SERAT JENENGNGING PANEMBAH JATI


SERAT JENENGNGING PANEMBAH JATI

Anggerlarraken dunungnging panembah sajati
dhateng Pangéran Ingkang Maha Luhur

(Serat: Jenengnging Panembah Jati punika kahaturraken lalahannan
dhateng para lengganan serat kabar éstri dhara susila,
ingkang lengganan ing salebettipun taun 1923)

ingkang mangripta: Adi Wiyata

Guru basa Jawi ing Madrasah Mambangul Ngulum
Pangrasaning pangripta serat kabar, Wara Susila
Ing Surakarta

Kacithak ingkang kaping I
(1853 – 1341)
1923

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 25 Februari 2019
@@@

Ing nginggil punika gambar Khatamul nubuwah, inggih punika
cap kanabéyannipun (tondha paseksén jati saking Pangéran
Ingkang Maha Sukci,) Kanjeng Nabi MukammadS.A.W.
Ingkang katingal dumunung wonten ing walikat.

AWIT INGKANG ASMA ALLAH
KANG MAHA MURAH TUR MAHA ASIH

Bismillahirrahmanirrahim 

Sakathahing puji punika kagungngannipun Gusthi Allah ingkang paring hidayat (pitedah) dhumateng kita, inggih Gusthi Allah punika Pangéran ingkang kagungan pitulung. Saéstunipun manawi Gusthi Allah boten paring pitedah sarta boten pitulung dhumateng kita, masthi kita boten purun angedeggaken ing jenengnging (adegging) panembah (salat of sembahyang) dhateng sarira makaten ugi saged kita kaparingngan hidayat iman sarta islam punapa déné saged kita kaparingngan pitulung: saged sarta purun anglampahi ngibadah (ngabekti sarana nglampahi salat) punika boten sanés kajawi naming manawi kita kaparingngan pitulung purun neja nglampahi salat ingkang dados rukun (pikekah) utawi pusakaning agami kita punika, hamila pupujinipun ingkang mangripta: mugi mugi kita sadaya sami kaparingngana pitulung tetep purun neja [4]ngabekti dhateng Pangéran kita.

Wondéné rahmat sarta salamming Pangéran punika mugi teteppa dhateng Kangjeng Nabi Mukammad utusanning Pangéran ingkang kakarsakaken dados panuttan kita, inggih Kangjeng Nabi panutthan punika ingkang nuntun kita marêkkaken dhateng byantaraning Pangéran kita, manawi kita bekti dhateng sariranipun, makaten malih rahmat sarta salamming Pangéran ingkang tetep dhateng sarira dalem Kangjeng Nabi panutthan wau, punika mugi lumébérra dhateng para kawula warganipun sumarambahipun malih dhateng para umattipun sadaya.

