KAWRUH PAMIYAK


KAWRUH PAMIYAK

Mratélakaken paseksen tumrap prakawis
Wontennipun Pangéran, (Hyang Suksma.) kawruh
Wau sadangunnipun taksih winados sapunika kawedharraken
Ingkang dados wossipun.

1e DRUK

S O L O
BOEKHANDEL M. TANOJO
1924

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 20 Desember 2018

@@@

[3]BEBUKA

Sasampunnipun atur kula kalayan hurmat katur ing panjenengngannipun para maos.

Nuwun wiyosipun pangarang kula serat kawruh pamiyak punika, boten pisan-pisan gadhah sedya ngéngissaken seserêppan ingkang amrih dipun gumunnana tuwin kaalembanna, sapisan saréhning prakawis punika déréng wonten ingkang karsa nerangaken ing basa jawi, dados kula cumathaka sasaged-saged damel serat punika, supados dadossa lantarranning pamarsudi, tumrap ngudi wewah ing seserêppan ingkang makantukki ing ngagesang. Kaping kalih, jalarran saking sampun kathah ingkang sami mirêng cariyos bilih Pangéran mesthi wontennipun sarta kasebut: Ingkang Maha Kuwasa, Ingkang Maha Luhur, Ingkang Maha Agung, Ingkang Maha Suci, Ingkang Maha Mulya, tuwin Ingkang Maha Adil.

Makaten wau kathah ingkang sami nganggep nanging pangangge[4]ppipun naming saking kapracayan kémawon boten mawi sulang wontennipun Pangéran wau kados pundi. Punapa déné kuwasannipun luhurripun agungngipun sucinnipun mulyannipun tuwin adillipun ingkang pundi. Dados pangandel wau prasasat naming anut grubyug ing ngakathah, boten kalayan mangretos salerêssipun kapracayan ingkang makaten punika menggah ing nalar punapa sampun narimah. Awit kapracayan ingkang anut byung punika prasasat sami kaliyan ingkang boten gadhah kapracayan dados boten sumerêp pakantukkipun éwadéné bilih kapracayan wau saking sulangnging piwulang ingkang ngantos boten sumelang, punika kapracayan ingkang sah, sarta maédahi tumrapping ngagesang. Mila ing serat ngriki  naming badhé anjalétréhaken nalarripun ingkang ngantos suméléh, supados amumungu  dhateng inggahing pamanggih, pinten banggi andadossaken mathemming panggalih, kula sakalangkung suka sokur, [5] déné ingkang dados lengnging sedya saged katampén.

Boten langkung sapinten tuna dungkapping pamanggih kula kasapuwa ing tyas para marta. Wusana among samanten atur kula kanthi setya tuhunning manah, mugi sampun kirang gengnging pamengku.

Ing Surakarta Hadinningrat sinangkalan:
Karna Wiwinisik Murtinning Ngurip.

— @@@ —

[7]WAWARAH

Serat kawruh  pamiyak punika sadéréngngipun kawedharraken suraossipun mawi mratélakaken tegessing tembung ingkang kasuraos supados boten makéweddi dhateng ing panampi, pinten banggi saged gambelang ngantos andadossaken kapirênannipun para maos, menggah babarripun kados ing ngandhap punika.

BAB KAPING: I
WONTENNIPUN PANGÉRAN

Kasebut, Sarupanning kahanan iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran.
Ukara ing nginggil punika béda kaliyan ukara ing ngandhap punika:
Saupanning kang ana iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran.

Punika ingkang lerês ingkang pundi. Samangké katerang[8]ngaken.

  1. Kang ana iki. Tegessipun: wontennipun bumi, langit latu, toya, angin tutuwuhan sato, tuwin sanés-sanéssipun ingkang bongsa awak (wujud).
  2. Kahanan iki. Tegesipun: wontennipun sakéca, wangi, gurih, cengér, riyu-riyu, seblak sedhih, sasaminnipun ingkang bongsa kawujuddan.

Ukara kakalih wau ingkang neteppaken wontennipun Pangéran ingkang pundi. Kula sumantakkaken dhateng sadhérék kalih tiga sakawan bongsa jawi ingkang déréng naté ngambah dhateng bab punika, panampinnipun sami kémawon boten wonten ingkang ambédakaken suraossing tembung kakalih wau: kang ana, kaliyan kahanan ingkang nélakaken dados seksi menggah wontennipun Pangéran.

