbag: kakajengngan ingkang kanthi pamikir teka kapérang dados kakalih, punapa pamikir taksih purun dhateng piawon, bilih taksih purun lah perlunnipun punapa mawi kakajengngan ingkang kanthi pamikir. Mongka wontennipun pamikir wau [14] boten liya amung amrih saé.

Rêmbag punika kléntu, pamikir makaten boten amung amrih saé kémawon sanadyan amrih awon inggih mawi pamikir, punapa déné amrih saé.  Bilih tanpa pamikir kalih pisan  boten saged tumama || Tiyang nedya ngempakaken piawon utawi damel kasaénan punika boten gampil pamikir punika jejerripun kakajengngan ingkang amrih pakantuk bilih pakantukkipun sarana awon inggih katindakkaken miawon langkung malih bilih pakantukkipun sarana saé, ugi katindakkaken kalayan saé sarta maton, anjawi tiyang ingkang nedya anggayuh kautamén sanadyan pakantukka bilih sarana miawon inggih boten karsa. Amargi saking luhurring budi . Nanging tumrapping pamikir ingkang madya déréng dumugi samanten, déné ingkang utami makaten: manungsa kedah miturutti panedhanning liyan sakuwawinnipun ingkang tumrap dhateng kasaénnan, saupami panedha wau tumrap dhateng piawon punika kedah kasulangngaken, piawonnipun wau punapa badhé andadossaken kasaénnan tegessipun ngicalli cacad punapa namung kabingahannipun piyambak manawi andadossaken kasa[15]énnan prayogi dipun lampahi, déné manawi andadossaken kabingahannipun piyambak punika malah damel kuciwa dhateng ingkang nglampahi kabingahan déné bingahipun sarana damel kasisahanning liyan, béda kaliyan bingah ingkang sajati, anggénnipun anglampahi kabingahan boten sarana damel sisahing liyan malah nyarambahi dhateng ingkang cecelakkan katut sami mangun kabingahan, dados kautamén punika tansah damel tindak sanginggillipun kasaénnan,

KARÊP INGKANG CÉTHÉK

Karêp ingkang céthék punika perlu sanget sumrambah dhateng sakathahing manungsa, limrahipun sami migunakaken kakajengngan ingkang céthék, amargi amrih kasait ingkang dados kabutuhannipun sadinten-dinten, inggih punika nedha, nyandhang, tumandang, kasarassan tuwin tilem kados ingkang sampun kapratélakaken ing ngajeng. Dados kakajengngan ingkang céthék wau perlu kanggé ngudi kabutuhan ingkang adhakkan supados tumunten kacepeng lajeng kénging kanggé sanalika. Sanadyan sanés babaggan ingkang gangsal bab wau janji kanggé sanalika inggih kedah kaudi kalampahannipun,  Kadosta: sapunika gadhah perlu badhé kekésahan  ingkang tumunten sarta ririkattan inggih [16] kedhah ngudi andhong, badhé niningalli kedhah ngudi tanggappan makaten sapituruttipun, sakathahing perlu ingkang dadakkankedah nunten kaudi. Boten kénging dipun semadossi. Kadosta: tiyangingkang abdhé nedha sapunika, jalarran sampun nginten-inter sanget punapa sarantossa upami dipun semadossi bénjing énjing, dados kados boten sarantos, makaten malih tiyang santun sandhangan sanalika, jalarran mentas kajawahan ngantos kalebus sadaya, punapa kénging dipun semantossi sanés dinten, sanadyanna naréthék nyanyambut inggih dipun  lampahi sanalaika wai, makaten upaminnipun.

Saréhning ingkang kathah manungsa punika sami nganggé karêppipun ingkang cethék dados langkung prayogi meleng ngudi pakantukking pandamellan, awit sadaya-daya mangké badhé tuwuh  saking ngriku, kacekapping sandhang tedha, pangresakanning kasarassan tuwin sanés-sanéssipun badhé kasait saking pituwassing pandamel lan dados manungsa kedah wekel nyambut damel supados sampun ngantos kothér ingkang dados butuhipun  sadinten-dinten pu[17]nika karêppa ingkang saé piyambak.