Sasampunnipun ingkang mangripta amahgakaken pupuji ingkang makaten ing mangké nedya nyariyossaken panedyanipun inggih punika anggénnipun nukil kitab agami Islam punika boten amargi saking punapa kajawi naming nedya angésthi dhateng Pangéran Dzat ingkang Maha Sampurna, inggih punika Gusthi Allah Pangéran ingkang Maha Mulya tuwin Maha Luhur, makaten punika supados tansah kaparingngan pitedah, ingkang wusananipun tansah kaparingan nugraha apitulung, tansah ajeg purun nglampahi bekti dhateng sariranipun kanthi anjenengngan (ngadeggaken of nglampahi) puja semédi maladdi hening, inggih punika nglampahi salat utawi sembahyang ingkang dados pusakaning agami wau, acanthi anteng sarta menepping manah, awit saye[5]ktossipun boten wonten malih jenengnging mulya utawi luhurring pangkattipun kawula mengahing Gusthi, kajawi naming manawi kawula angegungngaken bekti dhateng ing Gusthi, makaten ugi boten wonten patrap (panembah) sanéssipun ingkang minongka angluhurraken dhateng Gusthi Pangéran kita, kajawi naming manawi kita purun trapsila bekti sarana anglampahi  salat ingkang sanyata luhur pikajengngipun karana trapping salat makaten dados kalempakking pakurmattannipun para raja ingkang sangalam donya, sanajan pakurmatannipun para raja ing sangalam donya warni-warni déning nut caraning kaprajanipun kadosta: wonten pakurmattannipun ratu ingkang ngadeg jejeg ngangkat tangan rukuk sujud tuwin sanés-sanéssipun éwadéné sadaya wau yektos sampun ngalempak wonten jenengnging panembah jati ingkang dados pusakaning agami wau. Sarta pancén boten nama alala wora, yén salat wau sinebut ta dados pusakaning agami, karana salat makaten  kajai sampun kapangandikakaken  déning Gusthi Nabi panuttan yén salat punika dados cagakking agami, saéstunipun salat wau pancén inggih  ngemot utawi mengku ing sadayaning bubundhellannipun para titiyang ingkang sami gadhah bubundhellan kados ta sawenéhing golongngan ketog-ketogging bubundhellannipun: andodonga dhateng Pangéran sawenéh ing golongngan sanés: semédi dhateng satung[6]galling kawontennan sanajan boten dhateng Pangéran sawenéh ing golongngan malih, ngeningngaken cipta sedhakep saluki tunggal mawas pucukking grana, wonten warna boten sinat mata wonten suwara boten kapiyarsa, tuwin sanés-sanéssipun, sadaya wau saéstunipun manawi kamanah sampun sami kawengku wonten salat adegging panembah jati, amargi salat wau inggih  kedah sedhakep angeningngaken cipta boten ningali dhateng sanéssipun kawontennan sarta kedasipun kawontennan sarta kedasipun kawontennan sarta kedah mirêngngaken dhateng sadayaning surasa swara kajawi naming madhep dhateng Pangéran, sarta salebettipun makaten inggih sarana mawi andodonga sarta semédi, malah yén salat ingkang dados bubundhellanning agami Islam punika kawajibbaken sarta katamtokkaken ajeg wekdallipun inggih punika sadinten kaping gangsal nanging manawi bubundhellan ingkang sanéssipun Islam boten makaten tumindakkipun babasan naming sakajengngipun tiyang ingkang sami gadhah bubundhellan piymbak ing mongka watekkipun tiyang punika limrahipun naming murih sasakécanipun utawi naming sadhanganning napsunpun, amila salat inggih jenengnging panembah ingkang sajati ingkang dados cagak pusaka sarta bundhellanning Islam wau, édinipun kénging kapentokkaken kaliyan bubundhella sanéssipun, makaten malih pancén sampun samathinipun bilih Gusti Allah Pangéra[7]n kita ingkang Maha Luhur punika kita kabekténni lan kita luhurraken lan pupuja sinartan trapping raga ingkang kadi hurmat dhateng sadaya para ratu wau. Mila panyuwunnipun ingkang mangripta dhateng Pangéran Ingkang Maha Agung: mugi-mugi serat punika pinarêngngaken ing Pangéran saged amumpangatti dhateng para nupiksa, inggih punika para nupiksa salajeng sami angulaha: raga, jiwa sarta ciptanipun makaten ugi kolburukhani inggih punika pangraossipun sadaya sami dipun lampahna sumembah dhateng Pangéran ingkang Maha Luhur, sarana ajeg anglampahi salat ingkang dados pusakanipun agami wau, ingkang sayektossipun patrapping salat satuhu patrapping panembah sajati ingkang sampun tinata trapsila kanthi sampurna, déning pranatanning Pangéran (agami) sarta Nabi panuthan kita. Ingkang makaten wau murih sangéngat sarta tarékattipun sagedda dumugi ing khakékattipun satemah panungkuning puja brata, sagedda atéla téla, inggih punika binuka saged kasil karasa salebetting driya, kanthi tartib tan rêkasa, wekassan dadya tinrima, déning Hyang Kang Maha Mulya. Tiniti duk murwéng nitra, ramlan alip saring ta (Hyang Kang Sipa)  sajuga, (taun Jawi 1851). 

