SERAT WASITA JATI


SERAT WASITA JATI

Ilmu kakét tuwin makripat ingkang ugi
kawastanan ilmu kasampurnan
inggih ilmu kasunyatan

impunnannipun ingkang sinandi
ing

Ngayugyakartha hadiningngrat
1940

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 15 Januari 2019

@@@

Aturripun pun pangimpun 

Kula nuwun pambabar kula serat punika, kula parabbi Sang Wasita Jati, minongka kanggé sesambettanning serat-serat: Wiwara Jati, Wismaya Jati, tuwin Pralaya Jati, ingkang sanyata angsal kawigatosanning ngakathah. Pangajab-ajabbing sedya, mugi-mugi anambahana suka pirênaning galihipun para ingkang sami migatosaken puwara anggreguttaken ajengnging pangulah kawruh kabatosan ingkang sanyata anjalarri saged ngambah wonten ing sasananing karaharjan tuwin katentreman.

Sang Wasita Jati punika, kula rumpaka mawi lalagon sekar macapat ing pangangkah kéngingnga kanggé panglipurring galih ing wektu saselaning pakaryan ateges kagem sesambén kalaning nganggur. Wusana nyumanggakaken.

Pun:
Pangimpun

———@———-

PANGANGGEP LAN TÉKAD

  1. Wong tuwa, Bapa Biyung sapandhuwur, anggeppen kaya Gusti Ratu kang pinundhi-pundhi, Gusti tegessé: kang wajib murba masésa.
  2. Sadulur tuwa, anggeppen kaya bendara, tegessé: kang wajib murba, nanging nora wenang masésa.
  3. Sadulur enom anggeppen kaya karéréhanné, tegessé: wajib murba, nanging nora wenang masésa.
  4. Bojo, anggeppen kaya sosotya nawa rêtno, tegessé: wajib di éman-éman lan di dhemenni, nanging nora wajib di bektenni.
  5. Anak anggeppen kaya arta, tegessé: wjib di geménni lan di sumuruppi migunané kang maédahi, apa déné kaudiya undhakké amrih mahanni mulyaning jawa raga, nagara lan bongsa.

