PUSTAKA GAIB


PUSTAKA GAIB

Babonning serat saking para pinisepuh
ingkang marsudi bab ngélmu kasampurnan.

Kaimpun saha kaesahaken
déning:
Mas Atma Sasmitha

Cap-capan ingkang kaping
sapisan

kawedalaken déning: Astralogis Birao: Akwarius

(Astrologisch Bureau: Aquarius)
Directeur T. P. KWEE
Astroloog : URANUS
SEMARANG

48° 55’4’’

Kasalin saking aksara Jawa
Ing aksara latin dening :
Mas Kumitir

Sidoarjo, 9 Agustus 2019
@@@

BUBUKA

Nuwun kula angaturrri pirsa dhateng para maos mugi sampun kirang pangapunten saréhning saking adrengnging manah kula kedah anedhak Serat Pustaka Gaib babonning serat asli saking pinisepuh ingkangmarsudi bab ngélmi kabatossan, wiyossipun bilih wonten kithalling tetembungngan utawi lepatting aksara, mugi para maos paringnga: gungnging pangaksami, awit ingkang sapisan boten mangertos parama sastra, kaping kalih  namung ilu-ilu kélu kémawon kumedah badhé sumerap gancarripun serat punika, ananging bilih para maos kesdu anggalih punapa ingkang dados suraossing serat punika, luwung kanggé pangarêm-marêmming panggalih, amargi sajatossipun ngélmi kabatossan punika pancén boten gampil ngupadossipun awit ngélmi kabatossan punika boten tamtu manggénnipun pramila kula ngaturri ingkang samanten wau, mugi para maos sampun ngantos kalorop angguguru dhateng tiyang ingkang déréng putus ing ngélmi kabatossan samanten ugi bilih para maos sampun naté angsal ngélmi kabatossan ingkang saéstu, sukur bagé séwu, mandar saged animbang, pundi ingkang lerês pundi ingkang lepat wonten babasanipun para sepuh makaten: golék geni anggawa dammar: tegessipun bilih bahdé ngupados ngélmi kedah sampun gadhah kawruh, dados ing salebetting anggugulang ngélmi sampun saged animbang ingkang sajatos tuwin ingkang paéssan ing wasana sakalangkung gungnging panuwun kula bilih para maos karsa andhahar atur ingkang sampun kasebat ing nginggil,

Panulis.

[5]SINOM

  1. Iki dadi larangngan kalimah tan kambah singgih, dénnira kang sampun awas pangolah ngélmu sajati, nugrahanning Hyang Widhi, kang wus wikan rasa iku, pan tunggal tinunggallan tunggal wujud tunggal kapti, iya iku Muhkhamad kalawan Allah.
  2. Tunggal karonning ngatunggal tunggalé maksih kakalih, Muhkhamad yaiku Allah, Muhkhamad ingkang sajati, ing jaba jero pesthi, Muhkhamad sirna dinulu, kalingngan sipat kidam mula kaya duk nguni , iya iku sampurnaning puji sembah.
  3. Poma kaki dén karasa, ujar linarangan yekti, tan kena dén ucappena, tanpa ngrasa jasatnéki, pan iku sabda jati, sampurnannira pangrungu, sampurnanning paningal paningal ingkang sajati, iya iku sampurnannira sahadad,
  4. Amuhung satriya ika, idheppé [6] tan polah singgih, ngarah dadining sahadat tan wikan dunungnging puji, tan wruh Pangérannéki, panembahé éstu suwung, keliwt dénnya nembah, idheppé urip kakalih, tékattira tuna liwat dahat sasar.
  5. Dédé aksara punika, déné astokkaken tan gingsir, tatanira tuna kliwat dén umyung wartaning tulis sadaya nembah muji, panembahé éstu suwung, kang utama lwih ngléla, wau dénnira ngabekti, satingallé kadi puji lawan nembah.
  6. Lahir batin pan katingal Mukhamad lan Allah yekti, dinulu parêg gumapang, lir gendhaga isis warih, jaba jro keling-keling, sirna gendhaga dinulu, kalingngan madu mongsa, dadi madu iku singgih, sirna ilang Muhkhamad kalingngan suksma.
  7. Sajronning batin Muhkhamad ya Muhkhamad lahir batin ya Allah ing batinnira, iya batin iya lahir, lir umba[7]kkung jeladri, tunggallé ana ing banyu, pan tunggal tinunggal poma sira dénnastiti, iya iku ingkang aran ngélmu rasa.
  8. Wonten malih cinarita, kang dadi jasad puniki, ing salira kang sanyata, pan saking patang prakawis bumi pan dadi alip angin dadi lam puniku, banyu lam akir ika, geni: hé: dadiréki, alip iku wujuddé sarirnnir.
  9. Ingkang lam kang akir tegessira, nyawa sajatiniréki, aksara: hé: kang dadi, paningal sajatinipun sampun jangkep sakawan ing mangké pinusthi malih, ingkang badan Jabarail sajatinya.
  10. Jenengngé napsu punika, Mingkail jatiniréki, utawi kang saking nyawa, Israpil tegessé kaki, kang saking tingal yekti, Ijroil sajatinipun dén samya ngawruhana, aja lali sira kaki, [8] samya tunggal punika dipun waspada.
  11. Kang Jabarail punika, ijo warnanira kaki, asta kanan mapannira, utawi Mingkail yekti, ing roh panggonnannéki, kuning warnané punika, miwah Israpil ika, putih warnanira kaki, wedallira ika kaki saking wuntat.
  12. Ijroil ing tegessira, saking gigir wedal néki, pan irêng ing warnanira, miwah ing panebut néki, marang Kang Maha Sukci, béda-béda pujiniréki, minallohi: Ijrail pujiniréki, minallohi: Israil ing pujinira.
  13. Yén muji lillahi: ika, Mingkail iku kang muji, Jabrail muji: hu allah, lamun ana cahya putih, wetuné saking rahi, , irêng urubbira iku, warnané ingkang cahya, punika nugrahyéng Wuidhi, iya iku aranné kang luwih mulya.
  14. Punika dén kawruhana, alip kang sahadat jati, kathak[9] é limang prakara, sahadat mutukalam wakit ototté gulunéki, ing kanan sajatinipun kaping kalih tegesbta, alip: hé: namaniréki, iya iku ototté gulu kang kiwa.
  15. Kaping teluné punika, alip jahir namanéki, ototté ing gulunira, kang kanan jatiniréki, iku margané malih, kaki ywa nganti kaléru, lamun amedal ngiwa, alip ngaral namaméki, iya iku ototté gulu kang kiwa.
  16. Yén medal mandhuwur lirnya, alip kalam namanéki, pan iku wimbuh ing jagat manungsa jatiniréki, kalam panjangngiréki, ing poat sajatinipun miwah ing kalbunira, yén medal anganan malih, sajatiné iku ingkang aran mulya.