[8]Bismillahirrahmanirrahim

DHANDHANGGULA

  1. Ing kamongka purwaning mamanis kang pambuka mongka warsitarja, marakna marêk silané, ngriptané adeggipun tataning panembah jati, sampetta kang sampurna, sumingkira kupur, anéng ing donya akirat dimén tansah parêk mring jatining Gusti, wikanna ing parasnya.
  2. Yayah nganti dén kadi anunggil tataning kang manembah Hyang Sukma, inggaha wor waskithané, nabettana tyassipun gagéyongnganné mring Hyang Widhi, rinuket rinaketna, sumungkemming sujud rakasaha yén rinusak kartining kang satru panjanmaning iblis tataha kang sanyata.
  3. Wit yén nembah mring Hyang Maha Suci, nora nyata lan tan krana Allah, yekti tan sampurna ranné, mula srat iki hayun ambabarken mungguh kang dadi, kang ran nembah sanyata, kang dahat linuhung, iyéku adegging salat iya salat iku manembah Hyang Widhi, Pangéran kang sanyata.
  4. Ana déné mung[9]guh ingkang arti, ageggira manembah Hyang Suksma, iku kudu ndadékaké, marang ing unggahipun amanembah Hyang Maha Suci marang ing kanyatahan sarta manéh kudu, nglanggengngaké ing panembah, nganti tekéng makam wusya adah: yekti, yéku lir katingallan.
  5. Kaya déné nalika ningalli, ing Pangéran duk néng ngalam arwah, nalika nuju wektuné, dén sabdanni Hyang Agung, kang sabdéku nandhakken tokid lan sabda kang mangkana, mungguh artinpun éh ta jatining manungsa, apa ingsun iki dudu kahananning, jatining Gusthinira.
  6. Pra manungsa munjuk kanthi ajrih, inggih tuwan tuhu Gusthi kita, wondéné mungguh drajatté, salat nembah Hyang Agung, iku ana patang prakawis angadeg : kang sajuga, rukuk ping dwinipun sujud; kang kaping telunya, kaping patté: tyasnya hud iyéku linggih, nalikané ta kiyat,
  7. Kang mangkono cocog lan drajatting, pra manungsa kang tumurun saka, drajat ingkang luhur dhéwé, saking pangkat kang luhur, marang drajat kang asor yekti, saka asorring pangkat wujuddé ya iku, adon-adonning manungsa, kang kadadyan saking adon patang warni, saking asal purwanya.
  8. Yéku: lebu, banyu, hawa, geni, kang mangkono tuhu sung pitedah, marang aasal kamulanné, yén bongsa manungséku, asal saking patang prakawis ya iku bongsa séla, kaping pindhonipun ingaran bongsa cukullan kaping telu ingara[10]n bongsa kang khéwan, ping pat bongsa manungsa.
  9. Déné mungguh linggihé musolli, iya iku linggihé wong salat iku yekti nuduhaké, marang ing bongsa watu, iya iku sakéh mukawis kang atos-atos samya, sarta manéhipun kang amodot nora bisa, dadi barang ingkang nora duwé urip, kaya ardi lan séla.
  10. Mula lamun wong wus nurut maring, lakunira ngabekti Hyang Suksma, iyéku salat aranné, kang kono ana lungguh, njegreg pindha angganing ardi, yekti wong iku nulya, slamet atinipun saking wateg bongsa séla, iya iku nuli tan atos tyasnéki, temah empukké agampang.