Sasampunnipun manungsa mapan gesangngipun mempan pandamellannipun sarta sampun sarwa kasahid éwadéné taksih wonten malih ingkang kedah dados pamikir. Inggih punika amrih runtutting batih sakukubbannipun anak bojo, réncang, ingkang sami nunggil griya, sarta ingkang sami dados karéréhan inggih karêksa wilujengngipun déné sambékalannipun:

  1. Bilih ngantos kirang nedha.
  2. Bilih ngantos kirang sandhang.
  3. Bilih ngantos kirang kawratten pandamellan.
  4. Bilih ngantos kirang sami pasulayan.
  5. Bilih ngantos kirang ngelu mules tuwin suker sakit. 

Sadaya wau inggih gadhah wewengkon kajibah mranata prayoginnipun sarta mikir wilujengngipun.

Sambé kala gangsal baba ing nginggil punika wau, sami-sami ingkang pakéwed piyambak pamikirripun namung bab pasulayan, bilih bab kirangnging tedha cekap dipun tuwukki tedha, kirangnging sandhang cekap dipun jangkeppi panganggé, awratting pandamellan cekap kasuda sasagénnipun bilih suker sakit cekap dipun jampénni, sarta kau[18]pakara. Sarêng pasulayan kedah kasapih utawi karukunnaken nanging panyapihipun punika boten gampil awit boten kénging dipun badagal: kowé padha rukunna, déréng tamtu saged mendha sarta miturut sami narimahipun awit saking punika dados kedah saged ngempakkaken tembung pamiluta kanthi kaluhurranning budi makaten:

Sarupanné wewengkonku sanadyan anak bojo utawa sanak sadulur, apa déné batur kang padha pasulayan aku takon sabenerré, sarta anjaluk leganning pamikirmu, enggonmu padha mélu aku iku satemenné apa kanthi katresnanning atimu marang aku, apa ora. Yén kowé pancén padha duwé welas sarta nimbangngi katresnanku marang kowé, bok iya padha koturutti kang dadi panjalukku marang kowé, yaiku kowé aja padha pasulayan karo kancamu  sakukubbaku. Amarga aku mélu ngrasakaké susah, susahé kapriyé, déné duwé batih nganti padha pasulayan katon temen enggonné padha ora kapardi marang kalakuwan becik, apa nganti kurang mangan apa kurang  nyandhang, apa kabotten pagawéyan sarta yén ngelu mules apa ora dipikir kang dadi tamba[19]nné. Lah pocappan iku kang andadékkaké susahing pikirku, aku rumasa isin banget, karo déné manéh konca nunggal pasuwitan iku rak wis prasast sadulur, saru banget dinulu yén ngantiya pasulayan, déné kang luput wajib ngalah, kang bener wajib ngapura, dadi prayoga banget manawa kowé padha ora gelem tak purih rukun nélakaké kowé ora duwé katresnan marang aku, mongka aku tresna banget marang kowé, tak rêngkuh kaya déné kulit daging, kabangetten ta yén kowe padha ora gelem anggugu ujarku.

Kandha iku padha rungokna sarta rasakna, supaya kowé padha dadi  wong kang landhep ing budi. Wusana aja padha dadi atimu.

Lah samanten awrattipun tiyang dipun ngéngérri, mila boten énthéng sarta boten gampil tiyang ingkang sumedya madeg kamanungsannipun.

KARÊP INGKANG LEBET

Karêp ingkang lebet punika perlunnipun supados saged ombé tumindakking ngagesang. Upami tiyang lumampah sawarni [20] ambabaddi rurungguttan ingkang wonten ing margi, supados saged tata  tuwin sakéca lampahipun boten rêsah sarta  boten tumpang suh.

Para manungsa gadhah kakajengngan ingkang lebet amargi gadhah panginten gesangngipun taksih sawatawis mongsa. Kakajengngan wau sampun kanthi pamikir, inggih punika nyalangngi utawi rumeksa lalampahan ingkang badhé kalampahan, kadosta: ing wanci mangké sakedhap engkas manungsa badhé gadhah kajeng punapa, bénjing énjing badhé gadhah kajeng punapa, makaten slajengngipun ngantos dumugi ing kawusanan punika dipun sadhiyanni sarana ingkang kénging kanggé tumindak, déné sarana ingkang prigel saget ing wekdal punika namung arta. Sadaya wau kedah kaangkah pakatukkipun mila prayogi sanget saupami manungsa purun ngaurraken mikir kakajengngannipun ingkang badhé dipun lampahi ing sawanci-wanci, supados sampun ngantos manggih kalepattan ing wingking utawi kainan.