DHANDHANGGULA

  1. Sapa wongngé ingkang angawruhi, sajatiné kang kitab punika, dadi gedhé i8ng bejoné, wikan ing [10] bédanipun kang waspada ing kitab iki, ing ngarannan pustaka, nugrahyéng Ngagung, kang kasbut jroning kitab ngalam kabir miwah ingkang ngalam sapir, tanna bédanira.
  2. Ngalam kabir ngalam sapir kaki, bédanipun pan ana ing sira, yén wus wikan ing tuduhé, sarta wulangnging guru, pan lungguh ing ngalam sajati, pinanggih ngélmu rasa, ing gebengngannipun miwah kathahing aksara, lawan malih lungguhé sawiji-wiji, kang ana ing salira.
  3. Pira kéhé babalung puniki, kalih atus pan punjul sawidak otot nem ewu katahé, lawan punjul nematus lan sawidak punjulliréki, saktehi wulunira, iku punjullipun tigang leksa punjullira, lan tri éwu tri atus tri dasa nenggih, punjullé tingang lembar.
  4. Apan rambut saleksa puniki, tigang éwu miwah punjullira, iku [11] tri atus punjullé, tri dasa lawan telu, sampun jangkep wilangannéki, padha sira éstokno, rékmané Jeng Rasul lan aywa katungkul sira, angupaya ngélmu ingkang luwih-luwih, slamet donya ngakérat,
  5. Wulu badan kathahé pan sami, lawan rambut iku kathahira, alis pitung atus kéhé, sawidak punjullipun lawan nenem langkungngiréki, idep pan karo belah, ing wilangngannipun napas kang metu punika, pan karoné sadina lawan sawengi, nem éwu langkungira.
  6. Pan nem atus swidak gunggungnéki, iku kaki muga éstokena, aja mung tungkul baé, anenggih kang sumambung, parinciné raga sajati, angawruhana sira, away salah surup iku kaki dén waspada, ngélmu ingkang katemu ing ngalam akir, poma ing wekassing wang.
  7. Kang pinurwa carita utami, ingkang pine[12]ncar parincinira, raga ing jaba jeroné, dén manthengnging pandulu, away samar sabarang kardi, dén ambeg amartapa, patapéng rahayu, away tuna away kliwat iya iku dadiné kawula Gusthi, away tinggal kawittan,
  8. Mulanira ngaurip puniki, tlaténnana mupung anéng dunya, wong urip akéh arallé, wong lelaku ing bésuk dunungngen awit saiki, mupung sira sih gesang, kaki dén dumunung, yén tan weruh iku sasar, lawan susur ngulatti jabaning bumi, temahan ora ana.
  9. Bumi langit banyu lawan geni, angin lintung surya lawan cpndra, kabéh ana ing dhéwékké, jurang tannapi gunung, padhang peteng wonten ing ngriki, adok kelawan perak pan ana siréku, miwah salumahing jagat atannapi miwah sakurêbbing langit kabéh ana ing sira.
  10. Ujar iku apan luwih adi, [13] sasat simpen jumanten kumala, yén wus wikan ing rasané, aywa sira ketungkul amintaha: samaning urip manungsa swidak warsa, dawané kang umur, mupung sira taksih gesang, takokena jalma ingkang luwih ngreti, kaluwihannéng dunya.
  11. Iku ujar kaki kang sayekti, Nabi wali kalawan mukminnya, kabéh ana ing dhéwékké, kalawan Kangjeng Rasul dunungngira sawiji-wiji, Allah lawan Muhkhamad kabéh néng siréku, patrapna ingkang prayoga, away nganti salah surup iku kaki, Allah lawan Muhkhamad,
  12. Ing tuduhé apan iku singgih, lawan pituduh ingkang sanyata, yén bangké ala dadiné, tegessé bangké iku, kawruhana mupung sih urip yén sira during wikan satemenné iku, jatiné anéng pusaka, iya iku pusakané ingkang ening, anané kang pusaka.
  13. Sajro[14]nning: ning: iya ana urip jronning urip pan ana eningnya, jronning: ning: iku rasané, jronning rasa puniku, pa ana : sir: jatiniréki, sajronning : sir : punika, aran dad satuhu, sajronning dad ana sipat iya iku swara ingkang luwih ening, jro swara ana apa.
  14. Jronning swara iku ana urip iya iku urip kang sanyata, nyatané urip mangkéné, urip ingkang satuhu, anuhonni nyata ingkang : ning, ening sajatinira, rupanning wakayu, kayuné sundhul ngakasa, bumi langit asmara: sajatinéki, jronning asmara: rupa.
  15. Kang wus wikan makripattiréki, sajatiné salammuni muna, iku ing panengerranné, tuturré asor madu, iya iku pamané gendhis rasané kudu wikan ing sajronning madu, apa ana ing jaba, miwah apa anéng jro badanniréki, poma kaki dé[15]n wikan,
  16. Peksi iku pan gangsal prakawis ingkang dhihin iya peksi kresna, peksi ijo kapindhoné, nenggih ping tiganipun peksi kuning punika singgih, kaping catur warnanya, putihulessipun kang tengah peksi déwata, peksi iku yektiné limang prakawis kang néng badan manungsa.
  17. Peksi lima padha adi-adi, iya padha angon lakunira, padha méncok dhéwé-dhéwé, sawiji anéng pusuh, panggonnanné puniku nenggih, hu wallahu : dikirnya, kaping kalihipun peksi ijo anéng limpa, iya iku pangonnanné ponang peksi, Muhkhamad dikirrira.
  18. Kaping tiga ingkang peksi kuning, panggonnanné ana sekar pisang, rasulullulah : ing dhikirré, anenggih kaping catur, peksi putih puniku kaki, tengah peksi déwata, dhindhing jalal iku, poma kaki dén waspada, panjaga[16]né kabéh ingkang aran peksi, ikupadha takonna.
  19. Alip iku kurungnganné yekti, sajatiné alip iku sira, munthilana : degga-deggé, angadeg dhéwékkipun iya saking Hyang Maha Sukci, ingkang kaya munthila, iku mulanipun iya kabéh apan ana, sajatiné iya iku rupanning : ning, endi kanga ran nyata.
  20. Pan wus nyata kang tigang prakawis ingkang dhingin Allah lan Muhkhamad Rasulullah ping tigané, lawan Gusthi Kang Agung, nyatakena kang tri prakawis iku dipun waspada, yén wus wruh satuhu, yén wikan ingkang  sanyata, waspadakna nora samar barang kardi, rupané kaya sira.
  21. Lamun sira sampun angrawuhi, wus tétéla rupané kang nyata, dén awas panggon néng gonné, ywa nganti salah surup ing wong urip dén ngati-ati, kang sanyata wus cetha, Allah i[17]ya iku, hu wallahu : iya ika, ya Allahu : ya iku wus angenggonni, iya aran pramana.
  22. Iya iku jeneng nyata kaki, Maha Sukci ing caritanira, carita iku rupané, Gusthi Kang Maha Agung, kang amurba misésa sajati, iya iku kang tunggal iya iku kanga ran Muhkhamad suci, enggonné anéng raga.
  23. Yén wus émut enggonnira kaki, iya iku poma dén waspada, aja sasar pandelengngé, ywa nganti sasar susur, wong ngaurip padha ngawruhi, ngluwihi marga padhang, yén sira wus weruh, ing marga kang Maha Mulya, ya iku poma kaki dén nastiti, titénana jronning tyas,
  24. Sajatiné kanyatahan kaki, iya nyatané patang prakara, dunungngenna sakabéhé, warna lan dhikirripun ya: dhikirré patang prakawis poma [18] dén éstokena, ing satunggallipun wong urip dipun waspada, ing dhikirnya lawan laku kang sayekti, poma kaki dén wikan,
  25. Yén wus manggon kang patang prakawis ingkang aran wau kang amurba, endi aranné ta mangké, lamun ora dumunung, lakunira pan nora dadi, tan sampurna kang tingal apata: wong iku, wong ngaji patang prakara, iya iku wongngaji kang during dadi, ngajiné mawuyungngan,
  26. Réyang réyong pangajiné kaki, anané tan adoh kéblattollah, kéblatollah satemenné, mulané kang rumuhun pan wus weruh gonnira ngaji, ywa sira kasamarran ing wong ngaji iku, poma kaki kawruhana, aywa sira karya api-api ngaji, kaki away mangkana.