  11. Lire empuk bisa mundhak maring, anggayuh mring darajat kang nyata, lah iku katemtuwanné, asal purwanning lebu, ana déné mungguh sujudding, uwang ingkang asalat yektyéku sung tuduh, maring bongsa cucukullan kaya déné waloh lan lya liyanéki, kang bisa mudhak mundhak.
  12. Mula lamun wong wus nurut maring, lakunira ngabekti Hyang Suksma, kang kono ana sujuddé, yekti nuli wong iku, bisa slamet saking watekking, bangsaning cucukullan kaya déné lamun ngrangsang maring samubarang, ingatyas tansah dhemen maring, wuwuh amundhak-mundhak,
  13. Kang mangkono yéku katemtanning, kadadyannné saking asal toya, wondéné mungguh rukukké, uwong kang salat iku, yekti [11] asung pituduh maring, bangsaning sato kéwan mula yén wong iku, wus miturut gelem salat kang ingkono ana rukuk pindha kadi, brangkangnging sato kéwan,
  14. Yekti nuli bisa slamet saking, ling-alingngé sipat bongsa kéwan kang ngubungngi ing sawatté, iya mangkono iku, katemtuwanning hawa: yekti, wondéné adeggira, wong kang salat iku, yekti nuduhaké marang, kanyatanné manungsa ingkang sajati, bisa ngadeg sampurna.
  15. Mula lamun wong wus nurut maring, lakunira ngabekti Hyang Sukma, kang kono ana adeggé, yekti nuli wong iku, bisa slamet saking ling aling, sipat bongsa manungsa, lire gumedhé iku, mangkonéku sayektinya, manungséku iya kadadiyan saking, katemtuwan dahana.
  16. Anadéné sipat patang warni, kang wus padha tinutur ing ngarsa, iku bisa nuwuhaké, sakéh sipatting manus iya iku bongsa sélardi, lan loba miwah sahwat lan gumedhé iku, mulané lamun manungsa, wus salamet saking sipat patang warni, kang wus kocap ing ngarsa.
  17. Kang slametté sabab déning bali, anglakonni ing lalakon papat yéku ngadeg jro salatté, rukuk kalawan sujud tannapiné kalawan linggih, yekti mangkono ika, wus ngadeg satuhu, salat nembah ing Hyang Suksma, amumuja semédi maladdi hening, marang Pangérannira.
  18. Yéku kadi dhawuhé Jeng Nabi, solollahu ngalaih[12]wasallam kang mungguh: basa Jawané: nyembaha sira iku, maring Allah kaya siréki, ningalli maring Allah, ingkang Maha Luhur, lah dén paham sira samya, marang ingkang wus padha tinur ngarsi, away tan ngerti sira.
  19. Kasbut anéng jroning Kuran syarif mratélakakké andikaning Allah, ([i]) lamun mahluk iku kabéh, padha ngabekti tuhu, mring Pangéran Kang Maha Suci, lan padha amumuja tasbih mring Hyang Agung, ananging para manungsa, ananging para manungsa, nora ana ana kang ngerti anggonné muji, Maha Sucékké Allah.
  20. Pantegessé mungguh kahananning, kayu wau lawan sato kéwan bumi gunung lan lyan-lyanné, iku ngabekti tuhu, lan ngibadah maring Hyang Widdhi, lan padha amanembah, mring Hyang Maha Luhur, déné ngibadahé ika, iya iku gonné ngadeg wat lan ardi, lan barang kang nging kéwan,
  21. Miwah gonné mundhak modot sami, ing sakéhé bangsaning cukullan iku angibadah kabéh manembah, yéku gonné nurut préntah lan cacegahannya, kang wus dadi karsané Gusthiniréki, ingéstokké sadaya.