Tiyang ingkang nglampahi pakenning  piwulang kalayan neteppi punika pancén awrat sayektos, sabab anglampahi ingkang  dédé kajengngipun  piyambak, sanadyan rêkaossa [21] bilih nglampahi pamanggihipun piyambak inggih boten kaawrattaken makaten wau sampun  dados adat kalimprahannipun manungsa, nanging kalimprahannipun tiyang ingkang namung nganggé karêppipun  walaka, mangké samongsa tindakkipun sampun kalampahan lepat sarta sampun nyata damel kapitunnan ingkang sinandhang, ing ngriku manungsa saweg purun nganggé kakajengngan ingkang mawi pamikir, inggih punika kakajengngan ingkang lebet, dados kakajengngan ingkang lebet punika nyalangngi utawi mékanni lalampahan ingkang badhé kadadossan ing wingking. Menggah sageddipun gadhah pamikir ingkang lebet mendhet pipirittan saking ingkang sampun kalampahan punika dados wawakonning sedya, upaminnipun: ingkang sampun kalampahan kala wingi manungsa mara tamu angsal senggah mawi pirantos saé, ing ngriku lajeng gadhah kajeng sadhiya pirantos ingkang saé, bok manawi sanés dinten gentos katamuwan dados saged nimbangngi pakurmattanning liyan supados sampun ngantos manggih kuciwa ing cara. Utawi malih manungsa sasaged saged prayogi sadhiya sandhangngan pamérrab bok manawi liya dinten tampi ulem anjagong, sampun ngantos rêkaos pados panganggé dadakkan, awit ingkang sampun kala[22]mpahan wonten cara ulem-ulemman, makaten sapituruttipun mikir kakajengngan ingkang lebet.

KARÊP INGKANG AGENG

Karêp ingkang ageng punika karêp ingkang peng-pengngan saget sadhéngah kasageddan tuwin kagunan ingkang kasar ingkang alus sami kasinau sarta dipun gugulang sadaya, supados sagedda nglampahi sarta mendhet pigunannipun, samubarang  boten narimah sakedhik papan kedah wiyar, griya kedah ageng sarta kathah, panganggé kedah rangkep-rangkep sarta warni-warni,pirantos kedah pepak sarta mawi andhungngan, boten wegah ngadanni damel baita kanggé nyambut damel lalayarran ngambah ing saganten malah ngangkah  pamedal ingkang saking pituwassing perang. Tékaddipun tiyang ageng kajengngipun kénging winastan amung warni kalih: mukti kaliyan mati. Bilih gadhah sedya ingkang sampun cumithak boten kénging kaundurraken, sanadyan awratta meksa kaangkat, tebih meksa kaungkih. Boten watak mingkuh dhateng pakéwuh. Boten  rêmen ngayom malah kapéngin dados pangaubban, wujuddipun bilih tumrap tiyang dagang inggih para nangkoda, bilih tani inggih [23] ingkang ambubak wana, bilih praja inggih ingkang ngeblakkaken korinning pamagangngan lirripun: nampénni sakathahing tiyang ingkang sumedya rumagang ing damellipun nagari. Punika  prasasat anjembarri papan pasabanning sandhang tedha, lah makaten ingkang kapéngin dados pangaubban.

KARÊP INGKANG KANTHI BUDI

Karêp ingkang kanthi budi punika sampun saringngan rêsik samubarang ingkang badhé kalampahan sampun mawi karampungngan sampurna, tegessipun: jangkep, wiwit lampahipun dumugi kadadosannipun sampun kaliling dénning budi, ngibarat kados déné tiyang dadamel lan ingkang ingkang sampun sarwa mirantos saranannipun sarta kanthi kawruh kalayan sah. Punika prasasat sampun sumerêp sadéréngipun kalampahan, tiyang ulah budi méh kénging winastan wicaksana, amargi kaconggah ngraossaken prakawis ingkang lebet ingkang rungsit-rungsit ingkang lembat-lembat sarta  ingkang alus-alus, kadosta: ngraossaken kawontennannipun umur ing sadinten-dintennipun ingkang lerês suda punapa mindhak, upami suda déné mewah [24] étangngipun, upami mindhak  déné malah saya telas, upami malih saged ngraossaken ing sesemén, kadosta: thukullipun rumput, sebab punapa boten kamirêng, mongka thukul punika inggih sabawa, tondha yektinnipun sakawit punthes dangu-dangu modot saya panjang-saya panjang, saéstunnipun budi saged mratélakaken, makaten malih ngraossaken gesangnging manungsa sawekassan lajeng pejah, punika nalarripun kados pundi. Mongka sok sumerêppa wekassannipun inggih kedah sumerêp purwannipun, kadosta: tiyang ingkang wekassannipun ngundhuh pisang, purwannipun inggih saking nanem pisang. Déné wonten tiyang ngundhuh pisang tanpa nanem utawi nanem tanpa ngundhuh, punika sampun tamtu wonten nalarripun lintu ing pituwas, upaminnipun: tiyang tumbas pisang, punika tanpa nanem nanging kécallan  panumbas minongka lintunning pananem awit ing donya wenang urup-uruppan ing pangaji.