[9]Samangké kapuwung, saupami suraossipun ukara kakalih wau kacarub kang ana, kasami kaliyan kahanan anannipun inggih kahanannipun sami kanggé seksi menggah wontennipun Pangéran, punika tumrapping basa punapa sampun manjing kaliyan  raossipun, sarêng manungsa sumerêp padhangnging serngéngé, utawi ron riyu-riyu teka lajeng ngandel bilih Pangéran punika wonten, kados pundi anggénnipun nyundhukkaken kaliyan nalar. Menggah pamanggihipun bongsa Jawi ingkang sampun kula sumerêppi sami ulah raos cariyossipun makaten:

Ingkang kénging kanggé neteppaken menggah wontennipun Pangéran punika empannipun poncadriya dhateng kahanan lirripun manungsa saged ngraossaken:

  1. Sakécanning tilem ingkang kasandhang.
  2. Sedhepping sekar mlathi ingkang kagondo.
  3. Gurihing santen ingkang kakenyam.
  4. [10]Cengérring swara ingkang kamirêngngaken.
  5. Seblak-seblakking lémbéhan ingkang katingallan makaten sasaminnipun manungsa lajeng pracaya bilih Pangéran punika wonten ingkang minongka seksi wontennipun gesang. Amargi sageddipun manungsa ngempakkaken poncadriya jalarran kasinungngan gesang dénning Pangéran dados pangandellipun manungsa dhateng Pangéran boten saking wontennipun barang, sato tuwin tutuwuhan pracaya saking gesangngipun piyambak utawi boten pracaya dhateng ingkang sampun katingallan, pracayannipun naming dhateng ingkang ngananni. Inggih punika Pangéran déné Pangéran punika gesang.

BAB KAPING II
KUWASANNIPUN PANGÉRAN

Kuwasa, tegessipun: kikiyattan ingkang linangkung. Inggih punika daya ingkang boten kasat paningal, manawi tumrapping barang, kuwasa punika sage[11]d nuwuhaken sarta nyirnakaken dhateng barang wau. Déné manawi tumrap dhateng angkara, tegessipun: karêp ingkang amrih tumangkar, wenang misésa sakarsa-karsa dhateng sadhéngah ingkang dipun kuwasanni, boten  wonten ingkang kaconggah nanggulang. Manungsa rumaossipun kapambengngan badhé nglajengngaken boten kuwagang pari paksa, amargi saking kawon kuwasa dhateng ingkang nguwasanni, inggih punika kawon kasantosan makaten ugi saben manungsa sampun rumaos gadhah kasantosan inggih sumedya badhé nguwasanni dhateng sangandhappipun,

Mongka nitik ingkang sampun katingal manungsa punika inggih gadhah panguwasa, sakajeng-kajengngipun kalampahan punapa ingkang sinedya ing donya janji sembada tamtu kadadossan kadibyannipun manungsa ngantos saged ngukur agengnging srengéngé, ngirup sumiratting sorot ngirup céngkokking swara. Migunaka[12]ken lampahing toya, sarta toya, sarta lampahing angin sami kawedallaken asillipun dumugi saged ngeréh sato kapindha manungsa, manungsa pindha sato. Dayanning kuwasa angébat-ébattaken sayektos, nanging sarêng manungsa boten saged ngekahi pejah gesangngipun ing ngriku saweg rumaos apes lajeng nganggep among Pasngêran ingkang langkung déning kuwasa. Tur sajatossipun  kadibyanning manungsa  ingkang ngébat-ébattaken wau, boten liya inggih saking kasinungngan gesang déning Pangéran, mila santosanning manungsa boten kênging kandellaken, awit sakathahing kasantosan boten saged ngungkulli kuwasa damel pejah gesang. Sanadyan kasantosanning manungsa saged damel pejahing liyan, kadosta: nyidra medhang jongga, nyanjata, tuwin liyannipun inggih jalarran kasinungngan gesang déning Pangéran, langkung malih sarêng manungsa boten saged damel gesang, saya rumaos bilih apes saged damel pejahing gesang, nanging bo[13]ten saged damel gesangnging pejah. Naming Pangéran ingkang kuwasa damel gesang. Samangké tétéla teteppipun bilih manungsa apes among Pangéran ingkang kênging sinebut: Ingkang Maha Kuwasa.