KINANTHI

  1. Kanthinen kang yun tinutur, réhning sira wus mangerti, kanga ran ngibadah ika, yéku gonné amastuti, kawula maring Gusthinya, ing préntah lan negahnéki.
  2. Mula kang [13]mangkono iku, rehning manungséku yekti, dadi titah kang sampurna, mula dadi dén dhawuhi, ngibadah lan patang drajat ngadeg rukuk sujud linggih.
  3. Nalika wong wus miturut méstuti préntahing Gusthi, kalawan nglakonni salat ngibadah patang prakawis mongka temen-temen sasat uwong iku uwus bekti.
  4. Kang bektiné uwus anut bektiné mahluk sakalir, ngadeg bektiné wit-wittan, rukuk pangabektinéki, sakabéhing sato kéwan kaya kebo lawan sapi.
  5. Bektiné cukul lan sujud lan lungguh ngabektinéki, carané kang bongsa séla, mula wus terang sayekti, manungsa nalika salat dadi mahluk kang utami.
  6. Lan manéh patut sinebut dadi anak putunéki, Bapa Kanjeng Nabi Adam nging yén tan gelem nglakonni, iku mungguhing Hyang Suksma, klebu nisthaning dumadi.
  7. Awit mungguh bédanipun manungsa lan kebo sapi, iku saking ngakallira, lan tandhaning islam kapir, iku ing wujuddé salat lah ngertiya kang sayekti.
  8. Saréhning sira wus weruh, tandhaning islam kapir, mrih katondha islammira, salat nembaha Hyang Widdi, lan salat iku sanyata, mongka unggahing wong mukin,
  9. Iya iku unggahipun pangkat tumrappé Hyang Widdi dén wajibken salat manembah Hyang Maha Suci.
  10. Kang [14] kéhé rokangattipun ana loro sartané tri, miwah ana ingkang papat awit iku amethukki, lan swiwiné malaékat kang ana loro sarta tri.
  11. Lawan ana manéhipun kang aswiwi patang iji, kaya kang wus cinarita, anéng jroning Kuran syarif déné tegessé mangkana, yén tinapsir basa Jawi.
  12. Malaékat kabéh iku, ana kang duwénni swisi, loro telu miwah papat mangkono uga wong mukmin uga bisa: gayuh mungguh, lan rakangat salatnéki.
  13. Réhning wus terang satuhu, nalika wong anglakonni, salat rambah kaping lima, iku sasalat amadanni, ngibadahé pra malaékat ngadeg rukuk sujud linggih.
  14. Lan malih madanni tuhu, ngibadahé kebo sapi, miwah kakayon lan séla, sarta bongsa manungséki, lah mangkono dunungira, salat nembah ing Hyang Widdhi.
  15. Dadi paédahé, murih bisa angungkulli, utwa amadananana, bektiné makluk sakalir, bongsa kéwan lawan séla, cukullan malékati.
  16. Kamulané manungséku, yén nut prentah Hynga widdhi, lang ngedohi cegahira, kena ingarannan iku, bongsa roh bongsa malaékat bongsa cahya lan jasmani.
  17. Déné yén nora miturut iku nuki dén aranni, bonghsa napsu lawan sétan anganiaya, jasmani, mangkonéku nalikanya, yén nurut hawa na[15]fsani.
  18. Iya iku hawa nafsu, bangsaning sétan lan jajil mulané manungsa ika miturut ajarrannéki, swenéh kadhang dadi sétan swenéh dadi kwawanni.
  19. Swenéh dadi bongsa enur, swenéh kaya malékati, swenéh juru nganiaya, mula dika rêpsiréki, supaya wakkira bisa, dadi ingkang becik-becik,
  20. Wondéné manungsa iku, asal-asallira suci, lire suci mangkana, pranti maripat mring Gusthi, lan piranti angibadah, njungkung ngabekti Hyang Widdhi.
  21. Dé asallé ati iku, piranti wadhah taukid lan pranti wadhah makripat lan pranti bekti Hyang Widdhi, dé dadiné kupur maksyat wit luput pengajarrénéki.
  22. Yéku bapa biyungngipun kang luput gonné nuntunni, angajar mring anakkira, krana dhawuhé Jeng Nabi, Mukammaddinil Musthapa, duta kasihing Hyang Widdhi.
  23. Mungguh sakéh bayi iku, yéku ingkang mentas lair, iku tinitahké Allah, kadadiyan ingkang suci, kanggé piranti anompa, agama islam kang suci.
  24. Dé sababbé dadi kupur, utawa dadi yahudi, utawa dadi nasara, buda kalawan majusi, iku sabab wong tuwanya, kang luput gonné nuntunni.
  25. Kamulané ati iku, mongka dadi wawadhahing, iman tokid lan makripat wit iman makripat tokid iku suci sadayanya, tan kena yén dén rêgeddi.
  26. Wit yén barang suci iku, samongsa campur lan najis yekti ilang sucini[16]ra, malih rusak dadi najis mangkono uga yén iman makripat kalawan tokid,
  27. Yén nganti campur lan kupur, utawa campur lan sirik sayektiné uga ilang, iman makripat lan tokid mula ywa ngregeddi sira, mring iku telung prakawis. 