Prakawis punika botossipun boten cekap namung karaossaken sarana pamikir, kedah  katanggappan budi ingkang premati. Déné ingkang kasinungan budi premati punika para linangkung utawi para pandhita. Tegessipun: manungsa ing[25]kang sampun angsal sorot saking  gaibbing Pangéran, dados nerangngaken andhokking suraos punika boten gampil kedah mawi dipun padossi wos-wossipun langkung malih nerangaken  yektinning kawruh sarana butassing budi, sarta saged nyundhukkaken raos kaliyan ingkang dipun sukanni katerangngan saéstu lilimengngan, kados déné limrahipun tiyang sajagad sami nganggep wontennipun Pangéran punika gaibbing gaib ingkang dumunung wonten satelengnging budi. Inggih punika pathinning tékad ingkang kinarukup sakathahing kakajengngan samongsa sadaya kakajengngan ingkang rinasuk sampun sami sumilak telengnging budi lajeng kawang-wang lilimputtannipun kaliyan sajatinning gaib, terangngipun makaten: gaib tegessipun: boten katingal utawi kekerran, sajatinning gaib tegessipun: katingalling barang ingkang winados, ingkang kawawa mawang namung pranawanning budi. Dados manungsa kedah gadhah panganggep ingkang mawi tondha yekti, supados kénging kanggé gondellan tumrap pamarsudinning kawruh jati. Menggah pangungakking kajatén ungup-unguppipun kados ing ngandhap punika.

[26]CARIYOSSIPUN TIYANG WIGNYA

Ingdonya sampun boten wonten kawruh malih ingkang mapakki saé saha werittipun kados kawruh sajati. Inggih punika kawruhing ngatassipun Pangéran awit Pangéran  punika Dat tegessipun: barang ingkang wujut namung wontennipun alus sanget boten wonten kaalusan malih ingkang nyaménni punika, saking alussipun ngantos binasakaken: Pangéran iku katon datan kasar mata. Dados manawi namung awassing mripat kémawon taksih nyamut-nyamut sanget boten paja-paja sumerêp dhateng Datting Pangéran, éwa makaten raossing manungsa saged pramana dhateng prakawis punika. Mila Datting Pangéran  utawi gesang winastan barang ingkang alus tegessipun boten wonten ijén-ijénnipun kados barang lembat kadosta: toya, angin tuwin wawangi, punika taksih wonten ijén-ijénnipun inggih punika pérangngan ingkang  sakalangkung dénning alit sanget déné barang alus sampun boten  kénging pinérang malih.

Awit saking tetep kawontennannipun Pangéran punika gesang, sarta wontennipun pancén sajati, kalampahan ing [27]donnya tuwuh pinten-pinten gogolongngan sami nganggep wontennipun Pangéran punika gesang, saking kuwasannipun temah anggesangngi sadhéngah kumelip.

Panganggep pinten-pinten golongngan wau wraja boten saged ambaékaken, amargi ugerripun ingkang sami kanggé landhesan wontennipun Pangéran punika kamanah kawruh ingkang sajati. Mila wraja inggih boten munasika tumrap tetepping wasita, malah kapilahaken, kawruh kabatossan béda kaliyan kalahirran.

Wondéné panggayuh kasampurnanning kawruh sajati punika dédé prakawis ingkang gampil jalarran kedah ngudi dhateng panunggal, menggah kalampahannipun dumugi ing panunggal boten wonten margi liyannipun malih kajawi nyantosakaken ambek utami. Dados manawi tiyang déréng saged anglampahi  utami, inggih  taksih tangéh méngéh sageddipun dumugi ing panunggal, mongka mabeg utami punika ing lairripun méh kénging dipun wastanni: dédé pangangkahipun  tiyang gesang ingkang limrah wonten ing donnya, tegessipun: sampun titis dhateng prakawis raja brana. Supados saged nguwallaken se[28]dya ingkang ngombra ombra tumrap kaléntunning lampah.