MASKUMAMBANG

  1. Kuneng gantya ingkang cinarita nenggih, lungguhé kang suksma, anéng ba[19]danné pribadi, padha kawruhana sira.
  2. Ping sepuluh punika ingkang winarni, kaki wastanira, manik kastuba rannéki, lungguhé anéng lak-lakkan,
  3. Ping sawelas manik tala anéng manic lungguhé punika, kaping rolas manic wijil lungguhé anéng salira.
  4. Ping telulas jujulukké lugut jati, lungguhé néng badan ping pat belas sang murjati, anéng uteg lungguhira.
  5. Ping limalas aranné sang purwajati, néng napsu lungguhnya, ping nem belas kang winarni, buwana: balung : lungguhnya.
  6. Sang taljati lungguhé ana ing daging, wolulas sangalas sang lir maya arannéki, ana ing otot punika,
  7. Kaping kalih dasa pinika winarni, ingkang aran burak ngikut: ping salikur nenggih, aranné sang suksma: mulya.
  8. Anéng getih kaping rolikur winarni, ran suksma wasésa, [20] lungguhé suku kalih, ping tiga likur gumatya.
  9. Ingkang aran suksma purba iku kaki, asta dwi lungguhnya, kaping patlikur winarni, aran suksma adi mulya.
  10. Pelanangngan lungguhé punika nenggih, ping slawé wastanya, suksma kembar arannéki, lungguhé anéng gantungngan,
  11. Ping nemlikur suksma liyep wastanéki, lungguhé ing nala, ping pitulikur anenggih, aran suksma rasa mulya.
  12. Iya iku lungguhé ampere kaki, ping wolulikurnya, suksma raga jati nenggih, lungguhira anéng jaja.
  13. Sangalikur ingkang aran kuras jati, néng wulu punika, tigang dasané winarni, suksma kuru namanira.
  14. Lungguhira anéng rambut iku yekti, anéng ideppira, tri dasa néng puser néki, kanga ran sang pesbuwana.
  15. Milanira ana : nahwu : usul pekih, saking ananira, sa[21]king tri dasa puniki, iya suksma tigang dasa.
  16. Mula ana aksara alip sawiji, alip namanira, iku urip kang sajati, lawan malih kanga lip lam,
  17. Tegessira alip lam piniku kaki, ana ing manungsa, ujarré kitab nganasir, iku kaki kawruhana.
  18. Pan mulané alippuniku miwitti, kabéhing aksara, kang dadi wiwittan alip marga asal saking grana.
  19. Iya iku eléngnging grana kakalih, sangkané punika, bé : té : sha : dadiniréki, asta kanan lawan kiwa.
  20. Jim : khé : iku épék-épék asta kalih, kalawan : khé : besar, kaping kalih edal cilik rambut sirah edal besar.
  21. Ra : jé : iku pundhakkan lawan kéring, sin sin : bokong kiwa, sot : lod : geger tengen néki iya ingkang dadi manah.
  22. Ta : la : iku pu[22]pu kalih dadi néki, ngain : wentis kiwa, aksara kap : dadi kulit kap gedhé : ing dagingngira.
  23. Aksara : lam alip : anggittanniréki, apan dadi jasat ing manungsa dadinéki, kalimputtan déning suksma.
  24. Ula-ula : lam mim nun : dunungiréki, anéng telapakkan sungsummé manungsa iki, wawu : hé : badan manungsa.

ASMARADANA

  1. Yogya kawruhana kaki, puserring jagad dumadya, patang prakara kathahé, iya dadi : kang satunggal madi : kapindhonya, iya iku arannipun mani : ingkang kaping tiga.
  2. Kaping pat maningkem nenggih, iku padha kawruhana, ywa nganti salah kang batos pomo pomo dén kawruha, padha angétokena, yén tan wikan dunungngipun tuna jenengnging ngagesang.
  3. Iku ujar wong kang luwih, aja kaya ing wong ka[23]thah, kang sampunangsal guruné, yén lamun ora weruha, takonna ngélmu ika, aywa ta : sira : sira katung dipun padha
  4. Tegessé kanga ran wadi, gonning rasa ingkang mulya, tegessé : madi : ta mangké, rasa ingkang lwih sampurna, mani : ing tegessira, sajatiné rasa tuhu, kang kaping pat tegessira.
  5. Maningkem punika nenggih, ajimak rasa kang mulya, wanodya lawan kangkungngé, tegessé kang wadi ika, dadinira sosotya, madi iku napsunipun mani uger-uger nétra.
  6. Tegessé maningkem nenggih, wewadhah jatinning suksma, kaya getih daging mangké, dadi getih dagingngira, kadadéyan kang rasa, sawijining rasa iku, warna rupa johar awal.
  7. Ula-ula tegesnéki, dhingin datan kadhinginnan tegessé johar samangké, iya roh ilapi lirnya, kang dhingin kadhi[24]nginnan tegessé ing urippipun ilapi iku pratondha.
  8. Tegessé roh lapi suci, iya ingkang kadis mulya, iku ing lésan jatiné, kinarya : lahulannira, bintal mukadas lirnya, tegessé bintal puniku, kepala ingkang sampurna.
  9. Tegessé mukadas nenggih, wadana kang mulya mangkya, liningngenna ing Hyang Manon pan sotyanya ingkang mulya, la nana rupa mulya, sajroning netra kadulu, ing ngarannan jalalollah.

DHANDHANGGULA

  1. Purwanning réh kang patang prakawis ikukaki padha éstokena, dén bisa anglungguhaké, sawiji-wijinipun ingkang aran saréngat kaki, kalawan ing tarékat kakékat ping telu, kaping pattira  makripat dén tétéla prayoganira ngawruhi, dunungngé kang sanyata.
  2. Nyatakena dunungngé sawiji, yén tan we[25]ruh dunungnging saréngat nora sah ing sembahyangngé, pan dadi sasar susur, lungguhira saréngat nenggih, iku lungguh ing badan tarékat puniku, ana ing roh dunungngira, anéng ngati dunungngé kakékat nenggih, anéng rasa makripat,
  3. Samun jangkep kang patang prakawis lungguhira satunggal tunggalnya, kari pilahané baé, saréngatté Kangjeng Rasul iku Nabi ingkang sinelir, puniku ora maca, saréngatté rasul kalawan Nabi Muhkhamad iya iku dunungngé sawiji-wiji, saréngat rasulollah.
  4. Saréngatté Jeng Nabi puniki, lungguhira ana ing pangucap kang amengku rasa kabéh, iku tarékattipun ing pangambu dunungngiréki, amengku rasa mulya, kakékattiréki, iya iku lungguhira, anéng kuping : makripat dunungngiréki, kang mengku rasa nala.