PANGKUR 

  1. Lan ywa nganti mungkur sira, angupurri maring Hyang Maha Suci, wit artiné kupur iku, angas mring prakara khak lan artin duraka sirik puniku, duwé pamandeng mring barang, liyané Hyang Maha Suci.
  2. Lire pamandeng punika, iya iku pamandengnganning ati, dhemen liyané Hyang Agung, utawa atiné neja, gegendhollan mring donya utawa mahluk déning inganggep abisa, nglabeti sawiji wiji.
  3. Artiné iman mangkana, yéku gonné ati banget méstuti, maring dhawuhé Hyang Agung, lan améstuti uga, ing dhawuhé Gusti Kanjeng Nabi Rasul artiné makripat ika, waspadha marang taokid,
  4. Iya toikid punika, pamandengngé utawa weruhnéki, utawa pangicippipun ati anggonné ngrasa, yén tannana barang liyané Hyang Agung, kang gawé sabarang, kang ala kalawan becik,
  5. Mulané manungsa ika, atinira dadi mulya mulyaning, sosotya byor kang umancur, amencarraken sunar, ingkang bisa madhangngi ing badan alus-alus sing jasmani wadhag yé kanga ran jisim latif,
  6. Wondéné mullyané ika, luwih saking sakéhing ngamal iki, kra[17]na Allah ingkang agung, wus ngandika néng Kuran pan mangkana surasaning tegessipun wus mintokken sun amanat agama islam kang suci.
  7. Wasanané kabéh padha, wedi mikul amanat kang kang kadyéki, mongka ana ingkang saguh, mikul marang amanat iya iku anak adam para manus tumanggap mikul amanat makripat kalawan tokid,
  8. Awit saking kang mangkana, dadinyata atiné manungséki, piranti wadah mikul ing amanatté Allah, mula dadiné manungsa iku, luwih banget mulyanira, timbang langit bumi, ardi.
  9. Lan saréhning kang mangkana, dén mulyakén pra anak adam sami, ngungkulli mahluk sawegung, wit saking becikkira, déné bisa mikul amanat Hyang Agung, yéku kadi kang pratéla, ing dalil Kuran kang suci.
  10. Yéku andikaning Allah, pan mangkana tegessé bawa Jawi, uwus mulyakkaken ingsun ing anak putunira, Nabi Adam iya iku para manus lawan malih pangandika, mangkéné surasanéki.
  11. Satuhuné mulyanira, mungguhing Hyang ingkang amaha suci, yéku gonnira miturut iang paréntahé Allah, lan ngedoh[18]I cegah larangan Hyang Ngagung, tannapiné mulyanira, iku wediné Widdhi.
  12. Dé wedi iku dhasarnya, iya iku makripat lawan tokid iya kang mangkono iku, kanga ran anak adam dé yén nora duwé wedi sartanipun tan tokid lan makripat ran syarul bbariyah dadi.
  13. Yéku la alaning titah, dadi lamung mangkono manungséki, mulya wrejit cacingngipun wit wrejit cacing ika, ing bésukké néng akirrat tan dinangu, lan pinidana ing Allah, balik uwong iku masthi.
  14. Krana mulyané nak adam iku sabab mulyané Adam Nabi, samono iku kalamun anut mring bapa Adam iya iku gonné galem amiturut ing préntah makripat marang Hyang kang Maha Suci.
  15. Wondéné kalamun nora, amiturut makripat lawan tokid mangké kuwanthingngannipun padha baé lan kéwan awit Gusti Allah ingkang Maha Luhur, wus ngandika anéng Kuran mangkéné tapsiré Jawi.
  16. Balik puniku manungsa, papadhané kaya kebo lan sapi, lan manéh Allah Kang Agung, iya wus angandika, angukummi najis manusa iku, yéku lawan pangandika mangkéné surasanéki.
  17. Satuhuné mangkéné surasanéki wong kang padha, anduwénni iktikad ingkang sirik iku najis kukummipun ([ii]) mula samongsa-mongsa, uwus dipun kukummi najis puni[19]ka, nora sah sakéh ngamalnya, kang becik lawan utami.
  18. Yén wulu iya nora sah, lamun salat iya mangkono ugi ([iii]), wit saratté salat iku, lair lan batinnira, kudu suci away ana najissipun mankono uga yén sidkah, salamettan ingkang sirik,
  19. Lire sirik pan mangkana, pangijabnya sanajan naming lahir, kang kwetu ing lésannipun nyuwun slamet lan begja, sugih waras lan sakéh kang bagus bagus nora nyuwun maring Allah, nging nyuwun mring sétan lan jin,
  20. Lan nyuwun salamet marang, cikal bakal lan dhanyang smara bumi, lan nyuwun marang luluhur, kang wus néng jro kuburran iku kabéh sirik murtat kukummipun dadi: mbatalken sahadat temah rusak islamnéki.
  21. Sidkah lan kajat mangkana, iku malah dosa gung ing Hyang Widdhi, wit nuli pangucap mau, ngupurri Gusti Allah, temah dadi sasar ing kadadyannipun yéku tan béda lan janma, kang nembah brahala sami.
  22. Iya wong ingkang mangkana, iya nora ngerti iktikad suci, lan nora ngerti satuhu, kukumma kaislaman utawané tan nglakonni lakunipun agama [20] islam ing khak yéku sirik kukumnéki.
  23. Tindakking wong kang mangkana, kang wus kasbut néng jroning kitab pekih, nora winenangken lamun nyambeléh sato kéwan kang dagingngé kinalalken sarakkipun saréngat agama islam apa manéh yén abukti.
  24. Mula anak adam ika, wajibbira kudu anut lakuning, bapa adam du king dunya, dénnya tokid makripat iya iku meruhi Allah kanga gung, lan nyawijekké marang Allah, ing lair terus ing batin,
  25. Krana tan mung raja kaya, ingkang sinadhiyakken mring ngaurip nadyan ing saisinipun lumahing bumi sapta, lawan pitung langit miwah samodra gung, iku dén gawé karana, mumpungatté mring ngaurip,
  26. Mulané ngaurip ika, yén ambalik kaya kebo lan sampi, iku banget nora patut mangan ing raja kaya, dé saratté wong kang mragat kéwan iku, kudu manungsa kang islam utawa kang nora sirik,
  27. Awit nora patut ika, wong kang dosa marang Pangérannéki, amaragat kéwan iku, kang nora duwé dosa, lan tan patut wong kang nora manut iku, lan nora bekti ing Allah, mangan kang manut lan bekti.