Ambek utami pancén sakalangkung  dénning awrat, marginning utami saking saé, marginning saé saking lerês, mongka nglampahi lerês kémawon awis ingkang kaconggah, punika ingkang neteppaken awrat lampahing kautaman, pethikkannipun sakedhik makaten:

Tiyang ngawon punika sampun genah utami, sabab ingkang menang ngraossaken bingah, manawi ingkang ngawon ngraossaken sisah, punika jugar kautaménnipun, mongka utaminnipun kedah ngraossaken bingah sadaya, ingkang menang bingah, déné ngukup donnya pangalembana sasaminnipun, ingkang ngawon inggih bingah, déné ngukup kaluhurran panarimah, sasaminnipun,lah samanten pethannipun tiyang anggayuh panunggal, dados ngudi sajatinning kawruh punika pancén dédé suwadossipun ingkang saged dumugi tétéla tiyang ingkang kawahyon.

CARAKANNING PAMALENG

Wonten malih carakanning pameleng tumrap lampah marginning panunggal punika kedah medal saking pamengkuh. Tegessipun: panganggep ingkang santosa. Mongka adeggipun panganggep punika kada[29]dossan saking lampah  kalih prakawis:

  1. Lali, tegessipun: pasrah, ingkang suraossipun neteppaken lerês.
  2. Darana, tegessipun: saronta, inggih punika saréh sarta lembah manah.

Dados manawi manungsa sampun saged anglampahi lila sarta darana, punika saweg ngadeg panganggeppipun, tetepping panggep dados lampah ingkang saged andumugékaken ing panunggal, samangke kantun angrucat sarta angginem namanning panganggep, kados pundi terangngipun déné kempalling lila lan darana lajeng jumeneng dados  panganggep, mongka lila punika neteppaken lerês darana punika saréh sarta lembah manah. Dados tegessipun: kedah saged ngempallaken lerês kaliyan saréh. Sapunika prayogi  nyumerêppi  watakkipun budi lerês sarta watakkipun budi saréh. Paginemmipun makaten:

Badhangnging saréh badhé mahannani sajatinning lerês punapa bandhangnging lerêbadhé saged mahananni sajatinning sarêh. Punika awrat sanget pangulahipun, mongka sok saréh amengku larês nanging lerê punapa saged mengku saréh. Ingkang makaten punika sawarni cangkrimman bilih manungsa déréng  saged nganjingngaken saréh dhateng lerês utawi lerês dhateng saréh, pu[30]nika déréng jumemeng panganggeppipun temah jugar sedyanning panunggal, pangginemmipun raos ingkang makaten punika bebahannipun para sarjana utawi para linangkungnging budi, punika prayogi dados sulangnging piwulang, supados neteppaken ing panggep,

Menggah kasembadanningpanggayuh, ing ngriki wonten wasitannipun  para linangkung ing jaman kina, pépéngettipun makaten: mugi sampun ngantos kalempit ing panampi, prakawis lampah sampun dinalih prakawis kawruh. Ingkang sampun kawedhar kerêp seling serêp kawruh kacarub kaliyan lampah, sayektossipun silah. Iki kawruhé. Iki lakunné. Wonten ugi prakwis lampah, nanging lajeng nama kawruh lampah, sampun ngantos lampah dipun sembah-sembah kaanggep kawruh, punika raossipun ngongassaken lampah. Manawi makaten badhé ngoruppaken ing ngatassipun panggayuh. Dédé wawarah ing panggayuh wau kados ing ngandhap punika.

WAWARH ING PANGGAYUH

Kacariyos badannipun manungsa wonten cupunnipun alus ti[31]tiga, tumunung ing tengah, ing kanan tuwin ing kéring, punika dados tukking darajat.

  1. Drajatting kapandhitan manggén ing tengah, meleng dhateng panunggal.
  2. Drajatting prawiran manggén ing tengen ([1]) meleng dhateng kasantosan.
  3. Drajatting kawiryan manggén ing kiwa, ([2]) meleng dhateng kawibawan.