ASMARANDANA

  1. [5]Kasmaran dénnya murwanni, angimpun ponang wasita, wasita di sajatiné, poma samya dén rasakna, rasané ngilmu rasa, rasa-rasaning tumuwuh, tumuwuh néng marcapada.
  2. Ya Allah kang karya urip ingkang asih mring kawula, angganjar masésa déné, ing dunya prapténg ngakérat sakwéhing pra manungsa, miwah jin peri tan kantun dén samya knawruhan.
  3. Manungsa upama ringgit pinasang néng kelir ika, kyai dhalang ingkang akén mobah mosik saking dhalang, jati-jatiné iya, wayang bisu tuli suwung, apan mung sipaté kéwala.
  4. Sedéné wujudding ringgit pinarada abra mubyar, pinasang néng kelir kono, kaya bisa amicara, mongka dhalang kang nuksma, wayang nuksma dhalang iku, karoné dadya sajuga.
  5. Manungsa iku ywa kangsi, wayang luwas tan pinasang, sarta putung gegapitté, tan binuka saking kothak tinindhihan lyan wayang, away nganti kadya iku, pan iku datan prayoga.
  6. Janma anembah amuji, lah puji katur mring sapa, jatiné katur dhéwékké, dhéwékké punika sapa, lamun nora katurra, tanpa karya sembahipun angurbaya anganggurra.
  7. Lamunna naguturri puji, mring Allah nyumektannana, déné dudu sesaminé, lan dudu wong tuwanira, [6] miwah sadulurrira, cumathaka atur-atur, marang Allahu tangala.
  8. Lamun tan ngaturri puji, kawula iku duraka, mongka kwula tan deduwén mobah kang badan sakojur, tan liya Allah kang karya.
  9. Endi ingkang aran Gusti, endi kanga ran kawula, kapriyé pisah kumpullé, endi kang nama Pangéran miwah kang nama titah, away padha salang surup manungsa sajatiné tékad.
  10. Manungsa pamané peksi, mesat saking ing kurungan endi péncokkanné tembé, lan manéhé raganira, anéng ngendi dunungnya, dén gawa tannapi kantun pinendhem jroning bantala.
  11. Lamun tininggal néng bumi, raganira datan narsa, yén ginawa lah kapriyé, pati iku tri prakara, mati, mulih lan ajal dén samya rasakna iku, surasané kang sasmita.
  12. Raga jati suksma jati, aramé diya-diniya, pan padha prawiréng tanggon génnya aben pamicara, singa ingkang benerra, raga suksma wawan wuwus para maos nglerêssana.
  13. Karsané ki suksma jati, raga jati pan tinilar, anéng kérat manggon dhéwé, raga jati asru ngucap duk kala wonten dunya, wirang isin among ingsun ngong tinilar nora arsa.
  14. Ing salami-[7]laminéki, kang nghraoskén lara lapa, adhém panas sasaminé, datan liya among raga, nambut karya ya raga, dadya rowang gulang-gulung, sun tinilar nora trima.
  15. Suksma jati anaurri, sira raga datannarsa, yogya dén raosna mangké, manira tutur mring sira, duk ingsun tinimballan sowan mring Hyang Maha Luhur, alam pepitu marganya.
  16. Langit pitu warni-warni, alam pitu tan prabéda, béda-béda ing jamanné alam malakut dhihinya, rohyatrifulah ika, illolah pan dhikirripun langit wesi kang binuka.
  17. Alam lahut kaping kalih, langit parunggu binuka, lafangilu kalimahé, alammingsan ping tiganya, menga langit kuningngan dhikirripun illalahu, déné kang kaping sekawan.
  18. Alam ijesan namaning, lamahujudda illolah, punika ing kalimahé, langit salaka binuka, alam Arwah ping lima, dhikirripun illalahu, langit suwasa binuka.
  19. Ping nem aran alam kabir, menga kang langit kencana, Allahu pan kalimahé, alam jabarut ping sapta, menga langit tembaga, nuli sébamring Hyang Agung, mannira masrahaken sira.
  20. Raga jati nabda aris kapriyé gonnira pasrah, ki suksma marang Hyang Manon patiku telu prakara, mati, mulih la[8]n ajal suksma jati lon amuwus pan iku gampillé kéwala.
  21. Rasané kanga ran mati, pecatting saking sarira, déné ingkang aran muléh, pecatté roh kalih welas kumpullé dadya tunggal roh kudus ingkang rumuhun mulih mring jasmani ika.
  22. Jasmani punika mulih, marang rohkhanni iku ulihé, marang roh rabbani ika, roh rabbani ulihnya, marang roh rahmani iku, dédé rahmani ulihnya.
  23. Marang rohmanikem nenggih, rohmanikem ing ulihnya, marang mani ing ulihé, pan mani iku ulihnya, marang roh madi ika, roh madi ing ulihipun marang roh wadi ulihnya.
  24. Roh wadi punika mulih, marang roh ilapi ika, roh ilapi ing ulihé, mulih marang ing Muhamad Ki Muhamad ulihnya, iya mulih marang rasul rasul mulih marang Allah.
  25. Allah masrahaken nuli, marang Sang Hyang Maha Mulya, srah lesning nora krasané, ingsun nora utang selang, marang ngamalling Allah, ya kanga ran mulih iku, déné ingkang aran ajal,
  26. Mring jati langgeng tan gingsir, tan teles kinekum toya, tan geseng ing ngobong mangké, tan bawuk pinendhem kisma, déné dalanning mulya, ran sadat sawiji iku, dunya akir nora pisah.
  27. [9]Raga jati ngucap malih, manira duk anéng dunya, aningkah batin wak ing ngong, inggih kalawan andika, jati kang kula tedha, pundi gonning ningkah wau, punapa mas kawin dika.
  28. Lan sinten kang dadi wali, amiwah pangulunira, punapa déné sahiddé, lan punapa patukonnya, suwawi dén babarra, suksma jati lon amuwus lah mara dén piyarsakna.
  29. Gon sunningkah raga jati, apan ana kabattolah, Ki Muhamad wewaliné, rasullolah pangulunya, Allah dadi seksinya, kang dadi maskawinnipun kalimah-kalimah punika.
  30. Kang minongka tukonnéki, ya sadat sawiji ika, kang tan kena wah ing sire, iku sah pilakénnira, raga kalawan suksma, raga jati pan tumungkul pan wus kaluhurran sabda.
  31. Gya ngracut raganya nuli, saksana pan dadya tirta, awening mawa cahyané, lir suda mamongsa tiga, sumonar pradiptaya, tan dangu pan lajeng mirut mingkup tan antara mukswa,
  32. Sasirnané ponang warih, nuli ana kang katingal sakudhup mlathi gedhéné, mugi sami dén raosna, pralampita mangkana, tiniru wawan apatut yéku jatining nugraha.
  33. Kang nampik ujar puniki, yekti kupur [10] ing patinya, mati ijih bebalungngé, padha lan pating kéwala kena ing ngajénnan tan manggih kamulyan idhup anéng kérat manggih siksa.
  34. Néng kubur siniksa yekti, pinipit bumi raganya, lir gerantang sesambatté, kulit daging samya sambat otot balung sungsum rah, ngasih asih minta ampun gagetun duk anéng dunya.
  35. Prasujana away nganti, atinggal duga prayoga, riringa myang watarané, kukum myang udanagara, tan kena tininggalla, jer kabéh prabot satuhu, wal akir dén tambuhna.