————–@@@

  1. Yén wis timbul angen-angenta mring iki, asalling rahsanya, nalika wong améstuti, mikul amanatté Allah.
  2. Ing bab luhur tannapi mulyaniréki, mungguh Gusthi Allah, mulané [21] dipun préntahi, salat rambah kaping lima.
  3. Kang wektu salat iku wus pinilih, selaning manungsa, luhur rina wayahnéki, sangasoning nambut karya.
  4. Salat ngasar wayah sore ingkang wanci, yeku wektu rina, manungsa nglerêmken ati, saking sayah nambut karya.
  5. Pang mangkono uga wektu salat mahrib lawan salat ngisa, uga wis pinilih becik mongka ngabekti Hyang Suksma.
  6. Luwih manéh salt subut wektu énjing, supaya manungsa, ywa keséd mula dén purih, wektu suk wus ulah raga.
  7. Iya iku : ngadeg rukuk sujud linggih, kanthi dén anggowa, éget lan bekti Hyang Widdhi, mrih raharja akratnya.
  8. Lan wit salat iku dadi kalampukking, bektining pra titah, kayu, watu, kebo sapi, manungsa lan malaékat,
  9. Kamulané manungsa iku sayekti, ngalam sahir (alit) miwah, ngalam kabir (agung) ananéki, mangkéné mungguh artinya.
  10. Aran ngalam aran cilik iku jisimnéki, nging dadi pintonnan ngalam agung kang sayekti, krana wus kawengku
  11. Awit saking kang mangkono manungséki, winajibken sarak nglakonni saréngat adi, tarékat lan kang kakékatnya.
  12. Lan makripat marang ing Pangérannéki, alantarrab Kuran lan pituduhé Jeng Nabi, Mukammad dutaning Allah.
  13. Mangkono murih kahananniréki, [22] katetepan sipat jatining manungsa yekti, kang dadi kawulaning Hyang.
  14. Awit nora bisa sampurna sayekti, tetep ran manungsa, (kawula) yén nora lan anglakonni, badanné ing laku sréngat,
  15. Lan atiné masthi kudu anglakonni, ing ngélmu khakékat lan tan cukup mung ngawruhi, balik kuduwa tumandang.
  16. Iya iku tumadang angelakonni, kanthi temennannan déné ingkang Maha Suci, kang bakal wéh pitulungngan,
  17. Lan apata sira nora ngerti maring, wong kang nadhang lara, iku nora bisa dadi, waras kahananning lara.
  18. Lamun amung ngawruhi adon-adonning, usada kéwala, sartané mung dé adheppi apata waras punika.
  19. Balik mungguh bisané dadi sababbing, warassé kang lara, kudu inginum kang masthi, iku usada kang mulya.
  20. Pan mangkono uga tumrappé wong ngalim sugih ngélmu tama, nanging nora dilakonni, amasthi nora mumpangat,
  21. Balik malah pinidana luwih dhisik néng jroning naraka, tinimbang lawan wong kapir, kang padha nyembah brahala.
  22. Kamulané adhu prasudara sami, dén ngati-atiya, lan dénbanget anemenni, iya iku kanthi ngamal,
  23. Wit wajibbé kawula iku kang masthi, kudu nurut préntah,kang wus pinréntahken déning, Pangéran Bandaranira.
  24. Ln wajibbé wong kang kangonnan nikmatting, bandara punika, iku kudu sukur yekti, lan kudu dhemen bandara.
  25. [23]Sarta kudu ngabekti miwah méstuti, péntahing bandara, tannapi cecegahnéki, kang wus tétéla karonya.
  26. Krana akéh kabagussanning Hyang Widdhi, lawan nikamttira, kang dumunung ing pra janmi, kaya kaparing gan ngakal,
  27. Lawan manéh pinaring poncadriya di, nggaota kang mulya, lan sakéh nikmat Hyang Widdhi, kang nora kena winilang.
  28. Apa ingkang mangkono nora pinikir, lan tan sukur sira, marang Hyang Kang Maha Suci, mulata sukurra sira.
  29. Kang sukurré nganti nganti bisa anyrambahi, ing sakojur wanda, yéku awaking radén glis lakokna marang ing tongat, (bekti),
  30. Wasanané laying iki uwus titi, dén pahama sira, lan ngamalna iki ngélmi, mrih mumpangat mring wakkira.
  31. Adhuh Gusthi Allah ingkang Maha Suci, mugi paparingnga, pangapunten ing pun patik saking pangucap kawula.
  32. Ingkang sampun kawahya kasebut ngarsi, wit awak kawula, among sadarmi nyeratti, napsirri ing dhawuh tuwan,
  33. Mila tuwan mugi karsa angrilanni, ing kajat kawula, babarring serat puniki, mumpangatta pra sudara.
  34. Lawan mugi tuwan karsa apaparing, gungnging pangaksama, ring Hyang sepuh kula kalih, lan dhateng sadhérék Islam,
  35. Lawan malih mugi karsa karsa apaparing, rohmat sarta salam dhateng Gusthi Kangjeng Nabi, Mukammaddarrasullullah.
  36. Sumarambah pra kawula warganéki, ingkang sami mulya, lan para sakabat Nabi, kang sami suci sadaya.