BAB KAPING III
LUHURRIPUN PANGÉN

Luhur, tegessipun: inggil punapa inggilling kahanan inggih punika dedeg punapa inggilling budi, inggih punika jembarring pamikir, ngantos saged nyarambahi ngandhap nginggil lajeng ngajeng wingking, kiwa tengen tuwin jawi jawi lebet babasan: buwengnging bawana kacakkan lepassing wardaya. Lah punika budi ingkang luhur.

Mongka manungsa inggih saged kadunungngan budi luhur, seksinnipun: tiyang ingkang boten nistha, ageng pangapurannipun ageng kawelasaanipun ageng rumaossipun ageng kawirangngannipun tuwin ageng [14] pitulungngannipun dhateng ngagesang ingkang sami nandhang sangsara, kasakit-sakit sarta kasisahan, punika nélakaken budi ingkang luhur, temah saged nuwuhaken luhurring asma, tegessipun: misiwur kautaménnipun, luhurring asma nuwuhaken kapracayan tuwin pakurmattan, makaten wau punapa boten wenang sinebut luhur.

Ingkang kapratélakaken ing nginggil punika inggih kénging sinebut luhur, nanging déréng kénging sinebut: Maha Luhur kados Pangéran, amargi kaluhurranning manungsa taksih mawi prenah, naming dumung dhateng ingkang dipun  luhurri. Inggih punika dhateng ingkang sami nandhang sangsara, kasakit-sakit tuwin kasisahan, déné kaluhurranning Pangéran boten makaten amumpunni sabawana, ingkang awon ingkang saé, ingkang sisah ingkang alit sadaya sami karobban kaluhurranning Pangéran boten wonten ing[15]kang cicir, manungsa sato tuwin tutuwuhan sadaya ingkang gumelar sami kasinungngan gesang sarta kalimputtan ing raos punapa déné kapraban saking cahyanning Pangéran mila Pangéran boten larang sinebut: Ingkang Maha Luhur.

BAB KAPING : IV
AGUNGNGIPUN PANGÉRAN

Agung: tegessipun: ageng kathah. Kadosta:

  1. Rathu agung = rathu ageng.
  2. Kali agung = lépen ageng.
  3. Ngagungngaké pangapura = ngagengngaken pangapunten.
  4. Sagungnging pakurmattan = sakathahing pakurmattan.

Manawi nitik teges ing nginggil punika Pangéran angadhahi suraos: ageng, sarta kathah, makaten wau kathah ingkang sami nganggep boten karêmbag kados pundi cundhukkipun kaliyan nalar, teka Pangé[16]ran mawi anggadhahi ageng sarta kathah. Mongka kasebut: Pangéran boten wonten katamtuwannipun tegessipun: boten kénging katamtokaken ageng inggillipun samanten punika mokal ing ngakal.

Samangké kabujeng. Bilih Pangéran boten kagungngan ageng tuwin boten kénging kacacahaken lah tetembungan: Pangérran ingkang Maha Agung, Pangéran amung satunggal punika badhé bibrah.

Dhasar inggih makaten, nanging kauninganna sarta kedah énget bilih Pangéran béda kaliyan sakathahing titah, béda samubarangngipun agengngipun titah kénging kaukur, samanten, wangsul Pangéran boten makaten agengngipun angebekki bawana, mengku sakathahing ukurran tuwin takerran cacahipun mengku sakathahing pétang, dados sampun boten mawi kaukur sarta kacacahaken awit barang ingkang kaukur sarta kaca[17]cahaken punika badhé kanggé péngettan kaliyan tatandhingngannipun mongka Pangéran boten wonten ingkang nandhingngi. Saupami badhé dipun sumerêppi angengngipun Pangéran kuwasa nukma barang ingkang langkung  alit kadosta, nukma dhateng tengu. Saupami badhé dipun sumerêppi alittipun Pangéran kuwasa nukma ngeplekki agengnging gajah. Makaten ugi saupami bahdé sumerê cacahipun Pangéran kuwasa dados tukkipun sawarninning cacah. Boten wonten tunggillipun, déné Pangéran kasebut: Ingkang Maha  Agung, déné ngébekki bawana agengngipun boten wonten ingkang  nyaménni.