Pinangkannipun saking eneng ening. Eneng kéndelling tutuk, ening kéndelling manah. Dumunung wonten ing pamidikkan utawi palemparran inggih punika papan ingkang pinilih, ngulattaken lampahing napas ingkang kirang jujur, lajeng kajejerraken saking tuntunnanning cipta, supados manggén ing enerripun sampngsa sampun saged keng-keng saweg kénging  kanggé nyorog wenganning cupu ingkang dados tukking darajat titiga wau, utawi kénging kapesattaken manginggil ([3]) ambuka naronthongnging budi dados wicaksana.

[32]PAMENGKUH. (PANGANGGEP)

Manungsa kedah nganggep wontennipun cipta, rasa, tuwin jiwa. Menggah sulangnging panggep kapratélakaken kados ing ngandhap punika.

1. CIPTA

 

Cipta = sir.                                                                     |
Duwé cipta = gadhah sir.                                            |
Séjé cipta = sanés sir.                                                  |
Kaselan cipta = kaselan sir.                                        |              Pamuja.
Landhepping cipta = landhepping sir.                     |
Dadi saciptanné = dados sasirripun.                       |
Kang cinipta teka = ingkang dipun sir dhateng.    |

Upami barang dandossan cipta punika embannipun rasa, rasa embanning jiwa, nanging sajatossipun raga, cipta, rasa, punika kalimputtan dénning jiwa, inggih punika gesang. Wondéné cipta wau pakartinning manah ingkang alus sanget tumadangngipun saking nglebet ngantos boten kawistara. Santerring cipta sage[33]d mujuddaken pamuja. Jaman rumiyin kathah para manungsa ingkang sami dados pamujannipun kadosta: muja laku, muja toya, muja teken dados sawer, tuwin muja tiyang éstri. Tegessipun: kabudi saking kabatossan kanthi pamanthengnging cipta, inggih punika tansah kaesir ngantos cumithakking panon temah kawawa narik ingkang kapuja dhateng piyambak, cipta saged nampénni sawarninning kawruh ingkang tinanggappan dénning poncadriya, sarta saged nerangngaken kawruh ingkang pagepokkan pangambet pangenyam pamirêng, tuwin paningal linta-lintunning poncadriya kawasésa dénning cipta. Sanadyan dumunung ing tebih ingkang boten  lumebet dhateng palawangnganning poncadriya, kadosta: ingkang dumunung sajawinning wewengkon ugi kénging kapetha saking raossing cipta ingkang umesat, déné tétéssipun samongsa pepethan wau sampun dumados kembar kaliyan  angganning manungsa ingkang wonten salebetting wewengkon jer wontennipun wewengkon jawi lebet saki kémawon, makaten santosanning cipta ingkang minongka pralambang. Wekassan babarring cipta dados wiwaranning pariwara ingkang cocog kaliyan kahanannipun sarta tétés kaliyan nyatannipun.

[34]2. RASA

Rasa punika sarinning cipta, saya langkung dénning alus, lumarappipun sumebar sarta landhep saget bilih kapusthi kawawa anggubah raossipun tiyang sajagad temaha roroncén sami gagancangngan raos ing ngriki saged dumugi sapinten tebihipun pukassanning raos ing ngrika. Upaminnipun: ing ngriki bentér ing ngrika  ugi saged kadadossan bentér, bilih ing ngriki asrep ing ngrika inggih asrep punapa déné bilih ing ngriki gandrung, ing ngrika ugi kayungyun dados kényut ing ngriki saged  andadossaken kumenyutting ngrika. Pancerringraos kawawa nyarambahi sakathahing panadhang. Kadosta: tumrapping sato tuwin manungsa, sanadyan nandhang punapa  kémawon tamtu raossipun ingkang kajibah nyanggi, amargi kapandukkan rasa ingkang kapusthi wau. Déné pupulling raos kawawa ngukud jagad lirripun: tumindakking samubarang jalarran wonten raossipun ingkang sumarambah. Sakathahing tutuwuhan bilih tanpa raos saéstu boten saged semi. Makaten babarring raos ingkang sumebar.

3. JIWA

Jiwa, tegessipun: nyawa, sukma utawi gesang. Punika tukking wiji ingkang mahananni murninning mani. Inggih punika wiji gesangnging cipta rasa, kawawa mujuddaken kasangkeppan upakartinning gesang. Upaminnipun wiji bonggol pisang, diwasannipun dados ron papah, tuntut sarta woh, tuwin liyan-liyannipun, makaten kadadossannipun wiji jiwa.