S I N O M

  1. Mangkono kang winuwus wonten janma nom sudiréng kéwuh, énget ing tyas janma idhup nemu pati, dadya umarêk sang wiku, wus prapténg ngarsa wot sinom,
  2. Janur gunung gér rawuh, kadingaréan prapta ing ngarséngsun gé maturra apa karsanira kaki, kang putra alon umatur, amba nyuwun kang pitudoh.
  3. Menggah ing yektinipun amba nuwun sanguine wong lampus kang premati rama kula nuwun warti, lah gér sanguine wong lampus mung becik benerring lakon,
  4. Pangucap solah alus gung ngénakki samining tumuwuh, nora karya rêngatting sasami sami, sabara dedananipun [11] rila trus datan rinaos,
  5. Kang putra malih matur, kadi pundi marginé tyang lampus rising wiku tama angandika aris kang dadi dalanning maut tan liya muhamad yektos,
  6. Nging dén waspada iku, kang sajati muhamad kang tuhu, iku dadi marga pati kang lestari, mukamad pundi kang dunung, sang tapa ngandika alon,
  7. Yekti mukamad iku, nora liya gadhuhan Hyang Agung, wujud badan kanga ran mukamad jati, dén waspada gér kang tuhu, apan kinarya gegentos,
  8. Nabi Muhamad iku, yén tan awas sayekti kaliru, yén mangkono satemahanemu sisip ginéndéng mring sétan gundhul dadi tan wruh marga yektos,
  9. Kang putra malih matur, ingkang pundi panggénnanning lampus kang saéstu putra tuwan nuwun uning, anggér unggyanning wong lampus munggéng gaibbing Hyang Manon,
  10. Pundi gaibbing Hyang Agung, nuwun priksa menggah jlétréhipun kang sajati anéng makam kubur yekti, ing jarattan luwang iku, pukulun nuwun
  11. Sun tutur jatinipun roh ilapi panggénnanné iku, ponang kubur kawula anuwun warti, munggéng rasulullah iku, [12] ingkang jarat nyuwun wartos,
  12. Munggéng jisim kang alus ingkang luwang kawula nuwun wruh, munggéng johar awal dunungngé kang yekti, kang patang prakara iku, kabéh gaibbing Hyang Manon,
  13. Ingkang tan bisa murud kadya ingkang pan sampun kawuwus dé kang pati sasar saparanné yekti, ing ngirup ing iblis temtu, poma gér dipun waspaos,
  14. Lapal muhamad tuhu, lawan Allah pan saéstu kumpul sajatiné rasulullah muhamaddin wujuddira lawanningsun kanyatahanning Hyang Manon,
  15. Marma karyanén ayu, wujud iku gadhuhan Hyang Agung, yén nyuwiyah pinisah binjang néng akir, kinumpulken iblis tamtu, durmané ingkang gumantos,