BAB KAPING : V
SUCINNIPUN PANGÉRAN

Suci, tegessipun: rêsik boten kawowo[18]ran boten kados rêsikking badan sarana siram, rêsikking padharran sarana jampi urus-urus, rêsikking tetedhan sarana dipun oncékkki, kakumbah, sarta dipun ratengngi. Rêsikking panganggé sarana kawasuh.  Rêsikking papan panggénnan sarana dipun saponni utawi dipun  kelutti, rêsikking pandamellan sarana kamungkullan, rêsikking basa sarana kasuraos, rêsikking pamikir sarana kapeleng. Suprandéné sadaya wau boten saged maligi, amargi pinten-pinten ingkang dados sambékala tuwin godha rêncananning donya, makéweddi dhateng lampah ing kasucén sabab saking boten saged tetep sarta rampak wonten ingkang kinggillen kandhappen kangengngen kalitten kapanjangngen kacelakken kaciyutten kawiyarrên sasaminipun, punapa déné wonten saged-saged malih, wonten busuk-busuk malih, tansaha nuwuhaken éwah-[19] éwahan, mila tiyang ulah kasucén bilih boten  santosa tékaddipun amrih jugar saking ardanning kadonyan, déné sucinnipun Pangéran saged murni tuwin maligi. Ngibarattipun kados déné papadhangnging sorot sanayan kanggé nyuluhi papan ingkang langkung kether, éwadéné boten saged katuttan susuker. Mula Pangéran tetep kasebut: Ingkang Maha Suci.

BAB KAPING: VI
MULYANNIPUN PANGÉRAN

Mulya, tegessipun: sakéca, saras tuwin pulih. Kadosta:

  1. Wis mulya = sampun sakéca = sampun saras = sampun pulih.
  2. Oléh kamulyan = angsal kasenengngan sarta sakéca.
  3. Di mulyakaké = dipun dandossi = dipun pu[20]lihaken.
  4. Bongsa mulya = bongsa sugih raja brana kanthi sakéca.
  5. Mulya kadi wingi uni = saras kados suwaunnipun

Sadaya wau wossipun saé sarta sakéca, kadosta: badan saras mangén papan ingkang langkung éndah, tur langkung sakéca, manah langkung seneng, nedha langkung miraos nyandhang nganggé langkung adi, punika nama mulya. Éwa déné tumrapping manungsa taksih mawi éwah gingsir, kamulyannipun boten saged tetep sarta inggih taksih saged kénging sambékala saking sababbing kadonyan, bilih kamulyanning Pangéran saged dumunung wonten ing papan ingkang padhang tarawangngan tanpa kara-kara, inggih punika ing alam kaalussan raossipun naming nikmat tuwin manpangat, mongka bilih manungsa sanadyan anglampahana sapinten kamulyanning donya, meksa taksih ngra[21]ossaken: sayah, ngerês linu, arip tuwin luwé. Boten montra-montra bilih katandhing kaliyan ingkang dumunung wonten ing alam kaalussan, mila lajeng kateteppaken among Pangéran ingkang langkung dénning mulya, kasebut: Ingkang Maha Mulya.

BAB KAPING: VII
ADILLIPUN PANGÉRAN

Adil tegessipun: larês, kadosta:

  1. Mengku adil = mengku lerês.
  2. Nedha adil = nedha lerês.
  3. Ngadilli = mancassi lelerêssan.
  4. Pangadillan = enggén lelerêssan.

Adillipun manungsa mawi katata kanthi dipun watessi, sarana pranatannipun ingkang kuwasa nyepeng pangadillan sarta boten mawi dipun katingallaken suméléhing nalar, punapa déné ingkang kathah naming kénging pa[22]trappan kémawon kadosta: ingkang nyambut dame angsal pituwas sapinten janjinnipun, ingkang katrimah kaganjar, saka parêngngipun ingkang angganjar. Ingkang kalepattan kaukum, ingkang ambangkang préntah kaukum, ingkang miturut préntah boten kaganjar, namungkanggé dados karéréhan kémawon, ingkang damel rêsah kaukum, ingkang damel tata boten kaganjar, naming kaalem kémawon, sadé tinumbas ingkang bathi kénging ragad ingkang tuna boten angsal tombok, makaten sasaminnipun, dados adillipun manungsa taksih éwah-éwah, sarta miturut adat cara ing pundi dunungngipun piyambak-piyambak, mila wonten ingkang mungel: Ing Donya Ora Ana Adil.

