PIWELING KUBUR


PIWELING KUBUR

Ingkang mangripta:
S. Adiwiyaya

Ingkang nyadé sarta ngedalaken
Ab. SITI SJAMSIJAH SOLO
Boekhandel & Uitgeefster Worosoesilo
1856

2e. DRUK

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 8 Februari 2019
@@@

Bismillahirrahmanirrahim 

Mudha dama sajatinya, nanging paksa kumabangkit medharken warsita darma, mét saking riwayat  khadis swenéh riwayat khadis ngandikakken lan satuhu, yén bumi kang dédak ing pra manungsa kang urip iku saben dina tansah ngundang-undang.

Gawé giris pangundangnya, kadi ngancam ing prajanmi, kang padha tumitah gesang, ana ing luhurring bumi, pangundangngé anganti: warsa sapuluh [2] kéhiipun nging pangundangngé ika, sajatiné sung pépéling, marang sira wong kapang padha bakal ngajal,

Pangundangngé winor wulang, é anak adam siréki, padha mlaku sira samya, ana ing luhurring bumi, tan wandé sora masthi, lumebu marang wetengku, é anak adam sira, padha maksyat tanpa uwis wasana musi niksa néng wetengnging wang.

Ringnga-ringnga mutan nana, sira néng luhurring bumi, yaiku sok cukakannan é, éling-éling sayekti, padha guyu siréki, mango nana ing luhurrku, tan wandé sira bénjang, nangis néng jro weteng mami, déning sira tan prihatin mrinfg pungkassan (tekaning pati).

Rasakna temennan bénjang, ing sawussé sira mami, kapriyeé wasananira, é, a[3]nak adam siréki, ana ing luhur bumi, mamangan kharam siréku, tan wandé sira bénjang, bosok dagingngira enting, pinangannan singgat néng jro wetengnging wang.

Mattimu gagassen dawa, away lali sira urip yéku mung abungah-bungah, é, anak adam siréki, bungah-bungah tanpa wis manggon ana ing luhurku, sayekti bénjang sira, ana ing sajrining bumi, masthi bakal ngrasakaké kasusahan,

Sababkasenengnannira, sok ngumpulken samukawis kalawan tindak kang kharam é, éling-éling siréku, tan wandé sira bénjang , ana ing jeroning bumi, anemahi ajur mumur awakkira.

Padha rasakna temennan pangancamku mring siréki, é é, anak adam sira, pama gumedhé  néng bumi, tan wandé sira masthi, padha inane wetengku, é, anak adam sira, padha lacut sira sami, datan wandé getun anéng wetengnging wang.

Allah wus nitahké sira, anéng jaman padhang iki, é, é, élingnga ta sira, manggon ana ing donyéki, tan wandé sira masthi, petengngan anéng wtwngku, é anak adam sira, padha kekancan néng bumi, bésuk masthi ijén anéng wetengnging wang.

Lah uwas ganep samangkya, pangancamméng ponang bumi, marang wong kang bakal ngajal sinorahken lawan tulis muga bisa njalarri, nanarik wedi satuhu, mring sira wong kang gesang, kang tan wandé nuli mati, yén wus wedi mrih ngupaya kuwanénnan,

[5]Ing samengko paran baya, mrih wani marang ing pati, sayogyané éh ta sira, wong  kang padha bakal mati, mituhuwa siréki, marang pepélingngé kubur, kang kasbut ing riwayat kang sun tuturraken iki, poma-poma welingngé sira éstokna.

Kang kasbut swenéh riwayat kubur iku saben ari, uga ngundang-undang sira, kaping lima saben ari, parluné amameling, réhning sira bakal lampus ngalih mring ngalam barjah (kubur), mrih slamet patiniréki, neteppana piwelingngé limang warna.

Jeng garang sira ing bénjang, anéng ngalam akirrati, wit bisantuk kraton swarga, yén temen bisa neteppi, nihan pangundangnéki, éh anak adam siréku, padha weruha sira, yén ingsun iku sayekti, bakal da[6]di omahira jén-ijénnan,

Naming ta mrih sira nora, wedi mring tekaning pati, yogya ngupayaha konca, karêp ngaji Kuran Sharif lan manéh wruha yekti, yén ingsun iki satuhu, omah ingkang petengngan murih sira nora wedi, nglakon nana salat kang minongka dammar.

Biyasakna iku salat aja nganti tinggal yekti, krana iku dadi dammar, ana padunungan mami, éh manéh wruha yekti, yén ingsun iki satuhu, ingaran  omah lemah, mrih duwé krasan siréki, nupayaha lémék ngamal kang utama.

Muga-muga sira bisa, antuk akéh ngamal solih, awit mung iki jatinya, kang ngapénakaké yekti, lan sira wruha malih, yén ingsun iki satuhu, dadi o[7]mahé klabang, miwah ula kalajengking, wekassingsun sira golékka panawar.

Kambi kalimah bismillah, lan manéh tobat sajati, saking ing maksiyattira, lan muga weruha malih, yén ingsun iki yekti, dadi padunungngannipun Nakir kalawan mungkar, kang bakal nyuwal siréki, mongka sira angakéhna ing dikrillah.

Madna kalwana makripat yéku dikirra lawan sir, lire sir: rahsaning manah, kang supaya sira bénjing, bisa anjawab yekti, mring kang dadi suwallipun malékat Nakir Mungkar, titi tamat kang wiweling, tinengerran: tri sara angésthi tunggal (tahun Jawi 1853).

Ingkang mengripta : S. Adi Wiyata,
Pangarsaning pangriptanipun serat kabar éstri: WARA SUSILA,
SURAKARTA.

———- tamat ———

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s