@@@

  1. Tegessé niyat iku langgeng, 2. ngadeg iku asdallé saka geni, sajatiné aksara alip iku urip tan kenané pati, yaiku cahyané sirrulla, 3. rukuk asallé saka angin mulya, lir banyu mili lakuné, yaiku angin napas patag prakara.
  1. Napas, 2. Anapas, 3. Tannapas, 4. Nupus, napas pujiné, robbani robbani ilullah, Anapas  pujiné lailullah, Tannapas pujiné Allahu Allah’ Nupus pujiné yah u Allah kang sampurna,
  1. Sujut iku asal saka banyu, biru warnané, ora buthek ora surut yaiku patang prakara. 1. Wadi, 2. Madi, 3. Mani, 4. Maningkem,
  1. Lungguh iku asal saka bumi, jisimnakirah iku aranné bumi nyawa, suksma iku a[27]ranné, ya iku jagad kang ngemot suwarga, naraka, ati iku roh ilapi, retune nyawa kabéh, aran dadtollah, iku pratondhané Allah, angin rohkhanni, ngadeg muwuhi anané, sinung rasa, surasa, aran sirrullah, pratandhané rasullullah, banyu roh rabbanni, kang luwih sampurna, kang mundhi rasa, aran sipattollah.

Bumi roh jasmani, kang aran hidayattolllah, kang misésa marang ingsun aran ujuttollah.
Geni, uripping kanepson kang aran api makmur ing dunya, lir kumala cahayané, metu saka ati putih,
Kang asal banyu, langgeng paningallé,
Kang asal bumi, uripping rasa,
Kang asal angin cahyané mancur gumilang,
Kadya wulan purnama, metu saka ati dadu, iku dén waspada.

[28] Kaang asal banyu, uripping iman ati poat margané, ijo warnané.
Kang asal bumi, asal bumi, imanné datollah, lir dammar murup iku warnané ati putih, iku marganné langgeng tan kena owah.
Kang asal banyu madhep maring rasa.
Kang asal geni, ngaturraké cahya: nurranni aranné.
Kang asal banyu, burhana.
Iku kedadéhanning badan saka patang prakara. 1. Bumi; 2. Angin; 3. Banyu; 4. Geni;

  1. Alip wujudding salira;
  2. Lam awal napsu;
  3. Lam akir nyawa sajati;
  4. Hé ; panginal sajati.
  1. Badan tegessé, Jabarail sajati,
  2. [29]Napsu, tegessé, Mingkail sajati,
  3. Nyawa, tegessé, Isroil sajati,
  4. Tingal tegessé, Ngijrail sajati,

Jabaril ijo warnané, tangan tengen panggonnanné, Mingkil kuning warnané, roh : panggonnanné, Isropil abang warnané, wetuné saka ing buri, Ngijrail irêng rupané, saka geger wetuné.

Nyebutté Kang Maha Sukci béda-béda, Ngijrail pujiné : illallah minallahi, ngalam khabir, ngalam safir, lungguhé, ngalam sajati.
Iki anyatakaké lawangngé bab agama islam mertobat pitung prakara.

  1. Akhadiyat; 2. Wahdad; 3. Wakhidiyat; 4. Ngalam arwah; 5. Ngalam missal; 6. Ngalam [30] Ajjesam; 7. Ngalam insane.

Akahadiyat iku lahir saka sagara nabsi, mongka aran huwallah,, anglahirraké dad pitung prakara.

  1. Dad muntelak tegessé, padhang kang luwih padhang;
  2. Dad : sa:likin: tegessé suci kang luwih suci;
  3. Dad subbeki, tegessé peteng kang luwih peteng;
  4. Dad sabubun tegessé jero kang luwih jero;
  5. Dad :ka:dim tegessé adhem kang luwih adhem;
  6. Dad satmata tegessé ing dalem dhéwékké;
  7. Dad wajibul wujud tegessé pesthi anané.

Utawa akhidiyat iku roh kang samar, yaiku roh khafiyah, yaiku roh kang luwih suci, rohkafiyah, cinampur dadi wolung prakara: 1. Bumi, 2. Geni, 3 Banyu, 4. Angin, 5. Madi; 6. Wadi, 7.Madi, 8. Maningkem, iya iku aran duryat adam iku khakékatté manung[31]sa, wujudding sipat kabéh.

Bumi, geni, angin, banyu, surya, lintang, condra, jurang, gunung, padhang, peteng, adoh, cedhak salumahing jagat kabéh, sakurêbbing langit ana ing sira, ujar iki luwih wadi, mulané aja tuna, aja luput iya iku kakadéhané kawula Gusthi,
Aksara, alip dadi, bumi,
Aksara lam awal dadi angin,
Aksara lam akir dadi banyu,
Aksara dadi geni,
Aksara mau yén di kumpullaké dadi muni, Allah.

Alip wujudding badan
Lam awal wujudding napsu,
Lam akir, wujudding nyawa sajati,
Hé: wujudding pangingal sajati,

[32]Badan Ijrail napsu, Jabrail nyawa, Mingkail tingal Israil.

Iki mertobat banyu satétés dadi 12 prkara :

  1. Banyu batin dadi rupa.
  2. Banyu langit dadi napas;
  3. Banyu cahya dadi urip;
  4. Banyu widayat dadi swara;
  5. Banyu khad dadi pangrasa;
  6. Banyu madi dadi budi;
  7. Banyu mukinad dadi pangucap;
  8. Banyu maniyah dadi pangrungu;
  9. Banyu maningkem dadi pangingal;
  10. Banyu iradad dadi rasa;
  11. Banyu musna dadi cahya;
  12. Banyu mussaka dadi keteg.

[33]Iki lungguhé suksma kang ana ing badan :

  1. Manik kastuba, lungguhé ana : lak-lakkan;
  2. Manik tala lungguhé ana manik;
  3. Manik wijil lungguhé ana salira;
  4. Manik lugutjati lungguhé ana salira;
  5. Manik sang murjati lungguhé ana uteg;
  6. Manik sang purwajati lungguhé ana napsu;
  7. Manik lungguh buwana lungguhé ana balung;
  8. Manik sang taljati lungguhé ana daging;
  9. Manik sang lir maya lungguhé ana otot;
  10. Sang burak lungguhé ana ikut;
  11. Sang suksma mulya lungguhé ana getih;
  12. Sang suksma wasésa lungguhé ana sikil;
  13. Sang suksma purba lungguhé ana tangan;
  14. Sang suksma adi mulya lungguhé ana pelanangngan;
  15. Sang suksma kembar lungguhé ana gantungngan;
  16. Sang suksma liyep lungguhé ana nala;
  17. [34]Sang suksma adi mulya lungguhé ana apmperu;
  18. Sang suksma ragajati lungguhé ana jaja;
  19. Sang suksma turasjati lungguhé ana wulu-wulu;
  20. Manik sang pesbuwana lungguhé ana puser;
  21. Sang suksma kuru lungguhé ana rambut (idhep).

Ing sajronning swara ana urip kang sajatiné : ning.

Ing sajronning asmara,, iku rupa. Wong kang wus makrifat sajatiné : muna : muni : iku panengerranné, iku bale kancana, ing sajronning badan iku dén emong manuk limang iji. Saparan-paran dén etuttaké utawa angon ing lakunira.

  1. Manuk irêng;
  2. Manuk ijo;
  3. Manuk kuning;
  4. [35]Manuk putih;
  5. Manuk déwata kang ana tengah.

—@@@—

  1. Péncokanné aneng pusuh, dhikirré, hu wallahu.
  2. Péncokanné aneng limpa, dhikirré, ya Muhkhammad.
  3. Péncokanné aneng jantung, dhikirré, ya rasullullah.
  4. Péncokanné aneng tengahing manuk déwata, iya iku dhindhing jalal, alip iku kurungngan sajatiné alip iku sira.