Dipun pabenni: bilih boten wonten adil perlu punapa pados adil.
Dipun pabenni gentos: mila pados a[23]margi boten wonten adil.
Dipun pabenni malih: O…, punika naming ubeng-ubengngan ginem sanadyan dipun padossana bilih sampun tétéla boten wonten adil mongsa sagedda kapanggih, tiwas kangéllan kémawon.

Ing donya sayektossipun inggih wonten adil, nanging adillipun manungsa béda kaliyan adillipun Pangéran , adillipun manungsa kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil, déné adilling Pangéran boten makaten winastan: adil sajati. Tanpa pranatan tanpa wekassan boten mawi mawang ageng alitting pangkat utawi tedhak wawatonnipun janji manungsa sami manungsa inggih sami, sato sami sato, tanemman  sami tanemman barang sami barang, sadaya sami tata piyambak-piyambak sarta tatimbang boten mawi bot sih. Ingkang angsal adil punika sawarninnipun ingkang nglampah[24]i, nglampahi saé angsal saé, nglampahi awon angsal awon, ingkang nglampahi pandamellan angsal pituwas sawawrattipun (boten wawaton janji), déné pakantukkipun awawatpn pétang, upami: saben arta: 1, rupiyah angsal wéwah:1, sén saben: 2, rupiyah inggih angsal wewah: 2, sén makaten ugi saben arta: 1, rupiyah suda: 1, sén saben arta: 2, rupiyah inggih suda: 2, sén dados mawi titimbangngan jejeg cekakkipun sakathahing lalampahan begja cilaka, mulya sangsara, sasaminnipun boten mrojol saking adilling Pangéran sarta tetep boten  éwah sarambut.

Tumrap pangadillipun manungsa, sampun tamtu kathah ingkang boten narimah, sabab adillipun manungsa sulaya kaliyan  adillipun Pangéran, lirripun makaten upaminipun tiyang kakalih ingkang satunggal sugih, satunggallipun malarat, ingkang ma[25]rat boten narimah ing manah, déné béda kaliyan ingkang sugih, ngantos kawedal pangundhamannipun: Pangéran ora adil Si Suta kaé wong sapadhaku baé teka bisa sugih, généya aku iki dadi malarat mangkono iku Pangéran apa adil.

Pangundhaman ing nginggil punika salingsingngan ing panampi, lirripun makaten tiyang kakalih ingkang sugih kaliyan ingkang malarat wau, sayektossipun sampun sami kasinungngan pangretos, upaminipun manawi kapéngin sugih puruggipun kedah mangidul sarta lampahipun ingkang jujur. Wusana ingkang satunggal mituhu terus mangidul sarta lampahipun inggih jujur, boten salah wéng-wéng, wekasan inggih sugih sayektos, déné ingkang satunggal lampahipun mawi nyaléwéng, boten naming nyaléwéng mangilén kémawon jebul malah ambalik manga[26]lér, sampun tamtu angsal pituwas kosok wangsullipun ingkang mangidul jer punika pandamellipun piyambak, wonten malih ingkang nguciwanni, dhateng adillipun Pangéran.

Dosanné wong urip ana ing donya, upamanné sapisan ping pindho, ping telu. Mongka bakal nampanni siksanning adil ana ing ngakirrat sajeggé, mangkono iku apa ora sungsat banget tinimbang karo dosanné. Sanadyan dosanné manungsa salawassé urip ana ing donya, upama umur: 60, taun tansah gawé dosa  baé. Nanging yén nampanni paukumman sajeggé ana ing ngakirrat iya meksa during timbang, kéh-kéhé dastun mung: 60, taun, padha karo lawassé umurré. Yén oléh siksa enggeng-enggengngan i[27]ku apa adil.

Pangunek unek ing nginggil punika saking déréng sulangipun kémawon sajatossipun adilling Pangéran tetep sarta timbang, boten siwah samendhang, makaten.