———- tamat ———

@@@

PITEDAH MAKRIPAT DHATENG PANGÉRAN

Kathag sanget pitedah pitedhah saking titiyang utawi serat-serat ingkang anedahaken makripat dhateng Pangéran nanging punapa masthi lerêssipun kados boten amargi pitedah kawruh makripat dhateng Pangéran  makaten ingkang sasar inggih kathah sanget jalarran ngélmi kapangérannan punika pancén rungsit sanget makaten malih pancén boten  wonten malih kawruh ingkang sanget luhur sarta édinipun kajawi mung kawruh makripat, amila boten  anéh bilih kathah para tiyang utawi pangarang serat serat ingkang tanpa wawaton cumathaka amitedahaken kawruh makripat ingkang sajati, ingkang satemennipun naming kanggé palarissan kémawon amila manawi para nupiksa maham utawi nampik kawruh makripat kedah ingkang ngatos atos sayektos amargi sisip sembiripun makripattipun saged ugi malah dhumawah  ing sasar ingkang  sanget karana ageng-agengnging panasarran punika boten kados manawi kasasar makripattipun.

@@@

[i] Suraossing dalil Kuran punika ing tembung Jawi makaten:  ora ana saben sawiji wiji, kajaba padha muji lan padha tasbih, marang Allah, nanging sira padha ora ngerti.

[ii] Najis, iktikad utawi batinnipun.

[iii] Awit saking punika para ingkang bekti dhateng Pangéran sampun ngantos kagungan iktikad ingkang sirik makaten ugi sampun rumaos wegah déning rêkaossipun nucékaken batos alik wajibbipun kedah namung  nemen temenni kanthi nyunyuwun mugi pinaringngana pitulung, saged nucékaken kabatossanipun ingkang wusananipun sagedda tetep anteng sarta meneppa nembahipun makaten mulih tiyang ingkang bahdé nembah dhateng Pangéran mugi ……………..

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s