Wonten sawenéhing pamanggih, jiwa punika kawontennannipun langgeng. Tegessipun: boten risak, tumrapping Pangéran kaupamékaken kados déné latu kaliyan urubbipun latu minongka Pangéran urubbipun minongka jiwa. Wiwit sumorot jiwa tansah majeng tumandang ngudi kasampurnannipun ngantos pinten-pinten yuta taun dumugi sasirêppipun saweg sampurna.

Satengngahing pamanggih, anyondhongngi dhateng pamanggih ing nginggil punika, bilih kawontenannipun jiwa punika langgeng.tegessipun: boten éwah gingsir. Nanging boten  tumandang ngudi kasampurnannipun, awit pancén sampun sampurna. Tumrapping Pangéran kaliyan jiwa tansah gesang dados satunggal, [36] manawi manungsa kaliyan Pangéran kaupamékaken kawula Gusti sampun mémper, seksinnipun para Nabi. Déné manawi Pangéran kaupamékaken latu murub jiwa kaupamékaken sorottipun punika kados déréng anyéplessi. Sabab saben sorot punika  ébah, urubbipun inggih ébah. Saben jiwa punika tumandang, Pangérannipun  inggih tumandang. Samubarang ingkang tumadang punika ébah, sok ébaha inggih éwah, sok éwaha inggih badhé nemahi risak, dados boten saged  neteppi kados tegessipun langgeng tanpa éwah gingsir.

Sajatossipun ingkang tumadang punika kawulannipun inggih punika: raga, cipta, tuwin rasa, jalarran kaprabawan saking kuwasanning sukma. Déné Pangéran  langgeng boten barang-barang. Mila ingkang kajibah ngraossaken mulya tuwin sangsara inggih namung dumunung wonten ing kawula. Makaten gotékkipun  para ingkang sami marsudi kawruh jati, wusana kedah sumarambah sadhérék kathah, ngéngetti babasan: sapandhita samapanemu.

Wonten malih satengah kaol jiwa punika kawujud dipun wastanni: sipat, mongka wujud punika Dat tegessipun: [37] ana. Ana punika sayektossipun: kanggé nembungngaken barang ingkang ana, manawi ana kaéwokaken sipat ora ana inggih sipat , kados punapa wujuddipun si ora ana, wujuddipun ora ana. Punika boten limrah, limrahipun ara ana punika  boten wujud, mila nalusur suraossing kawruh punika boten gampil kedah buntas dhateng ulahing basa, awit  ing ngriku palawangnganning katerangngan ingkang ambolongngaken ing panampi, tétélannipun jiwa punika namanning barang ingkang gesang, kuwasa mahananni samubarang, wiwit babar dumugi bibar.

TETEPPIPUN PANUNGGAL

Panunggal punika barang kalih dados satunggal déné wujuddipun barang kakalih wau, 1. Sukma; 2. Raga. Punika nunggil padunungan dados sawiji. Mongka raga kaliyan sukma wau tebih sanget darajattipun  sarta béda sanget kahanannipun, sukma barang alus raga barang wadhag, sukma suci, raga rêget, sukma mulya, raga sangsara. Sukma kuwasa, raga apes, sukma gesang, raga pejah, nanging nalika raga kadayan déning sukma  sawarni gesang [38] piyambak sarta mémper wawagunnipun mila winastan: kawula gusti. Sukma gustinnipun raga kawulannipun nanging sami tetep tineteppan jumenengngipun sukma dados gusti, kateteppaken dénning raga, makaten ugi raga, dadossipun kawula kaaken dénning sukma. Babasannipun : sijinning ngaloro, loronning ngatunggal.

Saréhning sakalih kalihipun sami kaulah dénning budi, dados budi tansah mobat-mabit amargi ngladossi  barang kalih ingkang  tebih sanget darajattipun mongka kaangkah panunggallipun supados saréng majengngipun sarta sami empannipun makaten pakartinning budi anggVnnipun nedya nunggillaken kawula gusti. Awit budi ingkang winenangngaken masésa tumindakking manungsa gesang dumugi pejahipun.