Mulané ana kitab nahwu, usul pekih, saka anannira, saka suksma kang kasebut iki kabéh, mulané ana aksara alip iku saka urip alam iku ana ing manungsa kabéh, iki pituturré kitab tapsir, mulané adha kawruhana, kang dadi wiwi[36]ttan iku alip asal saka irung (eléng irung loro) balungngé irung iku dadi: bé. Tangan loro iku dadi: jim : khé. Épék-épék iku : khé gedhé : dal cilik, rambut sirah : dal gedhé. Ra : jé : sirah kiwa tengen, sin sin bokong kiwa tengen, sod dhlod: geger. Ta : dla, pupu loro. Ngain pupu ngarêp buri. Kap kulit, kop daging. Lam alip ya ing gittang dadi awak, lam nun ula-ula. Nun Hé: susummé tlapakkan,

Iki bekakas kang ana ing badan padha kawruhana :
Akéhé balung na 260 iji :
Akéhé rambut 13.333 ler;
Akéhé wulu badan 133.333 ler;
Akéhé alis 766 ler;
Akéhé idhep 150 ler;
[37]Akéhé otot 6.660 iji;
Akéhé napas kang metu 6.660
Akéhé napan kang mlebu 6.660
Jumlah ing dalem sedina sawengi 13.320

Wong kang wus sampurna paningallé, ing dalem sadina sawengngi dhuwé puji 13.320, iya iku sampurnanné puji dhikir, slamet ing dunya  lan ing ngakérat banyu mili sembahé, wong ana ing donya kudu weruh awal akirré, yén ora weruh kang kasebut ing buku iki, urippé prasasat tuna, amerga ora weruh asallé-lasallé, kang dianggo ing rina wengi.

Iki Sahadad Saréngat,

Ashadu alla illaha illollah, wa ashadu anna muhkhamddarrasullollah.ya iku enggonné ana ing lésan amarg enggonné anglairraké sakabéhing pangucap iya [38] iku paningallé napsu aluamah, nyawané batin iya iku kang dadi jisim kang alus déné iku pangurippané kulit , kulit iku asal saka ing bumi.

Iki Sahadad Tarékat,

Ya abullahi. Iya iku enggonné ana ing kuping, awit kuping iku enggonné miyarsa swara kabéh, iya iku paningallé napsu amarah, mongka dadi panguripanning getih kang alus getih kang alus iku asal saka geni.

Iki Sahadad Kakékat,

Ya ujuddollahu, iya iku enggonné ana ing irung, awit irung iku panggonnanné sakabéhing rasa, iya iku paningallé napsu supiyah, mongka dadi pangurippanning nyawa jasmani, déné nyawa jasmani iku dadi pangurippanné daging, mulané daging iku asal sa[39]ka angin,

Iki Sahadad Makrifat,

Layakrifullahi, illallahi, iya iku enggonné ana ing mripat awit mripat iku panggonnanné pandulu, iya iku paningallé napsu mutmainnah, mong dadi pangurippanning nyawa rohkanni, mongka dadi pangurippanning nyawa rohkanni, nyawa rohkanni iku dadi jisim kang alus déné jisim kang alus iku dadi balung, mulané balung iku asal saka banyu.

Iki Sahadad batin,

Allahu Allah, iya iku enggonné ana ing ati, amarga sahadad batin iku anduwéni puji, pujiné nyawa rohkanni, iya iku kanga ran tokid kang ora pedhot kawruhé marang Allah tangala.

Iki Sahadad Paneteg Panatagama,

Ingsun maeruhi sahadad iya iku jeneng[40]ngé roh ilapi, kang ana telengnging ati, kang dadi lajerring urip sarta dadi lajerring Allah, iya iku wewayangnganné roh mukhamad sajatiné manungsa kang sampurna, ing donya sarta ing ngakhérat, iki pujiné. Ya huk Allahu akbar.

Yén Padha Angaguru Takokna Ujar Wolung Prakara

  1. Mas kawinné, Allah, lan Muhkhamad;
  2. Aras lan kursi;
  3. Rina, lan wengi;
  4. Lintang, lan ngélmu;
  5. Lanang, lan wadon;
  6. Rêmbullan lan srengéngé;
  7. Bumi lan langit;
  8. Swarga lan naraka;

[41]jawabbé,

  1. Mukhamad patemonné, nurollah, kalawan urippira tunggal rasané.
  2. Aras kursi, patemonné, rasa sajati, lan cahya Mukhamad,
  3. Rina lan wengi, patemonné, irêngnging mripat lan putihing mripat rukyat iku kawula Gusthi, patemonné campurring rasa.
  4. Lintang lan ngélmu, patemonné, aras munajar, iya iku ciptanira, kang ana ing sanubari kang nyata, osik kang temen,
  5. Lanang lan wadon patemonné, badan lan nyawa, iman tunggallé.
  6. Rêmbulan lan srengéngé, patemonné, sungsum lan nur bayu, lan balung kumpulling rasa.
  7. Bumi lan langit patemonné, uteg lan sirrollah.
  8. [42]Swarga lan naraka, patemonné, napsu lan budiné.

Yén angawruhi badan kang becik lan kang ala saka ing kono wetuné.
Iman tokit lan makrifat iku tegessé mangkéné.
Ora angulatti allah iya urip, Allah kang sayekti, tokit iku kawruhé, kang ora maujud kanga ran : ora : ora : ora. Tokit iku tingal kang sajati, mongka sajatiné suksma urip,

Nabi kang endi kang sayekti, pandommaning ati, ujar sakecap yén meneng tanpa upama, Gusthi Allah iku mung sawiji, tingal sakedhap mangan sakepel ngombé sasegukkan nyandhang sasuwir.

Jarumanning ngati, iya iku thelengnging ati, [43]ujar sakecap iya iku dad, laku satindak iya iku panarima, tingal sakedhap anginum warih, nyatané marang iman, mangan sakepel iya iku paparingnging Allah.

Nyandhang sasuwir, iya iku puji, dén awas sajronning ngati.

Manawa wong kang wus makrifat ora rumongsa duwé puji apa-apa, déné sembah puji dhikir iku kang kagungnganné Allah, duwékké mung badan wadhag,

Iki Bab Wong Lara,

  1. Jabrail abang cahyané,
  2. Mingkail ijo cahyané merkilat,
  3. Isrofil putih cahyané, kang sanyata saka mripat wetuné, abangnging pipi panggonnanné, kang ijo saka tengen,
  4. Ngijrail kuning cahyané, saka bathuk wetuné, iku kang wus pinasthi.

Sanadyan tekaha : kang telu, yén Ngijrail ora teka, iya mung lara baé, during tutug ing janji, isih dawa kang umur. Yén Ngijrail kang darbé tingal temon lan Nabi Muhkhamad wus cedhak ajallé. 1. Sagara panya; 2. Sagara istikar; 3. Sagara langkah; 4. Sagara istiggena; 5. Sagara ranté, wus tutug ing aras kursi, sarta dhindhing jalal banjur andeleng rong prakara, alam wus menga, ing kono banjur mandheg andeleng sagara cahya, [45] kaliwat saka beningngé.

  1. Sagara panya, iku tegessé wawengkonnira.
  2. Sagara istikar, iku tegessé cingklokkira.
  3. Sagara langkah, iku tegessé wudellira.
  4. Sagara istiggena, iku tegessé sanubarinira.
  5. Sagara ranté, iku tegessé usussira.

@@@

  1. Aras kursi, iya iku pangambunira, uwang serambiné,
  2. Wot siratol mustakim iya iku ing tutuk sarambina,
  3. Timbangan iya iku baunira kang tengen,
  4. Loh kalam iya iku lathinira.
  5. Gunung tursina, iya iku irungngira.