D U R M A

  1. Gantya malih pinurwa ing kandhanira, lah anger dénastiti, mring tutur mannira, tuhunen ujar setya, wasiténg ngong kang sayekti, mring kasunyatan poma gér dén kawruhi.
  2. Sangkan paran manungsa kudu uninga, kadadéyanning dhiri, wit mula mulanya, tiwas yén tan weruha, miwah binjung yén ngemassi, pundi gonnira, wruha margining pati.
  3. Lamun mati kang sukma ngendi dalannya, apa metu ing kuping, méndah [13] sukerrira, apa medal ing nétra, mesthi lamun molor mangkin yén metu sirah, pecah murdané yekti.
  4. Poma lamun amijil ing bun-embunnan pasthi bolong puniki, lamun miyos grana, sayekti jember uga, lamun medal cangkem najis lah ngendi baya, marginé angemassi.
  5. Yén metuwa ing jubur langkung najisnya, medulla puser mangkin pasthi bolong uga, ing ngendi marganira, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal dalanné langkung sungil,
  6. Janma gesang awajib samya tatanya, mring para kang linuwih, dén wruh ingkang nyata, purwa madya wasana, wijangnya sawiji-wiji, wijining gesang, parannya anéng pundi.
  7. Wong ngemassi wartané ana ngakérat kérat iku ing ngendi, Tanya pra bijaksa, ywa nganti ngayawara, dén uning ingkang sayekti, kanga ran kérat enggonné wong ngemassi.
  8. Becik wruha enggonné wong kang sampurna, ing dunya prapténg akir, aran rudahsada, mulya ran darusalam ularana dén pinanggih, kang darusalam yéku enggon kang yekti.
  9. Déné ingkang ran darusalam artinya, ya wujuddira yekti, poma dén gurokna, mungguh [14] wujudda mokal yén tan wruha kang sayekti, angur si kopar, anemu pati kapir.
  10. Ywa pépéka wejangngé guru kang nyata, tuduh sampurnéng pati, temen labuhana, wejangngé gurunira, poma dén samya nastiti, miwah ywa tilar, wijilling wacana ris

M I j I l

  1. Lamun arsa mrih sampurnéng urip tekéng jaman layon urip baé langgeng salawassé, kudu wikan purwaning dumadi, pan madyané ugi, myang wusananipun,
  2. Kaya paran tegessé wong mati, kang nora tetakon sukma mesat saking ing ragané, médranira pan dhateng ing pundi, kalamun mring langit yekti sasar susur.
  3. Yén ambles samara ing pratiwi, sun aranni kang wong, rada-rada kepaung ngélmuné, lah batangngen kang nyawa mring pundi, janma kang tan uning, during slam satuhu.
  4. Yén mangétan mangulon tannapi, mangidul mangalor, apan iku jawal pangawruhé, lamun nora lungaha sayekti, nyawa saking ragi, ngélmuné wong bingun.
  5. Ayu tiwas bener lawan sisip néng panggen tur kono, nora ginggang mungguh ing ciptané, jroning cipta angeningken kapti, kapéngin sayekti, [15] babar kadya kupu.
  6. Ungkerira bin lebeddi kapti, angin tan marojol apan saking sanget penedyané, yén tan rapet pamblebedding kapti, wudhar tapanéki, datan dadi kupu.
  7. Basa ngedhung nyumanthélling budi, angudi lalakon pan mangkono si uler karêppé, sawussira ganep tri dasa ri, gatra lar sungutting, kupu gya umabur.