Prakawis nunggillaken jiwa raga, punika pipindhannipun kados déné tiyang damel suwasa, babadhénnipun kancana kaliyan dembaga, dados kedah kalebur rumiyin, menggah pangleburripun sarana nucénni rêrêgedding angga, inggih punika nyirnakaken mamalanning sarira, déné wawatonnipun  santosanning karsa, siyang dalu anggung manungku cipta, ingkang kaésthi boten liyan namung [39] mawang kahananning sukma. Ngantos kasupén dhateng tatacaranning ngagesang, banterring pangésthi temah sirna rasa rumasannipun sampun boten wonten kawula gusti, kantun madeg sajatinning manungsa namung sawiji jiwa, pamorring dembaga  kaliyan kancana mancorong dados suwasa mulya, ingkang makaten punika saéstu punjulling ngapapak kénging winastan : janma mustakanning jagad pipindhannipun kados Sang Rama Wijaya, kasebut  dados bapa babunning bawana.

Ing jaman purwa kathah kémawon para manungsa ingkang kombul darajattipun saking pamanthengnging cipta, temah katarimah sami dados jawata ing suranadi, inggih punika manungsa ingkang linangkung budinnipun, pamorring raga lan sukma dados maya-maya boten katingan kuwadhaggannipun, lah makaten ingkang tetep nama nunggal kahanan, ya gusti ya kawula, ya kawula ya gusti.

Sasampunnipun makaten kahanannipun manungsa lajeng kuwasa manukma sakajengngipun sabab saking nembadanni hardanning karsa, temah dados wangsul ulah panggesangngan, lirripun: taksih rêmen gesang klanthi seneng wonten  ing donya, nedya mangun éca tuwin sakéca sasaminnipun, punika kedah énget sanadyan sa[40]mpun jumeneng manungsa ingkang linangkung. Lirripun: sampun boten kacuwan punapa sakarsannipun sami kasembadan, nanging saréhning taksih purun wangsul ngraossaken kados limrahing manungsa, inggih punika kapéngin unggul kapéngin luhur, kapéngin mukti wibawa, sasaminnipun, kados sadaya ingkang dipun lampahi badhé wonten wawangennipun bibar. Awit sakthahing kahanan tampu wonten titimbangngannipun, unggul  kaliyan kalindhih, luhur kaliyan asor, mukti wibawa kaliyan kacingkrangngan makaten sapituruttipun.

Dhuh ingkang ingkang makaten kados pundi, déné tiyang anggayuh panunggal teka taksih nglampahi sengsara malih.

Mugi kauninganna, panunggal ingkang kasampurnakaken punika lajeng rampung. Sampun boten nadhang kasangsaran kantun lulus dumunung wonten ing kamulyan, sarêng ingkang sampun kasembadan  panunggallipun mongka taksih nedya mekarraken kamurkan wonten  ing donya, sampun tamtu nandhang kados limrahipun tiyang walaka. Déné bédannipun bilih tiyang linangkung jinurung sakajengngipun, bilih tiyang limrah samongsa gadhah kajeng tansah mubeng, teteppipun kados lampahing nyakra manggilingngan.

[41]Menggah kasampurnanning panunggal punika samongsa sampun sami mantuk dhateng asallipun piyambak-piyambak ingkang kawasitakaken: raga, wangsul dhateng siti, jalarran pralaya, cipta, wangsul dhateng tirta prawita suci, jalarran menep manjing dhateng kaweningngannipun, rasa, wangsul dhateng kokosottanning akasa, jalarran ngirup pencarring rasa sami pupul dhumateng tukkipun, jiwa, wangsul dhateng wiji sawiji murninning mani, jalarran sampun maligi boten kamomorran, sadaya wau wangsul dhateng santosanning daya, déné ingkang kagungngan daya: Pangéran Ingkang Maha Kuwasa.

Ingkang makaten punika, pakartinning budi boten liya kaulah saking luhurring pambekkan ing nalika gesang wonten ing donya. Santosanning tékad mejahi sakalir-kalir, lah samanten rungsitting panggayuh tumrap kasampurnanning ngagesang.

PANGRUWAT RUWETTING LALAMPAHAN

Manawi manungsa sampun sami gadhah panggep dhateng sulangnging piwulang ingkang sampun kawedar, sarta purun anglenggahi darajattipun pi[42]yambak-piyambak lirripun: drajat ngriki boten nyangkut drajat ngrika, drajat nginggil boten nyangkut drajat ngandhap dados boten songkat-sangkuttan ing darajat kados-kados wudar bubundhellannipun inggih punika pangruwat ruwetting lampahan anuwuhaken bagya raharja dumugi ing wusana.

titi

————————————–

[1] Pangésthi, (tegennaken)
[2] Panepi, (dipun kiwakaken)
[3] Nginggahaken panggayuh.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s