Tiyang  dosa ingkang kasiksa ing ngakirrat sajeggipun punika sampun adil awit tiyang katrimah wonten ing donya, inggih angsal ganjarran wonten ing ngakirrat sajeggipun, mila tiyang gesang wonten ing donya boten kénging sembrana, kedah ngatos-atos sarta damel kasaénnan pinten banggi kaconggah ngrungkebbi dhateng kautamén tiyang wonten ing donya babasan: kena pisan luput pisan.

Sulangnging piwulang ingkang andadossaken boten sumelang, punika lajeng neteppaken bilih among Pangéran ingkang Maha Adil.

[28]BAB KAPING : VII
PAMBUKANNING MANAH DHATENG PANGÉRAN

Ingkang sampun kasebut wiwit Bab Kaping: I, dumugi ing Bab Kaping: VII, andhokkipun boten liya sami wonten ing gesang, dados sampun tétéla sanget gesang punika dados tucking kawruh. Éwa déné nalarring manungsa terkadhang wonten ingkang déréng narimah, makaten.

Sadaya daya ingkang dados bundhellannipun sami wonten ing gesang. Bilih makaten punapa gesangnging manungsa punika inggihwujudding Pangéran, mongka ingkang nama gesang punika boten ngemungngaken manungsa kémawon sato tuwin tutuwuhan inggih sami  kadunungngan gesang, kados pundi cundhukkipun kaliyan Pangéran, punapa sato tuwin tutuwuhan punika inggih wujudding Pangéran, saéstu damel ribedding pangraos.

Dhasar inggih makaten, punika pancén dédé pra[29]kawis ingkanfg gampil, prakawis ingkang maéwu-éwu pakéwed awis ingkang saged andungkap, amargi saking alussing seserêppan saha labetting suraos mila wonten  babasannipun: mung sasmita anéng jagad angebekki, dinumuk datan kena.

Éwa déné saréhning kacariyos prakawis punika kaluhur-luhurring seserêppan bilih sampun kacapeng andadossaken pamarêmming manah, manawi temen-temen pangungseddipun sarta kasinungngan wahyunning kawruh, dangu-dangu inggih saged kacakup, naming kedah wening pamikirripun sarta nentremmaken manah. Manungsa wonten ing donya sanadyan boten kacepeng kasugihannipun janji kacepeng wilijengngipun punika png-pengngan sanget, tétéla sampun nyepeng kawruh sajatinning gesang, kénging winastan: amblancang kamajengngan.

Menggah cundhukkipun Pangéran kaliyan gesangngipun manungsa, sato tuwin tutuwuhan ngibarattipun kado[30]s déné papan kasorottan wahyanning Pangéran ingkang dumunung wonten pancerring jagad, saréhning gesangngipun manungsa kanthi kasinungngan budi sarta buntassing pangraos andadossaken sumerêppipun dhateng pancerring jagad ingkang dumunung wonten telengnging budi. Lah punika ingkang kénging winastan: sampun sumerêp ing dunung, sok sumerêp padunungngipun inggih badhé sumerêp ingkang andunungngi. Sinten ingkang kadunungngan budi, inggih punika gesang ingkang cundhuk kaliyan wontennipun Pangéran, nanging prakawis punika walak-walak wonten landhepping panggraita, sanadyan sampun prasasat malecék bilih tansah kondhang inggih andadossaken boten mudheng, nélakaken déréng angsal wahyunning kawruh kajatén, éwa déné ingkang kuwawi kadhawahan wahyunning kawruh punika boten pilih manungsa.

Déné dhapukkannipun tiyang ulah kajatén punika mawi lampah mangun kautamén ngluhurraken budi, [31] anggayuh karahayon nipissaken kadonyan ngésthi mulyanning kawusanan, 0.

— @@@ —

1 thought on “KAWRUH PAMIYAK

  1. mulya tim

    maturnembahnuwun mas kumitir

    TIMBUL MULYADIAdv. Support

                     HARIAN  SURYA                  Jl. Rungkut Industri III No. 68 & 70 Surabaya 60293                  Phone : +6231.841.9000 (Hunting) |Fax : +6231.847.0000,  +6231.847.0500                  Email : timmulya@yahoo.co.id

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s