Kabéh mau dén gawa kumpullé ana ing gulu enggonné panseneddan mongka nyawa iku anggonné anggawa wus tekan ing palawangnganné, iya iku alam kiyam tegessé sabathukkira, ala[46]m kait iku githokkira, ing kono kandhegging nyawa, nuli andeleng cahyané Muhkhamad rasul iku alam kang mulya, nuli ana utusanning Hyang, malaékat salsail ing kono nuli ana rupa, lir kama sidi, sirna ananing suksma. Kang diaranni langit iku cethakkira, kang diaranni bumi iku ngisorré ilattira, malaékat salsail iku kawahira, malaékat arumman iku ari-arinira, malaékat kirun wana kirun iku bungkussira, déné kang katemu ing sajroning sakarat iku iya rupa né dhéwé, yén wis arêp bali kumpul dadi sawiji, uniné muji Allah, iku Muhkhamad tuladanning Pangéran.

Kang Aran Nyawa Iku Limang Prakara.

  1. Nur, tegessé amadhangngi kahanan,
  2. Roh, tegessé urippira,
  3. Akal, tegessé pangandikanné Hyang Ngagung,
  4. Allah, tegessé budinira,
  5. Kalam, tegessé pangandikanné Hyang Ngagung

Duk gaib nyawa isih ana ing wewadhah, nalika kumpul cahyané tunggal ening, aran tunggal aran alam padhang, nyawa isih gantungngan,

Iki Kang Aran Bumi Pitu

  1. Bumi rêtna, pangonnané ing dhadha, iya iku gedhong kastuba, mongka panggonnanné sakabéhing manungsa.
  2. Bumi kalbu, srambiné, ana ing surambi islam,
  3. Bumi sanubari, surambiné tunggal,
  4. Budi, surambiné, piker,
  5. Jinem surambiné, sih,
  6. Suksma, surambiné Hyang Widhi,
  7. Rasa, surambiné, urip,

[48]Iki Kang Aran Langit Pitu

  1. Langit jasmani, tegessé tinitah Hyang Suksma,
  2. Roh, tegessé amepekki ing salira,
  3. Napsani, tegessé amepekki badannira,
  4. Rohkani, tegessé amepekki ing ngélmunira,
  5. Rohmani, tegessé amepekki ing cahyanira,
  6. Nuranni, tegessé amapekki ing badan kabéh,
  7. Roh ilapi, tegessé amepekki ing mula-mulanning manungsa,

Iki Kang Katemu Ing Sajronning Sakarat Limang Prakara

  1. Yén aningalli cahya irêng, nuli macaha, la illaha illullah, ora ana Pangéran manéh, liyané Allah, Muhkhamad rasullulah, satuhuné Nabi Muhkhamad iku utusanning Allah, cahya irêng iku cahyaning sétan,
  2. [49]Yén aningalli cahya abang, la illaha illullah, ya allahu, abang iku cahyaning sétan mardudi,
  3. Yén ningalli cahya kunning, nuli macaha, la illaha illullah, huh u, among Allah, cahya kunning iku cahyanning sétan nassrani,
  4. Yén aningalli cahya ijo, nuli amacaha, ya kobullahu, huh u, tegessé muga-muga Allah narimaha, cahya ijo iku Jabrail kang duwé cahya,

Déné wong sakarat lamun lali sahadad kang kocap mau, wong mukmin pasék aranné, mati kapir jahéliyah.

Cahya abang, wong mati mukmin ngam yén lali sahadatté, mati kapir yahudi,

Cahya kuing, ya iku patiné wong mukmin lamun lali sahadatté mati kapir nassrani, aja [50] lali mring Allah Nabi Muhkhamad,

Cahya ijo, wong mukmin kasusullan pati, yén lali sahadatté, mati kapir kharammiyah.

  1. Yén aningalli cahya putih, iya iku nur muhkhamad nuli macaha, hu hu, yah u Allah, ya Muhkhamad rasullullah.

Yén wong mati ningalli cahya putih, iya iku éling sakabéhing sahadad iku ingkang luwih utama.

Ngaurip iku pada ngawruhana, sarta dén becik ing panrimané, iman tokit, iman tegessé angéstokaké parétahé Gusthi Allah, tokit apan tunggal sajatiné, tunggal lan kawulané,

Khayu daim layamuta, Abadan tegessé urip tan kenanning mati ing salawassé (iya iku jenengngé mati, jarwané kitap tangisan) ja[51]man akirrat,

Iki Ningkahing Rasa Sajati

Ana rasa didum telung dumman; 1. Wadi, ana ing under-underranning nétra, 2. Mani, kang ana putihing nétra, 3. Jasmani, kang ana ing irêngnging nétra, ingkang nanggung oto-oto kang sarambut gedhéné, longka kang wallahu layat ingkang tengen layat mau mongka tumurun ingkang urip, kang ana ing under-underranning netra, kang manggon ing otot kang sarambut gedhéné, mongka tumurun ing tenggak aran sanoip mongka tumurun ing gunung kembar, aran gujuh rajah, mongka rasa ing gunung kembar, arêp anglayarri sagarané terus ing ngati, aran rasa sirrullah, mongka tumurun ing puser, aran rasa anderrullah, mongka tumurun ing lempéngngan aran rasa aminah, mongka tumurun ing [52] walakang, aran rasa rajamillah, mong tumurun ing pokking kalam terus tengahing kalam aran rasa kalamollah, mongka terus pucukking kalam aran rasa gaib mongka rasa iku kang tumiba ana ing pucukking kalam bapa kang nibani, babu kang nadhahi, dén aranni rasa maningkem mongka rasa iku awor rasa loro, dén aranni dudu getih dudu daging, iya iku, rupa soca, gedhéné sakudhup malathi, kang kiwa dia ranni johar awal kang tengen diaranni johar akir, mongka ulessing soca iku di aranni Bental Makmur, lan Bental Mukadas bental iku kalamuka, rai, dadi dhisik mongka anggawa sipat,

1. kodrat; 2. Iradat; 3. Ilmu; 4. Kayat, kaparingan sandhang pangan sahadad salat [53] apasa adatté, luta awilah, pangurippan iki lapallé. “Allahumma sahiddina, ngarpakina”. Aneksénni badanningsun  dhéwé, mongka pinepekkan rasa iku, mongka asirah, anétra, bau, suku, wus pepak dén aranni, Nabi Dhomas déné during bisa mobah molah. Mongka sawissé bisa mobah molah, kaparingan nama, Muhkhamad mongka rasa iku meneng ana sangisorring aras sandhuwurring kursi, banjur kaiderran déning jalal iya iku kang aras rasululullah, salallahu ngalahi wasalam mongka rasa iku wus diwasa, angerêmmaké netrané, anutuppi talinganné, angepellaké asatané, mulané angerêmmaké netrané ora betah ngrasakaké sesambatté dedalanné, ibu gaib mulané nutuppi talinganné, ora betah ngra[54]kaké sambatté dedalanné, ibu gaib ngepel asttanné, ora betah ngrasakaké sesambatté dalanné ibu gaib mongka rasa iku angubak jembangngan gedhah, angancik talaga manic amiyak kubah, alassé angancik gunung gudhala giri, anjerit sapisan sasambatté, innalillah, Allahu akbar, millah ya rajibun,

Iki Malaékat Kang Tunggal Sapratapan

Kang Rumeksa Badan Kang Tunggu Ana Ingh Lawang Pitu

  1. Gondapura = gandané bayi,
  2. Wana kirun = kawah,
  3. Aru kirun = wadhah bayi,
  4. Ayumman = bantalling embing-embing’
  5. Arumman = jarotting embing-embing,
  6. Lemah mayang = getih kang tiba ing lemah,
  7. Tambang baya = getih kang tiba ing tampah,

Déné kang kasbut mumah annah, kang dadi wakilling Allah, kang jumeneng jarotting ati kang putih.