DHANDHANGGULA

  1. Lir sakara dénnya marnéng kawi, manapungnging wasita utama, dadya tepa palupiné, mring sagung anak putu, angraosna wasita jati, tarlén mung mrih widada, widadaning idhup ing dunya prapténg delahan lumastari kaidén déning Hyang Widi, wahyuning kanugrahan,
  2. Poma poma dénna ngati-ati, dénya samya andunungken raga, away sirag gluwah-gluwéh, éwuh wong urip iku, datan kena dipun gegampil siji-sijiné janma, béda kawruhipun nora wenang dén carubba, sakérahé lamun datan bisa nunggil awon saé menengnga.
  3. Dipun saréh réréh dénnira ririh, tatepungan sanak miwah kadang, sinedya murih becikké, yén nana sedya padu, angalaha away nglawanni, tumpang suh ing wica[16]ra, dadya salang surup tan nana gelem kasorran rebut unggul samya suranipun kalih, yéku sisip sadaya.
  4. Angarah angudi kang lestari, peksi kutut kinarya upama, pinanci gabah banyuné, kinurung tur ing ngugung, pinrih manggung ingkang ngabecik yéku dén kawruhana, pasemoning kutut dénya arum ingkang swara.
  5. Lan enengna tyassira dén wening, mrih kawengan pambukaning budya, tajemming jarum pucukké, wruhana suruppipun paningallé dipun patitis mring lebuné lar-uar, awit sangkanipun dinudut pan sampun kena.
  6. Pamawassé poma dén patitis bolongnging dom lepassé kang tingal kang weruh marang rupané, landhepping dom puniku, dadya sloka madhep Hyang Widhi, ing kamongka lar ular, puniku pikukuh, tetalining ing ngagesang, sumruppana ganthéngngé lawan siréki, lah poma dén waspada.
  7. Salendeppé jarum dén patitis apan iku sampurnaning ana, mijil kalawan manjingngé, ya Allah [17] puniku, datan pegat ing siyang ratri, ya gusti ya kawula, puniku satuhu, yogya sami kumandella, lapallira mangalatan binalatin apulet pinulettan,
  8. Ancur gedhah anger saupami, surasané kandhasna ing nala, kunir pita sesendhonné, suwé-suwé katemu, wreksa ingkang rineksa janmi, golékkana samudra, kang mugwéng perahu, jatiné wong pana ing dat lawan sipat asma apngal apan singgih, yéku aran sujana.
  9. Ya mulané wong urip puniki, ngawruhana ananing sarira, lan wruha kang anganakaké, pepetrinen puniku, kang among lan kang dé emongngi, kang among iku sapa, lan kang mong iku, sanyata roroning tunggal ing nganané kawula kalawan gusti, pamorré lawan sira.
  10. Kang sanyta mungwéng ati éling, éling marang ing bebukannira, buka purwa wiwittanné, tarlén saking tyang sepuh, kang babakal badhéréki, nenem ing purwanira, menggah dunungngipun kaki nini bapa biyang, kaki nini saking yayah saking wibi, pan catur kathahira.
  11. Jangkeppé nem bapa lawan wibi, nenem iku wajib kinaweruh[18]an pan iku mongka purwané, ingidheppan apatut lamun tambuh amanggih sisip datan oléh nugraha, mung siksa kepangguh, lir sang prabu dasamuka, genya datan méstu ramébu, ki nini, puwara manggih siya.
  12. Kaki nini salokaning Widi, bapa ingkang asipat kuwasa, biyung kang masésa mangké, kurup nenem puniku, tanjihena away gumingsir, yé kamongka panuttan kang murba siréku, sirrolah sirranni ika, karsa priya kalawan karsaning éstri, wahyaning Otipatya.
  13. Sajatiné Sang Hyang Otipati, apan ananging gawat gonnira, jer tanpa warna rupané, wis ana ing sirékum, apan kadya puputran gadhing, ananging dédé ika, karanten puniku, slira uripping sarira, tur sinung sih anandhang urip sajati, ing ngaken rahsaning dat,
  14. Sanyatané tan kena sira mrih, lan kahanan ingkang kasat mata, gampang angel pirantiné, kéh pamurungnging laku, pangrencana tigang prakawis bukti éstri lan arta, puniku satuhu, dadya rubédaning raga, dén prayitna pusarannen kang prayogi, yen tyasa mangréh sira.
  15. Bokmanawa kawengangning budi, kasemba[19]dan gampang kang sinedya, éstu ing kono pamorré, sayekti tanpa tuduh, panunggalling kawula gusti, yekti tunggal pinongka, lir toya lan alun lamun sira wicaksana, sariranta luluhna ingkang saiti, morrên mring kanyatahan,
  16. Dadi nyata kasunyatan iki, lawan jagad gedhé kanyatahan ananging luwih lembatté, salembuttanning Atum isih lembut kanyatan yekti, marmané bisa nuksma, ing agal lan alus yata iku kaluwihan poma poma rasakna ingkang satiti, yéku jatining iya.
  17. Pan pinunggel pamarnanéng kawi, nuju ari ing buda cemengngan catur welas purnamané, besar jé sinta wuku, sirnéng, tedhuh, pujongga, nunggil ingkang ima nirmala, sumilak narawung, ngunguwung pradiptanira, sanityasa amadhangngi ing sabumi, jaya wéhyuning jana. 0i0.

———- tamat ———

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s