Iki Kéblat Kang Manjing Ing Manungsa,
Kang Kasbut Ing Sipat

  1. Sipat kahar, lungguhé ana ing ngati,
  2. Sipat kamal, lungguhé ana ing puser,
  3. Sipat jamal, lungguhé ana ing uteg,
  4. Sipat jalal, lungguhé ana ing kembang gedhang (jantung) kang jumeneng jagat raga jati.

–O–

  1. Supiyah, lungguhé ana ing ati poat kumpullé suksma marjudi, langgeng.
  2. Amarah, lungguhé ana ing pusuh, kumpullé suksma wasésa,nassrani.
  3. Aluamah, lungguhé ana ing wadhug kumpullé suksma purba,
  4. Mutmainnah, lungguhé ana ing sanubari, kumpullé suksma luhur,

–O–

  1. Badan madhép ing kéblattollah,
  2. Nyawa, madhep ing bétalmakmur,
  3. Ati, madhep ing dattollah,
  4. Suksma rasa, madhep ing rasullullah,

Sipatting Allahu, ya Muhkhamad rasa sajating tunggal suyut,

Ingkang suksma mulya sajatiné : ning : putih, lungguhé ana ing under-underran iya ingsun kawulanning Allah.

Punika Sahadatté,

Ashadu anna, ananningsun bapa lan ibu, Allah kang aneksénni, kamahudda illa, lah Pangéranningsun kang anuduhaké marga kang padhang, urip tan kena lali, mulya tan kena warana, ya rasa : ya rasullullah, suksma iya urippé, Pangéran kang anuduhaké marga kang padhang, [57] kakékatté ngandika rasullollah, salallhu ngalahi wasalam,

Nuli Amaca, Istigpar.

Astagfirrullahélngalim yagafir maulana minahlil kabakiri, wau walattipun kobir.
Iki Sampurnaning Wulu,
Nistinjo kinencana, ulesku sadad taliku nyawa, sudiruh ruh, supine badan sinampurna.

Iki Adussing Badan,

Banyu suci tussing Allah, kanggo sabendina, niyattingsun anéng sendhang kamulyan telaga kalkaosar, telessa kulimar sawening, ancik-ancikku watu gumilang, cidhukku gayung salaka, ingsun angedussi sanakku papat lima badan kanem nyawa, kapitu suksma, kawolu éklas kasanga sampurna, kasapuluh mulya, ing [58]buriku ana Pangéran ing ngarêpku malaékat loro kang rumeksa badanku kabéh, sarina sawenginé, Allahu akbar.

Iki Ngawruhi Rupanning Pangéran
Utawa Talining Jisim Iku Patang Prakara.

Napas kang metu, pujiné, laillaha, utawa napas iku tetalinning ngati, muka iku manjing napas iku pujiné, illollah, utawa napas iku tetaliné roh ing jisim pujiné amannahu.

Nupus (napas kang mlebu), kang anata kabéh, sarta kang metu saka sipat jalal iku satemenning jantung, utawa napan kang metu saka sipat kamal iku lungguhé ing uteg utawa nupus kang metu saka sipat jamal lungguhé ing ngati.

Iki Pangandikané Allah

Tetaliné Allah, tanpa wiwitta ta[59]npa wekasan satemenné kang dadi wewdhah iku, kang diaranni sipat jalal iku satemenné jantung, kabéh iku padha ngati-atiya, iya iku pepethikanné Allah, kang kasbut bapa kang Maha Asukci, kang ana jagat sapolah kodrat,

Iki Tinemuné Allah lan Kawula,

Iku ana ing masjid alip mutakalimu wakhid terussé karaton sipat jalal gunung agung, kadhatonné cupu maningkem bale salaka kancana mas,

Iki kumpullé dad 4 prakara, 1. Sipat kahar, 2. Sipat jamal, 3. Sipat jalal, 4. Sipat kamal,
Iki kang diaranni Allah 4 prakara, 1. Dad, 2. Sipat, 3. Asma, 4. Abngal,
[60]Kang diaranni ujud iku 4 prakara, 1. Roh, 2. Nur, 3. Akal, 4. Kalam,
Kang diaranni manungsa iku 4 prakara, 1. Kontha, 2. Warna, 3. Ambu, 4. Rasa,
Kang diaranni jasat 4 prakara, 1. Gtih, 2. Geni, 3. Balung, 4. Otot,
Kang diaranni jisim iku 4 prakara, 1. Bumi, 2. Daging, 3. Amgin, 4. Banyu,

Kang diaranni manungsa iku dudu getih daging, rupané kaya soca.

Yén angawruhi rupaning iman ingkang bening, lungguhé ana ing uteg iya iku dunungnging urip,
Yén angrawruhi rupaning tokhit iku, kuning, lungguhé ing tutu king ngisor embun nembunnan,
Yén angawruhi tokhit lan rukyat iku, [61] abang, lungguhé ana ing tingal terussing maras,
Yén angawruhi sejatiné iman wujuddé, napas nupus dén mukhadas wakapnasabollah sang, sadurungngé ana bumi langit apa kang ana, junun mata arihi, yah u akbar.

Iki Salat Gaib,

Niyat ingsun salat gaib ingsun sujud anéng jongggring salaka, anéng sandhuwurring mekah, ya sira bocah apa, iya bocah dhuwurring mekah, ya sira bocah apa, iya bocah temennan Sis saka si biyang, sik saka si bapa, bésuk temen saiki temen banyuku iya banyuné Allah, rupaku iya  rupané Allah, Allahu akbar.

Iki Patékah Kang Manjing Badan,

Bismillah hirromannirrokhim ana ing lathi, alkhamdulillahi, robil ngalamin ana kuping kiwa, [62] arohmannir rokhim ana kuping tengen maliki yaomiddin ana ing geger, iya kanakbudu, ana ing gulu, waiya kanastangin ana ing dhadha, ihdinassirotol mustakim ana ing irung, siratoladzina, ana ing wadhuk, an ngamta ngalaihim anan ing sirah, gairilmaglubi ngalaihim  ana ing ngati, walab dlalin ana ing jantung, amin ana ing jarotting ati kang putih,

Iki Sipat Rong Puluh,

Ujud kidam lungguhé ana ing badan,
Baka, lungguhé ana ing sirah,
Mukhalafatul khawadisi, lungguhé ana ing otot,
Kiyamuhu binabsihi lungguhé ana ing dadging,
Wahdaniyat lungguhé ana ing balung,
Kodrat lungguhé ana ing budi,
[63]Iradad lungguhé ana ing angen-nangen,
Ilmu lungguhé ana ing ngati,
Kayat lungguhé ana ing pusuh,
Basar lungguhé ana ing limpa,
Kalam lungguhé ana ing jantung,
Kodiran lungguhé ana ing getih,
Muridan lungguhé ana ing rahsa,
Ngaliman lungguhé ana ing getih irêng,
Samingan lungguhé ana ing getih putih,
Kayan lungguhé ana ing getih kuning,
Basiran lungguhé ana ing getih ijo,
Mutakaliman lungguh ana ing ilat,

Sipat dua puluh kang manjing manungsa, 17. Kang manjing dhikir 2. Kang manjing dikir : hu, 1. Kang ana ing ati putih, wus tetep kang kasbut ing dhuwur iki sipatting Allah.

[64]Iki Sampurnnné Raga,

Dadi sipat tan karasa, dedalanku bali, raga muliha marang bumi, suksma lan nyawa, muliha marang ngakir, tekané sangkané lungguh : ing : ana netra kiwa, ning : jati, anan nétra tengen waliyullah, pokking rasululullah, lah rasaning si bapa, dadi wujuddingsun dedalanné sarambut pinara pitu, dan éling, dad ilang, saking paran sangkan salallahu ngalai wasalam wulu manjing manjingnga bumi wesi, kulit manjingnga bumi tembaga, otot manjingnga bumi kawat danging manjingnga bumi prunggu, balung manjingnga bumi salaka, sungsum manjingnga bumi kancana, suksma nyawa malebuwa karaton sipat jalal amanjingnga bumi kodrat pangrantunnan alam alamtara tutug gaib parakna alam wallahu akbar.

[65]Iki Sampurnanné Suksma

Sir : ning : manjing salira, ana rasa manjing iman ana imanmanjing rasul ana rasul manjing dad sipat tan polah, ampbah tanpa banyu, angucap tanpa angen-nangen dates pan meleng, tineng meneng, bru dadi banyu, ana sajronning maningkem kang mendhung-mendhung.

Iki Ngawruhana Sahadad Paneteg Panatagama

Roh ilapi, kang jumeneng jumeneng telengnging ngati, kang jumeneng lajerring urip kang jumeneng lajerring Allah, wawayangnganné Mukhamad kang sajati, ingkang nyembah muji maring Allah, kang sampurna ing donya tumeka ngakir.

Iki Ngawruhana Sahadad Kawin Batin

Ashadu, kang ngakeningsun Bapa Adam waliningsun Jabrail panguluningsun malaé[66]kat pitu saksiningsun ingsun aningkah raga padha raga, suksma padha suksma, patukonku ngélmu sajati, sri kawinku agama suci, paningkahku ana ing masjid johar pulang wesi, sajroning adam islam,

Iki Ngawruhana malaékat pitu kang anjaga lawang sajroning raga

  1. Lawang ngalam ndriyah, malaékatté Lemah Mayang,
  2. Lawang simangu, malaékatté Ayumman,
  3. Lawang pratelon, malaékatté Tambang Baya,
  4. Lawang mustaka, malaékatté Aru Kirun,
  5. Lawang séla panangkep, malaékatté Wana Kirun,
  6. Lawang Karaton, malaékatté Arumman,
  7. Lawang kadhaton, malaékatté Gondapura.

Iki Ngawruhana Mertobatté

 Astagpirrollah, lhag alimu ya goppar, maulana wallaumin ahlil kabakiri, wasabakiri, addirikul abbesaru, yu[67]dderikul abbesaru, wahuwatiful kobir. (saben dina kawacha kaping pitu).

Iki Ngawruhana  Malaékat Papat kang Momong
Badan Ing donya Tumeka Ngakir

  1. Rohbanni, dadi kawah, dadi supiyah, dadi Kirun Wana Kirun,
  2. Rohkanni, dadi wadhah, dadi aluamah, dadi Wana Kirun,
  3. Rohmanni, dadi getih, dadi amarah, dadi mutmainnah, dadi Aru Kirun,
  4. Roh Jasmani, dadi usus lan embing-embing, dadi Ayumman lan Arumman tegessé badan sakojur.

Iki Paningkah Badan

Sir : ning : sarining rasa mulya tunggal suyut rasanning Si Bapa, dadi wujuddingsun manjing salira, iman manjing sipat manjing datting rasullollah, ku[68]mpullé Gusthi lan kawula, kumpullé anéng karaton sipat jalal karaton agung, gilir gilir sak sedyaku, gumilir sakarsanning Allah.

Iki Sipat Istiggen, Iku Ana Sawelas Kang Sugih Alam Kabéh

  1. Ujud
  2. Kidam      iya iku manjing sipat napsiyah
  3. Baka
  4. Mukhalafatullikhwadisi       iku manjing sipat
  5. Wakiyamuhu binafsihi        salbiyah
  6. Samak
  7. Baar     iku manjing sipat maani
  8. Kalam
  9. Samingan
  10. Basiran      iku manjing sipat manawiyah
  11. Mutakaliman

[69]Sipat Istikhar Iku Sanga,

Mikarêp Marang Sipat Istiggena, sawelas

  1. Wakhadiyat    |    iku manjing
  2. Kodrat             |    sipat salbiyah
  3. Irodat        |
  4. Ilmu           |      iku manjing spat mani
  5. Kayat         |
  6. Kodiran     |
  7. Muridan     |
  8. Samingan   |      iku manjing sipat maknawi
  9. Kayan          |

Jaissing sipat isteggena iku telu, wenang anggawé alam wenang atinggal alam agawé ora pikarêp gawéhanné, utuwa ukumming sipat istikar, manjing lapal illollah.
Sipat isteggena iku manjing lapal laillaha.
Jaissing sipat isteggena iku jembarré alam kabéh, dadi kapéngin barang kang anyar, iku ora nglabetti.

Iki namané dul iman dadi klimahing rasul nubuwiyah date Muhkhamad didiyah, tegessé klimah caya.

  1. Sidik tegessé, bener, mokal lamun goroha.
  2. Amanat tegessé, dipracaya, mokal lamun angumpetna.
  3. Tableg tegessé, anutuggaké, mokal lamun ora nutuggaké.
  4. Pitena wisekusana, tegessé, ora lesana.
  5. Iman tubilap, tegessé, ngimannaké Gu[71]sthi. Mokal lamun ora ngimannaké.
  6. Wal malaikatihi, tegessé, ngimannaké malaékat,
  7. Wakitabillah, tegessé, ngimannaké kitabbé.
  8. Wayaomil akiri, tegessé, ngimannaké dina akir.
  9. Malebu sipat nubuwiyah, iya klimahing rasul ngimannaké sipat,

Isteggena, kang awal sipat napsiyah, manjing dad,

  1. Sipat salbiyah, angadeg utawa ora,
  2. Sipat maani, iku sipat pandhédhés,
  3. Sipat isteggana, iku dad,
  4. Sipat maknawiyah iku ngadeg tetep,
  5. Sipat istikar iku gumelarré kabéh,

Iki Ngawruhana Bab Sembahyang

Sembahyang subuh rong rêkaat asal sakadad lan sipat;
Sembahyang luhur patang rêkaat nuduhaké ujud ngélmu,
Nur, suhud;
Sembahyang asar patang rêkaat asal bumi, geni, angin, banyu;
Sembahyang mahrib telung rêkaat nuduhaké sipat kidam baka;
Sembahyang ngisa, patang rêkaat nuduhaké, wadi, madi,
Mani, maningkem;

ooo@@@ooo

1 thought on “PUSTAKA GAIB

  1. tri jaswanto

    matur sembah nuwun ….pas kaliyan ingkang kulo padosi…mugi panjenengan pinaringan ridhonipun gusti Alloh SWT, salam Rahayu Rahayu Rahayu

    Pada tanggal Sen, 26 Agt 2019 10:42, alangalangkumitir menulis:

    > Mas Kumitir posted: “PUSTAKA GAIB Babonning serat saking para pinisepuh > ingkang marsudi bab ngélmu kasampurnan. Kaimpun saha kaesahaken déning: Mas > Atma Sasmitha Cap-capan ingkang kaping sapisan kawedalaken déning: > Astralogis Birao: Akwarius (Astrologisch Bureau: Aqu” >

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s